Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443cc. ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXX.

Bale Pustaka – Batawi Sèntrêm.

--- 30 : [1] ---

Serie No. 443cc.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXX.

Isi lampahan:

129. Kalabêndana pêjah.

130. Rara Têmon.

131. Jagal Abilawa.

132. Pandhawa gubah.

133. Krêsna duta.

Bale Pustaka – 1932 – Batawi Sèntrêm.

--- 30 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 30 : [3] ---

129. Lampahan Kalabêndana Pêjah.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ingkang putra Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, ingkang rinêmbag, kadang Pandhawa sami wontên ing Wiratha, lajêng kasaru rawuhipun ingkang raka Prabu Baladewa, andangu putra Dèwi Siti Sêndari wontên ing pundi. Prabu Krêsna matur wontên ing Pringgadani, Radèn Arya Sămba tuwin Wimuka kautus dhatêng ing Pringgadani, mundhut Dèwi Siti Sêndari, lajêng bibaran.

[Grafik]

Radèn Arya Sămba.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, kaadhêp Dèwi Rukmini, tuwin Dèwi Sêtyaboma, katungka rawuhipun Prabu Krêsna, tuwin nata ing Mandura, lajêng kêmbul bujana.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, Patih Pragota, tuwin Patih Udawa, lajêng dhawuh samêktaning wadya, Radèn Arya Sămba tuwin Radèn Wimuka nuntên bidhalan.

4. Madêg ing nagari Pringgadani, Radèn Arya Gathutkaca tuwin Rêtna Dèwi Siti Sêndari, sang rêtna mundhut timbulipun Radèn Abimanyu, aturipun sang prabu benjing badhe timbul piyambak. Lajêng kasaru dhatêngipun Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Wimuka, Rêtna Dèwi Siti Sêndari malêbêt ing puri, Radèn Arya Sămba mundhut Sang Rêtna Siti Sêndari, Radèn Arya Gathutkaca kumbi, lajêng prang Radèn Arya Sămba tuwin Radèn Wimuka kasor lajêng mantuk.

5. Madêg ing samadyaning wana, Radèn Abimanyu, kaadhêp punakawan tiga, Sêmar Nala Garèng Petruk. Ingkang rinêmbag, Radèn Abimanyu kangên ingkang garwa Dèwi Siti Sêndari, lajêng kapapag sima tuwin sawêr dados prang, sima babar dados Hyang Narada, sawêr dados Bathara Brama, lajêng paring wangsit, Radèn Abimanyu kadhawuhan mamrih putri Wiratha, Dyah Dèwi Untari, karana punika ing têmbe sagêd anurunakên para nata. Jawata kêkalih lajêng makahyangan, Radèn Abimanyu lajêng trus sowan dhatêng ing Wiratha, punakawan têtiga botên kantun.

--- 30 : 4 ---

6. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, pinuju katamuan Prabu Baladewa, kasaru dhatêngipun Radèn Arya Sămba, matur bilih Radèn Arya Gathutkaca kumbi, Prabu Baladewa lajêng pamit mundur kondur dhumatêng ing Ngastina, lajêng bibaran.

7. Madêg ing Pringgadani, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin Dèwi Siti Sêndari, sang rêtna adrêng pamundhutipun pinanggih Radèn Abimanyu, Radèn Arya Gathutkaca matur sumêlang yèn nilar sang rêtna, sagêdipun namung utusan, Radèn Arya Gathutkaca lajêng mêdal ing jawi, animbali ingkang paman Kalabêndana dhinawuhan nusul Radèn Abimanyu dhatêng ing Wiratha, nanging ingkang rêmit. Kalabêndana lajêng pangkat.

8. Madêg ing nagari Wiratha, Prabu Maswapati, miyos ing păncaniti, ingadhêp Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, tuwin Radèn Wratsăngka, tuwin pêpak para Pandhawa. Ingkang rinêmbag, Pandhawa masrahakên Radèn Abimanyu, sang prabu lajêng ngirid Radèn Abimanyu, kapanggihakên lan Rêtna Untari, pondhongan. Dèrèng ngantos dumugi ing jinêmrik, kasaru dhatêngipun Kalabêndana saking gêgana, lajêng cariyos, Ăngkawijaya, aku dikongkon bojomu Siti Sêndari, kowe dikon mulih mênyang Pringgadani. Kalabêndana nuntên dipun suduk dening Radèn Abimanyu, tatu jajanipun, lajêng ngoncati. Dèwi Untari matur, kadospundi dene radèn sampun kagungan garwa. Wangsulanipun, iku buta gêndhêng, ngayawara, yèn aku goroh besuk prang Bratayuda muga tatuku arang kranjang. Lajêng pondhongan.

9. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Adipati Karna, tuwin Patih Arya Sakuni, miwah Rêsi Durna, kasaru rawuhipun nata ing Mandura, ingkang rinêmbag, Sang Dyah Siti Sêndari wontên Pringgadani, prayogi utusan Adipati Karna dalah Kurawa, amboyongi Dèwi Siti Sêndari. Lajêng pangkat bidhalan.

10. Madêg ing nagari Pringgadani, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin Rêtna Dèwi Siti Sêndari, kasaru dhatêngipun ingkang paman Kalabêndana, cariyos, Abimanyu kumpul garwane, ana ing Wiratha, ora gêlêm mulih, malah aku disuduki. Anggènipun cariyos wau botên gênah, Dyah Siti Sêndari botên mangrêtos, lajêng andangu sêrêng, kapriye paman, kăndhaa sing gênah. Radèn Arya Gathutkaca tansah angêdhèpi, supados kèndêla, Kalabêndana andalurung, lajêng pinêthot jangganipun dening Radèn Arya Gathutkaca, Kalabêndana pêjah, sarêng badhe dipun ujungi, kuwanda mumbul anyuwantên, têmbe prang Bratayuda, yèn ana panah kunta, ing kono pamalêsku. Katungka rawuhipun Adipati Karna, prang kalihan Radèn Arya Gathutkaca kenging cinandhak lajêng sinawatakên, dhawah ngadêg wontên sangajêngipun Rêtna Siti Sêndari, Dèwi Siti Sêndari adrêng supados kasusulakên [kasusu...]

--- 30 : 5 ---

[...lakên] dhatêng ing Wiratha, Radèn Arya Gathutkaca anuruti lajêng mangkat. Kurawa bodhol lampahipun, anututi ngantès[1] dumugi ing Wiratha.

