Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443k

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa.

Awit saking pangudinipun Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XII.

Isi lampahan.

46. Tugu Wasesa.

47. Senarodra.

48. Găndawardaya.

49. Sêmar Anjantur.

Bale Pustaka – 1932 – Batawi Sèntrêm.

--- 12 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 12 : [3] ---

46. Lampahan Tugu Wasesa.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, siniwi putra Radèn Sămba, Radèn Satyaki, Patih Udawa, tuwin para punggawa pêpak. Ginêm lolosipun ingkang rayi Radèn Arya Sena. Sri Krêsna miyarsa warta, ing Mandura kadhatêngan mêngsah saking nagari Gilingwêsi. Ing pagêdhongan Radèn Arya Sêtyaki, ingutus ambiyantu dhatêng ing Mandura dèrèng wangsul. Kasaru sowanipun Radèn Arjuna, tuwin putra Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca. Sampuning lênggah, ginêm gêdêring wartos, ing nagari Dwarawati kabêdhah dening Raja Gilingwêsi. Sri Krêsna ngandika: Ing Mandura, ingkang sampun kawartos, kinêpung mêngsah saking Gilingwêsi. Radèn Arjuna nyuwun pamit dhatêng Mandura, Sang Prabu Krêsna arsa ambiyantu dhatêng ing Mandura, lajêng dhawuh siyaga dhatêng Patih Udawa, sang nata ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara têtiga, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa angêntosi kondurira sri nata, ngiras mariksani ajaring badhaya srimpi, ingadhêp para parêkan. Kasaru rawuhipun sang nata tuwin Sang Arjuna, garwa têtiga sami mêthuk lajêng akêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng garwa têtiga, mênggah kawontênanipun ing păncaniti. Sang nata dhawuh arsa tindak ing Mandura, lajêng bojana. Sarampunging bojana, Sri Krêsna ngrasuk busana kaprajuritan, tuwin Radèn Arjuna.

3. Madêg ing paseban jawi, Radenan[1] Sămba, Radèn Satyaka, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin Patih Udawa, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami kaparingan tundhan kapal. Ginêm: Patih Udawa andhawuhakên dhatêng para punggawa, sami dhinawuhan siyaga, badhe andhèrèkakên têdhakipun sang nata dhatêng nagari Mandura, sami samêkta wahana turăngga, titihanipun rata kancana sang nata sampun mangarsa. Kasaru miyosipun Sri Krêsna, lajêng anitih rata kalihan ingkang rayi Radèn Arjuna, lajêng bidhalan para putra santana sami kapalan.

4. Madêg ing pasanggrahan nagari Ngastina, Radèn Anantasena, sampun ngêjègi ing lêbêt kadhaton Ngastina, nuju lênggah ing pandhapi agêng, kaadhêp ingkang rayi Dèwi Ăntawati, tuwin para wadya ing Gilingwêsi, nama Gagakbokol, Dhandhang Winangsi, Podhang Binorehan, Jangêk Kinêncêng.

--- 12 : 4 ---

Pagêdhongan Prabu Suyudana lolos salêbêting prang. Dalah ingkang garwa Dèwi Banowati, amung Sang Adipati Karna kacêpêng binêkta dhatêng Gilingwêsi sagarwa. Radèn Anantasena, lajêng nimbali punggawa ditya, sampuning mangarsa dhinawuhan ngupadosi Prabu Suyudana sagarwa, punggawa ditya sakancanipun sami mundur, tuwin Kyai Wijamantri, Sarawita. Radèn Anantasena tuwin ingkang rayi Dèwi Ăntawati, lajêng ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya ing Gilingwêsi, Ditya Kala Klantangmimis, Ditya Kala Pralêmba, Ditya Kala Mingkalpa. Ginêm lampah ingutus gustinira ngupadosi Nata Ngastina sagarwa, lajêng nimbali Kyai Wijamantri, tuwin Sarawita, dhinawuhan dados pangajênging lampah, dhawuh siyaga, sampun sami samêkta, lajêng bidhalan. Lampahipun dumugi ing margi kapapag wadya ing Dwarawati, pasulayaning rêmbag dados prang, wasana wadya ditya lajêng sami nyimpang margi.

6. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Baladewa, nuju lênggah ing pandhapi agêng, ingadhêp Radèn Arya Satyaki, tuwin Patih Pragota, Prabawa. Ginêm mêngsah ing Gilingwêsi, sri nata mirêng wartos, bilih nagari Ngastina sampun bêdhah. Kasaru Patih Pragota matur, bilih mêngsah ing Gilingwêsi dhatêng, Prabu Baladewa mêdal ing jawi, sarêng uninga kang rayi Prabu Krêsna tuwin Radèn Arjuna, lajêng sami rêrangkulan malêbêt ing pandhapi, sami bage-binagèkakên. Radèn Arjuna tuwin para putra nyuwun pamit dhumatêng nagari Ngastina, Prabu Baladewa paring bantu Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Satyaki, lajêng sami dhinawuhan siyaga, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca minăngka senapati, sami samêkta lajêng bidhalan.

7. Madêg para punggawa yaksa saking ing Gilingwêsi, ginêm anggènipun ngupadosi Nata Ngastina Prabu Suyudana sagarwa, sampun lami dèrèng pinanggih. Kasaru dhatêngira Kyai Wijamantri, Sarawita, atur pariksa, bilih wontên satriya langkung nyalawadi, amung kanthi rêpat tiga. Para ditya sami kagyat, Ditya Kala Klanthangmimis lajêng murugi, lajêng kapapag Radèn Ăngkawijaya, pasulayaning rêmbag, dados prang rame. Radèn Arya Gathutkaca sumêrêp saking ing gêgana bilih kang rayi păncakara, Radèn Arya Gathutkaca lajêng nalabung saking nginggil, para ditya sami pêjah. Radèn Ăngkawijaya pasulayan kalihan Radèn Arya Gathutkaca, kakintên nyênyampahi, lajêng sinapih Radèn Arjuna, sami jinarwan, sintên ingkang nuju prang, bilih dèrèng wontên sambatipun, botên kenging tinulungan, lajêng sami ngèstokakên dhawuh.

8. Madêg samadyaning wana, Sang Prabu Sudana,[2] wontên sangandhaping mandera, gêrah kenging mimis kancana [ka...]

--- 12 : 5 ---

[...ncana,] ingkang kenging wêstisipun[3] kering, kaadhêp Patih Sakuni. Sang Prabu Suyudana sambat-sambat dhawuh ngupados toya, Patih Sakuni lajêng ngupados toya, kapapag wadya ing Mandura, lajêng katur Radèn Arjuna, pinanggih Patih Arya Sakuni karuna. Radèn Arjuna gurawalan murugi Sang Prabu Suyudana, sampuning kapanggih sami karuna, Sang Arjuna dhawuh dhatêng ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, pinurih anjampèni ingkang tuwa[4] Sang Prabu Suyudana, lajêng kajampenan kausap ing toya tuli wêntisipun kaping tiga lajêng waluya. Sang Prabu Suyudana kakondurakên Radèn Sămba anjujug nagari Mandura. Radèn Arjuna lajêng ngupadosi Sang Rêtna Dèwi Banowati.

[Grafik]

Punggawa yaksa.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

Sigêg samadyaning wana, Rêtna Dèwi Banowati, lênggah ingadhêp êmban tuwin inya, sabêdhahipun nagari Ngastina, apêpisahan kalihan ingkang raka Prabu Suyudana langkung anggènipun kasrakat, rawuhipun Radèn Arjuna, Sang Rêtna Banowati lajêng rinangkul, prênesan. Sang Arjuna Ngandika: Kakang Prabu Suyudana sampun kula kondurakên dhatêng nagari Mandura, sampeyan ugi kula kondurakên [kondurakê...]

--- 12 : 6 ---

[...n] dhatêng Mandura. Lajêng kadhèrèkakên Radèn Arya Sêtyaki tuwin Patih Pragota. Sang Rêtna Dèwi Banowati tan lênggana, lajêng bidhal tinumpakakên jêmpana. Radèn Arjuna lajêng pacak baris masanggrahan Selagringging tuwin para putra.

