Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443w

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa.

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXIV.

Isi lampahan:

104. Sămba Ngênglêng.

105. Bomantaka, inggih Boma Suruhan.

106. Sugatawati (Endrasêti).

107. Sugatawati dhaup kalihan Sămba.

108. Jaladara Rabi.

109. Sêtyaki Rabi.

Bale Pustaka – 1932 – Batawi Sèntrêm.

--- 24 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 24 : [3] ---

104. Lampahan Sămba Ngênglêng.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, amanggihi ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang sumiwi Radèn Satyaka, tuwin Radèn Sêtyaki. Ingkang rinêmbag murcanipun Radèn Sămba. Radèn Satyaka kadhawuhan dhatêng ing Madukara, masrahakên supados mantukipun Radèn Sămba wontên ing Gadamadana. Sang nata lajêng jêngkar ngadhaton, Prabu Baladewa masanggrahan ing kadipatèn.

[Grafik]

Radèn Janaka.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, tuwin Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, pinuju miyos ing dalêm prabasuyasa. Rawuhipun sang nata lajêng bojana, minggah sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Satyaka, tuwin Radèn Satyaki. Patih Udawa dhawuh miranti, lajêng budhalan dhumatêng Madukara, kapalan.

4. Madêg ing nagari Trajutrisna, Prabu Boma Narakasura, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Patih Pancadnyana. Ingkang rinêmbag: ingkang garwa Dèwi Agyanawati, nyuwun kidang tutul, lajêng utusan danawa, sami pangkat, kapapag wadya ing Dwarawati lajêng prang, para danawa sami lumajêng dhatêng wana.

5. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Janaka, ingadhêp ingkang garwa Dèwi Sumbadra tuwin Dèwi Srikandhi. Ingkang rinêmbag kangên Radèn Sămba. Kasaru sowanipun Radèn Satyaka, kautus ingkang raka Prabu Krêsna, murcanipun Radèn Sămba dumunung wontên ing pratapan Gadamadana, dipun pasrahakên purunipun mantuk dhatêng Dwarawati. Radèn Janaka sagah, Radèn Satyaka mundur. Radèn Janaka lajêng budhalan kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk, dumugi ing margi kapapag wadya yaksa saking Trajutrisna, lajêng prang, danawa sami pêjah, Radèn Janaka lajêng lampahipun.

--- 24 : 4 ---

6. Madêg ing pratapan Gadamadana, Radèn Sămba, tuwin Radèn Gunadewa. Ingkang rinêmbag lampahipun tapa, kasaru rawuhipun Radèn Janaka, Radèn Sămba nungkêmi pada karuna, dinangu matur nyuwun pinanggih Dèwi Agnyanawati. Dhawuhipun Radèn Janaka, Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami andikakakên ambêkta, jalaranipun sagêd pinanggih, Radèn Sămba lajêng pangkat kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Janaka sowan dhatêng Dwarawati.

[Grafik]

Dèwi Drêmi.

[Grafik]

Radèn Sămba.

7. Madêg ing salêbêtipun kadhaton ing Trajutrisna, Sang Dèwi Agnyanawati duka cipta, rawuhipun Prabu Boma. Ngungrum Rêtna Dèwi Agnyanawati, botên kalanggatan. Sarta sang rêtna nyuwun kajêng dewadaru, Prabu Boma sagah, lajêng mêdal ing jawi nimbali Patih Pancadnyana kadhawuhan têngga praja, Prabu Boma minggah ing suralaya nyuwun kajêng dewadaru, pangkat.

8. Madêg ing suralaya, Hyang Guru, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Rêsi Narada, nimbali Dèwi Wilutama, kadhawuhan madosi titisipun Bathara Drêma kalihan Bathari Drêmi, kadhawuhan manggihakên, Dèwi Wilutama tumurun.

Lampahipun Radèn Sămba, wontên ing wana ningali sastra wontên ing sela, ungêlipun titisipun Bathara Drêma badhe pinanggih kalihan titising Dèwi Drêmi, kasaru Dèwi Wilutama pinanggih Radèn Sămba, jinarwan titising Bathara Drêma, Sămba lajêng kabêkta dhatêng Trajutrisna.

--- 24 : 5 ---

9. Madêg Sang Dèwi Agnyanawati, wontên taman pinanggih Radèn Sămba, lajêng pondhongan, Dèwi Wilutama kondur. Kocap ingkang têngga taman danawa èstri, nama Êmban Sarwini, sumêrêp Radèn Sămba panggihan kalihan Dèwi Agnyanawati lajêng binuru, Radèn Sămba oncat, mantuk dhatêng ing Dwarawati.

10. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang sumiwi Radèn Satyaka, tuwin Sêtyaki. Radèn Satyaka dinangu matur, kang paman sagah nimbali Radèn Sămba. Kasaru sowanipun Radèn Janaka, dinangu matur manawi Radèn Sămba, nyuwun pinanggih Dèwi Agnyanawati. Kasaru Radèn Sămba sowan, dinangu matur mêntas ningali jêmbangan toya panguripan, nanging dipun sikara danawa ingkang têngga taman. Prabu Baladewa duka, Radèn Sămba kabêkta dhatêng tamanan, jêmbangan ingkang katêngga danawa èstri dipun nanggala pêcah, danawa lumajêng sumêdya matur gustinipun. Dèwi Agnyanawati pinanggih Radèn Sămba, pondhongan mantuk dhatêng Dwarawati.

11. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Prabu Puntadewa dhapuh,[1] Radèn Arya Wrêkodara dhinawuhan dhatêng ing Dwarawati, kanthi Radèn Gathutkaca, nusul lampahipun Radèn Janaka, pangkat.

12. Madêg ing rêpat kêpanasan, Prabu Boma Narakasura, ngupados kajêng dewadaru, dhatêngipun danawa èstri, Êmban Sarwini, matur jêmbangan pêcah, Dèwi Agnyanawati kabêkta ing Radèn Sămba. Prabu Boma Narakasura badhe lumurug dipun pambêngi, lajêng dhawuh para punggawa, danawa dhinawuhan nututi Radèn Sămba, pangkat. Prabu Boma Narakasura lajêng kondur dhatêng ing nagari Trajutrisna, tata samêkta, para wadya kadhawuhan miranti.

13. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncanti, ingkang sumiwi para Pandhawa, Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Janaka. Rawuhipun Sang Prabu Baladewa ambêkta Radèn Sămba, tuwin Dèwi Agnyanawati, dinangu matur anggènipun rêmên Dèwi Agnyanawati punika anglampahi dhawuhipun Hyang Guru. Prabu Krêsna kèndêl. Kasaru danawa Trajutrisna soroh amuk, pinapag Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Gathutkaca, para danawa sami sirna.

14. Madêg Prabu Krêsna, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, sarta para Pandhawa kalêmpakan. Tancêb kayon.

