Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443ee ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXII.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 32 : [1] ---

Serie No. 443ee.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXII.

Isi lampahan:

137. Pêjahipun Ăngkawijaya.

138. Pêjahipun Jayadrata.

139. Pêjahipun Burisrawa.

140. Pêjahipun Gathutkaca.

141. Pêjahipun Dursasana

Bale Pustaka - 1932 – Batawi Sèntrêm

--- 32 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 32 : [3] ---

137. Lampahan Pêjahipun Ăngkawijaya.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana miyos ing păncaniti, ing ngarsa ingkang sumiwi: Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni miwah nata ing Măndaraka Prabu Salya, narpati ing Ngawăngga Adipati Karna. Ingkang rinêmbag sapêjahipun Rêsi Bisma, andadosakên pangunguning panggalihipun Prabu Suyudana. Wusana lêjar dening panglipuripun Pandhita Durna, wasana èngêt ing panggalih ngangkatakên senapati têtiga, Prabu Gardhapura, Gardhapati, Prabu Warsaya ingkang tinindhihan dening panata baris, Patih Arya Sakuni, nglurug dhatêng pasanggrahanipun para Pandhawa ing Têgal Kurusetra, awit saking pamrayoginipun Patih Arya Sakuni. Prajurit, Prabu Gardhapura saha Gardhapati, kapurih nantang ngajak pêrang Radèn Arya Wrêkodara dhatêng ing pasisir kidul. Prabu Warsaya kapurih nantang Radèn Janaka, pêrang ing pasisir lèr, manawi sampun kalampahan, ing Ngastina supados nungka prajurit malih anyirnakakên para Pandhawa ingkang taksih kantun têngga ing pasanggrahan. Sadaya para aji sampun sami mrayogèkakên, saking pratikêlipun Patih Arya Sakuni, Patih Arya Sakuni dalah nata tiga amit bidhal ing pasanggrahan Kurusetra, jinurung ing karaharjan. Sapêngkêripun Patih Arya Sakuni dalah nata senapati têtiga, sang nata ing Ngastina andhawuhakên para Korawa têtindhih Narpati Karna, kadhawuhan nêmpuh para putra Pandhawa ingkang kantun ing pasanggrahan, lajêng bidhal, Nata Ngastina kondur ngadhaton.

2. Ing pagêdhongan, Rêtna Banowati, sarawuhipun ingkang raka sang prabu, kaparingan sumêrêp bab anggènipun nagari ing Ngastina sampun angangkatakên wadyabala nglurug dhatêng Têgal Kurusetra, sasampunipun ngandikan, sang prabu manjing ing sanggar pamujan, anyidhikara.

3. Ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni dalah senapati têtiga sapunggawanipun. Ginêm saprêlunipun miwah panataning gêlar, sampun samapta lajêng bibar.

4. Madêg ing pasanggrahan Kurusetra, pêpak, Prabu Darmakusuma, Nata Krêsna, Wrêkodara, Janaka, Nakula, Sadewa. Ingkang karêmbag prêluning cancangan Bratayuda. Kasaru gègèring prajurit dhatênging mêngsah, atur uninga Nata Darmakusuma dhatêng Prabu Krêsna, Nata Dwarawati miji senapati, Radèn Arya Wrêkodara, Janaka, lajêng bidhal. Dumugining paprangan, Arya Wrêkodara katantang prang dhatêng pasisir kidul dening Prabu Gardhapura, Gardhapati. Janaka Katantang prang dening Prabu Warsaya dhatêng ing pasisir lèr, sampun sami bidhal. Sabidhalipun punika wau, katungka dhatêngipun para Korawa sapunggawanipun lajêng [la...]

--- 32 : [4] ---

[Grafik]

Prabu Gardhapura.

[Grafik]

Prabu Gardhapati.

--- 32 : 5 ---

[...jêng] nêmpuh ing pasanggrahan, dados prang para putra Pandhawa lawan Korawa, para putra Pandhawa kawon.

[Grafik]

Radèn Lêsmana Măndrakumara.

[Grafik]

Radèn Ăngkawijaya.

