Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443gg ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa.

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXIV.

Bale Pustaka – Batawi Sèntrêm.

--- 34 : [1] ---

Serie No. 443gg.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa.

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXIV.

Isi lampahan:

145. Parikêsit Grogol.

146. Parikêsit Kecalan Putra.

(Yudayana ical)

Bale Pustaka – 1932 – Batawi Sèntrêm.

--- 34 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 34 : [3] ---

145. Lampahan Parikêsit Grogol.

1. Jêjêr Prabu Parikêsit, inggih Prabu Krêsna Dipayana, nata ing nagari Ngastina. Kacariyos dèrèng dangu anggènipun jumênêng nata anggêntosi kalêrês ingkang eyang Prabu Yudhisthira, dene Sri Parikêsit wau jumênêngipun nata dèrèng patos agêng, anuju miyos kalihan ingkang eyang Prabu Bagawan Baladewa, ingkang măngka gêgununganing praja, tinari-tari ing karya, ingkang sumewa patih jawi Arya Dwara, patih lêbêt Arya Danurweda, para punggawa pêpak. Sri nata wau dèrèng nate priksa ing wana sarta parêdèn, punapamalih dèrèng nate tindakan ingkang têbih, amargi langkung dinama-dama, dados karsanipun badhe ambêbêdhag buron wana, mila Arya Dwara kadhawuhan iyasa grogol dhumatêng wana Sarahita, kalêrês sakilèning praja, amargi ing ngriku papanipun wiyar tur waradin, buron wana kathah. Patih Arya Dwara matur sandika, sarta sang nata dhawuh: sadaya para punggawa kadhawuhan nyêpêng buron wana piyambak-piyambak, wagêda kacêpêng gêsang-gêsangan, amargi sang nata badhe uninga satunggil-tunggilipun [satung...]

[Grafik]

Patih Dwara.

[Grafik]

Prabu Parikêsit.

--- 34 : 4 ---

[...gil-tunggilipun.] Amila para punggawa sarêng tampi dhawuh lajêng sami prihatos, sadaya sandika, lajêng bibaran.

2. Madêg ing kadhaton, ibu sori Dèwi Untari, lênggah prabasuyasa kalêrês pananggap sisih lèr wetan, angêntosi kondurira ingkang putra sri nata, ngiras mriksani ajaring badhaya srimpi. Dèrèng dangu sang nata kondur ngadhaton, lajêng lênggah satata lawan kang ibu sori. Ginêm: kawontênaning păncaniti, sarta nyuwun pamit dhumatêng ingkang ibu sori, dènira arsa cangkrama dhatêng wana. Kang ibu sori jumurung lajêng bibaran.

3. Madêg ing pangurakan (paseban jawi) Patih Arya Dwara, Patih Danurweda, punggawa Arya Sukarta, Arya Sumarma, Arya Suhbrastha, Arya Subala. Ginêm: siyaga ing dêdamêl dènira arsa andhèrèk tindak dhumatêng pagrogolan, sasampuning siyaga katungka miyosira sri nata, lajêng nitih rata, patih kêkalih tuwin para punggawa lajêng bidhal numpak turăngga, anggrubyug wurining nata, parêpat tiga Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami andhèrèk.

4. Madêg madyaning wana Patih Arya Dwara, kinèn rumiyin ambabad pasang grogol kanthi sapanêkarira. Sarêng dumugi satêngahing garumbul, manggih lare èstri taksih rara kênya (prawan), dipun pitakèni nama Rara Suyati, botên gadhah bapa biyung, lajêng kapupu dening Patih Arya Dwara, lajêng kabêkta dhatêng pamondhokanipun. Sarêng grogol sampun dados, ing măngka pasanggrahanipun sri nata sampun dados rumiyin mawi panggungan, sri nata lajêng minggah panggungan, para punggawa miwah patih kêkalih dhinawuhan miwiti sami manjing salêbêting grogol, nyêpêng sato wana, rame swaraning para punggawa kang samya nyêpêng sato wana, sagêd anyêpêng warni-warni wah tanpa dêdamêl, lajêng sami kabêkta dhatêng ngandhap panggung, kapariksakakên sri nata. Patih Arya Dwara ngaturakên sima gembong tur lajêng tutut, Patih Danurweda nuntun banthèng katur sri nata, Arya Sumarma ngaturakên andhapan agêng, Arya Sukarta ngaturakên taksaka agêng sapucang, Arya Subala ngaturakên pêksi garudha sarta dipun tumpaki. Sri nata lajêng dhawuh kinèn sami ambêkta wangsul kauculna dhatêng nglêbêt grogol malih, rèhning wanci suruping surya, lajêng kalilan bibar. Enjingipun lajêng kadhawuhan wiwit malih, kados kala wau, sadaya matur sandika. Sri nata kondur ing gêdhong pasamiran, parêpat tiga: Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami tilêm ing jawi.