--- 24 : 6 ---

105. Lampahan Bomantaka, Inggih Boma Suruhan.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, kaadhêp Radèn Sêtyaka, tuwin Radèn Arya Sêtyaki. Ingkang rinêmbag, panuwunipun Radèn Sămba, nyuwun dhaup kalihan Dèwi Agnyanawati. Kasaru dhatêngipun caraka saking Trajutrisna, danawa nama Maudara, ngaturakên pustaka, suraosipun pustaka nyuwun Radèn Sămba, Prabu Boma langkung kangên. Radèn Sămba katimbalan, lajêng kaparingakên, pamit mundur lajêng kalilan, Radèn Sămba ugi kaparêng, lajêng bibaran. Prabu Krêsna lajêng ngadhaton. Prabu Baladewa mêdal ing jawi.

[Grafik]

Wara Sumbadra.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini tuwin Dèwi Sêtyaboma. Kasaru rawuhipun sang prabu saking păncaniti. Ingkang rinêmbag anggènipun miyos ing păncaniti: katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, wasana lajêng minggah ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, ingadhêp Patih Pragota tuwin Patih Prabawa, Radèn Arya Sêtyaki, miwah Patih Udawa, siyaga dêdamêl dalah wadya, bidhal pacak baris dhatêng ing jawining rangkah. Patih Udawa kautus dhumatêng Madukara nimbali kang rayi Radèn Janaka, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing samadyaning wana, lampahira Radèn Sămba dipun pilara dening Kala Maudara, Radèn Sămba langkung mêlasarsa.

5. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Janaka, pinuju miyos kaadhêp ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, Dèwi Srikandhi, Dèwi Larasati, miwah Dèwi Sulastri. Radèn Janaka langkung onêng dhumatêng ingkang raka sinuhun ing Dwarawati. Botên antawis dangu kasaru dhatêngipun Patih Udawa, matur kautus paring priksa, Radèn Sămba katimbalan dhatêng Trajutrisna, ingkang andhèrèkakên danawa nama Maudara. Radèn Janaka lajêng anututi, lampahipun katututan ing margi, Ditya Maudara kapurih mantuk kabêktanan sêrat panantang. Radèn Sămba lajêng kaajak sowan dhatêng ing Dwarawati, kadhèrèkakên Patih Udawa utawi Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

--- 24 : 7 ---

6. Madêg ing nagari Trajutrisna, Prabu Boma Narakasura, pinuju miyos kaadhêp Patih Pancadnyana, punggawa danawa Yayahgriwa, Ancakugra winisudha. Botên antawis dangu dhatêngipun Maudara ingkang kautus dhumatêng ing Dwarawati, matur bilih Radèn Sămba karêbat Radèn Janaka, piyambakipun kabêktanan sêrat panantang. Prabu Boma langkung duka, lajêng utusan punggawa danawa kêkalih nyuwun biyantu dhatêng ing Ngastina, tuwin utusan nimbali Durbala, nata ing Ngawu-awu Langit. Lajêng bibaran.

7. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, katungka dhatêngipun Radèn Janaka, ngaturakên Radèn Sămba, Prabu Krêsna lajêng utusan, Radèn Arya Sêtyaki, kadhawuhan ngaturi sinuhun ing Kumbina, Radèn Sêtyaka kautus nimbali Sinuhun Ngamarta, lajêng bidhal sêsowangan.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, pinuju miyos, ingkang sumiwi, Dhahyang Durna, tuwin Patih Arya Sakuni, Sang Adipati Karna, pêpak para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, miwah Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Kasaru dhatêngipun utusan saking Trajutrisna, Ditya Yayahgriwa tuwin Ancakugra, dinangu matur kautus Prabu Boma Narakasura, ngaturakên pustaka, suraosipun nyênyuwun biyantu, badhe anglurug dhumatêng ing Dwarawati. Caraka lajêng amit mundur. Sang Adipati Karna tuwin Sata Korawa, kautus ambiyantu dhumatêng ing Trajutrisna, lajêng pangkat, bidhal dalah Sata Korawa.

9. Madêg ing nagari Kumbina, Prabu Bismaka, pinuju miyos manggihi ingkang rayi, Prabu Sêtyajid, nata ing Lesanpura. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Sêtyaki, kautus sinuhun ing Dwarawati, ngaturi ingkang rama sang prabu sakalihan, kaaturan dhumatêng ing nagari Dwarawati. Sasampuning siyaga lajêng bidhalan.

10. Madêg ing nagari Trajutrisna, Prabu Boma Narakasura, pinuju miyos kaadhêp Patih Pancadnyana, nuju manggihi tamu Adipati Karna, dalah para Sata Korawa, tuwin Durbala, Nata Ngawu-awu Langit, rêmbag gêlaring prang. Sasampuning siyaga lajêng pangkat, bidhalan.

11. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, lênggah tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, manggihi Prabu Bismaka, tuwin Prabu Sêtyajid. Kasaru dhatênging mêngsah saking Trajutrisna, lajêng sami mêdal ing jawi prang, angsal tandhing piyambak-piyambak.

Kocap Prabu Boma nitih Wilmana, Radèn Gunadewa sinambêr pêjah, Radèn Sămba kasambêr pêjah [pê...]

--- 24 : [8] ---

[Grafik]

Prangipun Bathara Krêsna kalihan Boma.

--- 24 : 9 ---

[...jah,] lajêng kajuwing-juwing. Radèn Janaka kasambêr kantaka, lajêng lolos saking pêpêrangan. Prabu Krêsna mêdali, Prabu Boma kacakra pêjah, lajêng gêsang malih, Prabu Krêsna dhawuh iyasa anjang-anjang, sasampuning dados, Prabu Boma kacakra kaanjang-anjang lêjang pêjah, botên sagêd gêsang. Wadya ing Prajutrisna[2] prang kalihan Radèn Arya Wrêkodara kathah ingkang sami pêjah.

12. Madêg ing pandhapi Dwarawati, Prabu Krêsna, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, Radèn Arya Wrêkodara, bojana ăndrawina, tancêb kayon.

106. Lampahan Sugatawati (Endrasêti).

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka nata ing Mandura Prabu Baladewa, ingkang mungging ngarsa putra Radèn Arya Sămba, Radèn Partadyumna, kadang ipe Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, putra Mandura Radèn Arya Wisatha. Rêmbag icalipun Radèn Janaka, sampun dangu dèrèng pinanggih. Wasana Prabu Baladewa mirêng wartos, bilih satriya Madukara, jumênêng nata ing Bulukatiga, punika karsanipun badhe kapêthuk, sagêda kondur dhatêng Dwarawati, Prabu Krêsna nayogyani, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, pinarak ing prabusuyasa,[3] ginêm, anggènipun miyos ing păncaniti sang nata, dene dangu botên kondur ngadhaton. Kasaru konduring sri nata lajêng lênggah satata, imbal wacana kawontênanipun păncaniti, wasana lajêng tindak ing pambojanan.

3. Ing paseba jawi, madêg Prabu Baladewa, tuwin Radèn Arya Wisatha, Radèn Sămba, miwah Patih Udawa, patih ing Mandura Patih Pragota tuwin Patih Prabawa, imbal wacana dènira arsa têdhak dhatêng nagari ing Bulukatiga. Sasampuning siyaga bidhal kapalan, Sri Nata Mandura tuwin putra wadyanira sadaya.

