Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443jj. ... f. 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXVII

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 37 : [1] ---

Serie No. 443jj

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXVII

Isi lampahan:

Jamanipun Prabu Rama

10. Pêjahipun Trikaya

11. Pêjahipun Trisirah

12. Pêjahipun Kumbakarna

13. Pêjahipun Meganănda (Indrajit)

14. Pêjahipun Prabu Dasamuka

15. Tambak Undur

16. Prabu Rama Obong (Wibisana têtêp jumênêng ratu)

17. Rama Nitik

18. Rama Nitis

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 37 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 37 : [3] ---

10. Lampahan Pêjahipun Trikaya.

1. Jêjêr ing nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, kaadhêp Arya Meganănda, Patih Mulatani, ngaturakên putranipun sang nata Radèn Trikaya kadadosna senapatining prang. Prabu Dasamuka marêngakên, sarta dhawuh dhatêng Arya Meganănda, Mulatani, kautus andhawuhakên. Lajêng pangkat. Sigêg.

2. Madêg ing Krêndhabuntala, Radèn Trikaya, lênggah kalihan ingkang ibu Dèwi Cahyawati. Ginêm. Kasaru dhatêngipun Arya Meganănda kalihan Mulatani, andhawuhakên timbalan nata utawi maringakên kêprabon. Radèn Trikaya katampi sarta sagah majêng ing suradilaga, lajêng pangkat ngangge upacaraning senapati. Sigêg.

3. Madêg ing pasanggrahan Perangbaya Prabu Sugriwa, Radèn Anggada, Anila, para punggawa pêpak sami andrawina. Dhatêngipun Pracambêng matur kawontênaning paprangan. Para punggawa lajêng têmpuh prang sami punggawa. Sigêg. Pathêt sanga, gara-gara.

4. Madêg Radèn Lêsmana, kairing Sêmar, Garèng, Petruk, sowan Prabu Rama. Kocap ing paprangan, rame, Radèn Trikaya prang lan Radèn Jaya Anggada, Radèn Jaya Anggada kawon, senapati sanèsipun inggih kawon, Prabu Sugriwa mlajêng nyuwun tulung dhatêng Radèn Lêsmana, Radèn Lêsmana majêng, nanging inggih kawon, lajêng sami mundur. Radèn Trikaya trus dhatêng Suwelagiri. Sigêg, pathêt manyura.

5. Madêg Prabu Rama, kaadhêp Arya Balik, Anoman, Trigăngga, Jêmbawan tuwin Bismuka (lutung). Kasaru sowanipun Radèn Lêsmana kalihan Prabu Sugriwa, ngaturakên kawontênanipun paprangan. Arya Balik lajêng matur dhatêng Prabu Rama, supados angêdalakên upacara kaprabon. Bidhal.

6. Kocap Radèn Trikaya, ngamuk punggung, kapapagakên dhatêng Trigăngga, Trigăngga kawon. Bismuka sawadyanipun para lutung pêpulih, prangipun kasoran. Anoman lajêng mangsah, mawi tiwikrama, prang rame lan Radèn Trikaya. Sigêg.

7. Prabu Ramabadra miyos, kadhèrèkakên Arya Balik, lajêng nglêpasakên warastra Kyai Guwawijaya, Radèn Trikaya pêjah, prang sampak (Bratayuda garubuh), pêpêjah kathah. Byar, gonjanganom, pakumpulan.

--- 37 : 4 ---

11. Lampahan Pêjahipun Trisirah.

1. Jêjêr ing Suwelagiri, Prabu Rama, ingkang sowan pêpak. Sang nata arsa ăndrawina mawi dhawuh masanggrahan piyambak-piyambak. Unggarana, Prabu Sugriwa, Garusela, Anila, Pasopati, Radèn Jaya Anggada. Lajêng sami bibaran masanggrahan piyambak-piyambak.

2. Madêg ing nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, Arya Meganănda, ngaturi uninga bab kawontênaning paprangan. Prabu Dasamuka sangêt prihatos, lajêng dhawuh nimbali putra Radèn Trisirah, Trineka, Triwênèh, sarta lajêng kadhawuhan majêng dados senapatining prang. Rakiting baris mawi gêlar dirada mêta, ingkang minăngka gadhing kiwa têngên: Radèn Trineka kalihan Radèn Triwênèh, awaking dipăngga Radèn Trisirah, lajêng bidhal. Dene têmpuhing prang kalihan baris ing pasanggrahan Garusela tuwin Radèn Jaya Anggada. Prang kêmbang rame. Sigêg.

[Grafik]

Arya Balik.

[Grafik]

Prabu Rama.

3. Madêg ing nagari Singgêla, Dèwi Triwati, garwanipun Arya Balik, lênggah kalihan Dèwi Ganggêng [Gang...]

--- 37 : 5 ---

[...gêng] tuwin putra nama Dêntawilukrama. Ginêm. Putra kadhawuhan sowan dhatêng bawah Ngalêngka, awit ing pasanggrahan Suwelagiri prang Bratayuda, sampun rame. Kang putra sandika lajêng pangkat. Pathêt sanga, gara-gara.

4. Kocap Radèn Lêsmana wontên ing pasanggrahan, dhatêngipun Dêntawilukrama, lajêng jarwa-jinarwan. Radèn Lêsmana matur ingkang raka.

[Grafik]

Radèn Anggada.

[Grafik]

Prabu Sugriwa.

Kocap ing paprangan, Trineka tuwin Triwênèh, prang kalihan Anila, Anila kasoran yudanipun. Dene Dêntawilukrama sêdya pados pangalêmbana, lajêng tumut prang, kairing Petruk, wusana kêplajêng.