Sigêg kacarita ing wanci dalu, para parêkan sarta para wadya sami tilêm kapati, sri nata mijil saking pasamiran lolos nêdya kesah sapurug-purug, amung nêdya ngupados jalaraning pêjah, awit merang ing galih

--- 34 : 5 ---

dene risang patih dalah para punggawa sami prawira sêkti, wagêd nyêpêng sato galak tur tanpa dêdamêl, sariranira rumaos kuciwa. Sarêng wanci sawung kluruk kaping tiga, rêpat tiga sami tangi, sumêrêp korining pasanggrahan mênga, tan sakeca ing manah, anuwèni dhatêng pasarean, sri nata botên wontên, rêpat tiga lajêng dhatêng panggenanipun Patih Arya Dwara, kalêrêsan sang patih sampun katingal lênggah, rêpat tiga sami matur bab kawontênanipun, bilih sri nata musna saking pagulingan. Patih Dwara langkung sungkawa, rêpat tiga kapurih kèndêl sampun ngantos wara-wara, rêpat tiga lajêng kesah nêdya ngupaya gustinira. Patih Dwara lajêng ngajak Rara Suyati, dhatêng pasamiraning nata, ing ngriku manggih kaprabonira sri nata: botên kagêm, lajêng kaanggèkakên Rara Suyati, ing warna tan siwah lan sri nata, lajêng winêling: mangke enjing lajêng nyulihana sri nata, miyos ing panggung andhawuhana dhatêng Patih Dwara ngupaya buron wana, kadya ingkang sampun. Patih Dwara lajêng wangsul. Sarêng wanci enjing Rara Suyati lajêng miyos kados ingkang sampun kawêlingakên Patih Dwara wau, dhawuh para punggawa wiwit nyêpêng buron wana. Para punggawa lajêng sami wiwit manjing lêbêting grogol, Patih Dwara nututi, sang pindha nata lajêng andhawuhakên [andhawuhakê...]

[Grafik]

Pêksi garudha.

--- 34 : 6 ---

[...n] dhatêng para punggawa: sami kadhawuhan ngupadosi Patih Dwara, tan kalilan sami sowan sang nata lamun dèrèng pinanggih Sang Patih Dwara, lajêng bibaran. Sang pindha nata lajêng manjing pasamiran, tutup kori kinunci.

5. Madêg ing nagari Manimantaka, Prabu Niradhakawaca, miyos siniwi Patih Drumasa. Rêmbag: murina sedaning rama ing nguni, nama Prabu Niwatakawaca, seda dening Radèn Janaka, punika mirêng pawartos bilih têrahing panêngah Pandhawa, sapunika jumênêng nata ing Ngastina, nama Prabu Parikêsit. Sri nata lajêng dhawuh dhatêng punggawa ditya kautus mratitisakên dhatêng Ngastina mênggah kayêktosanipun. Lajêng bibaran.

Madêg ing paseban jawi, para wadya ditya: Kalagurgăngsa, Kaladurmeya, Kalarêkatha. Rêmbag, dènnya kautus. Sasampuning samapta lajêng bidhal, Togog, Sarawita datan kantun.

