Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443e.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pangudinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid VI

Isi lampahan:

14. Arjuna lair.

15. Radèn Yamawidura krama.

16. Basudewa rabi.

17. Kăngsa lair (Basudewa grogol).

18. Lairipun Kakrasana, Narayana.

19. Kăngsa abên-abên.

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên, 1930.

--- 6 : [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 6 : [3] ---

14. Lampahan Arjuna Lair.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Pandhu Dewanata, miyos ing păncaniti, ingayap para ratu măncanagari, kang mungging ngarsa putra Radèn Puntadewa, tuwin kang paman Rêsi Dewabrata, miwah Patih Arya Găndamana, pêpak sagung kang anangkil. Ginêm: dènira anggalih pramèswari nata Rêtna Dèwi Kunthi, dènira anggarbini sampun diwasa. Prabu Pandhu Dewanata sigra dhawuh lêlayu maring wukir Rêtawu, atur uninga ing rama miwah ingkang raka, sami kaaturan rawuh ing praja Ngastina, Patih Arya Găndamana sandika. Sang prabu kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Kunthi Nalibrănta tuwin garwa ênèm Dèwi Madrim, pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan miwah inya. Kondurira sang nata pinêthuk ing garwa, kinanthi binêkta lênggah. Sri nata andangu mring garwa Dyah Kunthi raosing sariranipun. Aturipun sang padniwara, sakêdhap kraos kados ambatêk arsa uwat, lajêng mantun. Sri Pandhu Dewanata sigra mundhut busana kapandhitan, lajêng minggah ing pamêlêngan.

3. Madêg ing paseban jawi, Rêkyana Patih Arya Găndamana, tuwin sagung para punggawa pêpak. Patih Arya Găndamana dhawuh siyaga, sampuning sami samapta, sigra bidhal dhatêng wukir Rêtawu.

4. Madêg ing nagari Srawantipura, Prabu Ardawalika, lênggah ing sitibêntar, ingadhêp êmban tuwin patih, pêpak kang wadyabala. Ingkang rinêmbag: sang prabu arsa malês ukum Sang Nata Ngastina Prabu Palasara, dene ing nguni sedanira kang rama Prabu Endrasangara dening Prabu Palasara. Êmban Kalayaksarini mambêngi, mrayogèkakên utusan punggawa pinisêpuh rumiyin, angyêktosakên, punapa ingkang jumênêng ing Ngastina sapunika trahing Palasara, manawi sanès tiwas tanpa tuwas. Sang prabu sigra nimbali punggawa ditya têtiga, sinung dhawuh lumampah dhatêng praja Ngastina, punggawa ditya sandika, amit rinilan sigra mêdal ing jawi.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya: Kalamamrang, Kalamarwana, Kalamargăngsa, wulucumbu Kyai Wijamantri tuwin Tejamantri. Sami rêmbag dènira kautus sang nata dhatêng praja Ngastina

--- 6 : 4 ---

sasampunira siyaga, sigra bidhal. Mangkana lampahing baris ditya dumugi ing margi kapapag baris Ngastina, pasulayaning rêmbag, dadya prang, punggawa ditya kasêsêr. Wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sri Bagawan Krêsna Dipayana, lênggah ingadhêp ingkang putra Arya Widura, dupi kasaru praptanira Patih Arya Găndamana, dinangu matur saliring rèh dinuta. Sri Bagawan Krêsna Dipayana sigra gugup, santun busana, Arya Găndamana dhinawuhan rumiyin, sandika bidhal. Sang Rêsi Abyasa gya tindak ingiring kang putra Arya Widura.

7. Madêg ing samadyaning wana, lampahira Sang Maha Rêsi Abyasa tuwin kang putra Arya Widura, dupi dumugi têpining wana kapapag wadya rêksasa, dadya prang. Danawa pêjah, sang rêsi tuwin kang putra Arya Widura lajêng lampahira.

8. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Siwahbuja, lênggah ing marcukundha, ingadhêp kang para jawata, Hyang Narada mungging ngarsa. Hyang Guru andangu gègèring suralaya, kawah kadi dèn kêbur. Hyang Narada matur, bilih pramèswari Mandura Dyah Maera dènira anggarbini sampun winanci, tuwin Sang Dyah Kunthi Nalibrănta ugi anggarbini, inggih sampun winanci, mung nganti dhawuhing Hyang Padawinênang. Hyang Narada ingutus andhawuhakên dhatêng Hyang Wisnu, kaalusanira maring pamadyaning Pandhawa, wêwadhage tinibakna ing Mandura. Putraning Pandhu pinaringan nama Radèn Arjuna, inggih Radèn Pamadi. Putra Basudewa pinaringan nama Radèn Narayana, inggih Kesawa. Dene Sri ugi jêngandika paro, kaalusane maring Mandura, wadhage maring Gadamadana, pinaringan nama Dyah Jêmbawati, sêsilih Dyah Nawangsasi. Ing Mandura pinaringan nama Dyah Wara Sumbadra, sêsilih Dyah Widawati. Hyang Narada sandika, gya mêsat.

9. Madêg ing kahyangan Sawangansagara, Sang Hyang Kesawa, lênggah tuwin garwa Bathari Sri. Dèwi Sri matur: Dhuh, hyang pukulun, kula ngatas ing karsa. Hyang Wisnu ngandika sangêt ajrih angrumiyini ing karsa: kudu ngatas saking karsaning Hyang Padawinênang. Kasaru praptanira Sang Hyang Kanekaputra sarwi ngêngudang: dhuh, dhuh, putraningsun, Wisnu, ingsun iki angêmban dhawuhe Hyang Suksma Kawêkas, andhawuhake ing garwanira tuwin sira, Wisnu, awit saking karsane Hyang Padawinênang, aja nganti mopo ing panuksma, ananging karsane Hyang Wisesa, sira dadia loro, mungguh patrape wadhag tuwin alus, garwanira uga mangkono, padha kinèn angrakit arsa binêkta. Sawujud jatining cahya, sigra dèn asta, dyan mêsat ngambara, Dèwi Sri winadhahan ing cupu manik astagina.

10. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Basudewa, lênggah kalihan kang rayi Arya Prabu Bismaka, tuwin Arya Prabu Ugrasena. Ginêm: Sri Basudewa angsal wasitaning jawata, dènira anggarbini

--- 6 : 5 ---

Sang Dyah Dèwi Maera, ing têmbe mijil kalih warni gundhang kasih, kang pêthak panuksmaning Hyang Basuki, kang cêmêng panuksmaning Hyang Wisnu. Kang garwa taruna Dèwi Badrahini, winêca putranira putri, panuksmaning Dèwi Sri, dènira anggarbini taksih ênèm, Dèwi Maera anggènira anggarbini sampun winanci. Sri Basudewa amiyarsa kang rayi dyah pramèswari ing Ngastina badhe ambabar, sakalangkung dènira nênuhun maring jawata, sagêda sarèh gantya-gantya wulan tuwin dintên. Wontên swara kapiyarsa, kinèn aywa sumêlang, wus pinasthi karsaning Hyang Suksma Kawêkas, pambabarira sarênti. Sang Prabu Basudewa dupi miyarsa wêwentehan, sigra dhawuh mring ari karsa tindak maring Ngastina, anguningani pambabarira Dyah Kunthi, kang rayi sadaya kinèn ngiring, anamur tan nganthi wadya, kang rayi sandika, sigra sami bidhalan.

