Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

61. Lampahan Pandhu Brêgola.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Wrêsninira,[1] Patih Udawa, para punggawa pêpak anangkil. Ginêm, sang nata sangêt dènira onêng dhatêng para kadang Pandhawa, kasaru sowanipun ingkang rayi Radèn Nakula, sasampuning lênggah satata, matur ingutus ingkang raka Prabu Puntadewa, Sang Prabu Krêsna ingaturan tindak ing praja Ngamarta, awit kadhatêngan mêngsah saking Paranggumiwang. Sang nata lajêng dhawuh dhatêng Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Satyaki, kinèn sami andhèrèk dhatêng ing Ngamarta, Sri Krêsna lajêng kondur angadhaton.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara têtiga, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Satyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan. Konduripun sang nata lajêng pinêthuk ing garwa têtiga, sami akêkanthèn asta, lajêng binêkta lênggah satata. Sang Prabu Krêsna imbal wacana dhatêng garwa têtiga kawontênanipun ing pasewakan. Sang nata lajêng mundhut busana kaprajuritan. Sasampuning ngagêm kawaca lajêng tindak ing Ngamarta miyos ing gêgana anurut kukusing dupa.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Nakula, Radèn Sămba tuwin Radèn Arya Satyaki, Patih Udawa miwah para punggawa. Ginêm, andhèrèk tindakipun sang nata dhatêng Ngamarta. Patih Udawa dhawuh siyaga, sampun sami samêkta, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Paranggumiwang, Prabu Pandhu Brêgola, miyos lênggah ing pandhapi agung, inga-[...] ntalabau, tuwin para punggawa ditya pêpak anangkil. Ginêm, Prabu Pandhu Brêgo [Brêgo...]

--- 15 : 4 ---

[...[...]] Wara Sumbadra, sang nata lajêng dhawuh dhatêng punggawa ditya dhinawuhan ngêpung praja Ngamarta, pa[...] ra punggawa yaksa lajêng pangkat. Sang Prabu Pandhu Brêgola, lajêng tindak dhatêng wukir Candhanasari, bibaran nangkil.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa yaksa, Ditya Kalapraceka, Ditya Kalamingkalpa, Ditya Kalapralêmba, tuwin Kyai Togog, Sarahita. Ginêm ingutus dhatêng praja Ngamarta, dhawuh siyaga, sasampuning samêkta lajêng bidhalan. Mangkana lampahipun sarêng dumugi ing margi kapapag wadya Dwarawati, pasulayaning rêmbag dados prang, danawa kasêsêr, wasana nyimpang ing margi.

6. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Janaka, lênggah tuwin kang garwa Dèwi Wara Sumbadra, Dèwi Wara Srikandhi, Nikèn Rarasati, tuwin rêpat panakawan tiga, Kyai Sêmar Nala Garèng, Petruk, ginêm, Radèn Janaka Arsa ngupados ulam badhèr bang sisik kancana, saking panyuwunipun ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, sangêt kêpenginipun dhahar ulam badhèr wau, awit saking nyidham. Radèn Janaka lajêng pangkat dhatêng narmada Silugangga, ingiring rêpat panakawan tiga. Lampahipun wontên margi kapapag wadya ditya saking Paranggumiwang, pasulayaning rêmbag dados prang, danawa pêjah sadaya. Radèn Janaka lajêng lampahipun dhatêng narmada Silugangga, tuwin panakawan têtiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Dèwi Wara Srikandhi.

7. Madêg ing pratapan Candhanasari, Sang Wiku Kandhana, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp cantrik, kasaru rawuhipun Prabu Pandhu Brêgola. Ginêm, Prabu Pandhu Brêgola nyuwun idi arsa mangendrajala Rêtna Wara Sumbadra, sang prabu sinantunan warni Prabu Krêsna, sarta winêling. Sang nata lajêng amit pangkat, sang wiku tindak ing pamêlêngan.

8. Madêg ing Madukara, Dèwi Wara Sumbadra, tuwin Dèwi Wara Srikandhi, ingadhêp Nikèn Rarasati, rawuhe Prabu Pandhu Brêgola pindha Prabu Krêsna, andangu kang rayi Radèn Janaka. Dèwi Wara Sumbadra matur kesah anjala, Dèwi Wara Srikandhi lajêng kadhawuhan nata dhaharan badhe kasêgahakên Sri Nata Dwarawati, lajêng pangkat. Dèwi Wara Sumbadra dhinawuhan malêbêt ing sêsupe, sampun malêbêt, Prabu Krêsna lajêng pangkat kondur. Dèwi Wara Srikandhi sarêng wangsul mangarsa, uninga Prabu Krêsna sampun katingal [ka...]

--- 15 : 5 ---

[...tingal,] ing ngriku panggalihira sang rêtna tan sakeca, lajêng anututi ingkang raka Prabu Krêsna, dados prang, Prabu Krêsna jinêmparing kenging, babar Prabu Pandhu Brêgola, prangipun mèh kawon, Sang Prabu Pandhu Brêgola lajêng oncat, anggêgana, Dèwi Wara Srikandhi dhawah kantaka, lajêng tindak dhatêng Ngamarta, sumêdya atur pariksa ingkang raka Prabu Puntadewa.

9. Madêg ing narmada Silugangga, Radèn Janaka, angupados badhèr bang, ingkang kangge amisaya jala sutra tampar kancana, botên angsal lajêng kèndêl, rêpat tiga sami kadhawuhan ngupados, lajêng kesah pados kang lêbêt.

[Grafik]

Nala Garèng.

Sigêg, lampahipun Sang Prabu Pandhu Brêgola kèndêl, Dèwi Wara Sumbadra kawêdalakên saking supe, Dèwi Wara Sumbadra gadhah panêdha badhèr bang sisik kancana. Prabu Pandhu Brêgola ngupados, kawacanira kadhawuhan anêngga Dèwi Wara Sumbadra. Ing ngriku rêpat tiga anggènipun anjala gêntos-gêntos, kalêrês Nala Garèng adhawahakên jala, rantas tampangipun botên wontên ingkang kantun. Lajêng wangsul sowan Radèn Janaka, dinangu matur pratela. Radèn Janaka duka, Nala Garèng jinamala, inguncalakên dhawah ing narmada lajêng kèli. Radèn Janaka kondur, ingiring Kyai Sêmar tuwin Petruk. Nala Garèng kentir ing narmada sêsambat mêlasarsa, dumugi ngarsanipun Dèwi Wara Sumbadra cinadhangan ginèrèt minggir, Dèwi Wara Sumbadra waspada, bilih pun Nala Garèng, Nala Garèng botên kèngêtan, dangu-dangu èngêt, sumêrêp botên supe bilih punika bandaranipun, lajêng kadhawuhan santun busana pangagêmanipun Sang Prabu Pandhu Brêgola, sarta kadhawuhan angêkahi angakên garwa dhatêng Dèwi Wara Sumbadra. Nala Garèng purun mancala warni mangangge kawacaning nata. Kasaru Prabu Pandhu Brêgola rawuh, Dèwi Wara Sumbadra dinangu kawacanira, botên amangsuli. Nala Garèng pitakèn sintên namanipun dene cêlak Dèwi Wara Sumbadra, sarta botên angsal cêlak, awit Dèwi Wara Sumbadra punika garwanipun, Nala Garèng ngakên-akên nama Prabu Pandhu Brêgola. Sri Pandhu Brêgola botên suka, dados prang, Sri Pandhu Brêgola kasoran lajêng têluk kanthi ngaturakên nagarinipun, tuwin Dèwi Wara Sumbadra. Sang pindha nata suka, lajêng têtêp nama Prabu Pandhu Brêgola, dene Sri Pandhu Brêgola santun nama Patih Sêktiwijaya, lajêng Sri Pandhu Brêgola tindak ing praja Paranggumiwang, sang patih tan kantun.

--- 15 : 6 ---

10. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Baladewa, miyos lênggah ing pandhapi agêng, ingadhêp Patih Pragota, Patih Prabawa. Ginêm, Sang Prabu Baladewa miyarsa warta, bilih praja Ngamarta kancikan mêngsah saking praja Paranggumiwang, sang nata lajêng dhawuh mring Patih Pragota tuwin Patih Prabawa, sami dhinawuhan andhèrèk dhatêng ing Ngamarta, sasampuning siyaga, sang prabu lajêng bidhal sawadyanira.

11. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa anuju miyos ing pandhapi agung, ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Sadewa, rawuhipun ingkang raka nata ing Dwarawati Prabu Krêsna, tuwin Radèn Nakula, katungka rawuhipun nata ing Mandura Prabu Baladewa, lajêng sami lênggah satata. Ginêm, angrêmbag pangêpunging mêngsah, dèrèng dangu imbal wacana, kasaru dhatêngipun Dèwi Srikandhi atawan-tawan tangis, dinangu matur bab lêlampahanipun ing praja Madukara katur sadaya. Dangu dènnya sami kawêkèn ing galih, wasana golonging rêmbag arsa tindak sajawining kitha nêdya pacak baris, angintên kang andhustha Dèwi Wara Sumbadra inggih pakartining mêngsah saking Paranggumiwang ingkang karsa ngrabasèng kitha punika. Para nata sami samapta lajêng bidhal dhatêng jawining kitha, lampahipun kapapag Radèn Janaka, lajêng dhinawuhan andhèrèk mapag mêngsah pisan.

12. Madêg ing nagari Paranggumiwang, Prabu Pandhu Brêgola, miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp Patih Sêktiwijaya, tuwin para punggawa. Ginêm, sang nata dhawuh mêpak wadyabala, sarta patih paring priksa mring sagunging para wadya jumênêngipun sang prabu. Kasaru dhatêngipun Kyai Togog tuwin Sarahita, atur uninga tiwasing margi, para wadya ingkang kautus ngêpung praja Ngamarta wontên ing margi sami pêjah dening satriya ing tanah Jawi Radèn Janaka. Botên dangu para wadyabala kang dhinawuhan siyaga sampun samapta, lajêng dhinawuhan andhèrèk ngrabasèng prang dhatêng praja Ngamarta. Sang nata lajêng bidhal anglurug dhatêng Ngamarta sawadyabalanira.

13. Madêg ing pabarisan praja Ngamarta, Prabu Krêsna, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Janaka sawêg nata gêlaring prang. Sowanipun Patih Tambakganggêng, atur priksa dhatênging mêngsah, lajêng sami mêdal ing jawi, Radèn Janaka mangsah ing rana, tandhing prang lan Prabu Pandhu Brêgola, Radèn Janaka jinêmparing katut dhawah têbih, kantaka. Radèn Arya Wrêkodara mangsah, jinêmparing dening Prabu Pandhu Brêgola kenging, Radèn Arya Wrêkodara kontal. Radèn Arya Gathutkaca ugi kasor. Saking kawêkènira Sri Krêsna, Petruk tinantun, matur mopo, dangu-dangu matur purun, lajêng mangsah ing rana, prang rame kalihan Prabu Pandhu Brêgola, wusana prangipun gêlut, makuthanipun Prabu Pandhu Brêgola rêntah, babar Nala Garèng [Ga...]

--- 15 : 7 ---

[...rèng,] lajêng binêkta mangarsa, katur Sri Krêsna. Nala Garèng dinangu matur purwa madya wasananipun katur sadaya, Dèwi Wara Sumbadra lajêng pinêthuk manjing kadhaton. Patih Sêktiwiyaja tuwin para wadya labuh ing gusti, kakintên seda, Patih Sêktiwijaya cinublês kuku păncanaka pêjah, prang sampak, para wadya ing Paranggumiwang sami pêjah larut tan măngga pulih, sasirnaning mêngsah, Radèn Arya Wrêkodara lajêng wangsul marêk ing raka Prabu Krêsna.

[Grafik]

Radèn Arya Wrêkodara.

14. Madêg Prabu Puntadewa, Prabu Krêsna, Prabu Baladewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Arya Gathutkaca, sami kalêmpakan. Ginêm ungguling yuda, suka sadaya, lajêng sami bojana andrawina, tancêb kayon.

62. Lampahan Bambang Margana.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka nata ing Mandura, Prabu Baladewa, ingkang sumiwi ing ngarsa putra Radèn Sămba, satriya ing kadipatèn, santana Radèn Arya Wrêsniwira, Patih Udawa, pêpak para wadya kang ananggil,[2] ingkang rinêmbag, gêrahira kang rayi Radèn Janaka wontên ing kadhaton Dwarawati, ing măngka garwanira Dèwi Wara Sumbadra botên purun cêlak, mila katêngga para padniwara ing Dwarawati sadaya, sri nata Ing Mandura adrêng arsa tuwi, lajêng luwaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang pramèswari, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma [Sê...]

--- 15 : 8 ---

[...tyaboma,] sami têngga gêrahira kang rayi Radèn Janaka, kondurira Sang Nata Prabu Krêsna tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, lajêng lênggah satata. Kacariyos Radèn Janaka saking sangêt gêrahira, salira botên sagêd ebah tuwin netra mêrêm, botên sagêd ngandika, Prabu Baladewa tansah animbali wantu-wantu, Radèn Janaka tan arsa nauri, nanging katingal mèsêm, Sri Nata Mandura duka, ngantos kawijil wacananira anguman-uman: He, Janaka, sanadyan sira nandhang roga, nganti mèh prapta pralaya, katêkan Baladewa bisa tangi, apa manèh ingsun timbali, masthi bisa sumaur, têka para mung mèsêm, Baladewa apa katon gêlungan malang-malang. Radèn Janaka lajêng musna tan wontên kang uninga, Sri Baladewa sangsaya dukanira, lajêng pamitan dhumatêng ingkang rayi sri nata ing Dwarawati, sarta datan nêdya kondur mring praja, lamun datan ambêkta kuwandanira Radèn Janaka, lajêng bibaran.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, Patih Pragota. Rêmbag: Prabu Baladewa arsa ngupaya Radèn Janaka, Patih Pragota angundhangi wadya Mandura pinrih siyaga dêdamêl, Radèn Sămba ugi dhawuh dhumatêng Patih Udawa angundhangi wadya ing Dwarawati siyaga dêdamêl, nguntapakên tindakira Sri Nata Mandura dumugi sajawining kitha, sasampuning samapta lajêng bidhal, kapalan, Prabu Baladewa nitih dwipăngga kyai puspadênta, lampahira sarêng dumugi watês kitha, para wadya Dwarawati kalilan wangsul, Prabu Baladewa lajêng lampahipun sawadya Mandura sadaya.

4. Madêg samadyaning wana, Radèn Janaka, lênggah pitêkur kalihan parêpat têtiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami dhatêng nangisi bandaranipun, dene saking Madukara mirêng wartosipun lajêng ngupadosi, ing wasana pinanggih. Botên dangu kasaru para wadya ing Mandura sumêrêp sami alok, Patih Pragota dhatêng ing ngarsanira Radèn Janaka, ingaturan kondur botên karsa, pasulayaning rêmbag, dados prang, Patih Pragota tinêmpiling kaprawasa, Patih Prabawa majêng, prang kasor, Prabu Baladewa majêng, Radèn Janaka pinupuh ing alugora, sarêng kraos sakit lajêng ical tan kantênan purugipun. Parêpat tiga lumajêng sapurug-purug, Sri Nata Mandura sangsaya duka.

5. Madêg ing nagari Guwabarang, Yaksendra Prabu Kalayodhana, anuju miyos siniwèng wadya rêksasa, ingkang mungging ngarsa êmban yaksi nama Kaladini. Ingkang rinêmbag: kang putra ing kadipatèn awarni janma nama Radèn Surèngrana, pamit ing rama kesah sampun antawis dangu, nêdya mangendrajala dhatêng ing Dwarawati, nêdya mêndhêt Dèwi Wara Sumbadra. Sang nata dahat sumêlanging driya, nimbali punggawa ditya nama Kalabaradha, dinuta angangin-angin pawarta mring Dwarawati, sampuning titi bidhal.

--- 15 : 9 ---

6. Madêg ing paseban jawi, para rota danawa, Kalabaradha, Kalaprakêmba, Kalawarayang, Kyai Togog, Sarawita. Rêmbag dènira dinuta sang nata. Sasampuning siyaga bidhalan, Kyai Togog, Sarawita ingkang dados panganjuring lampah.

[Grafik]

Bambang Margana.

7. Madêg ing pratapan arga Kilapa, Bagawan Rêsi Udhara, dèn adhêp ingkang putra Bambang Margana, winulang saliring kasantikan miwah jaya kawijayan. Sasampuning lêbda, kang putra pinurih suwita maring praja, ing pundi sinêdyèng karsa, aturing putra sandika, nyuwun arsa suwita dhatêng ing Dwarawati, tuwin nyuwun kanthi. Ing ngriku dèrèng dangu dènira imbal wacana, kaparêng karêntêging cipta, kasaru dhatêngipun Kiyai Lurah Sêmar saanakipun, sasampuning binagèkakên, dinangu sêdya miwah pinangkanira, umatur lamun tiyang Madukara, kesah ngupaya bandaranira, rèhning tita datan pinanggih, nêdya ngupados pangengeran. Tinantun sang bagawan pinurih ngèngèr Bambang Margana: purun. Lajêng sinung bojana, sasampunira pinurih andhèrèk Bambang Margana dhatêng praja Dwarawati, lajêng sami bidhalan, lampahira ngambah wanawasa turut tirahing wukir, nalasak wana tarataban. Sarêng dumugi samadyaning wana, kapapag baris danawa saking ing Guwabarang, Bambang Margana pinurih nêdahna marga, tan purun, sulayaning rêmbag, dadya prang, (prang sêkar), danawa kasor, ingkang agêng sami pêjah, ingkang alit sami lumajêng ngungsi gêsang, amung Kyai Togog tuwin Sarawita ingkang wangsul mantuk, Bambang Margana dalah rêpatira têtiga lajêng lampahipun.

