Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443m ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XIV.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

---14 : [1] ---

Serie No. 443m.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pangudinipun Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XIV.

Isi lampahan:

56. Mayanggana.

57. Sindusena.

58. Cèkèl Endralaya.

59. Sidajati (Sidalamong).

60. Danumaya.

Bale Pustaka - 1932 – Batawi Sèntrêm.

---14 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No.600.

---14 : [3] ---

56. Lampahan Mayanggana.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Lêsmana, Dhahyang Durna, Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, miwah para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi, pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata manggalih gêrahira kang rayi Radèn Arya Burisrawa. Saking aturira Dhahyang Durna, prayogi kapasrahna kang raka nata ing Mandura, Sri Duryudana nayogyani, lajêng dhawuh dhatêng kang paman Patih Arya Sakuni tuwin raka Adipati Karna, ingutus maring Mandura, kinèn masrahakên kang rayi Radèn Arya Burisrawa, para kadang Korawa samya kinèn umiring. Kang paman sandika, amit rinilan bidhalan. Sang nata kondur ngadhaton.

[Grafik]

Adipati Karna.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing panangnap[1] prabasuyasa, ingadhêp kang putra Rêtna Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan cèthi, kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa miwah putra, kinanthi binêkta lênggah satata. Sri nata imbal wacana mring garwa, bilih kang paman Arya Sakuni tuwin raka Adipati Karna ingutus dhatêng Mandura amasrahakên kang rayi Radèn Arya Burisrawa, ingkang garwa suka jumurung, sang nata lajêng tindak ing pambojan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin Sang Adipati Karna, miwah sagung para kadang Korawa. Ginêm kasidaning lampah dènira ingutus maring praja Mandura, dhawuh siyaga. Sasampunipun samêkta, lajêng bidhalan.

---14 : 4 ---

4. Madêg ing Guwa Têrusan, Prabu Kalarodra, miyos tinangkil, ingkang mungging ngarsa Patih Ditya Kalabajra, tuwin êmban Ditya Rodrasini. Ginêm: sang nata ing dalu supêna, kapanggih Rêtna Wara Sumbadra, putri kadang Nata Dwarawati. Dèrèng ngantos kapadhan ing karsa, kasêlak wungu, sang nata gandrung asmara, karsa tindak anglamar maring praja Dwarawati, patih tuwin êmban amambêng, prayogi amratitisakên ing lampah rumiyin. Utusan punggawa ditya pinisêpuh. Sang nata nayogyani, lajêng dhawuh mring punggawa ditya têtiga, ingutus kinèn maring Dwarawati ngaturakên nawala panglamar. Punggawa ditya têtiga sandika, amit rinilan kinanthenan wulucumbu kêkalih, Ki Lurah Wijamantri tuwin Tejamantri. Para punggawa sami mêdal ing jawi, sang nata kundur ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa Ditya Kalarewaka, Kalaprakêmpa, Kalaprahara. Ginêm prayogining lampah. Sasampunira samêkta, lajêng bidhalan, Kyai Wijamantri tuwin Tejamantri dadya cucuking lampah. Lampahira wadya ing Ngastina kapapag barising rêksasa saking Guwa Têrusan, pasulayaning rêmbag, dadya prang. Danawa kasêsêr, wasana anyimpang margi.

6. Madêg ing Cakrakêmbang, Sang Hyang Kamajaya, tuwin garwa Dèwi Ratih, samya lênggah, ingadhêp kang rayi Radèn Arjuna. Ginêm: Sang Hyang Kamajaya anggalih Prabu Baladewa dènira anjurungi ardanira kang rayi Radèn Arya Burisrawa. Sang Hyang Kamajaya dhawuh maring rayi Radèn Arjuna, kinèn dadya dhukun, kaparingan nama Bagawan Mayanggana, awit Rêtna Wara Sumbadra roga. Radèn Arjuna kinèn anjujug ing dhukuh Parangjongke, Radèn Arjuna sandika, amit linilan bidhal. Sêmar, Nala Garèng, Petruk andhèrèkakên.

7. Madêg ing madyaning wana, lampahira Radèn Arjuna kapapag baris ditya saking Guwa Têrusan. Pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa jinêmparing pêjah sadaya, Radèn Arjuna lajêng lampahira, ingiring parêpat tiga.

8. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Baladewa, lênggah ingadhêp kang putra Radèn Arya Wisatha, Patih Pragota tuwin Patih Prabawa. Kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, matur ingutus Prabu Duryudana, masrahakên rayi paduka Radèn Arya Burisrawa, sagêdipun kalampahan dhaup kalihan kang rayi Rêtna Wara Sumbadra. Sri Baladewa sagah, lajêng dhawuh mring raka Sang Adipati Karna miwah putra Radèn Arya Wisatha, patih tuwin para kadang Korawa, angarak maring praja Dwarawati. Sampun siyaga, samapta lajêng bidhalan.

9. Madêg ing nagari Guwa Têrusan, Prabu Kalarodra, miyos ingadhêp Patih Kalabajra,

---14 : 5 ---

tuwin para punggawa ditya. Ginêm: sang nata angarsa-arsa lampahira punggawa ditya kang dinuta maring Dwarawati, sampun satêngah căndra datan ana prapta. Botên dangu dhatêngipun Wijamantri tuwin Tejamantri, dinangu matur tiwasing margi, bilih wadya ditya kang dinuta wontên ing margi dipun pêjahi dening satriya tanah Jawi Radèn Arjuna. Sang prabu sarêng miyarsa aturing Kyai Wijamantri saklangkung dukanira, sigra dhawuh mring Patih Kalabajra, kinèn angundhangi wadyabalanira sadaya, sang nata arsa ngrabasèng prang mring Dwarawati. Sasampunira siyaga lajêng bidhal sawadyabalanira.

[Grafik]

Radèn Arya Burisrawa.

10. Madêg ing dhukuh Parangjongke, Sang Bagawan Mayanggana, lênggah ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Kasaru dhatêngipun Rêtna Wara Srikandhi tuwin Nikèn Rarasati, tinanya sajarwa, bilih piyambakipun garwa satriya Madukara Radèn Arjuna, kautus Rêtna Wara Sumbadra ngupados usada, awit Rêtna Wara Sumbadra nandhang roga sariranira sadaya. Sang bagawan sagah ngusadani, lajêng ingutum[2] mring Banoncinawi, bidhal.

11. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ingadhêp kang wayah Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa. Kang wayah Prabu Yudhisthira matur nyuwun pitêdah mênggah dunungipun ingkang rayi Radèn Arjuna, Sang Bagawan Abyasa dhawuh kinèn sami maring praja Dwarawati, Sri Yudhisthira sandika, amit rinilan lajêng bidhal.

12. Madêg ing Banoncinawi, Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra, lênggah ingadhêp Nikèn Sulastri, tuwin para parêkan. Kasaru dhatêngipun kang rayi Rêtna Wara Srikandhi tuwin Nikèn Rarasati, kanthi angirid [angi...]

---14 : 6 ---

[...rid] dhukun. Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra dupi uninga kumêpyur ing wardaya, lajêng sinamun ing netra, sang bagawan sinung sêsêgah, lajêng sinung pisalin, anuwun kampuh limar kêtangi, paningsêt cindhe puspita, sawitan calana gubêg, renda sanyari, lajêng ngaturi usada. Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra waluya jati. Kasaru rawuhira Sri Krêsna, wus satata lênggah. Bagawan dinangu matur, Sri Krêsna malengos, ngandika: Ya wis ta, kariya kene, padha bêcik. Sri Krêsna arsa miyos sineba.

13. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos tinangkil, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Radèn Arya Sêtyaka, tuwin Patih Udawa, para punggawa pêpak kang anangkil. Sri nata sampun uninga, bilih kang rayi ing Banoncinawi animbali dhukun saking Parangjongke nama Bagawan Mayanggana. Datan dangu rawuhira kang raka Prabu Baladewa tuwin Adipati Karna, Patih Ar[3] Sakuni dalah kadang Korawa. Prabu Baladewa dhawuh mring rayi Sri Krêsna, masrahakên kang rayi Radèn Arya Burisrawa, dhinaupna kalihan Rêtna Wara Sumbadra. Sri Krêsna matur mring raka, rèhning pun Rêtna Wara Sumbadra tinilar Arjuna nandhang sakit, sagêdipun waluya ingusadanan dhatêng Bagawan Mayanggana, samangke kula angge pasanggiri, sintên kang sagêd mêjahi Bagawan Mayanggana, dadosa jodhonipu[4] Rêtna Wara Sumbadra, kadhawuhna rumiyin dhatêng para Korawa, awit kakang prabu kadangipun sêpuh Rêtna Wara Sumbadra, mila kadhawuhna, supados sakeca ing lampah. Sri Baladewa lajêng mêdal, Sri Krêsna kondur ngadhaton.