Kocap pasanggrahanipun Radèn Anggada, Prabu Sugriwa sampun majêng prang. Dene Trineka kalihan Triwênèh majêng sarêng, mêngsah Anggada dipun kalihi, Anggada mlajêng, Prabu Sugriwa lajêng mundur matur sang nata. Sigêg.

--- 37 : [6] ---

[Grafik]

Kumbakarna.

--- 37 : 7 ---

5. Madêg Prabu Rama, kaadhêp Radèn Lêsmana, Arya Balik, Anoman tuwin Trigăngga. Dhatêngipun Prabu Sugriwa lajêng matur dhatêng Prabu Rama. Anoman kalihan Trigăngga kadhawuhan mapagakên yuda. Lajêng pangkat, prang kalih sami kalih, rame prangipun. Wêkasan Trineka pêjah dening Anoman, Triwênèh pêjah dening Trigăngga, punggawa sami mlajêng sadaya.

6. Kocap senapati Radèn Trisirah, Mulatani, tuwin Meganănda, dhatêngipun punggawa ingkang mêntas kasor prangipun, matur kawontênaning paprangan. Radèn Trisirah agêdrug-gêdrug, lajêng mangsah dhatêng paprangan, kapêthukakên Trigăngga, prang rame. Trigăngga botên kuwagang, Anoman nulungi, prang mawi ngêdalakên tiwikrama, Trisirah pêjah sagêd gêsang malih, mila Anoman ugi botên kuwagang, lajêng mundur.

7. Kocap Prabu Rama, dhawuh dhatêng Radèn Lêsmana kapurih mapag prangipun Trisirah, kaparingan ngampil Guwawijaya, pêrangipun rame. Trisirah kacundhuk Guwawijaya pêjah, nanging sagêd gêsang malih, mila Lêsmana lajêng mundur. Arya Balik mèngêti nyuwun warastra Kyai Trisula. Trisirah têrus pêjah kataman ing Trisula, sirah kabucal kadhawahakên ngajêngipun Prabu Rawana, prang sampak. Byar, gonjanganom. Prabu Rama dhawuh kêmpal sadaya.

12. Lampahan Pêjahipun Kumbakarna.

1. Jêjêr ing nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, dhawuh dhatêng ingkang putra kêkalih: Dewantaka kalihan Dewatumut, kadhawuhan majêng dhatêng paprangan dados senapati. Putra kalih matur sandika lajêng bidhal.

Kocap ing payudan, pabarisaning para wanara, punggawa wanara lajêng têmpuh prang kalihan punggawa raksasa, wanara kasor yudanipun.

2. Madêg Prabu Sugriwa kaadhêp Anggada. Kasaru dhatêngipun punggawa wanara, ngaturi uninga bab kasoring paprangan. Sugriwa kalihan Anggada lajêng majêng dhatêng payudan, têmpuh prang mêngsah Dewantaka, Anggada kawon, lumajêng. Sugriwa mundur matur dhatêng Prabu Rama. Sigêg.

3. Madêg Prabu Rama kaadhêp ing Gunawan kalihan Lêsmana. Gunawan matur dhatêng Lêsmana kaaturan majêng prang, Lêsmana majêng nanging kawon mêngsah senapati raksasa. Anoman gêntos majêng dipun but kalih Dewantaka kalihan Dewatumut, Anoman tiwikrama, Dewantaka kalihan Dewatumut kaabên kumba, pêjah sarêng. Togog malajêng atur uninga ing gusti. Sigêg.

4. Madêg Prabu Dasamuka, kaadhêp ing Meganănda tuwin Patih Mulatani. Kasaru dhatêngipun [dhatêngi...]

--- 37 : 8 ---

[...pun] Togog, ngaturi uninga: tiwasing paprangan. Prabu Dasamuka lajêng dhawuh anggugah Kumbakarna dhatêng ing Lêburgăngsa. Indrajit sakadangipun lajêng sami dhatêng ing Lêburgăngsa.

5. Kocap Kumbakarna ingkang sawêg tapa tilêm, dipun gugah ing punggawa kathah botên ebah, para putra lajêng sami numpak kreta utawi kapal, dipun trajangakên sariranipun Kumbakarna, nanging ugi mêksa botên kraos, taksih sakeca sare. Togog lajêng anjarwani dhatêng Meganănda kapurih ambubut wulunipun puhun. Lajêng wungu, wusana mundhut dhahar tumpêng sèwu tuwin panggang sèwu, Kumbakarna matak aji gêdhong mênga, mila tumpêng lan panggang têlas kadhahar sadaya. Prabu Dasamuka lajêng rawuh, Kumbakarna kapurih majêng dhatêng paprangan, nanging botên purun, malah nangis. Prabu Dasamuka duka, mundhut wangsuling dhaharan wau. Kumbakarna ugi lajêng mutahakên panggang tumpêng sèwu. Prabu Dasamuka masrahakên nagarinipun, Kumbakarna sagah, pamit ing garwa miwah putra kêkalih, Aswanikumba, Diktyakumba, sarta mundhut pangangge sarwa pêthak. Dene punggawanipun sadaya ugi sami mangangge sarwa pêthak, lajêng bidhal dhatêng ing paprangan.

6. Madêg pabarisan ing Suwelagiri, Sugriwa jumênêng senapatining paprangan, têmpuh prang tandhing kalihan Kumbakarna, Sugriwa limprêk-limprêk kadamêl undhi dening Kumbakarna, sambat-sambat, lajêng kakintun bayu dhatêng Anoman, Sugriwa èngêt badhe oncat, anyêngkah dhadha, anyakot grananing Kumbakarna ngantos srumpung, mila Kumbakarna lajêng ngamuk punggung, Lêsmana majêng anglêpasakên jêmparing, badanipun Kumbakarna kasêmpal-sêmpal. Pêrang sampak. Prabu Rama kêmpal pêpakan. Byar, gonjanganom.

