Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443d.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pangudinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid V.

Isi lampahan:

10. Narasoma.

11. Puntadewa lair.

12. Suyudana lair.

13. Bima bungkus

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên, 1930.

--- V : [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 5 : [3] ---

10. Lampahan Narasoma.

1. Jêjêr ing nagari Mandura, Prabu Kunthiboja (Basukêthi), miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Basudewa, Radèn Arya Prabu Bismaka tuwin Radèn Arya Ugrasena. Ingkang ginunêm: Prabu Basukêthi dènnya sungkawa, ingkang putra putri nama Dèwi Kunthi anggarbini, măngka rara kênya, dinangu lawananira: mukir. Upami matur pratela, nadyan angsal pakathik mêksa arsa dhinaupakên. Dèrèng dumugi dènnya imbal wacana, kasaru wontên caraka dhatêng saking Taratebang, lajêng tinimbalan wontên ing ngajêngan. Prabu Kunthiboja angandika mring utusan. Sang caraka matur, bilih utusan saking Taratebang, kautus ngaturakên pustaka, nulya tinampèn ponang pustaka. Ungêling pustaka: angêbun-êbun enjing, anjêjawah sontên, bilih kaparêng ingkang putra Dèwi Kunthi kasuwun dadya jodho.

[Grafik]

Prabu Kunthiboja.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang padniwara Dèwi Patah, pinarak kalihan ingkang putra putri Dèwi Kunthi, kondurira ingkang rama, ingkang garwa mêthukakên, lajêng binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana kawontênanira ing păncaniti, kêdhatêngan caraka saking Taratebang, nuwun jodho Dèwi Kunthi. Wasana Dèwi Kunthi tinantun bontên karsa, lajêng dinangu dènira anggarbini. Aturing Dèwi Kunthi, awitipun wawrat mêntas kêpanggih pandhita nama Bagawan Druwasa, padhepokanira ing jagad wetan, paring aji wêkasing tunggal, tanpa lawanan, tuwin aji dupa pêpanggil. Rèhning winêca ing têmbe Dèwi Kunthi nurunakên wijining

--- 5 : 4 ---

ratu, ananging sintên jodhonipun, botên badhe gadhah tuwuh malih. Winalêran sampun ngantos angapilakên kasorotan ing surya. Wasana kasupèn wêwêlingira, nuju siram angapilakên, mila lajêng anggarbini. Ing ngriku sri nata lajêng kêpengin pinanggih kalihan Bagawan Druwasa, Dèwi Kunthi pinurih dêdupa amatak aji pêpanggil. Sarêng sampun linaksanan, Bagawan Druwasa dhatêng jlog tanpa sangkan. Sang bagawan takèn sintên ingkang ngundang. Sri Basukêthi matur lamun piyambakipun, sarta matur bab anggènipun anggarbini Dèwi Kunthi. Sang pandhita ngandika bab saking supening wêwêlingira. Lajêng ingusadan, mundhut gagang bawang lanang, kinilèkakên talinganira Dèwi Kunthi ingkang kiwa. Sanalika mijil jabang bayi saking karnanira Dèwi Kunthi ingkang kiwa, Dèwi Kunthi kantaka, jabang bayi sinambut sang pandhita, pinaringan nama Radèn Karna, saha dèn lih saking ngriku supados sampun wontên pocapanipun, Bagawan Druwasa lajêng anggêgana, jabang bayi binêkta, sinèlèhakên ing sela kumalasa sarta sinungan surat namanira Radèn Karna.

3. Madêg ing nagari Mandraka, Prabu Mandratpati, miyos siniwaka, kaadhêp Patih Tuhayata, para punggawa pêpak anangkil. Ginêm: murcanira ingkang putra Radèn Narasoma. Sang prabu dhawuh dhatêng Patih Tuhayata angulari ingkang putra, patih matur sandika, lajêng mêdal ing jawi. Sang nata jêngkar ngadhaton.

4. Madêg ing paseban jawi ing Mandraka, Patih Tuhayata, tuwin para punggawa, ingutus arsa ngupadosi murcanira Radèn Narasoma, dhawuh siyaga. Sasampuning samapta, gya bidhal.

5. Madêg ing Argabêlah, Bagawan Bagaspati, gadhah putra satunggal wanodya, putra pêpujan, sarwa endah warnanira, anama Dèwi Pujawati, ing wanci birai sandhang. Amothah munggèng ngarsane ingkang rama kinèn ngupaya impèn, pinanggihêna kalihan putra ing Mandraka Radèn Narasoma. Ujarira: ora laki, yèn ora kêtêmu impènku, dadia wahdat dak lakoni.

Sang Bagaspati ngandika mring kang putra: Ya wis kowe karia, dak têmonane Radèn Narasoma. Dadia kêdhok, dadia topèng tak lakoni, mênèk parêng Radèn Narasoma dak aturi padang juru panutu.

Sang bagawan lajêng pangkat mêdal sajawining pratapan, ningali ing wana wontên teja ngadêg sasada lanang, lajêng pinurugan. Sasirnaning teja wontên gara-gara, kadya kinocak têlênging gambiralaya, lir kinêbur kawah Si Căndradimuka, rêtati braja pêpika, duta mangkara lêbu murcita, kadya pêpêcut pucuking ardi. Jlêg, Sêmar, Nala Garèng, Petruk, wontên ing wana. Sasampunira bêbanyolan, ngadêg Radèn Narasoma.

--- 5 : [5] ---

[Grafik]

Bagawan Bagaspati ambêkta Radèn Narasoma, badhe kapanggihakên kalihan Dèwi Pujawati.

--- 5 : 6 ---

6. Madêg ing samadyaning wana, Radèn Narasoma mila kesah awit tinantun krama mring kang rama botên karsa. Sêmar matur ingaturan kondur, Radèn Narasoma botên karsa. Danguning pocapan, dhatênge Bagawan Bagaspati, Radèn Narasoma kagyat sarta ngandika, andangu dhumatêng Bagaspati. Sumaur Bagawan Bagaspati, angakên bilih pandhita. Sang bagawan takèn mring Radèn Narasoma, ngakên bilih putra Mandraka, nama Radèn Narasoma.

Bagawan Bagaspati kagyat èngêt supênane ingkang putra, badhe pinêndhêt mantu. Radèn Narasoma botên purun, lajêng aprang, Radèn Narasoma kawon, lajêng binêkta mantuk mring pratapan, Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên.

7. Madêg Sang Dyah Dèwi Pujawati, angajêng-ajêng dhatêngipun ingkang rama, botên antawis dangu dhatêngipun ingkang rama, angandika bilih sampun pinanggih.

Dèwi Pujawati badhe uninga, lajêng kinèn ngaturi. Sarêng lumêbêt Radèn Narasoma, Dèwi Pujawati ningali sakêdhap netra, lêkêring wadana, jaiting netra, botên samar ingkang pinanggih salêbêting supêna. Sang dyah lênggah tumungkul, Bagawan Bagaspati ngandika mring Radèn Narasoma: punika, anggèr, wadene pun bapa, manawi ngarsakakên, kagêm juru padang juru panutu. Radèn Narasoma awas dènira mirsani mring Dèwi Pujawati, tyasira lajêng trênyuh tan kêna muwus. Bagawan Bagaspati mirsa bilih kapanujon manahira putra kêkalihnya, lajêng pinanggihakên Radèn Narasoma kalihan Dèwi Pujawati. Tan kocap sajroning paprêman, lajêng pinarak sakalihan.