8. Madêg samadyaning wana talatah Pringgadani, Radèn Arya Wrêkodara, ngadêg datan ngandika sarwi gêrêng-gêrêng kadi tugu tinêmpuh ing maruta, ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca sampun dangu ngupadosi ingkang rama pinanggih wontên ngriku, lajêng anêmbah pada sarwi karuna. Ingkang umiring satriya Prabu Gathutkaca para ingkang paman, Arya Kalabrajadênta, Arya Kalabrajamusthi sami tumut karuna. Radèn Arya Gathutkaca matur wantu-wantu maring kang rama botên winangsulan, amung gêrêng-gêrêng, saking putêking driya. Kasaru praptanira kang rayi satriya Madukara, dhatêng rinangkul kang raka sarwi ngandika: Adhiku, adhiku, jêlamprong [jê...]

--- 15 : 10 ---

[...lamprong,] katêmu kene. Lajêng dinangu matur purwa madya wasananira, lamun wontên ing Dwarawati siniya tan pinanggih garwa, Radèn Janaka lajêng angajak mantuk dhatêng Ngamarta maring kang raka, sinagahan arsa pinanggihakên ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Arya Gathutkaca, winêling, lamun ingkang uwa Sri Baladewa dhatêng kaaturana sêsêgah, Radèn Arya Wrêkodara pangkat tuwin kang rayi satriya ing Madukara. Radèn Arya Gathutkaca lêlênggahan kalihan para pamanira, katungka praptanira Prabu Baladewa, sasampuning lênggahan, andangu Radèn Janaka, Radèn Arya Gathutkaca matur botên uninga, pasulayaning rêmbag, Radèn Arya Gathutkaca pinala, lajêng pinarbut para ditya Pringgadani, Prabu Baladewa kantaka tan èngêt gumuling bantala, lajêng tinilar, Patih Pragota nangisi.

9. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, nuju miyos anèng pandhapi agung, ingkang mungging ngarsa rayi Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa. Ingkang rinêmbag: sang prabu angarsa-arsa ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, dinuta ngupaya ingkang rayi Radèn Dananjaya, sampun watawis dangu murca saking praja. Dèrèng watawis dangu praptanira Radèn Arya Wrêkodara tuwin ingkang rayi Radèn Janaka, sri nata sakalangkung suka amarwata suta, sasampuning lênggah satata, dinangu matur saliring lêlampahanira, Radèn Dananjaya nyuwun pinanggihna ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Arya Wrêkodara nyuwun pamit umiring sawadyanira ing Dwarawati nuwunakên Wara Sumbadra, Sri Yudhisthira amarêngakên. Kasaru praptanira ingkang putra Radèn Gathutkaca, matur bilih Sri Baladewa kaprawasa wontên madyaning wana. Sasampunira siyaga, Radèn Arya Wrêkodara tuwin ingkang rayi satriya Madukara lajêng pangkat, Radèn Arya Gathutkaca tan kantun.

10. Madêg ingkang kaprawasa ing yuda, Sang Prabu Baladewa, gêrêng-gêrêng kadya sima antuk bayangan, sarira tan kangkat, Patih Pragota nuju kesah ngupados toya, kasaru praptanira Bambang Margana, tuwin parêpatira têtiga, wêlas aningali maring Sri Baladewa, lajêng ingusadanan waluya kadya ing nguni, Sri Baladewa wungu lajêng angrangkul dhatêng Bambang Margana, dinangu matur nama miwah pinangkanira, lajêng kaakên kadang sinudarawèdi, parêpat têtiga nayogyani, Sri Baladewa sagah ngawulakakên dhatêng ing Dwarawati, lajêng pangkat.

11. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna nuju miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Wrêsniwira, ingkang rinêmbag amung karsanira Prabu Baladewa, dènira nglantur ngupaya ingkang rayi Radèn Janaka. Dèrèng watawis dangu imbal wacana, praptanira Prabu Baladewa miwah Bambang Margana dalah parêpatira têtiga, sasampuning lênggah satata, anyariyosakên saliring [salir...]

--- 15 : 11 ---

[...ing] lêlampahanira, Bambang Margana kasuwunakên dhaup kalihan ingkang rayi Dèwi Wara Sumbadra, Sri Krêsna tan suwala, Bambang Margana lajêng kabêkta manjing kadhaton.

12. Madêg Sang Dèwi Wara Sumbadra, tuwin Rêtna Dèwi Wara Srikandhi, lagya onêng ing galih, ngarsa-arsa ingkang raka Radèn Janaka, dene dangu kesahira tanpa warta. Kasaru rawuhira kang raka Sri Baladewa, amasrahakên Bambang Margana nêdya suwita, tinampèn. Sri Baladewa wangsul mêdal ing jawi, Dèwi Wara Sumbadra andangu kawijilanira Bambang Margana, Bambang Margana matur sajarwa, Dèwi Wara Srikandhi lumancang andangu kathah-kathah, Dèwi Wara Sumbadra lajêng manjing ing pagulingan, Dèwi Wara Srikandhi ugi lajêng andhèrèk, Bambang Margana rucat busana babar Radèn Janaka, manjing pagulingan tundhuk kalihan ingkang garwa.

Sigêg ing jawi, Prabu Krêsna, Prabu Baladewa, kasaru praptanira Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Janaka, sasampuning lênggah satata, Radèn Janaka nyuwun pinanggih ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Arya Wrêkodara ugi nyuwunakên Rêtna Dèwi Wara Sumbadra lajêng kaparênga kabêkta mantuk dhatêng Ngamarta, dhawuhira Sri Krêsna, Radèn Janaka kadhawuhan pinanggih ingkang garwa dhatêng pêngkêran, Radèn Janaka lajêng lumêbêt. Sri Baladewa kagyat, dening karsanira kang rayi Prabu Krêsna, angandika andangu karsanipun, Prabu Krêsna anêpak ingkang raka supados kèndêl kemawon.

Sigêg ing kadhaton, Radèn Janaka dhatêng anguwuh ingkang rayi Dèwi Wara Sumbadra, Bambang Margana sêsumbar wontên ing nglêbêt, winangsulan sumbar dening Radèn Janaka, lajêng prang wontên kadhaton, ramening prang, Prabu Krêsna dhatêng amisah, ingkang sami păncakara kadhawuhan mêdal ing jawi andumugèkna prangipun, lajêng sami mêdal, prang rame, Bambang Margana jinêmparing babar satriya Dananjaya mêngsahipun jinêmparing babar Radèn Surèngrana, sarwi sêsumbar, satriya saking Guwabarang nama Surèngrana, lajêng jinêmparing Radèn Janaka, Radèn Surèngrana kabuncang dhawah ing prajanipun, Radèn Janaka wangsul ngadhaton.

13. Madêg ing nagari Guwabarang, Sang Prabu Kalayodhana, miyos siniwi para wadya, ingkang mungging ngarsa êmban yaksi Kaladini, rêmbag ngarsa-arsa ingkang putra Radèn Surèngrana, botên dangu Radèn Surèngrana dhawah saking ing gêgana, tinampèn kang rama, sasampuning lênggah dinangu matur purwa madya wasananira. Prabu Kalayodhana duka lajêng dhawuh dhatêng êmban Sêkèli kinèn mêpak wadyabala, lajêng bidhal anglurug dhatêng ing Dwarawati.

14. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, Prabu Baladewa, Radèn Arya Wrêkodara,

--- 15 : 12 ---

rêmbag siyaga ing wèsthi, kasaru Patih Udawa sowan mangarsa, atur pariksa dhatênging mêngsah saking Guwabarang, sadaya mêdal ing jawi, prang sampak. Prabu Kalayodhana prang lawan Radèn Arya Wrêkodara, Prabu Kalayodhana pêjah cinublês ing kuku păncanaka. Radèn Surèngrana prang lan Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Surèngrana pêjah pinêthot murdanira, para wadya sami bibar sapurug-purug, ingkang sami unggul ing yuda sowan ngarsanira Prabu Krêsna lajêng bojana ăndrawina, tancêb kayon.