9. Madêg ing nagari Ngastina, Radèn Anantasena, lênggah ingadhêp kang rayi Rêtna Dèwi Ăntawati. Ginêm, Radèn Anantasena angarsa-arsa punggawa ditya ingkang kautus ngupadosi nata ing Ngastina. Kasaru dhatêngipun Kyai Wijamantri, tuwin Sarawita, dinangu matur uninga tiwasipun ing lampah, bilih para punggawa yaksa ingkang kautus dumugi ing margi pinêjahan dening Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Anantasena langkung duka yayah sinipi, lajêng dhawuh dhatêng punggawa Radèn Gagakbongkol, sakancanipun sami dhinawuhan siyaga, sampun samêkta lajêng bidhalan. Radèn Anantasena anitih didara tuwin ingkang rayi Dèwi Ăntawati, lampahipun sampun kapapag mêngsah, lajêng ajêng-ajêngan kalihan wadya ing Mandura, lajêng têmpuh prang, Radèn Gagakbongkol sakancanipun pêrang kalihan Radèn Ăngkawijaya, wadya ing Gilingwêsi kasoran, Radèn Anantasena prang kalihan Radèn Arya Gathutkaca, langkung rame botên wontên ingkang kasoran. Rêtna Dèwi Ăntawati tinilar prang ingkang raka, lajêng pinanggih Radèn Ăngkawijaya pondhongan. Radèn Arjuna waspada prangipun Radèn Arya Gathutkaca kalihan Radèn Anantasena, Sang Arjuna lajêng musthi sanjata angin, sampun lumêpas, Radèn Anantasena kenging warastra kabuncang ing samirana dalah para punggawanipun sami katut sadaya. Radèn Ăngkawijaya mangarsa lajêng kadhawuhan mantuk anjujug nagari Mandura. Sang Arjuna tuwin Radèn Arya Gathutkaca lajêng dhatêng ing nagari ing Gilingwêsi.

10. Madêg Sang Adipati Karna, wontên salêbêting gêdhong wêsi kapidana, kaadhêp ingkang garwa Dèwi Surtikanthi, rawuhipun Radèn Arjuna kawêdalakên saking gêdhong wêsi tuwin kang garwa. Sampuning ngandikan, ingkang raka Sang Adipati Karna tuwin garwa Dèwi Surtikanthi ingaturan kondur anjujug nagari Mandura. Lajêng pangkat. Sang Arjuna malêbêt kadhaton ing Gilingwêsi.

11. Madêg ing nagari Gilingwêsi, Prabu Tuguwasesa, nuju miyos ing pandhapi agêng, lênggah tuwin sang kapiwara, ingadhêp Wil Jajahwrêka, ingkang rinêmbag, sang nata angarsa-arsa lampahipun ingkang Putra Radèn Anantasena. Kasaru Radèn Anantasena dhawah saking gêgana kabuncang ing maruta, sarêng wungu saking kantaka, dinangu matur, bilih prang kalihan Radèn Arya Gathutkaca, wasana jinêmparing Radèn Arjuna. Sang Prabu Tuguwasesa andangu kang putra Rêtna Dèwi Ăntawati, matur bilih kang rayi [ra...]

--- 12 : [7] ---

[Grafik]

Prabu Baladewa.

[Grafik]

Radèn Arya Wrêkodara.

--- 12 : 8 ---

[...yi] binêkta Radèn Ăngkawijaya. Sang nata langkung duka, lajêng dhawuh dhatêng Wil Jajahwrêka, dhinawuhan siyaga tuwin para wadya, sang prabu ngadhaton.