11. Madêg ing nagari Srawantirupa, Prabu Ardawalika, lênggah ing pandhapi, ingadhêp êmban tuwin Patih Kalapruwita, pêpak kang wadyabala. Ingkang rinêmbag: sang nata angajêng-ajêng lampahing caraka. Tan dangu praptanira Kyai Tejamantri, dinangu matur: angaturakên tiwasing duta, punggawa tiga pêjah dening Radèn Arya Widura, ari kadang Nata Ngastina Prabu Pandhu Dewanata. Sang Prabu Ardawalika dupi miyarsa, kadadak bramatyanira, sigra dhawuh mring Patih Kalapruwita, kinèn nêmbang têngara, lumurug maring Ngastina. Sawusira samêkta, gya bidhal.

12. Madêg ing gupit măndragini Ngastina, Sang Prabu Pandhu Dewanata, lênggah ing pura ingadhêp ingkang putra Radèn Puntadewa, ingayap para parêkan cèthi. Ginêm: ngajêng-ajêng rawuhipun kang rama Sang Maharêsi Abyasa. Tan dangu rawuhira Rêsi Abyasa tuwin garwa Dèwi Ambiki, miwah Dèwi Ambini, tuwin putra Arya Widura, wus sami satata lênggah ing sawatawis, nulya praptanira Dyah Madrim, atur uninga, kang raka Dyah Kunthi sampun karaos ambatêk, Sri Pandhu gugup, kang rama ibu ingaturan manjing kamar gadhing, sang rêsi sigra tindak tuwin kang garwa, Prabu Pandhu anganthi Dyah Madrim.

13. Madêg ing kamar gadhing, sang padniwara Dèwi Kunthi, lênggah sèndhèn ing pagulingan. Kasaru rawuhira Sang Hyang Narada, angirid para widadari. Hyang Kanekaputra angêningakên cipta, ponang cahya cumlorot saking antariksa manjing garbaning Dyah Kunthi, sigra sinundhang. Nulya praptanira Bagawan Krêsna Dipayana dalah garwa, tuwin para putra, Prabu Pandhu sigra sami ngrakêti Dyah Kunthi Nalibrănta. Hyang Narada anyidhikara, luwar kang jabang bayi, sanalika lair, miyos jalu gumilang cahyanira, ngasorakên soroting diwangkara, sigra pinangku Hyang Narada. Hyang Kanekaputra sajarwa maring sang maharêsi miwah Prabu Pandhu. Kasaru rawuhira Hyang Endra maringkên nugraha maring kang jabang bayi, sinung têguh yuwana (rahayu), kapatêdhan nama Arya Pamadi, sêsilih Radèn Arjuna, pinundhut putra Hyang Endra, pinaringan [pina...]

--- 6 : 6 ---

[...ringan] pêparab Radèn Endratanaya. Sang rêsi andhêku nuhun. Tuwin pinaringan jêmparing Kyai Bramastra. Sawusira sami dhawuh, sang jawata kêkalih sami amit kondur maring kahyangan, sigra mêsat.

14. Madêg ing pandhapi Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata, miyos ing păncaniti, tuwin ingkang rama Sang Bagawan Krêsna Dipayana, miwah ari Arya Widura, ingkang sumiwi putra Arya Puntadewa, ingadhêp Patih Arya Găndamana. Kasaru rawuhira Prabu Basudewa, ingiring para rayi, Prabu Bismaka, miwah Arya Ugrasena. Sasampuning satata lênggah, sang bagawan sigra wêwarta, dènira anggarbini Dyah Kunthi sampun ambabar, mijil priya pêkik, sinung nama mring Hyang Guru: Arya Pamadi, sêsilih Radèn Arjuna, sarta pinundhut putra mring Hyang Endra, pinaringan pêparab Radèn Endratanaya. Sang Prabu Basudewa tuwin para ari suka sukur ing jawata.

[Grafik]

Arya Pamadi.

Nulya lêbêting mantri tampingan atur uninga, ing jawi wontên parangmuka andhatêngi saking praja Srawantipura, Prabu Ardawalika. Sang Rêsi Abyasa dhawuh mring putra Arya Widura kinèn mapagakên sarta kinèn nganthi pulunanira Arya Pamadi dhatêng paprangan. Patih Arya Găndamana kinèn umiring, samya sandika, sigra mêdal ing jawi.

Mangkana praptanira ing jawi, samya ayun-ayunan kalihan mêngsah, Prabu Ardawalika prang kalihan Arya Pamadi, Arya Pamadi kadya dinadah. Danguning pra[1] Prabu Ardawalika pêjah dening Sang Arjuna, yitmanira dadya gara-gara agêng anglangkungi, sêsumbar: pamalêsira benjing prang Jayabinangun. Malês Si Arya Pamadi: benjang purun, sapunika purun. Êmban tuwin patih mulat ratunira sirna, tan nêdya urip, ngamuk punggung. Arya Widura miwah Patih Găndamana anadhahi, wadya yaksa tumpês tapis dening satriya kalih, sasisaning pêjah sami lumajêng sar-saran. Arya Widura sigra kondur nganthi putra Arya Pamadi, ingiring Arya Găndamana. Sang Rêsi Abyasa tuwin kang putra Sri Pandhu amêthuk kang samya mundur saking paprangan, sigra binêkta ing păncaniti, bojana ăndrawina, tancêb kayon.

__________

--- 6 : [7] ---

15. Lampahan Radèn Yamawidura Krama.

1. Jêjêr ing nagari Pangombakan, Sang Prabu Dipacăndra, miyos ing păncaniti, kaadhêp ingkang putra Radèn Endrakusuma, tuwin Patih Jayalêgawa, pêpak para punggawa kang sami anangkil. Botên antawis dangu kasaru wontên utusan saking nagari Tunggulmalaya, nama Patih Dhêndhabau, kautus ngaturakên nawala. Sasampuning sêrat tinampèn, winangsulan datan mawi nawala. Ratunira pinurih dhatêng priyăngga. Caraka ing Tunggulmalaya gya mundur. Sang prabu lajêng dhawuh minta sraya. Lajêng jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Diwati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, kaadhêp ingkang putra Dèwi Padmarini. Kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa myang putra, kinanthi binêkta lênggah satata. Ingkang kinarya imbal wacana, kawontênanira ing păncaniti. Lajêng sami tindak dhatêng ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, putra Radèn Endrakusuma, tuwin patih Jayalêgawa, miwah para punggawa, rêmbag anggèning ngupaya sraya, tuwin anulak caraka saking Tunggulmalaya. Sasampuning samapta, gya bidhal kapalan.