63. Lampahan Suksma Andhadhari.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, tuwin Radèn Arya Satyaki, miwah Patih Udawa. Kasaru rawuhira ingkang raka Prabu Baladewa, ginêm: Prabu Baladewa mundhut kang rayi Rêtna Wara Sumbadra. Sri Krêsna matur, bilih kang rayi Rêtna Wara Sumbadra lolos saking pagulingan, tuwin Rêtna Wara Srikandhi dalah Nikèn Rarasati. Kang raka èmêng ing galih, kasaru dhatêngipun caraka saking Giripura, marêk mangarsa, dinangu matur: nama Patih Surèngraras, ingutus gustinira Prabu Suksma Andhadhari, angaturakên nawala, sampun tinampèn binuka, suraos anyuwun jodho, garwa narendra rèhning têtiga, salah satunggal kaparêngna. Sri Baladewa amangsuli: amundhut sasrahan êndhasing patih: kang kaya sira. Patih Surèngraras matur nanggoni, sok kalampahana gusti kula palakrama, suwawi sinuhun mêdala ing jawi. Sri Krêsna ngandika andunungakên dhatêng caraka, caraka andhêku, lajêng tinundhung tuwin sinung pangandika: ratunira purihên prapta priyăngga, miliha sasênêngira. Duta nêmbah umentar, Sri Krêsna kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp Nikèn Sulastri, tuwin para parêkan cèthi. Ginêm: murcanira ingkang rayi Rêtna Wara Sumbadra kalihan Dèwi Srikandhi miwah Nikèn Rarasati, kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa têtiga, kinanthi binêkta lênggah satata, Sri Krêsna imbal wacana mring garwa têtiga, samurcanira ingkang rayi Rêtna Wara Sumbadra tuwin para marunira, kadhatêngan caraka saking Giripura, nyuwun jodho garwanira salah-satunggal. Ingsun purih prapta priyăngga. Ingkang garwa sami sungkawa, sang nata lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, lênggah ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Sămba, tuwin raka Radèn Arya Wisatha, Radèn Arya Satyaka, tuwin Radèn Arya Satyaki, miwah Patih Udawa [U...]

--- 15 : 13 ---

[...dawa,] Patih Pragota, Patih Prabawa. Ginêm: Sri Prabu Baladewa dhawuh kinèn sami nututi duta kang saking Giripura, para putra tuwin para patih sandika, lajêng bidhal. Lampahira duta ing Giripura katututan, dadya prang rame, Prabu Baladewa tuwin putra santana saha patih sami kasor sadaya, caraka oncat, Radèn Arya Wisatha kinèn maring Ngastina.

4. Madêg ing nagari Guwa Seluman, Prabu Pancadyana, miyos ingadhêp Patih Kalaagnyana, miwah para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata ngandika maring Patih Kalaagnyana, bilih ing dalu sang nata supêna, dhaup kalihan Rêtna Wara Sumbadra, putri kadangira Nata Dwarawati, dèrèng kapadhan ing karsa kasêlak wungu, sang prabu gandrung ing karsa tindak maring Dwarawati, anglamar. Patih Kalaagnyana amambêng, atur pamrayogi utusan rumiyin, amratitisakên ing lampah, sang prabu cumondhong ing karsa, lajêng animbali punggawa ditya pinisêpuh, sasampuning mangarsa, ditya têtiga dhinawuhan maring Dwarawati angaturakên nawala panglamar. Punggawa ditya têtiga dhinawuhan maring Dwarawati matur sandika, sampun winêling saliring lampah, lajêng amit linilan, sarta pinaringan kanthi wulucumbu kêkalih, Kyai Wijamantri, Tejamantri, lajêng bidhal.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa Ditya Kalaancakugra, Ditya Kalaprakêmpa, Ditya Kalakulbandhang. Ginêm: dènira ingutus maring Dwarawati, dhawuh siyaga dêdamêl, sasampuning samakta lajêng bidhalan. Mangkana lampahira sarêng dumugi ing wana kapapag baris wadya Giripurna,[3] dadya prang, ditya kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing wukir Rêtawu, Bagawan Abyasa, lênggah ing pamidikan, kasaru dhatêngipun ingkang wayah Radèn Ăngkawijaya, tuwin kang raka Radèn Arya Gathutkaca, sampun mangarsa, sang bagawan andangu, kang wayah matur, bilih sowanipun kautus ingkang uwa Prabu Yudhisthira, anyuwun pitêdah mênggah dunungipun ingkang rama Radèn Arjuna, Sang Bagawan Abyasa lajêng paring wasita dhatêng ingkang wayah Radèn Ăngkawijaya, kinèn maring Dwarawati, kang wayah kêkalih matur sandika, lajêng sami amit linilan, Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên.

Mangkana lampahira Radèn Arya Ăngkawijaya tuwin Radèn Arya Gathutkaca, sarêng dumugi ing wana kapapag baris ditya saking Guwa Seluman, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa pêjah sadaya, Radèn Ăngkawijaya tuwin kang raka Radèn Arya Gathutkaca lajêng lampahira, kairing parêpat tiga.

7. Madêg Radèn Arjuna, agung mati raga, ing ngriku sêsilih Bagawan Endratanaya, ingadhêp ingkang putra Bambang Kumalasêkti, tuwin kang rayi Bambang Nilaprabawa. Bagawan Endratanaya [Endratana...]

--- 15 : 14 ---

[...ya] dhawuh maring putra kêkalih kinèn sami prayitna ngati-ati, kang putra kêkalih matur sandika.

8. Madêg ing nagari Giripura, Prabu Suksma Andhadhari, lênggah ing pandhapi, ingadhêp Patih Kandhamurti, miwah para wadyabala pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata angarsa-arsa caraka ingkang dinuta maring Dwarawati, sampun satêngah căndra datan ana wangsul, kasaru dhatêngipun Patih Surèngraras, dinangu matur saliri[4] rèh dinuta, purwa madya wasana, sampun katur sadaya, sang prabu sukèng driya, lajêng dhawuh dhatêng Patih Kandhamurti, kinèn sami siyaga dêdamêl, sampun samapta lajêng bidhal sawadyabalanira.

[Grafik]

Adipati Karna.

9. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing pandhapi, ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, tuwin Patih Arya Sakuni, miwah para kadang Korawa pêpak anangkil. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Wisatha, dinangu matur, ingutus ingkang rama Prabu Baladewa, paring uninga, bilih ibu Rêtna Wara Sumbadra lolos saking pagulingan, dalah marunira Rêtna Wara Srikandhi tuwin Nikèn Rarasati, Nikèn Sulastri ingkang kantun. Prabu Duryudana lajêng dhawuh maring raka Adipati Karna, dhinawuhan angupaya, sarta pinaringan kanthi para kadang Korawa, têtindhih ingkang paman Arya Sakuni, lajêng bidhal.

10. Madêg ing nagari Guwa Seluman, Prabu Pancadnyana, lênggah ingadhêp Patih Kalaagnyana, tuwin para wadya pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata angarsa-arsa punggawa kang dinuta maring ing Dwarawati. Kasaru dhatêngipun Kiyai Wijamantri, Tejamantri, dinangu matur tiwasing karya, ditya têtiga kang dinuta maring praja Dwarawati pêjah sadaya dening satriya ing tanah Jawi, nama Radèn Ăngkawijaya. Sang nata miyarsa aturing Lurah Wijamantri, saklangkung dukanira, lajêng dhawuh dhatêng Patih Kalaagnyana, kinèn angundhangi para wadya ditya, sang prabu karsa ngrabasèng prang maring praja Dwarawati, Patih Kalaagnyana matur sandika, lajêng dhawuh sami siyaga dêdamêling prang, sampun samêkta, lajêng bidhal sawadyabalanira.

--- 15 : 15 ---

11. Madêg ing nagari Dwarawati, Sri Bathara Krêsna lênggah kalihan ingkang raka Prabu Baladewa, ingadhêp kang putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, tuwin Radèn Arya Sêtyaki. Ginêm kasidaning lampah, kasaru lêbêtipun Patih Udawa, atur uninga, wontên mêngsah andhatêngi saking praja Giripura. Sri Krêsna amasrahakên ingkang raka Sri Baladewa, sagah lajêng mêdal, ginarêbêg para putra santana, miwah Patih Udawa. Dumugi ing jawi sampun ayun-ayunan, Radèn Arya Sêtyaki kasor cinêpêng ing mêngsah, Radèn Arya Satyaka kantaka, Patih Udawa kapracondhang, Patih Pragota, Prabawa: kalindhih, Prabu Baladewa kapupu, Radèn Arya Sămba uninga giris, lajêng matur ingkang rama Prabu Krêsna.