5. Salêbêtipun pasanggrahan, Prabu Darmakusuma, ingkang wontên ing ngarsa Radèn Ăngkawijaya, dalah panakawan têtiga, Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ingkang ginalih bab panantangipun prang prajurit Gardhapura, Gardhapati dhatêng pasisir kidul. Kasaru lêbêtipun para putra, atur uninga yèn pasanggrahan kinêpung ing prajurit. Wusana Radèn Ăngkawijaya pamit ingkang uwa mêdal ing jawi mapagakên mêngsah, kapambêngan mêksa botên kenging, dumugi jawi pinanggih Narpati Karna, Radèn Ăngkawijaya pinalipirma dening Narpati Karna, sampun ngantos mêdali jurit, amargi prajurit saklangkung kathah, Ăngkawijaya mêksa botên kenging. Èngêt Narpati Karna bilih punika ingkang putra kapenakan, saha sampun pirsa bilih badhe katitih ing jurit, Narpati Karna oncat saking paprangan, dadosa seda Radèn Ăngkawijaya sampun ngantos sumêrêp. Sapêngkêripun Narpati Karna, Radèn Ăngkawijaya lajêng soroh amuk. Radèn Kartamarma anglêpasakên jêmparing, tumanduk jajanipun Radèn Ăngkawijaya, tumama ngantos mêdal ususipun kumlawèr sigra kinalungakên ing jăngga, kadi pangantèn kalung sêkar, saha taksih ngamuk punggung, Radèn Kartamarma dhawuh dhatêng para Korawa supados angrocok jêmparing dhatêng Radèn Ăngkawijaya. Radèn Ăngkawijaya kataman jêmparing kathah taksih

--- 32 : 6 ---

gêsang kadi landhak ngamuk punggung. Radèn Lêsmana Măndrakumara mirsa Radèn Ăngkawijaya cinêlakan badhe linajêngakên pêjahipun, malah karumiyinan, Radèn Lêsmana kaprawasa dening wangkinganipun Radèn Ăngkawijaya dados lan pêjahipun. Radèn Jayadrata wuninga sedanipun putra Ngastina, pêpulih ing ayuda, Radèn Ăngkawijaya pinupuh gada, dados lan sedanipun, taksih kurda, kuwandanipun Radèn Ăngkawijaya kailêsakên gajah sirna kuwandanipun. Paprangan lajêng bibar, Sêmar, Garèng, Petruk nusul dhatêng pasisir lèr, atur uninga dhatêng Radèn Janaka sedanipun Radèn Ăngkawijaya. Radèn Gathutkaca wêwarta dhatêng Dèwi Sitisêndari.

[Grafik]

Dipăngga titihanira Prabu Warsaya.

6. Ngadêg Dèwi Sitisêndari, sadhatêngipun Gathutkaca kawartos sedanipun ingkang raka, Dèwi Sitisêndari lajêng bela suduk jiwa.

7. Madêg ing paprangan pasisir kidul, Gardhapura, Gardhapati, kalawan Radèn Arya Wrêkodara, prang rame, Gardhapura, Gardhapati pêjah dening gadanipun Arya Wrêkodara. Sakuni mantuk ing Ngastina, Arya Wrêkodara wangsul ing pasanggrahan.

8. Ing paprangan pasisir lèr, Prabu Warsaya lan Radèn Janaka, prang jêmparing, Prabu Warsaya nitih

--- 32 : 7 ---

dipăngga, Radèn Janaka nitih turăngga kyai sănggarunggi. Prabu Warsaya pêjah, sasampunipun katungka dhatêngipun Sêmar, Garèng, Petruk atur uninga sedanipun ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, Radèn Janaka ngênglêng wangsul dhatêng paprangan Kurusetra, pinanggih kalihan putranipun Radèn Jayadrata nama Radèn Wisamuka, rinangkul dipun arasi, kakintên Radèn Ăngkawijaya, Radèn Wisamuka, kamikêkêlên lajêng pêjah.

[Grafik]

Pandhita Durna.

[Grafik]

Prabu Salya.

9. Nata Dwarawati Prabu Krêsna mriksa sasolah-tingkahipun Radèn Janaka, kadhawuhan kondur masanggrahan, nanging Radèn Janaka tan karsa, matur prasapa, manawi ing dintên punika botên sagêd mêjahi Radèn Jayadrata, Radèn Janaka badhe seda obong, lajêng bibar tancêp kayon.

138. Lampahan Pêjahipun Jayadrata.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingarsa ingkang sumiwi: Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, miwah nata ing Măndaraka Prabu Salya, nata ing Ngawăngga Narpati Karna. Ginêm sasedanipun Radèn Arya Lêsmana, Pandhita Durna atur uninga, sapêjahipun Ăngkawijaya [Ăng...]