11. Madêg ing Wiratha, ing gupit măndragini, Radèn Ăngkawijaya tuwin Rêtna Dèwi Untari, katungka dhatêngipun Radèn Arya Gathutkaca, angêdalakên Dèwi Siti Sêndari, wontên sawingkingipun Radèn Ăngkawijaya, Dèwi Untari lumajêng malêbêt ing puri, Radèn Ăngkawijaya duka lajêng narik dhuwung, Radèn Arya Gathutkaca dipun suduki sarta dipun uman-uman. Uwong gêrang ora wêruh pèngêran. Radèn Gathutkaca rênyuh tan malês, Sêmar lumajêng nangis matur Radèn Janaka, têmah sangêt duka, Radèn Janaka tumêdhak anyapih dhatêng Radèn Ăngkawijaya, kurang mangrêti jênênging satriya, Radèn Ăngkawijaya lajêng ngabêkti dhatêng kang raka, katungka dhatêngipun para Kurawa soroh amuk kapapagakên Radèn Arya Wêrkodara, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, Kurawa sami mlajêng sadaya.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

12. Madêg ing Ngamarta, para kadang Pandhawa sami kalêmpakan, mangun bujana ăndrawina, tancêb kayon.

130. Lampahan Rara Têmon.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, siniwi Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm ing pagêdhongan angêlut ing Wiratha. Kasaru rawuhipun nata ing Mandura Prabu Baladewa. Sasampuning sinambrama lajêng satata, Sri Baladewa matur ingkang rayi nata ing Ngastina, bilih ingkang rayi Sri Krêsna katimbalan dhatêng ing Wiratha sagah mung sarèh. Sri Duryudana matur ing raka bilih Radèn Sămba sapunika jumênêng nata wontên ing Dwarawati. Sri Baladewa matur nata ing Ngastina karsa mundhut punapa. Sri Duryudana nyumanggakakên ing raka Nata Mandura. Prabu

--- 30 : 6 ---

Baladewa amit bidhal dhatêng Dwarawati. Sri Duryudana lajêng dhawuh dhatêng Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa angintip tindakipun nata ing Mandura, Rêsi Durna anayogyani. Bibaran nangkil.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banuwati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, kalêrês lèr wetan, ingadhêp putri nata Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan, angêntosi konduripun sang nata, ngiras mirsani ajaring bêksa badhaya srimpi. Kondurira sang nata lajêng pinêthuk ing garwa tuwin putra, kinanthi astanipun lajêng binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng garwa miwah putra, mila dangu anggènipun amăncaniti, awit katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, sang nata lajêng bojana. Sasampuning bojana lajêng tindak ing sanggar pamêlêngan.

[Grafik]

Radèn Kartamarma.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm lampah ingutus angintip tindakipun sang nata ing Mandura, Patih Sakuni sami kalilan lajêng bidhalan, Sri Baladewa sampun tindak dhatêng ing Dwarawati.

4. Madêg ing pasanggrahan Randhukumbala, Parbu Baladewa, ingadhêp Patih Pragota, Prabawa. Sri Baladewa dhawuh dhatêng Patih Pragota, ingutus maringakên nawala dhatêng ingkang putra Prabu Wisnubrata, nata ing Dwarawati, Patih Pragota sampuning winarah saliring lampah lajêng amit bidhalan.

5. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Anom Wisnubrata, pinuju miyos ing pandhapi agung, siniwi ingkang rayi Radèn Sêtyaka, Patih Udawa. Ingkang rinêmbag sang prabu badhe katêlukakên ing Nata Ngastina. Ingkang rayi Radèn Sêtyaka panggah. Kasaru sowanipun Patih Pragota. Dinangu matur ingutus ingkang uwa nata ing Mandura, maringakên nawala. Sampuning tinampèn sang nata lajêng binuka, suraosing nawala Sang Prabu Anom Wisnubrata katimbalan dhatêng ing Ngastina. Sang nata dhawuh dhatêng Patih Udawa, kadhawuhan ambêsta Patih Pragota, lajêng kabêsta, kupingipun Patih Pragota kinanthilan sêrat panantang lajêng bidhal mantuk dhatêng Randhukumbala.

--- 30 : 7 ---

6. Madêg ing Randhukumbala, Sang Prabu Baladewa, pinuju lênggah ingadhêp Patih Prabawa, tuwin para wadya, kasaru dhatêngipun Patih Pragota saking Dwarawati, kupingipun kinanthilan sêrat panantang saking Prabu Wisnubrata, ingaturakên Sri Baladewa, nawala binuka sang nata, suraosing nawala Nata Dwarawati Prabu Wisnubrata panggah saha purun. Sri Baladewa langkung duka yayah sinipi, Sang Prabu Baladewa lajêng dhawuh dhatêng Patih Pragota, Prabawa, tuwin para wadya, sang nata arsa nglurug dhatêng ing Dwarawati. Patih Pragota andhawuhakên sami siyaga, sampun samêkta. Sri Baladewa tuwin para wadya lajêng bidhalan. Lampahipun dumugi ing Dwarawati Patih Pragota, Prabawa, pinapagakên Patih Udawa, prang rame, Patih Pragota, Prabawa sami kasor, Sri Baladewa bramantya amusthi jêmparing, Patih Udawa, Radèn Sêtyaka, kenging jinêmparing sami sirna, Sang Prabu Wisnubrata nitih turăngga asêsumbar, lajêng jinêmparing dening Sri Baladewa, kenging Prabu Anom Wisnubrata kontal sarwi muwus, Sang Prabu Baladewa lajêng malêbêt ing kadhaton.

7. Madêg ing nagari Jajarsèwu rajaning rasêksa, Prabu Kalamurti, pinuju miyos ing pandhapi agêng, siniwi ingkang rayi Radèn Arya Dewara, Radèn Jaka Clunthang, tuwin para wadya ditya pêpak kang anangkil. Ginêm, ingakng rayi anèm supêna dhaup kalihan Radèn Ăngkawijaya, Sang Prabu Kalamurti lajêng nimbali ditya èstri têtiga, nama Ditya Suhkali, Ditya Lugasa, Ditya Lugasi. Sampuning mangarsa ditya tri ingutus dhatêng ing Wiratha, angaturakên nawala panglamar katur Prabu Maswapati. Punggawa ditya têtiga sampuning winêling saliring lampah, lajêng amit bidhal sagolongan, sang nata lajêng ngadhaton.

8. Madêg ing wana, Radèn Gêndrèh Kêmasan, ingadhêp punakawanipun parêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Gêndrèh sawêg sêngkêl ing galih, awit anggalih ingkang putra Sang Prabu Anom Radèn Ăngkawijaya, anggènipun supe dhatêng garwa. Sang Gêndrèh Kêmasan, ingaturan kondur punakawanipun parêpat tiga. Sang Gêndrèh botên karsa. Kasaru lampahipun punggawa ditya saking ing Jajarsèwu, kapapag Radèn Gêndrah Kêmasan,[2] pasulayaning rêmbag dados prang, punggawa ditya sami pêjah sadaya, sasirnaning rasêksa ing Jajarsèwu, kuda tuwin Radèn Sămba dhawah saking antariksa. Sang Gêndrèh kondur ingiring parêpat tiga. Radèn Sămba andhèrèk ingkang paman dhatêng Wiratha.

9. Madêg ing kradènayon, Sang Dyah Dèwi Untari, pinuju lênggah, ingadhêp para parêkan cèthi. Ginêm, para parêkan sami angraosi ingkang raka asring kapanggih Rara Têmon, ing pajagalan. Kasaru rawuhipun Radèn Gêndrèh kêmasan, tuwin Radèn Sămba, winanuhakên kalihan Sang

--- 30 : 8 ---

Dyah Dèwi Untari. Sampuning winanuhakên, Radèn Gêndrèh andangu kang putra prabu anom. Sang Dyah Dèwi Untari matur sayêktosipun manawi kondur saking kalangan siyang ingkang putra wau lajêng sare, wungu sare lajêng sêmu kirang rêna sasolahipun Dèwi Untari, ngantos asring ngandika songol, saru, piniyarsa ing kathah. Sang Dananjaya dhawuh dhatêng Dèwi Untari dhinawuhan mungu bilih wontên dukanipun kaakênan Sang Dananjaya ingkang dhawuh mungu. Sang Dyah Dèwi Untari lajêng ngèstokakên.