[Grafik]

Radèn Arya Durmagati.

14. Madêg ing Banoncinawi, Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra, lênggah ingadhêp ingkang rayi Rêtna Wara Srikandhi, Nikèn Rarasati tuwin Nikèn Sulastri, miwah Bagawan Mayanggana. Kasaru rawuhira Sri Krêsna, andhawuhakên dhatêng kang pindha pandhita: He, pandhita, ingsun paring uninga, sira apa wani sun adu prang lan para Korawa kang prapta, sarta kakang Prabu Baladewa, awit mundhut Rêtna Wara Sumbadra arsa

---14 : [7] ---

[Grafik]

Radèn Arya Dursasana.

[Grafik]

Radèn Arya Wrêkodara.

---14 : 8 ---

dèn dhaupakên karo Radèn Arya Burisrawa. Bagawan Mayanggana matur sandika, nanging kula botên purun mêdal. Sri Krêsna gumujêng latah. Ya wis, dèn ngati-ati, ingsun arsa miyos tinangkil, andhawuhake aturira. Sri Krêsna tumêdhak miyos tinangkil.

15. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, Adipati Karna, para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa tuwin Radèn Arya Citraksi, kasaru rawuhira Prabu Baladewa, andhawuhakên dhatêng sagung Korawa, Adipati Karna sandika. Sasampunira Prabu Baladewa andhawuhakên, lajêng karsa mring sitibêntar.

16. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Sêtyaka, Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa. Kasaru rawuhira ingkang raka Prabu Baladewa, ngaturakên kasagahaning para Korawa, utawi sariranira inggih kadugi marwasèng pandhita. Sri Krêsna andhawuhakên têngara, panggih kalihan Bagawan Mayanggana, prang, Adipati Karna kasor, Sri Baladewa têtulung prang, Sri Baladewa kasor, lajêng ngasta nênggala, Bagawan Mayanggana jinêmparing babar Radèn Arjuna. Sri Baladewa waspada, api kasor mêdal ing jawi, para Korawa lajêng ambyuk angêbyuki, Radèn Arya Wrêkodara dhatêng saking wukir Rêtawu, winangsit ing raka Sri Krêsna lajêng mêsat ngamuk punggung, para wadya Ngastina sami sar-saran. Radèn Arya Wrêkodara wangsul marêk mring raka Sri Krêsna.

17. Madêg ing Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos manggihi kang raka Sri Baladewa, tuwin rayi Prabu Yudhisthira, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, ingkang mungging ngarsa putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, matur mring raka, bilih para Korawa samya lumajêng sadaya. Botên watawis dangu lêbêtipun mantri tampingan, atur uninga, bilih wontên parangmuka andhatêngi saking praja Guwa Têrusan, Prabu Kularodra[5] sapunggawanira samya soroh amuk. Sri Krêsna sasmita mring rayi Radèn Arya Wrêkodara. Prabu Baladewa tuwin Radèn Arya Wrêkodara sami mêdal ing jawi amapagakên mêngsah. Sarêng dumugi ing jawi sampun panggih kalihan mêngsah, prang tandhing. Prabu Baladewa prang kalihan Prabu Kularodra, gêntos kalindhih, danguning prang, Prabu Kularodra tinampiling pêjah. Patih Kulabajra sarêng sumêrêp gustinira seda, lajêng bramantya mangsah prang, pinapag ing Radèn Arya Wrêkodara, prang rame, danguning prang, Patih Kulabajra kenging cinêpêng cinublês kuku păncanaka pêjah. Sampak. Para wadya ditya sami tumpês sadaya tan măngga puliha. Bibar, tancêb kayon.

---14 : 9 ---

57. Lampahan Sindusena.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Partajumêna, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, pêpak para punggawa kang anangkil. Ginêm: sang nata anggalih gêrahira kang rayi Rêtna Wara Sumbadra, anungsung usada, sang nata sêkêl ing panggalih. Kasaru rawuhira ingkang raka Prabu Baladewa, sasampuning lênggah satata, Sri Baladewa ngandika: ingutus kang rayi Sri Suyudana, kinèn mundhut kang rayi Rêtna Wara Sumbadra, karsanira dhinaupakên lan kang rayi Radèn Arya Burisrawa. Sri Krêsna matur ing raka, rèhning sampun karumiyinan dening pamagang, kadangira Rêsi Anuman, nama Radèn Sindusena, punika kula angge pasanggiri, sintên ingkang bangkit ngasorakên Radèn Sindusena, punika jatukramanipun. Dene dunungipun ing Kêndhalisada, amila darbe atur makatên, awit sampun kalajêng, Prabu Krêsna amaringakên ingkang rayi Rêtna Sumbadra, kasuwun dening Rêsi Anuman, arsa dhinaupakên kalihan Radèn Sindusena. Prabu Baladewa suka sarwi ngandika: Prakara iku wus kacukup pun kakang dhewe. Sri Krêsna gumujêng matur: Punika botên makatên, lêrêsipun ingkang darbe karsa. Sri Baladewa dhawuh mring para Korawa, kinèn mantuk rumiyin, supados matur mring Sri Suyudana, Prabu Baladewa èngêt rumaos kadudonipun. Wasana sagah matur ing rayi Nata Ngastina piyambak. Sri Krêsna suka jumurung. Sri Krêsna jêngkar ngadhaton, Prabu Baladewa tinilar.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Satyaboma, pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan. Ginêm: angajêng-ajêng rawuhira sang nata. Datan dangu kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa têtiga. Mila dangu dènira măncaniti, awit katamuan kang raka Prabu Baladewa, ingutus kang rayi Sri Suyudana, mundhut Rêtna Sumbadra. Sun wangsuli: karumiyinan Rêsi Anuman, kadangira Radèn Sindusena. Bakal sun karya pasanggiri ana ngalun-alun ing Dwarawati, sapa kang bisa ngalahake Radèn Sindusena, iku pasthi jatukrama

---14 : 10 ---

karo Rêtna Sumbadra. Pramèswari sampun winangsit saliring lêlampahan, garwa têtiga sami suka ing wardaya. Sri Krêsna lajêng minggah ing pamêlêngan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, ingadhêp kang putra Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Arya Wisatha, Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Partajumêna, Radèn Arya Satyaki, tuwin Patih Udawa. Ginêm: Prabu Baladewa karsa nulak maring Ngastina, putra Radèn Arya Sămba andhawuhakên maring Patih Udawa kinèn maring Kêndhalisada, andhawuhakên timbalanira sang nata, Puthut Sindusena kinarya pasanggiri, ngiras umiringakên lampahira Prabu Baladewa. Sasampuning siyaga, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Gilingaya, raja ditya Prabu Jajahwrêka, miyos ingadhêp patih Ditya Kalawrêkatha. Ginêm: anjagi karsaning rayi Radèn Sindusena dènira rumêksa garwanira Sang Arjuna, wadyanira têlukan saking sabrang kinarya tawur gêlaring jurit, wusana sri yaksendra karsa utusan amiji punggawa ditya têtiga, kinèn anjagi karsanira Radèn Sindusena, mring praja Dwarawati. Punggawa ditya têtiga lajêng linilan. Sang nata lajêng ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa rota dênawa, ingkang sami dinuta, rêmbag prayogining lampah, sasampunira siyaga lajêng bidhal, kanthi Lurah Wijamantri, tuwin Tejamantri. Lampahira dumugi margi, kapapag para wadya ing Mandura, pasulayaning rêmbag, dadya prang, wasana sami sêsimpangan margi.

6. Madêg ing pratapan Ngargadumilah, Bagawan Darmasuyasa, ingadhêp kang rayi Bambang Partakusuma, tuwin Bambang Dewasuyasa, Bambang Yasasadewa. Sang Bagawan Darmasuyasa ngandika maring kang rayi Bambang Partakusuma: Adhi, ingsun miyarsa warta, ing Dwarawati ana sayêmbara pêrang, bok iya adhi payo padha nonton, sira andhinginana laku, ingsun lumaku lan arinira kalih. Bambang Partakusuma sandika, amit rinilan lajêng pangkat, kadhèrèkakên Sêmar, Nala Gareng, Petruk.

