Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

6. Lampahan Palasara Lair. (Sakri Rabi).

1. Jêjêr ing nagari Trêbêlasukêt, Prabu Partawijaya. Miyos ing păncaniti, ingkang sumiwèng ngarsa Patih Srênggabadra, para punggawa: Srênggamaruta, Srênggapracăndha. Ingkang rinêmbag, ing wêwêngkon praja Trêbêlasukêt dènira kataman pagêring. Sri nata langkung sungkawa. Wasana tampi wasitaning dewa, manawi badhe waluya prajanira, sang nata dhinawuhan puruhita dhumatêng Rêsi Manumayasa, padhepokanipun ing wukir Saptaarga. Sri nata adhawuh dhatêng Rêkyana Patih Srênggabadra, angyêktosakên dhatêng tanah Jawi, ing pundi prênahipun patapan ing wukir Rêtawu. Wasana sri nata lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang padniwara Dèwi Rati, miyos ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan, angarsa-arsa kondurira sri nata. Botèn watawis dangu sri nata kondur ngadhaton, lajêng sami lênggah satata. Imbal wacana kawontênanira ing păncaniti. Wasana lajêng tindak ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Rêkyana Patih Srênggabadra, punggawa: Srênggamaruta, Srênggapracondha. Rêmbag, dènira arsa dinuta sri nata. Sasampuning siyaga lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing Atasangin, raja pandhita jêjuluk Rêsi Dupara, ingadhêp para nata măncapraja ingkang dadya siswanira. Prabu Kasendra nata ing Madhêndha dhinawuhan dhatêng Saptaarga anyirnakakên Bagawan Manumayasa, awit mêngsahipun Sang Rêsi Dupara ing nguni-uni. Prabu Kasendra lajêng pamit linilan, pangkat.

5. Madêg ing paseban jawi, para wadya ing Madhêndha. Sri Nata Madhêndha siniwi para wadya ditya, punggawa: Kalamamrang, Kalacika, Kalakuciwa. Para wadya rêksasa sami dhinawuhan pangkat rumiyin. Sasampuning siyaga bidhalan. Lampahira dumugi margi kapapag wadya ing Trêbêlasukêt. Sulayaning rêmbag dadya prang, botên wontên ingkang kasor, wasana sêsimpangan margi. Kacarita ing pagêdhongan [pagê...]

--- 4 : 4 ---

[...dhongan,] para wadyabala ing Madhêndha dumugi sukuning wukir Saptaarga badhe anginggahi nêdya ngrêbasa ing padhepokan. Ing ngriku wukir katingal pêtêng andhêdhêt mêndhung lêlimêngan, tan astawis[1] dangu jawah kadi pinusus, bêna saking pucaking wukir, para wadyabala ing Madhêndha kathah ingkang kabalabak tirta, ingkang taksih gêsang sami ngungsi sapurug-purug. Para wadya ing Trêbêlasukêt, sami wilujêng sadaya. Rêkyana Patih Srênggabadra mirêng suwara dumêling, ujaring swara: hèh, sira Patih Srênggabadra, yèn nêdya rahayu, muliha marang prajanira, ratunira dhewe konên têka ing wukir Saptaarga. Tan antara Patih Srênggabadra lajêng wangsul sawadyanira.

[Grafik]

Bambang Sakri.

6. Madêg ing Trêbêlasukêt, Prabu Partawijaya mungging dhatulaya lênggah kalihan sang pramèswari. Ginubêl ing putranira putri nama Dèwi Sati, awit supêna mabur lêlana ing antariksa sumêrêp teja. Punika ingkang rama pinurih ngupaya. Saking trêsnaning putra, sang nata lajêng tindak napak gêgana nêdya ngupaya teja. Punapa kadadosanipun ing têmbe.

7. Madêg samadyaning wana, Bambang Sakri, ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Bambang Sakri susah ing galih tinundhung ingkang rama Bagawan Sakutrêm, tinantun rabi tan purun. Sêdyanira nyuwun jodho widadari. Kasaru praptanira Prabu Partawijaya tumurun saking gêgana. Sasampuning takèn-tinakèn, Bambang Sakri tinantun pinêndhêt mantu nanging datan purun, dadya prang. Bambang Sakri kasor, kenging kacêpêng lajêng manut binêkta mantuk dhatêng Trêbêlasukêt.

8. Madêg Dhatulaya ing Trêbêlasukêt, Dèwi Sati tuwin parêkan. Rêmbag angarsa-arsa rawuhira ingkang rama. Tan antara rawuhira Prabu Partawijaya, ambêkta tamu Bambang Sakri. Sang nata angandika, dènira ngupaya teja pinanggih. Sarêng dipun purugi icaling teja Bambang Sakri ingkang katingal. Kang putra tinantun kadhaupakên purun, wasana lajêng kadhaupakên. Sang nata miyos ing pandhapi, kasaru dhatêngipun Patih Srênggabadra, matur purwa madya wasananira dinuta nata. Ing ngriku sri nata langkung kêpengin arsa pariksa ing wukir Saptaarga, lajêng pamit ing garwa tuwin pasrah prajanira dhatêng ingkang putra Bambang Sakri. Lajêng pangkat mêdal ing gêgana.