Ing paprêman, sang prabu anom sare, ingkang kalindurakên Rara Têmon, awit saking asring kapanggih, lajêng winungu ingkang rayi. Sang prabu duka ngantos anarik curiga, ingkang rayi Dèwi Untari binujêng, sarêng uninga ingkang rama Sang Dananjaya lajêng wangsul sare malih, angandikakakên Rara Têmon, Sang Dananjaya lêjar lajêng dhatêng Kêtandhan.

[Grafik]

Petruk.

10. Madêg ing nagari Wiratha, Sang Prabu Maswapati, miyos ing pandhapi agêng, siniwi ingkang putra Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka. Ginêm, sang prabu ngandika dhatêng ingkang putra Radèn Arya Seta, dhinawuhan pinanggih Ki Jagal Wlakas, kadhawuhan mundhut Rara Têmon, sarta lajêng kalunasa. Radèn Arya Seta lajêng pangkat.

Ing pajagalan, Ki Jagal Wlakas saha semahipun. Ginêm, angraosi sang prabu anom anggènipun asring pinanggih ingkang putra Rara Têmon, manawi dalu botên sare-sare, kasaru rawuhipun Radèn Arya Seta. Sasampuning ingaturan lênggah, Radèn Arya Seta maringakên dhawuhing nata, mundhut Rara Têmon sêngadi pinundhut abdi. Ki Jagal Wlakas nimbali putranipun Rara Têmon lajêng mangarsa, winarah, Rara Têmon lajêng ingaturakên Radèn Arya Seta, Rara Têmon katingal warnanipun ayu. Sampun tinampèn lajêng bidhal ingaturakên sang nata.

11. Madêg ing Katandhan, Radèn Arya Tăndha Wijakăngka, Radèn Arya Sidalaga, Radèn Tripala, Radèn Darmagranti. Sowanipun ingkang rayi Radèn Gêndrèh Kêmasan, tuwin Radèn Sămba [Să...]

--- 30 : 9 ---

[...mba.] Sampuning bage-binage, Radèn Gêndrèh ngaturakên kawontênanipun ingkang putra prabu anom kalihan ingkang garwa. Lajêng ginêm sami arsa ningali, badhe panglunasipun Rara Têmon dhatêng alun-alun. Lajêng bidhalan.

12. Madêg ing nagari Jajarsèwu, Sang Prabu Kalamurti, pinuju miyos ing pandhapi agung, siniwi ingkang rayi Radèn Arya Dewara, Radèn Jaka Clunthang. Ginêm, Radèn Jaka Clunthang umatur nyuwun amit badhe nusul lampahing punggawa ditya ingkang kautus anglamar dhatêng ing Wiratha. Lajêng pangkat. Sang Prabu Kalamurti lajêng dhawuh arsa nututi ingkang rayi Radèn Jaka Clunthang. Radèn Arya Dewara andhawuhakên dhatêng para wadya, sami kinèn siyaga, sampun sami samêkta, Sang Prabu Kalamurti lajêng bidhalan, ingiring kang rayi Radèn Arya Dewara tuwin para wadyabalanipun dhatêng ing nagari Wiratha.

13. Madêg ing nagari Wiratha, Sang Prabu Maswapati, pinuju miyos ingadhêp para putra, Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka. Radèn Arya Seta ngaturakên Rara Têmon. Ginêm, sang nata andangu dhatêng ingkang putra Radèn Arya Seta, saking aturipun ingkang putra, Rara Têmon prayogi dipun pêjahi, Sang Prabu Maswapati lajêng dhawuh dhatêng para putra sami kadhawuhan anyirnakakên Rara Têmon dhatêng ing alun-alun, lajêng bidhalan.

Ing alun-alun, para aningali kathah, Radèn Arya Tăndha Wijakăngka, Radèn Arya Sidalaga, Radèn Tripala, Radèn Darmagranti, Radèn Gêndrèh kêmasan, tuwin Radèn Sămba. Ginêm sami badhe uninga patrapipun anggèning amjêhai Rara Têmon. Katungka rawuhipun para putra ing Wiratha, ambêkta Rara Têmon, Rara Têmon lajêng kapatrapakên, dening Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka, sami badhe amêjahi dhatêng Rara Têmon, botên wontên sami tahan. Radèn Arya Seta lajêng angaturi Radèn Gêndrèh kêmasan, kapurih nyirnakakên pun Rara Têmon. Lajêng sinuduk sirna. Prabu anom (Radèn Ăngkawijaya) angrungkêbi sasawa, lajêng anarik curiga, ingkang rama Radèn Gêndrèh kêmasan linarihan saha kauman-uman, kapapag Radèn Jaka Clunthang, Radèn Ăngkawijaya kangungrum, Radèn Jaka Clunthang linarihan curiga botên tumama. Radèn Ăngkawijaya lumajêng, kapanggih ingkang rama Radèn Gêndrèh kêmasan, Radèn Ăngkawijaya lajêng ngabêkti, saha matur nyuwun sirnanipun Radèn Jaka Clunthang. Radèn Gêndrèh kêmasan lajêng angungrum, Radèn Jaka Clunthang babar Rêtna Wara Srikandhi, Radèn Arya Dewara kajêmparing babar Rêtna Wara Sumbadra. Sang Prabu Kalamurti, jinêmparing babar Prabu Krêsna. Sang Arya Dananjaya angrungkêbi, supados putri ingkang kaêmban Radèn Sămba sagêd gêsang. Lajêng kaungkulan wijayakusuma sasawa lajêng waluya sajati, wadya ditya ing Jajarsèwu, sarêng uninga ing gustinipun kenging

--- 30 : 10 ---

ing jêmparing kakintên seda, lajêng sami soroh amuk, pinapagakên dening Radèn Arya Sidalaga, prang sampak, para punggawa ditya sami pêjah sadaya. Sasirnaning rasaksa, Radèn Arya Sidalaga lajêng sowan ingkang eyang Prabu Maswapati.

14. Madêg ing kadhaton Wiratha, Prabu Maswapati, Prabu Krêsna, Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Arya Dananjaya, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Sămba, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka. Ginêm, Sri Krêsna awêwarta, kalêmpakan para Pandhawa pêpak. Lajêng amangun bojana ăndrawina, tancêb kayon.

[Grafik]

Wara Sumbadra.

131. Lampahan Jagal Abilawa.

1. Jêjêr ing nagari Wiratha, Prabu Maswapati. Anuju miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Wratsăngka, Radèn Arya Untara, Patih Radèn Nirbita. Ingkang putra matur ing sang nata, nyuwun sawung tiyang badhe kaabên kalihan ingkang paman Radèn Rajamala, amargi sawungipun rambah-rambah tansah kawon. Dhawuhipun sang nata, andikakakên mundhut dhatêng Tăndha Wijakăngka, manawi gadhah sawung patohan. Putra kêkalih lajêng sami pamit dhatêng Katandhan, kalilan. Sang nata kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Rêkathawati, anuju pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp putranira putri nama Dèwi Untari. Kasaru rawuhira sang nata, lajêng lênggah satata. Angginêm kawontênanipun ing păncaniti, wasana lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Wratsăngka, Radèn Arya Untara, Patih Radèn Nirbita. Rêmbag sami siyaga andhèrèk tindakipun rajaputra, sasampuning samapta, lajêng bidhal kapalan sawadyabala dhatêng Katandhan.

4. Madêg ing Katandhan, Radèn Tăndha Wijakăngka, kaadhêp ingkang rayi kalih, Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn. Ingkang rinêmbag bab beyaning pêkên, kasaru rawuhipun Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka, mundhut pitulung sawung. Radèn Tăndha Wijakăngka nyagahakên ingkang rayi Radèn Abilawa, lajêng pangkat dhatêng ing jagalan madosi Radèn Abilawa.