12. Madêg ing sitinggil, Prabu Krêsna, lênggah manggihi ingkang rayi Sri Yudhisthira, tuwin kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, dèrèng ngantos angandika, kasaru dhatêngipun ingkang putra Radèn Arya Sămba, dinangu matur sasolahing paprangan. Sri Krêsna pasrah ari Pandhawa, Prabu Yudhisthira sasmita mring kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, lajêng mêdal ing jawi, sampun ayun-ayunan kalihan mêngsah, pinapag patih jawi, Radèn Arya Wrêkodara jinêmparing rante ngalumpruk. Radèn Arya Sămba kontrang-kantring malih, Sri Krêsna lajêng paring dhawuh mring putra, kinèn ngupaya sraya, kang putra sampun winangsit, lajêng mêsat.

13. Madêg pratapan ing Ngendrapurna, Sang Bagawan Endratanaya, lênggah ing pamidikan, ingadhêp putra Bambang Kumalasêkti, tuwin Bambang Niyaprabawa, kang putra kêkalih dhinawuhan anggêlar babut, awit badhe wontên tamu, kang putra sandika, sampun mirantos. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Sămba, ingaturan pambagya, Radèn Arya Sămba tinanya matur, ingutus kang rama Sri Krêsna, amundhut wilasanipun sang bagawan, sarta sang tapa kaparêng pininta sraya, sang pandhita sagah, Radèn Arya Sămba ingaturan rumiyin, lajêng mêsat. Sang bagawan lajêng ngambara, bambang kalih tuwin Sêmar, Nala Garèng, Petruk, umiring dharat.

14. Madêg ing paprangan, kasaru rawuhira Sang Bagawan Endratanaya, lajêng sêsumbar, Sri Krêsna lajêng ambotohi sang bagawan, sadangunira anggung kontal jinêmparing, sigra ngamuk punggung, tinadhahan Patih Kandhamurti, sang bagawan jinêmparing sampun babar Radèn Arjuna, Sri Krêsna saklangkung suka. Radèn Arjuna tinuju dhawah kantêp, Sri Krêsna saya sru sukaning galih, sarwi ngandika: Kaipe, malêsa, aja pijêr galimpangan bae. Dangu-dangu Sri Krêsna awas ningali, kang rayi pinarpêkan, winangsit, Radèn Arjuna anggarjita, ponang mêngsah lajêng rinasuk rinungrum ingarasan, patih jawi babar [ba...]

--- 15 : 16 ---

[...bar] Nikèn Rarasati, patih jro babar Rèwi[5] Srikandhi. Prabu Suksma Andhadhari babar Rêtna Wara Sumbadra, lajêng binêkta kondur mring kadhaton, sadaya kang kanin sampun ingusadan waluya jati, lajêng samya manjing kadhaton.

15. Madêg ing Dwarawati, Sri Padmanaba, lênggah kalihan ingkang raka Prabu Baladewa, tuwin kang rayi Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, miwah pramèswari nata Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, miwah Rêtna Wara Sumbadra, Nikèn Rarasati, Nikèn Sulastri, Radèn Arjuna nunggil para putri. Lagya eca-eca amangun suka, kasaru lêbêtipun Patih Udawa, atur uninga, wontên mêngsah agêng andhatêngi, yaksendra saking Guwa Siluman, Prabu Kalapancadnyana sawadyabalanira. Sri Krêsna asrah ing raka Prabu Baladewa, sagah, aminta kanthi ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Rarèn[6] Arjuna, miwah putranira Radèn Arya Gathutkaca, lajêng sami mêdal ing jawi. Sarêng dumugi ing jawi têmpuh prang, Prabu Baladewa kalihan Prabu Pancadnyana, Prabu Kalapancadnyana pêjah dening Prabu Baladewa, Patih Kalaagnyana mangsah, pinapag Radèn Arya Wrêkodara, danguning prang, Patih Kalaagnyana kenging cinêpêng lajêng cinublês kuku păncanaka: pêjah, sampak. Para wadya ditya pinapag Radèn Arya Gathutkaca sami pêjah sadaya, sirna gêmpang tan măngga puliha, lajêng sami mundur, umarêk maring pasewakan malih, kalêmpakan, amangun bojana ăndrawina, bibar. Tancêb kayon.

64. Lampahan Sumong.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, siniwi ingkang putra Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Arya Partajumêna, Radèn Arya Sêtyaka, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata anggalih samurcanira para ari Pandhawa, ingkang rayi Radèn Arjuna dalah garwanira Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Ăngkawijaya, tuwin Dèwi Siti Sundari, tinilar ing Madukara, dene ing praja Ngamarta, ingkang madêg nata Raja Tawanggantungan, Prabu Dasakumara, amalih warni Prabu Darmakusuma, Radèn Arya Indrajid, dados Radèn Dananjaya, Arya Kumbakarna awarni Radèn Arya Wrêkodara, sadaya lêlampahan punika Prabu Krêsna sampun uninga sarta angandika dhatêng sagung kang sumewa, ing ngriku sagung kang samya miyarsa angungun sadaya, dene langkung kaelokan. Sri Krêsna sigra dhawuh maring putra santana, patih tuwin para punggawa [pungga...]

--- 15 : 17 ---

[...wa] sadaya, kinèn sami prayitna ing wèsthi, dene Sri Krêsna karsa tindak angupaya, sang nata lajêng ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan, kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa têtiga, kinanthi binêkta lênggah satata, sri nata wêwarta, bilih ari nata Pandhawa sami sirna, kang rayi Radèn Arjuna tuwin Rêtna Wara Sumbadra lolos saking pagulingan, purwa madya wasana kadhawuhakên sadaya, para garwa sadaya sami mirêng dhawuhing sang nata, sami ngungun ing wardaya, satêmah kapiluh sami angrês ing galih. Wasana Sri Krêsna ngandika mring garwa kinèn acawis busana kapandhitan, sang nata arsa tindak maring Ngamarta, ngiras angupaya ingkang musna, para garwa suka jumurung karsa nata, Sri Krêsna lajêng tindak ing pamêlêngan.

[Grafik]

Radèn Arya Wrêsniwira.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Partajumêna, Radèn Arya Satyaka, tuwin Radèn Arya Wrêsniwira, Patih Udawa, miwah para punggawanira. Ginêm: arsa ngurmati tindakira sang nata dhatêng Ngamarta, sampun sami pradandan, miyosira sang nata lajêng tindak margèng gêgana, lajêng têngara ambidhalakên baris anganglang sajawining kitha.

4. Madêg ing nagari Tawanggantungan, Prabu Dasasuwara, lênggah ingadhêp Patih Kaladumrêksa. Ginêm: sang prabu arsa utusan punggawa ditya lumampah maring praja Ngamarta, anjagi karsaning rama, Prabu Dasakumara, kang wontên ing praja Ngamarta, para punggawa ditya kang dinuta sang nata matur sandika, amit linilan bidhal.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya ing Tawanggantungan: Ditya Kalasrênggi, Ditya Kalaprêwita, Ditya Kalabisana. Ginêm: dènira dinuta maring praja Ngamarta, sasampuning siyaga lajêng

--- 15 : 18 ---

bidhal, ingkang dados cucuking lampah Kyai Togog tuwin Sarawita, lampahira sarêng dumugi ing margi kapapag baris wadyabala Dwarawati, pasulayaning rêmbag, dados prang, danawa sami kasêsêr, wasana anyimpang margi.

6. Madêg ing nagari Madukara, sang pindha Radèn Arjuna, lênggah ingadhêp ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, tuwin Dèwi Siti Sundari, Radèn Arjuna dhawuh maring Radèn Ăngkawijaya, kinèn angupaya sêkar sumarsana wilis, kinarya sarana usadaning roga, Radèn Ăngkawijaya sandika, amit maring rama linilan lajêng bidhal, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

7. Madêg samadyaning wana, lampahira Radèn Ăngkawijaya, kapapag baris ditya saking Tawanggantungan, pasulayaning rêmbag, dados prang, danawa sami pêjah jinêmparing, Radèn Ăngkawijaya lajêng lampahira, ingiring parêpatira têtiga.

