Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443l

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pangudinipun Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta

Jilid XIII

Isi lampahan:

50. Parta krama.

51. Lambangkara.

52. Sumbadra larung

53. Bambang Wijanarka.

54. Murcalêlana

55. Kitiran pêthak

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 13 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No.600.

--- 13 : [3] ---

50. Lampahan Parta Krama.

1. Jêjêr ing Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, nata ing Mandura, ingkang rinêmbag arsa miwaha ingkang rayi Dèwi Sumbadra, dhaup lawan Radèn Parta, Prabu Baladewa botên nayogyani, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Burisrawa, Sri Krêsna ngèngêtakên kêkudangan duk suwargi kang rama Prabu Basudewa, ing benjang dhaupira Dèwi Sumbadra numpak kareta kancana, pangirid turăngga yaksa, jinajaran kêmbang mayang kajêng dewandaru ing suralaya, kairing găngsa Lokananta, pangiring widadari, sasrahan maesa danu, wasananing rêmbag, Prabu Baladewa arsa wangsul dhatêng Ngastina, andhawuhakên kêkudangan wau, Sang Prabu Krêsna ugi kinèn dhawuh dhumatêng Nata Ngamarta, pundi ingkang angsal rumiyin, punika jodhonipun Rêtna Wara Sumbadra. Radèn Sămba tuwin Radèn Satyaki dinuta mring Ngamarta, lajêng luwar tinangkil.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, tuwin Dèwi Rukmini, Dèwi Satyaboma, pinarak ing prabasuyasa, katungka rawuhing sri nata, kondur ngadhaton, rêmbag kawontênanipun ing păncaniti, sri nata lajêng tindak pambojanan.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

3. Madêg paseban jawi, Prabu Baladewa tuwin Radèn Sămba, Radèn Satyaki, saha Patih Udawa, Patih Pragota, rêmbag sêsowanganing lampah. Sasampunira siyaga, bidhal kapalan.

4. Madêg ing Jajarsèwu, Nata Yaksa Prabu Kalapardha, gandrung asmara lawan Dèwi Sumbadra, wasana nimbali punggawa danawa, dinuta ngaturakên pustaka panglamar dhumatêng Dwarawati, lajêng bibaran.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa danawa, Kala Kalabangcuring, Kalakurăndha, Kalakulbanda [Kalaku...]

--- 13 : 4 ---

[...lbanda.] Rêmbag siyaga ing lampah, lajêng bidhal dalah sapanêkaripun, tindhihing lampah Kyai Wijamantri, lampahipun wadya ditya kapapag wadya ing Mandura, prang, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing pandhapi, ingkang mungging ngarsa ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Parta, saha Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn, manggihi rawuhipun ingkang eyang Rêsi Abyasa, ingkang rinêmbag badhe pangaraking pangantèn, kasaru dhatênging caraka Dwarawati Radèn Sămba, tuwin Radèn Satyaki, andhawuhakên pundhutan kêkudanganipun ingkang raka Prabu Krêsna, ingkang kangge sarananing pangantèn sampun katur sadaya, Rêsi Abyasa anyagahi, caraka Dwarawati pamit wangsul kalilan. Radèn Arya Wrêkodara kautus ngupados maesa danu, Radèn Parta kautus dhatêng kayangan Cakrakêmbang, nyuwun kajêng dewandaru, găngsa Lokananta, pangiring widadari, lajêng pangkat sowang-sowang, lampahing Radèn Parta kadhèrèkakên parêpat tiga. Kapapag danawa, prang, danawa pêjah sadaya.

7. Madêg ing wana Setragăndamayu, Ditya Dhadhungawuk angèn maesa danu, kagyat ningali maesanipun sami gambira, katingal dipun giring Radèn Arya Wrêkodara, pinambêng dados prang, Ditya Dhadhungawuk kawon lajêng manut sapangrèh, pinurih nyuwun dhatêng Sang Hyang Pramuni. Ditya Dhadhungawuk lajêng sowan nyênyuwunakên kaparêng, Radèn Arya Wrêkodara lajêng dipun timbali, dipun paringi lisah sarta ripun gêlung, pangkat kalihan Ditya Dhadhungawuk angiring maesa.

8. Adêg Kêndhalisada, Sang Bagawan Kapiwara Anuman, kasaru dhatêngipun Radèn Arya Bratasena nyuwun unggyaning kareta kancana lan saka dhomas, badhe kangge sarana dhauping Parta lan Sumbadra. Anuman andhadha, gya ingajak mring nagri Singgêla.

9. Madêg Prabu Bisawarna, rawuhe Arya Sena, mundhut reta kancana, lan saka dhomas, Prabu Bisawarna sarêng ningali bagawan kapiwara lajêng ngaturakên pundhutan wau, lajêng kabêkta dhatêng Ngamarta, lajêng bidhalan.

10. Madêg nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing pandhapi, ingkang mungging ngarsa Pandhita Durna, tuwin Patih Sakuni, saha para rayi Korawa kang sami nangkil pêpak mangarsa. Rawuhipun Prabu Baladewa, satata rêmbag ngupaya kêkudanganipun Rêtna Wara Sumbadra, Patih Sakuni dalah para Korawa dinuta ngupaya, bidhal. Pandhita Durna kadhawuhan manggihi Dèwi Wilutama, nyuwunakên kajêng dewadaru, găngsa Lokananta, tuwin pangiring dewa lawan widadari, Pandhita Durka[1] sandika lajêng bibaran.

11. Madêg ing madyaning wana, Patih Sakuni, lawan para Korawa, rêmbag sami ngupaya maesa

--- 13 : 5 ---

danu, dangu botên angsal, kasaru dhatêngipun Arya Citraksi, atur pariksa mring kang paman Patih Sakuni, sumêrêp Radèn Arya Wrêkodara langkung angiringakên maesa danu kathah, Patih Sakuni ngajak marêpêki, dipun aris dènira nandukakên paeka supados maesa kenging katêdha, lajêng bidhalan amarêpêki, Radèn Arya Wrêkodara prayitna, Sata Korawa marêk anêdha maesa, sanadyan nandukakên mêmanising rêmbag paksa tan suka, dadya prang, Korawa dhadhal larut sami lumajar mantuk.

[Grafik]

Dèwi Ratih.

[Grafik]

Sang Hyang Kamajaya.

12. Madêg ing kayangan Cakrakêmbang, Sang Hyang Kamajaya, pinarak lawan garwa Dèwi Ratih, sowanira Radèn Parta, matur nyuwun sadaya ingkang dados kêkudanganipun Prabu Krêsna, manawi kaparêng saèstu dhaup lawan Rêtna Wara Sumbadra, Sang Hyang Kamajaya sagah anyuwunakên dhumatêng Sang Hyang Girinata, Radèn Parta lajêng wangsul, katungka rawuhipun Rêsi Narada, andhawuhakên kaparêng panuwunipun Radèn Parta, sagung jawata tuwin widadari samya andhèrèk tumurun dhatêng marcapada ing nagari Ngamarta.

--- 13 : 6 ---

13. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, Prabu Baladewa, ginubêl ingkang rayi ipe Radèn Arya Burisrawa, nyuwun tumuntêna dhaup lawan Rêtna Wara Sumbadra, tan dangu dhatêngipun Patih Sakuni dalah Sata Korawa, matur tiwasing karya, maesa kabegal Radèn Arya Wrêkodara, Pandhita Durna dhatêng, matur sadaya panuwuning raka kaparêng dening Sang Hyang Girinata, nanging kabegal dening Radèn Parta, wasana rêmbag Prabu Baladewa badhe ngangkatakên pangantèn Radèn Burisrawa, kairing para Kurawa, jangkêp upacaraning pangantèn datan kuciwa, sigra bidhal, ngarak dhatêng Dwarawati.

[Grafik]

Wara Sumbadra.

14. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, tuwin Rêsi Abyasa, angajêng-ajêng dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, matur ingkang raka Sri Puntadewa, maesa danu cacah kawan dasa sampun angsal, dalah ingkang anggiring kandhêg ing alun-alun. Katungka dhatêngira Radèn Parta, matur angsal damêl, awit sampun kasagahan dening Bathara Kamajaya, kasaru rawuhipun Sang Hyang Narada, angirit para jawata tuwin widadari, găngsa Lokananta. Sang Prabu Darmawăngsa tuwin Rêsi Abyasa langkung andhêku. Sang Hyang Narada andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, kaparêng panuwunipun Sang Prabu Darmawăngsa, kêkudanganipun Rêtna Wara Sumbadra sadaya kalêksanan, lajêng pangantèn Radèn Arjuna binusanan, sampuning paripurna, sangkêp sagung upacara, lajêng bidhal angarak.

15. Madêg ing nagari Jajarsèwu, Prabu Kalapardha, miyos ing pandhapi, dhatêngipun Tejamantri, atur pariksa, para punggawa danawa ingkang dinuta dhatêng Dwarawati sami pêjah sadaya dening Radèn Parta, sang prabu duka, lajêng pangkat anglurug dalah para wadya danawa sadaya.

16. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos siniwi para putra, dhatêngipun Radèn Sămba, tuwin Arya Tyaki[2] matur sarèhing dinuta, sadaya sampun kasagahan dening Prabu Puntadewa. Tan watawis dangu dhatêngipun pangantèn saking Ngamarta satriya Madukara, kairid Sang Hyang Narada, tuwin para jawata, sangkêp sagunging kêkudanganira Prabu Krêsna, kanthi Radèn Arya Wrêkora.[3] Tan dangu Sang Hyang Narada dhawuh amanggihakên pangantèn, sasampuning dhaup, para jawata pamit makayangan,

--- 13 : 7 ---

pangantèn lênggah ing pajangan. Kasaru rawuhing Prabu Baladewa, ambêkta pangantèn Radèn Burisrawa, sangkêp sagunging upacara, winangsulan dening Prabu Krêsna, Rêtna Wara Sumbadra sampun panggih lawan Radèn Parta. Wangsulanira Prabu Baladewa, pangantèn kawurungna, margi sadaya kêkudanganira sampun angsal nanging kabegal dening Radèn Parta miwah Radèn Arya Wrêkodara, Ditya Dhadhungawuk tinimbalan matur bilih kabêkta Radèn Arya Wrêkodara piyambak. Prabu Baladewa padudon lawan Radèn Arya Wrêkodara, prang rame, ing jawi maesa danu sami ngamuk para Korawa, bibar lajêng mantuk dalah pangantènira Radèn Burisrawa, Prabu Baladewa prangira lawan Radèn Arya Wrêkodara sami kêtèmpêr, lajêng pinisah ing Prabu Krêsna, sadaya ingusadan waluya, pangantèn Radèn Parta lawan Rêtna Wara Sumbadra majêng ngarsanira Prabu Baladewa, lajêng lilih dukanira, katungka mêngsah saking Jajarsèwu Prabu Kalapardha sawadya danawa sadaya, kapapagakên Radèn Arya Wrêkodara, Prabu Kalapardha pêjah sawadyanira, sasisaning pêjajah,[4] sami mlajêng sar-saran. Radèn Arya Wrêkodara majêng mangarsa Prabu Krêsna, Prabu Baladewa, Radèn Arya Wrêkodara, dalah para putra samya bojana andrawina. Tancêb kayon.

51. Lampahan Jaka Lambang (Abimanyu Lair).

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Mahraja Prabu Bathara Krêsna, miyos ing păncaniti, mungging sitibêntar, pêpak sagung kang anangkil. Kang cakêt dhampar nata, putra pangran dipati Radèn Arya Sămba, lan ari Radèn Partajumêna, tanapi Radèn Satyaka, santana narendra kaipe naking-sanak, rajaputra Nglesanpura Radèn Arya Satyaki, ing ngarsa Rêkyana Patih Udawa. Ingkang ginunêm: dènira ambobot kang rayi Rêtna Wara Sumbadra, antara sampun winanci, amila Sri Krêsna sakalangkung sandeyaning galih, Sri Krêsna karsa tindak maring Cintakapura, putra myang santana patih kinon tuguran, sawusira dhawuh, Sri krêsna nulya kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, pramèswari nata, dyah têtiga, Rêtna Jêmbawati, tuwin Rêtna Dèwi Rukmini, Rêtna Satyaboma, pinarak ing prabasuyasa, ingayap kang para parêkan biyada, êmban lan inya. Ingkang ginunêm: dènira anggarbini Rêtna Wara Sumbadra, anulya kondurira Sri Bathara Krêsna, pinêthuk ing garwa têtiga, sigra kinanthi binêkta lênggah, sang nata wêwarta, mila dangu nèng pasewakan, anggalih kang rayi Rêtna Wara Sumbadra, dènira anggarbini sampun winanci, amila Sri Krêsna [Krê...]

--- 13 : 8 ---

[...sna] sakalangkung sandeyaning galih, dadya karsa tindak maring Madukara, ngiras panggih rayi Natèng Ngamarta. Sang nata mundhut busana kapandhitan, sigra minggah ing pamêlêngan, para garwa umiring.

3. Madêg ing paseban jawi, rajaputra Radèn Arya Sămba, lan kang paman Arya Satyaki, Rêkyana Patih Udawa, ginêm pradandan arsa urmat ing tindakira narendra, maring praja Cintakapura, nanging amung dumugi sajawining kitha, ing ngriku lajêng têngara bidhal, Sri Krêsna margèng gêgana.

[Grafik]

Radèn Sămba.

4. Madêg ing nagari Selamiring, Mahraja Prabu Brahmana Batlawa, ingadhêp Patih Drawana, êmban yaksi, nami Rimbaksini. Ing ngriku sang nata sakalangkung prihatin, dènira kang putra Wil Sarini anggarbini lan kadangira pribadi, saking meranging wardaya, kang putra pinasrahakên maring êmban Rimbaksini, Rimbaksini darbe ngakal, Wil Sarini sinidhikara dadya warna Wara Sumbadra, kadunungakên ing Madukara, Rêtna Dèwi Sumbadra dèn dhustha, dinunungakên samadyaning wana, kinarya pacangkraman narendra Prabu Brahmana. Enggaring galih, sang prabu karsa tindak maring Sigrangga, angungrum Rêtna Wara Sumbadra, sang prabu sigra kondur, Patih Drawana sigra amiji punggawa ditya têtiga, kinèn rumêksa wana Sigrangga, tan kenging janma langkung, punggawa tiga sandika, lajêng bibaran.

Mangkana lampahing baris rêksasa, kapapag baris wadya ing Dwarawati, dadya prang, punggawa ditya kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

5. Madêg ing Saptapratala, Hyang Bathara Anantaboga, ingadhêp kang wayah, Radèn Anantarêja, kang wayah tinuduh atêtulung amung kang bibi Rêtna Wara Sumbadra, ambobot kinuncang ing dewa, pinulung dening Hyang Endra, jumênêng pandhita wontên ing wukir Kab, asêsilih asma Bagawan Endramurcita, kang wayah tinuduh nèng ngriku, suwita amomong sutèng Rêtna Wara Sumbadra, kang wayah sandika, amit rinilan gya pangkat.

Radèn Arya Anantarêja, dupi prapta ing Sigrangga kêpapag wadya rêksasa, pasulayaning rêmbag dadya prang, punggawa ditya pêjah, Sang Arya Anantarêja lajêng lampahira.

6. Kocapa gègèring suralaya, Hyang Guru utusan ingkang putra, Hyang Endra kinèn têtulung [têtu...]

--- 13 : 9 ---

[...lung] Rêtna Wara Sumbadra, wontên wana Sigrangga, Hyang Endra tumurun pindha pandhita.

7. Madêg Rêtna Wara Sumbadra, mungging sukuning wukir Kab, anggung prihatin, tansah amuwun ing jawata, anulya praptanira Hyang Endra, sigra ngabêkti, Hyang Endra sajarwa, Rêtna Wara Sumbadra wus winangsit saliring lêlampahan. Hyang Endra sigra binêkta mring pacrabakan, sampun rêrêp têntrêm ing panggalih, anulya Rêtna Wara Sumbadra, kraos badhe ambabar, sinidhikara wus mijil priya warna pêkik, sinung panêngran Ki Jaka Lambang, anulya praptanira Radèn Anantarêja, angaras padanira sang maha tapa, tuwin padanirèng bibi, Radèn Anantarêja dinangu matur, arsa suwita sang tapa, wus tinampèn, radèn sinung pêparab, Radèn Anantasena, kinèn amomong Jaka Lambang, Jaka Lambang wus sinidhikara, wayah dêmolan, saparan ingêmong Wasi Anantasena.