--- 30 : 11 ---

5. Madêg gara-gara, Nala Garèng kêrêngan kalihan Petruk, sami kapisah ing Sêmar, banyolan sawatawis.

Madêg satêngahing wana, Radèn Pamadi, tuwin Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Pamadi nêdya lêlampah, lampahipun dumugi ing margi kapapag danawa jalêr tuwin èstri sami ngupados mangsan manusa. Radèn Pamadi tinubruk endha, lajêng prang. Danawa jinêmparing pêjah, babar Sang Hyang Brama tuwin Dèwi Rarasati. Radèn Pamadi lajêng winangsit dhatêng alun-alun, sarta dhinawuhan santun warni èstri, nama Endhang Kandhi Wrahatnala (Dèwi Adiningsih), lajêng pangkat.

[Grafik]

Radèn Tăndha Wijakăngka.

6. Madêg ing pajagalan, Kyai Jagal Walakas sasemahipun. Rawuhipun Radèn Tăndha Wijakăngka, mundhut sawung Radèn Jagal Abilawa, lajêng kairid dhatêng ing wana.

Madêg Radèn Abilawa, sare longkanging ardi ngandhap mandera, Radèn Abilawa ginugah, kabubut wulunipun suku, lajêng wungu tumandang nyandhak Radèn Wijakăngka dipun agar-agar, lajêng lilih dukanipun, ingaturakên dados sawung purun, lajêng kairid dhatêng Wiratha.

7. Madêg ing nagari Wiratha, Prabu Matswapati, miyos ing păncaniti kaadhêp Patih Nirbita, tuwin Patih Radèn Jayanirmala. Kasaru sowanipun putra kêkalih, Radèn Arya Untara, tuwin Radèn Arya Wratsăngka, ngaturakên Radèn Abilawa. Patih Radèn Jayanirmala lajêng kautus dhatêng kapatihan, dhawuh dhatêng Radèn Rupakenca, Radèn Kencaka, tuwin Radèn Rajamala: mirantos abên sawung. Lajêng mirantos wontên ing alun-alun, prang sawung wontên ing alun-alun kados bilih ngabên sima. Kyai Patih Jayanirmala pangkat. Radèn Abilawa kadhawuhan anggêgabah.

8. Madêg ing kapatihan pêpak, Radèn Rupakenca, tuwin Radèn Kencaka dhinawuhan sandika, lajêng pangkat samêkta. Radèn Rajamala dipun ampiri Radèn Rupakenca, Radèn Rajamala ing galih rumaos bilih badhe pêjah. Satriya ing kadipatèn Arya Seta ugi pangkat, tindak dhatêng alun-alun.

9. Madêg pagêlaran, anggêgabah Radèn Abilawa, sakalir aturipun Radèn Patih Nirmala [Nirma...]

--- 30 : 12 ---

[Grafik]

Radèn Abilawa uninga Radèn Rajamala kalimpe, tinêbak păncanaka pêjah.

--- 30 : 13 ---

[...la,] Radèn Kencakarupa anyagahi. Radèn Kencakarupa lawanan toh ewon. Lajêng prang rame, tandhing. Balumbang toya panggêsanganipun Rajamala sampun karêksa. Radèn Rajamala kasabêtakên andhoko, lajêng kalêbêtakên ing balumbang: waluya. Prang rambah-rambah kalihan Radèn Abilawa.

Sang Dyah Kandhi Wrahatnala wuninga prangipun Radèn Abilawa, Sêmar dhinawuhan malêbêt barising blumbang, kabêktanan wasiyat kapurih nyêgurakên ing balumbang, toyanipun lajêng umob. Dyah Kandhi Wrahatnala lajêng kalingan. Radèn Tăndha Wijakăngka uninga prangipun Radèn Abilawa. Radèn Abilawa uninga Radèn Rajamala kalimpe, tinêbak păncanaka pêjah, kacêmplungakên ing balumbang, ajur mumur, bibar. Radèn Kencaka ngrangsang, Radèn Abilawa mundur nêbih. Radèn Kencaka wontên satêngahing pêkên uninga dhatêng Endhang Wrahatnala, Dyah Kandhi Wrahatnala dinangu: rare kradènayon. Dyah Kandhi Wrahatnala dhinawuhan lajêng. Radèn Kencaka utusan paring sêrat dhatêng kradènayon, pangkat.

10. Madêg ing Wiratha, Dèwi Untari, Endhang Kandhi Wrahatnala nyuwun ngèngèr katampèn. Utusanipun Radèn Kencaka dhatêng ngaturakên sêrat, sêrat lajêng winangsulan. Endhang Wrahatnala kautus dhatêng kapatihan, mêndhêt patadhahan kampuh blênggèn, kerid ing êmban kradènayon, pangkat, mawa nawala patra.

Madêg Radèn Kencaka, êmban ngaturakên nawala patra tinampèn, dyan kinèn wangsul kaparingan dalancang nyèkêt. Dyah Kandhi Wrahatnala kapurih malêbêt ing dalêm, ambêkta patadhahan, dumugi ing dalêm rinungrum Radèn Kencaka, Endhang Kandhi Wrahatnala malajêng.

11. Madêg Radèn Tăndha Wijakăngka, tuwin ari kalih, ingkang saking Rêtawu, lare kalih wau sampun nate nyambudamêl dados balantik kapal. Kasaru dhatêngipun Sang Dyah Kandhi Wrahatnala, nyuwun ngungsi, Radèn Tăndha botên parêng, kadhawuhan dhatêng pajagalan. Dhatêngipun Radèn Kencaka, mundhut buron. Aturipun Radèn Wijakăngka botên wontên. Radèn Tăndha inguculan gêlunge dening Radèn Kencaka, Radèn Tăndha Wijakăngka kantaka. Radèn Kencaka ambujêng Dyah Kandhi Wrahatnala, Sang Dyah Kandhi Wrahatnala dhatêng pajagalan, nuwun karabi ing Radèn Abilawa, Abilawa mangsuli botên badhe rabi. Dyah Kandhi Wrahatnala kapurih sumingkir. Dhatêngipun Radèn Kencaka nêdha Dyah Kandhi Wrahatnala, winangsulan botên uninga, lajêng prang rame, sami ngêdalakên kadibyan. Radèn Kencaka kalimpe dipun ukêl kadhawahan ing păncanaka: pêjah, inguncalakên dhawah ing palaratan kapatihan. Kandhi Wrahatnala babar Radèn Pamadi, samya dhatêng ing Katandhan.

12. Madêg Radèn Rupakenca, dhawahing bangkenipun Radèn Kencaka, nyêlak ing pancaka, lajêng

--- 30 : 14 ---

kalêbêtakên ing latu dening Radèn Jagal Abilawa, katur Prabu Wiratha, bangke dhinawuhan ambêsmi. Radèn Abilawa uninga Radèn Rupakenca, dipun kintên Radèn Kencakarupa. Katur sang prabu, para Pandhawa sami dipun timbali kaganjar bumi alasmarta, ciptanipun: bilih wiji dados, dadosa, bilih botên dados aluwung dipun têdhaa bakasakan. Kasaru wadya ing kapatihan, soroh amuk kapapagakên ing Radèn Abilawa sami sirna. Radèn Tăndha Wijakăngka sakadang Pandhawa sami bidhal dhatêng wanamarta, bibar. Tancêb kayon.