6. Madêg madyaning wana, Prabu Parikêsit, kèndêl sangandhaping kajêng mandera, dèrèng dangu dhatênging parêpatira tiga sami nangis, ngrungkêbi padaning nata, rêpat tiga jinatenan karsaning nata, lajêng lumampah, rêpat tiga datan kantun. Lampahira kêpapag wadya ditya saking Manimantaka, prang, para punggawa ditya sami pêjah, Kyai Togog, Sarawita sami mantuk, Prabu Dipayana lajêng lampahipun kalawan parêpat tiga.

7. Madêg ing patamanan Manikmaya, Bagawan Sidiwacana, lênggah lawan cantrikira, sang bagawan langkung sungkawa dènnya kaecalan kang putra èstri nama Rara Suyati. Dèrèng dangu Patih Dwara dhatêng, lajêng pinanggihan, tinanya sajarwa lamun patih wisesa ing Ngastina nama Arya Dwara, dènira kesah ngupaya musnaning ratunira. Sang patih cinandhêt kapurih angantia ing pratapan kewala, ratunipun arsa pinanggih, Patih Arya Dwara mituruti, lajêng sami mêmuja.

8. Madêg Prabu Dipayana, dumugi pucuking wukir Lagra, sumêrêp tiyang tapa ngadêg sarwi ambisu, ubêt-ubêting sirah taksaka naga, gêlang sarpa, ing ngriku Prabu Dipayana ngèngêti lamun ratu mudha, wungu dukanira kalimput ing wirodhaning panggalih, sang tapa nulya sinuduk jajanira, trus walikat, wasana andhawah tumibèng siti, musna kuwandanira tan katingal. Nulya wontên jawata rawuh, inggih punika Sang Hyang Basuki, sri nata jinatenan lamun sang bathara dutanira Sang Hyang Guru, Sri Dipayana nyêmbah ngaras pada, lajêng winulang jaya kawijayan, tuwin panawaning wisa, panututaning kewan galak. Lajêng sinung jêjuluk Prabu Yudhiswara, Sang Hyang Basuki kondur makahyangan. Prabu Yudhiswara lajêng lan rêpat tiga. Dèrèng dangu lumampah sumêrêp tiyang numpak banthèng, sarta ngawe-awe sang prabu, mangkana Prabu Dipayana langkung duka, tiyang numpak banthèng linêpasan warastra kenging, sigra dhawah palastra, kuwandanira

--- 34 : [7] ---

[Grafik]

Kaladurgăngsa.

[Grafik]

Kaladurmeya.

--- 34 : 8 ---

musna, tan dangu Sang Hyang Gana rawuh, sri nata jinarwanan lamun dutanira Sang Hyang Girinata nama Hyang Gana, sri nata andhêku nyêmbah noraga, lajêng winulang jaya kawijayan, sang nata sampun widagda, sarta sinung jêjuluk Sang Prabu Mahabrata, Sang Hyang Gana lajêng kondur makahyangan. Prabu Dipayana lajêng lampahipun, ningali pêksi garudha agêng wontên têngah margi, lajêng jinêmparing dening Sri Dipayana, pêksi garudha sirna sakuwandanira, lajêng katingal jawata ngadêg, sri nata marêk mabukuh ing ngarsa sarwi noraga, sampun ngintên bilih punika jawata, Sang Hyang Sambu ngandika: Bilih sangêt panarimahira, dene ruwat saking cintaka, sarta ngakên nama miwah karananira salah warni, duk wau saking mituruti panuwuning kang garwa nama Dèwi Swagnyana, ayun wruh marang pamêlênganira Sang Hyang Padawinênang tan kenging pinambêng, wasana sarêng tinurutan lajêng santun warni Sang Hyang Sambu dadya kagendra, Dèwi Swagnyana dadya taksaka agêng, tinurunakên dhatêng ngarcapada, nunggil panggenan madyaning wana punika. Sri Dipayana winarah aji jaya kawijayan wus widagda, lawan winêling angruwat kang garwa awarni taksaka, Sang Hyang Sambu lajêng makahyangan, Sri Dipayana pinaringan jêjuluk Prabu Darmasarana, sri nata lajêng lampahira lan rêpat tiga.