7. Lampahira Bambang Partakusuma, dumugi madyaning wana, kêpapag barisan ditya saking Gilingaya, dadya prang, danawa jinêmparing pêjah sadaya. Bambang Partakusuma lajêng lampahira, ingiring parêpat tiga.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing pandhapi, ingadhêp kang putra Radèn Arya Lêsmana, tuwin Radèn Arya Burisrawa, Adipati Karna, Rêsi Durna, tuwin Patih Arya Sakuni. Ginêm: sang nata angarsa-arsa ingkang raka Prabu Baladewa, dènira tindak maring Dwarawati. Datan dangu rawuhira Sri Baladewa, sampun lênggah satata. Prabu Baladewa ngandika. Saking dhawuhira kang rayi

---14 : 11 ---

Sri Padmanaba ing purwa madya wasana. Prabu Duryudana suka miyarsa, lajêng dhawuh mring raka Sang Adipati Karna, tuwin sagung para ari Korawa, ingabên aprang sami sagah. Kang kinarya manggala Prabu Baladewa, miwah Sang Adipati Karna. Lajêng sami siyaga, sasampunipun samêkta, lajêng bidhal.

9. Madêg ing Kêndhalisada, Sang Bagawan Kapiwara, lênggah tuwin ari Bambang Sindusena. Ginêm: dènira angêbun-êbun enjing maring Dwarawati, sampun katampèn. Bambang Sindusena sakalangkung sukaning panggalih, anulya praptanira Patih Udawa, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, andhawuhakên timbalan nata, purwa madya wasana, kaandhar sadaya. Sang Bagawan Kapiwara suka gumujêng latah-latah, umatur: Inggih anggèr, kula sandika, punapa sadhawuhira gusti kula sinuhun ing Dwarawati, kula katimbalan sarêng: sandika. Samana pradandan, umiring duta narendra, lajêng sami bidhal.

[Grafik]

Radèn Jayadrata.

10. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos siniwi, ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, miwah Radèn Arya Partajumêna. Ginêm: sang nata angarsa-arsa lampahira Patih Udawa, tuwin Radèn Wrêsniwira. Datan dangu dhatêngira Patih Udawa, tuwin Radèn Arya Satyaki, angirid Sang Kapiwara tuwin Bambang Sindusena. Sri Krêsna nambrama, sang kêkalih nuhun, Sri Krêsna gumujêng ngandika: Bambang Sindusena, sira sun karya pasanggiri apa kaduga. Aturira Bambang Sindusena sandika. Lajêng pinrênah ing alun-alun mawi kêkênthêng, tinandhing prang, pundi kang mêdal saking kênthêng kawon. Sampun kaundhangakên waradin. Sri Krêsna lajêng dhawuh dhatêng Arya Sămba, kinèn andhawuhakên maring pasanggrahan ing Ngastina, kinèn angajêngakên sawung. Radèn Arya Sămba sandika, lajêng andhawuhakên, para Korawa majêng gêntos-gêntos. Ingkang majêng rumiyin Radèn Arya Kartamarma, kasor. Radèn Arya Dursasana, lumajêng. Radèn Arya Jayadrata, kantaka. Adipati Karna, kantaka [ka...]

---14 : 12 ---

[...ntaka] tan emut. Prabu Baladewa prang rame, nanging Prabu Baladewa kontal mêdal saking kênthêng, sruning dahat amerang ing driya, bramantya ngasta nanggala. Sang Bagawan Kapiwara gupuh angrangkul Prabu Baladewa, ingrapu tan kenging, dadya drêg-udrêgan. Dangu-dangu kauningan Sri Krêsna, gupuh-gupuh angrapu kang raka, binêkta mring pasewakan.

11. Madêg ing nagari Gilingaya, Prabu Jajahwrêka, miyos ingadhêp para punggawa ditya têlukan, narendranira kinarya Patih Kalawrêkatha. Ginêm: angajêng-ajêng lampahing duta kang maring ing Dwarawati, tan dangu dhatêngipun Ki Lurah Wijamantri, tuwin Tejamantri. Dinangu matur katiwasan ing margi, punggawa ditya kang dinuta pêjah dening Bambang Partakusuma. Prabu Jajahwrêka api duka, sigra andhawuhakên mring Patih Kalawrêkatha, kinèn sumusul maring Dwarawati, angirida wadyabalanira, rumêksa Bambang Sindusena. Kya patih sandika, lajêng ngirid wadyabalanira, sakapraboning prang bidhal saking Gilingaya.

12. Madêg ing Banoncinawi, Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra, ingadhêp Nikèn Rarasati. Ingkang rinêmbag ramening prang ing jawi, Bambang Sindusena unggul ing jurit. Rêtna Wara Sumbadra sampun angsal wangsiting jawata, kinèn ngupaya minta sraya, Bambang saking gunung, pratapan Ngargadumilah, ing ngriku benjang babaripun Sang Arjuna. Nikèn Rarasati lajêng ingutus angupaya, kinanthenan êmban satunggal, lajêng mangkat mêdal ing pungkuran.

13. Madêg ing Wringinkêmbar pasêngkêran, Bambang Partakusuma, ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sêdya arsa ningali sayêmbara prang, mring alun-alun ing Dwarawati. Sawêg eca dènira lênggah, kasaru dhatêngipun Nikèn Rarasati, dinangu matur têtanya, Bambang walèh rare saking pratapan Ngargadumilah, nama Bambang Partakusuma. Pitakèn kang dadya karsanira amanggihi, Nikèn Rarasati matur prasaja: Radèn kula ingutus gusti kula sang dèwi, kusumaning ayu Rêtna Wara Sumbadra, aminta sraya, ijêngandika punapa sagah, kaabên prang kalihan Bambang Sindusena. Bambang Partakusuma sagah, nanging nyuwun panggih piyambak dhatêng kang minta sraya. Nikèn Rarasati sagah, Bambang Partakusuma binêkta ingaturakên. Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên.

14. Madêg ing Banoncinawi, Sang Dyah Rêtna Wara Sumbadra, lênggah ingadhêp Nikèn Sulastri, tuwin para parêkan. Kasaru dhatêngipun Nikèn Rarasati, tuwin êmban, angirid Bambang Partakusuma. Rêtna Wara Sumbadra dupi ningali mring sang prapta kagyat kumêpyur ing galih, jroning wardaya wus tan samar, punika ingkang raka Radèn Arjuna, nanging mêlèhakên ajrih, dadya anglantur karsaning laki. Sang dyah nambrama pambagya [pa...]

---14 : 13 ---

[...mbagya,] Bambang matur nuhun. Sang dyah ngandika: Paman, marma sira sun timbali, ingsun aminta tulung ing sira, rèh gustinira Sang Arjuna musna, ingsun iki kinarya pasanggiri, manawa sira bangkit ngasorake Bambang Sindusena, ingsun asrah jiwa raga ing sira. Bambang Partakusuma osik ing galih: biyung kulup iku têka wus ora kasamaran saparipolah ingsun. Nanging Sang Arjuna mêksa dèrèng walèh, sarwi matur: O, inggih gusti, sagah dèrèng kantênan, nanging yèn selak botên, amung kula nyuwun pangangge, kampuh limar, paningsêt cindhe puspita, angampil pusaka Pulanggêni, sasanjata Pasopati. Sang Rêtna Wara Sumbadra suka nuruti, Bambang kinèn rêrêpa rumiyin. Nikèn Rarasati kinèn angrukti punapa sakarsanira. Sang dyah lajêng minggah samadi êning.

[Grafik]

Rêtna Wara Sumbadra.

15. Madêg ing pasewakan, Sri Krêsna tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, tansah dènnya nungku samadi, ing mangke Sri Krêsna lênggah tinangkil, ingayap kang wadyabala pêpak. Sri Krêsna matur ing raka, mirêng warta Wara Sumbadra antuk paminta sraya, Sri Krêsna amit ring raka arsa manggihi, sigra jêngkar.

16. Madêg ing Banoncinawi, Sang Rêtna Wara Sumbadra, ingadhêp Nikèn Rarasati tuwin Nikèn Sulastri, miwah Bambang Partakusuma. Kasaru gêtêring pawongan, Sri Krêsna karsa rawuh, Bambang siningkirakên, lajêng rawuhira Sri Krêsna, Rêtna Wara Sumbadra mêthuk ing raka, lajêng kinanthi binêkta lênggah, Sri Krêsna gumujêng latah, ngandika: He, he, ariningsun Sumbadra, samêngko sarira sun tingali rada sêgêr, ujwalanira sumringah. O, iya sukur ing jawata yayi. Dene praptaningsun ing kene yayi, ingsun miyarsa warta, sira antuk sraya cantrik ing gunung, apa nyata. Rêtna Wara Sumbadra matur inggih saèstu. Sri Krêsna ngandika: Samêngko ana ngêndi, ingsun arsa uninga. Rêtna Wara Sumbadra sasmita mring Nikèn Rarasati. Sang mindha wasi ingirid, dupi prapta ing byantara, Sri Krêsna kagyat malengos, nulya arum mijiling wacana: He, cantrik gunung, apa nyata sira wani ingadu prang lan Bambang Sindusena. Aturira Bambang Partakusuma: Nun inggih, sagah dèrèng kinantên, amung tamtu kêdah anglampahi punapa sadhawuh, sakit dhatênging pêjah botên badhe mingkara. Sri Krêsna gumujêng suka: payo cantrik, sira sun gawa, sun adu prang. Lajêng binêkta.