--- 4 : 5 ---

9. Madêg ing Atasangin, Rêsi Dupara, ingadhêp para siswanira para ratu tanah sabrang. Kasaru dhatêngipun sri nata ing Madhêndha, matur solahira dinuta. Sang rêsi sakalangkung ngungun ing galih, tan antawis dangu praptanira Prabu Partawijaya, kabalasuk. Sarêng tinakèn nêdya dhatêng Saptaarga, arsa puruhita Rêsi Manumayasa. Rêsi Dupara lajêng dhawuh ngêdalakên sêsêgah dhahar sarta ulam-ulaman patadhahan sarwa èdi. Ing ngriku Sri Partawijaya pinurih dhahar tan purun, sêngadi sampun tuwuk. Sanalika Rêsi Dupara ngandika: hèh iwaking sato tuwin kukila kang wus padha winadhahan munggwing lancaran, padha uripa. Sami sakala ayam tuwin pêksi ingkang sampun matêng mungging piring wau sami tangi waluya jati kadya ing nguni, sami kesah wangsul panggenanipun lami, kang warni pêksi inggih mibêr. Ing ngriku Sri Partawijaya langkung ngungun ing galih, sakalangkung kêpencut, aningali sasolahipun Rêsi Dupara. Wasana tinantun nêdya puruhita sang rêsi lajêng purun. Botên nêdya lajêng dhatêng Saptaarga. Kacarita sampun watawis laminipun, Sri Partawijaya ingantêp karsanira. Sasampuning mantêp dènira puruhita, lajêng pininta sraya anyirnakna Bagawan Manumayasa. Sri Partawijaya lajêng pangkat pribadi.

10. Madêg ing Saptaarga, Rêsi Manumayasa, miyos ing pacrabakan, ingadhêp ingkang putra Bagawan Sakutrêm, tuwin Puthut Kapisapalawa. Bagawan Sakutrêm pinurih ngupaya ingkang wayah Bambang Sakri, lajêng pangkat èsmu tangis, amargi rumaos kalêpatanira, suwau kesahira ingkang putra sarana tinundhung. Lampahira dumugi sukuning wukir kêpapag Prabu Partawijaya, lajêng takèn-tinakèn, Sri Partawijaya walèh lamun arsa nyirnakakên pandhita ing Saptaarga, anama Rêsi Manumayasa. Bagawan Sakutrêm angèngêtakên, rèhning ingkang rama wau ambêk rahayu, punapa karananira. Sri Partawijaya walèh dinuta ing gurunira nama Rêsi Dupara. Sang Sakutrêm mambêng, sulayaning rêmbag dadya prang. Sri Partawijaya sinabdakakên malih warna dadya rasêksa, lajêng nubruk. Awantu-wantu panubrukira, sinabdakakên malih dadya waraha. Ing ngriku marmaning dewa, Sri Partawijaya èngêt, awit ningali sukunira katingal tracaking waraha, lajêng nangis mêmêlas minta aksama, sarta sêsambat ingkang putra Bambang Sakri. Bagawan Sakutrêm tanya: sapa kang sira sambat mau. Sri Partawijaya matur, putranira mantu nama Bambang Sakri. Ing ngriku lajêng pinaringan aksama, mulya jatining warna. Sang Prabu Partawijaya lajêng lênggah satata. Sarêng sami takèn-tinakèn, sumêrêp bilih punika besanipun, wasana sami rêrangkulan. Lajêng ingirid ing ngarsaning kang rama Rêsi Manumayasa, lajêng sami ngabêkti. Sampuning watawis dangu, Sri Partawijaya sagah mantuk nimbali kang putra Bambang Sakri dalah garwanira. Ananging sapunika badhe wang-

--- 4 : 6 ---

sul dhatêng Atasangin rumiyin, rèh dinuta sampun ngantos cidra ubaya maring guru. Sri Partawijaya pangkat.

11. Madêg ing Atasangin, Rêsi Dupara, ingadhêp para nata siswanira, angarsa-arsa praptaning Prabu Partawijaya. Tan dangu dhatêng mangarsa, Prabu Partawijaya tanpa parikrama, sarta anguman-uman dhatêng Rêsi Dupara. Dangunira padudon, Rêsi Dupara dhinodhog jajanira kalêmpêr dadya bayangan. Sri Partawijaya oncat anggêgana, sêsumbar dhatêng para ratu siswanira, pinurih nututana. Rêsi Dupara sarêng sampun waluya, angajak para ratu mêpak wadyabala, lajêng bidhal anglurug dhatêng Saptaarga.

[Grafik]

Radèn Palasara.

12. Madêg ing Trêbêlasukêt, Bambang Sakri tuwin kang garwa. Kacarita ingkang garwa samun ambabar mijil priya, pinaringan nama Radèn Palasara. Ing ngriku Bambang Sakri adrêng nêdya martuwi kang eyang dhatêng Saptaarga, ngiras nusul kang rama Prabu Partawijaya, lajêng pangkat tuwin garwa sarwi ngêmban putranira, kadhèrèkakên parêpatira têtiga.

13. Madêg ing Saptaarga, Rêsi Manumayasa, ingadhêp Bagawan Sakutrêm. Dhatêngipun Prabu Partawijaya saking Atasangin, ngaturakên sasolahira. Wasana pamit arsa mantuk dhatêng Trêbêlasukêt, amboyongi ingkang putra prabu anom Radèn Arya Sakri. Dèrèng pangkat kasaru prabu anom Radèn Arya Sakri sagarwanira prapta angêmban atmaja. Sadaya sami cingak, dadya prapta rêrangkulan, sarwi têtangisan. Sarêng sampun sami satata, Radèn Arya Sakri ngaturakên atmajanira nama Radèn Palasara. Kang eyang-eyang sami suka, anggung pinangku ganti-ganti. Kasaru gègèr ing jawi wontên mêngsah saking Atasangin dhatêng, sadaya mapag ing yuda. Puthut Sapalawa ngamuk punggung lir andaka kanin. Sang Hyang Bayu tumurun bêbantu ing rana, wadya Ngatasangin dalah sang raja pandhita kabuncang maruta kontal dumugi prajanira, sampak, lajêng tancêb kayon.