9. Madêg nata ing Gilingwêsi, Prabu Praswapati, ginubêl ingkang putra putri nama Dèwi Sri Têtayi, supêna dhaup lawan Prabu Dipayana. Mangkana Prabu Praswapati mangkat ngupaya, wadyanira kinèn mêmanuki, Sang Prabu Praswapati sarêng dumugi ing wana kapisahan bala, Prabu Praswapati kêpapag taksaka lajêng binujêng, ing ngriku palajêngira kasumêrêpan Prabu Dipayana, lajêng tinulungan, taksaka jinêmparing kenging, lajêng kuwandanira musna, ing ngriku katingal sang waranggana, Sri Dipayana tinimbalan marêk mangarsa, sang apsari walèh nama Swagnyana garwanira Sang Hyang Sambu, lajêng asêsanti jaya-jaya, Sri Parikêsit winulang aji asmara, sasampuning widagda, sang apsari pamit makahyangan. Ing mangke Prabu Praswapati sumêrêp bilih ingkang mitulungi piyambakipun anyirnakakên taksaka agêng ingkang ngoyak wau: priyantun bagus, Sri Praswapati lajêng anyêlaki arsa ngrangkul, Sri Dipayana sarêng arsa rinangkul ngoncati, Prabu Praswapati tanya, Sri Dipayana ngakên namanya Prabu Dipayana. Nata Ngastina gêntos tanya, Sri Praswapati matur pratela nama tuwin prajanira, Sri Dipayana lajêng kaaturan mampir dhatêng prajanira, lajêng kaparêng mituruti. Sadumugining praja Gilingwêsi uninga Dèwi Sri Têtayi, Sri Dipayana lajêng kasmaran, lajêng kadhaupakên. Sarêng wanci dalu, Prabu Dipayana lolos ing dalu kesah sapurug-purug, sarêng Dèwi Sri Têtayi wungu sare ngupadosi tan pinanggih, matur kang rama Prabu Praswapati, lajêng anduta Patih Srênggadaksa sawadyanira kinèn ngulati. Bibaran.

10. Madêg ing Mukabumi, Prabu Yasakèsthi, ginubêl kang putra èstri nama Dèwi Niyata, supêna [supê...]

--- 34 : [9] ---

[Grafik]

Dèwi Sri Têtayi.

[Grafik]

Prabu Praswapati.

--- 34 : 10 ---

[...na] dhaup kalihan Prabu Dipayana, Nata Ngastina, Dèwi Niyata langkung kasmaran, sri nata amituruti panuwuning putra, lajêng pangkat angupaya pribadi.

11. Madêg madyaning wana Prabu Dipayana, dhatênging Prabu Yasakèsthi, takèn-tinakèn sami ngakên nama tuwin prajanira, Prabu Dipayana katantun kaambil mantu tan purun, wasana dadya prang, Prabu Dipayana ngayat jêmparing, kenging kêmayan lajêng tilêm. Lajêng binoyong binêkta mantuk dhatêng Mukabumi.

12. Madêg ing kadhaton Mukabumi, Dèwi Niyata, praptane kang rama Prabu Yasakèsthi ambêkta Prabu Dipayana, Sri Dipayana kasmaran mulat sang putri wau, lajêng kadhaupkanên. Kacariyos sampuning tigang dintên, Prabu Dipayana lolos ing wanci dalu, lampahira ngambah wanawasa.

13. Madêg danawa agêng inggil nama Srubisana, mungging madyaning wana, sarêng tumingal Prabu Dipayana lajêng anaut. Prabu Dipayana kenging kacêpêng sinawatakên kadi kabuncang maruta.

14. Madêg ing Imantaka, Prabu Niradhakawaca, miyos siniwi para wadya ditya, ngajêng-ajêng caraka, kasaru dhatêngira Kyai Togog, Sarawita. Atur priksa lamun punggawa ditya ingkang kautus sami pêjah wontên margi dening Prabu Dipayana Nata Ngastina. Sri nata langkung duka, lajêng dhawuh mring para wadya kinèn samêkta ing damêl, lajêng bidhal.