13. Lampahan Pêjahipun Meganănda (Indrajit).

1. Jêjêr ing nariga[1] Ngalêngka, Prabu Dasamuka, paring dhawuh dhatêng Indrajit, kapurih majêng dados senapati. Arya Meganănda sêmu mopo, wasana sagah, kanthi Radèn Narataka, lajêng bidhal dhatêng kahyangan kapanggih garwa putra. Radèn Narataka ngirit wadya bidhal, sigêg.

2. Kocapa barisanipun Radèn Jaya Anggada, punggawa sampun sami prang (prang kêmbang) sigêg.

3. Madêg ing kaendran, Dèwi Endrarum, putra putri nama Dèwi Endraji. Dhatêngipun Arya Meganănda, pamitan, ginêm wêlasan. Sasampunipun lajêng mandhap dhatêng paprangan. Pathêt sanga.

4. Kocap ing payudan, Prabu Rama kalihan Radèn Lêsmana anjênêngi prang, Radèn Jaya Anggada jumênêng senapati. Indrajit pêrang satêngah ajrih kalihan Arya Balik, mila lajêng oncat, musna. Dene Prabu Rama sawadyabala, lajêng sami ngaso dhatêng pasanggrahan. Sigêg.

--- 37 : 9 ---

5. Kacariyos Arya Meganănda nandhang prihatin, lajêng alampah durjana, anglêpasakên sanjata Nagapasa ing wanci dalu. Arya Wibisana mirsa galibêtipun Arya Meganănda, mila lajêng matur dhatêng Prabu Rama, ngaturi pêpèngêt sampun ngantos katemplekan ing tosan, dalah para wadyabala sadaya ugi botên kenging, namung Radèn Lêsmana ingkang taksih ngagêm supe tosan. Lampahipun Nagapasa sarêng mambêt tosan lajêng dhatêng, Radèn Lêsmana dipun purugi sarta lajêng kacucup pêjah. Konangan kaêlokakên pandung, Radèn Lêsmana sagêd waluya malih dening Prabu Rama. Arya Balik matur, atur pêpèngêt dhatêng Prabu Rama supados anglêpasakên Guwawijaya. Wusana Guwawijaya lajêng prang kalihan jêmparing Nagapasa, Nagapasa kasor, kapikut kabêkta dhatêng ngarsanipun Prabu Rama ingkang sawêg siniwi para wadya pêpak, Nagapasa lajêng kapundhut, Radèn Jaya Anggada dipun dhawuhi mangkat prang mêngsah kalihan Radèn Narataka, Radèn Narataka pêjah.

[Grafik]

Arya Meganănda.

6. Kocapa Radèn Meganănda, dipun aturi priksa pêjahipun Radèn Narataka, lajêng magut prang, anglêpas sanjata Naracabala, wadya wanara kathah ingkang pêjah, kantun Anoman, Trigăngga tuwin Bismuka. Arya Meganănda ngamuk, lajêng dipun lêpasi Guwawijaya dening Sri Rama, bau suku badan sirahipun ajur, kuwandanipun lêbur. Pêjahipun Arya Meganănda wangsul dhatêng jumantara malih. Prang sampak. Prabu Rama luwaran. Byar, gonjanganom.

--- 37 : 10 ---

14. Lampahan Pêjahipun Prabu Dasamuka.

1. Jêjêr nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, ingkang sowan Patih Mulatani, Japamantri, Mangundara, Gadhudara. Ginêm, Bratayuda, sang prabu dhawuh nimbali putranipun Kumbakarna, nama Aswanikumba kalih Kumba-kumba, lajêng dipun dhawuhi mangsah ing paprangan jumênêng senapati. Lajêng tata-tata. Sang nata kondur, ingkang majêng dhatêng paprangan bidhal sadaya. Sigêg.

2. Kocap ingkang wontên madyaning pabarisan, para wanara kathah, ingkang dados pangajêng Anila, Anala. Kêthèk rambut gêni, Sêmpati, Cucakrawun, Satabali. Sami ginêm paprangan. Kasaru dhatênging kêthèk Pracambêng, matur mêngsah dhatêng, lajêng bibar mapagakên mêngsah, trus prang kêmbang, punggawa kêthèk sami kawon lumajêng sadaya. Senapati Ngalêngka trus mapan ing paprangan. Sigêg.

3. Kacariyos Wibisana lênggah kalihan ingkang garwa, tuwin ingkang putra. Ginêm punapa prêlunipun. Wibisana bakda ginêm lajêng sowan dhatêng Suwelagiri. Sigêg, pathêt sanga.

4. Madêg Suwelagiri, Sang Prabu Bathara Ramabadra, ingkang sowan Lêsmana, Wibisana, Sugriwa, Jaya Anggada, punggawa pêpak. Sang nata manggalih Bratayuda. Kacariyos punggawa sami lumajêng, Anila matur: Mêngsah sampun wontên ing paprangan. Sri Bathara Rama dhawuh majêng, senapati Radèn Lêsmana, lajêng bidhal ing paprangan trus lajêng prang, senapati sami mêngsah senapati, prang rame, sampun pungkasaning prang, Lêsmana nglêpasakên jêmparing Pasopati, Aswanikumba pêjah, Kumba-kumba majêng, inggih pêjah. Togog lumajêng. Pathêt manyura.

5. Kacariyos Prabu Dasamuka, Patih Mulatani, Japamantri, Gadhudara, Mangundara. Togog dhatêng matur, Dasamuka dhawuh dhatêng patih lajêng bidhal paprangan, Dasamuka minggah dhatêng kahyangan. Sigêg.