__________

--- 4 : [7] ---

7. Lampahan Bagawan Palasara Krama.

1. Jêjêr ing nagari Wiratha, Prabu Basukiswara, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Durgandana, tuwin Patih Kiswata, miwah para punggawa pêpak anangkil. Ginêm, ingkang putra Dèwi Durgandini gêrah, kringêtipun mambêt awon. Sang nata tampi wangsiting bathara, sirnaning sêsakit manawi Dèwi Durgandini kabucal ing bangawan Silugăngga. Sang nata lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra Radèn Arya Durgandana tuwin Patih Kiswata, ingkang putra Dèwi Durgandini kinèn ambêkta dhatêng bangawan Silugăngga, patih matur sandika. Sang nata lajêng jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Nalikawati, lênggah ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi, ingkang mungging ngarsa putra Dèwi Durgandini. Ginêm, anganti-anti kondurira sang nata. Kasaru rawuhira sang nata gya pinêthuk ing garwa miwah putra, sang padniwara lajêng kinanthi binêkta lênggah satata. Sang nata paring dhawuh ming garwa, bilih kang putra Dèwi Durgandini pinundhut, arsa linabuh maring bangawan Silugăngga. Pramèswari nata tuwin ingkang putra miwah parêkan sami karuna. Dèwi Durgandini lajêng pinaringakên dhatêng Radèn Durgandana, katitihakên ing jêmpana. Sang nata lajêng minggah ing sanggar palanggatan mangsah sêmèdi.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Kiswata tuwin para punggawa. Ginêm, dènira arsa ingutus sang nata. Sampun sami pradandan, namung anganti-anti miyosipun putri nata Dèwi Durgandini. Kasaru miyosira Radèn Arya Durgandana, angirid jêmpana tinitihan Dèwi Durgandini, lajêng bidhal kapalan. Dumugi bangawan Silugăngga, sang putri kadunungakên ing palwa, sampun katilar, anêmahi gara-gara. Canthiking baita sinêratan cangkrimaning jawata, ingkang sagêd ambatang, inggih punika ingkang sagêd nyarasakên sêsakitira, têtêpa jatukrama.

4. Madêg pasanggrahanipun para nata sèwu nagara. Ginêm, mirêng pawarta, bilih putra nata ing Wiratha Dèwi Durgandini, binucal ing bangawan Silugăngga. Para nata saiyêg sami utusan wadya rêksasa, anyatakakên. Lampahing rêksasa kapapag punggawa ing Wiratha, prang gagal. Simpang-simpangan.

--- 4 : 8 ---

5. Damêg[2] ing Jonggringsalaka, Hyang Guru, lênggah ing Bale Marcukundha, ingadhêp Hyang Narada tuwin para jawata. Ginêm, wantêring gara-gara matumpa-tumpa. Aturing Hyang Narada, atmajaning Bagawan Sakri nama Bagawan Palasara, anggêntur anggèning tapa. Hyang Guru duka, utusan widadari dhinawuhan anggodha, mangkat kalihan Rêsi Narada.

[Grafik]

Radèn Rupakenca.

[Grafik]

Radèn Kencakarupa.

6. Madêg ing Awu-awu Saptarêngga, Bagawan Palasara, tuwin parêpat: Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sang bagawan lagya sêmadi, dhatêngipun para widadari sami ngrêncana, sang wiku datan keguh, lajêng wangsul lapur mring Sang Hyang Guru. Sang Hyang Guru tumêdhak tuwin Rêsi Narada, mindha pêksi êmprit, nusuh ing gêgêlungipun Bagawan Palasara. Sarêng wanci nêtês, langkung rame, sang wiku datan keguh. Wasana pêksi alit datan linoloh, langkung sangsara. Sang wiku kurdha, pêksi kêkalih binujêng mabur, tinututan, dumugi wana sapinggiring bangawan Silugăngga, kapapag rêksasa, prang sêsaru [sê...]

--- 4 : [9-10][3] ---

--- 4 : 11 ---

[...saru] praptaning Bagawan Santanu nguwuh-uwuh minta tandhing. Para putra arsa mapag, sang nata mambêng, awit langkung awrat tandhingira. Sang prabu mapag piyambak, prang tandhing langkung rame, tan ana kasoran. Wêkasan tumuruning para jawata misah kang păncakara. Sang Hyang Narada cangkriman, kinèn milih, 1 sah, 2 sampurna. Bagawan Santanu milih: sah, Prabu Palasara milih: sampurna. Têgêsipun Bagawan Santanu milih kabêgjan ing arcapada, Prabu Palasara milih suralaya, sampun sinauran gêtêr-patêr. Bagawan Santanu mukti wibawa nanging curês. Prabu Palasara lastantun ngêsorakên nêpsuning păncadriya nurunakên para nata sapanunggilanipun. Rêsi Narada muksa, Prabu Palasara pamit wangsul mring Saptaarga, garwa tuwin putra dalah praja katilar. Dèwi Durgandini dalah putra wangsul dhatêng Wiratha, Bagawan Santanu tut wuri mring Wiratha, nêdya anggarwa mring Dèwi Durgandini, awit sangêt kasmaran ing warnanipun.