[Grafik]

Sang Hyang Anantaboga.

8. Madêg ing Madukara, Rêtna Wara Sumbadra, ambabar mijil priya binagus. Sinung nama Abimanyu, rajaputra sangêt walagang, Radèn Arjuna sakalangkung suka, rajaputra sakalangkung dinama-dama, pinutra-putra dhanu.

9 Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, ingadhêp kang rayi Arya Sena, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa, anulya rawuhira Sri Padmanaba, Sri Yudhisthira jumênêng urmat. Sarêng tumundhuk sami rêrangkulan. Sampun satata lênggah, Sri Yudhisthira matur, kang raka kaaturan rawuh ing Madukara, kawarti Rêtna Wara Sumbadra sampun ambabar, Sri Krêsna gumujêng: Inggih sumăngga yayi prabu, nanging dhatêng wukir Kab rumiyin, mangke lajêng panggih pun Parta. Kang rayi Prabu Darmaputra lan Arya Sena angungun, dene dhatêng wukir Kab, paran kang dadya wêwadinira, tan rawuh ing Madukara, dene kadingarèn. Sangêt tan andugi, amung ajrih yèn matura, dadya sandika umiring, gya bidhalan.

--- 13 : 10 ---

10. Madêg Radèn Jaka Lambang wontên têngahing wana Sigrangga, Wasi Anantasena mêmanuki.

Mangkana lampahira Sang Abinyu[5] praptèng wana kêpapag Radèn Jaka Lambang, Radèn Jaka Lambang pêpèngêt: Aja ngrusak alas. Radèn Abimanyu duka, dadya prang, Radèn Abimanyu tinabokan, lumajêng karuna, Radèn Jaka Lambang sêsumbar. Sêmar, Nala Garèng, Petruk nututi bandaranira.

[Grafik]

Abimanyu.

[Grafik]

Wara Sumbadra.

11. Madêg ing nagaring[6] Selamiring, sri yaksendra amiyos sewaka, ingadhêp patih lan êmban, sri yaksa sampun busana, tuwin ambêkta dolanan, arsa manggihi Wara Sumbadra, kasaru praptanira Togog, dinangu matur, angaturakên tiwas, pêjahing duta narendra punggawa têtiga, dening Radèn Anantarêja, satriya tanah Jawi. Utawi atur uninga Rêtna Wara Sumbadra sampun botên wontên, kabêkta kondur mring Ngamarta. Sang prabu miyarsa kalangkung kurdha, sigra dhawuh anêmbang têngara, ambidhalakên baris, sawadyabala kêbut.

12. Madêg ing wukir Kab, Rêsi Endramurcita, lan Rêtna Wara Sumbadra, angraosi kang putra dènnya dolan, anulya rawuhira Sri Bathara Krêsna, tuwin Prabu Yudhisthira, Arya Sena, miwah Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Nata Pandhawa sakadang kumêpyur ing driya, dene Rêtna Wara Sumbadra wontên ngarsanira sang tapa. Sang tapa manêmbrama ing pambagya, Sri Krêsna andhêku nuhun, tuwin Sri Yudhisthira, miwah Arya Sena, arya kêmbar, sadaya anuhun.

--- 13 : 11 ---

Anulya praptanira Radèn Jaka Lambang, dumrojog ing ngarsanira kang eyang, wayah dinangu ngaturakên lêlampahanira, nalika nèng wana, anaboki Radèn Abimanyu, putra Madukara. Sri Krêsna dupi miyarsa gumuyu latah, ngandika: He, kulup, Jaka Lambang, sira anaboki anake Janaka, bapakane mêngko rak nêpsu. Radèn Jaka Lambang matur botên ajrih. Sang maha Bagawan Endramurcita matur: Dhuh anggèr sinuhun Prabu Padmanaba, rèh punika sampun prapta kalamăngsa, kula sumăngga rayi andika Rêtna Wara Sumbadra, kula badhe mantuk. Dene punika pun Wasi Anantasena anak Bima, saking Saptapratala. Kulup Wasi Anantasena, sira umiringa maring Ngamarta, măngsa bodhoa arinira Radèn Jaka Lambang. Sri Krêsna matur nuhun, pamit maring Madukara. Hyang Endra suka gya mêsat. Rêtna Wara Sumbadra kinon manjing ali-ali, Sri Krêsna gya budhal, lumampah lon-alonan. Sri Krêsna wêwarta, bilih pandhita wau Hyang Endra ngejawantah, dene punika pun Sumbadra, kang wontên Madukara punika, ditya, mila mênèk kêdangon. Sigra lampahira sang prabu kêkalih.

[Grafik]

Bathara Endra.

13. Madêg ing Madukara, Sang Parta lan kang garwa, ingadhêp Patih Sucitra, kasaru praptanira Radèn Abimanyu, tawan-tawan tangis, wadul dipun taboki rare gunung nama Jaka Lambang, Sang Parta duka yayah sinipi, kang putra sigra kinèn wangsul, lan Sêmar, Radèn Arjuna ngêtêrakên, praptèng jawi Radèn Abimanyu kêpapag Radèn Jaka Lambang, dadya prang, danguning prang Radèn Jaka Lambang sigra musthi sanjata pangruwatan saking Hyang Endra, Radèn Abimanyu dipun jêmparing dados rêksasa, Radèn Arjuna uninga kang putra angungun, dene awarni ditya. Yaksa nubruk sinuduk Radèn Jaka Lambang, yaksa pêjah kapisanan. Radèn Arjuna duka, nanging kagyat aningali ingkang raka Prabu Padmanaba, tuwin raka Prabu Yudhisthira, sami amomong mring Radèn Jaka Lambang, dadya gurawalan angrungkêbi padaning raka gênti-gênti, Radèn Arjuna matur, Sri Krêsna sajarwa, bilih kang garwa Rêtna Wara Sumbadra pinulung ing jawata [ja...]

--- 13 : 12 ---

[...wata,] kang anèng Madukara: ditya, iya iku jatine sutanira, kaki Jaka Lambang, Rêtna Wara Sumbadra sigra ingêdalakên, Radèn Arjuna awlas ing garwa, dene rusak pasariranira, sang dyah sigra pinondhong, Radèn Jaka Lambang kinèn mêjahi Rêtna Wara Sumbadra ing Madukara, dyan mêsat lan Radèn Anantasena, Rêtna Wara Sumbadra arsa ngrangkul Radèn Jaka Lambang, tinêbak jajanira dadya rêksasa, angrik, ditya narajang, sinuduk kapisanan, Radèn Jaka Lambang sigra pinondhong mring rama, Rêtna Wara Srikandhi, Rêtna Rarasati, Dèwi Sulastri, samya binêkta mring pura Ngamarta, umiring kang raka prabu, tuwin sang dyah Rêtna Wara Sumbadra.

14. Madêg ing pura Ngamarta, dyah pramèswari nata Rêtna Drupadi, ingadhêp putra Radèn Arya Păncawala, wus miranti pakartining sêsêgah, awit wus amyarsa warta ingkang raka kondur, anjujug Madukara, munah Rêtna Sumbadra ditya.

Anulya praptanira Sri Krêsna, kêkanthèn asta lan Prabu Yudhisthira, Arya Sena anganthi rayi Radèn Arjuna, Sang Wasi Anantasena anganthi kang rayi Jaka Lambang, Rêtna Wara Sumbadra kanthèn asta lan Rêtna Wara Srikandhi, Rêtna Dèwi Drupadi mêthuk ing wiwara, dupi uninga kang rayi Rêtna Wara Sumbadra, gupuh-gupuh dènnya angrangkul, sarwi dèn arasi, Rêtna Wara Sumbadra anêmbah, sadaya wus sami tata lênggah, sasampunira ing sawatawis, sigra majêng lêladosan, meja wus tinata ambanjêng, tan dangu lajêng mangsah dhahar pista, bojana anutug, ambuka lawang suka, siyang dalu tan ana kêndhate.