Kocapa sampun angsal sapêkên, Radèn Narasoma angandika mring kang rayi, cangkrimanira pinrih ambadhe kang rama: bilih ningali wetan pajar, ningali kilèn pêtêng. Dèwi Pujawati kautus matur kang rama, pangkat. Sarêng dumugi ngarsanira kang rama matur. Ing ngriku Sang Bagawan Bagaspati, bawaning pandhita dibya, wicaksana ing galih, lir jinait wardayanipun, tampining panggalih, amung lingsêmira Radèn Narasoma angakên marasêpuh, nanging trêsna dhatêng garwa. Wasana pinupus ing pêpasthèning dewa, kang putra Dèwi Pujawati pinurih wangsul angaturi Radèn Narasoma. Kang putra lajêng lèngsèr saking ngarsa èsmu sungkawa tumingal lêgêging panggalihira kang rama. Sarêng dumugi ing ngarsa, matur dhatêng kang raka Radèn Narasoma. Saksana lajêng marêk ing ngarsanira sang bagawan kalihan ingkang garwa. Dèwi Pujawati pinurih kesah sêngadi ngupados sarana sêsaji lawon kinarya lênggah, pisang ubon-ubon, kadi sêsaji panuturaning kamuksan. Dèwi Pujawati kesah ngupados sêsaji, tan dangu Radèn Narasoma

--- 5 : 7 ---

dhatêng, sang bagawan matur: bilih radèn darbe karsa, aluwung ngandikaa piyambak kalihan kula, sampun ngangge lantaran (bab cangkrimanipun sang pandhita lêgêg ing galih). Wasana matur nuwun titip kang putra Dèwi Pujawati. Radèn Narasoma sagah botên badhe siya tuwin nêdya kagarwa salaminipun.

Bagawan Bagaspati ngandika: inggih sampun, radèn, kula sêcani, nanging kula ngaturi têtêngêr dhatêng radèn, Radèn Narasoma anama Radèn Salya, ingkang rayi kula santuni nama Dèwi Sêtyawati. Sinauran gêtêr muni jagad lor wetan.

Bagawan Bagaspati ngandika apasrah pêjah gêsang, Radèn Narasoma lajêng narik curiga, ginoco jajanira wanti-wanti botên pasah. Radèn Narasoma èsmu ewa sarwi ngandika sêmu angerang-erang, dene pandhita antiga, têgêsipun rêsik ing jawi, ing nglêbêt cêmêr, cariyos lila pêjahipun, wasana botên. Bagaspati kadugi. Mangke radèn, kula kêsupèn, kula gadhah cis. Lajêng pinundhut ingkang cis, ingaturakên dhatêng Radèn Narasoma, nulya ginoco ing jajanira, pasah mêdal rahira pêthak, sarta anggănda amrik awangi, lir dhèdhès rasamala.

Radèn Narasoma ngandika: dene kowe ora mati, ngêntèni apa. Ngandikanipun Bagawan Bagaspati, awit sêsukêripun botên kenging mantuk ing ajal. Aji kula punika ingkang botên kenging kula bêkta, dipun wastani aji căndhabirawa, sadinten kalih dintên kula botên sagêd pêjah.

Ngandika Radèn Narasoma: kapriye karêpmu. Bagawan Bagaspati matur malih: bilih Radèn Narasoma parêng, radèn ingkang kagungan aji kula punika, lowung, agêng sawabe. Bilih Radèn Narasoma manggih pakèwêd, utawi pêrang agêng, saged ngampingi sarira, wontêna mêngsah sayuta kirna, sampun mêntas dening punika. Bilih radèn botên parêng, kula titipi kemawon, owêl kula bêkta pêjah.

Radèn Narasoma nyêlak sarta manglung janggane, nulya dèn wisik mring Bagawan Bagaspati, tamat aji lajêng pêjah. Radèn Narasoma emut bilih gadhah marasêpuh, lajêng dipun ujungi layonipun Sang Bagawan Bagaspati. Bagawan Bagaspati sirna dalah saraganipun, Radèn Narasoma anjêngêr gêgêtun. Botên dangu wontên swara ing luhur, cêluk-cêluk mring Radèn Narasoma, kagyat Radèn Narasoma sarta ngandika anyapa ingkang suwara. Ujaring suwara: Aku Bagaspati. He, Radèn Narasoma, dingati-ati, besuk pamalêsku: prang Bratayuda, manawa ana ratu gêlung kêling, ambêk paramarta, kowe kang eling. Lajêng ical.

--- 5 : 8 ---

Radèn Narasoma karsa kondur dhumatêng pratapan, pinanggih kang garwa, sarta dèn wisik ingkang rayi, bilih kang rama manuksma. Dèwi Sêtyawati sakala lajêng nangis lir jinait wardayanira. Sasampunira linipur, ingajak kondur dhatêng praja Mandraka, winêling: lamun dinangu kang rama sampun balaka. Lajêng pangkat tuwin parêpat tiga sarta sami kinêthik.

8. Madêg ing wana, Patih Tuhayata, ingkang wontên samadyaning wana, ngupadosi icalipun Radèn Narasoma, sampun satêngah căndra. Dangu-dangu mawas tingalipun, bilih wontên tiyang lumampah mèmpêr Radèn Narasoma, nulya pinalajêngan, sarêng cêlak lajêng anyungkêmi, Patih Tuhayata nangis, kadya wanodya sêsambatipun. Patih Tuhayata lajêng matur ingutus kang rama nata murih kondura dhatêng praja Mandraka. Radèn Narasoma sagah sarta nyariyosakên angsalipun garwa putri anakipun tiyang dhusun, ananging botên gadhah bapa. Lajêng kondur.

9. Madêg ing nagari Pêthapralaya, Prabu Radeya, ginubêl mring kang garwa, kêpengin ngêmban siwi. Prabu Radeya angecani maring kang garwa, kesah saking nagari, angupados siwi. Sarêng aningali satêngahing wana, wontên teja katingal lajêng pinaranan, wasana wontên jabang bayi tumumpang ing sela gêgilang, amawa surat ing namanira, lajêng binêkta kondur, pinaringakên mring garwa, sakalangkung ing rênanipun, putra dèn onthoh-onthoh, payudaranya lajêng pinăncawara.

10. Madêg ing nagari Mandraka, Prabu Mandratpati, sarta dhatêngipun Patih Tuhayata, kautus rumiyin ngaturi pariksa ingkang rama sri nata, munjuk bilih ingkang putra sampun pinanggih, kapêthuk ing margi, sarta mawi krama. Putra sampeyan mundhut pêthukan rata tuwin joli. Prabu Mandratpati angandika: Ya age papagên.

Dèrèng dangu dhatênge Radèn Narasoma, majêng sarta angaras pada, kang putra rinangkul lan ingkang putra èstri. Prabu Mandratpati sakalangkung trustha mulat ing atmaja kêkalihira. Kang putra dinangu mring kang rama: Iku olèhmu rabi ing ngêndi, dene têka bêcik têmên rupane, kaya têdhake ngatapa. Ingkang putra matur: punika anggèn kula manggih, lare dhusun, lare ngèngèr kula pêndhêt, botên gadhah bapa biyung. Prabu Mandratpati angandika mring kang putra èstri, andangu wijilira, sarta yayah renanira. Dèwi Sêtyawati matur: Kula botên gadhah bapa biyung. Lajêng rinangkul, angandika ingkang rama: Wêlas têmên, aku, emane ora duwe bapa biyung. Ya aku bapakmu, ibumu ya wis ana kene, aku kang duwe anak lanang, ya kowe anakku. Lajêng kinèn lumêbêt ing dalêm [da...]

--- 5 : 9 ---

[...lêm] pinaringakên ingkang garwa, nuntên ingkang rayi mêdal, Dèwi Madrim lênggah sandhing ingkang raka.

Ingkang rama ngandika malih: Satêmêne anake sapa, bojomu kuwi, isin ngaku maratuwa, nèk anake bêkêl utawa anake sikêp, mênèk kowe isin ngaku maratuwa, dak sêngkakne ing aluhur, dak jungjunge lungguhe, dak dadèkne bupati.

Radèn Narasoma matur mêksa tan walèh. Prabu Mandratpati andangu mring Sêmar, nunggil ature kang putra, botên gèsèh. Sêmar dipun supatani: yèn wêruh, ngakua ora wêruh, kênaa supataku. Sêmar munjuk balaka, konjuk ing purwa duksinane. Prabu Mandratpati sarêng mirêng ature Sêmar, jaja bang awinga-winga, lajêng ingkang putra dinukanan kathah-kathah, saha tinundhung mring kang rama. Radèn Narasoma nangis botên purun kesah, angunjukakên ing lêpatira. Sang Prabu Mandratpati sangsaya sangêt dukanira: aku dudu bapakmu, yèn kowe ngrasa duwe bapa aku, pasthi ngrasa yèn dianakake uwong, bocah wadon kuwe anane têka sapa, dene ora rumasa yèn kadanan rasa, kowe têka ora lunga, nganti dak balang ing paidon.