17. Mangkana ing pasewakan, dupi Sri Krêsna rawuh ambêkta satriya bagus lir Radèn Arjuna, prasamya

---14 : 14 ---

kamitênggêngên aningali, praptèng jawi sigra manjing jro kênthêng. Sang Anoman miwah Bambang Sindusena, sarêng ningali dhatêng kang prapta, sakalangkung sukaning panggalih, sigra pinêthuk prang rame, dangu-dangu sang kalihira kang ajurit samya babar warna, Bambang Sindusena babar Radèn Arya Bima, Bambang Partakusuma babar Radèn Arjuna, Sri Krêsna tuwin raka Prabu Baladewa suka ing galih. Sang Bagawan Darmakusuma, tuwin ari kêkalih dupi arsa manjing pabarisan, anulya cinakra dening Sri Krêsna, sampun babar Sri Yudhisthira, sarêng tundhuk gapyak[6] rêrangkulan. Anulya ngrangkul Radèn Arya Bima, Radèn Arjuna, lajêng binêkta lênggah mring sitinggil. Radèn Arjuna lajêng mring pura, ing ngriku lajêng sami amangun suka. Kasaru gègèring jawi, dhatêngipun parangmuka saking Gilingaya, Patih Ditya Kalawrêkatha, dupi uninga Bambang Sindusena sirna, ambyuk sakancanira ambêk pati, tan mawi titi pariksa, tinadhahan Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, prang sampak. Patih sapunggawanira tumpês tapis, tan ana kari, kang unggul ing yuda lajêng mangarsa.

Ing pura Dwarawati, Prabu Krêsna tuwin raka Prabu Baladewa, Sri Yudhisthira, pêpak para kadang Pandhawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, tuwin kang putra Radèn Arya Gathutkaca, lajêng lênggah satata, amangun bojana ăndrawina. Bibar tancêb kayon.

58. Lampahan Cèkèl Endralaya.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, siniwi ing ipe nata Radèn Burirawa,[7] Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni, para kadang Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Darmagati,[8] Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm, sang nata miyarsa warta, bilih Radèn Arjuna kesah saking praja, ipe nata Radèn Burisrawa matur nyuwun krama kadhaupna kalihan Rêtna Wara Sumbadra, amargi pun Arjuna kesah sampun lami. Sang nata lajêng animbali ingkang raka Sang Adipati Karna, Adipati Karna lajêng mangarsa, imbal wacana, kadhawuhan ngirid kang rayi Radèn Burisrawa dhatêng ing Randhukumbala, matura raka Sri Baladewa, sarta pinaringan kanthi Patih Arya Sakuni, tuwin kadang Korawa. Sang Adipati Karna sandika lajêng mundur. Sang nata lajêng ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, Sang Rêtna Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp ingkang putra putri Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan, anganti rawuhira sri nata, ngiras mariksani ajaring badhaya srimpi, kasaru rawuhing nata, lajêng pinêthuk ingkang garwa miwah putra, kinanthi [ki...]

---14 : 15 ---

[...nanthi] astanira binêkta lênggah satata. Sang nata lajêng imbal wacana dhatêng garwa putra, kawontênanipun ing pasewakan, ingkang rayi Radèn Burisrawa nyuwun krama putri ing Madukara Rêtna Wara Sumbadra, samangke kaaturakên dhatêng Randhukumbala, katur ingkang raka nata ing Mandura. Ingkang garwa langkung suka, ingkang raka lajêng tindak dhatêng pambojanan.

[Grafik]

Rêsi Durna.

3. Madêg ing paseban jawi, sang Adipati Karna, Radèn Burisrawa, Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa. Ginêm, Sang Adipati Karna ingutus dhatêng Mandura. Patih Arya Sakuni dhawuh dhatêng Radèn Burisrawa tuwip[9] para Korawa kadhawuhan sami pradandan, sasampuning siyaga lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Jurangmas, yaksendra Prabu Kalairupaksa pinuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp êmban yaksi nama Kalabahni, tuwin para punggawa yaksa. Ginêm, sang prabu ing dalu supêna dhaup kalihan Dèwi Wara Sumbadra, sang nata gandrung asmara, arsa tindak dhatêng ing Dwarawati. Êmban Kalabahni amambêng, prayogi utusan rumiyin. Sang yaksendra nayogyani, lajêng nimbali punggawa Ditya Kalapralêmba, sampun mangarsa. Sang nata lajêng wêwarah ingutus dhatêng praja Dwarawati ngaturakên sêrat panglamaripun sang prabu dhatêng Dèwi Wara Sumbadra. Kalapralêmba matur sandika, kadhawuhan ambêkta kanthi punggawa pinisêpuh tuwin wulucumbu kêkalih Kyai Togog tuwin Sarawita, sasampuning winêling sadaya lajêng sami mundur. Sang nata kondur ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa yaksa, Ditya Kalapralêmba, Ditya Kalapraceka, Ditya Kalamikalpa. Ginêm lampahe ingutus dhatêng tanah Jawi ngaturakên nawala panglamar, lajêng nimbali Kyai Togog tuwin Sarawita, sampun mangarsa, lajêng dhinawuhan sami siyaga, sampun samêkta lajêng bidhalan, Kyai Togog tuwin Sarawita dados cucuking lampah. Lampahipun sarêng dumugi ing margi kapapag wadya Ngastina, pasulayaning rêmbag dados prang, wusana sami sêsimpangan margi.

6. Madêg ing Saptaarga, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp ingkang buyut Radèn [Ra...]

---14 : 16 ---

[...dèn] Abimanyu, tuwin rêpat panakawan tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, para cantrik andhèr. Ginêm: Sang bagawan andangu ingkang buyut, Radèn Abimanyu matur ingutus ingkang ibu Dèwi Wara Sumbadra, angupadosi ingkang rama Radèn Janaka, sampun dangu anggènipun kesah saking praja. Sang bagawan dhawuh dhatêng ingkang buyut, kadhawuhan nimbali pandhita ing Banjarmalathi, yèn sagêd pinanggih ingaturna ingkang ibu Dèwi Wara Sumbadra. Radèn Abimanyu sasampuning winarah ingkang eyang lajêng amit mundur, ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, lampahipun Radèn Abimanyu dumugi margi kêpapag wadya ditya saking Jurangmas, pasulayaning rêmbag dadya prang, punggawa ditya sami pêjah sadaya, Kyai Togog tuwin Sarawita sami lumajêng sêdya mantuk matur ing gustinipun, Radèn Abimanyu lajêng lampahipun, anjujug ing Banoncinawi, ingiring parêpat tiga.

[Grafik]

Radèn Abimanyu.

7. Madêg ing Banoncinawi, Sang Rêtna Wara Sumbadra, pinuju lênggah ingadhên[10] Nikèn Rarasati. Sowanipun ing putra Radèn Abimanyu tuwin panakawan têtiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sang dèwi andangu, Radèn Abimanyu matur purwa madya wasana, dhawuhipun kang eyang Rêsi Abyasa katur sadaya. Nikèn Rarasati lajêng kautus nimbali Cèkèl Endralaya dhumatêng ing Banjarmalathi, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên, lajêng pangkat.

8. Madêg ing pasanggrahan Randhukumbala, Prabu Baladewa lênggah ingadhêp Patih Pragota, Prabawa, kasaru dhatêngipun Sang Adipati Karna, angirid ipe nata Radèn Arya Burisrawa, ingiring Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm, Sri Baladewa andangu, Radèn Arya Burisrawa matur nyuwun dhaup kalihan Rêtna Wara Sumbadra. Prabu Baladewa lajêng dhawuh mirantos, arsa tindak dhatêng Dwarawati. Sampun sami siyaga lajêng bidhalan.

9. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos lênggah ing pandhapi agêng, ingadhêp ingkang putra

---14 : 17 ---

Radèn Sămba, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa. Sang nata manggihi raka nata ing Mandura Prabu Baladewa, angirid ipe nata Radèn Arya Burisrawa, ingiring Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm, Sang Prabu Baladewa ngandika dhatêng ingkang rayi Sri Krêsna, Radèn Arya Burisrawa nyuwun dhaup kalihan Dèwi Wara Sumbadra, botên antawis dangu kasaru rawuhipun Sang Hyang Kamajaya, apindha warni Radèn Arjuna, nyuwun ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra. Sang Prabu Krêsna ngandika, sarèhning sampun gangsal taun anggènipun nilar, badhe katantun rumiyin. Prabu Baladewa duka, awit saking patrapipun Radèn Arjuna tanpa parikrama, para Korawa dhinawuhan nyêpêng Radèn Arjuna. Korawa lajêng tumandang sami kasoran, Adipati Karna ugi kawon, Prabu Baladewa ugi kawon, Prabu Krêsna lajêng dhinawuhan ingkang raka Prabu Baladewa anyêpêng Radèn Arjuna, dipun gêdhonga wontên ing srimênganti. Prabu Krêsna tumanggap, Arjuna kacêpêng, lajêng kinunjara.

[Grafik]

Radèn Kartamarma.

10. Madêg ing Banjarmalathi, Cèkèl Endralaya, manggihi Nikèn Rarasati. Dinangu matur, ingutus ing Rêtna Wara Sumbadra, angupadosi kesahipun ingkang garwa Radèn Arjuna. Cèkèl Endralaya tinimbalan purun, Cèkèl Endralaya lajêng binêkta ginendhong Kyai Sêmar, gêntosan kalihan Nala Garèng, Petruk, awit Sang Cèkèl Endralaya gudhigên.

11. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, pinuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Ginêm, sang nata anggalih kesahipun ingkang rayi Radèn Arjuna, Radèn Arya Wrêkodara dhinawuhan ngupadosi dhatêng ing Dwarawati, dhinawuhan nganthi putra Radèn Arya Gathutkaca, sandika lajêng pangkat.

---14 : 18 ---

12. Madêg ing nagari Jurangmas, Prabu Kalairupaksa, pinuju miyos ing jawi, ingadhêp êmban Kalabahni, miwah para punggawa ditya pêpak. Ginêm, sang nata angarsa-arsa punggawa ditya kang dinuta, kasaru dhatêngipun Kyai Togog tuwin Sarawita. Dinangu matur tiwasing lampah, punggawa ditya ingkang kautus dhatêng ing tanah Jawi ngaturakên nawala panglamar, dumugi ing margi sami pinêjahan dening Radèn Abimanyu, satriya ing tanah Jawi. Prabu Kalairupaksa langkung duka yayah sinipi, lajêng dhawuh dhatêng êmban yaksi Kalabahni, sang nata arsa nglurug dhatêng ing nagari Dwarawati. Êmban yaksi Kalabahni lajêng dhawuh dhatêng para punggawa ditya, tuwin wadyabala sadaya, sami kinèn siyaga, sampun sami samapta, sang nata lajêng bidhalan.

[Grafik]

Yaksi Kalabahni.

13. Madêg ing Banoncinawi, Sang Rêtna Dèwi Wara Sumbadra, pinuju lênggah manggihi sowanipun Cèkèl Endralaya. Dinangu matur, benjing bilih nagari Dwarawati wontên banjir bandhang, punika timbulipun ingkang garwa Radèn Arjuna. Sang Cèkèl Endralaya lajêng ginuyang babar Sang Arjuna, sami prênesan. Kasaru rawuhipun Sang Prabu Krêsna. Andangu ingkang rayi Rêtna Wara Sumbadra, wontên ing pundi dhukunipun, Dèwi Wara Sumbadra lajêng nimbali Cèkèl Endralaya, sampun mangarsa, sampun babar Radèn Arjuna, lajêng dhinawuhan andhèrèk mêdal ing jawi kalihan Prabu Krêsna.

14. Madêg ing pandhapi agêng, Prabu Krêsna, lênggah amanggihi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Arya Gathutkaca. Ginêm, sami wartan-winartan. Sri Krêsna dhawuh angêdalakên Sang Arjuna kang wontên ing gêdhong srimanganti, lajêng ingirid Radèn Arya Wrêkodara, sampun mangarsa, lajêng pinanggih sami Arjuna, lajêng sami sumbar, prang rame, nanging sajatosipun takèn-tinakèn anggènipun Sang Arjuna kesah dangu. Sang pindha Arjuna lajêng pamit kondur makahyangan, ananging supados botên katingal ing ngakathah, saestha sinuduk, sang pindha Arjuna pêjah lajêng muksa kondur dhatêng kahyangan. Radèn Arjuna lugu pêpanggihan kalihan para kadang sadaya. Kasaru gègèring jawi dhatêngipun yaksendra Prabu Kalairupaksa sawadyabalanipun, sami angrabasèng prang. Radèn Arya Wrêkodara lajêng mapag mêdal ing jawi, dumugi ing alun-alun panggih ayun-ayunan, Radèn Arya Wrêkoda[11]

---14 : 19 ---

prang rame, tandhing kalihan Prabu Kalairupaksa, danguning prang Prabu Kalairupaksa kenging cinêpêng cinublês ing kanaka pêjah. Wadyanira sarêng sumêrêp gustinipun seda, sêdya sami ambelani, lajêng sami ambyuk, pinapag Radèn Arya Gathutkaca, punggawa ditya sami pêjah, lajêng prang sampak. Têlasing mêngsah, ingkang sami unggul ing yuda lajêng sowan ing raka Prabu Krêsna.

15. Madêg ing pasewakan, Prabu Krêsna tuwin para kadang Pandhawa. Sowanipun Radèn Arya Wrêkodara, tuwin putra Radèn Arya Gathutkaca. Kalêmpakan, Sri Krêsna tuwin para kadang putra sami suka, lajêng sami lênggah angadhaton, bojana ăndrawina, tancêb kayon.

59. Lampahan Sidajati (Sidalamong).

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka nata ing Mandura Prabu Baladewa, ingkang sumiwi mungging ngarsa putra satriya ing kadipatèn, Radèn Sămba, santana Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin putra ing Mandura Radèn Wisatha. Ingkang rinêmbag gêrahira ingkang rayi Kusuma Dèwi Wara Sumbadra, watawis sacăndra botên karsa bojana, sarira tan sagêd ebah sarta tan sagêd ngandika, ambadal saliring usada. Sri Nata Mandura ngandika mring kang rayi nata ing Dwarawati, bilih mirêng pawarta saking karna binandhung, ujaring dagang sambiwara, wontên pandhita ditya nama Bagawan Sidajati, ing pratapan Sidagiri, punika kang rayi Dèwi Wara Sumbadra, manawi dipun usadani gêrahipun dening sang pandhita wau kakintên sagêd waluya. Sri Krêsna nayogyani, lajêng bibaran, sri nata kêkalih manjing kadhaton arsa ngawuningani gêrahira kang rayi ing Banoncinawi.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang pramèswari têtiga, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami anêngga gêrahipun kang rayi Dèwi Wara Sumbadra, katungka rawuhira sang nata kêkalih, lajêng lênggah satata, Prabu Baladewa cêlak maspadakakên sarwi ngandika, dhuh riningsun Sumbadra, sira warasa, mung sira kadang ingsun wanudya kang dadi gêgununganing sih panutuping trêsna. Punika Dèwi Wara Sumbadra wau wagêd ebah, pinanggihing rêmbag, Prabu Baladewa pamit mijil ing jawi, arsa anduta kang putra Radèn Wisatha, animbali pandhita ing Sidagiri.

3. Madêg ing paseban jawi, Sang Prabu Baladewa, ingkang mungging ngarsa putra Radèn Wisatha, Radèn Sămba, Radèn Arya Wrêsniwira, Patih Pragota, Patih Prabawa. Rêmbag: ingkang putra Radèn Wisatha, dinuta maring wukir Sidagiri, amboyongi Bagawan Sidajati, pinurih ngusadani gêrahipun Dèwi Wara Sumbadra, sasampuning siyaga, lajê[12] bidhal kapalan.

---14 : 20 ---

4. Madêg ing Sokalima, Dhahyang Durna, tuwin sri nata ing Gumbarja, Prabu Tejalêlana, puruhita mring Dhahyang Durna, nyuwun dhaup kalihan Dèwi Wara Sumbadra. Saking adrênging ciptanira, kadibyaning Pandhita Durna, lajêng sinidhikara sukmanira Rêtna Wara Sumbadra, kenging dèn irup, winadhahan cupu madiwara, katingal wêwayangan tan siwah Dèwi Wara Sumbadra, sang nata pinurih pangkat andhustha raganira wadhag Dèwi Wara Sumbadra, dhatêng kadhaton ing Dwarawati, alampah siluman, Prabu Telêlana[13] matur sandika, lajêng mêdal ing jawi.