132. Lampahan Pandhawa Gubah.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, lênggah siniwaka, ingkang mungging ngarsa Sang Pandhita Durna, Patih Sakuni tuwin Sang Adipati Karna. Ginêm anggènipun badhe kêmpal kalihan Pandhawa. Sang prabu badhe maringakên sapalihipun nagari Ngastina dhatêng kadang Pandhawa, murih wurungipun prang Bratayuda. Kasaru rawuhipun jawata sakêmbaran utusanipun Hyang Guru, andhawuhakên dhatêng Prabu Suyudana ngupados bale kancana saka dhomas. Sang prabu matur sandika, saha lajêng dhawuh karsa nyarirani ngupadosi dhatêng wana Krukmandhala kanthi garwa tuwin para Korawa sadaya, lajêng bibaran.

[Grafik]

Radèn Nakula.

2. Madêg ing kadhaton, pramèswari nata Dèwi Banowati, lênggah ing prabasuyasa, kaadhêp ing putra putri Rêtna Lêsmanawati, parêkan inya pêpak. Kasaru rawuhipun sang prabu, pinêthuk lajêng kêkanthèn asta. Sasampuning lênggah, lajêng angandikakakên bab kawontênanipun ing pasewakan saprêlunipun. Wusana nuntên sami tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Sakuni kalihan Sang Adipati Karna tuwin para Korawa, ngrêmbag badhe tindakipun sang nata. Para Korawa sampun sami siyaga, kantun ngêntosi miyosipun sang prabu. Botên dangu miyosipun sang nata sakalihan pramèswari, lajêng bidhal nitih rata, para Korawa sami andhèrèk kêkapalan.

4. Kacariyos ing nagari Ngamarta, Prabu Darmakusuma, nuju lênggah siniwaka, kaadhêp para ari [a...]

--- 30 : 15 ---

[...ri] Arya Wêrkodara, Janaka, Nakula, tuwin Sadewa. Ginêm anggèning badhe nampèni palihanipun nagari Ngastina. Kasaru rawuhipun jawata sakêmbaran, andhawuhakên timbalanipun Hyang Guru, sang prabu kadhawuhan ngupados bale kancana saka dhomas. Sang prabu matur sandika, lajêng utusan Arya Wêrkodara. Radèn Arya Wêrkodara lajêng pangkat dhatêng Singgêla, dèn iringakên Sindhungriwut Angin-angin, lampahipun tan tolih wuntat.

5. Kocap ing nagari Singgêla, Radèn Arya Wêrkodara dumugi ing ngriku kapanggih kalihan Patih Kartabăngsa tuwin para mantri bupatinipun. Takèn-tinakèn, Radèn Arya Wêrkodara sampun sajarwa, saha lajêng nêdha palilah kapurih ngaturakên gustinipun, nanging patih botên purun, badhe kapanggih piyambak botên angsal. Pasulayaning rêmbag, dados prang. Radèn Arya Wêrkodara dipun êbut ing kathah, nanging patih dalah para punggawa kawon sadaya prangipun.

Lah ta ing ngriku, Prabu Bisawarna, mirêng gêdêring jawi lajêng mêdal, sarêng mirsa wontên mêngsah, sang prabu duka, angasta sanjata Cakra badhe katamakakên dhatêng Arya Wêrkodara, nanging botên saèstu, jalaran sarêng sang prabu mulat citranipun Arya Wêrkodara, katingal cahyanipun, têtela manawi trahing kusuma rêmbêsing madu, têdhaking amaratapa, mila lajêng lilih dukanipun, sanjata Cakra cinangking, mara maripih sarwi matur: Dhuh, anggèr, punapa darunanipun, dene paduka andhatêngakên dêduka dhumawah dhatêng ingkang abdi. Radèn Arya Wêrkodara ngandika walèh, bilih kautus ingkang raka nata ing Ngamarta, ngupados bale kancana saka dhomas, wusana Patih Kartabăngsa sapunggawanipun botên suka, mila dados prang. Sang Prabu Bisawarna lajêng matur: Dhuh, anggèr, yèn makatêna lêpatipun ingkang abdi, botên langkung mugi kaparingana pangapuntên. Mênggah sajatosipun, bale kancana wau, paduka namung mundhut kagungan piyambak, amargi nalika taksih lêluhur kula, punika anilari wêwêling, bale kancana punika agêmipun Prabu Bathara Rama, ing Ngayodya, wontênipun nagari Singgêla namung kangge pêpundhèn. Rèhning samangke Prabu Rama sampun manitis dhatêng Ngamarta, dados kula amung nyumanggakakên.

Arya Wêrkodara sasampuning tampi bale kancana saka dhomas, lajêng pamit mantuk dhatêng nagari Ngamarta, lampahipun wontên ing margi kasumêrêpan ing rewanda seta Radèn Anoman, bale kancana karêbat, awit èngêt punika kagunganing gustinipun Prabu Rama, ngantos dados prang, Radèn Anoman kawon, bale kancana lêstantun kabêkta ing Radèn Arya Wêrkodara anjujug dahtêng wana Krukmandhala. Sigêg.

6. Kocapa, ing wana Krukmandhala sampun ingadêgan tarub, inggih punika ingkang kangge pakêmpalanipun [pakêmpa...]

--- 30 : 16 ---

[...lanipun] para Korawa kalihan para Pandhawa, ing ngriku ingkang măngka papan bojana ăndrawina, murih rakêting kêkadang, sarta kangge nglairakên wiraos supados rukuna anyandèkakên prang Bratayuda Jayabinangun, ingkang sampun dados jangkaning para jawata. Kacariyos langkung rame anggèning kasukan miwah dhêdhaharan maneka warni, saking supêkêtipun, kados-kados ngantos badhe sagêd murungakên prang Bratayuda saèstu, mila para jawata sami kuwatos.

[Grafik]

Radèn Anoman.

7. Madêg ing kahyangan Jonggringsalaka, Sang Hyang Bathara Guru, lênggah kaadhêp Sang Bathara Narada, Bathara Citragota, Bathara Guritna. Sang Hyang Bathara Guru andhawuhakên dhatêng Bathara Citragota kalihan Bathara Guritna, kadhawuhan anggădha dhatêng pakêmpalan ing Krukmandhala, Bathara Citragota manjing dhatêng Radèn Arya Dursasana, Bathara Guritna manjing dhatêng Arya Burisrawa, murih amurungakên anggèning para Korawa kalihan Pandhawa sami rêrukunan. Bathara Citragota lan Bathara Guritna sandika, lajêng mangkat.

8. Kocap ing wana Krukmandhala, dhatêngipun Radèn Arya Wêrkodara, ngaturakên bale kancana sarta rawuhipun Sang Prabu Suyudana sapandhèrèk, lajêng sami kêmpalan. Ing ngriku Rêtna Wara Sumbadra larih dhatêng Burisrawa, ingkang anjampangi Radèn Arya Sêtyaki, Burisrawa sampun kapanjingan Bathara Guritna, lajêng gadhah rêmên dhatêng Wara Sumbadra, nêdya angrudapêksa. Mulat Arya Sêtyaki, Burisrawa kinêpruk, dados prang tantangan: besuk prang Bratayuda aja liya tandhing. Dene Wara Drupadi larih dhatêng Arya Dursasana, sarèhing sampun kapanjingan Bathara Citragota, rêmên dhatêng Wara Drupadi, ukêlipun karangsang ngantos udhar, lajêng prasapa: ora pati-pati gêlung, ingsun, yèn durung kramas gêtihe Dursasana. Lajêng bibaran.