[Grafik]

Prabu Mandratpati.

Radèn Narasoma lajêng kesah sarta nangis, Sêmar lajêng binubuh ing duka: yèn kowe ora lunga, apa nganti dak du karo macan. Sêmar ajrih lajêng kesah, Nala Garèng, Petruk, samya tumut. Dèwi Madrim lajêng anututi ingkang raka, kêcandhak sajawining kitha. Sêmar, Nala Garèng, Petruk, samya nusul, matur bilih binubuh duka mring kang rama. Dèwi Madrim matur mring kang raka ngajak wangsul, Radèn Narasoma ajrih bilih wangsula, dene salamine kang rama dèrèng nate duka ingkang makatên. Radèn Narasoma lajêng liwung manahe kapêdhotan trêsna mring kang garwa, badhe ngupados panglipuring manah. Sêmar matur, wontên putri kadamêl sayêmbara pilih, ing nagari Mandura, wastanipun Dèwi Kunthi, punapa rayi sampeyan warninipun taksih sae Dèwi Kunthi. Radèn Narasoma lajêng parêng, ingkang rayi Dèwi Madrim datan [da...]

--- 5 : 10 ---

[...tan] purun wangsula, kêdah tumut, lajêng dinèkèk ing kalpika, nulya pangkat.

11. Madêg ing nagari Taratebang, Sang Prabu Kasendra, miyos ing pandhapi, ingadhêp patih tuwin para punggawa, sadhatêngipun utusan, angunjukakên sêrat wêwangsul, lajêng tinupiksa. Wêdharing sêrat pratela, yèn manggih sayêmbara pilih, lajêng bidhal sabalanya, angancik sajawining nagari Mandura, amasanggrahan, saha utusan angunjuki uninga. Sang caraka mangkat.

12. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Kunthiboja, miyos ing pandhapi, siniwi ingkang putra Radèn Arya Basudewa, tuwin Radèn Arya Prabu, Ugrasena. Ingkang ginunêm: saluwaripun ingkang putra Dèwi Kunthi, dhatênging utusan saking Taratebang, lajêng tinimbalan, dinangu. Sang caraka matur: bilih gustinipun sampun masanggrahan sajawining kitha, lajêng tinimbalan kinèn anjujug ing pasowanan kidul. Sang caraka mêsat.

Sang Prabu Kunthiboja lajêng miyos pasowanan kidul, tuwin putra putri dalah garwanira, mungging pêpanggungan. Prabu Taratebang dhatêng sarta sampun asiyaga, nulya kinèn majêng Prabu Taratebang, ngrasuk busana, nêlas ing panganggenira, kinuswa ing êmas, rinêngga ing intên, majêng munggèng ngandhaping pêpanggungan.

Dèwi Kunthi tinantun mring kang rama, ingkang putra datan arsa, Prabu Taratebang mundur lingsêm, saundurnya lajêng pasanggiri mring balanya, kinèn majêng saking satunggal, têlas bala ing Taratebang, datan wontên ingkang kinarsakakên, lajêng miris raja ing Taratebang. Radèn Narasoma majêng, nulya dinangu mring Prabu Kunthiboja, konjuk bilih putra Mandraka Radèn Narasoma.

Sang Prabu Kunthiboja angandika mring kang putra Dèwi Kunthi, ingkang putra botên sagêd munjuk, lajêng tinêtêr mring kang rama, Dèwi Kunthi lajêng morot, Radèn Narasoma osik salêbêting panggalih, rumaos bilih dipun tampik, ugi lajêng morot, ananging lajêng tinimbalan kondur dhatêng kadhaton, sarta ginarêbêg ing putra kêkalih, Radèn Arya Prabu Bismaka, miwah Radèn Arya Ugrasena, tinimbalan minggah ing pandhapi, dhinawuhan bilih Radèn Narasoma kenging sayêmbara pilih. Radèn Narasoma matur mring Prabu Kunthiboja, anuhun inah badhe siram dhumatêng banawi Silugăngga, kalilan, Radèn Arya Ugrasena kinèn angiring.

13. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Abyasa, ingkang putra têtiga, Radèn Arya Dhastharastra, Radèn Arya Pandhu, miwah Radèn Arya Yamawidura, sampun sami diwasa.

--- 5 : 11 ---

Kocapa, wontên putri kadamêl sayêmbara pilih, nagari ing Mandura, putranipun Prabu Kunthiboja, anama Dèwi Kunthi, Prabu Abyasa karsa nindaki, lumampah namur, kang putra binêkta, Radèn Arya Pandhu wau, datan ambêkta bala satunggal, dumugi ing banawi Silugăngga, kêpêthuk kalih Radèn Narasoma, lajêng tinakenan mring Radèn Narasoma. Sumaur Prabu Abyasa, bilih ngadêgi sayêmbara pilih. Radèn Narasoma ngandika, manawi sayêmbara pilih sampun bibar: kula ingkang angsal sayêmbara pilih, nanging kula wangun kula damêl sayêmbara, bilih putra sampeyan sagêd ngawonakên kula, dipun alapa putri ing Mandura Dèwi Kunthi.

Prabu Abyasa nantun mring kang putra Radèn Arya Pandhu, inggih purun, lajêng aprang rame, kawon Radèn Narasoma, lajêng matak aji căndhabirawa, dhatêng danawa atusan sagêgamanira, nuntên kinèn mangsah, Radèn Arya Pandhu mirsa mlajêng, cinêgatan mring Prabu Abyasa, kang putra kinèn wangsul. Ngandikanipun dhatêng ingkang putra: Aywa linawan, mênênga bae, lan amêrêma, aja nganti wiwit. Radèn Arya Pandhu mituhu, lajêng wangsul, angadêg sarta sidhakêp, căndhabirawa dhatêng atusan, kanan kering pating galidrah anggêgilani, ana ingkang gulung, sawênèh anjungkir, ana ingkang ngagar-agar pêdhang, nanging botên tumiba yèn botên dhininginan, Radèn Arya Pandhu tangèh bilih amiwitana, eca anggènira kèndêl. Căndhabirawa anjoto sadaya, dangu samya kèndêl. Căndhabirawa osik galihira: Kănca batur, mungsuhmu iki, ambêke kaya gustimu Bagawan Bagaspati, mêngko wis ora ana, mênèk nitis ana ing kene. Ora enak, kănca, ayo padha anglês. Lajêng sirna căndhabirawa, datan wontên katingal. Radèn Narasoma mangsah malih, kêdah ngajak sarosa. Prabu Abyasa mangsit mring kang putra, Radèn Narasoma kinèn anglêpasi barat, aja tiba aja mudhun, kinon angumbulakên. Mangsah Radèn Narasoma pinêthuk ing lesus, lajêng binêkta mumbul, Radèn Narasoma sêsambat, Radèn Arya Pandhu kinèn mêjahi, Radèn Arya Pandhu dhatêng arsa mêjahi. Radèn Narasoma mumêt panonipun, sarta awang-awangên, Radèn Narasoma cêluk-cêluk bilih sampun kawon, sarta pasrah putri Mandura, lajêng kaudhunakên mring lesus. Radèn Narasoma sarêng dumugi ing siti purun malih, nantang dhatêng Radèn Arya Pandhu, sigra binêkta ing lesus malih ingubêngakên ing tawang, Radèn Narasoma girap-girap cêluk-cêluk bilih sampun kawon, gumujêng kemawon Radèn Arya Pandhu.

Radèn Arya Pandhu ngandika: Apa pikalahmu. Radèn Narasoma pasrah putri Mandura: Dèwi Kunthi alapên, aku ora majibi.