12. Madêg ing gupit măndragini, para garwa ampeyan, Dèwi Nawangsih, Dèwi Nawangwulan, Dèwi Nawangkancana, Dèwi Nawangrêsmi. Ginêm dèrèng nunggil karsa kalihan sang nata. Kasaru rawuhipun Radèn Arjuna namakakên aji panglimunan, para wanodya katantun kabêkta Radèn Arjuna sami purun, lajêng kabêkta Sang Arjuna, konduripun Sang Prabu Tuguwasesa, uninga para wanădya binêkta Radèn Arjuna, sang nata ambujêng, Sang Arjuna oncat. Sang Prabu Tuguwasesa dhawuh dhumatêng sang kapiwara, tuwin putra Radèn Anantasesa, para wadya dhinawuhan sami siyaga, sampun sami samêkta, lajêng bidhalan anjujug nagari Mandura.

13. Madêg ing nagari Mandura, Sang Prabu Baladewa, tuwin Prabu Krêsna, nuju miyos lênggah ing pandhapi agung, amanggih ingkang rayi Nata Ngamarta, Prabu Yudhisthira, sampuning bage-binagèkakên, para nata sami suka. Kasaru rawuhipun Sang Prabu Suyudana, tuwin garwa Dèwi Banowati, para kadang sami suka. Katungka rawuhipun Sang Adipati Karna tuwin garwa Dèwi Surtikanthi, para kadang sami suka, rawuhipun Radèn Arjuna kanthi ambêkta putri ing Gilingwêsi, tuwin Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, Rêtna Dèwi Ăntawati. Saya wêwah suka para kadang, lajêng rêmbag pacak baris jawi kitha, sampun siyaga lajêng bidhalan. Prabu Baladewa, Prabu Krêsna, Radèn Arjuna, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, wadya ing Gilingwêsi sampun ajêng-ajêngan kalihan wadya ing Mandura, lajêng prang. Radèn Anantasena, prang kalihan Radèn Arya Gathutkaca, Prabu Tuguwasesa nalabung prang, Radèn Arya Gathutkaca dinugang mlêsat. Sri Krêsna dhawuh dhatêng Radèn Arya Gathutkaca, dhinawuhan anggêlut, Prabu Tuguwasesa jinêmparing makuthanipun dening Sang Arjuna, sarêng lumêpas kenging makuthanipun Prabu Tuguwasesa, lajêng babar Radèn Arya Wrêkodara, sang kapiwara lajêng pamitan dhatêng Kêndhalisada, kalihan Wil Tajahwrêka,[5] Radèn Anantasena katimbalan, sampuning mangarsa lajêng kapanggihakên kalihan kang rayi Radèn Arya Gathutkaca, sami rêrangkulan, para wadya sami ngamuk kakintên bilih gustinipun sampun seda prang, lajêng sami katimbal[6] Radèn Arya Wrêkodara.

14. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Baladewa, Prabu Krêsna, Prabu Yudhisthira, Prabu Suyudana, Sang Dipati Karna, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Anantasena, sabibaring bojana, Sang Prabu Suyudana angandika, amung sadrêmi jumênêng nata ing nagari Ngastina, ing têmbe para kadang Pandhawa kang gadhah karaton ing tanah Jawi. Tancêb kayon.

--- 12 : 9 ---

47. Lampahan Senarodra.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ing ngarsa putra ing kadipatèn Radèn Sămba, santana Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa. Ginêm, sang nata anggalih ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, anggènipun mêntas maguru kawruh saking tanah brang kilèn, para kadang Pandhawa sampun sami nunggil sêsêrêpan. Ing pagêdhongan putra Nata Dwarawati Radèn Satyaka, sampun puruhita dhatêng Munggulpawênang. Sri Krêsna sumêlang ing galih, arsa tindak dhatêng ing nagari Ngamarta, ingkang kadhawuhan andhèrèk Radèn Arya Sêtyaki.

[Grafik]

Patih Udawa.