[Grafik]

Radèn Sămba.

5. Madêg ing paseban jawi, Patih Kuntalabau, animbali para wadya ditya sami sowan mangarsa, Kalakarêndha, Kalakarêndhi, Kalakarumba, sami dhinawuhan pangkat mêmanuki lampahira sang prabu dhatêng ing Dwarawati, para wadya ditya matur sandika, lajêng bidhal, kanthi Kyai Togog, Sarawita. Sang nata anggayuh gêgana, lampahira wadya ditya kapapag wadya ing Mandura, pasulayaning rêmbag, dados prang, wasana lajêng sêsimpangan margi.

6. Madêg ing wukir Sidagiri, Sang Bagawan Sidajati, lênggah ing pacrabakan, kaadhêp ingkang putra Puthut Sidamukti (Radèn Ăngkawijaya), tuwin Puthut Sidalamong (Radèn Arya Gathutkaca), parêpat tiga ugi sami ngadhêp. Ingkang rinêmbag, amung dènira sami ulah têtanèn. Dèrèng dangu kasaru dhatêngipun Putra Mandura, Radèn Wisatha, kadhèrèkakên Patih Pragota. Karsaning jawata sami katawêngan mulat sang pandhita sakadang warganipun sadaya. Sajatosipun sang bagawan punika Radèn Janaka, Puthut Sidamukti, Radèn Ăngkawijaya, Puthut Sidalamong, Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Wisatha matur sang pandhita, lamun dinuta ingkang rama Nata Mandura, Prabu Baladewa, sang pandhita tinimbalan dhatêng ing nagari Dwarawati, supados angusadani gêrahipun Rêtna Dèwi Wara Sumbadra, nanging sang tapa matur botên wagêd. Sêngadi radi sakit. Amung ngaturakên sêsulih kang putra kêkalih, Puthut Sidamukti, tuwin Puthut Sidalamong, ingkang kapurih ngusadani gêrahipun sang rêtna wau. Sasampuning sami dhinawuhan, lajêng pangkat kairid Radèn Wisatha, parêpat tiga tan kantun, Sidasanta, warni Sêmar, Sidawăngsa, warni Nala Garèng, tuwin Sidaleya, warni Petruk. Lampahipun [Lampahi...]

---14 : 21 ---

[...pun] dumugi ing wana kapapag para wadya ditya saking Paranggumbarga, prang, para punggawa ditya sami pêjah, danawa alit sami lumajêng sar-saran, Kyai Togog tuwin Sarawita, wangsul dhatêng Sokalima, nêdya matur ing lêlurahipun. Puthut Sidalamong tuwin Cantrik Sidamukti lajêng lampahipun, kadhèrèkakên parêpat tiga.

[Grafik]

Prabu Yudhisthira.

7. Madêg ing Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, tuwin ingkang raka nata ing Mandura, Prabu Baladewa, lênggah ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi mungging ngarsa para putra santana pêpak. Rêmbag, angarsa-arsa ingkang putra Radèn Wisatha, botên dangu praptanipun Radèn Wisatha, angirid puthut kalih dalah parêpatipun tiga. Sri nata langkung suka, ananging sadaya kang samya mulat sami katawêngan priksa wujudipun, awit wicantênipun sami kagok kados tiyang parêdèn, Cantrik Sidamukti tuwin Puthut Sidalamong dinangu matur, kang rama Sang Bagawan Sidajati botên wagêd sowan, amargi radi roga, ingkang dados sêsulih kadhawuhan ngusadani gêrahipun sang rêtna, piyambakipun, puthut kalih wau lajêng kairid manjing kadhaton kaliy[14] Prabu Baladewa, puthut kêkalih sarêng ningali kang nandhang gêrah, waspada ing tingal sanginggiling pasareanipun Dèwi Wara Sumbadra wontên kiyang[15] warni bagus, inggih punika Prabu Tejalêlana, ingkang limunan. Tan sarănta Puthut Sidalamong ngadêg anyêpêng kalimunan, dêdrêg ing solah, puthut tuwin cantrik, katingal ing kathah botên kêkêrêngan, angorak-arik pasarean. Prabu Baladewa gugup, para parêkan kagegeran, puthut kêkalih kenging kacêpêng ing Prabu Baladewa, kinintên salah pandulu lajêng kinunjara, parêpatira têtiga sami lumajêng mantuk. Prabu Dewalêlana oncat.

8. Madêg Prabu Krêsna, nuju lênggah wontên ing pandhapi, tuwin ingkang raka Sri Baladewa, rêmbag kawontênanipun ing kadhaton sadaya, Radèn Sămba lajêng kautus dhumatêng ing pratapan Sidagiri, animbali Bagawan Sidajati, Radèn Sămba lajêng pangkat kadhèrèkakên Patih Udawa.

9. Madêg ing Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, lênggah wontên ing pandhapi, kalihan para rayi, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Ingkang rinêmbag: sakesahira ingkang

---14 : 22 ---

rayi Radèn Arya Dananjaya (Radèn Janaka) kalihan ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gangutkaca,[16] wasana Radèn Arya Wrêkodara kautus ngupadosi, lajêng pangkat.

10. Madêg ing pratapan Sidagiri, Sang Bagawan Sidajati, lênggah mungging pacrabakan, kasaru dhatêngipung[17] Kyai Sidasanta saanakipun, atawan tangis, dinangu matur sasolahipun katur sadaya, wiwitan dumugi wêkasan, Sidasanta dinangu punapa wêlas dhatêng ingkang putra puthut kêkalilih,[18] ingkang kakunjara wau, aturipun sakalangkung wêlas, Sidasanta pinurih mèndêl anyiptaa lêgawa lila ing budi, sang bagawan lajêng sêmadi, botên antawis dangu, kêkalihipun sami ngraga suksma, pandhita awarni Prêmadi, manjing raganira Sidasanta, suksmaning Sidasanta awarni Narasoma, manjing sang pandhita, Nala Garèng, Petruk sami eram mulat, dene solah sabawaning sang pandhita kadya solah sabawaning Sidasanta, Sidasanta solah sabawanipun alus kadya solah sabawanipun sang pandhita. Kasaru praptaning Radèn Sămba tuwin Patih Udawa, lajêng lênggah satata, lajêng matur dhumatêng sang pandhita, nanging rangu ing galih, dene kang wau kang lênggah ing pamidikan kados sampun sarawungan, sarta èngêt kadi Sidasanta, sarêng ngandika bêntèn kalihan pangintênipun, ngakên nama inggih punika Sang Bagawan Sidajati, lajêng anambrama dhatêng Sidasanta, mèh kawastanan ingkang paman ing Madukara, sarêng mangsuli wacana bèntên dalah sasolahipun. Mang[19] Bagawan Sidajati tinimbalan dhatêng ing Dwarawati matur sandika, lajêng pangkat kairid Radèn Sămba, parêpat kalih tan kantun.

11. Madêg ing wukir Kêndhalisada, sang wiku kapiwara, pinuju lênggah ing pacrabakan, katamuan ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, rêmbag Sang Bima pitakèn kesahipun ingkang rayi Radèn Janaka, tinêdah pinurih ngupadosi dhatêng ing Dwarawati, ing têmbe pinanggih. Radèn Arya Wrêkodara lajêng pamit, linilan pangkat.

12. Madêg ing Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, angarsa-arsa ingkang putra Radèn Sămba, ingkang dinuta nimbali Sang Bagawan Sidajati, botên dangu dhatêngipun Radèn Sămba tuwin Bagawan Sidajati, lajêng lênggah satata, sri nata kêkalih sami gawok aningali, Sang Bagawan Sidajati kinintên Sidasanta, nanging solah sabawanipun sanès. Sidasanta kinintên kang rayi Radèn Janaka, nanging solah bawanipun ngalunyat. Sang bagawan tinantun ngusadani Dèwi Wara Sumbadra, sagah, nanging nyuwun kanthi Sidasanta, sampun ngantos wontên tiyang ingkang sumêrêp ing patrapipun. Sang nata kaparêng, Sang Bagawan Sidajati tuwin Sidasanta, kairid manjing kadhaton prênahipun Dèwi Wara Sumbadra. Sarêng sumêrêp Dèwi Wara Sumbadra, sang bagawan tuwin Sidasanta lajêng sami ngraga suksma anggayuh gêgana.