--- 5 : 12 ---

Radèn Pandhu ngandika: Kalahmu kang kari êndi, satriya ora kêna duwe basa loro. Radèn Narasoma ngraos, lajêng cêluk-cêluk dhatêng Radèn Arya Pandhu: Aku duwe sadulur wadon, êpèkên, jênênge Dèwi Madrim. Radèn Arya Pandhu sumaur, atakon mring Radèn Narasoma: Êndi rupane, adhimu. Radèn Narasoma cêluk-cêluk anêdahakên ingkang rayi. Radèn Arya Pandhu sumaur: Sèlèhêna, ora-orane tiba, dene kowe mêngko, yèn wis adhimu, kowe dak udhunake. Radèn Narasoma mojar anolèh ingkang rayi: Srah, srah, kêmbang waru, tibaa ora mèlu-mèlu, aku. Lajêng sinăngga ing lesus mangandhap anjog ngajêngipun Radèn Arya Prabu. Radèn Narasoma ngandika: Sampun ta, kula sampeyan udhunakên, Radèn Arya Pandhu. Ngandikanipun Radèn Arya Pandhu: Mêngko. Radèn Narasoma ngandika bêluk-bêluk dhumatêng ingkang rayi Dèwi Madrim, dhinawuhan sandhing dhatêng Radèn Arya Pandhu. Dèwi Madrim lajêng sandhing, Radèn Narasoma mangandhap, lajêng masrahakên dhatêng kang rayi, Radèn Ugrasena kinèn ngaturakên mring kang rama sarta kapasrahan nalar.

Radèn Narasoma ngandika dhumatêng Radèn Arya Pandhu, anitipakên kang rayi, bilih botênipun kangge sampun kabucal ing saênggèn-ênggèn. Lajêng bibar.

14. Madêg ing nagari Palasajênar, Prabu Thisthawa, ingadhêp putra têtiga, pambajêng Radèn Anggêndara, panênggaknya Dèwi Anggêndari, kang waruju Radèn Sakuni. Prabu Thisthawa ngandika mring kang putra Radèn Anggêndara, ingkang putra dhinawuhan angêdêgi sayêmbara pilih dhatêng ing nagari Mandura, lajêng kadhawuhan mangkat. Dèwi Anggêndari tumut, jagi pangare, sarta Radèn Sakuni, pangkat.

15. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Kunthiboja, miyos siniwi para putra, Radèn Arya Basudewa, tuwin Arya Prabu Bismaka, Dèwi Kunthi. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Ugrasena, angaturakên kawontênanipun lampah saraya mring kang rama, lajêng kinèn ngaturi Prabu Abyasa, prapta lajêng ajajar lênggah. Sasampunipun binagèkakên, ingkang putra arsa pinanggihakên, Prabu Abyasa lênggana, kasuwun dhaup wontên ing Ngastina. Prabu Kunthiboja jumurung, ingkang putra winêdalakên, lajêng binêkta. Radèn Arya Ugrasena miwah Radèn Arya Prabu Bismaka samya umiring, tinulak wangsul sajawining Mandura. Saundure santana kalih, kêpêthuk Radèn Anggêndara, Radèn Anggêndara ngandika dhatêng Radèn Arya Pandhu: Kowe iku têka ngêndi, Radèn Arya Pandhu, dene têka anggawa gêrbong. Ngandika Radèn Arya Pandhu: Aku mêntas ngêdêgi sayêmbara pêrang mring Mandura, mênang pêrangku, putri dak [da...]

--- 5 : 13 ---

[...k] gawa. Radèn Anggêndara ngandika: Dak jaluk putri Mandura, krana pacanganku bocah mula. Awèh dak jaluk, ora awèh dak jaluk, budi dak sêmbadani. Lajêng prang, Radèn Anggêndara narik kêris, Radèn Arya Pandhu sinuduk tan pasah, Radèn Anggêndara cindhak[1] rambutnya, dèn ukêl sinungkêmakên ing siti, Radèn Anggêndara tanpa bayu, cêluk-cêluk mring Dèwi Anggêndari: Têbusên awakku. Dèwi Anggêndari marêpêki sarta nangis mring Radèn Arya Pandhu, Radèn Sakuni ugi têluk, lajêng bibar mantuk mring Ngastina.

Sêmar dipun wangsit mring Radèn Arya Pandhu: mêngko yèn wis tutug ing Ngastina, kakang Radèn Arya Dhastharastra, nèk didhawuhi milih putri, putri kang loro kuwi borèhana kang kasap-kasap bae, aja nganggo dhèdhès. Dene putri Palasajênar iku borèhana kang abêcik, nganggoa dhèdhès. Sêmar mituhu.

Tan kocapa ing margi sampun dumugi ing Ngastina, lajêng ngadhaton, Prabu Abyasa lajêng pinarak ing pandhapi, animbali kang putra Radèn Arya Dhastharastra, kinèn milih mring kang rama putri têtiga wau: putri têtêlu amiliha siji. Dèwi Kunthi sinaosakên, ginănda botên mambêt, ginêrayang kasap, lajêng tinampik mring Radèn Arya Dhastharastra, kinèn ngundurakên. Nulya Dèwi Madrim sinaosakên, inggih kados wau punika, anggènira nampik. Nuntên Dèwi Anggêndari sinaosakên, ginêrayang astane lumêr, lajêng pinilih: iki wong wadon arane wrêdèn. Lajêng sami pangantenan. Radèn Arya Pandhu kalihan Dèwi Kunthi tuwin Dèwi Madrim. Dèwi Madrim lênggana, lajêng matur: Purun sampeyan cangkramani, nanging kula nyuwun lêmbu andini titihanipun Sang Hyang Bathara Guru, Radèn Pandhu sagah. Radèn Arya Dhastharastra dhaup kalihan Dèwi Anggêndari. Bibaran. Tancêb kayon.

__________

--- 5 : [14] ---

11. Lampahan Puntadewa Lair.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Krêsna Dipayana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Arya Prabu Dhastharastra, tuwin Arya Prabu Pandhu Dewanata, miwah Arya Widura, ingkang mungging ngarsa nata Dhahyang Asmarasanta. Ingkang rinêmbag: anggalih putra Dèwi Kunthi Nalibrănta anggèning anggarbini sampun wanci dèrèng ambabar. Kasaru sowanipun Patih Jayaprayitna angirid Arya Prabu Bismaka, ingutus kang raka Prabu Basudewa, atur uninga, praja Mandura kadhatêngan parangmuka saking praja ing Garbasumăndha, matur nyuwun sih wilasa: kang paman Prabu Krêsna Dipayana, kaparêngna anuwun ngampil kang putra kakang Arya Prabu Pandhu Dewanata. Sri Krêsna Dipayana sampun marêngakên, Arya Prabu Pandhu Dewanata dhinawuhan: sandika. Arya Prabu Bismaka kadhawuhan pangkat rumiyin, lajêng amit rinilan pangkat. Sang nata kondur ngadhaton, kadhèrèkakên kang putra Arya Pandhu Dewanata.

[Grafik]

Prabu Krêsna Dipayana.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Rêtna Dèwi Ambiki, kang ênèm Dèwi Ambaini, lênggah ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Anulya kondurira narendra Prabu Krêsna Dipayana, pinêthuk ing garwa. Arya Prabu Pandhu tan pisah kang rama, satata lênggah. Sri Krêsna Dipayana angandika mring garwa, anggèning anggarbini kang putra Dèwi Kunthi Nalibrănta sampun wanci, kinèn ngalêmpak ing pura, sarta kaki Pandhu Dewanata pininta sraya maring Mandura. Arya Prabu Pandhu Dewanata lajêng rinangkul kang ibu, Sri Krêsna Dipayana dhawuh mring putra kinèn ngabêkti kang paman Rêsi Wara Bisma maring pratapan ing Giripurna, sandika. Kang putra amit rinilan gya pangkat, ingiring Dhahyang Asmarasanta saanakira.

--- 5 : 15 ---

3. Madêg ing paseban jawi, Rêkyana Patih Jayaprayitna, tuwin Arya Prabu Bismaka, rêmbag badhe anguntapakên ing kondurira sang rajaputra, dumugi ing têpiswiring samya wahana turăngga. Sawusira samapta, gya bidhal.

4. Madêg ing nagari Garbasumăndha, Sang Prabu Kalayaksa, miyos ingadhêp Patih Kaladruwendra. Ginêm: dènira angêpung Raja Mandura, sêdya karsa angrêbat garwa narendra Dèwi Maera, kang tinuduh angêpung praja Mandura: ari nata Arya Endrayaksa sawadya punggawa ditya, tuwin Patih Kalamadhêndha. Patih Kaladruwendra atur uninga, manawi samangke Prabu Basudewa minta sraya mring Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata sampun pangkat saking praja sêdya mring Mandura. Sri Yaksendra arsa ambiyantu prang mring Mandura, pinambêng dening Patih Druwendra, awit kang rayi Arya Endrayaksa sampun mumpuni, manawi sang prabu karsa ambiyantu, ing wingking kemawon, prayogi utusan punggawa rumiyin. Sigra nimbali punggawa ditya têtiga, Kaladrumaksa, Kalawisaya, miwah Kalapraceka, wus sinung dhawuh saliring karya, punggawa katri sampun pralêbda, sandika, amit rinilan, lajêng bidhal.