Kasaru lêbêtipun Patih Tambakganggêng, atur uninga wontên mêngsah andhatêngi saking praja Selamiring, Sri Krêsna sigra sasmita mring Arya Sena, lan putra Radèn Anantarêja, sandika gya mêdal. Praptanira ing jawi panggih lan mêngsah ayun-ayunan, ramening prang long-linongan, danguning prang, sri yaksa raja pêjah dening Arya Sena, patih pêjah dening Radèn Anantasena, punggawa satriya mantri ambruk, barubuh sampak, Arya Anantarêja nadhahi, wadya ditya sirna, Arya Sena mundur, kalêmpakan, anulya amangun kasukan bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

52. Lampahan Sumbadra Larung

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Patih Sakuni, Radèn Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Jayadrata, Radèn Citraksa, tuwin Radèn Citraksi. Ingkang rinêmbag lolosipun Radèn Burisrawa, Adipati Karna tinimbalan ing ngarsa, ingutus ngupadosi ipe nata Radèn Burisrawa. Adipati Karna lajêng bidhalan.

--- 13 : 13 ---

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, miyos ing dalêm prabasuyasa, ingadhêp ingkang putra Dèwi Lêsmanawati, katungka konduripun sang nata ngadhaton, tuwin para cèthi, imbal wacana kawontênanipun ing păncaniti, lajêng bojana.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Sakuni, tuwin Adipati Karna, Radèn Dursasana, tuwin Radèn Kartamarma, Radèn Jayadrata, Radèn Citraksa, miwah Radèn Citraksi, dhawuh mirantos ing lampah, lajêng bidhal angupadosi, kapalan.

4. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Satyaki. Ingkang rinêmbag: Prabu Krêsna mirêng manawi Radèn Janaka grogol dhatêng wana, Prabu Krêsna tuwin Radèn Sămba, Radèn Satyaki, lajêng tindak dhatêng ing nagari Ngamarta, nêdya martuwi, lajêng bidhalan.

5. Madêg ing wana Krêndhawahana, Radèn Burisrawa, kanthi Togog, Sarawita. Katungka dhatêngipun Sata Korawa, Radèn Burisrawa kapurih mantuk, Radèn Burisrawa botên purun, lajêng prang, Sata Korawa kawon sadaya. Radèn Burisrawa lajêng lampahipun manjing wana Krêndhawahana, kagodha dening drubiksa, icaling godha Hyang Bathari Durga rawuh, Radèn Burisrawa nyuwun idi, sagêdipun kapanggih sapocapan kalihan Rêtna Wara Sumbadra, kaidèn lajêng pangkat. Hyang Bathari Durga lajêng nimbali Jaramaya sakancanipun, kadhawuhan angrisak pagrogolan, lajêng bidhalan.

6. Madêg satêngahing wana pagrogolan, Radèn Janaka kaadhêp ing Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Jakaka[7] priksa, bilih grogol karisak ing danawa, lajêng prang, sarèhning danawa nyiluman, botên kenging pêjah. Sêmar botên sumêrêp, kakintên Radèn Janaka salah paningal. Sêmar saanakipun mantuk dhatêng nagari Ngamarta, nêdya atur wuninga.

7. Madêg ing Madukara, Dèwi Wara Sumbadra tuwin Rêtna Dèwi Srikandhi, ingadhêp para parêkan, Radèn Abimanyu taksih alit. Ingkang rinêmbag badhe ngintun dhatêng pagrogolan, Rêtna Wara Sumbadra mêdal dhatêng patamanan badhe sêne, pinanggihan Radèn Burisrawa, rinungrum botên purun, lajêng kacidra Radèn Burisrawa, Rêtna Wara Sumbadra pêjah, Radèn Burisrawa anangisi, konangan Wara Srikandhi, kabujêng mlajêng, Radèn Burisrawa oncat, Rêtna Srikandhi wangsul angopèni kunarpa kalihan Dèwi Rarasati. Rêtna Srikandhi lajêng mlajêng dhatêng ing Ngamarta atur uninga.

8. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing păncaniti, amanggihi ingkang raka Prabu Krêsna, ingkang sumiwi rayi Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Nakula, Sadewa. Katungka

--- 13 : 14 ---

dhatêngipun Rêtna Wara Srikandhi, matur manawi Rêtna Wara Sumbadra kacidra ing duratmaka, sarêng kabujung oncat, Rêtna Wara Sumbadra pêjah. Katungka Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami dhatêng, matur bilih Radèn Janaka wontên ing pagrogolan salah ing paningal. Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Gathutkaca lajêng kadhawuhan nusul dhatêng ing pagrogolan. Prabu Krêsna tuwin Prabu Puntadewa lajêng tindak dhumatêng ing Madukara.

[Grafik]

Prabu Puntadewa.

9. Madêg ing pagrogolan, Radèn Janaka, dhatêngipun ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Gathutkaca, têtulung prang kalihan danawa nyiluman, Jaramaya pêjah, lajêng oncat. Radèn Janaka dipun cariyosi ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara, bilih Rêtna Wara Sumbadra pêjah, lajêng bidhalan mantuk dhatêng nagari Madukara.

10. Madêg ing nagari Madukara, Prabu Krêsna tuwin Prabu Puntadewa, Rêtna Wara Srikandhi. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, tuwin Radèn Gathutkaca, layoning Rêtna Wara Sumbadra sasampunipun dipun pirantosi, lajêng kalarung dhatêng bangawan Silugangga, Radèn Gathutkaca kadhawuhan anjangkungi ing gêgana, sarta dipun wêling manawi wontên jalma, ingkang nyêlaki inggih punika ingkang nyidra, mila lajêng kacêpênga.

11. Madêg ing Bumikasapta, Sang Hyang Ăntaboga, kaadhêp ingkang wayah Radèn Ăntasena, pitakèn ingkang rama, jinarwanan dening kang eyang, bilih putranipun satriya ing Munggulpawênang Radèn Arya Wrêkodara. Radèn Ăntasena pamit madosi lajêng kalilan, lampahipun jumêdhul pinggiring bangawan Silugangga, lajêng minggah dhatêng ing larungan, kabikak isi putri, lajêng kagêsangakên Radèn Ăntasena, saking sarana toya panggêsangan. Sampuning gêsang tinakenan sajarwa: Rêtna Wara Sumbadra garwa satriya ing Madura.[8] Radèn Ăntasena sajarwa putra Radèn Arya Wrêkodara. Kasaru Radèn Gathutkaca lajêng nyambêr saking gêgana, lajêng prang kalihan Radèn Ăntasena, kapisah kalihan Rêtna Wara Sumbadra, jinarwanan punika sadhèrèkipun, lajêng sami kondur dhatêng Madukara. Lampahipun dumugi ing margi, Wara Sumbadra kapapag Radèn Burisrawa, Wara Sumbadra karungrum, konangan Radèn [Radè...]

--- 13 : [15] ---

[Grafik]

Layonipun Rêtna Wara Sumbadra kalarung dhatêng bangawan Silugangga.

--- 13 : 16 ---

[...n] Ăntasena, Radèn Burisrawa lajêng kacêpêng kabêkta bêbandan.

12. Madêg Adipati Karna, tuwin Patih Sakuni, sarta Sata Korawa lajêng katungka lampahipun Radèn Burisrawa bêbandan. Adipati Karna dalah Sata Korawa kawon sadaya, Radèn Burisrawa lajêng kabêkta dhatêng nagari Madukara.

13. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudhana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Pandhita Durna. Katungka dhatêngipun Patih Sakuni, ngaturi prikpa,[9] bilih Radèn Burisrawa kacêpêng kabănda Radèn Ăntasena tuwin Radèn Gathutkaca, kabêkta dhatêng nagari Madukara. Prabu Suyudana tuwin Dèwi Banowati tindak dhumatêng nagari Madukara, kadhèrèkakên Patih Sakuni tuwin Pandhita Durna.