15. Madêg ing pratapan Manikmaya, Bagawan Sidiwacana, bibar saking mêmuja manggihi Patih Arya Dwara, sang bagawan tansah tinangisan kang putra èstri nama Rara Sêtapi, mular tanya bakyunira kang kesah nama Rara Suyati, sang pandhita lajêng dhawuh dhatêng Patih Dwara punapa wagêd ngupadosi Rara Suyati, manawi wagêd lajêng kadhatêngna, bilih Suyati dhatêng: gustinira ingkang ical sagêd andhatêngakên. Patih Dwara sagah lajêng kesah sakêdhap. Sarêng Patih Dwara wangsul sampun ambêkta Rara Suyati, sang bagawan lan Rara Sêtapi langkung suka, tan antara dangu wontên swara gumabrug, kalêrês pamêlênganira sang bagawan. Lajêng sami dipun tuwèni, katingal tiyang dhawah, sarêng cinêlakan waspada pandulu, punika Prabu Dipayana, Patih Dwara lajêng ngrungkêbi, sang bagawan tanggap amulasara, Sri Dipayana wus waluya jati, kalangkung panuwunira dhatêng Sang Bagawan Sidiwacana. Dangu-dangu Sri Dipayana sumêrêp jêmparing mancorong cumanthèl ing wurinira sang pandhita, lajêng tinêmbung arsa dipun suwun, sang pandhita suka, nanging punika gadhahanipun Endhang Sêtapi, dados bilih jêmparing kadarbe inggih dalah ingkang gadhah, sang nata sigêg datan ngandika, rèhning Rara Sêtapi warnanipun sangêt kuciwa, sang pandhita rumaos merang, kang putra Sêtapi ingusapan mukanipun kaping tiga: malih warna ayu, sri nata sarêng mulat warnanira Rara Sêtapi langkung kasmaran, lajêng saradibya dalah Rara Sêtapi kasuwun. Sang pandhita nyumanggakakên. Kacarita Sri Dipayana lajêng kadhaupakên angsal Dèwi Sêtapi. Sarêng sampun watawis sapêkên laminipun, Sang Prabu Dipayana pamit [pami...]

--- 34 : [11] ---

[Grafik]

Ditya punggawa.

[Grafik]

Prabu Niradhakawaca.

--- 34 : 12 ---

[...t] arsa kondur kalihan Patih Arya Dwara, benjing sagah amêthuk kang garwa.

16. Madêg bagawan danawa nama Bagawan Sukandha, mungging madyaning wana, Sri Dipayana kandhêg, tinakenan walèh lamun nata ing Ngastina nama Prabu Dipayana, Bagawan Sukandha walèh lamun tinangisan anakipun èstri nama Dèwi Sukandhi, supêna dadya garwanira Prabu Dipayana, sang nata angandika lajêng lumampah, Bagawan Sukandha ngêtutakên. Dèrèng dangu katingal Ditya Srubisana, sri nata kawêkèn ing galih, dadya Bagawan Sukandha tinantun: lamun wagêd nyirnakakên Ditya Srubisana, Prabu Dipayana sagah dados mantunipun, Bagawan Sukandha sagah lajêng mapagakên Ditya Srubisana, lajêng takèn-tinakèn, sulayaning rêmbag lajêng prang, Srubisana pêjah jinêmparing dening Bagawan Sukandha, kuwandanira Srubisana musna. Prabu Dipayana tinantun badhe kabêkta dhatêng patapanipun Bagawan Sukandha, nanging botên purun, sanalika kenging kêmayan, Prabu Dipayana lajêng sare tuwin Patih Arya Dwara sami gumuling siti, lajêng kabêkta dening Bagawan Sukandha, dumugi patapanipun lajêng kaprênahakên paprêman. Nanging Patih Arya Dwara kabêkta mêdal, lajêng ginugah Endhang Sukandhi dipun purih nêngga anggènipun sare Sri Dipayana. Sarêng Sri Dipayana wungu sare: kagyat dene sariranipun wontên ing pasamiran, katêngga putri ayu, sang prabu langkung kasmaran, dinangu matur nama tuwin sêdyanira, arsa nyênyèthi, datan pantara lajêng pêpondhongan, enjingipun Sri Dipayana pamit arsa kondur lawan Patih Dwara, benjing sagah mêthuk kang garwa Dèwi Sukandhi, lajêng bidhal.