---14 : 23 ---

13. Madêg ing Sokalima, Dhahyang Durna, angadhêp cupu madiwara sampun isi suksmanipun Dèwi Wa[20] Sumbadra, Prabu Tejalêlana dhatêng atawan tangis, matur sasolahipun wontên kadhaton ing Dwarawati, kauningan puthut kêkalih ngantos păncakara katilar oncat. Dhahyang Durna taksih sagah nyaranani kengingipun Rêtna Dèwi Wara Sumbadra. Ing ngriku suksmanipun Bagawan Sidajati dhatêng kalihan suksmanipun Sidasanta, suksmanipun Dèwi Wara Sumbadra, ingkang wontên cupu madiwara kabêkta kesah, Dhahyang Durna sumêrêp kêplapipun,[21] Prabu Tejalêlana dhinawuhan angrêbata badan wadhagipun Dèwi Wara Sumbadra, matur sandika, lajêng bidhal sawadyabala.

[Grafik]

Kyai Lurah Sêmar.

14. Ing lêbêt kadhaton ing Dwarawati, pasareanira Dèwi Wara Sumbadra, Dèwi Wara Sumbadra wungu sarêng têtiga kalihan Bagan[22] Sidajati, Sidasanta, lajêng sami mêdal sowan ngarsanipun Prabu Krêsna. Sri Nata Prabu Krêsna tuwin kang raka Prabu Baladewa langkung suka, mulyaning kang rayi, Dening Sang Bagawan Sidajati tuwin Sidasanta, sami wangsul raganipun piyambak-piyambak, Sidajati babar salugu Radèn Janaka, Sidasanta babar salugu Kyai Lurah Sêmar. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, sami suka dene pinanggih ingkang rayi Radèn Janaka. Tan antara dangu kasaru gègèring jawi, dhatênging mêngsah Prabu Tejalêlana sawadyanira damêl rêrêsah, Radèn Arya Wrêkodara mapag ing rana, prang sampak, Prabu Tejalêlana sawadyanira larut dhadhal lumajêng mantuk ing prajanipun.

Sigêg, ing pandhapi agung, Prabu Krêsna sakadang wandawa, dhatêngipun ingkang unggal[23] ing yuda, lajêng sami bojana ăndrawina, tancêb kayon.

60. Lampahan Andanumaya.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi mungging ngarsa satriya ing kadipatèn, Radèn Sămba, santana Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, tuwin para punggawa pêpak kang sami anangkil. Ginêm: Sang Prabu Krêsna dangu botên pinanggih para kadang Pandhawa. Kasaru sowanipun Radèn Nakula, tuwin Radèn Sadewa, lajêng mangarsa lênggah satata, dinangu matur,

---14 : 24 ---

ingutus ingkang raka Nata Ngamarta Prabu Puntadewa, atur uninga bilih kang rayi Radèn Janaka murca saking praja datan pamit. Sri Krêsna anggalih onênging rayi nata ing Ngamarta Prabu Puntadewa, sang nata arsa tindak dhatêng ing Ngamarta, lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra Radèn Sămba, kinèn sami siyaga, tindakira sang nata nitih rata, sasampuning dhawuh, Sri Krêsna lajêng kondur ngadhaton.

[Grafik]

Radèn Nakula.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara têtiga, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rugmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa kalêrês lèr wetan, ingadhêp para parêkan, anganti kondurira sri nata, ngiras mirsani ajaring bêksa badhaya srimpi. Kondurira sang nata pinêthuk ing garwa têtiga, lajêng sami akêkanthèn asta. Sasampuning lênggah satata, Sri Krêsna imbal wacana, lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, miwah para punggawa. Ginêm: sami arsa andhèrèk tindakira sri nata mring Ngamarta, Patih Udawa dhawuh kinèn sami siyaga, sampun sami samêkta titihanira rata kancana sampun mangarsa, amung nganti miyosira sang nata. Miyosira sang nata lajêng anitih rata, para putra santana anitih turăngga. Sasampuning sami nitih lajêng bidhal kêkapalan.

4. Madêg ing nagari Paranggumiwang, Sang Prabu Sêtiwijaya, miyos ing pandhapi agung, ingadhêp Patih Mandanasraya, tuwin para punggawa pêpak kang sumewa. Ginêm: Prabu Sêtiwijaya miyarsa warta, bilih Radèn Janaka kesah saking praja, saking karsanira sang nata, Dèwi Wara Sumbadra arsa ginarwa, Patih Mandanasraya matur sagah andhustha, Sang Prabu Sêtiwijaya amarêngakên, mandar dhinawuhan ambêkta kanthi punggawa ditya têtiga, amêmanuki lampahira, Ditya Kalapraceka, Ditya Kalakalanthung, Ditya Kalakathung, tuwin wulucumbu kêkasih Kyai Togog, Sarawita. Sasampuning sami dhinawuhan, Patih Mandanasraya lajêng amit mundur, sang nata kondur ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, Patih Mandanasraya, tuwin Ditya Kalapraceka, Ditya Kalakathung, Ditya Kalakalanthung, tuwin wulucumbu kêkasih Kyai Togog, Sarawita. Ginêm: ing lampah

---14 : 25 ---

ingutus sang nata dhatêng ing praja Ngamarta. Sasampunira sami samêkta, lajêng bidhal. Patih Mandanasraya lampahira mêdal ing gêgana, para punggawa ditya lampahira mêdal ing dharatan. Mangkana lampahira kapapag para wadya ing Dwarawati, ingkang sami andhèrèkakên Prabu Krêsna dhatêng ing Ngamarta. Pasulayaning rêmbag, dados prang, wasana sami sêsimpangan margi.

[Grafik]

Ditya Kalapraceka.

6. Madêg ing pratapan Ngandongsumawi, Sang Bagawan Purnajati, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp Bambang Madukusuma, suwin[24] punakawanipun têtiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, miwah para cantrik. Bambang Madukusuma amothah matur pitakèn sudarmanira, Sang Bagawan Purnajati, walèh paring pitêdah, bilih putranipun Radèn Janaka, ing Madukara. Bambang Madukusuma lajêng matur, amit badhe ngupadosi, rinilan gya pangkat, ingiring parêpatira tiga. Sang bagawan lajêng malêbêt ing pamêlêngan. Bambang Madukusuma lampahipun wontên ing margi kapapag wadya ditya ing Paranggumiwang, pasulayaning rêmbag, dados prang, wadya danawa sami pêjah sadaya, Kyai Togog, Sarawita, sami lumajêng mantuk nêdya matur ing gustinipun, Bambang Madukusuma lajêng lampahipun ingiring panakawanira têtiga.

7. Madêg ing nagari Madukara, Sang Kusuma Dèwi Wara Sumbadra, pinuju lênggah ingadhêp para maru, Rêtna Dèwi Srikandhi, tuwin Nikèn Rarasati, sami ginêm: samurcanira ingkang raka Radèn Janaka, kasaru dhatêngipun Patih Mandanasraya, amalih warni Prabu Krêsna, sampun satata. Ginêm: sang mancala Sri Krêsna, mundhut ingkang rayi Dèwi Wara Sumbadra, kabêkta kondur dhatêng Dwarawati, Dèwi Wara Sumbadra tan lênggana, lajêng manjing sêsupenira kang raka Prabu Krêsna, Dèwi Srikandhi botên ngaturakên, dados prang, Prabu Krêsna babar Patih Mandanasraya, Dèwi Wara Sumbadra binêkta oncat ing Patih Mandanasraya, Dèwi Srikandhi lajêng anututi sapurug-purug, lampahira lajêng kapanggih Bambang Madukusuma [Madu...]

---14 : 26 ---

[...kusuma,] tuwin abdi punakawanira têtiga, takèn-tinakèn lajêng sami ngakênipun, Bambang Madukusuma putra Radèn Arjuna, lajêng kadhawuhan andhèrèk Dèwi Srikandhi angupadosi pandungipun, lajêng sami pangkat, ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

8. Madêg ing nagari Jongparang, Sang Prabu Danumaya, pinuju miyos ing pandhapi agung, ingadhêp êmban yaksi Ranihasa, tuwin para punggawa ditya. Ginêm: Sasedaning rama pinêjahan dening Radèn Janaka, Sang Prabu Danumaya arsa malês ukum dhatêng Radèn Janaka, êmban yaksi anayogyani, sarta matur ing gusti, bilih Radèn Janaka dados ratu wontên ing nagari Tasikmadu, yaksendra lajêng krodha amancala warna dados turăngga, êmban Raniharsa dados bakul, nama Nyai Sumita, punggawa ditya dados gamêlipun sang prabu, nama Jaka Pantês, lajêng pangkat dhatêng ing nagari Tasikmadu, Nyai Sumita amindha bakul gêgrami, lajêng sami bidhal.

[Grafik]

Bambang Găndakusuma.