14. Madêg ing Madukara, Prabu Krêsna tuwin Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wrêkodara sarta Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, pêpak kadang Pandhawa sadaya. Dhatêngipun Rêtna Wara Sumbadra kairing Radèn Gathutkaca tuwin Radèn Ăntasena kanthi ambêkta bêbandan Radèn Burisrawa, Rêtna Wara Sumbadra ngadhaton. Radèn Gathutkaca matur sasolahipun Radèn Ăntasena, punika putranipun ingkang rama saking Bumikasapta. Kasaru rawuhipun Prabu Suyudana kanthi Rêtna Dèwi Banowati, nêdha Radèn Burisrawa, Rêtna Dèwi Banowati kangge lintu, lajêng pondhongan, ngadhaton kalihan Radèn Janaka. Prabu Suyudana mêdal ing jawi, sarta Korawa damêl rêrêsah, lajêng kapapagakên Radèn Arya Wrêkodara, lajêng prang sampak.

15. Madêg Prabu Krêsna tuwin Prabu Puntadewa, rayi Pandhawa pêpak, bojana ăndrawina. Tancêp kayon.

53. Lampahan Bambang Wijanarka (Abimanyu Rabi).

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang sumiwi putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Satyaki, Patih Udawa. Ingkang rinêmbag gêrahipun Rêtna Siti Sundari, wasitaning jawata, bilih kausadan tirta marta mandhanu:[10] waluya. Prabu Baladewa nyagahi ngupados, nanging Radèn Lêsmana Măndrakumara ingkang kapurih pados, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, tuwin Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma pinarak ing prabasuyasa, kasaru rawuhipun sang prabu saking amăncaniti. Ingkang rinêmbag [rinêmba...]

--- 13 : 17 ---

[...g] anggènipun katamuan ingkang raka Prabu Baladewa. Lajêng minggah ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, Patih Pragota tuwin Patih Prabawa, siyaga dêdamêl badhe tindak dhumatêng ing Ngastina, Prabu Baladewa nitih dipăngga, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Jongmèru, ratu danawa Prabu Kaladrêta, kaadhêp êmban Kalarini. Ingkang rinêmbag sang prabu gandrung asmara lan Rêtna Siti Sundari, lajêng nimbali punggawa ditya kautus ngaturakên nawala panglamar dhumatêng ing Dwarawati. Punggawa mêdal ing jawi, sang prabu angadhaton.

[Grafik]

Wijanarka.

5. Madêg ing paseban jawi, punggawa ditya siyaga dêdamêl, lajêng bidhalan.

6. Madêg ing pratapan Gwawara, Bagawan Partana, kaadhêp ingkang wayah Bambang Wijanarka, tuwin Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Bambang Wijanarka pamit badhe madosi ingkang rama Radèn Janaka, lajêng kalilan pangkat kalihan wulucumbu têtiga. Lampahipun dumugi ing wana kêpapag punggawa danawa saking nagari Jongmèru, lajêng prang, punggawa danawa pêjah sadaya, ingkang alit sami pados gêsang, Bambang Wijanarka lajêng lampahipun.

7. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Janaka kaadhêp ingkang garwa Rêtna Wara Sumbadra, tuwin Dèwi Wara Srikandhi, katungka dhatêngipun Radèn Sămba, matur kautus ingkang rama, kaparêng panyuwunipun Rêtna Siti Sundari, kadhaupakên lan ing putra Radèn Ăngkawijaya, nanging nyuwun bêbana tirta marta kamandhanu. Radèn Janaka sagah. Radèn Sămba lajêng pamit mundur, kalilan. Botên antawis dangu Bambang Wijanarka dhatêng mangarsa, sasampunipun kabagèkakên, Bambang Wijanarka kautus ngupados tirta marta kamandhanu, lajêng pangkat kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana miyos, ingkang sumiwi Pandhita Durna tuwin Patih Sakuni, sarta para Korawa, Radèn Dursasana, Radèn Durmagati, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa tuwin Radèn Citraksi, kasaru rawuhipun Prabu Baladewa. Ingkang rinêmbag gêrahipun Dèwi Siti Sundari [Su...]

--- 13 : 18 ---

[...ndari.] Radèn Lêsmana kautus pados tirta marta kamandhanu, ingkang badhe kadamêl ngusadani, kanthi Patih Sakuni dalah Sata Korawa.

9. Madêg ing pratapan Ngendragiri, Bagawan Mandrasa, ginubêl ingkang putra Dèwi Pujawati, matur supêna pinanggih Bambang Wijanarka. Sang pandhita muja, Bambang Wijanarka lajêng dhatêng kadhaupakên, pondhongan, sang pandhita taksih lênggah ing jawi kalihan Sêmar, Nala Garèng, Petruk, Bambang Wijanarka sowan matur badhe ngupadosi tirta kamandhanu, tinuduh panggenanipun rêdi Tirtaancala. Bambang Wijanarka lajêng pangkat, ingkang garwa dipun tilar.

10. Madêg ing pratapan Tirtaancala, Bagawan Kapi Nilawara, ginubêl ingkang putra Dèwi Nilawati, supêna dhaup lan Bambang Wijanarka, lajêng pinuja, Bambang Wijanarka dhatêng, kadhaupakên kalihan ingkang putra Dèwi Nilawati. Sasampunipun lajêng sajarwa, Bambang Wijanarka lajêng badhe ngupados tirta marta kamandhanu, sasampuning tinampèn, Bambang Wijanarka nyuwun pamit mantuk, kalilan lajêng pangkat, ingkang garwa katilar taksih tilêm, sarêng tangi mothah matur ingkang rama nyuwun kasusulêna, lajêng pangkat, ingkang rama angêtutakên.

11. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos kaadhêp ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Nakula, Radèn Arya Sadewa. Ingkang rinêmbag badhe pangarakipun pangantèn Radèn Ăngkawijaya, kantun ngêntosi dhatêngipun Radèn Wijanarka. Radèn Gathutkaca kadhawuhan nusul Radèn Wijanarka, lajêng pangkat.

12. Madêg Bambang Wijanarka, lampahipun dumugi ing wana kaandhêg ing Sata Korawa, prang, Radèn Gathutkaca sumêrêp saking gêgana lajêng nlabung, Korawa kawon sami bibar, Radèn Gathutkaca tuwin Bambang Wijanarka lajêng lampahipun.

13. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Janaka, kaadhêp ing garwa Dèwi Wara Sumbadra tuwin Dèwi Wara Srikandhi, katungka dhatêngipun Bambang Wijanarka tuwin Radèn Gathutkaca, ngaturakên cupu isi tirta marta kamandhanu, lajêng pangkat ngarak. Sigêg satêngahing margi para garwanipun Bambang Wijanarka sami pabên, Bagawan Mandrasa prang kalihan Bagawan Kapi Nilawara, kapisah dening Radèn Janaka, lajêng sami andhèrèkakên lampahipun pangantèn.

14. Madêg ing nagari Jongmèru, Prabu Kaladrêta, dhatêngipun Togog, Sarahita, matur manawi caraka ditya sami pêjah sadaya dening Radèn Wijanarka. Sang nata lajêng mêpak wadya siyaga dêdamêl lajêng bidhal anglurug dhumatêng ing Dwarawati.

--- 13 : 19 ---

15. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, kang munggèng ngarsa Dhahyang Durna, Patih Sakuni, Radèn Dursasana, Radèn Durmagati, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa tuwin Radèn Citraksi, dhatêngipun Radèn Lêsmana Măndrakumara, matur bilih tirta marta kamandhanu kabegal Radèn Gathutkaca, dadosing rêmbag Radèn Lêsmana kabêkta ngarak dhatêng ing Dwarawati.

16. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna. Radèn Janaka dhatêng ambêkta pangantèn, sarta ngaturakên tirta marta kamandanu, katampèn Radèn Sămba, kausadakakên Dèwi Siti Sundari waluya, lajêng kadhaupakên. Katungka gègèring jawi, pangantèn Radèn Lêsmana Măndrakumara mirêng warta, bilih Rêtna Dèwi Siti Sundari sampun dhaup, Korawa damêl rêrêsah, kapapagakên Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Gathutkaca, lajêng prang, Korawa bibar sadaya. Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Gathutkaca lajêng sami wangsul.