Mangkana lampahira caraka saking Tunggulmalaya, sarêng dumugi ing margi, katututan barising wadya ing Pangombakan, pasulayaning rêmbag, dadya prang. Patih Dhêndhabau kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

4. Madêg ing nagari Tunggulmalaya, Sang Prabu Dewasrani, miyos ingadhêp patih jawi nama Baudhêndha. Sang nata utusan anjujul caraka ingkang dhatêng nagari Pangombakan. Ingkang dhinawuhan lumampah punggawa ditya nama Kalamaya tuwin Kalakeya sapanêkarira, kanthi Togog tuwin Sarawita. Sapêngkêring punggawa, Patih Baudhêndha dhinawuhan anjampangi, lajêng pangkat anggêgana.

5. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Krêsna Dipayana, miyos ing păncaniti, ingadhêp kang putra Radèn Yamawidura, tuwin Patih Jayaprayitna, miwah para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata dhawuh dhumatêng ingkang putra Radèn Yamawidura, kinèn têtulung dhatêng ing nagari Pangombakan. Ingkang [Ing...]

--- 6 : 8 ---

[...kang] putra sagah, lajêng dhinawuhan pangkat sarta pinaringan kanthi punakawan têtiga: Sêmar, Nala Garèng, Petruk, bidhal. Sang nata ngadhaton.

Mangkana lampahira Radèn Yamawidura, sarêng dumugi margi kapapag baris wadya Pangombakan, ingkang ngupaya sraya, atanya-tinanya. Radèn Yamawidura tinantun pininta sraya sagah anglampahi. Wasana Radèn Yamawidura lajêng ingiring dhatêng Pangombakan. Mangkana lampahira Radèn Yamawidura, sarêng dumugi samadyaning wana, kapapag baris ditya ing Tunggulmalaya kang arsa nusul maring Pangombakan. Pasulayaning rêmbag, dadya prang, wadya ditya ing Tunggulmalaya pêjah jinêmparing. Wasana Radèn Yamawidura lajêng lampahira.

6. Madêg ing nagari Tunggulmalaya, Sang Prabu Dewasrani, miyos ingadhêp para punggawa ditya sadaya. Ginêm: sang nata angarsa-arsa punggawa ditya kang ingutus maring nagari Pangombakan, sampun sawatawis dintên dèrèng wontên dhatêng. Botên antawis dangu, dhatêngipun Ki Lurah Togog tuwin Sarawita, matur tiwasing margi, bilih punggawa ditya kang maring Pangombakan, dumugi ing margi sami kapêjahan dening Radèn Yamawidura. Sang nata dupi miyarsa aturing Lurah Togog tuwin Sarawita, saklangkung duka yayah sinipi, Sang Prabu Dewasrani arsa nyalirani piyambak. Botên watawis dangu, sang prabu undhang mring wadyabalanipun, arsa lumurug maring Pangombakan, kinèn siyaga dêdamêling aprang, sampun samapta, lajêng bidhal sawadyabalanira.

[Grafik]

Radèn Yamawidura.

7. Madêg ing nagari Pangombakan, Sang Prabu Dipacăndra, miyos ing pandhapi kaadhêp para punggawa sadaya. Botên wawatawis[2] dangu, rawuhipun ingkang putra Radèn Endrakusuma, tuwin Patih Jayalêgawa, kanthi angirid Radèn Yamawidura, ingkang arsa sinaraya. Radèn Yamawidura lajêng katampèn. Kasaru dhatêngipun Patih Baudhêndha, ingutus ratunira nyuwun Sang Dèwi Padmarini. Pasulayaning rêmbag, dadya prang, Radèn Yamawidura kaabên kalihan Patih Baudhêndha, prang langkung rame. Danguning prang, Patih Baudhêndha sawadyanira jinêmparing dhatêng Radèn Yamawidura kabuncang ing maruta, sirna sadaya. Satêlasing mêngsah, Radèn Yamawidura lajêng kadhaupakên kalihan kang putra Dèwi Padmarini, lajêng pondhongan.

8. Madêg Sang Hyang Pramuni, kasaru dhatêngipun Sang Prabu Dewasrani, matur pratela kalihan anangis [ana...]

--- 6 : 9 ---

[...ngis,] nyuwun putri ing Pangombakan. Sang Hyang Pramuni sagah.

9. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Krêsna Dipayana, miyos ingadhêp Patih Jayaprayitna, tuwin para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata dhawuh mring Patih Jayaprayitna, miwah sagung para wadyabala, bilih sang nata karsa tindak maring nagari Pangombakan. Kinèn sami siyaga, sampun samapta, lajêng bidhalan.

10. Madêg ing nagari Pangombakan, Sang Prabu Dipacăndra, miyos ing pandhapi ingadhêp kang putra Radèn Endrakusuma, tuwin putra mantu Radèn Yamawidura, tuwin Patih Jayalêgawa, miwah para punggawa pêpak kang anangkil. Kasaru rawuhira Sang Prabu Krêsna Dipayana. Botên watawis dangu kasaru sowanipun parêkan, angaturi uninga, bilih pangantèn kadhustha ing pandung. Sarêng mirêng aturing parêkan, Sang Prabu Abyasa tuwin Radèn Yamawidura samya ngupadosi.

11. Madêg ing pasanggrahan, rawuhipun Sang Hyang Pramuni sampun ambêkta pangantèn putri, kajujugakên ing dalêm pêngkêran.

[Grafik]

Prabu Abyasa.

12. Madêg ing dalêm pasanggrahan, Dèwi Padmarini rinungrum Sang Prabu Dewasrani, Dèwi Padmarini lumajêng, dumugi ing jawi pinanggih Sang Prabu Abyayasa,[3] Dèwi Padmarini lajêng linêbêtakên dhatêng sêsupenipun Radèn Yamawidura. Prabu Dewasrani lajêng prang kalihan Radèn Yamawidura langkung rame, sarta prang kalihan Prabu Abyasa. Radèn Yamawidura lajêng oncat, Sang Prabu Dewasrani lajêng anututi dhumatêng nagari Pangombakan.

13. Madêg ing nagari Pangombakan, Sang Prabu Dipacăndra miyos ing pandhapi. Kasaru rawuhira Prabu Abyasa, pangantèn lajêng anjujug ing dalêm, ing jawi prang rame. Prabu Dewasrani ngêculakên sanjata, tinadhahan sami jêmparing, lajêng babar Bathari Durga, kanthi punakawan kemawon. Prabu Dewasrani binêkta oncat kalihan Bathari Durga. Sadaya wadyabalaning mêngsah larut dening Sang Prabu Abyasa, tuwin salêbêtipun sapêkên Radèn Yamawidura lajêng kajumênêngakên prabu anom. Sampuning imbal wacana makatên lajêng bibar, mangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

--- 6 : [10] ---

16. Lampahan Basudewa Rabi.

1. Jêjêr ing nagari Mandura, Prabu Kunthiboja, pinuju miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi: Radèn Arya Prabu tuwin Radèn Ugrasena, Patih Saragupita. Ingkang rinêmbag: icalipun ingkang putra Radèn Basudewa. Radèn Arya Prabu ingutus paring uninga dhatêng Ngastina. Radèn Ugrasena dhinawuhan ngupadosi. Sang nata lajêng jêngkar ngadhaton.