8. Madêg ing nagari Sulendrapura, Prabu Dewalêngkara, punika ratu wanodya, lênggah ingadhêp Patih Tejalêngkara, tuwin patih jawi nama Darmalênggkara, miwah pandhita minulya anama Bagawan Sumong. Ing ngriku sang bagawan tansah tinari ing nata. Prabu Dewalêngkara animbali Bagawan Sumong, dinangu matur: Anggèr, gusti kula sinuhun, rèh sampun lami suwita amba ing panjênêngan nata, sajatosipun kawula anyênyadhang sih wilasa dhawuh pangandika nata. Prabu Dewalêngkara sampun botên kasamaran dhatêng karsanira Bagawan Sumong, dadya arum wijiling pangandika: O, paman, iya aja sumêlang wardayanira, ing têmbe arjaning lêlakon, sarta wus têka kalamangsane, ingsun ora bakal cidra, kang pasthi anêtêpi. Bagawan Sumong sukèng driya. Sang nata lajêng dhawuh mring Bagawan Sumong: paman, sira sun tuduh anganglanga maring tanah Jawa, iki apa wahananing gara-gara kang mangkene iki, dene karya gêtêring cipta. Bagawan Sumong matur: Punika gara-garanipun satriya ing Madukara karsa nindakakên dur angkara, anyidra rêsmi mring mantunira. Sang prabu gugup ngandika: Paman, sira aja kasuwèn banjur têtulunga, Dèwi Siti Sundari banjur sira gawa marene. Bagawan Sumong sandika, gya mêsat.

9. Madêg ing nagari Madukara, sang pindha Radèn Arjuna, angungrum mantu garwanira Radèn Ăngkawijaya, Rêtna Dèwi Siti Sundari, sang dyah kapitèng tyas lumajêng, lajêng binujung sapurugipun. Sarêng dumugi sajawining Madukara, mèh kacêpêng, Bagawan Sumong trangginas anjambak sang pindha Radèn Arjuna, Sang Dyah Siti Sundari sampun kabêkta mring Bagawan Sumong, têtanya: He, he, sira iku sapa. Sang pindha sumaur: Ingsun Radèn Arjuna. Bagawan Sumong gumujêng latah-latah: dadi Arjuna iku

--- 15 : 19 ---

rusuh kaya tingkahmu mangkono. Lajêng prang, sang pindha Arjuna kalindhih, Bagawan Sumong arsa jinêmparing oncat.

10. Madêg ing Sulendrapura, Prabu Dewalêngkara, ingadhêp patihira kalih tuwin para prajurit èstri, nulya praptanira Bagawan Sumong, ngaturakên Rêtna Siti Sundari, lajêng pinundhut putra dening Sang Prabu Dewalêngkara, pinaringan nama Dyah Sumarsana Wilis. Ing ngriku sang nata lagya eca dènira ngandikan, lajêng gègèring jawi, Radèn Ăngkawijaya rinêbat ing kathah, dening para prajurit kênya, para prajurit samya kasor, sami matur ing nata, ing purwa madya wusana, Prabu Dewalêngkara mèsêm ngandika mring Bagawan Sumong, dhawuh nyêpêng Radèn Ăngkawijaya, Bagawan Sumong sandika, lajêng mêdal ing jawi.

Mangkana kang lênggah soring mandera, Radèn Ăngkawijaya, ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk, kasaru dhatêngipun Sang Bagawan Sumong, Radèn Ăngkawijaya tinantun kaaturakên ing nata, datan karsa, dadya prang, Radèn Ăngkawijaya kenging kacêpêng, lajêng binêkta ingaturakên sang nata, Sêmar sinabdan manis lajêng andhèrèkakên.

[Grafik]

Radèn Ăngkawijaya.

11. Madêg ing pura Sulendrapura, Prabu Dewalêngkara, miyos ingadhêp para punggawa pêpak kang anangkil, kasaru dhatêngipun Bagawan Sumong, angaturakên Radèn Ăngkawijaya tuwin parêpatira têtiga. Radèn Ăngkawijaya lajêng pinundhut putra, pinaringan nama Radèn Dewakusuma, dinangu matur ingutus kang rama Radèn Arjuna, angupaya sêkar sumarsana wilis. Sang nata angandika: Apa sira wus wêruh wujuding sumarsana wilis. Matur dèrèng uninga. Sang prabu ngandika: Ingsun darbe sumarsana wilis, mara sira manjinga ing pura sadhela. Radèn Ăngkawijaya lajêng malêbêt ing pura, panggih kalihan garwa arêrangkulan, sang dyah wêwarta ing purwa madya wusana. Radèn Ăngkawijaya miyarsa kapitèng tyas, lajêng marêk ing nata sakalihan, sang prabu ngandika: He, Radèn Ăngkawijaya, sira sun utus, ramanira kang ana ing Madukara patènana, Bagawan Sumong angêtêrna putraningsun Radèn [Radè...]

--- 15 : 20 ---

[...n] Ăngkawijaya. Bagawan Sumong sandika, mêsat, tuwin Radèn Ăngkawijaya, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

Mangkana lampahira Sri Padmanaba, kapanggih kang putra Radèn Arya Gathutkaca, ginêm: Radèn Arya Gathutkaca dhinawuhan umiring kang uwa Sri Padmanaba, arsa maring praja Ngamarta, sandika lajêng bidhal.

12. Madêg ing pura Ngamarta, Prabu Dasakumara, pindha Sri Yudhisthira, ingadhêp radèn arya kêmbar, Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Trisirah, awarni Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Kasaru rawuhira Prabu Krêsna, pinêthuk sang pindha Prabu Yudhisthira, lajêng ginêm rasan. Sang pindha matur, atur uninga jimat kalimasada murca saking panggenan, kang raka ingaturan angupaya, Sri Krêsna sagah, lajêng bidhal.

13. Madêg ing pratapan Ngimamaya, Bagawan Darmakusuma, ingadhêp kang rayi Puthut Lintang Tranggana, tuwin rayi Puthut Rila, Puthut Lêgawa, ingkang ginunêm amung musnanira Radèn Arjuna, kasaru rawuhira Sri Krêsna, sang bagawan gupuh-gupuh urmat mring Prabu Krêsna, sarwi atur pambagya panakrama, saha pitakèn, Sri Krêsna mangsuli, ingutus kang rayi Prabu Yudhisthira, aminta pituduh sang tapa, wontên pundi dunungira pusaka jimat kalimasada. Puthut Lintang Tranggana sumambung atur, he, he, sira wong irêng kang prapta, yèn sira tanya, tutura ing kadangira, mungguh dunung panggonane jimat kalimasada, iya maksih ana panggonane lawas. Sri Krêsna tanya malih: Panggonane ana ngêndi. Puthut Sêndhu: E, dene panggonane iya dumunung ana pikiranmu. Radèn Arya Gathutkaca murina sumambung atur: Bok inggih kaparênga paring dhawuh ingkang cumêplong. Puthut Sêndhu: Mungguh plonge, bapakamu kang ana Ngamarta patènana, ing kono pasthi katon dhewe. Radèn Arya Gathutkaca sêdya ngayoni mring puthut, ananging tan sagêd ebah, Radèn Arya Gathutkaca tobat, sampun pinaringan pangaksama, sami sanalika mulya, lajêng tinuduh sandika, puthut tuwin sang pandhita anjampangi.

14. Madêg ing Madukara, sang pindha Radèn Arjuna, kang tansah anandhang roga, kasaru dhatêngira Radèn Ăngkawijaya, sampun angliga curiga, tinanya sumaur, ingsun arsa anyirnakake mring kang ambêg duskartaningrat, murka angkara, samêngko sira aja takon dosa. Radèn Ăngkawijaya ginêtak kabur, Bagawan Sumong gumujêng ngandika: E, e, kathik Radèn Janaka nganggo anggêtak kaya buta, apa ngadate kaya mangkono. Radèn Ăngkawijaya matur: Adat inggih botên, mandar sampun kaloka kajana priya, pamyadyaning[7] Pandhawa rêtnaning bumi. Bagawan Sumong gumujêng:

--- 15 : 21 ---

wis radèn, sumingkira, iku sun tandhingane, sira tontona kewala. Radèn Ăngkawijaya sandika, Bagawan Sumong mangsah prang rame, Sang Bagawan Sumong jinêmparing babar Radèn Arjuna, lajêng angasta jêmparing, sang pindha jinêmparing babar Radèn Ar[8] Indrajid, binarat sirna, lajêng kasaru rawuhira Sri Krêsna tuwin Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Arjuna binêkta mring kadhaton Ngamarta, Radèn Gathutkaca kinèn rumiyin.