[Grafik]

Radèn Janaka.

17. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, tuwin Prabu Baladewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, para kadang Pandhawa pêpak, para putra sadaya, kasaru dhatêngipun danawa Jongmèru Prabu Kaladrêta, lajêng kapapagakên Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Gathutkaca. Raja ditya Prabu Kaladrêta prang kalihan Radèn Arya Wrêkodara, Prabu Kaladrêta cinublês kuku păncanaka pêjah, balanipun sami bela ing gusti, kapapagakên Radèn Gathutkaca sami pêjah sadaya. Sabibaring prang lajêng sami wangsul kalêmpakan, bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

54. Lampahan Murcalêlana.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba tuwin Radèn Satyaki. Ingkang rinêmbag: Prabu Baladewa mirêng pawartos, bilih bawah praja Dwarawati badhe kaancikan mêngsah saking praja Parangkancana. Mila Sang Nata Mandura saking prajanira lampah gêgancangan. Ing măngka kacariyos Prabu Krêsna mêntas amboja wiwaha putranira putri nama Dèwi Siti Sundari, dhaup kalihan Radèn Abimanyu, putranira [pu...]

--- 13 : 20 ---

[...tranira] ingkang rayi Radèn Janaka, punika radèn pangantèn katimbalan sakalihan, ingkang uwa Prabu Baladewa, sarta dhinawuhan atut anggènira ajêjodhoan. Lajêng ngandika, bilih wontênipun kancikan mêngsah saking Parangkêncana punika, Prabu Murcalêlana badhe nêdya nglamar Dèwi Siti Sundari, Radèn Ăngkawijaya kadhawuhan sampun sumêlang, angeca-eca amukti ajêjodhon wontên ing kadhaton. Prabu Baladewa lajêng pamit ing nata arsa ngêdali ing pabaratan, jagi jawining kitha, ingkang rayi Prabu Krêsna nayogyani, lajêng bibaran.

[Grafik]

Pragota.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, tuwin Dèwi Sêtyaboma, Dèwi Rukmini. Rawuhira sri nata lênggah satata, imbal wacana kawontênanipun ing păncaniti, wasana lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, tuwin Radèn Arya Sămba, miwah Radèn Wrêsniwira, Patih Udawa, Patih Mandura: Patih Pragota saha Patih Prabawa. Sawêg badhe siyaga dêdamêl, kasaru dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya, mijil ing kadhaton mêdal ing kori butulan, matur ingkang uwa Prabu Baladewa, nyuwun andhèrèk mêdal ing pabarisan, pinambêng tan kenging, lajêng tinurutan, bidhal sadaya kapalan. Kyai Lurah Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami andhèrèk.

4. Madêg ing Parangkancana, pabarisan jawi kitha Dwarawati, Patih Dhêndhakapati, tuwin para punggawa jawi: Mandanarêja, Mandanaswala, Mandanagita, sawêg tata gêgar,[11] mirêng swaraning têngara bêndhe ngungkung, lajêng sami mêdal ing jawi prang kalihan wadya ing Mandura tuwin wadya ing Dwarawati. Salêbêtipun prang, radèn pangantèn katingal sangsaya anêngah, Radèn Arya Sămba angêtutakên, katingal patrapipun kados nandhang panglalu, wasana kacandhêt, wangsul, lajêng katur ingkang uwa Prabu Baladewa [Balade...]

--- 13 : 21 ---

[...wa,] sadaya sasolahipun kang rayi Radèn Ăngkawijaya wau. Karsanipun sang Sri Baladewa lajêng nyigêg paprangan nêdya kondur, radèn pangantèn tansah rinapu-rapu.

5. Madêg pabarisanipun mêngsah, Patih Dhandhakapati dalah kancanipun, nimbali para wadya ditya sami kadhawuhan jagi ubênging kêkuwu, supados sumêrêp, manawi wontên mêngsah dhatêng, sampun ngantos gugup. Punggawa ditya nama Kalapragăngsa mêdal ing jawi.

6. Madêg barisaning danawa, Ditya Kalapragăngsa, Kalalungkeya, Kalasarămba, sami siyaga dêdamêl, lajêng bidhal, pangiriding lampah Kyai Togog tuwin Sarawita.

7. Madêg ing Dwarawati, Prabu Krêsna miyos. Kasaru rawuhipun ingkang raka Prabu Baladewa, tuwin putra Radèn Arya Sămba miwah Radèn Ăngkawijaya. Radèn Sămba matur sasolahing paprangan, lajêng kadhawuhan ngirid Radèn Ăngkawijaya, kapanggihna ingkang rayi Dèwi Siti Sundari.

Sigêg ing gupit măndragini, Rêtna Dèwi Siti Sundari, rawuhipun Radèn Arya Sămba, Rêtna Dèwi Siti Sundari kapurih ngladosi dhahar kang raka Radèn Arya Sămba tuwin Radèn Arya Ăngkawijaya, lajêng kadhawuhan mapan sare sakalihan, Radèn Arya Sămba ngêntosi ing jawi, sarêng sampun katingal sare katilar. Wasana Radèn Ăngkawijaya sare kêpati, linarak dening kang garwa Dèwi Siti Sundari, sawungunipun dhawah ing ngandhap dipun uman-uman, sarta panganggenipun dipun dhèdhèli, kantun ngangge bêbêt tuwin dhuwung, lajêng kesah, dumugi ing jawi manggihi parêpat tiga, dipun tangisi, lajêng pangkat kesah sapurun-purun. Lampahipun dumugi ing margi kapapag para wadya ditya, prang, wadya ditya pêjah sadaya, Radèn Ăngkawijaya lajêng lampahipun.

8. Madêg ing pabarisan mêngsah, Patih Dhandhakapati, para punggawa pêpak, rêmbag angarsa-arsa lampahipun barisan danawa. Dèrèng dangu dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya, ngadêg têngahing pabarisan, nêdya ngungasakên kapurunan, sumbar aciya-ciya, lajêng kacêpêng ing kathah, Radèn Ăngkawijaya oncat, tuwin parêpat tiga.

9. Madêg ing Parangkancana, Prabu Murcalêlana, sawêg wungu sare arsa nimbali para garwa, dèrèng ngantos sami sowan, Radèn Ăngkawijaya dhatêng sêsumbar, Prabu Murcalêlana tinantang prang. Prabu Murcalêlana kasuduk pêjah, panganggenipun karasuk Radèn Ăngkawijaya. Sarêng sampun rampung mangangge, dhatênging para garwa. Radèn Ăngkawijaya rêrewa Prabu Murcalêlana, para garwa sampun pitados. Ngandika bilih kêdhatêngan tiyang ngamuk dipun pêjahi. Dhatênging Sêmar radi kuwanguran, dipun awe dipun bisiki, lajêng kautus ambêkta kêthokan kuku tuwin rambutipun, pangkat. Sang pindha nata [na...]

--- 13 : 22 ---

[...ta] (Radèn Ăngkawijaya) dhawuh dhatêng para garwa kapurih siyaga andhèrèk têdhak anglurug dhatêng Dwarawati, lajêng bidhal.

10. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Darmawăngsa, miyos siniwi, kang mungging ngarsa kang rayi Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Dananjaya, Radèn Nakula lan Radèn Sadewa. Rêmbag badhe amboja wiwaha dhatêngipun pangantèn Radèn Ăngkawijaya. Dèrèng dangu Sêmar saanakipun dhatêng têtawan tangis sarta ngaturakên kêthokan kanaka tuwin remanipun Radèn Ăngkawijaya, matur bilih bandaranipun seda prang kalihan nata ing Parangkancana Prabu Murcalêlana. Prabu Darmawăngsa, sanalika tan emut, para Pandhawa sami nangis. Wasana Radèn Arya Wrêkudara mijil ing jawi nimbali kang putra Radèn Gathutkaca, lajêng winawuhan[12] andhèrèk dhatêng Dwarawati, pangkat. Radèn Janaka nututi kalihan parêpat tiga.

11. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna. Pinuju miyos. Kasaru dhatêngipun Radèn Janaka tuwin Radèn Arya Wrêkodara, miwah Radèn Gathutkaca, sami gigat botên narimah, dene kang putra linurugakên prang kangge tambaking praja Dwarawati, sarta ngaturakên Sêmar. Sêmar dinangu matur sadaya. Kasaru gègèring jawi mêngsah saking Parangkancana dhatêng. Saking kawêkènira Sri Krêsna, kang rayi Radèn Janaka tuwin Radèn Arya Wrêkodara kadhawuhan mapagakên mêngsah rumiyin, lajêng sami mêdal ing jawi.

Radèn Janaka prang kalihan Prabu Murcalêlana, rame prangira, Radèn Janaka dipun jêmparing mawi kêkanthilan sêrat. Sarêng kawatos,[13] Radèn Janaka wangsul, manggihi ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara, sêrat kapriksakakên kang raka, lajêng sami lumajêng matur ing ngarsaning raka Sri Krêsna, bilih kawon. Prabu Krêsna nimbali kang putra Radèn Arya Sămba, andikakakên ngirid kang rayi Dèwi Siti Sundari kaaturakên Prabu Murcalêlana, pinăngka panunggul.[14] Radèn Arya Sămba matur sandika. Kang rayi Dyah Siti Sundari kabêkta, turut margi dipun uman-uman sarta dipun salênthiki talinganipun.

12. Madêg ing pasanggrahan mêngsah, Prabu Murcalêlana, kaadhêp para sêlir kawan dasa, imbal wacana dènira unggul ing yuda. Patih Dhêndhakapati kadhawuhan jêjagi ubênging pasanggrahan, tan dangu dhatêngipun Radèn Arya Sămba, ngaturakên panungkul Sang Dèwi Siti Sundari, sasampunira katampèn, Radèn Arya Sămba wangsul. Sapêngkêripun Radèn Arya Sămba, para garwanipun Sri Murcalêlana katimbalan mangarsa, dipun paringi sumêrêp putri têlukan Dèwi Siti Sundari wau, sarta sang nata nacad kuciwaning warni, katujunipun dèrèng kathah pêpêjah para wadya, upami kathaha kalonging wadya saiba kaduwungipun. Para garwa sami tumut nacad sadaya, dene gèsèh kalihan pawartosipun.

--- 13 : 23 ---

Sang nata lajêng dhawuh mring para garwa kawênangakên ngèngkèn gêntosan sadintên edhang, lajêng bibaran.

13. Madêg ing Trajutrisna, Prabu Bomanarakasura, miyos tuwin garudha Wilmana, mirêng wartos bilih Praja Dwarawati kancikan mêngsah saking Parangkancana. Wilmana matur, kapara sampun ngaturakên panungkul, ingkang rayi Dèwi Siti Sundari ingkang kaaturakên minangka panungkul. Prabu Boma duka yayah sinipi, lajêng nitih garudha Wilmana, nêdya dhatêng pakuwoning mêngsah watês Praja Dwarawati, lajêng mêsat gêgana.

[Grafik]

Radèn Ăngkawijaya.

14. Madêg pakuwoning mêngsah, Prabu Murcalêlana, tuwin para garwa, imbal wacana anggènipun matrapi pandamêlan Rêtna Siti Sundari. Katungka dhatênging mêngsah Prabu Boma naut saking gêgana, prang rame. Dangu-dangu Prabu Murcalêlana rêntah têtopongipun babar Radèn Ăngkawijaya, Prabu Boma mandhap saking Wilmana, kang rayi rinangkul. Radèn Ăngkawijaya dinangu matur purwanira têkèng wasana. Andikanira Prabu Boma, Radèn Ăngkawijaya agung angêmong garwa, luntura parimarmanira. Dèwi Siti Sundari katimbalan, lajêng kaajak sowan kang rama Prabu Krêsna. Ing jawi para punggawa Parangkancana tan uninga kawontênanira, kakintên Sang Prabu Murcalêlana sirna, lajêng rêrêsah soroh amuk anututi Prabu Boma, kapapagakên Radèn Arya Wrêkodara, prang sampak.

15. Madêg Sri Krêsna tuwin putra Prabu Boma, ngaturakên pangantèn Radèn Engkawijaya[15] tuwin garwa Dèwi Siti Sundari, lajêng bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

55. Lampahan Kitiran Pêthak.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, siniwi ingkang putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, Pandhita Durna, tuwin Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni miwah para ari Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, tuwin Radèn Arya Citraksi. Ginêm, sang nata arsa miwaha ingkang putra [pu...]

--- 13 : 24 ---

[...tra] Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, karsanira kadhaupakên kalihan putra ing Banakêling, nama Dèwi Dratawati. Sang nata lajêng dhawuh maring Patih Arya Sakuni, ingutus maringakên nawala dhatêng ing Banakêling, suraos mundhut Dèwi Dratawati, arsa dhinaupakên lan putra nata Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara. Patih sandika, anganthi para Korawa, lajêng bidhal. Sang nata kondur angadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp putra Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan cèthi. Kasaru rawuhipun sang nata, pinêthuk ing garwa tuwin putra, kinanthi binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana lan garwa, arsa miwaha putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, arsa dhinaupakên putranira ingkang rayi ing Banakêling, kêkasih Rêtna Drêtawati. Ingkang garwa suka anjurungi, lajêng sami tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin Adipati Karna, miwah para ari Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, tuwin Radèn Arya Citraksi. Ginêm arsa ingutus maring Banakêling, Patih Arya Sakuni dhawuh siyaga dêdamêl, sasampuning samêkta lajêng bidhalan.

4. Madêg ing nagari Garbamandhala, Prabu Kalayaksa, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Kaladumrêksa, tuwin para punggawa ditya. Ginêm, sang prabu ing dalu supêna dhaup kalihan putri ing Banakêling, nama Dèwi Dratawati, dèrèng ngantos kapadhan ing karsa gya wungu, gandrung asmara, Sang Prabu Kalayaksa arsa tindak maring Banakêling, pinambêng dening Patih Kaladumrêksa, ingaturan utusan rumiyin. Sang nata pinujèng galih, lajêng animbali punggawa ditya pinisêpuh, sampun mangarsa, sang nata dhawuh mring punggawa ingutus ngaturakên nawala maring satriya Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, kanthi wulucumbu kêkalih nama Kyai Togog tuwin Sarahita, punggawa ditya sandika, gya mijil ing jawi.

5. Madêg ing paseban jawi, punggawa ditya, Kalasindhunggarba, Ditya Kalasumăndha, Ditya Kalamidarba. Ginêm, anggènira dinuta maring Banakêling, lajêng dhawuh siyaga dêdamêl, sampun samêkta lajêng bidhalan, ingkang dados cucuking lampah Kyai Togog, Sarawita. Mangkana lampahira sarêng dumugi ing margi kapapag baris wadya Ngastina, sulayaning rêmbag dadya prang, danawa sami kasor, wasa[16] anyimpang margi.

6. Madêg ing pratapan Ngandongraras, Bagawan Jatisupadma, ingadhêp kang wayah Bambang Tejasuwarna,

--- 13 : 25 ---

matur maring kang eyang sang bagawan, apitakèn ing sudarmanira, ingkang eyang sajarwa lamun ingkang rama punika satriya ing Madukara, panêngah Pandhawa, kêkasih Radèn Janaka, saha lajêng tinuduh anjujug ing praja Ngastina. Sampunira winangsit saliring lampah, Radèn Tejasuwarna amit, rinilan lajêng bidhal, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahira Bambang Tejasuwarna dumugi ing wana kapapag baris ditya saking praja Garbamandhala, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa sami pêjah, ingkang alit lumajêng sapurug-purug, namung Kyai Togog tuwin Sarawita mantuk dhatêng prajanipun. Bambang Tejasuwarna lajêng lampahira, tuwin rêpatira têtiga.

[Grafik]

Radèn Jayajatra.