[Grafik]

Prabu Kunthiboja.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Sumarta, pinuju lênggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Katungka rawuhing sang nata saking ing păncaniti, imbal wacana anggènipun miyos amăncaniti. Sang nata lajêng minggah ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Prabu, Radèn Ugrasena, tuwin Patih Saragupita, dhawuh siyaga, lajêng bidhal kapalan dhatêng Ngastina.

4. Madêg ing Bigala, Prabu Kakarsa, pinuju miyos siniwaka, ingadhêp Patih Jayadhêndha. Ingkang rinêmbag: sang prabu gandrung asmara kalihan Rêtna Dèwi Maera, putranipun Prabu Dipacăndra, ing nagari Widarba, putranipun kakung nama Radèn Dipasudya. Sang Prabu Kakarsa dhawuh dhumatêng Patih Jayadhêndha, kadhawuhan ngaturakên sêrat panglamar. Sapêngkêring Patih Jayadhêndha, sang nata miji wadya danawa, kadhawuhan mêmanuki, lajêng pangkat. Dumugi ing margi kapapag wadya ing Mandura, prang. Wasana sêsimpangan ing margi.

5. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Pandhu, pinuju miyos ingadhêp Patih Jayaprayitna. Kasaru sowanipun Radèn Arya Prabu, matur ingutus paring uninga, ingkang raka Radèn Arya Basudewa murca [mur...]

--- 6 : 11 ---

[...ca.] Ingkang rayi Radèn Arya Prabu lajêng pamit kondur. Prabu Pandhu lajêng pangkat ngupadosi mêdal ing wana, kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Dumugi ing margi kêpapag wadya danawa ing Bigala, prang, danawa jinêmparing pêjah, Prabu Pandhu lajêng lampahipun, tuwin parêpat tiga.

6. Madêg ing wukir Maendra, Bagawan Kawita, gadhah putra nama Endhang Maerah, kinêpung rajaning sato warni dirada. Sang wiku minta sraya.

Prabu Pandhu ngupadosi ingkang raka Radèn Arya Basudewa, uninga teja wontên sarungguting lêngkèh, Radèn Basudewa ginuntur ing dahana.

7. Madeg Radèn Arya Basudewa, lênggah samadi wontên sangandhaping mandera, lêngkèhing rêdi, ginunturan ing dahana botên ebah. Rawuhipun Prabu Pandhu rinangkul, Radèn Arya Basudewa binoyong ing Prabu Pandhu. Binêkta kondur botên karsa. Kasaru dhatênging Bagawan Kawita, minta sraya. Prabu Pandhu matur dhatêng ingkang raka supados dipun tulungi. Prabu Pandhu mêmanuki, lajêng pangkat.

[Grafik]

Arya Prabu Pandhu Dewanata.

8. Madêg dirada raja sawadya buron wana, mirêng ing wukir Maendra, Bagawan Kawita, sampun minta sraya, raja dirada lajêng nglurug sawadyanira, sadumugining pratapan lajêng prang. Raja dirada sawadyanira pêjah sadaya, jinêmparing dening Radèn Arya Basudewa. Kuwandaning sato babar jawata kêkalih. Radèn Arya Basudewa dhinawuhan rabi Dèwi Maerah tuwin Dèwi Maera. Ingkang dados sêpuh Dèwi Maerah.

9. Madêg ing Bigala, Prabu Kakarsa, ingadhêp Patih Jayadhêndha, matur ing Widarba wontên sayêmbara prang. Sang prabu lumurug dhatêng Widarba sawadya, lajêng bidhal.

10. Madêg ing Widarba, Prabu Dipacăndra, miyos ingadhêp ingkang putra Radèn Dipasudya, matur badhe ngadêgakên sayêmbara prang, sintên ingkang ngawonakên piyambakipun, dados jodhonipun kangbok ayu Dèwi Maera. Kasaru sowanipun Radèn Arya Basudewa, malêbêt sayêmbara lajêng prang rame. Danguning prang Radèn Arya Basudewa ginêtak dhawah, sinidhikara dening Prabu Pandhu, lajêng [la...]

--- 6 : 12 ---

[...jêng] purun mangsah prang malih. Radèn Dipasudya jinêmparing pêjah, kuwănda kabêsmi, dados dewa. Radèn Arya Basudewa lajêng kadhaupakên kalihan Dèwi Maera. Sasampuning pondhongan, lajêng kabêkta dhatêng ing Mandura.

11. Madêg ing Bigala, Prabu Kakarsa, ingadhêp Patih Jayadhêndha, sang nata dhawuh siyaga dêdamêl karsa nglurug dhumatêng ing Mandura. Sasampuning siyaga lajêng pangkat sawadya bidhalan.

12. Madêg ing nagari Mandura Prabu Kunthiboja, pinuju miyos, ingkang sumiwi Radèn Arya Prabu, tuwin Radèn Ugrasena, sowanipun Prabu Pandhu tuwin pangantèn Radèn Arya Basudewa. Kasaru dhatêngipun Prabu Kakarsa, sumêdya ngrêbat Dèwi Maera. Prabu Pandhu botên suka, lajêng prang. Prabu Kakarsa pêjah, para wadya sami ambelani. Tancêb kayon.

__________

--- 6 : [13] ---

17. Lampahan Kăngsa Lair (Basudewa Grogol).

1. Jêjêr ing nagari Mandura, Prabu Basudewa, miyos ing sitinggil binata rata, kaadhêp para ari nata: Arya Prabu Bismaka, Radèn Arya Ugrasena, Patih Saragupita, Saraprabawa. Rêmbag: sri nata karsa badhe ambêbêdhag buron wana, ing wana pacangkraman kadhawuhan masangi grogol, inggih punika wana Winangsraya. Kasaru praptanira kang rayi ipe nata ing Ngastina Prabu Pandhu Dewanata, sasampuning lênggah satata, sami rêmbag anggènira arsa ambêbêdhag dhatêng ing wana, Prabu Pandhu Dewanata badhe andhèrèk tindaking Raka Prabu Basudewa, lajêng ngadhaton kalihan ingkang rayi Prabu Pandhu Dewanata.

2. Madêg ing kadhaton, pramèswari nata putri têtiga: Dèwi Maerah, Dèwi Maera, Dèwi Badrahini, lênggah ing prabasuyasa, ngêntosi kondurira sri nata. Dèrèng dangu sri nata kondur, para pramèswari mêthuk sang nata, lajêng lênggah satata, imbal wacana kawontênanipun păncaniti, lajêng tindak ing pambojanan kalihan kang rayi Prabu Pandhu Dewanata.