15. Madêg ing paglaran Ngamarta, kang pindha Radèn Arya Wrêkodara ingadhêp para punggawa, kasaru dhatêngipun Radèn Arya Gathutkaca, dinangu matur, inggih angsal pitakenan, nanging kinèn mêjahi kangjêng rama, sang pindha Radèn Arya Wrêkodara duka, Radèn Arya Gathutkaca dinugang galangsaran, arsa tangi cinandhak sinawatakên mring antariksa, dhawahira Radèn Arya Gathutkaca anibani Puthut Lintang Tranggana, dhawah kajungkelang, babar Radèn Arya Wrêkodara, Sri Krêsna suka aningali, sarwi ngandika: Wis kenthole puthut, ambanjura, aja taha-taha, sarta aja mung ngadu bocah, awit iku mêsakake si bocah, sira tuduh wani ing sudarma. Radèn Arya Wrêkodara bramatya, narajang purun, prang, sang pindha Radèn Arya Wrêkodara babar Ditya Kumbakarna, lajêng ngasta badhama, Radèn Arya Wrêkodara sinawat badhama, Radèn Arya Wrêkodara kontal, dhawahira angênani Sang Bagawan Dêrmakusuma, lajêng babar Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara wangsul prang rame kalihan Arya Kumbakarna, kataman kuku păncanaka oncat.

Mangkana Sri Krêsna, lajêng manggihi rayi Yudhisthira, Sri Krêsna ngandika: Măngga sang bagawan, mugi lajêng kaparênga kapanggih kalihan Prabu Yudhisthira Ngamarta. Kang rayi mèyêm[9] angandika, nanging tan karsa prang, pinêksa-pêksa amopo. Radèn Arya Wrêkodara kang tumagah, sang pindha Prabu Yudhisthira cinandhak lajêng binating, babar Prabu Rawana, ing ngriku sêsumbar, Radèn Arya Wrêkodara kaprêbawa, kasor, Radèn Arjuna mangsah tan kiwul, Sri Krêsna ngacap lumajêng, mêsat mring Kêndhalisada.

16. Madêg ing Kêndhalisada, Sang Bagawan Anoman, nandhang roga rinubung para siswa, manguyu jêjanggan, lagya eca pêpêtêk, kasaru rawuhira Sri Krêsna, sarwi andhawuhakên dêduka, dene rêrêksanira èsthi mêdhot saking wantilan: dadi apa gunanira, thêthiklu amartapa, manthêlêng têka ora aningali, lah dulunên rêrêksanira, kang satêmah karya ru-ara mring Ngamarta, kadangira Pandhawa padha prihatin, samêngko sira pasthi sun gawa. Sajatosipun sang bagawan maksih sangêt nandhang sakit, sarira anrus agra kusika, kapêksa ajrih andhèrèk Sri Krêsna sigra mêsat.

17. Madêg Prabu Dasamuka, ingadhêp para punggawa ditya, wil diyu rêksasa, kasaru rawuhira

--- 15 : 22 ---

Sri Krêsna sêsumbar: He, he, Prabu Dasakumara, mara iki tampanana, sira sun paringi tandhing. Bagawan Anoman dipun dhawahakên saking antariksa, maksih gêrêng-gêrêng, Prabu Dasakumara gora sabda: He, he, si gêrangan, ora enak, têka maksih urip, si bêdhès. Anoman nauri: O, iya, Prabu Dasakumara, tak gawe apa nguripi wong kang kaya sira. Anulya winasuh ingidak-idak.

Ing ngriku Sang Bagawan Kapiwara, dèn ucapakên, sigra mangun tiwikrama mawrêdi, sampun karsanira Sang Hyang Jagad Giriwasesa, Bagawan Anoman mulih sajati nguni-uni, untu pêpak, siyung jêjêg, wulu ngadêg, tungtum bayuning angga, kirig Rama Dayapati, sigra narajang, Prabu Dasakumara rinasuk pinondhong, kabêkta mring prajanira, linêbêtakên maring warăngka malih. Para wadya punggawa ing Tawanggantungan samya ambêk pati ngrabasèng pura Ngamarta, tinadhahan Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, prang sampak. Sasisaning pêjah, binarat dening Sang Arjuna, lajêng kalêmpakan, manjing pura, lajêng mangun boja ăndrawina, tancêb kayon.

65. Lampahan Bambang Manonbawa.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang sumiwi putra Radèn Sămba, Radèn Arya Wrêsniwira, Patih Udawa, tuwin pêpak para wadya ingkang sami nangkil, ingkang rinêmbag sakesahipun ingkang rayi Radèn Arya Dananjaya, ing nagari Dwarawati lajêng kadhatêngan mêngsah saking nagari Tawanggantungan, dhatêngipun caraka anama Arya Meganănda, sampun mangarsa, dinangu matur ingutus Sang Prabu Garudhakumara, ing Tawanggantungan, angaturakên nawala, tinampenan Sri Krêsna, suraos Sang Prabu Garudhakumara nyuwun rayi Nata Dwarawati, nama Dèwi Wara Sumbadra, sêdya ginarwa, Sri Krêsna parêng, amung Prabu Baladewa botên nayogyani, duka dhatêng caraka, Arya Megadănda[10] mundur, Prabu Krêsna dhawuh dhatêng Radèn Sămba, kadhawuhan ngupados saraya. Prabu Baladewa amit baris jawi rangkah, Prabu Krêsna jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, pramèswari nata têtiga, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa, angêntosi kondurira sri nata, ngiras amriksani ajaring bêksa badhaya srimpi, ingadhêp para parêkan. Kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa têtiga, lajêng kêkanthèn asta, binêkta lênggah satata, sang nata imbal wacana dhatêng garwa têtiga, mila dangu anggèning siniwaka, awit katamuan ingkang raka nata ing Mandura,

--- 15 : 23 ---

tuwin caraka saking Tawanggantungan, Yaksendra Prabu Garudhakumara, nyuwun Dèwi Wara Sumbadra, lajêng sami bojana. Sasampuning bojana, sang nata lajêng tindak ing pamujan.

3. Madêg ing pasewakan jawi, Prabu Baladewa, Patih Pragota, Prabawa, Radèn Sămba, Patih Udawa, ginêm ingutus ngupados saraya, Patih Udawa dhawuh pradandan lajêng bidhalan. Sang Prabu Baladewa dhawuh dhatêng Patih Pragota, Prabawa, tuwin para wadya, sami dhinawuhan siyaga badhe pacak baris sajawining rangkah, sampun samêkta, lajêng bidhal kapalan.

4. Sigêg, lampahipun Arya Meganănda, anggènipun kautus tinututan wadya ing Mandura. Sulayaning rêmbag dados prang. Patih Pragota tuwin Patih Prabawa kawon, Prabu Baladewa mangsah prang rame, Arya Meganănda oncat.

5. Madêg ing nagari Tawanggantungan, Prabu Garudhakumara, nuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp para putra, Radèn Arya Trisirah, Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Dewantaka, Radèn Arya Saksadewa, sowanipun Arya Meganănda, dinangu matur saliring rèh dinuta, miwiti amungkasi. Sang nata dhawuh dhatêng Arya Meganănda malih, ingutus anyidra Prabu Boma Nrakasura, sarta pinaringan dhuwung, sasampuning winêling amit pangkat. Sang nata lajêng nimbali punggawa ditya, sampun mangarsa lajêng dhinawuhan anjampangi lampahipun Arya Meganănda dhatêng ing Trajutrêsna, punggawa ditya sandika, lajêng pangkat ingiring Kyai Wijamantri tuwin Sarawita.

6. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya, Kala Kalabangcuring, Ditya Kalapralêbda, Ditya Kalamingkalpa. Ingkang rinêmbag anggènipun ingutus sang nata anjampangi lampahipun Radèn Arya Indrajid, dhatêng ing Trajutrêsna. Sasampuning siyaga lajêng bidhalan.

7. Madêg ing suralaya, kahyangan ing Cakrakêmbang, Sang Hyang Kamajaya, lênggah kalihan ingkang garwa Dèwi Ratih, ingadhêp Radèn Arjuna, matur nyuwun pitêdah murcaning kadang Pandhawa, jinarwan, bilih ing Dwarawati badhe kadhatêngan mêngsah saking ing Tawanggantungan, Radèn Arjuna dhinawuhan atêtulung ingkang raka nata ing Dwarawati, sarta ing têmbe murcanira para kadang Pandhawa badhe pinanggih raharja sadaya, amung Radèn Arya Dananjaya kêdah sowan dhatêng ing Dwarawati têtulung rumiyin. Sang Dananjaya matur sandika, lajêng tinimbalan Sang Dèwi Ratih, sinantunan busana, kadhawuhan santun nama Bambang Manonbawa, punakawan têtiga ugi sami dhinawuhan santun busana, pinaringan nama: Kyai Sêmar: Damarhita, Nala Garèng nama Samahita, Petruk nama Tanuhita, sampun winêling saliring lampah, Radèn Arjuna amit rinilan lajêng pangkat. Lampahipun Bambang Manonbawa dumugi ing margi kapapag Radèn Sămba,

--- 15 : 24 ---

tuwin Patih Udawa. Bambang Manonbawa tinantun pininta sraya sagah, lajêng sami lumampah, dumugi margi kapapag wadya yaksa saking Tawanggantungan, pasulayaning rêmbag, dadya prang, punggawa ditya sami sirna sadaya. Kyai Wijamantri tuwin Sarawita sami mantuk. Radèn Sămba, Patih Udawa, tuwin Bambang Manonbawa, lajêng lampahipun, ingiring parêpatira têtiga.