4. Madêg ing Pasetran Găndamayu, Sang Hyang Pramuni tuwin putra Bathara Kala, (warni Janaka) matur ingkang ibu nyuwun anggêmpal kawibawaning raka Sang Hyang Wisnu. Bathara Kala pinurih jumênêng nata ing Bulukatiga, sampun kalampahan sarta santun warni Radèn Janaka, nanging angèl anggènipun ambudi sarana kalêksananipun mukul praja ing Dwarawati, punika kaparingan biyantu para wadya siluman, wasana lajêng kalilan wangsul dhatêng ing Bulukatiga, wadya siluman kadhawuhan pacak baris dhatêng watês nagari Dwarawati.

--- 24 : 10 ---

5. Madêg ing paseban jawi, Jaramaya Jurumeya, Rinumaya, undhang para wadya bajobarat, bidhalan, lampahipun kapapag wadya Mandura, prang, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing patapan Endragiri, Sang Bagawan Endrasêkti, anuju gêrah santêr sarira abuh sadaya, katêngga putra nama Bambang Endrakusuma, arinipun èstri nama Endang Sugatawati, kang putra sami nangisi, tuwin rêpatira tiga, Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Wasana sang bagawan karsa utusan ngaturakên jênang madurasa, binuntêl upih tinangsulan sutra, kapurih ngaturakên Rêtna Wara Sumbadra dhatêng ing Banoncinawi, sarta nyuwun sarana gêrahipun sagêda sênggang. Kang kautus putra jalu tuwin èstri wau, lajêng pangkat. Lampahipun dumugi margi kapapag wadya ditya saking Krêndhayana, prang, ditya pêjah sadaya, kuwandanira musna. Bambang Endrakusuma tuwin kang rayi Endhang Sugatawati, lajêng lampahira kalihan rêpat têtiga.

7. Madêg ing nagari Bulukatiga, Prabu Janaka, tuwin Patih Kuntalabau, miwah para punggawa pêpak mungging ngarsa, rêmbag sagêdipun katampèn suwita dhatêng Dwarawati, lajêng gampila budi nandukakên karti-sampeka, murih sirnanira Prabu Krêsna. Kasaru rawuhipun Prabu Baladewa, ingancaran lênggah, Prabu Janaka ngadhêp ing ngandhap. Sri Baladewa kasok ing galih, Prabu Janaka kaboyongan dhatêng Dwarawati, lajêng bidhal.

8. Madêg ing Banoncinawi, Dyah Wara Sumbadra, pinarak para marunira, Rêtna Srikanthi,[4] Dyah Rarasati, Dyah Sulastri, para parêkan pêpak. Ingkang ginunêm kesahipun kang raka Radèn Janaka, sampun dangu, kasaru Endhang Sugatawati sowan ngaturakên jênang madurasa, binuntêl upih saking sudarmanira Sang Bagawan Endrasêkti, ing wukir Endragiri, sarta amratelakakên sakitipun kaparênga nuwun sarana. Tanggap Wara Srikandhi, jênang tinampèn katur Sang Kusuma Madubrănta. Sarêng buntêlaning jênang kaasta, tangsul sutra inguculan, upih binuka, sajatinira sanès jênang madurasa, isi dodot limar katangi agêmira satriya Madukara, jroning dodot anèng nawala, surasaning nawala: yayi sira kari mukti wibawa, ingsun pamit nyawarga. Titi pariksaning nawala, sumrêpêt panonira Wara Madubrănta, dhawah kantaka ing bantala, sarira asrêp sadaya, gugup para cèthi. Sarêng anjêlih kadi ambata rêbah. Sang kusuma rinămpa, Endhang Sugatawati lumajêng, sadaya para maru taksih ngrêrămpa, Wara Srikandhi amit atur pariksa maring raka Nata Sri Krêsna.

9. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa, ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Arya Nakula, Radèn Arya Sadewa. Kinêm[5] kesahira

--- 24 : 11 ---

kang rayi Radèn Arjuna, wasana Radèn Arya Wrêkodara pangkat ngupaya.

10. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, rawuhira Prabu Baladewa, saking amboyongi kang rayi Radèn Arya Dananjaya, sampun madêg nata ing Bulukatiga. Sasampuning binagèkakên, dhawuhira Sri Krêsna, kang rayi Madukara kapondhokakên ing kadipatèn Paranggarudha, Radèn Arya Sămba ngirid dhatêng pondhokan. Katungka dhatêngipun Wara Srikandhi, atur pariksa kawontênanira Rêtna Madubrănta, Prabu Baladewa gugup tindak ing Banoncinawi, ngupaya endhang ingkang ngaturakên jênang madurasa, wasana kapanggih, cinêpêng ing asta Sugatawati katêlasan pêjah, kuwănda tinilar. Radèn Arya Sămba dhatêng, mulat kuwandanira Endhang Sugatawati, wêlas ing galih, kinukup dhatêng kadipatèn, lajêng titir.

Sigêg, Bambang Endrakusuma, ingkang ngêntosi ing jawi, mirêng titir lajêng sowan dhatêng kadipatèn, tinêdahan sarta jinarwan pêjahira Endhang Sugatawati, lajêng pamit mantuk suka pariksa ing sudarmanira.

[Grafik]

Kapi Anoman.

11. Madêg ing Kêndhalisada, Sang Wiku Kapiwara (Kapi Anoman) manggihi tamunira satriya ing Jodhipati, Radèn Arya Wrêkodara. Ginêm icalira kang rayi Radèn Janaka, wasana tinêdah dhatêng ing praja Dwarawati kewala, ing têmbe pinanggihira kang rayi satriya Madukara, Radèn Arya Wrêkodara pangkat.

12. Madêg ing Endragiri, Sang Bagawan Endrasêkti, kang lagya gêrah, dhatêngipun ingkang putra

--- 24 : 12 ---

Bambang Endrakusuma, atur pariksa pêjahipun kang rayi Endhang Sugatawati. Sang bagawan saking ardaning duka sagêd lênggah sakala, ngajak nusul ing Dwarawati, mung ngănta-ănta Prabu Baladewa. Sarêng jumênêng rinarămpa kang putra lawan parêpat tiga, lumampah saonjotan, Sang Bagawan Endrasêkti musna saraganira. Bambang Endrakusuma lumajêng dhatêng Dwarawati tuwin rêpat tiga.

13. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, ginubêl ingkang putra Radèn Arya Sămba, nyuwun gêsangipun Endhang Sugatawati, lajêng kuwandanira pinundhut mangarsa, ingusadanan sêkar jayakusuma, sami sanalika Endhang Sugatawati waluya jati, kabêkta ngadhaton Radèn Arya Sămba.