3. Madêg ing paseban jawi, Arya Prabu Bismaka, Arya Ugrasena, Patih Saragupita, Saraprabawa, parêpatira Prabu Pandhu Dewanata: Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Rêmbag siyaga ing damêl: katungka sri nata kêkalih mijil saking kadhaton, lajêng nitih turăngga. Arya Prabu Bismaka tuwin Arya Ugrasena bidhal andhèrèk tindak dhatêng pagrogolan wana Winangsraya.

4. Madêg Prabu Gorawăngsa, nata rasêksa ing nagari Guwabarong, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa, ingkang rayi Patih Suratimăntra, para punggawa pêpak. Kang ginunêm: Prabu Gorawăngsa gandrung asmara lawan putri garwanira Prabu Basudewa kang nama Dèwi Maerah, karsaning nata arsa andhustha, amargi duk wau Dèwi Maerah punika pacanganipun. Lajêng animbali punggawa ditya nama Kalagorandha, kinèn rumiyin pacak baris sajawining praja Mandura. Lajêng bibaran.

5. Madêg ing paseban jawi, Kalagorandha, Kalapraweka, Kalapramoda, sami siyaga dêdamêl badhe angkatira dhatêng Mandura: sasampuning samapta, sawadya bidhal. Kang dados pangajêng Kyai

--- 6 : 14 ---

Togog, Sarawita: lampahira kapapag wadya Mandura, sulayaning rêmbag: dadya prang. Wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg kahyangan Nguntarasagara, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Darma, Sang Hyang Basuki. Rêmbag dènira arsa nitis piyambak-piyambak. Sang Hyang Wisnu ngancas nitis dhatêng Mandura, kalihan Sang Hyang Basuki. Sang Hyang Darma nêdya nitis dhatêng Ngastina. Garwanira Sang Hyang Wisnu kêkasih Dèwi Sri, botên sagêd kantun, nêdya nitis dhatêng Mandura: sasampunira sarêmbag, lajêng pangkat.

7. Madêg ing pasanggrahan pagrogolan, Sri Basudewa sampun rawuh kalihan kang rayi Prabu Pandhu Dewanata dalah para rayi, para wadya sampun lêrêm. Prabu Pandhu pamit angubêngi pagrogolan, lajêng mangagêm kasatriyan, kadhèrèkakên parêpat têtiga, lampahira dumugi tengahing wana, kapapag wadya ditya saking Guwabarong. Sulayaning rêmbag: dadya prang. Wadya ditya tuwin para punggawa sami pêjah, kang alit sami lumajêng, Prabu Pandhu lajêng lampahipun.

8. Madêg ing kahyangan Setragăndamayu, Sang Hyang Pramuni miyos, ingkang mungging ngarsa ditya siluman: Jaramaya, Jurumeya, sami dhinawuhan angrêncana dhatêng pagrogolan Winangsraya (amargi parêk lan kahyangan Setragăndamayu). Para wadya siluman sandika, lajêng bidhal sakancanipun.

9. Madêg ing pagrogolan, para punggawa ing Mandura sami nyêpêngi buron wana, sadaya sami pariksa danawa saking Setragăndamayu angrisak jaro (pagêr pagrogolan), patih sakancanipun sami bingung, kathah buron wana kang kabrosot mêdal, lajêng atur uninga mring sang nata.

Sinigêg, Prabu Basudewa lênggah kaadhêp para rayi, Patih Saragupita, majêng mangarsa atur uninga risaking grogol wau. Sasampunira tampi aturing patih, Sri Basudewa kraos ing galih, para garwa pramèswari kadhawuhan amboyongi dhatêng pasanggrahan, ingkang kautus Arya Prabu Bismaka, pangkat kanthi wadya sawatawis.

10. Madêg Prabu Gorawăngsa, dèn adhêp Patih Suratimăntra, sang nata adrêng arsa tindak lampah mangendrajala andhustha Dèwi Maerah. Kasaru dhatêngira Kyai Togog, Sarawita, atur pariksa, punggawa kang sami dinuta dhatêng Mandura sami pêjah wontên ing margi dening Prabu Pandhu Dewanata. Sri nata langkung duka, lajêng pangkat pribadi lampah sandi: pindha warna Prabu Basudewa, nêdya nyidra Dèwi Maerah.

--- 6 : 15 ---

11. Madêg ing kadhaton Mandura, ing wanci dalu rawuhipun sang pindha Prabu Basudewa, lajêng animbali garwa Dèwi Maerah, manjing paprêman. Dèrèng dangu dhatêngipun Arya Prabu Bismaka, andangu parêkan, ingkang bakayu para pramèswari sami lênggah ing pundi. Aturing parêkan: kang bakayu Dèwi Maera kalihan Dèwi Badrahini sami sare ing têngganipun piyambak-piyambak, dene Dèwi Maerah: sare kalihan kang raka Prabu Basudewa, amargi punika wau dèrèng dangu rawuhipun Dèwi Maerah ingkang katimbalan sare: ing ngriku Arya Prabu langkung duka, pasamiranira kang raka dhinodhogan sarwi nguwuh mring kang bakayu Dèwi Maerah. Ing ngriku kang pindha Prabu Basudewa mêdal, lajêng păncakara, kang pindha Prabu Basudewa kasuduk: pêjah, wangke babar dadya rasêksa, lajêng binucal ing jawi, Arya Prabu lajêng wangsul mring pagrogolan.

12. Madêg ing pasanggrahan pagrogolan, Prabu Basudewa kalihan Prabu Pandhu Dewanata, para wadya sami marêk ing ngarsa. Dhatêngipun Arya Prabu Bismaka, matur madya wusananira, ingkang bakayu Dèwi Maerah kacidra ing rêsmi raja danawa wau, dene duratmaka pêjah pinarjaya. Sang Prabu Basudewa duka, Dèwi Maerah kadhawuhan ambêkta dhatêng wana kinèn mêjahi. Dene Dèwi Maera, Dèwi Badrahini, kadhawuhan lajêng amboyongi dhatêng pasanggrahan. Arya Prabu matur sandika, bidhal. Dumugi ing kadhaton Mandura, pramèswari kêkalih lajêng kaboyong katur kang raka sang nata, Dèwi Maerah lajêng kabêkta dhatêng wana badhe pinêjahan katingal sampun anggarbini, Arya Prabu botên têgêl mêjahi, lajêng katilar kewala.

13. Madêg pratapan Wisarêngga, Bagawan Ănggawăngsa, tampi wangsiting dewa kinèn mupu putri kang anggarbini nèng madyaning wana. Ngandika dhatêng para cantrik pinurih rêrêsik pratapan. Sang pandhita pangkat ngupaya, lajêng pinanggih lawan Dèwi Maerah, kapupu: purun. Sadhatênging pratapan, dèrèng dangu jabang bayi lair jalêr, kanamakakên Jaka Maruta. Ing ngriku kacarita agêngira kalawun-lawun, lajêng pitakèn bapa, jinarwanan sang pandhita, bilih piyambakipun punika putra Prabu Basudewa, ing nagari Mandura, sarta winêling lamun arsa dhatêng Mandura, kapurih anêlukna ingkang madêg nata ing nagari Guwabarong, ing têmbe dadya bala. Jaka Maruta lajêng pangkat.