[Grafik]

Arya Prabu Pandhu Dewanata.

5. Madêg ing samdyaning wana, lampahing baris ditya, kapapag baris wadya Ngastina, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa kasêsêr. Wasana samya sêsimpangan ing margi.

6. Madêg ing pratapan Giripurna, Sang Bagawan Wara Bisma, amanggihi ingkang putra Arya Prabu Pandhu Dewanata, anuwun idi arsa mring Mandura, pininta sraya prang. Sang rêsi suka jumurung, mangastuti. Arya Prabu Pandhu lajêng amit, sampun rinilan, lajêng bidhal dalah parêpat tiga: Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

7. Madêg ing madyaning wana, talatah praja Mandura, lampahipun Arya Prabu Prabu Pandhu Dewanata kapapag baris ditya saking praja Garbasumăndha, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa pêjah sadaya. Arya Prabu Pandhu Dewanata lajêng lampahipun, kadhèrèkakên: Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

8. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Basudewa, lênggah tuwin rayi Arya Prabu Sêtyajid. Ginêm: Sang prabu anganti-anti lampahira kang rayi Arya Prabu Bismaka. Kasaru dhatêngipun kang rayi Arya Prabu Bismaka [Bi...]

--- 5 : 16 ---

[...smaka,] matur saliring rèh dinuta, sampun angsal ing karya. Katungka rawuhipun Arya Prabu Pandhu Dewanata, Sri Basudewa jumênêng angurmati rawuhipun Arya Pandhu Dewanata, lajêng lênggah satata. Sasampuning jarwa-jinarwan, dupi rêrêp sawatawis, Arya Prabu Pandhu Dewanata anuwun amit arsa mêdal rananggana, pinambêng datan kenging, Arya Ugrasena kinèn umiring, lajêng bidhal.

9. Madêg ing pakuwon ditya, Arya Endrayaksa, ingadhêp Patih Kalamadhêndha, Tumênggung Kalaprakêmpa, Kalabadhama, samya punggawa surèngkewuh. Sang arya utusan angantêp Prabu Basudewa, ngaturakên putri, punapa lumawan ing prang. Lagya eca ngandika, nulya miyarsa sêsumbar, Arya Endrayaksa mangkrak kruraya, singa manabda, têngara mijil prang. Arya Ugrasena panggih kalihan punggawa, prang, punggawa ditya pêjah, patih mangsah, Arya Ugrasena kalindhih, patih yaksa jinêmparing Arya Prabu Pandhu Dewanata, kenging: pêjah. Arya Endrayaksa bramantya, prang rame, sami ngabên kasantikan. Danguning prang, Arya Endrayaksa jinêmparing pagas jangganira, angêmasi. Arya Prabu Pandhu Dewanata lajêng kondur, pinêthuk ingkang raka Prabu Basudewa, binêkta lênggah ing păncaniti, ingaturan manjing kadhaton tan karsa, adrêng anuwun pamit, awit kang rayi anggènipun anggarbini sampun winanci. Prabu Basudewa umiring tuwin kang garwa Dèwi Maera, ingiring ari kêkalih, Arya Prabu Bismaka tuwin Arya Prabu Ugrasena, lajêng bidhal.

10. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Bathara Guru, lênggah ing bale asmarakata, ingadhêp Sang Hyang Narada, tuwin Sang Hyang Brama, Hyang Endra, miwah Sang Hyang Mahadarma, Sang Hyang Yamadipati. Sang Hyang Siwah ngandika maring Sang Hyang Narada, kawontênanipun gegeran ing suralaya, gara-gara magêtêran tanpa mêndha. Rêsi Narada matur, awit pun Dèwi Kunthi badhe ambabar, jabang bayi datan luwar, amargi nyuwun têtimbangan kalihan lairipun Suryaputra, mêdal saking karna, Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Darma ingutus kinèn anêksèni mêdalipun jabang bayi saking êmbun-êmbunan, sarta kaparingan nama Arya Puntadewa, sêsiliha Prabu Guna Talikrama. Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Darma, sandika, amit rinilan, gya mêsat.

11. Madêg ing nagari Garbasumăndha, Sri Yaksendra, lênggah ingadhêp patih. Ginêm: sang prabu miyarsa warta, manawi kang rayi Arya Endrayaksa pêjah dening Arya Pandhu Dewanata, tumpês tan ana kari, dene samangke ing Mandura suwung, sami dhatêng Ngastina. Sri Yaksendra duka, dhawuh undhang, karsa tindak anglurug maring Ngastina, sigra têngara, bidhal kêbut sawadyabalanipun.

--- 5 : 17 ---

12. Madêg ing wukir Giripurna, Sang Rêsi Wara Bisma, ingadhêp para siswa. Sang Rêsi Wara Bisma kapidêrêng ing karsa, dènira arsa tuwi maring Praja Ngastina, karsa nguningani pambabarira ingkang putra Dyah Dèwi Kunthi Nalibrănta, para siswa sami kinèn têngga ing pacrabakan, Sang Rêsi Dewabrata lajêng tindak.

13. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Krêsna Dipayana, lênggah madyaning dhatulaya kalihan garwa, tansah angrakêti putra Dyah Kunthi Nalibrănta. Sri Krêsna Dipayana tansah mêsu brata, ngêningakên sêmadi êning, èngêt saking wêcaning para maharsi. Kasaru gêdêring jawi, praptanira kang putra Prabu Pandhu Dewanata tuwin Prabu Basudewa, dalah kang garwa Dèwi Maera, ingkag ngiring rayi kêkalih, Arya Prabu Bismaka tuwin Arya Ugrasena, sigra sami sinambrama pambagya, sami anuhun. Sri Krêsna Dipayana awêwarta, Dèwi Kunthi sampun mêtêk karaos, jabang bayi ngêntosi dhawuhipun Sang Hyang Padawinênang. Dèrèng dangu dènnya ngandika, kasaru rawuhira Sang Hyang Kanekaputra miwah Sang Hyang Darma, angirid kang para widadari. Para waranggana tan taha angrakêti maring Dyah Kunthi, Sang Hyang Narada sêsanti andhawuhakên timbalan: saka dhawuhe Sang Hyang Suksma Kawêkas, nini Kunthi dènira anggarbini dèn wêtokakên ing êmbun-êmbunan. Hyang Narada anyêlaki Dyah Kunthi, sarwi angêningakên păncadriya. Prabu Krêsnadipayana tuwin Arya Prabu Pandhu Dewanata, Prabu Basudewa, kalilan sami anyêlaki.

[Grafik]

Arya Puntadewa.

Mangkana sêmadinira Hyang Kanekaputra wus katarima, Dyah Kunthi sigra ingusap, jabang bayi lair saking êmbun-êmbunan, mijil priya, gumilang cahyanira, gya pinundhut putra Sang Hyang Darma, pinaringan nama Radèn Arya Darmaputra, inggih Arya Darmawăngsa. Sang Hyang Narada andhawuhakên timbalanira Hyang Padawinênang, pinaringan wasiyat nama Arya Puntadewa, sarta pinaringan wasiyat Jimat Kalimasada. Jabang bayi sinidhikara agêng sanalika, gya binusanan ing Hyang Kanekaputra, miwah sinung sêsupe manik raja tawa, aran Kiyai Balumbang, sarwi winangsit Arya Puntadewa, ing têmbe kadangira lima, kalihan ingkang saking Dèwi Madrim. Radèn Puntadewa nuwun, Sang Hyang Narada tuwin para jawata miwah para widadari samya amit makahyangan, Sri Krêsna Dipayana tuwin para putra sadaya sami manêmbah, para [pa...]

--- 5 : 18 ---

[...ra] jawata gya mêsat. Radèn Puntadewa sigra cinandhak Sang Rêsi Dewabrata, pinangku sarta ingarasan. Sri Krêsna Dipayana tuwin para putra sadaya wangsul lênggah satata, sami sukèng galih.