[Grafik]

Radèn Arya Satyaki.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara têtiga: Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa, kalêrês lèr wetan, ingadhêp para parêkan, angêntosi kondurira sri nata, ngiras mirsani ajaring bêksa badhaya srimpi, kondurira sang

--- 12 : 10 ---

nata pinêthuk ing garwa têtiga, lajêng sami akêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng garwa têtiga, bilih ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara jumênêng wiku. Sri Krêsna lajêng mundhut busana kaprajuritan, lajêng tindak ing sanggar palanggatan, tindakipun sang prabu miyos ing gêgana nurut kukusing dupa.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa. Ginêm, Radèn Arya Sêtyaki arsa tindak dhatêng Ngamarta, andhèrèk tindakira sang nata, Patih Udawa dhawuh sami pradandan. Radèn Sămba, Patih Udawa badhe sami anguntapakên Radèn Arya Sêtyaki dhatêng ing Ngamarta, sampun samêkta lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Guru, miyos lênggah ing bale martyukundha, siniwi para jawata, ingkang mungging ngarsa, Rêsi Narada, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Panyarikan, Sang Hyang Yamadipati, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Têmboro. Ginêm gara-gara ing suralaya, kasaru sowanipun Sang Bathari Durga, dinangu matur, bilih Radèn Arya Wrêkodara kamipurun anggêlarakên kawruh saking brang kilèn, manawi ngantos waradin kula kintên suda pangidhêpipun tiyang marcapada dhumatêng jawata. Sang Hyang Guru duka dhawuh dhatêng Sang Bathari Durga, kadhawuhan nyatakakên, Sang Bathari Durga lajêng mundur. Sang Hyang Guru jêngkar anangkil.

Sigêg, lampahipun Sang Hyang Pramuni kapapag Prabu Krêsna, pasulayaning rêmbag, dados prang, Prabu Krêsna mawi tiwikrama, awujud danawa agêng. Sang Bathari Durga tobat, botên sêdya nganiaya dhatêng para Pandhawa. Prabu Krêsna lajêng kesah. Sang Hyang Bathari Durga lajêng nimbali bajubarat, Ditya Yamarani, Niramaya, tuwin Ditya Midoro, sampun sami mangarsa, lajêng dhinawuhan ngrancana para Pandhawa, bajubarat sasampuning dhinawuhan lajêng pangkat, sami lampah seluman.

5. Madêg ing Munggulpawênang, Radèn Arya Sena, anuju lênggah ing pandhapi, ingadhêp ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, Bambang Irawan, tuwin Radèn Satyaka, Wasi Anantasena, Radèn Arya Gathutkaca mungging ngarsa, tuwin panakawan prêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, mungging wuri. Ingkang rinêmbag kawruh brang kilèn, ingkang prêlu sarengat, ngabêkti ing dewa, para putra sampun sami sagêd. Kasaru para ditya Setragăndamayu sami dhatêng, ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, tuwin Radèn Ăngkawijaya sampun winulang pangawasan, lajêng sami mêdal ing jawi, mapag para ritya[7] seluman, prang rame, nanging botên wontên ingkang pêjah. Radèn Arya Wrêkodara têtulung jumênêng sêmèdi, para danawa sami kasoran prabawa, sami dhèngkèlên tuwin rêbah, para danawa

--- 12 : 11 ---

sami mantuk, Radèn Arya Sena tuwin para putra sami sowan dhatêng nagari Ngamarta.

6. Madêg ing Setragăndamayu, Sang Hyang Bathari Durga, nuju miyos lênggah, ingadhêp Ditya Jaramaya, Ditya Rinumaya. Kasaru dhatêngipun para ditya têtiga, Ditya Yamarani, Ditya Niramaya, Ditya Yamidoro, sasampuning mangarsa dinangu matur sayêktos Radèn Arya Sena pakêmpalan para pranakan Pandhawa, ingkang rinêmbag kawruh kêkêranipun para jawata, nanging lampah kula kawêlèh. Sang Hyang Bathari Durga langkung duka, lajêng sowan dhumatêng kahyangan ing Jonggringsalaka.

[Grafik]

Sang Hyang Bayu.

[Grafik]

Sang Hyang Sakra.

7. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Guru, anuju lênggah ing bale marcukundha, ingadhêp para jawata, ingkang mungging ngarsa Rêsi Narara,[8] Sang Hyang Brama, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Panyarikan, Sang Hyang Yamapati, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Têmboro, pêpak para jawata kang sami anangkil. Ginêm [Gi...]