6. Sang Hyang Girinata lênggah kalihan ingkang raka Bathara Narada, ingkang sowan: Endra, Brama, Sambu, Basuki, para jawata. Ginêm pêpêsthèning manungsa, ingkang sinêbut ing wêca. Kasaru Dasamuka dhatêng, matur nyuwun mênang anggènipun prang. Dhawuhipun Bathara Guru dhatêng Dasamuka: Ya, wis kari nglakoni. Dasamuka lajêng mundur dhatêng Ngalêngka. Para dewa bibar sami ningali Bratayuda pungkasan.

7. Kocap ing paprangan, danawa Gadhudara, Mangundara, prang lan Radèn Lêsmana. Gadhudara, Mangundara pêjah, Togog lumajêng.

8. Kocapa Dasamuka ingkang saking suralaya kêpanggih Patih Mulatani, kasaru Togog dhatêng matur, yèn Gadhudara, Mangundara, pêjah. Dasamuka anggêdrug lajêng dhawuh ngajêngakên titihan rata, nama [na...]

--- 37 : [11] ---

[Grafik]

Prabu Dasamuka.

[Grafik]

Sang Hyang Brama.

--- 37 : 12 ---

[...ma] rata jaladara, sang prabu lajêng nitih rata, trus dhatêng paprangan.

9. Ingkang majêng rumiyin Patih Mulatani, prang lan Anoman, kadugi rêkaos, Radèn Lêsmana nglêpasakên Pasopati. Patih Mulatani pêjah, Dasamuka majêng, trus prang rame, Dasamuka dipun lêpasi Pasopati, Dasamuka pêjah, lajêng gêsang malih, awit kanggenan Păncasona bumi. Lêsmana kalihan Anoman sami lumajêng. Kocap Prabu Rama sarêng ingkang rayi sampun kawon, sang nata dhawuh dhatêng Wibisana, ngajêngakên titihan rata nama rata jatisura, nitih rata trus majêng paprangan, prang tandhingan. Sang Nata Dasamuka nitih rata jaladara, prang rame sami nitih rata, Prabu Rama nglêpasakên pusaka jêmparing Kyai Guwawijaya, Dasamuka kenging, jangganipun pagas, sirah pisah lan gêmbungipun, Bathara Rama marêpêki sarwi sumbar-sumbar, Bathara Rama mundur. Kacariyos kuwandanipun Dasamuka lajêng gêsang malih sakalangkung kurdanipun, lajêng campuh prang rame, Dasamuka datan sagêd pêjah, Prabu Rama sangêt susah. Kacariyos Wibisana ingkang ngaturi priksa dhatêng sang nata, dipun aturi nglêpasi jêmparing saking mandrawa. Wibisana lajêng dhawuh dhatêng Anoman, andikakakên ambopong gunung, kapurih ngawasakên ingkang prang. Kocap Prabu Rama nglêpasakên jêmparing, Dasamuka kenging jangganipun pagas, pisah lan gêmbungipun, Anoman ingkang ambopong gunung lajêng dipun brukakên kuwandanipun Dasamuka. Dasamuka trus pêjah. sanalika gunung nyuwara: saking dayanipun Păncasona. Prang sampak, Prabu Rama saabdinipun rawuh dhatêng nagari Ngalêngka. Byar, gonjanganom.

15. Lampahan Tambak Undur.

1. Jêjêr nagari Ngalêngka Sang Prabu Ramabadra, ingkang sowan Radèn Lêsmana, Wibisana, Patih Sugriwa sapunggawa. Ginêm, badhe kondur dhatêng Ngayodyapala. Patih dipun dhawuhi nambak samodra. Sugriwa mundur, Wibisana kautus dhatêng kadhaton, sang nata têdhak saking palênggahan.

2. Kacariyos Rêtna Dèwi Sinta, lênggah kalihan Dèwi Trijatha. Kasaru Wibisana dhatêng saha matur dhatêng Dèwi Sinta, dipun aturi ngrasuk busana. Dèwi Sinta lajêng ngrasuk busana. Prabu Rama priksa ingkang garwa sakalangkung gêla, Wibisana tansah gumujêng. Sang nata lajêng muja gêni, Sinta tunu. Sarêng dahana pêjah Dèwi Sinta wangsul kados prawan malih. Prabu Rama lajêng trimah, lajêng trus kaboyong. Kocapa Sugriwa lan para punggawa ambibarakên punggawa. Sigêg.

3. Madêg nagari Krêndhabuntala, jêjuluk Prabu Sêkesa, kacariyos putranipun Sumali Ngalêngka,

--- 37 : [13] ---

[Grafik]

Gunung.

[Grafik]

Radèn Anoman.

--- 37 : 14 ---

Nalika prang kalihan Bagawan Sarwa, kasanjata angin dhawah Krêndhabuntala, trus jumênêng ratu, gadhah punggawa sami lan punggawa Ngalêngka. Danawa pêpak. Sang nata sakeca lênggah sineba patih lan punggawa pêpak, manggalih nagari Ngalêngka. Kasaru Dèwi Jarini putranipun Dèwi Sarpakênaka, kanthi Togog, matur dhatêng ingkang eyang, nyuwun tulung ngrêbat nagari Ngalêngka, sarta matur bilih Prabu Rama boyong.

4. Prabu Sêkesa inggih ambiyantu, lajêng ambidhalakên punggawa danawa kathah warna-warna, wontên ingkang ngambah samodra, ingkang lampah dharatan, dene Jarini bidhal saking nagari, anjajah wana Ngalêngka, lajêng prang kalayan Pragosa, prang kêmbang, sigêg. Prangipun sami mundur.

[Grafik]

Dèwi Trijatha.

[Grafik]

Dèwi Sinta.

5. Madêg ing samodra, Sang Hyang Baruna ingadhêp taksaka nama Ula Ambunawa, mina-mina. Manggalih tampi dhawuh: sapunika Wisnu lan Sri boyong, têgêsipun Rama lan Sinta, andikakakên anjagi. Sang Hyang Baruna lajêng paring dhawuh dhatêng para mina sadaya, lajêng bibar. Sigêg, pathêt sanga.