14. Madêg ing Banoncinawi, kacarita Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra sampun waluya, Radèn Janaka amit kang raka Prabu Baladewa arsa pinanggih garwa linilan, dumugi kadhaton kapapag Bagawan Endrasêkti, Radèn Janaka prang kalihan Bagawan Endrasêkti wontên antaraning kadhaton, Radèn Janaka kasêsêr, lajêng musthi warastra, Bagawan Endrasêkti kataman warastra babar sajatining satriya Madukara, lajêng musthi warastra, Radèn Janaka ing Bulukatiga kataman warastra, babar sajatining Hyang Kala, lajêng oncat.

15. Madêg ing pandhapi Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos kalihan kang raka Prabu Baladewa, dhatêngira Radèn Arya Wrêkodara, kasaru wadya ing Bulukatiga andamêl rêrêsah, Radèn Arya Wrêkodara mijil mapag prang, (sampak) wadya ing Bulukatiga sami sirna. Radèn Arya Wrêkodara wangsul ngarsaning raka Prabu Krêsna, jinatèn ingkang rayi Radèn Arya Dananjaya sampun mungging Banoncinawi, lajêng bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

107. Lampahan Sugatawati Dhaup kalihan Sămba.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Rêsi Durna, tuwin Patih Arya Sakuni, miwah Sang Adipati Karna, tuwin para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Jayadrata, miwah Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Ginêm: dènira arsa jagong ngiras anyumbang maring Madukara. Kang paman Patih Arya Sakuni, kinèn siyaga tuwin sagung para kadang Korawa, samya atur kukila sandika. Sang prabu sigra kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa [prabasuya...]

--- 24 : 13 ---

[...sa,] ingadhêp putra Dyah Lêsmanawati, ingayap para parêkan tuwin êmban inya. Kasaru kondurira sang nata, pinêthuk ing garwa miwah putra, gya kinanthi binêkta lênggah. Sang Prabu Suyudana ngandika: He, bok ratu, sira pradandana, sira sida sun gawa jagong maring Madukara. Sang dyah pramèswari saklangkung suka ing galih, sigra busana tuwin raka narendra.

[Grafik]

Radèn Arya Kartamarma.

3. Madêg ing paseban jawi, Rêkyana Patih Sakuni, tuwin para ari Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Sampun sami sumadhiya umiring tindakira narendra maring Ngamarta, amung nganti ing wiyose sang nata. Tan dangu sri narendra miyos, orêg obah ing pasewakan. Nulya titihan narendra mangarsa, Sri Duryudana sampun anitih rata tuwin garwa putra tanapi Rêsi Durna. Patih Arya Sakuni anitih turăngga tuwin sagung Korawa, bidhal gumuruh.

4. Madêg ing nagari Garbaruci, Prabu Durgăngsa, ingadhêp Êmban Kêpêtmega, tuwin Patih Duryasa. Ing ngriku sri yaksendra supêna ing dalu, kapanggih putri tanah Jawi, Rêtna Sugatawati atmajanira Sang Arjuna, sampun ingêmban ingarasan, dupi arsa binêkta mring paprêman, lajêng gregah wungu, sang nata cuwa ing galih, satêmah gandrung asmara. Sang nata sigra dhawuh mring Patih Duryasa, karsa tindak anglurug maring tanah Jawi, angêlar praja angrêbat putri, patih tuwin êmban saklangkung amambêng, prayogi utusan rumiyin, rèh supêna sêkaring anendra. Sri yaksendra kagyat ing galih, èngêt wêwentehan. Sigra dhawuh amiji punggawa ditya: tiga, sinung dhawuh kinèn lumampah duta maring Madukara, angêbun-êbun enjang Dyah Sugatawati, aminta sih mring rama Sang Arjuna. Punggawa ditya tiga sandika, kinanthèn wulucumbu kalih: Togog, Sarawita, amit wus rinilan, bidhal.

--- 24 : 14 ---

5. Madêg ing paseban jawi, punggawa Ditya Kalapragăngsa, Kaladirgasa, Kaladurmeya. Ginêm, dènira dinuta maring Madukara, ngaturakên nawala panglamar, Togog Sarawita kinèn andhawuhakên siyaga. Sawusira samêkta gya bidhal. Lampahira punggawa ditya dumugi ing margi, kapapag barising Ngastina, pasulayaning rêmbag, dadya prang, rêksasa kasor, wasana simpangan ing margi.

6. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Rêsi Abyasa, lênggah tuwin kang wayah Radèn Ăngkawijaya, dinangu matur, kautus ing rama atur uninga, ing wulan ngarsa kang rama arsa mêmantu, amiwaha putra putri, kang patutan saking putri Tasikmadu, anama Rêtna Sugatawati, dhaup kalihan putra ing Dwarawati Radèn Arya Sămba, paduka eyang kaaturan rawuh ing Madukara. Sang rêsi suka ngandika: ya bangêt tarimaningsun, kaki, sudarmanira atur uninga maring jênêng ingsun kene, ora luwih ingsun mung paring pangèstu, sarta ingsun arah-arah bisane prapta ing Madukara, anunggoni dhauping pangantèn. Radèn Ăngkawijaya lajêng anuwun pamit, rinilan, gya bidhal, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

7. Madêg ing wana Setra Găndamayu, Radèn Ăngkawijaya, lampahira dupi dumugi samadyaning wana Găndamayu, kapapag raksasa saking ing Garbaruci arsa nunut ing lampah, Dyan Ăngkawijaya tan karsa, dadya prang, ditya sadaya pêjah jinêmparing, Radèn Ăngkawijaya lajêng lampahira tuwin parêpat tiga.

8. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna lênggah ing păncaniti, tuwin kang raka Prabu Baladewa, miwah kang paman kalih: Radèn Arya Prabu Bismaka, Radèn Arya Ugrasena. Ingkang ginunêm dènira badhe angarak dhatêng ing Madukara, wus angrakit-rakit rêrêngganing karya, pramèswari têtiga samya dèn dhawuhi, pramèswari sandika. Sawusira miranti, sigra têngara bidhal, gumuruh swaraning wadya, samarga-marga dadya tontonan, lumampah lon-lonan.

9. Madêg ing nagari Tasikmadu, Prabu Madusadana, lênggah kalihan raka Rêtna Găndawati, ingadhêp putra Radèn Găndawardaya, tuwin Radèn Găndakusuma, kang anèm sang putri Dyah Găndasasi. Ing ngriku sang prabu dhawuh mring Patih Madusaraya, kinèn siyaga ing lampah, ambêkta pèni-pèni saking Tasikmadu, katur Radèn Arjuna, mring Madukara. Sawusira samêkta gya bidhal.

10. Madêg ing nagari Garbaruci, Sang Prabu Kaladurgăngsa, miyos ing păncaniti, ingayap kang wadyabala andhèr, Patih Duryasa tuwin Êmban Kêpêtmega, mungging ngarsa. Ginêm: sang prabu angajêng-ajêng [angajêng...]