--- 32 : 8 ---

[...kawijaya,] Janaka ugi ngênglang, konus pangandikanipun, manawi botên sagêd mêjahi Jayadrata sadintên punika, pêjah obong. Pamrayoginipun Bagawan Sêmpani, ingkang rama Radèn Jayadrata, Radèn Jayadrata kapurih nyingidakên ing gêdhong saha kajagi prajurit, Bagawan Sêmpani amit amêmuja, supados ing paprangan Jayadrata wujud sèwu. Nata ing Ngastina andhawuhakên Patih Arya Sakuni mingid Radèn Jayadrata ing salêbêting gêdhong, saha matah para prajurit ingkang jagi rumêksa.

[Grafik]

Radèn Jayadrata.

[Grafik]

Radèn Janaka.

Têlasing pangandika sang prabu kondur angadhaton.

2. Madêg kadhaton, Dèwi Banowati, sarawuhipun ingkang raka sang prabu: paring uninga mênggah sasedanipun ingkang putra. Sasampunipun sang aprabu manjing sanggar pamujan anyidhikara.

3. Ing jawi Patih Arya Sakuni, andhawuhakên para Korawa miwah para prajurit, saparlunipun pangandikaning nata, rumantos lajêng bidhal.

4. Madêg barisan pacalang ing Kurusetra, jêjagi dhatêngipun mêngsah Ngastina, ing jawi atur uninga

--- 32 : 9 ---

wontên mêngsah bêbarisan, lajêng ambidhalakên para prajurit, uluk-uluk sinauran prajurit Ngastina, dados prang gagal.

5. Ngadêg Janaka, sapunakawan têtiga, Sêmar, Nala Garèng, Petruk, ingkang karêmbag gêgêtunipun sapêjahipun Radèn Ăngkawijaya, kasaru rawuhipun Nata Dwarawati, angandika nutuh mênggah katrucuting pangandikanipun Radèn Janaka. Sasampunipun lajêng paring pamrayogi, Radèn Janaka kapurih ngintip sangandhaping candhela sêsingidanipun Jayadrata, sarta kadhawuhan damêl ardi latu, para prajurit Pandhawa sami angêlokna yèn Radèn Janaka pêjah obong, sang hyang surya kalingan sanjata Cakra, lajêng bidhal.

6. Ing gêdhong pasingidan, Radèn Jayadrata lan Patih Arya Sakuni, mriksa bilih surya sampun surup, sarta dahana sampun akantar-kantar urubipun, miwah mirêng lokipun para prajurit, yèn Janaka pêjah obong, Radèn Jayadrata manglung ing candhela ngungak paprangan badhe ningali, wusana Radèn Janaka ingkang sampun nginte ing candhela mundhi Pasopati, mriksa Radèn Jayadrata manglung sirahipun saking candhela, sigra linêpasan sanjata Pasopati, tigas jangganipun, sirahipun Jayadrata ngamuk para prajurit Pandhawa, sirah linêpasan malih sanjata Sarotama, mamprung mustaka Jayadrata. Mulat Nata Krêsna sigra linancangan dhawahipun mustaka Jayadrata ing pratapan Giri Calamadu.

7. Ing pratapan Giri Calamadu, Bagawan Sêmpani, tansah amêmuja karaharjanipun ingkang putra, dèrèng dangu dhatêngipun Nata Dwarawati, angrêridhu pamujanipun Bagawan Sêmpani, dhatêngipun sirah Jayadrata, Bagawan Sêmpani uninga, Jayadrata kêlajêng pêjah, sang bagawan tumutur angêmasi. Kondur Nata Krêsna ing pasanggrahan.

8. Jêjêr ing Ngastina pêpakan, ngrêmbag sasedanipun Jayadrata, angadêgagên senapati kêkalih, Kartipa, Kartipeya, samêkta bidhal.

9. Jêjêr Pandhawa pêpak, ingkang karêmbag pêjahipun Jayadrata, kasaru prajurit atur uninga dhatêngipun Senapati Ngastina. Pandhawa matah senapati kalih, Radèn Sêtyaki lan Radèn Sanga-sanga, prang tandhing, Radèn Sêtyaki tandhing lan Kartipeya, Kartipeya pêjah. Radèn Sanga-sanga tandhing lan Kartipa, Kartipa pêjah. Lajêng tancêp kayon.