[Grafik]

Bagawan Sukandha.

17. Madêg ing Ngastina Prabu Bagawan Baladewa, Arya Suhbrastha, Arya Udhara, Arya Hèrmana, punggawa pêpak. Sadaya wau sami têngga praja, kasaru dhatêngipun mêngsah saking Manimantaka, Prabu

--- 34 : [13] ---

[Grafik]

Prabu Baladewa.

[Grafik]

Arya Suhbrastha.

--- 34 : 14 ---

Niradhakawaca, Prabu Bagawan Baladewa dalah punggawa mêdal ing jawi, prang lawan Prabu Niradhakawaca. Dangu-dangu Prabu Niradhakawaca ngêdalakên pangaribawa jawah kadya pinusus, Prabu Bagawan Baladewa katisên mungging rana pêjah, kuwandanira dadya naga raja, lajêng anut ilining toya dumugi sagantên. Para arya taksih rame prang. Kacarita Prabu Parikêsit, tuwin Patih Arya Dwara, sampun kondur wontên pagrogolan, wontên punggawa calang atur priksa dhatênging mêngsah saking Manimantaka, Prabu Dipayana sawadyanira dhatêng ngêpung prang, Prabu Niradhakawaca pêjah jinêmparing dening Sri Dipayana, para wadyanira sami têluk ngarsanira Sri Dipayana. Lajêng bojana andrawina. Tancêb kayon.

[Grafik]

Radèn Yudayana.

146. Lampahan Parikêsit Kecalan Putra (Yudayana ical).

1. Jêjêr Prabu Parikêsit (Prabu Dipayana) ing Ngastina, miyos tinangkil, ingkang mungging ngarsa Patih Dwara, Patih Arya Danurweda, punggawa Arya Sabata, Arya Sukarta, Arya Sumarma. Kacarita Prabu Dipayana sadaya garwanira sampun sami pêputra, Dèwi Satapèn pêputra Radèn Yudayana, Dèwi Dhangan pêputra Radèn Ramayana, Dèwi Impun pêputra Radèn Ramaprawa. Ing nalika punika Radèn Yudayana ical, Prabu Parikêsit sakalangkung sungkawa, ingkang putra Radèn Ramayana pamit ingkang rama sri nata, arsa angupaya musnanira ingkang raka Radèn Yudayana, kalilan lajêng bibaran.

2. Madêg ing kadhaton, pramèswari nata Dèwi Satapèn, Dèwi Dhangan, Dèwi Impun, Dèwi Gênêng, sami lênggah ing prabasuyasa ngêntosi kondurira sri nata, kasaru kondurira sri nata, lajêng lênggah satata. Ginêm: kawontênanipun păncaniti, lajêng sami bojana.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Ramayana, Radèn Ramaprawa, Patih Arya Dwara, Patih Arya Danurweda, para punggawa pêpak. Rêmbag ingkang badhe andhèrèk lampahipun radèn putra wau sampun kapatah punggawa Arya Sumarma, Arya Sabata, dalah panêkarira, amung patih kêkalih kantun têngga praja. Sasampuning samêkta lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing wukir Manikmaya Bagawan Sidhikara, dipun puruhitani Radèn Yudayana, rajaputra ing Ngastina, rêpat tiga andhèrèk, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Yudayana sampun [sa...]

--- 34 : [15] ---

[Grafik]

Dèwi Satapèn

[Grafik]

Dèwi Gênêng.

--- 34 : 16 ---

[...mpun] winulang saliring kawijayan, lajêng winarah ngupaya sêkar adi mungging madyaning wana, Radèn Yudayana matur sandika, lajêng pangkat, parêpat tiga umiring.