--- 30 : 17 ---

133. Lampahan Krêsna Duta.

1. Jêjêr ing nagari Wiratha, Sang Prabu Matswapati, amiyos ing păncaniti, tuwin kang wayah Sri Bathara Krêsna ing Dwarawati, miwah Prabu Baladewa ing Mandura, kang wayah Nata Pandhawa, Sang Prabu Darmakusuma. Ingkang ginunêm: Sri Bathara Matswapati, sampun sarêmbag tuwin kang wayah Prabu Krêsna, nanging sinêlan samudana, mrayogèkakên dhatêng wayah Prabu Baladewa, rèh saking dhawuhing jawata linuwih, Prabu Baladewa kang pinatah among ing tanah Jawi, amung sarana kinèn mêmangun puja brata, dana driyah, dana rasa. Prabu Baladewa saklangkung suka anyanggêmi, amila lajêng anuwun amit arsa mundur kondur maring prajanira, sêdya anglampahi dhawuhing jawata linuwih. Wus rinilan sigra bidhal kondur maring Mandura.

[Grafik]

Prabu Baladewa.

Mangkana Prabu Matswapati, anglajêngakên rêmbag, angantêp mring Pandhawa, aturira Prabu Yudisthira, inggih èstu narimah nampèni pêpalihan praja ing Ngastina. Sri Wiratha saklangkung suka wardayanira, ngandika mring wayah Sri Krêsna: Kaki Prabu Krêsna, kadipundi ing karsa andika, dene aturipun rayi sampeyan Pandhawa sampun lêgawa. Aturira Sri Krêsna mring eyang: Dhuh, dhuh, eyang, yèn makatên kadang kula Pandhawa, inggih kula kang kadugi dadosa duta panglawung maring Ngastina, supados sagêda lêstari rukun kêkadang. Sri Matswapati jumurung mangastuti. Prabu Yudhisthira umatur: Kakang prabu, kula cumadhong, para ari sintên kang piniji kakarsakakên umiring. Sri Krêsna gumujêng ngandika: Yayi prabu, kadange pun kakang, dèrèng wancinipun kula nganthi kadang, anjawi kula amung anyuwun saksi kula wontên Ngastina. Eyang, pun paman Patih Nirbita, kula suwun dadosa saksi wontên Ngastina. Sri Pandhawa jumurung asta kêkalih. Prabu Matswapati sasmita mring Patih Nirbita [Nirbi...]

--- 30 : 18 ---

[...ta,] umiringa mring lampahira Sri Krêsna maring Ngastina. Kyai patih sandika. Sri Krêsna sigra amit wus rinilan. Sri Matswapati sigra kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, Sang Patniwara Dèwi Suyati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingayap para parêkan tuwin êmban inya, anulya rawuhira sang nata pinêthuk ing garwa, gya kinanthi binêkta lênggah satata. Imbal wacana kawontênanipun ing păncaniti, pramèswari dupi miyarsa saklangkung sukaning driya, muji maring dewa kaparênga lêstari wilujêng atut rêrukunan dènnya kêkadang, Pandhawa tuwin para Korawa.

Sri Matswapati sigra minggah ing pamêlêngan, pramèswari umiring.

3. Madêg ing paseban jawi, Sang Prabu Krêsna, tuwin Prabu Baladewa, miwah Patih Nirbita, tuwin para punggawa, sampun sami sadhiya, arsa lumampah duta, Sri Baladewa arsa kondur, mêmangun tapa dêdana. Sasampunira samêkta gya bidhal.

4. Madêg ing nagari Sindhula, Sang Prabu Kartipeya, ingadhêp Patih Kalakartiyasa. Ginêm dènira arsa malês ukum pêjah maring Nata Pandhawa, awit murina sedaning rama, dening Prabu Pandhu Dewanata. Sang nata karsa tindak nyarirani, Patih Kalakartiyasa amambêng, prayogi utusan punggawa, anyundaka ing pundi dunungipun kang para ratu Pandhawa. Sang nata sigra amiji punggawa ditya, kinèn nyundaka maring tanah Jawi. Punggawa ditya sandika, wus winêling saliring lampah, kinanthèn wulucumbu kalih: Tejamantri, Wijamantri. Punggawa ditya gya bidhal.

5. Madêg paseban jawi, para punggawa Ditya Kalakartiyasa, Kalayasa, Kalakartika. Ingkang rinêmbag, dènira arsa lumampah ingutus maring praja Ngamarta, sigra dhawuh siyaga. Sasampuning samya samêkta gya bidhal. Kyai Tejamantri, Wijamantri, kang dadya cucuking lampah.

6. Madêg ing pabarisan, lampahira wadya ing Wiratha, dupi dumugi ing margi kapapag baris ditya saking Sindhula, pasulayaning rêmbag, dadya prang, ditya kasêsêr. Wasana sêsimpangan ing margi.

7. Madêg ing kadipatèn Wiratha, Radèn Arya Seta, lêgah[3] tuwin kang rayi Prabu Puntadewa, ingadhêp Radèn Arya Wêrkodara, tuwin Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Samya ginêm lampahira Prabu Krêsna. Sri Yudhisthira darbe pamrayogi, kang rayi Radèn Janaka dinuta mêmanuki lampahing raka Sri Krêsna, sampun ngantos kawanguran. Sang Arjuna sandika, gya tinundhung mentar, Sêmar, Nala Garèng, Petruk umiring.

8. Madêg ing Samadyaning wana, lampahira Sang Arjuna, dupi dumugi satêpining wana, kapapag danawa saking praja Sindhula, dadya prang, ditya pêjah. Radèn Janaka lajêng lampahira tuwin parêpat tiga.

--- 30 : [0] ---

[Grafik]

Sri Bathara Krêsna kautus dening Prabu Matswapati dhatêng Ngastina.

--- 30 : 20 ---

9. Madêg ing pratapan Yasarata, Sang Bagawan Kanwa, lênggah tuwin kang wayah Bambang Irawan, miwah putra Rêtna Ulupi. Kang wayah anggung amular, arsa marêk sudarma, dènira miyarsa badhe dumugi prang agêng Pandhawa, tuwin Korawa, kang wayah pinambêng tan kenging, kang ibu kalayu ing putra, dadya amit ing rama, sarêng Si Kanwa wus pasrah pêpasthèning jawata, dadya junurungan karsaning putra tuwin wayah. Amit wus rinilan samya bidhal. Radèn Irawan tuwin kang ibu, samarga-marga tansah dènnya puja brata.

10. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Duryudana, miyos siniwi pêpak sagung para ratu măncapraja, kang cakêt ing ngarsa nata Sang Rêsi Durna, miwah Rêsi Dewabrata, inggih Rêsi Warabisma, Sang Adipati Karna, Sang Prabu Salya ing Mandraka. Ingkang ginunêm: dènira arsa amalih praja Ngastina. Aturing Patih Arya Sakuni dhatêng sagung para rat indhi: kadospundi kalampahanipun. Măngka kadang Korawa satus, yèn kalampahan praja pinalih, kangge têdha kadang Korawa punapa. Manawi kula, rak inggih aluhung kinêkahan, lajêng punagi: kalah sirna, mênang ngukup. Punika ugêring narendra tuwin prajurit luwih. Lah sumăngga sami kagaliha, ingkang para wajib sadaya. Rêsi Dewabrata tanggap sumambung: kaki prabu, panimbang makatên wau, lêrês aturipun Patih Arya Sakuni, rèh sampun kalêbêt pêpasthèn. Sri Salya èngêt ing lêlampahan kang sampun kawuwus, dadya sumambung: ingkang makatên punika, sampun botên kenging mingkuh ing pêpasthèning jawata, awit anane utang, iku pasthi wus kaduga nyaur, anyilih ngulihake. Punapa kang rinasa malih, katimbang mringkus aluwung ambêrgagah, loking janma utami.