139. Lampahan Pêjahipun Burisrawa.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingarsa ingkang sumiwi Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, nata ing Măndaraka Narpati Salya, nata ing Ngawăngga Narpati Karna [Kar...]

--- 32 : [10] ---

[Grafik]

Radèn Arya Burisrawa.

[Grafik]

Radèn Arya Satyaki

--- 32 : 11 ---

[...na.] Rêmbag: Ingkang kaadêgakên senapati ngalaga, Radèn Burisrawa, sampun kadhawuhan, Radèn Burisrawa pamit mangkat, ambêkta para Korawa sawatawis, têtindhih Patih Arya Sakuni. Sang nata lajêng bibar siniwaka ngadhaton.

2. Ngadêg ing kadhaton, Rêtna Dèwi Banowati, sarawuhipun ingkang raka prabu, paring uninga bab adêging senapati Radèn Burisrawa. Sasampunipun ngandikan, sang prabu manjing sanggar pamujan anyidhikara.

3. Ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, Radèn Burisrawa, rêmbag anata prajurit anggènipun badhe prang. Sasampunipun samêkta lajêng bidhalan.

4. Ngadêg pasanggrahan Têgal Kurusetra, ingkang lênggah Prabu Darmakusuma, Bathara Krêsna, Wrêkodara, Janaka saha Nakula, Sadewa, Sêtyaki, miwah Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ingkang karêmbag bingahipun Radèn Janaka anggèning sampun angsal pêpulih pêjahipun Tumênggung Jayadrata. Kasaru lêbêtipun prajurit atur uninga, sadhatêngipun senapati, Nata Bathara Krêsna miji senapati Radèn Arya Sêtyaki, anamung Arya Wrêkodara mambêng, amargi wujudipun kontit. Radèn Arya Sêtyaki mêksa adrêng anggènipun badhe mêdali senapati, amargi èngêt nalika Pandhawa gubah, sampun prasêtya: benjing Bratayuda sampun liya tandhing lan Arya Burisrawa. Radèn Arya Sêtyaki kapurih mêdal ing jawi, badhe kacobi rumiyin dening Arya Wrêkodara, sarêng sampun mêdal ing jawi, Radèn Sêtyaki kapupuh gada agêmipun Arya Wrêkodara, marambah-rambah, kabêkta saking kiyatipun Arya Sêtyaki kapupuh gada langkung awrat saengga kacêb ing siti, kadênangan Nata Bathara Krêsna lajêng kasapih, Sêtyaki lajêng kaangkatakên dhatêng paprangan, pêpanggihan Arya Burisrawa lajêng prang, Radèn Sêtyaki kawon, kinêmpit dening Burisrawa botên sagêd ebah, mulat Nata Bathara Krêsna, amrêpêki Radèn Janaka, Radèn Janaka kapurih mitulungi Sêtyaki, Radèn Janaka botên kadugi, amargi pangandikanipun Nata Dwarawati prang tandhing punika botên kenging rewang-rinewang, ananging Bathara Krêsna lajêng andangu punapa Radèn Janaka sagêd anjêmparing rema ingkang ngantos sigar. Saking aturipun Radèn Janaka sagêd. Bathara Krêsna lajêng pasang rema, kalêrêsakên baunipun Radèn Burisrawa, rema kajêmparing dening Radèn Janaka sigar, jêmparing têrus tumanduk baunipun Radèn Burisrawa, Radèn Burisrawa larut baunipun, Arya Satyaki anggraita, Burisrawa lajêng kaundha binanting ing siti pêjah kapisanan. Radèn Janaka pirsa andadosakên rênguning panggalih, lajêng kalipur dening Nata Bathara Krêsna, lajêng kondur masanggrahan.

--- 32 : [12] ---

[Grafik]

Prabu Kalasrênggi.

[Grafik]

Bambang Irawan.