Mangkana kasaru gègèring jawi, praptanira parangmuka saking praja Garbasumăndha, Prabu Kalayaksa, tuwin patih Druwendra sami anjêjarah angrisak padhusunan. Gri[2] Krêsna Dipayana sigra sasmita maring putra Arya Widura, miwah Patih Jayaprayitna, samya mijil mapag ing adilaga. Prapta ing jawi panggih ayun-ayunan, Sri Yaksendra campuh prang kalihan Arya Widura. Danguning prang, Sri Yaksendra pêjah jinêmparing. Patih Druwendra mangsah angirid wadya, prang barubuh, sampak. Patih Jayaprayitna ngamuk punggung, danawa dhadhal larut tan măngga puliha. Sigra sami mundur marêk ing ngabyantara nata manjing pura, lajêng bojana ăndrawina, bibar. Tancêb kayon.

__________

--- 5 : [19] ---

12. Lampahan Suyudana Lair.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Krêsna Dipayana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Pandhu Dewanata, tuwin Radèn Arya Widura, miwah Patih Găndamana, Rêsi Dewabrata pinuju tugur wontên Ngastina, awit Rêtna Anggêndari anggèning wawrat sampun diwasa. Ingkang dipun rêmbag anggèning anggarbini Dèwi Anggêndari wau, dene sampun diwasa dèrèng wontên antawisipun lair jabang bayi. Sri nata lajêng karsa tindak ing kaputrèn, dalêmipun Radèn Arya Dhastharastra, Radèn Arya Pandhu Dewanata tansah kinanthi tan kenging pisah. Sawusira imbal wacana, kondur karsa busana.

[Grafik]

Radèn Arya Dhastharastra.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Ambiki, tuwin Rêtna Ambini, miwah putra Dèwi Kunthi nalibrănta. Imbal wacana, dene sang nata dangu dènira miyos ing păncaniti. Dèrèng watawis dangu kasaru rawuhira Nata Krêsna Dipayana, pinêthuk ing garwa, miwah Dèwi Kunthi mêthukakên ing raka Radèn Arya Pandhu Dewanata, Dèwi Madrim tan pisah, sampun satata lênggah. Sri Krêsna Dipayana imbal wacana, anggènira dangu măncaniti. Sang prabu sigra tindak maring kadipatèn, dalêmira Radèn Arya Dhastharastra, ingkang umiring para garwa tuwin putra Radèn Arya Pandhu Dewanata.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Găndamana, tuwin para punggawa, Radèn Bandhu, tuwin Radèn Andakasumolor. Ingkang rinêmbag: anglampahi ayahan, amaringi têdha dhatêng sagung para pêrkir miskin, bawah Ngastina sadaya. Punggawa samya pinatah-patah, sigra bidhalan.

--- 5 : 20 ---

4. Madêg ing nagari Paranggumbarja, Sri Yaksendra Prabu Kalawêrdati, ingadhêp Patih Kalapramuka, êmban yaksi nama Yaksiki. Ingkang rinêmbag: badhe malês ukum dhatêng Raja Ngastina. Duk sedaning rama dening Prabu Krêsna Dipayana. Êmban Yaksiki amambêngi, luhung anduta punggawa ditya rumiyin supados adamêl margi ngiras mêpak wadyabala, awit dèrèng dangu dènira kasor ing yuda. Sang prabu karênan ing galih, lajêng animbali ditya nama Kalaprayoga, dhinawuhan andhawuhakên dhatêng para punggawa, lumampah nglurug dhatêng nagari Ngastina.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya: Kalaminangsraya, tuwin Ditya Kalabadhama. Kasaru dhatêngipun Ditya Kalaprayoga saking ngabyantara nata, rêmbag siyaga dêdamêl badhe pangkat dhatêng nagari Ngastina. Sasampuning samapta, lajêng bidhalan, Togog tuwin Sarawita dadya cucuking lampah. Mangkana lampahira, sarêng dumugi ing margi kapapag wadya Ngastina ingkang andum barana dhatêng para pêkir miskin. Wasana sulayaning rêmbag, dadya prang, botên wontên kang kasoran, lajêng sêsimpangan margi.

6. Madêg ing wukir Giripurna: para siswanira Rêsi Dewabrata, kang têngga ing pacrabakan, Wasi Tejanata, ingadhêp putranira kalih, Bambang Tejasabawa, tuwin Bambang Tejaswara. Ingkang rinêmbag: putra kêkalih sami kêpengin suwita ing Nata Ngastina, Wasi Tejanata suka ing galih. Bambang Tejasabawa tuwin Bambang Tejaswara sami nuhun pamit rinilan, lajêng bidhal, ingiring cantrik kêkalih, lajêng lampahipun.

7. Madêg samadyaning wana, lampahira Bambang Tejasabawa, tuwin Bambang Tejaswara, kapapag baris ditya saking Paranggumbarja. Pasulayaning rêmbag, dadya prang. Punggawa yaksa têtiga pêjah sadaya, Bambang Tejasabawa tuwin Bambang Tejaswara lajêng lampahira.

8. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Guru, miyos lênggah ing marcukundha, ingadhêp para jawata, ingkang mungging ngarsa Sang Hyang Narada, Sang Hyang Brama, tuwin Sang Hyang Endra, Sang Hyang Sambu, Sang Hyang Yamadipati. Sang Hyang Siwah ngandika maring Sang Hyang Kanekaputra, punapa ingkang dados gègèring suralaya. Sang Hyang Narada matur: Punika pratignyanira Rêtna Anggêndari, karya cêcangkoking prang Bratayuda Jayabinangun. Sri Krêsna Dipayana sampun anêksèni, ing benjang dadosing prang. Sang Hyang Narada sampun tumurun maring Ngastina. Sang Hyang Guru têdhak amriksani saking ngantariksa tuwin para jawata.

9. Madêg ing pratapan Danaraja, Sang Bagawan Bisama, putra waruju Ngawu-awu Langit. Mila tilar praja, tan karsa gumantya raja, saking dahat kêpengining panggalih suwita martapa ing bawah Ngastina, anyêlaki [anyê...]

--- V: 21 ---

[...laki] kadang èstri Rêtna Ambiki, tuwin Rêtna Ambini, punika kadangira sêpuh, kagarwa Prabu Krêsna Dipayana. Angèngêti wasitaning jawata, Prabu Pandhu mutrakakên Pandhawa gangsal. Sang Maharêsi Bisama amiyarsa, garwanira kang putra Radèn Arya Dhastharastra Dyah Anggêndari arsa ambabar, marma sang rêsi gugup arsa tindak marang ing Ngastina, para siswa dhinawuhan têngga ing pacrabakan, sang rêsi sigra bidhal.

10. Madêg ing nagari Paranggumbarja, Sang Prabu Kalawêrdati, ingadhêp êmban yaksi, tuwin patih Ditya Kalapramuka. Ginêm: sang nata ngarsa-arsa lampahing duta, kasaru praptaning Togog Sarawita, matur tiwasing duta narendra pêjah dening satriya tanah Jawi, nama Bambang Tejasabawa tuwin Bambang Tejaswara, kadang santana ing Ngastina. Sri Yaksendra dupi miyarsa duka yayah sinipi, lajêng dhawuh dhatêng Patih Kalapramuka, kinèn siyaga kapraboning ayuda, karsa lumurug dhatêng praja Ngastina. Patih Kalapramuka sandika. Sampun samya samapta, lajêng bidhal kêbut sawadyabalanira.

[Grafik]

Radèn Arya Jayapitana.

11. Madêg ing nagari Ngastina, ing dalêm kaputrèn, Prabu Krêsna Dipayana, anjênêngi dènira arsa ambabar Dyah Anggêndari. Kasaru rawuhira Rêsi Bisama, Prabu Krêsna Dipayana awêwarta, lêlampahanira ingkang putra. Rêsi Bisama matur: Punika sampun karsaning jawata, kaelokaning lêlampahan, lairipun jabang bayi badhe ujud satus kasêlapan wanodya.