--- 24 : 15 ---

[...ajêng] lampahing duta, tan dangu praptanira Togog Sarawita, atur uninga tiwasing duta narendra, pungawa tiga pêjah dening satriya tahan Jawi. Sri Kaladurgăngsa dupi miyarsa duka yayah sinipi, sigra dhawuh anêmbang têngara, arsa bidhal lumurug maring tanah Jawi, anglamar putri. Patih sandika, sigra nêmbang têngara, busêkan kang wadyabala, wus sanega ing yuda, kamot kapraboning prang. Wusira samêkta, sigra nêmbang têngara, bidhal kêbut sawadyabalanira.

[Grafik]

Patih Pancadnyana.

11. Madêg ing nagari Trijutrêsna,[6] Sang Prabu Boma Narakasura, miyos ing păncaniti, ingayap para wadya diyu raksasa tuwin manusa, kang cakêt ing ngrasa Kyana Patih Pancadnyana, Arya Yayahgriwa. Ingkang ginunêm, dènira sang nata sêkêl ing panggalih, angraosakên kang rama Prabu Krêsna, dènnya kalantur kasupèn mring sariranipun. Patih Pancadnyana, miwah Arya Yayahgriwa, tansah dènnya angimur-imur ing nata, aturipun: Dhuh, dhuh, anggèr, gusti kula, ingkang punika sampun kagalih, amung anggaliha kautamènipun, rèh sinuhun dados sêpuh, sampun pantês sarta wajib, sinuhun amikramakakên kadang taruna. Sang Prabu Boma dupi amiyarsa aturira Patih Pancadnyana, miwah Arya Yayahgriwa, kadadak angrês ing galih, sigra dhawuh: he, patih, yèn mangkono sira mirantia, sêsumbang maring madukara, ingsun arsa sowan maring Ngamarta, amarga kangjêng rama pasthi wus budhal angarak. Mara payo padha sira pradandana saupakartining laku, aja kuciwa. Patih Pancadnyana sandika, amiranti. Mangkana enggaling carita, sasampunira samêkta sigra têngara bidhal.

12. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, tuwin kang rama Prabu Drupada, karsa tindak maring Madukara, miwah Radèn Arya Sena, sampun miranti wontên paseban jawi, tuwin putra Radèn Arya

--- 24 : 16 ---

Gathutkaca, Sang Dyah Arimbi ngalêmpak wontên ing pura, arsa umiring tindakira sang pramèswari. Sawusira sami samêkta, sigra tindak maring Madukara, lumampah lon-lonan jinajaran.

13. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Janaka, lênggah ing pandhapi, amanggihi tamu para ratu: ing Ngastina Prabu Suyudana. Ing Măndraka Prabu Salya, ing Tasikmadu Prabu Sadana, ing Trajutrisna Prabu Boma Narakasura, ing Ngawăngga Sang Adipati Karna, putra ing Wiratha Radèn Arya Seta, tuwin Radèn Arya Untara, miwah Radèn Arya Wratsăngka, jajar lênggah kalihan Rêsi Abyasa, Sang Rêsi Dewabrata. Para satriya andhèr ing ngarsa. Wus miranti găngsa angapit-apit kanan kering. Anulya rawuhira Prabu Yudhisthira tuwin Prabu Drupada, wus sami ingacaran lênggah. Ing Madukara kadya sawarga rinêngga.

Mangkana enggaling carita, jajaraning pangantèn sampun prapta, jalwèstri ulêng-ulêngan kang samya ningali. Dupi wus prapta, taratag rambat, pakurmatan drèl mariyêm jumêgur, Sri Krêsna tuwin Prabu Baladewa lajêng lênggah ing paringgitan. Praptanira pangantèn sigra pinêthuk dening Prabu Boma tuwin Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Arya Sămba kinanthi, lajêng pinanggihakên. Pangantèn putri kinanthi pinêthukakên madyaning wiwara agêng, anulya dèn sêmbahakên ing kakungira, wus binêkta lênggah mungging ngarsanirèng pêpajangan. Tamu para ratu sawusira kinabêktèn, sigra mangun bojana.

Mangkana gêdêring jawi, dhatêngira parangmuka saking Garbaruci, Prabu Kaladurgăngsa, Sri Krêsna kagyat, sigra dènnya sasmita. Radèn Arya Wrêkodara, miwah Radèn Janaka, Prabu Boma, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Arya Sêtyaki, sami miyosi ing rananggana.

Duk prapta ing jawi panggih kalihan mêngsah ayun-ayunan, têmpuhing prang rame, dangu tan ana kasoran. Sri Kaladurgong[7] pêjah dening Prabu Boma, patih pêjah dening Radèn Arya Sena, êmban pêjah dening Radèn Arya Gathutkaca, punggawa pêjah dening Arya Sêtyaki, lajêng sampak. Wadya yaksa ingamuk Sang Arya Sena, tumpês tan măngga puliha. Sasirnaning mêngsah sigra kondur, wangsul mring pandhapa agung, linajêngakên mangun bojana ăndrawina, bibar tancêb kayon.

108. Lampahan Jaladara Rabi.

1. Jêjêr ing nagari Mandraka, Prabu Salya, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Radèn Rukmarata, katamuan Prabu Kurupati, kadhèrèkakên Patih Sakuni. Rêmbag badhe mantu putra Dèwi Erawati, dhaup lawan Prabu Anom, Radèn Kakarsana, pêparab Wasi Jaladara. Sang Prabu Salya

--- 24 : 17 ---

dipun aturi dening Prabu Kurupati, karsa amundhut patah wanodya kang rara kênya wontêna kawandasa, sarta pangaraking pangantèn dèn iringa gamêlan Lokanănta, kêmbar mayang ing swarga, sarta nitih rata ingayap para jawata. Sri Salya èwêd ing galih mituruti. Radèn Rukmarata ingkang ingutus dhumatêng Mandura, lajêng luwaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Sêtyawati, miyos ing prabasuyasa, kaadhêp putra Dèwi Erawati, tuwin Dèwi Surtikanthi, Dèwi Banowati, katungka konduripun sang nata. Ingkang rinêmbag dènira măncaniti. Lajêng tindak ing pambojanan.

[Grafik]

Prabu Salya.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Rukmarata, kaadhêp ingkang raka Radèn Burisrawa, tuwin Patih Tuhayata. Ingkang rinêmbag: Radèn Rukmarata arsa dinuta dhatêng Mandura. Sasampuning siyaga lajêng budhal.

4. Madêg ing Giridhasar, Prabu Rudra Darimuka, ingadhêp Êmban Cintakawrêdi. Sang nata gandrung asmara lawan Dèwi Erawati, lajêng nimbali punggawa ditya ingutus ngaturakên pustaka panglamar. Lajêng bibaran. Lampahing wadya ditya kapapag wadya ing Mandraka, prang, wasana sêsimpangan margi.

5. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Anom Kakarsana, manggihi Radèn Rukmarata. Radèn Rukmarata andhawuhakên pundhutan patah. Sasampuning andhawuhakên, lajêng mundur. Radèn Narayana katimbalan mangarsa, kautus ngupaya patah rara kênya, Patih Pragota ugi kadhawuhan ngupaya, lajêng sami pangkat.