8. Madêg ing nagari Trajutrisna, Prabu Boma Narakasura, miyos ing pandhapi, ingadhêp para wadya, kasaru praptanipun ingkang paman Radèn Arya Sêtyaki, matur ingutus ingkang rama nata ing Dwarawati Prabu Krêsna, bilih ing Dwarawati badhe kadhatêngan mêngsah saking Tawanggantungan, manawi kaparêng nyuwun bantu, Sang Prabu Boma Narakasura sagah, nanging sumados manawi sampun nunggil karsa kalihan ingkang garwa, benjing dumugi ing Dwarawati, Prabu Boma lajêng ngadhaton. Radèn Arya Sêtyaki mêdal ing jawi ngaso ing pamondhokan.

Ing kadhaton, Dèwi Agnyanawati, ingkang garwa dahat lênggana, rinungrum ing têmbung manuhara maksa tan kongkih, kasaru dhatêngipun Arya Meganănda sampun angliga dhuwung, sumêrêp Prabu Boma sawêg nuju angrêrêpih Dèwi Agnyanawati, Arya Meganănda anyidra anglarihi dhuwung saking wingking, Prabu Boma Narakasura kenging linarihan pêjah, Radèn Arya Meganănda mêdal, salêbêting kadhaton sami alok pandung, Dèwi Agnyanawati angrungkêbi ingkang raka Prabu Boma Narakasura, wungu saking kantaka lajêng apondhongan, ingkang garwa datan suwala. Ing jawi Radèn Arya Sêtyaki mirêng kadhaton alok pandung, Radèn Arya Meganănda lumajêng, Radèn Arya Sêtyaki ambujêng pandung, Radèn Arya Meganănda lumajêng, Radèn Arya Sêtyaki ambujêng pandung,[11] kapapag lajêng prang, Radèn Arya Meganănda oncat, Prabu Boma pinanggih Radèn Arya Sêtyaki sami suka, Radèn Arya Sêtyaki pamit mantuk. Prabu Boma Narakasura nimbali pêksi Wilmana, sampun mangarsa, lajêng tinitihan dhatêng nagari ing Dwarawati anggêgana.

9. Madêg ing nagari Tawanggantungan, Prabu Garudhakumara, pinuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp para putra, Radèn Arya Trisirah, Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Dewantaka, Radèn Arya Narantaka, Radèn Arya Saksadewa. Ing pagêdhongan, para Pandhawa sampun kapikut, amung Arjuna ingkang botên, sarta ginêm: sang nata angarsa-arsa caraka ingkang kautus dhatêng Trajutrisna, kasaru dhatêngipun Radèn Arya Meganănda, dinangu matur sasolahing rèh dinuta, Prabu Boma sampun pêjah, Sang Prabu Garudhakumara lajêng dhawuh dhatêng putra Radèn Arya Trikaya, tuwin Radèn Arya Dewantaka, dhinawuhan andhèrèk dhatêng Dwarawati, para putra matur sandika, Prabu Garudhakumara [Garudha...]

--- 15 : 25 ---

[...kumara] arsa pamitan Panêmbahan Prabu Yudhisthira, lajêng malêbêt ing kadhaton. Ing kadhaton Panêmbahan Prabu Yudhisthira (Puntadewa), pinuju lênggah ing pananggap prabasuyasa, rawuhipun Sang Prabu Garudhakumara lajêng satata, Prabu Garudhakumara matur pamitan arsa tindak ing nagari Dwarawati, Panêmbahan Prabu Yudhisthira amarêngakên lajêng bidhal dhatêng Dwarawati, ingiring putra kêkalih.

[Grafik]

Radèn Arya Trisirah.

10. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, pinuju lênggah ing pandhapi, ingadhêp para wadya, sowanipun ingkang putra Radèn Sămba tuwin Patih Udawa, angaturakên Bambang Manonbawa dalah panakawan têtiga, Darmahita, Samahita, Tanuhita. Sri Krêsna andangu dhatêng Bambang Manonbawa, tinantun punapa purun ingabên prang kalihan Prabu Garudhakumara, bambang matur kadugi ingabên prang kalihan Prabu Garudhakumara, Radèn Sămba dhinawuhan nitipakên Bambang Manonbawa dhatêng kang ibu Dèwi Wara Sumbadra, lajêng ingirid dhatêng kadhatnon. Salêbêting kadhaton, Dèwi Wara Sumbadra tuwin Dèwi Wada[12] Srikandhi nuju lênggah ing pananggap prabasuyasa, sowanipun Radèn Sămba kanthi angirid Bambang Manonbawa, tuwin rencangipun têtiga, Radèn Sămba matur ingutus rama nata, masrahakên Bambang Manonbawa, sampuning pinasrahakên, Radèn Sămba wangsul sumiwi ing rama sang nata. Dèwi Wara Sumbadra tuwin Dèwi Wara Srikandhi pinanggih Bambang Manonbawa, andangu murcaning Sang Parta benjing punapa sagêdipun timbul, aturing Bambang Manonbawa, benjing manawi nagari ing Dwarawati wontên prang agêng, punika Sang Parta timbul. Lajêng sami ngaso, parêpat tiga sami gêgujêngan.

Madêg Sri Krêsna, ngandikan kalihan Patih Udawa, Radèn Sămba, matur bilih Bambang Manonbawa sa[...] pinasrahakên kang ibu Dèwi Wara Sumbadra. Kasaru sowanipun Radèn Arya Sêtyaki, lajêng [...]ta, Radèn Arya Sêtyaki dinangu, matur sasolahing dinuta wus katur sadaya, Prabu Boma [Bo...]

--- 15 : 26 ---

[...ma] Narakasura sagah ambiyantu prang, kasaru rawuhipun Prabu Garudhakumara, tuwin ingiring putranipun kalih: Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Dewantaka, sampun sinambrama lênggah satata. Ginêm: Prabu Garudhakumara ngaturakên cangkriman ingaturan ambatang Sri Krêsna, manawi sagêd ambatang nagari Guwakiskêndha kaaturakên, bilih botên sagêd ambatang, nagari Dwarawati saisinipun pinundhut sang yaksendra, Sri Krêsna lajêng animbali Bambang Manonbawa, sowanipun Bambang Manonbawa lajêng mangarsa nata, ginêm: cangkrimanipun Prabu Garudhakumara: 1. dêmbaga rinancang, 2. êmas êmbanan sami êmas, 3. gora-gora anggêgêtêri, 4. gora-gora ambêbayani, 5. suku tan lumaku, lumaku tan suku, 6. swara tan rupa, rupa tan swara, 7. mara sănja sinanjanan, 8. lèklu. Pambatangipun Bambang Manonbawa: 1. dêmbaga rinancang, têgêsipun makutha, 2. êmas êmbanan sami êmas, têgêsipun sang narendra ngandikan sami narendra, 3. gora-gora anggêgêtêri, têgêsipun galudhug, 4. gora-gora ambêbayani, têgêsipun balêdhèg, 5. suku tan lumaku, lumaku tan suku, têgêsipun gunung, mega, 6. swara tan rupa, rupa tan swara, têgêsipun angin, banyu, 7. mara sănja sinanjanan, têgêsipun ulêr tara lan ulêr turi, 8. lèklu, têgêsipun lèk punika padhang, lu: pêtêng. Bambang sêsumbar, siyang purun dalu botên wigih, Prabu Garudhakumara kawon, awit cangkrimanipun sampun kabatang sadaya, Bambang Manonbawa kaakên sadhèrèk lajêng pinasrahan kadhaton Guwakiskêndha, Prabu Garudhakumapa[13] lajêng bidhal kalihan Bambang Manonbawa dhatêng Guwakiskêndha, ingiring para putra.

11. Madêg ing nagari Guwakiskêndha, Prabu Garudhakumara, tuwin Bambang Manonbawa, Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Dewantaka. Ginêm: Sang Prabu Garudhakumara dhawuh anampi nagari [...][14]

 


Wrêsniwira. (kembali)
anangkil. (kembali)
Giripura. (kembali)
saliring. (kembali)
Dèwi. (kembali)
Radèn. (kembali)
pamadyaning. (kembali)
Arya. (kembali)
mèsêm. (kembali)
10 Meganănda. (kembali)
11 Pada baris ini dobel. (kembali)
12 Wara. (kembali)
13 Garudhakumara. (kembali)
14 Naskah rusak dan halaman selanjutnya hilang. (kembali)