[Grafik]

Sang Hyang Bayu.

14. Madêg ing nagari Wiratha, Sang Prabu Basukiswara, miyos ing pandhapa ingadhêp Patih Kiswata. Kasaru praptaning putra Radèn Arya Durgandana sakadang putra sadaya, matur, amiwiti dumugi wêkasan. Wêlingipun Rêsi Palasara, garwa Dèwi Durgandini sampun pinêgat, supados kadamêla sayêmbara pilih kemawon. Sang nata pinuju ing galih, gya dèn undhangakên, wradin ingkang bayawara. Sang nata tuwin pramèswari saputra putri sami miyos ing alun-alun, lênggah ing panggungan. Para narendra sèwu nagari lajêng majêng satunggal-satunggal, nanging tan ana ingkang tinampèn [ti...]

--- 4 : 12 ---

[...nampèn.] Sarêng Rêsi Santanu majêng ambêkta putra Radèn Dewabrata, punika dadya pinujuning panggalih, inggih lajêng kadhaupakên. Radèn Dewabrata dipun êmong Dèwi Durgandini, Bagawan Santanu ugi lajêng jumênêng nata wontên ing Gajahoya.

15. Madêg para nata sèwu nagari, mirêng bilih Dèwi Durgandini sampun dhaup kalihan Rêsi Santanu, lajêng sami angrisak kitha, damêl rêrêsah, pinapagakên Rêsi Santanu, prang rame, para ratu sèwu nagari sami kawon, mundur sawadyanipun. Sang nata kalêmpakan tuwin putra mantu, santana miwah wadya sami mangun bojana andrawina. Bibar. Tancêb kayon.

__________

--- 4 : [13] ---

8. Lampahan Dewabrata Rabi.

1. Jêjêr ing nagari Gyantipura, Sang Prabu Darmamuka, miyos ing păncaniti, siniwi ingkang putra Ditya Wahmuka, tuwin Ditya Arimuka, miwah Patih Trimuka, saha para punggawa ditya pêpak kang anangkil. Ingkang rinêmbag, ingkang putra putri Dèwi Ambika, Dèwi Ambiki, tuwin Dèwi Ambaini, tinantun krama sami tan arsa. Sang prabu èmêng ing galih, awit kathah para raja para ratu măncanagari, ingkang samya anyuwun jodho. Kasaru dhatêngipun caraka saking Srawantipura, Ditya Kalacitrarata, kinèn mangarsa. Caraka dinangu matur ingutus gustinira Prabu Citramuka, kinèn angaturakên nawala, tinampèn binuka, suraos nyuwun jodho, sang nata èwêd ing galih dènira arsa mangsuli. Ingkang putra kêkalih ingkang warni ditya, nama Ditya Wahmuka tuwin Arimuka, matur supados kawangsulana [...] adêging sayêmbara prang, sintên ingkang sagêd ngawonakên piyambakipun dados jatukrama kalihan ingkang bakyu putri têtiga wau. Sang nata èsmu suka. Caraka kinèn matur mring gustinira, bilih ingkang putra karya sayêmbara prang, sintên ingkang sagêd ngawonakên kadangira nama Ditya Wahmuka tuwin Arimuka, [...] dadosa jatukramanipun. Caraka lajêng amit mundur, kalilan bidhal. Sang nata dhawuh angrakit kalangan wontên ing alun-alun sarta angundhangi. Ditya Wahmuka tuwin Arimuka kondur mring kadipatèn, sang nata ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Swargandini, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para putra Dèwi Ambika, Dèwi Ambiki, tuwin Dèwi Ambaini, pêpak para parêkan. Ginêm, dangu sang nata dènira măncaniti. Kasaru kondurira sang nata, pinêthuk ing garwa, kinanthi binêkta lênggah satata. Sang prabu imbal wacana mring garwa, bilih kang putra kinarya sayêmbara prang. Pramèswari suka jumurung ing karsa nata. Lajêng sami tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Trimuka tuwin para punggawa. Patih Trimuka dhawuh ngrakit kalangan ing alun-alun, saha dhawuh siyaga ingutus undhang-undhang, angadêgakên sayêmbara prang. Sintên ingkang sagêd ngawonakên putra nata, Ditya Wahmuka tuwin Arimuka, badhe kaganjar putri nata Dèwi Ambika, Dèwi Ambiki, tuwin Dèwi Ambaini. Sasampunira samapta lajêng bidhal kapalan.

--- 4 : 14 ---

4. Madêg ing nagari Srawantipura, Prabu Citramuka, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Citrarata, tuwin para punggawa ditya. Ginêm, sang nata angarsa-arsa punggawa ditya ingkang dinuta maring praja Gyantipura, sampun sacăndra dèrèng wontên dhatêng. Sang prabu miji punggawa pinisêpuh, kinèn anusul caraka kang dinuta mring Gyantipura. Ditya Kalamuka, Ditya Kaladahana, Ditya Kalamaruta, sampun mangarsa lajêng dhinawuhan, sandika. Amit rinilan sarta kinanthenan wulucumbu kêkasih Wijamantri, lajêng pangkat. Bibaran. Lampahipun dumugi margi kêpapag baris wadya ing Gyantipura, sulayaning rêmbag dadya prang. Wasana sêsimpangan ing margi.

[Grafik]

Prabu Santanu.

5. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Santanu, miyos ing pandhapi, lênggah ingadhêp ingkang putra Radèn Dewabrata, tuwin Patih Jayaprayitna, miwah para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm, ingkang putra Radèn Dewabrata tinantun krama tan arsa, awit anglampahi wahdat. Sang nata dhawuh animbali ingkang putra Radèn Citragada, miwah Radèn Citrasena, sampun mangarsa. Lajêng tinantun akrama, matur bilih tan karsa, awit anglangkahi ingkang raka Radèn Dewabrata. Sang prabu dhawuh malih mring kang putra Radèn Dewabrata, èsmu mêksa, kang putra Radèn Dewabrata dangu-dangu karsa, lajêng dhinawuhan malêbêt sayêmbara dhatêng ing praja Gyantipura, sarta winêling kinèn mampir ing pratapan wukir Rêtawu nyambut punakawan, Sêmar, Nala Garèng, Petruk, lajêng bidhal.

6. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp para puthut manguyu jêjanggan, miwah Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Kasaru dhatêngipun ingkang raka Radèn Dewabrata, anyariyosakên punapa sêdyanira, sarta nyambut parêpatira têtiga. Bagawan Abyasa angaturakên. Radèn Dewabrata lajêng pangkat kadhèrèkakên parêpat têtiga.

7. Madêg samadyaning wana, lampahira Radèn Dewabrata, tuwin parêpat têtiga, du-[...] kêpapag baris ditya saking Srawantipura, dadya prang. Danawa pêjah sadaya, jinêmparing dening Dewabrata [De...]

--- 4 : 15 ---

[...wabrata.] Radèn Dewabrata lajêng lampahira dhatêng nagari Gyantipura, kadhèrèkakên parêpat têtiga.

[Grafik]

Radèn Dewabrata.

8. Madêg ing nagari Srawantipura, Prabu Citramuka, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Citrarata, tuwin para punggawa ditya. Ginêm, sang nata angarsa-arsa caraka kang dinuta mring Gyantipura. Kasaru dhatêngipun punggawa kang dinuta mring Gyantipura, sampun mangarsa, dinangu matur, bilih nawala winangsulan, suraos putranira kinarya sayêmbara prang. Kasaru dhatêngipun Kiyai Wijamantri, Tejamantri matur tiwasing margi. Ditya sami pêjah sadaya, dening Radèn Dewabrata. Sapunika lajêng dhatêng ing Gyantipura, angêdêgi sayêmbara. Sang nata miyarsa aturing Kiyai Wijamantri, Tejamantri, duka yayah sinipi, lajêng dhawuh mring Patih Citrarata, kinèn angundhangi para wadyabala. Sang prabu arsa lumurug maring Gyantipura, sasampunira sami samapta, lajêng bidhalan.

9. Madêg ing nagari Gyantipura, Prabu Darmamuka, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Trimuka, tuwin para punggawa pêpak. Ginêm, sang nata andangu dènira ngrakit kalangan ing alun-alun, sampun mirantos. Patih Trimuka atur uninga, bilih Ratu Srawantipura Prabu Citramuka sawadyanira dhatêng, sampun masanggrahan wontên ing alun-alun. Sang nata lajêng dhawuh dhatêng Patih Trimuka kinèn andhawuhi ingkang putra Ditya Wahmuka tuwin Arimuka, kinèn andhawuhi mêdal ing jawi. Patih matur sandika, lajêng sowan mring kadipatèn asowang-sowang.

10. Madêg ing kadipatèn, Ditya Wahmuka, lênggah tuwin kang rayi Ditya Arimuka. Kasaru sowanipun Patih Trimuka, wus mangarsa, dinangu matur, ingutus ingkang rama prabu, paring uninga, bilih Ratu Srawantipura sampun dhatêng, masanggrahan wontên ing alun-alun, dhinawuhan mêdali. Ditya Wahmuka tuwin kang rayi Arimuka, lajêng mêdal ing jawi, dumugi ing alun-alun Ditya Wahmuka tuwin Arimuka, uninga Prabu Citramuka sawadyanira sampun masanggrahan, lajêng bramatya, prang rame, gêntos kalindhih. Danguning prang, Prabu Citramuka kalimpe cinipêng[4] sinabêtakên ing siti botên sagêd ebah. Para wadyanira sami ngêbyuk sadaya, jinêmparing kabuncang ing maruta. Ditya Wahmuka tuwin [tuwi...]

--- 4 : 16 ---

[...n] Arimuka lajêng sowan mring kang rama prabu. Ditya Wahmuka tuwin Arimuka, dinangu matur, bilih mêngsah Srawantipura sampun kawon. Kasaru dhatêngipun Radèn Dewabrata, matur sêdya malêbêt sayêmbara. Ditya Wahmuka tuwin Arimuka mêdal ing jawi, dumugi ing alun-alun lajêng prang rame, gêntos kalindhih. Danguning prang, Radèn Dewabrata ginêtak kabur, kasoran. Sêmar matur mring Radèn Dewabrata, ingaturan anjêmparing, dêdêrira kinanthilan roning têtêr, tuwin iris-irisan kunir. Radèn Dewabrata lajêng anglêpasi sanjata, Ditya Wahmuka tuwin Arimuka kenging, Ditya Wahmuka dadya kawah, Arimuka dados ari-ari. Bibaran.

[Grafik]

Ditya Arimuka.

[Grafik]

Ditya Wahmuka.