6. Madêg Radèn Narayana tuwin Radèn Udawa. Ingkang rinêmbag badhe mundhut patah dhatêng Găndamadana, lajêng pangkat.

7. Madêg madyaning wana, gara-gara, Nala Garèng kêrêngan kalihan Petruk, pinisah Sêmar, lajêng

--- 24 : 18 ---

ngadhêp bandaranipun, Radèn Pamade lagya sungkawa, dènnya dèrèng dhaup lawan Rêtna Rara Irêng, lajêng lumampah sapurug-purug. Kapapag wadya ditya ing Giridhasar, prang, danawa pêjah sadaya. Radèn Pamade lajêng lampahipun. Dumugi ing Krêndhawahana, ginodha para bajobarat, tan keguh. Lajêng pinanggihan Sang Hyang Pramuni. Dinangu matur pratela kang dadya sêdyanipun. Radèn Pamade lajêng binusanan, malih warni èstri, kasantunan nama Endhang Wrêdiningsih, Sêmar, Nala Garèng, Petruk ugi dipun santuni pangangge warni èstri, Sêmar nama Nyai Mêlik, Nala Garèng Nyai Mêlok, Petruk santun nama Nyai Jagaplok, Endhang Wrêdiningsih tinêdah dhatêng praja Mandura, punika sarananipun pinanggih Rêtna Rara Irêng. Sasampuning pamit, lajêng pangkat, dalah rêpat tiga. Lampahipun dumugi margi kêpêthuk caraka Mandura Rêkyana Patih Pragota. Rêmbag arsa kangge patah purun, lajêng kabêkta mantuk dhatêng Mandura.

8. Madêg ing pratapan Găndamadana, Kapi Jêmbawan lawan ingkang putra Dèwi Jêmbawati. Kasaru rawuhipun Radèn Narayana lan Patih Udawa, nêmbung nyambut Dèwi Jêmbawati badhe kadamêl patah. Sang wiku lawan kang garwa ngaturakên, Radèn Narayana lajêng kondur. Kapi Jêmbawan lawan kang garwa Dèwi Trijatha minggah sanggar pamujan.

9. Madêg ing nagari Mandraka, Prabu Salya tuwin Prabu Kurupati. Dhatêngipun Radèn Rukmarata, matur dènnya kautus, prabu anom ing Mandura sandika ngaturakên patah rara kênya kawandasa. Radèn Rukmarata lajêng kautus dhawuh rêrêsik ing wingking sarta nyêngkêr kang bak ayu Dèwi Erawati.

10. Ing dalêm puri Dèwi Sêtyawati, lênggah lawan putra Dèwi Erawati. Katungka rawuhipun Prabu Salya saking miyos ing pandhapi, sang nata mundhut kang putra Dèwi Erawati arsa sinêngkêr, rèhning calon pangantèn. Sang padniwara ngaturakên. Kang putra Dèwi Erawati lajêng kalêbêtakên supe dening kang rama, lajêng utusan nimbali Radèn Rukmarata, tan arsa sumewa, sang prabu pinrih mêdal, sarêng sang prabu mêdal duka lan kang putra Dèwi Rukmarata, dadya prang, sang nata babar dadya ditya èstri, lajêng anggêgana. Radèn Rukmarata mêdal ngaturi uninga, wasana kang rama taksih lênggah lan Prabu Kurupati, sami gugup. Sang nata lajêng utusan kang putra Radèn Rukmarata paring pariksa dhumatêng kang putra Prabu Kakarsana, amurungakên pundhutan patah, namung janji sagêd manggihakên kang putra Dèwi Erawati.

11. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Anom Kakarsana. Kasaru dhatêngipun Patih Pragota, ngaturakên Endhang Wrêdiningsih saparêkanipun. Lajêng kadhawuhan amasrahakên ingkang rayi Dèwi Wara Sumbadra (Rara Irêng).

--- 24 : 19 ---

12. Madêg ing patênggan wingking, Sang Rêtna Rara Irêng. Sowanipun Endhang Wrêdiningsih dalah kadang warganipun. Sawusira winulang tatakrami, Rêtna Rara Irêng mapan sare, Endhang Wrêdiningsih kadhawuhan mêtêki, danguning mêtêki, Enthang[8] Wrêdiningsih babar dados Radèn Pamade, Sêmar saanakipun sami babar. Rêtna Rara Irêng malajêng matur kang raka atawan tangis.

13. Madêg Prabu Anom Kakarsana, dhatêngipun ingkang rayi Rêtna Rara Irêng, angaturi pariksa, Prabu Kakarsana lajêng nyatakakên, sarêng pirsa Radèn Pamade, cangkelak wangsul tindak ing kadipatèn.

[Grafik]

Prabu Anom Kakrasana.

14. Madêg ing kadipatèn Mandura, Radèn Narayana, lawan Dèwi Jêmbawati. Rêmbag murih wurung anggènipun dados patah, tansah dipun ecani manah kemawon, rawuhipun ingkang raka Prabu Anom Kakarsana, alingan, Rêtna Jêmbawati sarêng sumêrêp lajêng kesah, Radèn Narayana ngrangkul kang raka nuwun sangaksama,[9] lajêng dipun ngandikani, bilih kang rayi dipun mêjanani tiyang, têngganipun Rêtna Rara Irêng kalêbêtan pandung. Radèn Narayana badhe nyêpêng kaandhêg kang raka, sajarwa pandungipun Radèn Pamade, ature Radèn Narayana luhung katimbalan. Lajêng katimbalan mangarsa. Eca anggènira imbal wacana, kasaru sowanipun Radèn Rukmarata dinuta ingkang rama, paring uninga, Dèwi Erawati dhinustha ing duratmaka awarni ditya, samangke pundhutan patah sapanunggilanipun botên saèstu, sintên ingkang sagêd manggihakên inggih lajêng kadhaupakên. Prabu Kakarsana matur sandika, Radèn Rukmarata mundur. Prabu Kakarsana dhawuh ing ari kalih, kinèn madosi, Radèn Narayana, Radèn Pamade bidhal.

15. Madêg ing Giridhasar, Prabu Rudra Darimuka, dhatênging caraka ambêkta Dèwi Erawati, lajêng kadhawuhan ngêdalakên saking supe, kalêbêtakên ing kadhaton. Lajêng kapanggih Radèn Pamade lan Radèn Narayana, Sang Dyah Erawati wus pinurih manjing supenira Radèn Pamade. Prabu Rudra Darimuka malêbêt kadhaton, arsa ngungrum, kapapag Radèn Pamade lan Radèn Narayana, dadya prang, Sri Darimuka [Da...]

--- 24 : 20 ---

[...rimuka] tinampiling pêjah, kuwandhanira[10] binucal dhawah ing jawi, para punggawa ditya kagyat, sigra malêbêt arsa bela ing gusti, prang lan satriya kalih, punggawa ditya pêjah sadaya. Radèn Pamade kinèn andhèrèkakên sang putri, Radèn Narayana lapur ingkang raka kondur dhatêng Mandura, Radèn Pamade lawan Dèwi Erawati dhatêng Mandraka.

[Grafik]

Kyai puspadênta.