--- 32 : 13 ---

5. Madêg ing nagari Ngastina, pêpakan, sadhatêngipun Patih Arya Sakuni, atur uninga sedanipun Radèn Burisrawa. Sadaya ingkang uninga sami gêgêtun saha adus luh. Nata Ngastina ngadêgakên senapati Rêsi Karpa. Sasampunipun kadhawuhakên, sandika, Rêsi Karpa atur pasêmon, nagari Ngastina paribasan jati kêsusuban luyung, trênggiling apimati, bidhung apirowang. Graita Narpati Karna, mêdal ing jawi tanpa pamit. Rêsi Karpa kabidhalakên sapunggawanipun, ing margi kêpapag Narpati Karna, dados aprang, Rêsi Karpa kawon saha lajêng merang, Narpati Karna rinapu dening Prabu Suyudana lilih panggalihipun, kadhawuhan kondur botên purun, malah lajêng bêbarisan. Tancêb kayon.

[Grafik]

Danawa saking Guwabarong.

[Grafik]

Sêmar.

140. Lampahan Pêjahipun Gathutkaca.

1. Jêjêr nagari Ngastina, Prabu Suyudana miyos ing păncaniti, ingkang wontên ing gajêng Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, nata ing Măndaraka. Ingkang rinêmbag anggènipun baris Narpati Karna, dhawuh Patih Arya Sakuni kapurih nusuli prajurit wontên ing paprangan. Têlasing pangandika sang nata ngadhaton.

--- 32 : 14 ---

2. Ing kadhaton ngadêg Rêtna Dèwi Banowati, sarawuhipun ingkang raka sang prabu, paring uninga bab adêging senapati Narpati Karna. Sasampunipun lajêng manjing sanggar pamujan, anyidhikara.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, dhawuh dhatêng para punggawa samêkta kapraboning ajurit, nusul dhatêng paprangan, lajêng bidhal.

4. Madêg ing nagari Guwabarong, Prabu Kalasrênggi, ginêm anggènipun badhe malês ukum dhatêng Radèn Janaka, amargi tiyang sêpuhipun Prabu Jathagimbal, pêjah dening Radèn Janaka, dhawuh nindyamantri samêkta ing ajurit lajêng bidhal. Ing margi pinanggih Korawa, pasulayan dados prang gagal, danawa kawon.

5. Ngadêg pratapan Yaksarata, Bagawan Ulupa, kaadhêp ingkang wayah Bambang Irawan, saha prêpat têtiga, Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Prêlu kautus atur uninga ungguling prang Bratayuda, saha nyuwun idin sagêdipun tumuntên angêjègi nagari Ngastina. Panêmbahan sampun angidèni, Bambang Irawan amit mundur sapunakawanipun têtiga, ing margi pinanggih dênawa saking Guwabarong dados prang, dênawa kawon, Prabu Kalasrênggi sumêrêp Radèn Irawan, nyana Radèn Janaka, sinaut saking dirgantara, jangganipun Radèn Irawan cinakot, trêngginas Bambang Irawan narik curiga, Prabu Kalasrênggi ginoco jajanipun, dados lan pêjahipun, sampyuh, Sêmar, Nala Garèng, Petruk lumajêng.

6. Pasanggrahan Têgal Kurusetra, Prabu Darmakusuma, pêpakan: Nata Bathara Krêsna, Wrêkodara, Janaka. Ginêm manawi Narpati Karna barisan. Kasaru dhatêngipun Sêmar, Nala Garèng, Petruk, atur uninga sedanipun Bambang Irawan sampyuh lan raja danawa, para Pandhawa sakalangkung anggènipun sami ngênglêng, èngêt ing panggalih mupus dhatêng pêpasthèn. Wasana lajêng miji senapati Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Arya Gathutkaca sêmu arawat waspa èngêt pêpasthèning jawata, lajêng pamit pangkat ambidhalakên para prajurit danawa ing Pringgadani, dumugi ing paprangan campuh prang rame, danawa Pringgadani kathah ingkang pêjah, Narpati Karna lan Patih Arya Sakuni ngupadosi Arya Gathutkaca, midhangêt suwantênipun puyugara, ngagêm pusakanipun Radèn Gathutkaca, Radèn Gathutkaca manggèn saluhuring mega malang, prayitna Narpati Karna, lajêng sinuluh sanjata bramastra, katingal Radèn Gathutkaca, sigra linêpasan sanjata Kuntadruwasa, tumama ing pusêripun Radèn Gathutkaca, dhawah angêjlogi rata agêmipun Narpati Karna, Narpati Karna oncat, rata rêmuk dalah sapangiridipun. Radèn Gathutkaca taksih gêsang agêrêng-gêrêng, priksa Radèn Arya Wrêkodara ingkang putra rinungkêban, Nata Krêsna badhe kabelakakên Radèn Gathutkaca, Nata Krêsna kadugi nanging tatunipun kapurih anjajagi kuku

--- 32 : [15] ---

[Grafik]

Danawa saking Guwabarong.