11. Madêg Sang Prabu Darmamuka, lênggah ingadhêp Patih Trimuka, tuwin para punggawa pêpak. Sang nata uninga manawi kang putra kêkalih sami babar dadya kawah tuwin ari-ari. Radèn Dewabrata tinimbalan, sampun mangarsa, ingandikan sang prabu, lajêng dhinaupakên kalihan kang putra Dèwi Ambika, pondhongan. Dèwi Ambika binêkta mring paprêman lajêng sare. Radèn Dewabrata mêdal lênggah ingadhêp kang rayi

--- 4 : 17 ---

Dèwi Ambiki, tuwin Dèwi Ambaini, ingandikan, kang rayi kêkalih lajêng kinèn malêbêt cupu manik. Radèn Dewabrata kondur, ingkang garwa maksih sare lajêng katilar pangkat, kadhèrèkakên parêpat têtiga. Dèwi Ambika wungu sare mulat kanan kering, kang garwa datan wontên lajêng anusul. Lampahira Radèn Dewabrata dumugi ing wana, katututan ingkang garwa Dèwi Ambika, Radèn Dewabrata kandhêg. Dèwi Ambika arsa tumut, Radèn Dewabrata datan parêng, kinèn wangsul kewala, Dèwi Ambika mêksa, lajêng dipun agar-agari jêmparing. Dangu-dangu jêmparing mrucut, kenging Dèwi Ambika pêjah, kuwandanira rinungkêban, musna. Ing antariksa wontên swara: He, Dewabrata, utang iku bakal nyaur. Mula sing ngati-ati, pamalêsku besuk prang Bratayuda, ana putri prajurit saka ing Pancalarêja, aku nitis ana ing kono. Radèn Dewabrata lajêng lampahira.

19.[5] Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Santanu, miyos ing pandhapi, ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Citragada, Radèn Arya Citrasena, tuwin Patih Jayaprayitna, pêpak para punggawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Dewabrata, ingiring parêpat tiga, sampun mangarsa sarwi arawat waspa. Dinangu matur purwa madya wasana, sarta angaturakên rayinipun Dèwi Ambika, nama Dèwi Ambiki, kang nèm nama Dèwi Ambaini. Sang nata sarêng pirsa saklangkung wêlas ing galih, sang prabu lajêng dhawuh dhinaupakên kalihan kang putra Radèn Arya Citragada, tuwin Radèn Arya Citrasena. Lajêng pondhongan. Wus binêkta mring paprêman. Radèn Arya Dewabrata matur mring rama Prabu Santanu, nyuwun pamit dhatêng nagari Talkăndha, rinilan lajêng bidhalan.

13. Madêg ing nagari Srawantipura, Prabu Citramuka, miyos ingadhêp patih Trimuka, tuwin para punggawa pêpak. Ginêm, sang prabu miyarsa warta, bilih putri ing Gyantipura sampun kaboyong dhatêng ing Astina. Sang nata lajêng dhawuh kinèn sami siyaga, sang prabu arsa lumurug maring praja Ngastina, sampun samapta, lajêng bidhal sawadyabalanira.

14. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Guru, lênggah ing Marcukundha, ingadhêp Sang Hyang Narada, tuwin para jawata, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Panyarikan, Sang Hyang Bayu. Ginêm, Sang Hyang Guru dhawuh dhatêng Sang Hyang Narada, kadhawuhan tumurun maring ngarcapada, anyêndhal mayang Radèn Arya Citragada, tuwin Radèn Arya Citrasena, karsaning Sang Hyang Guru kangge jangkêping dewa. Sang Hyang Narada lajêng mêsat maring ngarcapada, anjujug kadhaton ing Astina. Bibaran.

15. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Santanu, miyos ingadhêp Patih Jayaprayitna, tuwin para [pa...]

--- 4 : 18 ---

[...ra] punggawa. Ingkang rinêmbag sakesahipun ingkang putra Radèn Arya Dewabrata, utawi anggalih kang putra dènira pangantenan.

Ing kadhaton, Radèn Arya Citragada tuwin kang rayi Radèn Arya Citrasena, sami eca anggènira sare, kasaru dhatêngipun Sang Hyang Narada, uninga samya sare sadaya, Radèn Arya Citragada tuwin Radèn Arya Citrasena, lajêng binakta mring kahyangan. Para garwanira sami kagyat uninga ing garwa binêkta Sang Hyang Narada, samya lumajêng matur ing rama. Prabu Santanu dupi uninga lajêng klêngêr, sawungunipun sang prabu lajêng dhatêng Talkăndha, nêdya ambagawan. Radèn Dewabrata lajêng utusan parêpat tiga, nimbali kang rayi Bagawan Abyasa. Tan dangu Bagawan Abyasa dhatêng mangarsa, karsanira kang raka Radèn Arya Dewabrata, Sang Abyasa pinasrahan karaton Ngastina, tuwin putri kalih wau kagarwaa. Ingkang ibu Dèwi Durgandini kantun mungging kadhaton, momong para putra, Radèn Arya Dewabrata ambagawan nêdya nusul kang rama Prabu Santanu. Bagawan Abyasa matur sandika. Kasaru gègèr ing jawi, dhatêngipun parangmuka saking praja Srawantipura, Prabu Citramuka, sawadyanira damêl rêrêsah. Bagawan Abyasa miyos ing jawi, uninga Prabu Citramuka sawadyabalanira damêl rêrêsah, angobongi paseban, lajêng jinêmparing maruta, Prabu Citramuka sawadyanira sami kabuncang ing maruta sirna sadaya. Bagawan Abyasa lajêng lênggah ing pandhapi, ingadhêp Patih Jayaprayitna, tuwin para punggawa, samya mangun bojana andrawina. Bibar. Tancêb kayon.