16. Madêg ing kahyangan, Bathara Narada, pêpak para dewa siyaga badhe nguntapakên pangarakipun pangantèn Prabu Kakarsana, sarta sudhiya kareta kancana, saha kêmbar mayang dewadaru. Pêpaking siyaga lajêng tumurun ngarcapada.

17. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Anom Kakarsana, kasaru sowanipun Radèn Narayana. Matur sasolahing dinuta, Prabu Kakarsana andhawuhakên siyaga angarak. Kasaru rawuhing Hyang Narada lawan para jawata, tuwin widadari maringakên kawaca kapraboning nata, lawan alugora, titihan èsthi kyai puspadênta, sarta rêrêngganing pangantèn, kêmbar mayang dewadaru, găngsa Lokanănta [Lo...]

--- 24 : 21 ---

[...kanănta.] Sang prabu binusanan, pinaringan jêjuluk Prabu Baladewa, Balarama, inggih Prabu Halayuda. Lajêng bidhal angarak, dèn iring para jawata saha widadari.

18. Madêg ing nagari Mandraka Prabu Salya, para tamu Prabu Puntadewa, Radèn Arya Bratasena tuwin Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn. Radèn Rukmarata matur anggèning dinuta andhawuhakên dhumatêng ing Mandura. Kasaru sowanipun Radèn Pamade, dinuta Nata Mandura ngaturakên Rêtna Dèwi Erawati, sarta lajêng kaparingakên ing dhatulaya, andikakakên ambusanani cara pangantèn. Sang Hyang Narada dhawuh amanggihakên, sasampuning pangantèn dhaup, para jawata pamit kondur makahyangan. Kocapa Nata Korawa sakadangipun sami damêl rêrêsah. Radèn Arya Bratasena mêdal ing jawi prang lan Korawa, Sri Kurupati sakadang mundur sar-saran, Radèn Arya Bratasena wangsul mangarsa, bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

109. Lampahan Sêtyaki Rabi.

1. Jêjêr Prabu Kasendra, nata ing Tunjungpura, nuju miyos ing sitinggil binata rata, ingkang mungging ngarsa putra ing kadipatèn nama Radèn Kasena, Patih Dhêndhabau. Ginêm sri nata lagya sungkawa, dene ingkang putra putri nama Dèwi Karsini, murca saking pagulingan, ingkang putra dinuta ngundhangi sayêmbara sarta lajêng kadhawuhan ngupaya mintra sraya sintên ingkang sagêd manggihakên ingkang bakyu Dèwi Karsini wau lajêng kadhaupakên. Aturipun Radèn Kasena sandika, lajêng nyuwun pamit kalilan, pangkat kalawan Rêkyana Patih Dhêndhabau, Sri Nata Prabu Kasendra lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing kadhaton, risang pramèswari nata kêkasih, Dèwi Warsiki, lênggah mungging prabasuyasa angêntosi kondurira sri nata ngiras mariksani ajaring badhaya srimpi, para parêkan jibêg mungging ngarsa. Botên watawis dangu kondurira sri nata, sang pramèswari mêthuk lajêng lênggah satata. Ingkang kinarya imbal wacana bab kawontênanira ing păncaniti. Lajêng tindak ing gêdhong pambojanan.

3. Madêg pangurakan (paseban jawi), Radèn Kasena, Patih Dhêndhabau, para punggawa mungging ngarsa. Rêmbak matah ingkang têngga praja, tuwin ingkang andhèrèk tindakira rajaputra, angupadon[11] minta sraya. Sasampuning samapta lajêng bidhal. Kapalan.

4. Madêg Prabu Kalakambana, ing nagari Suwelabumi, dèn adhêp êmban yaksi nami Êmban Karêndhi. Ginêm sang nata langkung suka dènnya Êmban Karêndhi lêbda andhustha putri ing Tunjungpura, nami Dèwi Karsini,

--- 24 : 22 ---

ingkang dadya woding panggalih, ananging sang nata kêdah nandukakên wêweka. Adhawuh nimbali punggawa ditya ingkang anggantung lampah pasisiran, punggawa Kalakandhana majêng mangarsa. Dhawuhipun sri nata, punggawa ingkang anggantung lampah sami kinèn anjagi watêsing praja, supados sampun ngantos kalêbêtan pangendrajala. Manawi wontên satriya badhe malêbêt kinèn mangsulna, punggawa ditya matur sandika, lajêng mêdal ing jawi. Sri nata kondur ngadhaton.

5. Madêg para punggawa ditya mungging paseban jawi, Kalakandhana, Kalakandheya. Ginêm siyaga gêgamaning ayuda, arsa jagi sajawining praja. Sasampuning samapta lajêng bidhal, Togog tuwin Sarawita kang dadya cucuking lampah. Lampahipun sarêng dumugi ing wana kapapag wadyabala ing Tunjungpura, sulayaning rêmbag dadya prang, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg Radèn Janaka ing Madukara, panuju miyos dèn adhêp para garwa, Dèwi Sumbadra, Srikandhi tuwin Rêtna Larasati. Rêmbag Radèn Janaka mirêng lamun putri Tunjungpura musna ing dalu, kinarya sayêmbara, sintên ingkang sagêd manggihakên sang putri wau, lajêng kadhaupakên. Punika karsanipun Radèn Janaka badhe angupaya icalipun putri Tunjungpura, lajêng pamit kang garwa. Tan antara lajêng pangkat lawan rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahipun sarêng dumugi wana kapapag para wadya ing Suwelabumi, sulayaning rêmbag dadya prang, para ditya sami pêjah, ingkang alit lumajêng ngungsi gêsang. Kyai Togog Sarawita mantuk dhatêng prajanipun, nêdya atur pariksa ing gustinipun. Radèn Janaka lajêng lumampah, rêpat tiga datan kantun.

7. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Girinata, pinuju miyos siniwi para dewa, ingkang mungging ngarsa Sang Hyang Yamadipati. Ingkang rinêmbag Sang Hyang Girinata, arsa angganjar dêdamêl warni gada dhumatêng Radèn Sêtyaki, amargi katarimah dènira martapa, mungging têpining bangawan Wilugangga. Sang Hyang Narada, dhinawuhan pangkat kanthi Sang Hyang Yamadipati, amaringakên gada wau, tuwin paring wasita, ing têmbe putri Tunjungpura dadya jatukramanipun. Sang Hyang Narada lajêng pangkat kalihan Sang Hyang Yamadipati, tumurun dhatêng marcapada.

8. Madêg Radèn Sêtyaki, tapa wontên têpining bangawan Wilugangga, saliranipun kacêpit ing sela, nalika bangawan umrik anggènipun lênggah sèndhèn sela, lajêng pangkonipun kaglundhungan sela agêng, amila botên sagêd ebah, amung gêrêng-gêrêng, dangunipun sampun watawis kawandasa dintên. Botên antawis dangu rawuhipun para jawata, Sang Hyang Narada, Sang Hyang Yamadipati. Sang Hyang Narada andhawuhakên timbalanira Sang Hyang Girinata, maringakên dêdamêling yuda warni gada, Radèn Sêtyaki [Sê...]