6. Radèn Lêsmana lan panakawan, mawi prang begal, jawata paring priksa, lajêng sowan ingkang raka.

7. Kacariyos Sri Narendra Ramabadra lawan ingkang garwa, ingkang sowan Dèwi Trijatha, Lêsmana, Wibisana, Sugriwa lan para wanara wontên pasanggrahan Kuthagringging, satêngahing samodra, sami suka-suka. Kocapa danawa kengkenanipun Prabu Sêkesa, lampah nyidra ngrisak tambak,

--- 37 : 15 ---

sarêng katrajang: tambak dhadhal, pasanggrahan trus kèrêm. Sri nata ngrangkul garwa, Wibisana ngrangkul putra, Lêsmana, Anoman sadaya sami anjumantara. Punggawa, Sugriwa sami kèrêm.

Sri nata, Lêsmana, Anoman andikakakên nulungi ngêntasakên. Anoman ribut, sadaya lajêng sami dipun uncalakên ing dharatan. Kocapa danawa ingkang ambibrah tambak prang kalayan Anoman, danawa trus pêjah. Sri Narendra Bathara Rama priksa para punggawa sampun sami waluya sadaya, dhawuh bidhal, sigêg.

8. Madêg nagari Ngayodyapala, Brănta lan Trugêna, patih lan punggawa. Ginêm: ingkang raka Ramabadra. Kasaru punggawa prapta ngaturi uninga wontên rame-rame. Trugêna lan kang raka Brănta mêthukakên, dipun sêngguh mêngsah, sarêng sampun sami priksa bilih ingkang raka, lajêng sami sowan saha sami ngabêkti, Rama dhawuh klêmpakan para kadang tuwin para punggawa. Sigêg, pathêt manyura.

9. Kacariyos Dèwi Jarini, ingkang wontên pasanggrahan tuwin para punggawa, kasaru pracambêng ngaturi priksa, yèn Ratu Rama sapunggawanipun sampun dumugi ing Ngayodyapala.

[Grafik]

Radèn Brănta.

10. Dèwi Jarini trus nglurug dhatêng Ngayodya, Togog tan pisah, sadaya para punggawa andhèrèkakên. Kocapa punggawa wanara kang sami suka-suka, mirêng tambur bêndhe tuwin surak, lajêng sami mêthukakên, lajêng prang punggawa sami punggawa, prangipun punggawa jawi kawon, sami lumajêng. Kocap Dèwi Jarini lajêng trus prang rame, wanara majêng satunggal-satunggal kawon ngantos rambah-rambah, lajêng majêng sarêng kêthèk kathah. Kacariyos kadigdayanipun Dèwi Jarini wau, kêthèk sami kagubêd ing rikma sadaya, nanging botên kêtawis, kantun satunggal lumajêng, Dèwi Jarini ngangsêg.

11. Kocapa Sang Nata Ramabadra, ingkang lênggah lan para kadang sarta punggawa, sawêg ginêm, kasaru plajêngipun kêthèk pracambêng, matur wontên mêngsah nama Dèwi Jarini, kănca têlas sadaya. Sang nata dhawuh dhatêng Lêsmana, andikakakên majêng. Lêsmana majêng trus prang, Lêsmana kawon, Wibisana lajêng suka priksa dhatêng Anoman: kapurih majêng trus prang, sakalangkung rame, Anoman lajêng dipun [di...]

--- 37 : 16 ---

[...pun] pèngêti kapurih anjêbol rambutipun, Anoman waringutên, ngrangkut rambutipun Dèwi Jarini ngantos jêbol. Jarini pêjah, punggawa kêthèk sami waluya, Togog lumajêng.

12. Kacariyos Sang Nata Sakesa ngajêng-ajêng ingkang wayah Dèwi Jarini, kasaru Togog dhatêng, matur Jarini pêjah. Sang Nata Sakesa lajêng arsa ambelani kang wayah nglurug dhatêng Ngayodyapala, trus prang sampak kalihan Anoman, Sakesa rampung. Byar, gonjanganom.

16. Lampahan Prabu Rama Obong (Wibisana Têtêp Jumênêng Ratu).

1. Jêjêr nagari Ngayodyapala, Prabu Rama, ingkang sowan para ari pêpak, Brănta, Lêsmana, Trugêna, Wibisana, Sugriwa. Ginêm: sang nata badhe seda obong, sampun sami dipun dhawuhi sadaya. Sawêg ginêm kêsaru wontên abdi kêparak sowan, atur uninga ing kadhaton wontên pandung. Lajêng dhawuh dhatêng Patih Sugriwa lumêbêt ing taman, sarta lajêng samêkta pirantining nyêpêng pandung, lajêng ambidhalakên wadya, Wibisana dhawuh mring Anoman kadhawuhan anjangkung, lajêng pangkat. Sigêg.

[Grafik]

Radèn Trugêna.

2. Kacariyos ingkang wontên salêbêting taman, Lêsmana malihaning Kapi Jêmbawan, malih warni bagus nama Radèn Lêsmana, nyidra Dèwi Trijatha ngantos karêsmèn. Kasaru punggawa dhatêng, lajêng trus prang kêmbang, punggawa kawon sadaya. Kocapa Anoman trus majêng, Lêsmana nyidra lampahipun, katrajang dhatêng Anoman, Lêsmana dipun banting badhar dados Kapi Jêmbawan, laju kasowanakên marang sang nata. Sigêg.

3. Jêjêr nagari Mantili Prabu Janaka, ingkang sowan Patih Sudigja, gadhah anak èstri nama Dèwi Sumêkar, badhe kapanggihakên kalihan putra Mantilidirêja nama Radèn Mayarêtna. Kacariyos [Kacariyo...]