Kasaru praptanira Prabu Krêsna, tuwin Patih Nirbita, sadaya samya mêthuk. Sri Krêsna kinanthi binêkta lênggah, wusira ingaturan panêmbrama pambagya, Sri Krêsna ngandika: Yayi prabu, prapta kula ingutus eyang Prabu Wiratha, kinèn angrukunakên rêmbag, lêstarinipun kêkadang Korawa tuwin Pandhawa. Rayi sampeyan Pandhawa narimah tampi sasigar sêmăngka. Aturipun Prabu Suyudana: Lêstarinipun kêkadang kula ngriki sandika nglampahi, amung praja pinalih, kula botên suka, awit kadang para Ngastina kathah. Amung punika atur kula. Sri Krêsna sigêg, sarwi ngunandika ing galih: baya-baya iki wus karsaning dewa, Sri Krêsna sigra amit mundur, sadaya wus anjurungi. Sri Krêsna mêdal ing jawi, samarga-marga rêrasan tuwin Patih Nirbita, manawi sampun tamtu dadosipun prang Jayabinangun, margi saking pugaling Nata Korawa, malah sampun pakêmpalan para raja pinandhita. Wus laju lampahira.

11. Madêg ing nagari Wiratha, Sang Prabu Matswapati, lênggah ing păncaniti, tuwin kang wayah Nata Pandhawa, ingadhêp putra Radèn Arya Seta, Untara, Radèn Arya Wratsăngka, Arya Parta lênggah wurining raka. Samya ginêm lampahira Prabu Krêsna, wusing ngaturan lênggah, sinung atur panêmbrama pambagya [pa...]

--- 30 : 21 ---

[...mbagya,] Sri Krêsna andhêku nuhun. Dinangu matur, atur uninga lampahira maring Nagstina andhawuhakên timbalan nata, aturipun Prabu Suyudana, sandika nglampahi rukun, amung prajanira kapalih botên suka, dadosipun aprang dipun têmah. Sri Matswapati sidhakêp sarwi ngandika: I, yèn makatên punika kêkandhangan, nanging ugi kula srantosakên, salêbêtipun satus dintên, manawi botên suka katrangan, kaki prabu dhatênga ing Wiratha malih, kula kèngkèn dhatêng Ngastina anêtêpakên adil. Ing lêrêsipun praja Ngastina darbèkipun Pandhawa, awit samuksanira kaki Prabu Pandhu, kaki Dhasdharastra dumunung amung ngêmbani. Mila têtêping adil, kêdah rayi jêngandika Pandhawa kang andarbèni. Mila kaki prabu ing wulan ngarsa punika kula tamtokakên rawuh ing Wiratha, lumampaha duta maring Ngastina, katampèkna kaki Pandhawa. Sri Krêsna andhêku sandika. Amung mangke kaki prabu sampun ajrih kangelan, kaki prabu kula utus malih, atinjoa maring Mandura, kadipundi kaki prabu dènnya nglampahi brata tapa dana. Sri Krêsna sandika, sukèng wardayanira. Amit anuwun pangèstu rinilan gya mêsat. Anggêgana wor ing ima.

[Grafik]

Prabu Matswapati.

12. Madêg ing nagari Sindhula, Sang Prabu Kartipeya, ingadhêp putra Arya Kalasrênggi, tuwin Patih Kalakartiyasa, andhèr sagung kang anangkil. Ginêm: sang prabu angajêng-ajêng lampahing duta kang maring tanah Jawa. Dèrèng dumugi ngandika, kasaru praptanira Togog, dinangu matur, atur tiwasipun punggawa ditya kang dinuta, pêjah dening satriya ing tanah Jawi, Radèn Janaka, kadang ari Nata Pandhawa. Dene samangke, para Nata Pandhawa, sami kalêmpakan, wontên praja Wiratha. Sang Prabu Kartipeya duka yayah sinipi. Mangkana Arya Kalasrênggi, uninga dukaning rama, saklangkung kêkês gêtêring wardaya, matur: Rama prabu, sampun paduka arda dêduka, pun patih kemawon kautusa maring Wiratha, angukum Nata Pandhawa, angirida para wadya yaksa sawatara, kula ingkang anjêjampangi, manawi paksa puguh amba tiwas ing jurit, punika sumăngga rama anindakana. Sang Prabu Kartipeya saklangkung suka jumurung, sigra dhawuh mring patih, kinèn anêmbang têngara angirida wadyabala Sindhula saananira. Kya patih sandika, sigra amit bidhal angirid wadyabala para prawira Sindhula.

--- 30 : 22 ---

Lampahira gumludhug kadya alun, Sang Kalasrênggi ngabêkti mring rama, sigra mêsat anggêgana. Sang nata kondur ngadhaton.

13. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Baladewa, kang agung tapa dêdana, dana driyah, dana boja, dana rasa, wus misuwur sapraja, kongsi kontap lyaning praja, dumugi tanah sabrang. Para ratu măncapraja, lumintu tan ana pêdhote. Kongsi kontap sundhul ing akasa.

Mangkana ta Prabu Padmanaba kang wontên ing mega biru, kataman prabawanira Prabu Baladewa, saklangkung kagyat, wêkasan suka sokur ing jawata, nanging Sri Krêsna osik ing galih: e, e, jagad dewa bathara, o iya sukur, sukur ing dewa, nanging mara sun cobane dhingin. Sri Krêsna sigra mancala wasi ing gunung, asêsilih nama Bagawan Prihatin. Cumlorot saking dirgantara, sigra anjujug ing păncaniti, umarêk tanpa larapan. Kagyat Sang Prabu Baladewa, paring sabda pambagyaharja, sang prapta anuhun, anulya dinangu, matur, pandhita saking sabrang, anama Bagawan Prihatin. Sowan kula mriki, sêdya anuwun sih wilasa narendra, anuwun sih dana rasa. Sri Baladewa suka ngandika, iya mara sira miliha, garwaningsun kang anom-anom ayu warnane, aja kongsi cuwa tyasira. Sang pandhita matur nuhun, sarwi matur: Dhuh pukulun, sèwu-sèwu lêpat kula, inggih mugi aparinga sih pangaksama, ila-ila sinuhun, atur kula mugi pinarêngna, saking panuwun kula, ingkang kathah-kathah kula botên, amung satunggal panuwun kula, saking kadêrêng kumacèlu dahat, anggèn kula kasmaran dhatêng garwa paduka Dyah Erawati. Sri Baladewa sigêg, dangu datan ngandika, sang pindha rêsi anotol: kula nyuwun dhawuh, awit ing wingking kathah prêlu kula, badhe nuntên mantuk. Andikanira sang prabu, o, iya cantrik, dèhning[4] iku garwaningsun wiwitan, amung manawa ora gêlêm bae aja kajiyat, mêsakake. Sang pindha sagah, sigra kinèn manjing pura, duk panggih Dyah Erawati, sang pindha tan sarănta, sang dyah sigra rinungrum, anggung pinotha-potha, Dyah Erawati andharodhog, arsa lumajar cinandhak astanira, anjrit sêsambat ing raka Prabu Baladewa.