Kasaru gara-gara andhatêngi, rawuhira Sang Hyang Kanekaputra, praptanira sêsanti mring Prabu Krêsna Dipayana, ngêngudang ngandika: He, he, kaki Prabu Krêsna Dipayana, wruhanira, ingsun iki angêmban dhawuhe Hyang Suksma Kawêkas, iku sutanira kang anggarbini, wus kinarsakake dening Hyang Suksma Kawêkas, sutane Dyah Anggêndari lair satus kasêlapan wanodya, iku diarani Korawa, ing

--- 5 : 22 ---

têmbe iku dadi mungsuhe anak Kunthi Nalibrănta, ing têmle[3] prang Bratayuda Jayabinangun.

Sang Dyah Anggêndari ambabar, duk mijil kawah sinurak dening para dewa, tinurunan kumaraning Dasamuka, sampun awujud jabang bayi kinarya sêpuh, sinung nama Radèn Arya Jayapitana, jabang bayi lair kaalusanira Dasamuka. Gêtih ambalabar sinurak dadya Korawa, jangkêpira satus kirang sawiji, nulya wêdaling ari-ari, sinurak dadya wanodya, sinung nama Dyah Dursilawati, jumênêng Korawa satus kasêlapan wanodya sawiji. Sang Hyang Narada dhawuh maring Sri Krêsna Dipayana kinèn nampi wayahira satus kasêlapan siji. Radèn Arya Dhastharastra miyarsa ngungun ing galih pêpasthèning jawata. Sang Hyang Narada amit kondur maring kahyangan.

12. Madêg ing gupit măndragini, Sang Prabu Krêsna Dipayana, lênggah kalihan kang rayi Rêsi Wara Bisma. Ginêm: kaelokaning lêlampahan, amanggihi rayi Sang Bagawan Bisama, ingkang rinêmbag kaelokaning lêlampahan. Rêsi Dewabrata matur: Punapa kakang prabu walanggalih, Pandhawa rêtnaning bumi, anêdhakakên para ratu tanah Jawi, puja brata kula katampia wayah kula Pandhawa, kula dadosa wêwadal. Rêsi Bisama aturipun inggih makatên: Kakang, amba inggih bela prasêtya, ing têmbe prang Jayabinangun, amba dadosa têtawuring aprang, sarayanira putra kula Pandhawa. Sri Krêsna Dipayana dupi tampi prasêtyanira kang rayi Rêsi Bisama, Rajaputra Ngawu-awu Langit, saklangkung suka sukuring wardaya, anuhun maring jawata. Sang Rêsi Bisama amit kondur mring pratapan. Sang Rêsi Wara Bisma inggih nuwun amit, Sri Krêsna Dipayana jumurung karsanira rayi kêkalih, sigra bidhal.

13. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Pandhu, Dyah Kunthi Nalibrănta tuwin ari Dyah Madrim, ingadhêp putra Radèn Arya Puntadewa. Dyah Kunthi tansah ngrangkul kang putra Radèn Arya Puntadewa. Mangkana kasaru rawuhira Sri Krêsna Dipayana, ingiring putra Prabu Pandhu Dewanata. Dèwi Kunthi tuwin Sang Dyah Madrim amêthuk, satata lênggah. Sri Krêsna Dipayana mirsa sêmunira kang putra Dyah Kunthi, sigra dènira ngarih-arih: aja sira walangati, amarga kabèh-kabèh mau atas karsaning jawata luwih, ing têmbe putranira kang pamadya wus pinasthi anurunake para nata ing tanah Jawa, suwunên kewala maring jawata. Sri Krêsna Dipayana amit mring putra arsa miyos sineba, Dyah Kunthi tuwin Sang Dyah Madrim, sumăngga, nyuwun idi arsa sêmadi, kang rama anjurungi, sigra jumênêng arsa miyos.

14. Madêg ing pandhapi Ngastina, Prabu Krêsna Dipayana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra [pu...]

--- 5 : 23 ---

[...tra] Radèn Arya Pandhu Dewanata, tuwin Radèn Arya Dhastharastra, Radèn Arya Widura, tuwin Patih Arya Găndamana, kang mungging ngarsa ari nata parampara ing Ngastina, Rêsi Dewabrata. Sri Krêsna Dipayana jumênêng ing dhampar, ngandika: Kabèh para punggawa miwah wadyabalaningsun, ingsun sèrèh kaprabon maring putraningsun kaki Pandhu Dewanata. Para wadya punggawa Ngastina sami saur manuk, samya mangastuti. Sri Krêsna Dipayana karsa martapa wontên ing Saptaarga: wukir Rêtawu, sêsilih Bagawan Abyasa. Para ratu măncapraja samya saur paksi, kang putra tinarik astanira, linênggahakên ing dhêdhampar. Para nata măncapraja tuwin para punggawa, patih, samya ngabêkti mring Sri Pandhu Dewanata. Kasaru gègèring jawi, praptanira kang parangmuka saking praja Paranggumbarja, Prabu Kalawêrdati. Sri Pandhu Dewanata matur kang paman Rêsi Dewabrata tuwin patih Arya Găndamana, kinanthenan kang rayi Radèn Arya Widura. Sang Rêsi Dewabrata, Patih Arya Găndamana miwah para punggawa samya mêdal ing jawi, amêthukakên mêngsah.

Dupi prapta ing jawi, sampun panggih kalihan mêngsah, ayun-ayunan, saklangkung ramening prang. Prabu Kalawêrdati pêjah dening Sang Rêsi Dewabrata, lajêng sampak. Patih Arya Găndamana tuwin Radèn Arya Widura ngamuk punggung, wadya sabrang sirna tan măngga puliha, wadya rucah lumajêng sar-saran. Sang Rêsi Dewabrata lajêng undhang kondur, Sri Pandhu Dewanata amêthuk maring kang paman, sigra binêkta mring păncaniti, lênggah satata. Sri Bagawan Krêsna Dipayana dhawuh samya malêbèng pura, sigra bojana ăndrawina. Bibar, tancêb kayon.

__________

--- 5 : [24] ---

13. Lampahan Bima Bungkus.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata, miyos ing păncaniti, siniwi ingkang putra Radèn Puntadewa, tuwin Radèn Pamadi, tuwin Patih Jayayitna, pêpak sagung punggawa kang nangkil. Sang prabu èsmu sungkawa, awit angraosakên ingkang putra mêdal bungkus. Ginêm: Sang Prabu Pandhu Dewanata lajêng dhawuh animbali ingkang rayi Radèn Arya Widura. Ingkang rayi Radèn Arya Widura sasampuning mangarsa, dhinawuhan animbali Radèn Arya Kurupati dhatêng ing Gajahoya, karsanira sang nata kadhawuhan mêcah bungkusira ingkang rayi. Radèn Pamadi ingutus dhatêng wukir Rêtawu, angaturi ingkang eyang Bagawan Abyasa, sarta kinèn amboyongi. Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên, lajêng samya bidhalan. Sri nata kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Kunthi, lênggah ing prabasuyasa, ingadhêp para parêkan. Sang dèwi mirsani putra maksih bungkus, saklangkung dènira prihatos. Kasaru rawuhira sang nata saking păncaniti, lajêng lênggah satata. Sang Prabu Pandhu Dewanata imbal wacana mring garwa, bab anggènira ngaturi ingkang rama, tuwin nimbali Radèn Kurupati, kadhawuhan mêcah bungkus. Sang Dyah Dèwi Kunthi lêjar ing galih. Sang nata lajêng minggah ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Widura, tuwin Radèn Pamadi, tuwin Patih Jayayitna, para punggawa pêpak. Ginêm: samya andum damêl ingutus sri nata, patih lajêng dhawuh siyaga. Sasampunira samapta, lajêng bidhalan sowang-sowangan.

4. Madêg Radèn Arya Dhastharastra, lênggah ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Jayapitana, miwah para kadang Kurawa, ingkang mungging ngarsa Arya Sangkuni. Ginêm: Radèn Arya Dhastharastra andangu mring putra Radèn Arya Jayapitana, awit pambabarira kang ibu Dèwi Kunthi, Radèn Arya Dhastharastra arsa tuwi. Kasaru dhatêngipun ingkang rayi Radèn Arya Widura, dinangu matur ingutus kang rayi Sri Pandhu, animbali kang putra Radèn Kurupati. Kang putra lajêng dhinawuhan pangkat, dalah kadang Korawa, lajêng samya bidhalan.