--- 37 : 17 ---

[...s] ical, tan wontên barang kang ewah, sang nata saklangkung sêkêl. Kacariyos titihanipun Radèn Mayarêtna kêkalih, satunggal dipăngga nama jakamutra, satunggalipun kuda nama balangantêban, kalih pisan sami ambêdhal. Patih lajêng mêdal, dhawuh marang punggawa sami andikakakên nututi. Sigêg.

4. Dèwi Sumêkar putra kapatihan, mirêng titihan sami ambêdhal, lajêng trus madosi Mayarêtna.

[Grafik]

Jakamutra titihanipun Radèn Mayarêtna.

5. Gara-gara. Radèn Mayarêtna, Sêmar, Garèng, Petruk. Mayarêtna manggalih: yèn kêpanggih Sri. Sêmar mèngêti, Mayarêtna gandrung, lajêng lumampah satêngahing wana.

6. Kacariyos Sang Prabu Rama lênggah kalihan Brănta, Wibisana, Lêsmana. Sugriwa ngaturakên Jêmbawan lan Trijatha. Sang nata dhawuh: Kapi Jêmbawan botên parêng obong, kadhawuhan dhatêng wukir Kutharunggu, punggawa datan wontên ingkang kantun, Dèwi Sinta tuwin kêparak, sang nata tuwin Radèn Lêsmana.

7. Kocap Radèn Mayarêtna kêpêthuk ingkang êmbok Dèwi Sinta, Mayarêtna èngêt impènipun, kang êmbok Dèwi Sinta arsa pinondhong, lajêng lumajêng trus kabujêng, kêpêthuk Lêsmana, Dèwi Sinta nêdha tulung, Lêsmana mêthukakên Mayarêtna, lajêng prang, Lêsmana kawon sakêdhap, sarêng sampun dangu

--- 37 : 18 ---

Mayarêtna kawon, Mayarêtna lumajêng kabujêng mawi curiga, ngungsi sang nata. Lêsmana lajêng matur, benjing kula anjaluk dadi tuwa, kula nitis putra Mandura, yèn wontên kang aran Kakrasana, gèthèk ciri kula gawa.

8. Sang nata lajêng andhawuhakên punggawa, sadaya pêpak, ngêpyakakên sapunika Wibisana kajumênêngakên nata wontên ing Ngalêngka, jêjuluk Prabu Wibisana, andikakakên têngga bale kancana, rata jatisura. Anoman kawêca pancang[2] umuripun, andikakakên rumêksa rêdi Somawana, mapan ing ardi Kêndhalisada.

9. Prabu Rama sakalihan miyos ing rêdi Kutharunggu, lajêng dhawuh andadosakên latu, sarêng sampun dados, sang nata, garwa, Radèn Lêsmana, tuwin punggawa sami andhèrèk obong. Sigêg.

10. Dèwi Sumêkar kêpanggih gajah lan kuda, sami madosi gustinipun. Dèwi Sumêkar priksa dahana mubal trus minggah rêdi Kutharunggu, lajêng anggêbyur obong. Kocapa gajah lan kuda madosi gustinipun, kang dipun purugi wana Sukarêmbe. Wibisana, Brănta, Trugêna, Anoman, sami ambiyantu dhatêng Ngalêngka. Byar, gonjanganom.

17. Lampahan Rama Nitik.

1. Jêjêr praja Ngastina Sang Prabu Suyudana, ingkang sowan Patih Sangkuni, Bagawan Durna, Aswatama. Sang nata anggalih têpis iringing praja kadhawahan anjir, lajêng nimbali Nata Mandura lan Narpati Ngawăngga, sarêng sampun sowan kalih pisan, sang nata lajêng dhawuh kautus mriksa kawontênanipun. Sang kalih matur sandika, Patih Arya Sangkuni kadhawuhan ambiyantu. Sang prabu kondur.

2. Kocap pasowanan jawi, Prabu Baladewa, Ngawăngga, Dursasana, kadang Korawa pêpak. Lajêng bidhal. Sigêg.

3. Kacariyos ingkang têngga anjir, punggawa wanara kathah, utusanipun Prabu Ramadewa. Kasaru pracambêng cariyos, wontên gêgaman kathah, lajêng dipun papagakên, prang sêkar. Korawa sami lumajêng.

4. Madêg ing nagari Păncawati, Sang Prabu Ramadewa, ingkang sowan Lêsmana, Brănta, Trugêna, Sugriwa. Sang prabu manggalih manggihakên pangantèn, Brănta dhaup kalihan Dèwi Antrakêwulan, sarta manggalih ngêlar papan, namung panuwunipun Dèwi Sinta nyuwun kanthi Dèwi Wara Durpadi. Sang nata nimbali Anoman, kautus nglamar dhatêng Pandhawa, lajêng pangkat. Sigêg, pathêt sanga, gara-gara.

--- 37 : [19] ---

[Grafik]

Prabu Baladewa.

[Grafik]

Prabu Suyudana.

--- 37 : 20 ---

5. Madêg Radèn Janaka wontên wana, madosi impènipun, ngimpi kêpanggih putri sami kalihan Sumbadra. Lajêng prang begal, badhar dewa, paring priksa kapurih mantuk. Arjuna tan purun, trus lumampah. Sigêg.