--- 24 : 23 ---

[...tyaki] sarêng tampi dhawuhipun Sang Hyang Narada, sanalika mijilakên karosan, sela ingkang anjêpit sanalika dhongkar, lajêng manêmbah padanira Sang Hyang Narada, sarwi nampèni gada paringipun Sang Hyang Girinata, tuwin matur nuwun. Sang Hyang Narada lajêng dhawuh paring wasita, lamun putri Tunjungpura nama Dèwi Karsini, putranipun Prabu Kasendra, ing têmbe dados jatukramanipun, dene sapunika kabêkta duratmaka wontên praja Suwelabumi, inggih punika kadhustha nata ing Suwelabumi, nama Prabu Kalakambana, amila kadhawuhan pangkat dhatêng Suwelabumi. Sasampuning wasita, Sang Hyang Narada lajêng kondur makahyangan. Radèn Sêtyaki lajêng pangkat.

[Grafik]

Radèn Sêtyaki.

9. Madêg Radèn Janaka tuwin rêpat tiga, pêpanggihan Rajaputra Tunjungpura Radèn Kasena. Sasampuning takèn-tinakèn nama tuwin pinangkanipun miwah kang sinêdya, Radèn Kasena matur dinuta ingkang rama Prabu Kasendra ngupados minta sraya: sintên ingkang sagêd amanggihakên bakyunipun Radèn Kasena ingkang musnèng dalu, nama Dèwi Karsini, punika ing têmbe kadhaupakên. Radèn Janaka sagah lajêng ngupadosi. Radèn Kasena sarêng sampun sinagahan lajêng mantuk. Radèn Jana[12] nêdya dhatêng nagari Suwelabumi, awit sampun sumêrêp bilih sang putri wau kadhustha nata yaksa king[13] Suwelabumi, amargi nalika prang kalihan para ditya pangakênipun dinuta sri nata ing Suwelabumi, anjagi praja sampun wontên tiyang manjing prajanipun, Radèn Janaka lajêng pangkat kanthi parêpat tiga.

10. Madêg Prabu Kalakambana, nata yaksa ing Suwelabumi, miyos siniwi para wadya ditya, ingkang mungging ngarsa Êmban Karêndhi. Dhatênging Togog tuwin Sarawita, ngaturakên tiwasing karya, para punggawa ditya kang sami pacak baris sajawining praja, sami sirna dening satriya Madukara Radèn Janaka, sang nata langkung duka. Kasaru Radèn Janaka dhatêng lajêng sêsumbar wontên ngarsa, lajêng prang. Radèn Janaka ginêtak kabur.

11. Madêg salêbêting kadhaton ing Suwelabumi, Dèwi Karsini, sawêg lênggah lawan parêkan [parêka...]

--- 24 : 24 ---

[...n,] sang dèwi langkung sungkawa. Dhatêngipun Radèn Sêtyaki, anjujug wurinira sang rêtna. Sarêng tinakenan dening sang putri, mangsuli walèh nama tuwin ingkang sêdya, nêdya angondurakên sang rêtna, nanging tinantun punapa purun kapêndhêt garwa, sang rêtna matur purun. Kasaru dhatêngipun Prabu Kalakambana arsa ngungrum sang putri, kagyat sumêrêp bilih wontên satriya abagus. Tinakenan mangsuli sugal lajêng prang, Prabu Kalakambana pêjah ginada, kuwandanira binucal dhawah ing ngajêngan. Sang putri lajêng binêkta Radèn Sêtyaki. Ing jawi para punggawa ditya kang sami tugur sami ginêman. Botên dangu dhawahipun sang nata yaksa sampun dadya layon. Para punggawa sami angêbyuk lumêbêt ngupadosi pandung kang nyidra sang nata wau. Ing ngriku sampun suwung, nututi sapurugipun Radèn Sêtyaki taksih katingal.

12. Madêg ing Ngamarta, Prabu Yudhisthira, Radèn Wrêkodara, Radèn Nakula, Sadewa. Ginêm kesahipun ingkang rayi Radèn Janaka, dene tanpa pamit, Radèn Wrêkodara kadhawuhan ngupaya sagah, lajêng mêdal ing jawi, pangkat kalihan ingkang putra Radèn Gathutkaca. Sang nata kondur ngadhaton.

Sigêg, ing margi lampahipun Radèn Sêtyaki lawan Dèwi Karsini, kapanggih kang rayi Radèn Kasena, sami tanya-tinanya, Radèn Sêtyaki nyariyosakên lêlampahanipun sadaya, Radèn Kasena suka sukur ing driya. Dèrèng dangu praptanira Radèn Janaka, tanya dhatêng Radèn Sêtyaki, pawèstri ingkang sinandhing. Radèn Sêtyaki matur, bilih punika putri Tunjungpura ingkang ical pinanggih. Radèn Janaka tan narimah, dene piyambakipun ingkang pininta sraya ngupaya, wusana Radèn Sêtyaki ingkang ambêkta, katêdha, Radèn Sêtyaki tan suka, dadya prang rame. Sawêg ramening ayuda Prabu Krêsna cumalorot saking gêgana, ing wau nêdya ngupaya kesahipun Radèn Sêtyaki. Kasaru dhatêngipun Radèn Wrêkodara, sami andangu awitipun dadya kêkêrêngan. Radèn Janaka kalihan Radèn Sêtyaki. Radèn Sêtyaki matur purwa madya wasana. Radèn Janaka ugi matur. Wasana dhawuhing Sri Krêsna putri wau dados bojonipun Radèn Sêtyaki, Radèn Janaka kapurih narimah. Prabu Krêsna lajêng tindak dhatêng Tunjungpura, ngêtêrakên Radèn Sêtyaki, Radèn Kasena lawan Patih Dhêndhabau.

13. Madêg ing Tunjungpura Prabu Kasendra, praptanira Sri Krêsna kalihan Radèn Sêtyaki, Radèn Kasena tuwin Patih Dhêndhabau. Sri Krêsna nyariyosakên sadaya lêlampahanipun Radèn Sêtyaki, kapanggihipun sang putri. Prabu Kasendra langkung suka, lajêng kadhaupakên pisan. Kasaru gègèring jawi dhatênging mêngsah para punggawa ditya wadyanira Prabu Kalakambana. Radèn Sêtyaki tuwin Radèn Kasena mêdal ing jawi, mapag ing ayuda, prang sampak. Para punggawa ditya sami pêjah, ingkang unggul ing yuda lajêng sowan ngarsanira sri nata, lêjêng bojana ăndrawina.

__________

 


dhawuh. (kembali)
Trajutrisna. (kembali)
prabasuyasa. (kembali)
Srikandhi. (kembali)
Ginêm. (kembali)
Trajutrêsna. (kembali)
Kaladurgăngsa. (kembali)
Endhang. (kembali)
pangaksama. (kembali)
10 kuwandanira. (kembali)
11 angupados. (kembali)
12 Janaka. (kembali)
13 saking. (kembali)