5. Madyaning wana wontên sima jalêr èstri, sami wagêd tata jalma, sampun dangu botên amăngsa jalma, ingkang èstri gadhah panêdha dhatêng sima jalêr kaupadosna mêmangsan jalma, amargi badanipun sangêt cape. Sima jalêr pangkat ngupaya, sarêng katingal wontên jalma, pinurugan. Ing ngriku Radèn Yudayana sawêg kèndêl sangandhaping mandera kalawan parêpatira tiga, Radèn Yudayana tinubruk ing sima lêpat, lajêng prang, sima jalêr pêjah sinuduk, tan dangu sima èstri lajêng dhatêng, nêdya bela lakinipun, prang, sima èstri pêjah sinuduk, kuwandanira sima kêkalih musna tan katingal, nulya wontên jawata lan widadari katingal, Sang Hyang Kamajaya lawan garwanira Dèwi Ratih, Radèn Yudayana lajêng marêk ing ngarsa, winangsit pinurih mring wukir Căndramuka, têtulung wanodya kang cinidra ing danawa, ing têmbe dadya raharja. Sang Hyang Kamajaya lajêng makahyangan lawan kang garwa Dèwi Ratih. Radèn Yudayana lajêng lampahipun, kadhèrèkakên parêpat tiga.

[Grafik]

Dèwi Ratih.

[Grafik]

Sang Hyang Kamajaya.

--- 34 : 17 ---

6. Madêg ing wukir Căndramuka, Dèwi Gêndrawati, atmajanipun Prabu Gêndraprawa, nata ing Gêndara, Sang Dèwi Gêndrawati ingarih-arih arsa pinêndhêt bojo mring ditya nama Wagotara, sang dèwi pinanggih ing cipta nêdya abêbana minta sirahira satriya kang bagus. Arsa kangge kèsèd, amargi amung kangge luwaring punagi, Ditya Wagotara sagah lajêng kesah. Dèrèng dangu dhatêngipun Radèn Yudayana kadhèrèkakên parêpatira tiga, sang putri tinanya matur saliring lêlampahanira sadaya, sarta aminta tulung wagêda nyirnakakên Ditya Wagotara. Radèn Yudayana sagah, lajêng pangkat. Ing ngriku kêpapag Ditya Wagotara dadya prang rame, Ditya Wagotara pêjah jinêmparing, siyungira sinêmpal kêkalih, lajêng binêkta pinanggih Dèwi Gêndrawati, lajêng ingajak kondur dhatêng prajanira ing Gêndara.

[Grafik]

Radèn Ramaprawa.

7. Madêg ing nagari Gêndara, Prabu Gêndraprawa, miyos ing pandhapi, ingkang mungging ngarsa patihira nama Manubawa, sri nata langkung sungkawa, dene murcanira kang putra putri Dèwi Gêndrawati. Dèrèng dangu praptanira Dèwi Gêndrawati, kairingakên dening Radèn Yudayana kalawan parêpat tiga. Sang dèwi matur ing rama nata, ngaturakên sagung lêlampahan sadaya, ingkang mitulungi Radèn Yudayana, rajaputra ing Ngastina sarta angaturakên tăndha yêkti siyung kêkalih. Sang Prabu Gêndraprawa langkung suka, Radèn Yudayana sinagahan arsa ingambil mantu, bilih sampun kauningan rama Prabu Parikêsit. Prabu Gêndraprawa arsa bidhal dhatêng Ngastina piyambak dalah garwa putra, Radèn Yudayana pamit wangsul andumugèkakên lampah nêdya ambêbêdhag ing wana.

8. Madêg Radèn Ramayana, tuwin kang rayi Radèn Ramaprawa, sami kapisahan wadya, satriya kêkalih nêdya ngupaya puruhitan, lajêng minggah ing rêdi Sidhara.

9. Madêg ing patapan Sidhara, Dhahyang Suwela, dhatêngira Radèn Putra Ramaprawa, Ramayana, lajêng tinakenan sêdya miwah pinangkanira, satriya kêkalih matur walèh, lamun rajaputra ing Ngastina, nêdya puruhita, Dhahyang Suwela langkung suka, rajaputra winulang jaya kawijayan. Sasampunira sami widagda, Dhahyang Suwela lajêng sajarwa, lamun darbe satru sakti, nama Rêsi Sidhikara ing patapan Manikmaya, rajaputra kêkalih pinurih sikara dhatêng Rêsi Sidhikara wau, kabêktaa bandan dhatêng ngarsanira Dhahyang Suwela, sang rajaputra kêkalih lajêng tindak pangkat.