Madêg ing nagari Guwabarong, Arya Suratimăntra, lawan para punggawa, mirêng warta bilih ingkang raka Prabu Gorawăngsa sampun sirna anèng kadhaton Mandura, malah Dèwi Maerah ingkang cinidra ing rêsmi kang raka, punika sampun anggarbini, nanging kabucal dhatêng wana. Dèrèng dangu praptaning Jaka Maruta

--- 6 : 16 ---

soroh amuk, Arya Pancadnyana mapagakên, Jaka Maruta sêsumbar putraning Dèwi Maerah. Arya Pancadnyana duk tumingal kathah èmpêripun warnining kang raka Prabu Gorawăngsa, wasana Arya Pancadnyana matur kathah-kathah ngaturakên kadhaton ing Guwabarong, jinarwan manawi kagunganira Jaka Maruta pribadi. Jaka Maruta sangêt bingah anarimah, lajêng angundhangi wadya ditya dhatêng Mandura, pangkat.

14. Madêg Prabu Basudewa, sampun kondur saking pagrogolan lênggah ing pandhapi lawan para rayi: Arya Prabu Bismaka, Arya Ugrasena. Kacariyos Prabu Pandhu Dewanata sampun kondur dhatêng Ngastina, para garwanira Prabu Basudewa, kacariyos sampun sami anggarbini kalih pisan. Kasaru dhatêngipun Jaka Maruta sawadyanira soroh amuk. Para arya mijil ing jawi mapagakên sami angsal tandhing, Jaka Maruta pinanggih Sang Prabu Basudewa, matur lamun kang putra, patutanipun saking Dèwi Maerah. Sang nata giris ningali agêng inggiling Jaka Maruta, wasana kaakên. Para wadya kang sami ayuda sinapih, lajêng bojana andrawina. Tancêb kayon.

__________

--- 6 : [17] ---

18. Lampahan Lairipun Kakrasana, Narayana.

1. Jêjêr nagari Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Puntadewa, Arya Parta, tuwin Patih Arya Găndamana. Sang nata anggalih putranira kang panênggak amiyos bungkus. Kasaru dhatêngipun caraka saking Mandura Arya Prabu Bismaka, dinangu matur ingutus kang raka Prabu Basudewa, atur uninga: Dyah Maera dènira anggarbini sampun karaos ambatêk. Sang Prabu Pandhu Dewanata ingaturan. Sri Pandhu Dewanata sagah, kang rayi Arya Prabu Bismaka dhinawuhan rumiyin, sigra amit linilan pangkat. Sri Pandhu kondur angadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Kunthi Nalibrănta tuwin Dèwi Madrim, pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan miwah êmban inya. Ginêm: ingkang putra panênggak maksih kabucal wontên ing wana. Kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa kêkalih, kinanthi binêkta lênggah. Sri Pandhu paring pariksa, Dhatêngipun Arya Prabu Bismaka ingutus paring priksa, kakangira Dyah Maera dènira anggarbini sampun ambatêk, ambabar. Ingsun tinimbalan mring Mandura. Sang prabu animbali putra Radèn Puntadewa miwah Radèn Pamadi, kinèn anuwèni kang rayi wontên ing wana, samya sandika, amit linilan. Sri Pandhu Dewanata sigra busana, sawusira busana sigra tindak.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Găndamana tuwin Arya Prabu Bismaka. Ginêm: sang rajaputra arsa kondur, Patih Arya Găndamana umiringkên kondurira, sami samêkta, bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Ngawăngga, Prabu Karnarudraksa, ingadhêp putra Arya Kalakarna, tuwin Patih Kalakaskaya. Ginêm: arsa murina sedaning raka Prabu Gorawăngsa. Sang prabu arsa lumurug maring Mandura, Patih Kalakaskaya umatur: Prayogi utusan punggawa rumiyin. Sang prabu suka nayogyani, sigra animbali punggawa ditya, wus praptèng ngarsa, sinung dhawuh kinèn maring praja Mandura, punggawa ditya sandika, amit linilan, sigra mêdal ing jawi.

--- 6 : 18 ---

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya: Kalaboja, Kalanityaka, Kalaastaka. Rêmbag sami siyaga dêdamêl anggènira ingutus sri nata dhatêng nagari Mandura. Sasampunira samêkta sigra bidhal, Kyai Togog, Sarawita dadya cucuking lampah. Lampahira dumugi ing margi kapapag wadya ing Ngastina, samya takèn-tinakèn ing sêdya. Sulayaning rêmbag dadya prang, wadya ditya saking Ngawăngga kasêsêr, lajêng nyimpang margi, wadya Ngastina lajêng lampahira.

6. Madêg ing samadyaning wana, rajaputra ing Ngastina, awarni bungkus galundhang-galundhung, tan sigi tan ngucap. Radèn Puntadewa anggung angrangkul bungkusira, kang rayi Radèn Pamadi ngrangkul karuna, satriya kêkalih sami kasok ing wardaya. Tan dangu wontên sih marmaning jawata, Radèn Puntadewa miwah Radèn Pamadi winangsid ing jawata, ing têmbe mijil priya. Satriya kalih kinèn atur uninga maring ibu miwah rama, pambabarira kirang sasiliring bawang. Radèn Punta, Radèn Pamadi sigra kondur maring Ngastina, Lurah Sêmar umiring.

[Grafik]

Sang Hyang Pramèsthi Guru.

7. Madêg ing wana, lampahira Radèn Puntadewa tuwin Radèn Pamadi, dupi dumugi ing têpining wana, kapapag baris ditya, dadya prang, rasêksa pêjah dening satriya kêkalih, Radèn Puntadewa miwah Radèn Pamadi lajêng lampahira.

8. Madêg ing Jonggringsaloka, Sang Hyang Guru lênggah ing marcukundha, ingadhêp para jawata tuwin para widadari, pêpak andhèr nèng ngarsa. Ingkang ginunêm: Hyang Siwah andangu kang dadya gègèring suralaya. Hyang Narada matur: Putra paduka pun Wisnu arsa mit tumurun mring Mandura, sêdya sajiwa kalihan sutèng Prabu Basudewa: pun Krêsna. Utawi pun Naga Basuki, sêdya sajiwa kalihan kang sêpuh, pun Seta. Hyang Guru dhawuh mring Hyang Narada kinèn tumurun enggal-enggal maring Mandura, ambêkta Wisnu tuwin kaalusanira Basuki, sarta putra pun Wisnu kawêdalna rumiyin, kang Seta kantun, awit pun Seta dadya sêpuh, awit punika gondhang kasih. Hyang Narada sandika, sigra mêsat.

9. Madêg ing kahyangan Sawangansagara, Hyang Wisnu lênggah tuwin kang rayi Sang Hyang Basuki. Ginêm:

--- 6 : 19 ---

dènira arsa tumurun maring Mandura, sêdya nuhoni pratignyanira nalika tumurun nèng Ngayodyapala, nanging inggih cumadhong karsanira Hyang Girinata. Anulya rawuhira Hyang Narada, ngandika ngêmban dhawuhe Hyang Padawinênang, sira pradandana aja nganti kasuwèn padha sun gawa maring Mandura. Hyang Wisnu, Hyang Basuki sandika, sigra sami binêkta tumurun.

10. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Basudewa, lênggah ing pandhapi kaadhêp kang rayi Arya Prabu Ugrasena tuwin patih. Ginêm: angajêng-ajêng praptanira kang rayi Arya Prabu Bismaka. Tan dangu rawuhira Prabu Pandhu Dewanata, Sri Basudewa amêthuk, kinanthi binêkta lênggah. Kasaru dhatêngira kang rayi Arya Prabu Bismaka, satata lênggah, sampun bagya-binagya. Ginêm: Prabu Basudewa dènira anggung prihatin, dene garwa sampun badhe ambabar, nanging dèrèng kaparêng saking karsaning Hyang Suksma Kawêkas. Kasaru sowanipun parêkan Nyai Sagopi, dinangu matur: ingutus jêng pramèswari, paduka kaaturan manjing kadhaton, Dyah Maera sampun karaos ambatêk. Sang Prabu Basudewa gugup, sigra tindak, kang rayi Prabu Pandhu Dewanata binêkta, tuwin para ari umiring.

11. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Maera, lênggah sèndhèn ingadhêp kang rayi pramèswari Dyah Badrahini. Dyah Maera karaos ambatêk, nanging tan sangsaya.

Mangkana rawuhira dutaning Hyang Suksma, Hyang Kanekaputra ngirid para widadari ngampil pirantining pasukcian. Dyah Maera manêmbah, Hyang Narada sigra angundhang, sarwi angêtrapakên panduking panuksmanira Hyang Wisnu, miwah Hyang Basuki, sampun sajiwa. Rawuhira Prabu Basudewa miwah Prabu Pandhu Dewanata tuwin para ari samya ujung Hyang Narada. Jabang bayi sinidhikara wus ambabar mijil priya kêkalih warni gondhang kasih, Sri Basudewa suka sukur ing jawata. Sri Basudewa sinasmitan tanggap, sigra majêng anyakot pusêring jabang bayi kang sêpuh Radèn Seta, nulya kang nèm Radèn Krêsna, ginigit pusêrira mring rama tan pasah, sitra[4] ginigit mring rama Prabu Pandhu Dewanata, ponang pusêr wus pêgat. Jabang bayi nulya cinandhak para widadari dèn dusi banyu gege dadya gêdhe, sinidhikara Hyang Narada, sanalika bangkit ngabêkti. Hyang Narada ngandika: Sapungkur ingsun, ing Mandura katêkan ing parangmuka saka praja Ngawăngga, jabang bayi ing têmbe kaadua. Sri Basudewa sandika, Hyang Narada tuwin para widadari sigra mêsat ngambara kondur maring kahyangan.

12. Madêg ing nagari Ngawăngga Prabu Karnarudraksa, miyos ing păncaniti, pêpak sagung kang nangkil, kang mungging ngarsa putra Arya Kalakarna, tuwin ari nata Radèn Suratimăntra. Ginêm:

--- 6 : [20] ---

[Grafik]

Tumurunipun Hyang Wisnu tuwin Hyang Basuki manjanma dhatêng para rajaputra ing Mandura.

--- 6 : 21 ---

angajêng-ajêng lampahing duta. Radèn Suratimăntra atur uninga mring raka, Dèwi Amirah (Maerah) pramèswari Mandura ingkang ulah lambangsari kalihan kakang Prabu Gorawăngsa, măngka lajêng anggarbini, sapunika sampun ambabar, mijil jalu pinêkik, pinaringan nama dening dewa: Radèn Prakăngsa, punika ing têmbe pantês gumantya Natèng Mandura, sang prabu anjurungi. Dene putrane kakang prabu kang tuwa Radèn Wisamarta, jumênêngna Natèng Nungsakambangan, sira ngêmonga marang Radèn Prakăngsa. Dèrèng dugi ngandikan, nulya praptanira Togog, dinangu matur, angaturakên tiwasing duta nata, punggawa ditya têtiga pêjah dening satriya tanah Jawi. Sang prabu dupi miyarsa duka yayah sinipi, sigra dhawuh mring patih: Sira undhangana wadyabalanira, kinèn padha samêkta, ingsun arsa tindak lumurug ngrabasèng prang maring praja Mandura. Patih sandika, gya undhang, wusira samêkta sigra nêmbang têngara bidhal, sang prabu tumêdhak kêbut wadyabalanira.

[Grafik]

Arya Narayana.

[Grafik]

Arya Kakrasana.

13. Madêg ing nagari Ngastina, ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Kunthi Nalibrănta tuwin Sang Dyah Madrim, samya pinarak ing prabasuyasa ingayap para pawongan cèthi. Angajêng-ajêng kondurira narendra, nulya praptanira kang putra Arya Puntadewa tuwin rayi Radèn Pamadi, samya ngaras padanira [pa...]

--- 6 : 22 ---

[...danira] kang ibu, dinangu matur solah tingkahira duk tuwi kadang kang anèng wana, dèrèng waluya taksih awujud bungkus, dhawuh wasitaning dewa sampun kaaturakên sadaya, ing purwa madya wasana, Dyah Kunthi suka sukur ing jawata. Sang pramèswari karsa minggah ing pamêlêngan anganthi kang putra kalih.

14. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Basudewa, miyos ing sitibêntar tuwin kang rayi Sri Pandhu Dewanata Ngastina, miwah anganthi putra kalih, Radèn Seta sinung nama Arya Kakrasana, Radèn Krêsna sinung nama Arya Narayana, punika nama saking pêparingipun dewa. Lagya eca dènira ngandikan, kasaru lêbêtira rêkyana patih, atur uninga wontên parangmuka andhatêngi saking praja Ngawăngga, praptanira ambêbahak, anjarah-rayah. Sri Basudewa gugup, sigra dhawuh mring Arya Ugrasena, mangsah. Sri Pandhu Dewanata amit arsa mêdali ing adilaga, anganthi putra kêkalih, Sri Basudewa suka jumurung.

Praptanira ing jawi wus panggih ayun-ayunan lan mêngsah, Arya Ugrasena mangsah kapraconthang,[5] mundur. Nulya rajaputra kalih ingabên, sri yaksendra pêjah dening satriya kalih, sampak. Patih sapunggawa barubuh, bela ing gustinira. Arya Ugrasena ngamuk ambêkta gada, Sri Pandhu angudanakên jêmparing, wadya rasêksa wus sirna. Sasisaning pêjah lumayu sar-saran.