6. Madêg nagari Ngamarta, Sang Prabu Darmakusuma, lênggah kalihan Sang Prabu Krêsna, Bima, kêmbar, manggalih Arjuna botên sowan. Kocap Anoman dhatêng ambêkta sêrat, katur Sang Nata Ngamarta, lajêng dipun tampèni Sang Nata Ngamarta piyambak, sampun kadhadha suraosipun. Anoman lajêng dipun timbali lumêbêt, Krêsna, Bima botên mangrêtos, lajêng mêdal ing jawi. Sang Nata Ngamarta lajêng maringakên gêndhaga katampi dhatêng Anoman, sarta lajêng mantuk dhatêng Păncawati.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

7. Madêg ing Păncawati, Prabu Rama lênggah lan garwa, ingkang sowan pêpak. Anoman dhatêng nyaosakên gêndhaga, dhawuhipun Nata Ngamarta isi putri Dèwi Durpadi,[3] sampun katampi. Sarêng kabikak botên kenging, ngantos kabikak ing kathah mêksa botên kenging, lajêng dipun pasrahakên Anoman, lajêng kabêkta dhatêng alun-alun, Anoman waringutên.

8. Gêndhaga sarêng dipun cakot: sigar isi Gathutkaca, punggawa lumajêng, alok gêndhaga isi tênung, lajêng prang, Gathutkaca kinrubut kêthèk kathah, wanara dipun kirigakên mawut sadaya. Kacariyos sang nata priksa punggawa risak, lajêng nglêpasakên jêmparing Kyai Guwawijaya, manjing wêntisipun Gathutkaca, kraos sakit lajêng andheprok, sarêng èngêt Gathutkaca lajêng oncat mabur, dumugi ngawiyat lajêng dhawah.

9. Kocap Dèwi Sinta mêdal arsa madosi Durpadi, dipun pambêng Radèn Lêsmana.

10. Madêg Pandhawa, Prabu Darmakusuma, Sri Krêsna, Bima. Kasaru Gathutkaca dhatêng, sambat pêjah. Bima gugup: Kapriye Gathut. Sang Darmakusuma ngusadani mawi sêkar Wijayakusuma botên sagêd waluya. Sri Krêsna lajêng mijilakên Cakra, Cakra lajêng manjing wêntisipun Gathutkaca, wontên salêbêting wêntis lajêng prang panah sami panah, Cakra lan Guwawijaya, Guwawijaya kawon lajêng lumajêng dipun bujung sênjata Cakra, Gathutkaca waluya, lajêng nututi Cakra, Krêsna, Bima nusul.

--- 37 : 21 ---

11. Kocap Arjuna, kêpanggih Dèwi Sinta, badhe dipun tubruk Sinta oncad, Arjuna gandrung. Kocap Lêsmana, madosi ingkang êmbok Dèwi Sinta, Arjuna sarêng sumêrêp Lêsmana lajêng nubruk kemawon, Lêsmana tansah dipun arasi, Lêsmana gila, dipun suduki mêksa botên dipun raos, Lêsmana lumajêng, Arjuna gandrung, Dèwi Sinta sarta panakawan inggih sami gila.

Kocap Sang Nata Krêsna, priksa Radèn Janaka lajêng dipun purugi, Arjuna lajêng èngêt, matur kêdah mondhong Dèwi Sinta, Krêsna anjarwani Arjuna: yèn arêp wêruh bae kêna, Arjuna manut lajêng dipun têdahakên, papanipun kang eyang Dèwi Sinta, ingkang lênggah kalih Antrakêwulan. Kocap Radèn Arjuna sumêrêp papan utawi warninipun, badhe murugi, dipun cêgati lan kang raka Bathara Krêsna rambah-rambah, Arjuna tan bêtah ngampah brănta, lajêng kantaka, Krêsna lajêng nimbali Gathutkaca kapurih ambêkta mantuk dhatêng Pandhawa, trus Arjuna gêrah.

12. Krêsna lajêng kêpanggih ingkang eyang Ramadewa, lajêng jarwa-jinarwan, ingkang eyang nitik guwagarbanipun ingkang wayah, Krêsna nyagahi amapanakên sarak ingkang kawan bab, utawi Dèwi Sinta, ingkang wau Cakra, Guwawijaya dipun asta Ramabadra, Krêsna tampi sanjata Cakra lajêng kondur.

13. Kocap Prabu Baladewa, ngamuk sapunggawanipun, lajêng kajêmparing maruta dhawah wana Dwarawati, Korawa larut mundur sadaya, ngalêmpak badhe manggihakên pangantèn, Brănta kondur boyong dhatêng Ngayodya. Byar, gonjanganom.

18. Lampahan Rama Nitis.

1. Jêjêr nagari Dwarawati, Sri Narendra Bathara Krêsna, sewaka ing sitiluhur, katamuan ingkang raka Nata Mandura, ingkang sowan putra Radèn Sămba lan Sêtyaki, Patih Udawa, sampun jarwa-jinarwan, ingkang raka sinuwun Mandura mundhut tulung, nagari Mandura katêdha Prabu Rama: aku dipurih têluk. Kapriye karêpe yayi, aku anjaluk pratikêlmu. Sri Krêsna nyaosi ombyong, Sămba lan Sêtyaki kula caosakên kanthi. Sang Nata Baladewa lajêng mêdal ing jawi.

2. Sri Narendra Krêsna kondur ngadhaton, kapêthuk pramèswari, sampun jarwa-jinarwan, sri nata ngrasuk busana, tindak ing plataran arsa tindak dêdewan, lajêng mêsat ing jumantara.

3. Kocap ing jawi Nata Baladewa, sineba Sămba, Sêtyaki, Pragota, Udawa, tata-tata lajêng bidhal, Prabu Baladewa nitih dipăngga măngsabarat. Sigêg.

4. Madêg nagari Păncadhêndha, Prabu Rama, Wibisana, Sugriwa, utawi punggawa pragosa. Sang prabu dhawuh dhatêng Sugriwa ambêkta bala kautus dhatêng Mandura, Sugriwa mêdal tata-tata lajêng bidhal, kêpêthuk [kê...]