[Grafik]

Petruk.

--- 32 : [16] ---

[Grafik]

Adipati Karna.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

--- 32 : 17 ---

păncanaka, mênggah sapintên lêbêt cêthèkipun. Sarêng kalêbêtakên, adrêngipun Radèn Gathutkaca kaduwa, kuku têrus tumama ing gigir, Radèn Gathutkaca dumugi lan sedanipun. Radèn Arya Wrêkodara dipun lêlipur dening Nata Bathara Krêsna, bab pêjahipun Gathutkaca punika sampun pêpasthèning jawata. Radèn Arya Wrêkodara lajêng merang samadyaning wana nêdya bunuh sarira. Tancêp kayon.

141. Lampahan Pêjahipun Dursasana.

[Grafik]

Patih Arya Sakuni.

[Grafik]

Prabu Suyudana.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, lênggah siniwi, ingkang wontên ing ngarsa Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, nata ing Măndaraka Prabu Salya, Narpati Karna, Radèn Dursasana. Ingkang karêmbag: anggènipun mangun prang Bratayuda, rumaos badhe kapitunan, amargi ingkang putra sampun pêjah. Saking pamrayoginipun nata ing Măndaraka, Radèn Dursasana kaanggea lintu pangeran pati, saha samangke kasingidna salêbêting kadhaton, sampun ngantos mêdal ing paprangan, amargi èngêt ing panggalihipun Prabu Salya, Radèn Dursasana sampun cangcangan rêmbag kalihan Radèn Wrêkodara, nalika Pandhawa gubah, ing prang Bratayuda sampun ngantos liya tandhing. Mupakating rêmbag: Radèn Dursasana lajêng

--- 32 : 18 ---

kadhawuhan manjing ing kadhaton, Patih Arya Sakuni sumêla atur, manawi sapunika Radèn Wrêkodara merang saking pasanggrahan, lumuh prang Bratayuda, amila saking pratikêlipun Patih Arya Sakuni, tumuntên kemawon angêdêgna senapati, nêmpuh Radèn Arya Wrêkodara, têmtu gampil pamrihipun pêjah. Wasana sang prabu lajêng andhawuhakên dhatêng Prabu Bomawikatha lan Wikathaboma. Têlasing pangandika Prabu Boma pamit mêdal ing jawi, Patih Arya Sakuni kadhawuhan anindhihi para Korawa sapunggawanipun anyantosani prang, sang nata lajêng angadhaton.

[Grafik]

Radèn Citraksi.

[Grafik]

Arya Sêtyaki.

2. Madêg ing kadhaton Rêtna Dèwi Banowati, sarawuhira ingkang raka, Rêtna Banowati kadhawuhan rumêksa saha mrayitnani Radèn Arya Dursasana, ingkang siningid salêbêting kadhaton, sampun ngantos mêdal ing jawi. Têlasing pangandika, sang nata manjing sanggar pamujan anyidhikara.

3. Madêg ing jawi, Patih Arya Sakuni, Prabu Bomawikatha, Wikathaboma lan para Korawa sapunggawanipun, mêpak wadyabala saha rêmbag anggènipun badhe nyirnakakên Radèn Wrêkodara, sasampunipun lajêng bidhal.

4. Madêg ing pabarisan, Radèn Nakula, Sadewa, Drusthadyumna, Arya Sêtyaki, lan para [pa...]

--- 32 : 19 ---

[...ra] punggawa, botên dangu dhatêngipun mêngsah, lajêng prang gagal. Barisan Pandhawa kawon, Nakula, Sadewa lajêng ngupadosi ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara.