--- 5 : 25 ---

5. Madêg pratapan ing wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp para puthut jêjanggan. Kasaru dhatêngipun Radèn Pamadi tuwin parêpat tiga, wus mangarsa, dinangu matur ingutus mring kang rama Prabu Pandhu, angaturi, awit ingkang raka dènira maksih bungkus. Kang eyang kaaturan tindak dhumatêng ing Ngastina, sang bagawan sagah sarta paring pangèstu, kang wayah kinèn rumiyin, sarta winêling saliring lampah. Radèn Pamadi lajêng amit linilan, pangkat kadhèrèkakên parêpat têtiga.

6. Madêg samadyaning wana, rasêksa tuwin rasêksi. Ginêm: rasêksi dènira anggarbini, kêpengin nêdha daginging manungsa, rasêksa sagah, lajêng mêsat. Lampahira kêpêthuk Radèn Pamadi, dadya prang. Rasêksa jinêmparing babar Hyang Kamajaya. Rasêksi arsa ambelani, jinêmparing babar Dèwi Ratih. Radèn Pamadi lajêng jinarwan saliring lampah, saha kinèn mantuk mring Ngastina, lajêng pangkat ingiring parêpatira têtiga. Sang Hyang Kamajaya tuwin Dèwi Ratih lajêng mêsat mring Cakrakêmbang.

7. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata, miyos ing pandhapi ingadhêp ingkang putra Radèn Puntadewa tuwin Patih Jayayitna, miwah para punggawa pêpak. Kasaru dhatêngipun ingkang rayi Radèn Arya Widura, angirid kang putra Radèn Kurupati, miwah para kadang Korawa, sampun mangarsa lajêng dhinawuhan mêcah bungkusipun kang rayi jabang bayi, Radèn Kurupati sagah lajêng kairid dhatêng ing taman, jabang bayi maksih bungkusan wontên ing patamanan tuwin rinêksa dening lêlêmbat. Kasaru dhatêngipun Radèn Kurupati dalah para Korawa, samya marjaya, bungkusan tan pasah, dadya mundur tanpa pamit. Radèn Pamadi dhatêng nangisi, bungkus, gêrêng-gêrêng kados sêsambat. Radèn Pamadi mundur. Gara-gara.

[Grafik]

Sang Hyang Pramèsthi Guru.

8. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Guru lênggah ing pacrabakan, ingadhêp Sang Hyang Narada, tuwin para jawata: Sang Hyang Brama, Sang Hyang Endra, Sang Yamadipati, Sang Hyang Têmboro. Sang Hyang Guru ngandika dhatêng Sang Hyang Narada: Punapa ingkang dados gègèripun ing Jonggringsalaka. Sang Hyang Narada matur: Mila Kawah Căndradimuka kados dipun kêbur, awit saking panuwunipun kaki Prabu Pandhu Dewanata

--- 5 : 26 ---

ing Ngastina, anggènira kagungan putra mêdal bungkus, dumugi sapriki dèrèng sagêd pêcah bungkusira. Sang Hyang Narada dhinawuhan mandhap maring Ngastina, kinèn ambêkta liman sena, dhinawuhan mêcah bungkusira. Bilih sampun pêcah bungkusing jabang bayi, kinèn maringi nama Radèn Arya Sena. Sang Hyang Narada lajêng mêsat maring ngarcapada.

9. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata, lênggah ing pandhapi ingadhêp putra Radèn Puntadewa tuwin Patih Jayayitna miwah para punggawa, ari nata Radèn Arya Widura. Kasaru rawuhipun Sang Hyang Narada ingiring gajah sena. Sasampuning bagya-binagya raharja, Sang Hyang Narada ngandika: Ingutus Sang Hyang Padawinênang, kinèn mêcah bungkusira kang putra, lajêng ingaturan tindak ing patamanan. Dumugi ing patamanan samya lênggah satata, bungkus tansah glundhang-gundhung. Sang Hyang Narada lajêng dhawuh dhatêng liman sena kinèn mêcah, bungkus lajêng ginadhing, babar, gajah sena sirna dadya bêbayu. Jabang bayi lajêng pinangku mring Sang Hyang Narada sarwi ngandika dhatêng Sri Pandhu Dewanata, saking dhawuhing Hyang Padawinênang, pinaringan pêparab Radèn Arya Bratasena, bungkusira pinundhut. Sang Hyang Narada amit lajêng mêsat. Sang Prabu Pandhu lajêng ngandika mring kang rayi Radèn Arya Widura, jabang bayi kinèn ngabêktèkakên dhatêng kang uwa Arya Dhastharastra. Kang rayi Arya Widura sandika, lajêng pangkat, jabang bayi binêkta, kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sang Hyang Narada dumugi ing antariksa, bungkusira jabang bayi binucal dhatêng ing Banakêling.

[Grafik]

Sang Hyang Narada.

10. Madêg ing nagari Banakêling, Rêsi Sêmpani, lênggah kalihan kang garwa. Ginêm: ingkang garwa nyuwun pisah, awit sampun dangu dèrèng kagungan putra. Dèrèng dangu dènira ngandika, wontên cumalorot saking antariksa, tinadhahan Sang Bagawan Sêmpani. Sarêng pinirsanan dipun dugi punika wadhahing jabang bayi, lajêng dipun puja dados jabang bayi, nuntên dipun êdusi toya gege, jabang bayi saya agêng, lajêng pinaringan nama Radèn Arya Jayadrata, lajêng dipun dhawuhi kapurih anyuwita dhatêng ing nagari Ngastina. Radèn Arya Jayadrata sandika, amit linilan lajêng pangkat.

--- 5 : 27 ---

[Grafik]

Radèn Arya Bratasena.

11. Madêg ing Gajahoya, Arya Dhastharastra, pinuju lênggah ingadhêp ingkang putra Radèn Kurupati, tuwin Arya Sakuni. Arya Dhastharastra andangu dhumatêng kang putra anggènira mêcah bungkusira jabang bayi punapa sampun babar. Kang putra matur, bilih dèrèng sagêd babar. Kasaru dhatêngipun ingkang rayi Arya Widura kanthi ambêkta jabang bayi, sarta kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sowan mangarsa Arya Widura, matur ingutus kang raka, nyuwunakên ngabêkti jabang bayi ingkang mêdal bungkus, sampun babar kaparingan nama Arya Bratasena. Radèn Arya Dhastharastra langkung suka. Sasampunira ngabêkti, kang rayi Radèn Arya Widura tuwin Radèn Arya Bratasena amit mundur, linilan. Lampahira dumugi ing jawi tinututan kang putra Radèn Kurupati tuwin Arya Sakuni, ingkang rayi Radèn Arya Bratasena kasuwun supados kakirapakên mirsa jajahan, lajêng samya pangkat. Lampahipun sarêng dumugi ing Gajahoya, Radèn Kurupati tuwin Arya Sakuni kapêthuk kalihan Radèn Arya Jayadrata, Radèn Arya Jayadrata dinangu matur bilih badhe nyuwita dhatêng Ngastina. Radèn Kurupati kaparêng, nanging kapurih amêjahi ingkang rayi Radèn Arya Bratasena, lajêng ingicuk-icuk Arya Sakuni, Radèn Arya Jayadrata sagah, Radèn Arya Bratasena lajêng purun, dadya prang rame, tan wontên ingkang kawon, lajêng pinisah, Radèn Kurupati ngajak Radèn Arya Bratasena, kinudang lajêng binêkta kondur dhatêng Ngastina, kairing kang paman Arya Widura, tuwin Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Arya Sakuni tuwin Radèn Arya Jayadrata lajêng dipun jak dhatêng ing Gajahoya dening para kadang Korawa.

--- 5 : 28 ---

12. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Pandhu Dewanata, miyos ing pandhapi, ingadhêp ingkang putra Radèn Puntadewa, tuwin Radèn Pamadi. Ginêm: Sang Prabu Pandhu Dewanata angarsa-arsa kang putra Radèn Arya Bratasena. Kasaru dhatêngipun ingkang putra Radèn Arya Bima tuwin Radèn Kurupati, miwah kang paman Radèn Arya Widura, kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Kang putra dinangu matur ing purwa madya wasana. Sang prabu langkung suka ing galih, lajêng samya bojana ăndrawina, bibar, tancêb kayon.

__________

 


cinandhak. (kembali)
Sri. (kembali)
têmbe. (kembali)