Nulya sami mundur, Sri Basudewa amêthuk, sami binêkta minggah ing păncaniti. Prabu Pandhu Dewanata anggung sinungga-sungga, bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

--- 6 : [23] ---

19. Lampahan Kăngsa Abên-abên.

1. Jêjêr ing nagari Mandura, Prabu Basudewa, miyos ing păncaniti, ingkang mungging ngarsa ari nata, Radèn Arya Prabu tuwin Radèn Ugrasena, kasaru sowaning putra ing kadipatèn, Radèn Jaka Maruta (Kăngsa) gadhah panuwun dhatêng kang rama ngabên sawung tiyang, ingkang dadya sawung kadipatèn: Ditya Suratimăntra, sampun kaparêngakên, gya mundur. Radèn Arya Prabu kautus kang raka sang nata dhumatêng Widarakandhang, dhawuh mring Kyai Ăntagopa, kinèn rêmit animpên kang putra. Radèn Ugrasena kautus ngupaya sawung, gya luwaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, Sang Rêtna Dèwi Maerah tuwin Dèwi Badrahini, katungka konduripun sang nata, rêmbag anggènipun miyos ing păncaniti, lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Prabu tuwin Radèn Ugrasena, Patih Saragupita sarta Patih Saraprabawa. Rêmbag andum damêl, sasampuning siyaga, bidhal asowang-sowang.

4. Madêg ing kadipatèn, Radèn Kăngsa, ingadhêp Suratimăntra, rêmbag mirêng warta, ing Widarakandhang wontên kênya langkung ayu, sutaning Kyai Ăntagopa, lajêng nimbali rota danawa dhinawuhan mundhut dhatêng Widarakandhang.

5. Madêg ing paseban jawi, punggawa ditya Kalamamrang, tuwin Kalapragăngsa, sarta Kalamarwata, rêmbag anggènipun dinuta, sampuning siyaga budhal kanthi wulucumbu: Ki Wijamantri, Tejamantri.

6. Madêg ing Widarakandhang, Kyai Ăntagopa, kalihan semahira Nyai Sagopi. Kang rinêmbag timbuling putra, Radèn Kakrasana tuwin Radèn Narayana, kasaru rawuhipun Radèn Arya Prabu andhawuhakên dêduka, kenging punapa, dikakakên rumêksa banthèng tracak waja sarta kidang wulung [...]ka sami saba ngalun-alun, sarta lunge pandhanwangi têka rumambat ing kadipatèn Sêngkapura. [...] Ăntagopa rewa-rewa tan uninga, lajêng dipun rangkèt, tinulungan ingkang putra Wasi Jaladara, Radèn Arya Prabu oncat kondur, Radèn Jaladara pamit dhatêng patapan Ngargasonya.

--- 6 : 24 ---

Kasaru dhatênging rota danawa caraka kadipatèn, mundhut palara-lara Rara Irêng, Ăntagopa tan suka, dadya prang rame. Rêtna Rara Irêng kabêkta lumajêng êmbokipun: Nyai Sagopi, Ăntagopa binănda, danawa nututi Nyai Sagopi lawan Rêtna Rara Irêng.

7. Madêg ing samdyaning wana, Radèn Parta lawan parêpat tiga. Rêmbag, Radèn Parta arsa sowan dhatêng Mandura, lampahnya dumugi margi kapapag Nyai Sagopi lawan Rêtna Rara Irêng, nêdha pitulungan Radèn Parta: sagah, rêksasa dhatêng nêdha Rêtna Rara Irêng, Radèn Parta tan suka, dadya prang, sagung danawa kasor, pêjah jinêmparing, Rêtna Rara Irêng lan Nyai Sagopi, salêbêtipun Radèn Parta păncakara, kinira kasor, lajêng kesah manjing praja, Radèn Parta ngupadosi.

8. Madêg ing pratapan ardi Liman, Bagawan Padmanaba lan Radèn Narayana, Radèn Udawa. Radèn Narayana lagya puruhita, kaparingan sêkar jayakusuma lan sanjata Cakra, sasampuning widagda saliring jaya-jaya, Bagawan Padmanaba nêdha kauntabna pêjahipun, linêksanan cinakra: pêjah, kuwănda binêsmi, nitis maring Radèn Narayana, Radèn Narayana gya kondur.

[Grafik]

Rêtna Rara Irêng.

9. Madêg ing Ngargasonya, Radèn Kakrasana, nuju tapa, kadhatêngan Sang Hyang Brama, pinaringan pusaka nanggala, winarah pinurih maring praja Mandura. Sang Hyang Brama makahyangan, Radèn Kakrasana lajêng lumampah dhatêng praja Mandura, kapapag kang rayi Radèn Narayana, lajêng katungka dhatêngipun Rêtna Rara Irêng, sigra dhatênging Parta, rêmbag arsa ningali abên-abên, Rêtna Rara Irêng tumut Radèn Narayana.

10. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, pinuju miyos kaadhêp ingkang rayi Radèn Arya Bratasena tuwin Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn, dhatêngipun kang paman Radèn Ugrasena. [...]s kang uwa, nyambut Radèn Arya Bratasena, kinarya sawung, sagah lajêng pangkat.

11. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Basudewa, ingadhêp Radèn Arya Prabu, dhatêngipun kang rayi [...] Ugrasena, ngirid Radèn Arya Bratasena, lajêng ginabah, Radèn Ugrasena dhatêng kadipatèn ngajak ngêdalakên sawung.

--- 6 : 25 ---

12. Madêg ing kadi[...] Suratimăntra, lagya ginabah, dhatêngipun Radèn Ugrasena [...] gya pangkat mring alun-alun, sawung sami ingabên prang rame.

Sigêg, adêgipun Radèn Parta, ningali nèng kilèn ngalun-alun, Radèn Narayana kalihan Dèwi Rara Irêng, sarêng Radèn Narayana èngêt wêlinging Rêsi Padmanaba, saking ribêting panggalih, Radèn Prêmadi dipun kintên paragak, mila Dèwi Rara Irêng lajêng kaemplokakên ing paragak, Radèn Narayana malajêng madosi ingkang raka.

13. Madêg Radèn Kakrasana nèng sisih wetan ningali Suratimăntra prang rame lan Radèn Bratasena.

[Grafik]

Radèn Arya Bratasena.

Suratimăntra sumêrêp Radèn Kakrasana, anilar mêngsah naut Radèn Kakrasana, Suratimăntra tinampiling pêjah, Radèn Kăngsa mirsa, Suratimăntra pêjah dening Radèn Kakrasana, duka, Radèn Kakrasana cinandhak kinêmpit, Radèn Narayana têtulung, cinandhak kinêmpit pisan, sarêng kêlimpe tinaman nanggala dening Radèn Kakrasana, sarêng lan Radèn Narayana namakakên Cakra, sanalika Radèn Kăngsa pêjah, wadya kadipatèn nêdya bela ing gustinira, pinapagakên Radèn Arya Bratasena, prang rame, wadya kadipatèn kathah pêjah. Radèn Kakrasana, Radèn Narayana, Radèn Arya Bratasena, Radèn Pamadi tuwin Dèwi Rara Irêng, tinimbalan maring ngarsa Nata Mandura, mangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

 


prang. (kembali)
watawis. (kembali)
Abyasa. (kembali)
sigra. (kembali)
kapracondhang. (kembali)