5. Ngadêg samadyaning wana, Radèn Arya Wrêkodara, kaadhêp prêpat têtiga: Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ingkang kaginêm pangunguning panggalih, sasedanipun Radèn Arya Gathutkaca, amila Radèn Arya Wrêkodara lumuh prang Bratayuda, Sêmar botên amrayogèkakên, malah kapurih ngupadosakên bela sedanipun ingkang putra. Radèn Arya Wrêkodara èngêt ing panggalih nêdya ngupadosakên bêbela, nanging bêbela punika wau botên namung satunggal kemawon, ing paprangan sagêda banjir gêtih sarah kuwănda. Dèrèng dangu dhatêngipun ingkang rayi Radèn Nakula, Sadewa, atur uninga manawi paprangan kêdhatêngan parangmuka badhe nêmpuh ingkang raka, amila Radèn Wrêkodara dipun aturi kondur ing pasanggrahan, Radèn Wrêkodara botên kadugi, kang rayi kapurih mundur piyambak, Radèn Wrêkodara têrus pangkat dhatêng ing paprangan, pinanggih lan Prabu Bomawikatha, Wikathaboma, dados prang langkung rame. Radèn Wrêkodara ing prang dèn but kalih, Bomawikatha, Wikathaboma kacêpêng kalih pisan, lajêng pêjah dening gada, saya riwut Radèn Arya Wrêkodara, ngagêm bindi ngupados pêpêjah. Para Korawa saha punggawa singa kêpapag pêjah dening gada. Ing pêpêrangan pintên-pintên pêpêjah, saengga banjir gêtih. Radèn Kartamarma oncat saking paprangan. Prabu Radeya sumêdya pêpulih para Korawa, sinurung dening tandangipun Arya Wrêkodara, Prabu Radeya kaglundhung ing jurang, wangkingan konus saking răngka, sumarung jajaning Radeya, dados lan sedanipun. Patih Sakuni mlajêng kondur dhatêng Ngastina.

[Grafik]

Radèn Kartamarma.

6. Madêg ing kadhaton Ngastina, Rêtna Dèwi Banowati, kaadhêp Radèn Dursasana. Radèn Dursasana nyuwun pamit mêdal, prêlu ambêbingar manah, linilan sawatawis, lajêng mêdal. Ananging trus dhatêng paprangan, pinanggih Radèn Arya Wrêkodara, tantang-tantangan, lajêng prang rame, prang bujungan, Radèn Arya Dursasana mlumpat ing lèpèn cingcinggoling, tansah ngiwi-iwi dhatêng Arya Wrêkodara,

--- 32 : 20 ---

Sêmar ngaturi pratikêl dhatêng Arya Wrêkodara, supados prang ngunduri, sagêda têbih lan lèpèn cingcinggoling, Arya Wrêkodara mituhu, mundur, Radèn Dursasana majêng malih, sarêng sampun sawatawis têbih, Dursasana binujung kenging jinambak remanipun, sigra pinipit, Radèn Arya Dursasana botên sagêd ebah, sumêbaring warta: sang prabu ing Ngastina, Durna, Patih Arya Sakuni, Nata Măndaraka sami dhatêng nyêlaki Arya Wrêkodara, para Pandhawa, Prabu Darmakusuma, Nata Krêsna, Janaka, Nakula, Sadewa ugi sami dhatêng. Nata Ngastina maripih dhatêng Radèn Wrêkodara, nêdhakakên pangapuntênipun Radèn Dursasana, sampun ngantos dipun pêjahi, nanging Radèn Wrêkodara kèndêl botên sumaur, ngantos Sang Prabu Suyudana pasrah nagari Ngastina, Radèn Wrêkodara kêndho pamipitipun, sumêdya kauculakên.

[Grafik]

Radèn Citraksa.

7. Ing kahyangan gara-gara, Bathara Guru uninga osiking batos Radèn Arya Wrêkodara, lajêng utusan Bathara Narada, andhawuhakên dhatêng Radèn Arya Wrêkodara, sampun ngantos murungakên pêjahipun Arya Dursasana. Bathara Narada tumurun, andhawuhakên pangandikanipun Bathara Guru, Radèn Arya Wrêkodara wungu malih dukanipun, para nata sumêrêp kurdanipun Radèn Arya Wrêkodara, sami bibar, Dursasana sigra pinêjahan, tinuwêk ing păncanaka jajanipun, rah sumêmbur, sigra kinokop dening Arya Wrêkodara, kuwănda pinothèng-pothèng kadamêl undhi. Botên dangu sadhatêngipun Dèwi Kunthi lan Rêtna Wara Drupadi, Dèwi Kunthi mundhut kuliting Dursasana kagêm rasukan, Wara Drupadi mundhut rah kagêm jamas, amargi sampun kalêbêt dados nadar, lajêng dipun caosi saprêlunipun. Lajêng bidhal dhatêng Têgal Kurusetra. Tancêp kayon.

__________