9. Madêg ing nagari Tasikmadu, Prabu Arjuna, miyos ing pandhapi agung, tuwin ingkang garwa Dèwi Găndawati, ingadhêp ingkang putra Bambang Găndakusuma. Ginêm: ingkang putra Bambang Găndakusuma ingutus kadhawuhan ngupados usada warni manusa ingkang bagun[25] warnanipun, kadamêl tumbaling nagari, Bambang Găndakusuma matur sandika, amit rinilan lajêng pangkat, ingiring pêkathik satunggal. Kasaru sowanipun Jaka Pantês anuntun kapal, tuwin Nyai Sumita, lajêng kadhawuhan malêbêt kadhaton. Sang Prabu Arjuna aningali kapal sangêt rêmênipun, lajêng cinobi tinitihan wontên ing alun-alun, turăngga lajêng bigar, kêndhali rangah mêksa makêm, dangu-dangu turăngga angrik babar dados ditya Prabu Danumaya, Sri Arjuna kasaut endha dados lêpat, Sang Prabu Arjuna amênthang langkap linêpasakên, Prabu Danumaya kenging ing jêmparing lajêng sirna. Gamêlipun mangsah tinadhahan punggawa ing Tasikmadu, gamêlipun lajêng sirna.

10. Madêg ing kadhaton Tasikmadu, pramèswari nata Kusuma Dèwi Găndawati, lênggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp Nyai Sumita, tuwin para parêkan cèthi. Nyai Sumita imbal wacana dènnya [dè...]

---14 : 27 ---

[...nnya] bêbakulan, lajêng mirêng gêdêring jawi, Prabu Arjunayana kabêkta ambandhang kapal ingkang tinitihan. Nyi Sumita lajêng ngrik dados diyu, Dèwi Găndawati lajêng kabêkta mumbul ing gêgana, Sang Prabu Arjuna uninga lajêng anututi kesah. Lampahing ditya èstri dumugi ing wana ngraos sayah, lajêng kèndêl tilêm, Sang Dyah Dèwi Găndawati kasandhing, Bambang Găndakusuma lampahira dumugi sacêlaking panggenan ngriku mirêng tangis, sarêng cinêlakan sumêrêp bilih ingkang ibu kinêmpit ditya èstri, ditya wau tilêm kapati, Bambang Găndakusuma lajêng ngêmbat jêmparing, sampuning lumêpas, ditya èstri kenging jêmparing pêjah, kang ibu lajêng ingaturan kondur, wontên ing margi kapanggih kalihan Dèwi Wara Srikandhi, takèn-tinakenan, sami ngakên garwa ing Madukara, Mambang[26] Madukusuma tinantun badhe kangge tumbal, Bambang Madukusuma botên purun, dados prang rame kalihan Bambang Găndakusuma. Dèwi Srikandhi prang kalihan Dèwi Găndawati. Kasaru rawuhipun Prabu Arjuna, uninga ingkang sami păncakara lajêng sami kapisah ingajak kondur. Dèwi Srikandhi matur uninga: Kakang bok Rêtna Dèwi Wara Sumbadra kabêkta ing pandung. Sang Prabu Arjuna lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra Bambang Găndakusuma, tuwin putra Bambang Madukusuma, sami dhinawuhan ngupaya, lajêng pangkat.

[Grafik]

Bambang Madukusuma.

Sigêg, Bambang Găndakusuma tuwin Bambang Madukusuma, tuwin ingkang ibu Dèwi Srikandhi, sarta Dèwi Găndawati. Ginêm, lajêng sami sowan dhatêng ing Ngamarta.

11. Madêg ing nargari[27] Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa, anuju miyos i[28] pandhapi agung, ingkang sumiwi mungging ngarsa ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa, para putra santana pêpak tang[29] anangkil. Kasaru rawuhira ratu ing Dwarawati Prabu Krêsna, lajêng sinambrama. Sasampuning lênggah satata, ingkang rinêmbag sakesahira ingkang rayi Radèn Janaka, Sri Puntadewa imbal wacana, tingkang[30] rayi Radèn Arya Wrêkodara kadhawuhan ngupadosi ingkang rayi Radèn Janaka, kinèn anganthi ingkang putra Radèn Arya Wrêkodara matur sandika, lajêng pangkat. Sang Prabu Puntadewa, Sang Prabu Krêsna, lajêng kondur ngadhaton.

12. Madêg ting[31] nagari Paranggumiwang, miyos ing pandhapi agung, ingadhêp para punggawa. Kasaru dhatêngipun [dha...]

---14 : 28 ---

[...têngipun] Patih Mandanasraya, kanthi angaturakên Rêtna Dèwi Wara Sumbadra, katungka rawuhira Radèn Janaka, anjujug ing kadhaton Paranggumiwang, umpêtan. Sang Prabu Sêtiwijaya, dhawuh dhatêng Patih Mandanasraya, bilih Dèwi Wara Sumbadra kadhawuhan anglêbêtakên ing kadhaton. Sasampuning malêbêt kadhaton, patih lajêng wangsul mring pandhapi, mangarsa nata.

Sang Dyah Dèwi Wara Sumbadra wontên ing kadhaton lajêng pinanggih ingkang raka Radèn Janaka, Dèwi Wara Sumbadra dhinawuhan malêbêt ing kancing gêlung, sampun manjing lajêng binêkta kondur mring Ngamarta, ing jawi Sang Prabu Sêtiwijaya, sasampunira imbal wacana kalihan Patih Mandanasraya, sang prabu lajêng malêbêt ing kadhaton, arsa angungrum Dèwi Wara Sumbadra, ngupadosi ing kamar, kamar botên wontên, wontên parêkan atur uninga glibêtipun Radèn Janaka sampun mêdal saking kadhaton. Sang Prabu Sêtiwijaya duka yayah sinipi, lajêng wangsul mring jawi, dhawuh dhatêng Patih Mandanasraya, tuwin para punggawa kinèn anututi Radèn Janaka, para wadya kinèn angêrig, lajêng bidhal. Sigêg, lampahira Radèn Janaka wontên ing margi kapapag ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara, tuwin ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca. Ginêm ingajak wangsul kondur dhatêng Ngamarta.

13. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa, miyos ing pandhapi agung, amanggihi ingkang raka nata ing Dwarawati Prabu Krêsna, ingkang sumiwi ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin putra santana. Kasaru rawuhira ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin ingkang rayi Radèn Janaka, Radèn Arya Gathutkaca, Bambang Madukusuma, Bambang Găndakusuma, Dèwi Wara Sumbadra, Dèwi Srikandhi, Dèwi Găndawati. Ginêm, lampahing margi katur sadaya, sang nata kêkalih sami suka ing wardaya. Katungga gègèring jawi dhatênging parangmuka saking praja Paranggumiwang, Sang Prabu Sêtiwijaya sawadyabalanipun sami angêpung ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, kinèn sami amapagakên. Radèn Arya Wrêkodara tuwin para putra santana lajêng sami mêdal ing jawi, Radèn Arya Wrêkodara sampun panggih ajêng-ajêngan kalihan Prabu Sêtiwijaya, prang rame, dangu-danguning prang, Prabu Sêtiwijaya kenging kacêpêng cinublês ing păncanaka pêjah, prang sampak, para wadya lajêng ambyuk, para wadya sami pêjah, sasirnaning mêngsah, Radèn Arya Wrêkodara wangsul dhatêng ing pasewakan.

14. Madêg ing pasewakan, Sang Prabu Puntadewa, tuwin Prabu Krêsna, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sandewa[32] pêpak para kadang Pandhawa, kasaru lêbêtipun Radèn Arya Wrêkodara, tuwin ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, kang sami unggul ing yuda, sowan mangarsa, sampun satata lênggah, lajêng bojana ăndrawina, tancêp kayon.

__________

 


pananggap. (kembali)
ingutus. (kembali)
Arya. (kembali)
jodhonipun. (kembali)
Kalarodra. (kembali)
gapyuk. (kembali)
Burisrawa. (kembali)
Durmagati. (kembali)
tuwin. (kembali)
10 ingadhêp. (kembali)
11 Wrêkodara. (kembali)
12 lajêng. (kembali)
13 Tejalêlana. (kembali)
14 kalihan. (kembali)
15 tiyang. (kembali)
16 Gathutkaca. (kembali)
17 dhatêngipun. (kembali)
18 kêkalih. (kembali)
19 Sang. (kembali)
20 Wara. (kembali)
21 kêplasipun. (kembali)
22 Bagawan. (kembali)
23 unggul. (kembali)
24 tuwin. (kembali)
25 bagus. (kembali)
26 Bambang. (kembali)
27 nagari. (kembali)
28 ing. (kembali)
29 kang. (kembali)
30 ingkang. (kembali)
31 ing. (kembali)
32 Sadewa. (kembali)