--- 37 : 22 ---

[...pêthuk] gaman Mandura, para pratiwa lajêng prang kêmbang, punggawa pratiwa mundur.

5. Kocap nagari Ngayodyapala Prabu Brănta, lênggah kalihan ingkang rayi Radèn Trugêna sarta patih. Sang nata manggalih anggènipun krama Dèwi Antrakêwulan, dèrèng purun dipun parêpêki, mawi gadhah panyuwun, manawi sagêd ambatang cangkrimanipun, inggih purun angladosi. Prabu Brănta lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi kautus dhatêng Dhêndhakaya kêpanggih Radèn Lêsmana: sadina iki tak purih kêtêmu aku. Trugêna lajêng pangkat, dhatêng nagari Girituba. Sigêg, pathêt sanga.

6. Gara-gara. Nagari Ngamarta, Narendra Darmakusuma, nyundhang ingkang rayi Radèn Arjuna, para garwa sami ngrêrămpa. Ingkang lênggah Sri Krêsna, Arya Bima, kêmbar sami nangis, panakawan inggih sami nangis utawi rêrêpèn. Sri Narendra Krêsna ngandika anggancarakên nagari Ngayodyapala, wontên wanodya ayu nama Antrakêwulan. Sang Arjuna sarêng mirêng pangandikanipun Sang Narendra Krêsna nulya pungun-pungun, sanalika saras, namung taksih kasandhang dèrèng lênggah.

7. Sang Arjuna matak aji panglemunan, kănca katilar, Sang Arjuna lolos datan wontên ingkang priksa kesahipun, mawi anjawil punakawan.

8. Para garwa mêtêki namung sinjang, garwa lajêng kagèt, Sang Arjuna ical, trus sami madosi. Krêsna kalihan Gathutkaca sami anjumantara.

9. Kocap Sang Arjuna lumampah ngupadosi tanah Ngayodyapala, anglangkungi wana, lajêng kabegal rêksasa asal saking sabrang, prang, buta rampung, Arjuna lajêng, sigêg.

10. Kocap Girituba inggih Dhêndhakaya, Radèn Lêsmana lênggah kalawan Anoman, manggalih badhe sowan ingkang raka Prabu Rama, sampun utusan dhatêng Mandura. Kasaru sowanipun Trugêna, matur kautus ingkang raka Prabu Brănta. Dhawuhipun sang nata: kakang mas dipun aturi sarêng lampah kula. Lêsmana inggih manut, lajêng mangkat. Sapêngkêripun Radèn Lêsmana, Anoman lajêng anjangkung mêdal jumantara.

11. Kocap Prabu Brănta ngajêng-ajêng rayi, Lêsmana Trugêna dhatêng, dipun purih ambatang cangkrimanipun Antrakêwulan, Lêsmana sagah, lajêng kairid dhatêng kadhaton. Kocap Dèwi Antrakêwulan lênggah, Trugêna masrahakên Lêsmana, Trugêna mundur, Antrakêwulan lênggah kalihan Lêsmana, lajêng bantah cangkriman. Gancaring kăndha Lêsmana sagêd ambatang, Antrakêwulan brănta dhatêng Lêsmana, rèhne Lêsmana punika wadat, ajrih marang wanodya, badhe mlajar dipun gondhèli kalihan sang dèwi, Lêsmana andharodhog saliranipun.

--- 37 : 23 ---

12. Kocap jumantara Anoman, mawas Lêsmana sambat-sambat, nulya kasaut saking awiyat, lajêng kabêkta sowan dhatêng Păncadhêndha. Antrakêwulan sakalangkung brănta, sarya nangis sambat Radèn Lêsmana.

13. Sang Parta utawi punakawan, lumêbêt kênyapuri, Antrakêwulan sarêng priksa Radèn Arjuna, dipênggalih Lêsmana, lajêng dipun rangkul, Sang Arjuna bingah, dhèhèm-dhèhèm. Kănca kêparak lumajar matur sang nata. Brănta, Trugêna lênggah, kasaru kêparak sowan matur Radèn Lêsmana purun nyidra rêsmi, sang nata lajêng mlajar matur kang raka Ramabadra.

[Grafik]

Dèwi Antrakêwulan.

[Grafik]

Radèn Arjuna.

14. Kocap Prabu Rama lênggah, ingkang sowan Radèn Lêsmana, Wibisana, Anoman. Kasaru Brănta Trugêna sowan, ngaturakên lampahipun ingkang rayi, Lêsmana: purun-purun nyidra rêsmi Antrakêwulan, kapundhut punapa lêrêsipun. Sang prabu dhawuh dhatêng Anoman, Lêsmana lajêng dipun bêsta. Wibisana matur prayogi dipun uculi bêstanipun. Sarêng sampun dipun luwari Lêsmana kapurih lumêbêt kadhaton, Anoman anjangkung ing awiyat, Sang Arjuna kalihan Antrakêwulan, dhatêngipun Lêsmana lajêng tantang-tinantang, trus prang rame.

15. Kocap Sri Krêsna kêpanggih Bathara Rama, mawi cêngkah-cinêngkah, Bathara Rama nitis, curiga manjing

--- 37 : 24 ---

răngka, Sinta nitis Sumbadra. Kocap ingkang prang: Lêsmana lan Arjuna, Lêsmana nitis Arjuna, kacariyos wadat botên kraos mungging Arjuna, lajêng oncat, dipun tututi Sang Krêsna. Kocap Sang Nata Baladewa, kang munggèng pasanggrahan. Kocap wadat manjing Baladewa, sang nata botên priksa, Sri Krêsna dhatêng mèngêti ingkang raka, manawi benjing botên pêputra pinasthi wadat. Lajêng prang sampak. Byar, gonjanganom.

[Grafik]

 


nagari. (kembali)
panjang. (kembali)
Drupadi (dan ditempat lain). (kembali)