__________

--- 4 : [19] ---

9. Lampahan Lairipun Pandhu.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Abyasa, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Dhastharastra, tuwin Patih Jayaprayitna, miwah para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm, Sang prabu angraosi ingkang garwa ênèm Dèwi Ambaini, dènira anggarbini sampun diwasa dèrèng karaos arsa ambabar. Sang nata dhawuh dhatêng Patih Jayaprayitna, arsa tindak maring pagrogolan. Patih Jayaprayitna kinèn pradandan: sandika. Sang nata lajêng kondur ngadhaton.

[Grafik]

Prabu Abyasa.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara sêpuh Dèwi Ambiki, ingkang ênèm Dèwi Ambaini, tuwin ingkang ibu Dèwi Durgandini, pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Angginêm anggènira wawrat pramèswari nata Dèwi Ambaini, sampun langkung saking wanci dèrèng arsa ambabar, kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa kêkalih, ingkang ibu kinanthi binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana mring garwa tuwin kang ibu, karsa tindak ing pagrogolan. Pramèswari tuwin putra Radèn Arya Dhastharastra, samya arsa andhèrèk pinambêng dening kang ibu Dèwi Durgandini, sang nata lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Jayaprayitna, tuwin para punggawa, samya pradandan arsa andhèrèk tindakira sang nata. Sampun sami siyaga, amung nganti-anti miyosira sang prabu. Titihan rata sampun cumawis. Kasaru wiyosira sang nata lajêng anitih rata, rêkyana patih tuwin para punggawa samya nitih turăngga, bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Ngawu-awu Langit, Prabu Swarka, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Jayasangara, tuwin para punggawa ditya. Ginêm, sang nata arsa anyidra garwanira Prabu Abyasa ing Astina [Asti...]

--- 4 : 20 ---

[...na,] karsanira sang nata mêdal ing samodra. Patih Jayasangara kinèn akarya baita layar. Sasampuning dadya lajêng bidhalan, lampahira dumugi ing wana, kapapag barising wadya Ngastina, dadya prang, ditya kasêsêr. Wasana sêsimpangan margi.

5. Madêg ing pagrogolan, Prabu Abyasa, lênggah ing pasanggrahan ingadhêp Patih Jayaprayitna, tuwin para punggawa. Ginêm, patih atur uninga, bilih grogol sampun dadya sadaya. Sang nata lajêng tindak midêr-midêr amirsani pagrogolan.

6. Madêg samadyaning wana, ditya kêkalih. Ginêm, sampun sawatawis dintên datan wontên jalma langkung, sumêrêp gawar anarênthêng, ditya kêkalih sami marêpêki arsa malêbèng gawar, uninga Sang Prabu Abyasa, dadya prang. Ditya kêkalih jinêmparing babar Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra, Prabu Abyasa lajêng jinarwanan arsa sinaraya ingabên prang maring kaendran, sagah. Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra lajêng mêsat maring kahyangan.

[Grafik]

Sang Hyang Narada.

7. Madêg ing Kiskêndha, Prabu Nagapaya, miyos ing pandhapi ingadhêp Patih Lêmbusura, tuwin para punggawa ditya. Ginêm, Sang Prabu Nagapaya arsa krama widadari Dèwi Supraba, Patih Lêmbusura kinèn karya pasanggrahan anèng arga Jamurdipa, sang nata arsa nindaki. Patih Lêmbusura sandika, lajêng bidhal, kanthi para punggawa ditya.

8. Madêg ing kaendran, Sang Hyang Endra, kalihan Sang Hyang Narada, tuwin para jawata pêpak. Ginêm, gègèr ing suralaya, kawah Căndradimuka kadya dipun kêbur. Sang Hyang Narada ngandika, awit pramèswari Nata Ngastina dènira anggarbini sampun liwat măngsa dèrèng luwar. Kasaru dhatêngipun Sang Hyang Bayu, matur bilih ing Jamurdipa dipun kêpung baris ditya saking ing Kiskêndha, utusanira Prabu Nagapaya, arsa nyuwun jodho Dèwi Supraba. Pra jawata samya angundurakên, Ditya Lêmbusura dalah punggawanira ditya datan arsa, dadya prang. Para jawata sami kasêsêr, mundur. Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra mêsat mring marcapada, minta sraya Prabu Abyasa mring pagrogolan.

9. Madêg ing pagrogolan, Prabu Abyasa, lênggah ing pêpanggungan, ingadhêp Patih Jayaprayitna [Jayaprayi...]

--- 4 : 21 ---

[...tna,] tuwin para punggawa. Ginêm, sang prabu arsa kondur, awit nilar garwa wawrat langkung saking wanci. Kasaru dhatêngipun Sang Hyang Narada kalihan Sang Hyang Endra. Sasampuning ngandikan, Prabu Abyasa kinèn ngundurakên ditya kang wontên ing arga Jamurdipa, lajêng pangkat.

10. Madêg ing arga Jamurdipa, pabarisaning Ditya Lêmbusura sapunggawanira, sami arsa maring kaendran, kasaru dhatêngipun Praba Abyasa, tuwin ingiring para jawata. Ditya kinèn wangsul mring prajanira datan arsa, dadya prang. Patih Ditya Lêmbusura jinêmparing dening Prabu Abyasa pêjah, punggawa ditya sami sarsaran.

[Grafik]

Sang Hyang Guru.