--- 34 : [18] ---

[Grafik]

Dhahyang Suwela.

[Grafik]

Rêsi Sidhikara.

--- 34 : 19 ---

10. Madêg patapan Manikmaya, Rêsi Sidhikara, praptanira Radèn Yudayana, dinangu sagung lêlampahanira, sang rêsi langkung suka sukurira. Kasaru praptanira Radèn Ramaprawa, tuwin Radèn Ramayana, tan sarănta ngamuk punggung ngrisak patapan, rajaputra kêkalih sami kenging prabawanira Rêsi Sidhikara, sami lumpuh sadaya. Sarêng uninga Radèn Yudayana lajêng sami karuna, rajaputra lajêng sami ingusadanan kalihan Rê[1] Sidhikara, sampun sami waluya. Ing ngriku lajêng sami ngrêmbag siyaga ing damêl nêdya arsa ngrabasèng ing wukir Sidhara, sasampuning samêkta lajêng bidhal.

[Grafik]

Radèn Ramayana.

[Grafik]

Prabu Mandhala.

11. Madêg ing wukir Sidhara, Dhahyang Suwela, anuju miyos mungging pacrabakan, ingadhêp wasi, puthut, manguyu, jêjanggan, angarsa-arsa dhatêngira radèn putra ing Ngastina, ingkang sami dinuta ngrêbasèng patapan Manikmaya. Dèrèng dangu dhatêngira Rêsi Sidhikara lawan para rajaputra Ngastina, i[2] ngriku Dhahyang Suwela tuwin puthut manguyu jêjangganira sami kagegeran, mapag ing ayuda, langkung rame prangira. Rêsi Sidhikara prang lawan Dhahyang Suwela, gêntos kalindhih. Dangu-dangu Radèn Yudayana anglêpasakên jêmparingira Saratama, Dhahyang Suwela kenging jajanira dhawah ing siti, pêjah, kuwandanira musna, Rêsi Sidhikara sêdya angondurakên dhatêng nagari Ngastina lajêng pangkat.

--- 34 : 20 ---

12. Madêg Prabu Mandhala ing Ngawu-awu Langit, siswanira Dhahyang Suwela, miyos ingadhêp patihira nama Patih Dhêndhaga, amiyarsa warta sedaning gurunira. Sang Prabu Mandhala sakalangkung duka, lajêng dhawuh mêpak wadyabala sami kinèn siyaga ing damêl. Sasampunira samapta lajêng bidhal, arsa mukul prang dhatêng Ngastina.

13. Madêg ing Ngastina Prabu Dipayana, miyos tinangkil, ingkang mungging ngarsa Patih Arya Dwara, Arya Danurweda, para punggawa pêpak. Sang nata angarsa-arsa kang putra, ingkang kautus ngupadosi kang raka Radèn Yudayana. Kasaru praptanira Sang Prabu Gêndraprawa sagarwa putranira, lajêng katungka praptanira Rêsi Sidhikara, tuwin Radèn Yudayana, Radèn Ramayana, Ramaprawa sami matur sasolahira sadaya. Sang nata langkung sukur ing dewa. Dèrèng dangu gègèring jawi, mêngsah dhatêng, lajêng sami mijil ing alun-alun prang. Prabu Mandhala prang lawan Radèn Ramayana, Prabu Mandhala pêjah, Patih Dhêndhaga pêrang lan Radèn Ramaprawa, Patih Dhêndhaga pêjah sinuduk, para wadya sami têluk. Wadya têlukan sami kairid satriya kêkalih sowan ing ngarsanira sri nata.

14. Madêg Radèn Dipayana, (Prabu Parikêsit) miyos tinangkil, ingkang sami nungkul ngayuda sowan mangarsa ngaturakên wadya têtêlukan, sang prabu sangêt sukur ing dewa, lajêng bojana andrawina, tancêb kayon.

__________

 


Rêsi. (kembali)
ing. (kembali)