Mangkana Prabu Baladewa, dupi aningali ing garwa, ubêng-ubêngan dèn oyak, tambah myarsa sambatira, sami sanalika sang prabu supe ing purwaduksina, èngêt duk kakrasana, Bagawan Prihatin sigra cinandhak, dèn uncit-uncit, kinêpruk alugora, dangu-dangu babar Sri Krêsna. Prabu Baladewa dupi waspada, lumpuh tan sagêd ngandika. Sri Krêsna gumujêng latah, mêmêlèhakên maring kang raka: inggih punika tandhanipun bilih kakang maksih dèrèng kaparêng. Andikanira kang raka: O, iya wis patènana bae, yayi prabu, sapa bisa nglakoni nandhang cobaning dewa mangkono. Sri Krêsna aturira: Sampun ta, kakang prabu, ingkang tamtu sagêd anglampahi, kakang prabu nglampahana tapa ambisu wontên ing

--- 30 : 23 ---

grojogan sèwu, nanging wontên bêbasanipun, sampun aningali têtingalan, sampun miyarsakakên swara kang tan yukti, kula ngaturi kanthi pun Arya Sêtyaka. Kang raka ngandika: Putranira Sêtyaka samêngko êndi. Sri Krêsna matur gumujêng: mangke sakêdhap dhatêng. Tan dangu praptanira Dyan Sêtyaka, binêkta dening maruta mănda, Sri Krêsna ngandika: Kulup Sêtyaka, sira sun tuduh, ênggèr, umiringa uwakira mangun subrata, tapa ambisu mring grojogan sèwu. Dyan Sêtyaka sandika rèhing sudarma. Sri Baladewa sigra amit mring kang rayi, arsa anglampahi sapitêdah, tuwin putra Dyan Sêtyaka. Sri Krêsna jumurung mangastuti. Kang putra sampun winangsit-wangsit saliring lampah, sigra sami bidhal. Sri Krêsna sigra mêsat ing gêgana wangsul maring Wiratha.

[Grafik]

Bambang Irawan.

14. Mangkana lampahira Bambang Irawan, tuwin kang ibu Dyah Endhang Ulupi, rarywan soring mandera, nèng madyaning wana, laladan Wiratha.

Kocapa lampahira Ditya Arya Kalasrênggi, duk ningali wontên satriya lêlampah, tuwin wanodya, ginalih punika wus tamtu satriya tanah Jawi, sigra dènira aniyup. Bambang Irawan tuwin kang ibu sinarab sirna kaulu, wus karsaning jawata, samantên lêlampahanipun. Sigra mêsat ing gêgana malih, sêdya laju maring Wiratha.

15. Madêg ing panêpèn, Sri Nata Pandhawa sakadangira, samya anggêntur samadinira, wus sami katarima ing Hyang Suksmana Jati, samya luwar samadinira, sêdya arsa sewaka. Mangkana rawuhira Sang Bagawan Abyasa, sarwi ngandika: He, kaki prabu sakadangira kabèh, ingsun wêwarah ing sira, ing têmbe têmpuking karya, lamun eyangira Rêsi Dewabrata madêg senapati, aja liyan kang sira tuduh ngadoni prang, anjaba Dyah Srikandhi, marga iku panuksmaning Ambika. Yèn Rêsi Kumbayana ngadoni prang, arinira Dyan Trusthajumêna, pijinên amêthukake, marga iku panuksmaning Palgunadi. Yèn wakira Salya madêgi senapati, aja liya sira pribadi, kaki prabu kang madêga senapati. Iku poma aja ana padha lali. Kang wayah sadaya sandika. Wis kaki, payo padha marêk maring eyangira, mring pasewakan.

16. Madêg ing nagari Wiratha, Sang Prabu Matswapati, amiyos ing sitibêntar, ingayap kang para

--- 30 : 24 ---

wadyabala, ratu măncapraja, aglar mungging paseban jawi, kang mungging ngarsa nata lênggah kursi gadhing, Sang Rêsi Abyasa, Sang Prabu Yudhisthira, kang cakêt ing dhêdhampar, kang putra Radèn Arya Seta, Untara, Radèn Arya Wratsăngka, tuwin kang wayah Radèn Arya Bima, Radèn Janaka, miwah Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Măngka kang ginunêm, lampahira kang wayah Prabu Krêsna, dènira angrapih kadangira ing Mandura Prabu Baladewa. Sri Krêsna Dipayana matur, manawi lampahira kang wayah kaki Krêsna, sampun sagêd kalêksanan, dènira mirapêt ing arênggang. Sampun satuhu panuksmaning Wisnubrata, narendra rêtnaning bumi, pantês ugi kula pasrahi kadangira Pandhawa, utawi inggih sampun katingal labuh labêtira Sri Krêsna dhatêng Pandhawa.

Mangkana praptanira Prabu Krêsna, sri bathara angurmati, miwah Prabu Yudhisthira, tanapi Sri Dipayana, inggih Bagawan Abyasa, Sri Krêsna wus pinarnah ing dhêdhampar. Sawusira tata lênggah, Sri Krêsna dinangu, matur, wus kaaturakên sadaya ing purwa madya wasana, ngantos dumugi angkatipun dhatêng grojogan sèwu. Ingkang rumêksa wayah paduka, anak kula pun Arya Satyaka. Rèh sampun karya kula mêmêrdi kang wayah ing Mandura, kula nyuwun rilah mantuk rumiyin, manawi sampun prapta ing sêmayanipun kula wangsul sewaka mariki. Sri Matswapati jumurung sakarsa Sri Krêsna, wus mêdal sigra mêsat ngambara. Sri Matswapati ngandika: Kaki Rêsi Abyasa, kula suka priksa ing pakênira, ing têmbe wangsulira kaki Krêsna, saking karsa manira ngriki, kaki Krêsna kula utus dhatêng Ngastina, amundhut praja Ngastina, kula paringake wayah andika Pandhawa. Aturira Bagawan Abyasa: Ingkang makatên wau kula borong paman prabu, inggih punapa lêrêsing adilipun.

Mangkana inggahira Patih Nirbita, atur uninga wontên parangmuka prapta, saking praja Sindhula, wadyanira Prabu Kartipeya, pêpatihira minăngka wakil. Praptanira angrisak padhusunan, Bagawan Abyasa sasmita mring wayah Arya Sena, miwah Radèn Janaka, arya kalih sandika, sigra mêdal. Patih Nirbita angirid wadyabala amapag ing prang, duk praptèng papan ayun-ayunan, têmpuh prang rame, dangu tan wontên kasoran. Patih pêjah dening Sang Arjuna, Arya Kalasrênggi têtulung mawa prabawa pêtêng, Radèn Arjuna anulak. Wus padhang katingal, Arya Kalasrênggi binarat kabuncang, dhawah prajanira. Sampak. Wadyabala ambyuk sêdya pêpulih, tan sêdya mundura, Arya Sena nadhahi, ditya punggawa ingamuk sirna. Ditya rucah lumajar sar-saran. Sigra sami mundur, minggah maring păncaniti, Sri Matswapati, amangun bojana ăndrawina. Bibaran tancêb kayon.

__________

 


ngantos. (kembali)
Gêndrèh Kêmasan. (kembali)
lênggah. (kembali)
rèhning. (kembali)