11. Madêg ing Kiskêndha, Prabu Nagapaya, lênggah. Kasaru dhatêngipun punggawa ditya kang sami ingutus dhatêng ing Jamurdipa, atur uninga, bilih Patih Lêmbusura pêjah dening Prabu Abyasa, punika kang dados sarayaning dewa. Prabu Nagapaya dupi miyarsa saklangkung duka, lajêng pangkat anglurug dalah sawadyabalanira. Sarêng dumugi ing Jamurdipa, lajêng bramantya, prang rame. Danguning prang, Prabu Abyasa ginêtak kabur. Pra jawata samya mundur, dhawahipun sang nata dumugi nagari Ngastina.

12. Madêg Sang Hyang Guru, lênggah ing pacrabakan, kasaru dhatêngipun Sang Hyang Narada tuwin para jawata, matur anggènira sami mangsulakên ditya kang sami baris wontên ing Jamurdipa, para jawata sami katiwasan. Punapadene kaki Prabu Abyasa ugi katiwasan, ginêtak kabur dhawah botên kantênan. Sang Hyang Guru ngandika: Kakang Narada, sampeyan pundhut putranipun kaki Prabu Abyasa ingkang nêmbe luwar. Sang Hyang Narada sandika, mêsat maring marcapada.

13. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Abyasa, miyos ing pandhapi ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Dhastharastra, tuwin Patih Jayaprayitna, miwah para punggawa. Ginêm, anggènira sinaraya dening dewa kasêsêr. Kasaru sowanipun parêkan, atur uninga, bilih ingkang garwa sampun karaos ambatêk. Sang nata lajêng kondur ngadhaton. Pramèswari nata Dèwi Ambaini sampun lênggah [lêng...]

--- 4 : 22 ---

[...gah] sèndhèn ing pasarean, tinêngga ingkang ibu Dèwi Durgandini, tuwin para parêkan cèthi. Rawuhira sang nata lênggah anyêlaki ingkang garwa, jabang bayi luwar mijil priya, warnanira pêkik, pinaringan nama Radèn Sudarma. Jabang bayi siniram ing toya gege saya agêng. Kasaru rawuhira Sang Hyang Narada, ngandika ingutus Sang Hyang Guru, amundhut kang jabang bayi arsa ingabên prang, tuwin pinaringan jamang mas sarta pinaringan nama Radèn Pandhu. Sang Prabu Abyasa saklangkung sukaning galih, matur nuhun. Kang putra Radèn Pandhu lajêng binêkta mring kahyangan, ingaturakên Sang Hyang Guru. Sang Hyang Narada mêsat ing gêgana. Sêmar, Nala Garèng, Petruk, kadhawuhan andhèrèk dhatêng kahyangan.

14. Madêg ing Jamurdipa, Prabu Nagapaya tuwin para wadya ditya, sami arsa minggah mring kaendran, kasaru dhatengira Sang Hyang Narada ambêkta jabang bayi, Prabu Nagapaya bramantya, dadya prang. Jabang bayi dèn ontang-antingakên pêjah, lajêng kauncalakên tibèng ngarsanira Sang Hyang Narada, cinandhak ingaturakên Sang Hyang Guru, bilih jabang bayi pêjah. Sang Hyang Guru dhawuh kinèn angêdusi toya gêsang, sampun siniraman, Radèn Pandhu lajêng wungu. Sang Hyang Guru dhawuh kinèn maringi pusaka jêmparing, Radèn Pandhu lajêng mapag prang malih. Danguning prang, Radèn Pandhu anglêpasi jêmparing, Prabu Nagapaya kenging jajanira têrus ing walikat pêjah, kuwandanira tibèng Argabêlah, punggawanira pêjah sadaya. Radèn Pandhu lajêng tinimbalan Sang Hyang Guru, sampun mangarsa, lajêng pinaringan nama Radèn Pandhu Dewanata, sarta pinaringan jimat lisah tala, saha dhinawuhan mantuk maring Ngastina, lajêng pangkat kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

15. Madêg ing gupit măndragini Ngastina. Sang Prabu Abyasa lênggah kalihan ingkang garwa sêpuh Dèwi Ambiki, garwa ênèm Dèwi Ambaini, miwah ingkang ibu Dèwi Durgandini, ingadhêp putra Radèn Arya Dhastharastra. Ginêm: sang nata angraosakên ingkang putra ingkang nêmbe lair, pinundhut ing Sang Hyang Guru ingabên prang, sampun sawatawis dintên dèrèng wangsul, sadaya sami arawat waspa, kagalih bilih pêjah, awit mêngsahipun sêkti măndraguna. Kasaru dhatêngipun ingkang putra jabang bayi Radèn Sudarma, kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sang nata tuwin garwa kêkalih, dalah kang ibu miwah putra samya suka ing galih. Radèn Sudarma dinangu matur mring rama, purwa madya wasana. Sang prabu langkung suka ing galih. Kasaru sowanipun Patih Jayaprayitna, atur uninga bilih kadhatêngan parangmuka saking praja Ngawu-awu Langit, Prabu Swarka, dalah sawadyabalanira, sami adamêl rêrêsah, anjarah rayah, ing padhusunan tiyangipun sami ngungsi kagegeran. Radèn Pandhu Dewanata lajêng mêda-

--- 4 : 23[6] ---

 


antawis. (kembali)
Madêg. (kembali)
Halaman 9-10 hilang. (kembali)
cinêpêng. (kembali)
12. (kembali)
Halaman 23 dan seterusnya hilang. (kembali)