7. Madêg ing Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, ingadhêp Patih Jayawidaka, kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, tuwin Adipati Karna, miwah para kadang Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Witraksa,[17] tuwin Radèn Arya Citraksi. Ginêm: ingutus sang nata, anitisakên kasidaning karya. Radèn Arya Sindurja matur, manawi putra darbe panuwun, sasrahan pêksi kitiran pêthak kang sagêd tata janma. Patih Arya Sakuni tuwin Sang Adipati Karna dalah para Korawa lajêng pamit mundur, arsa matur ming[18] sang nata, lajêng bidhalan.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana lênggah amanggihi Bagawan Enasabda, inggih punika gurunipun Dèwi Banowati. Kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, tuwin Adipati Karna dalah kadang Korawa, matur sasolahira dinuta, bilih Radèn Arya Jayadrata anuwun sasrahan, awarni pêksi kitiran pêthak kang sagêd tata janma. Sri Duryudana sigêg, èngêt ing wardaya anêmpahakên ing gurunipun ingkang garwa Dèwi Banowati, nama Bagawan Enasabda, sagah. Kasaru dhatêngipun Bambang Tejasuwarna, dinangu ngakên putranira Radèn Arjuna. Bagawan Enasabda sumambung, andangu tăndha bilih bangkit ngupaya pêksi kitiran pêthak, tuhu sutèng Arjuna [Ar...]

--- 13 : 26 ---

[...juna.] Bambang Tejasuwarna sandika, amit linilan lajêng bidhal arsa ngupaya pêksi kitiran pêthak, ingiring rêpat tiga.

9. Madêg ing Ringinkasapta, Sang Bagawan Lintang Trênggana, tuwin kang rayi Endhang Mandandari, katamuan Radèn Abimanyu, pinundhut putra, sarta dèn dadosakên pêksi kitiran pêthak, radèn putra datan lênggana. Anulya dhatêngipun Bambang Tejasuwarna, dinangu matur bilih putranira Radèn Arjuna, anjujug Ngastina, tinuduh Bagawan Enasabda, kinèn ngupaya pêksi kitiran pêthak kang sagêd tata janma. Bagawan Lintang Trênggana gumujêng, anyagahi, anulya pêksi pinaringakên. Bambang Tejasuwarna amit, linilan, bidhal ambêkta pêksi, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

10. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, lênggah tuwin Rêsi Enasabda, Dhahyang Durna, Patih Arya Sakuni, Adipati Karna, tuwin kadang Korawa. Dhatêngipun Bambang Tejasuwarna, ngaturakên pêksi. Sang nata sakalangkung suka, lajêng dhawuh sami pradangdan, pangaraking pangantèn maring Banakêling, sasampuning samapta lajêng bidhal.

11. Madêg ing Kêndhalisada, Bagawan Kapiwara, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Arya Wrêkodara matur mring kang raka Sang Bagawan Kapiwara, nyuwun pitêdah mênggah dunungipun ingkang rayi Radèn Arjuna. Radèn Arya Wrêkodara tinuduh kinèn maring Banakêling tuwin Ngastina. Radèn Arya Wrêkodara matur sandika, amit linilan, bidhal ingiring kang putra Radèn Arya Gathutkaca.

12. Madêg ing Garbamandhala, Prabu Kalayaksa, lênggah ingadhêp Patih Kalaanyana, tuwin patih lêbêt Kaladumrêksa, miwah para wadya ditya. Ginêm, sang nata angarsa-arsa punggawa kang dinuta maring Banakêling. Kasaru dhatêngipun Kyai Togok tuwin Sarawita, dinangu matur tiwasipun para punggawa ditya kang dinuta maring Banakêling, sami pêjah dening Bambang Tejasuwarna, samangke lajêng dhatêng Banakêling. Sang Prabu Kalayaksa mirêng aturing Kyai Togog sakalangkung duka, lajêng dhawuh mring patih tuwin wadya ditya, sami kinèn siyaga dêdamêl, arsa nglurug maring Banakêling, sampun sami samapta, lajêng bidhal sawadyabalanira.

13. Madêg ing Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, lênggah ing pandhapi. Kasaru dhatêngipun Bambang Tejasuwarna, dinangu matur ingutus nata ing Ngastina, maringakên lamaran awarni pêksi kitiran pêthak. Lajêng tinampèn Radèn Arya Jadrata,[19] ingkang pêksi lajêng binêkta malbèng pura.

Ing kadhaton Banakêling, Sang Dèwi Dursilawati, lênggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp kang putra

--- 13 : 27 ---

Dèwi Dratawati. Ginêm dangu dènira lênggah ing jawi, kasaru rawuhira Radèn Arya Jayadrata, ambêkta pêksi kitiran pêthak, lajêng pinêthuk ing garwa, sarta pêksi pinaringakên ingkang putra Dyah Dratawati, Radèn Arya Jayadrata wangsul mring pandhapi. Kang pêksi binêkta mring kamar Dyah Dratawati, arsa tinăndha têmêne tata janma, pêksi kitiran pêthak babar Radèn Ăngkawijaya, lajêng angungrum Sang Dyah Dratawati, pondhongan.

[Grafik]

Adipati Karna.

14. Mangkana lampahira Sri Suyudana, tuwin garwa Rêtna Banowati, anitih rata kancana, angapit-apit putra pangantèn Radèn Lêsmana Măndrakumara, ingarak maring Banakêling, kairing para kadang Korawa, lajêng lampahira.

15. Madêg ing Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, lênggah tuwin Bambang Tejasuwarna. Ginêm, sampun mirantos upakartining karya, anulya rawuhira Sri Suyudana, tuwin garwa kanthi ambêkta pangantèn Radèn Lêsmana, kadhèrèkakên para ari Korawa sadaya, lajêng bagya-binagya, ingacaran lênggah satata. Sri Suyudana lajêng masrahakên kang putra pangantèn. Radèn Arya Jayadrata lajêng nampi. Sampunira tinampi, pangantèn lajêng dhinaupakên, linênggahakên ing ngajêng pajangan, bojana. Sasampunira bojana, pangantèn sakalihan linêbêtakên pasareyan. Mangkana Radèn Ăngkawiya[20] kang wontên ing kamar, dupi pangantèn Radèn Arya Lêsmana arsa malêbêt, tinampiling anjola, sarwi sêsambat alok pandung aguna. Ing jawi gègèr samya malêbêt, para Korawa arsa tandang, gya prang, Korawa kasoran sadaya, Adipati Karna kantu, Sri Suyudana anêmpahakên Bambang Tejasuwarna, Bambang Tejasuwarna malêbêt, lajêng winangsit Bagawan Lintang Trênggana, bilih Radèn Ăngkawijaya kadangira sêpuh pribadi, Bambang Tejasuwarna lajêng malik tingal, sêsumbar. Adipati Karna mangsah prang, kasor dening Bambang Tejasuwarna. Sri Suyudana lajêng masrahakên dhatêng Bagawan Enasabda, sang bagawan duka yayah sinipi, sigra manjing kadhaton, lagya jumangkah wiwara lajêng jinambak dhatêng Bagawan Lintang Trênggana, kasor, lajêng angasta sanjata

--- 13 : 28 ---

Cakra, Sang Bagawan Enasabda jinêmparing babar Sang Arjuna, Radèn Arjuna anglêpasi jêmparing, Bagawan Lintang Trênggana babar Sri Krêsna, Korawa sami mundur, katungka dhatêngipun mêngsah saking sabrang, para Korawa sami ngumpul, danawa ngrabasèng pura, kasaru dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, ngamuk têtulung tuwin putra Radèn Arya Gathutkaca, wadya sabrang sirna, para Korawa sami kêplajêng sadaya. Sasirnaning mêngsah lajêng kalêmpakan. Ginêm, kondur sowang-sowang, bibar, tancêb kayon.

[Grafik]

 


Durna. (kembali)
Satyaki. (kembali)
Wrêkodara. (kembali)
pêjah. (kembali)
Abimanyu. (kembali)
nagari. (kembali)
Janaka. (kembali)
Madukara. (kembali)
priksa. (kembali)
10 kamandhanu. (kembali)
11 gêlar. (kembali)
12 dhinawuhan. (kembali)
13 kawaos. (kembali)
14 panungkul. (kembali)
15 Ăngkawijaya. (kembali)
16 wasana. (kembali)
17 Citraksa. (kembali)
18 mring. (kembali)
19 Jayadrata. (kembali)
20 Ăngkawijaya. (kembali)