--- 12 : 12 ---

[...nêm:] Sang Hyang Guru ngandika, têrang bilih Radèn Arya Wrêkodara anggêlarakên kawruh Sastrajendra, kêkêranipun para dewa. Sang Rêsi Narada matur bab kawruh kenging karêmbag, anggêripun taksih nyêbut jawata. Sang Hyang Guru duka, kasaru sowanipun Sang Hyang Bathari Durga, dinangu matur, bilih Radèn Arya Wrêkodara anjarag anggêlarakên kawruh, Sang Hyang Guru nimbali Sang Hyang Yamadipati, sasampuning mangarsa lajêng kautus nimbali Radèn Arya Wrêkodara, manawi para kadangipun sami mrina, dhinawuhan ambêkta sadaya, kamotna wontên ing cupu rêtna dumilah, inggih punika gambar wadhahipun kasuwargan. Sang Bathara Yamadipati matur sandika, lajêng tumurun dhatêng ngarcapada kanthi ambêkta cupu rêtna dumilah.

8. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, anuju miyos ing pandhapi agung, amanggihi ingkang raka nata ing Dwarawati Prabu Krêsna, kaadhêp para yayi, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin para putra. Ingkang rinêmbag: Radèn Arya Wrêkodara anggènipun anggêlar sêsêrêpan, kêkêranipun para jawata. Radèn Arya Wrêkodara ngandika, bilih kadamêl lêpat, Radèn Arya Wrêkodara nyuwun pêjah manggèn ing swarga, para kadang mangayubagya. Kasaru rawuhipun Sang Bathara Yamadipati, andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Guru, para Pandhawa sami nyuwun sumêrêp kaswargan. Sang Hyang Yamadipati lajêng ambuka cupu rêtna dumilah, para Pandhawa gangsal tuwin Nata Dwarawati Prabu Krêsna, lajêng sami malêbêt dhatêng cupu rêtna dumilah, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami mèri, lajêng andhèrèk pisan, dene para putra sami katilar, sasampuning sami lumêbêt, Sang Hyang Yamadipati lajêng kondur makahyangan ambêkta cupu rêtna dumilah.

9. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Guru, anuju miyos lênggah ing bale marcukundha, kaadhêp Rêsi Narada, tuwin para jawata pêpak kang anangkil, kasaru sowanipun Sang Bathara Yamadipati kanthi angaturakên para Pandhawa gangsal nêm Prabu Krêsna, tuwin punakawanipun rêpat tiga. Sang Hyang Guru dhawuh amrênahakên ing tinjomaya, Sang Bathara Yamadipati lajêng manggènakên cupu rêtna dumilah, para jawata lajêng sami bibaran nangkil.

10. Madêg ing nagari Nungswakambangan, Yaksendra Prabu Kalasrênggi, pinuju miyos ing pandhapi agung, siniwi Patih Ditya Kalasrênggini, Ditya Kalasrênggana, ingkang rinêmbag: sang prabu arsa nêlukakên ratu ing Ngastina, Prabu Suyudana sabawahipun, bilih purun manut kalêstantunakên karatonipun, waton miturut sadhawuhing sang yaksendra, kadhawuhan pacak baris ing prêpat kêpanasan, manawi Nata Ngastina sawadyanipun sami ambalela, dhinawuhan angrampungi. Ditya Kalasrênggini, tuwin Ditya Kalasrênggana, sasampuning kadhawuhan matur sandika. Ditya Kalasrênggini, Ditya Kalasrênggana, kadhawuhan [kadhawuh...]

--- 12 : 13 ---

[...an] anganthi punggawa ditya sagolongan, prajurit kathah sampun sami samêkta, lajêng bidhalan, lampahipun Ditya Kalasrênggini, Ditya Kalasrênggana, mêdal ing gêgana.

11. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, anuju miyos ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi mungging ngarsa, Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa pêpak: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Jayadrata, Radèn Aswatama, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ingkang rinêmbag: Sri Suyudana ing dalu supêna, kadhawahan kartika. Aturing Rêsi Durna, supênanipun sang prabu awon, awit punika badhe kadhatêngan mêngsah agêng, nanging manawi miturut sae kemawon, bilih purun lawan dados risaking praja. Kasaru dhatêngipun caraka saking praja Nungsakambangan, nama Ditya Kalasrênggini tuwin Ditya Kalasrênggana, dinangu matur ingutus ngaturakên nawala, sasampuning tinampèn lajêng binuka. Suraosing nawala, Yaksendra Prabu Kalasrênggi, mundhut têlukipun sang nata ing Ngastina. Sang Prabu Suyudana lajêng masrahakên dhatêng Rêsi Durna. Sang nata lajêng nimbali Radèn Aswatama, Radèn Arya Jayadrata, sampun mangarsa, kadhawuhan ngabên kadibyan kalihan ditya kêkalih sagah, lajêng sami mêdal ing jawi, Radèn Aswatama lajêng prang tandhing kalihan Ditya Kalasrênggini, Radèn Arya Jayadrata lajêng prang tandhing kalihan Ditya Kalasrênggana, Radèn Aswatama, Radèn Arya Jayadrata, anggènipun sami ngabên kadibyan kalihan caraka saking Nungswakambangan, Korawa sami kawon, Sang Prabu Suyudana têluk, ditya kêkalih lajêng matur Sri Suyudana, sawadya supados pacak baris dhatêng prêpat kêpanasan, sang nata lajêng dhawuh siyaga, sasampuning sami samêkta, Ditya Kalasrênggini, Ditya Kalasrênggana, lajêng bidhal minggah dhatêng prêpat kêpanasan, wadya ing Ngastina lajêng sami tumut angêpang ing suralaya, Kalasrênggana, wangsul dhatêng Nungswakambangan.

12. Madêg ing Nungswakambangan, Sang Prabu Kalasrênggi, pinuju miyos ing jawi, kasaru dhatêngipun Kalasrênggana, dinangu matur, bilih Prabu Suyudana ing Ngastina sawadya sampun têluk, sarta lajêng kadhawuhan pacak baris dhatêng prêpat kêpanasan, kapara sampun sami pangkat. Sang Prabu Kalasrênggi lajêng dhawuh dhatêng Ditya Kalasrênggana, arsa minggah ing suralaya, sampun samêkta, Sang Prabu Kalasrênggi lajêng bidhalan sawadyanira.

13. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Guru, pinuju lênggah ingadhêp Rasi Narada, tuwin para jawata, pêpak kang anangkil. Lagya ginêm, kasaru gègèring jawi, danawa sami badhe minggah ing suralaya, sawêg sami pacak baris wontên prêpat kêpanasan. Para jawata sami amapagakên, lajêng prang kalihan Prabu Kalasrênggi, para jawata sami kasor.

--- 12 : 14 ---

Sang Hyang Guru dhawuh dhatêng Rêsi Narada, para Pandhawa sami kadhawuhan mapagakên Prabu Kalasrênggi. Rêsi Narada lajêng pangkat.

14. Madêg ing kaswargan tinjomaya, para kadang Pandhawa tuwin Prabu Krêsna, miwah Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Kasaru rawuhing Rêsi Narada, andhawuhakên timbalaning Sang Hyang Guru, para Pandhawa sagah, anggêripun ing têmbe sagêda jumênêng ratu dumugi jaman akir, turunipun para Pandhawa, Rêsi Narada nyagahi, para Pandhawa lajêng sami tumurun dhatêng prêpat kêpanasan.

15. Madêg ing prêpat kêpanasan, Yaksendra Prabu Kalasrênggi, tuwin Patih Ditya Kalasrênggini, Ditya Kalasrênggana, sami ginêm mêntas ing ayuda. Kasaru rawuhira Radèn Arjuna, lajêng prang rame, danguning pêrang, Prabu Kalasrênggi lajêng jinêmparing dening Radèn Arjuna, kenging sang yaksa prabu, lajêng babar Sang Hyang Kamajaya, Ditya Kalasrênggini, babar Bathari Ratih, Ditya Kalasrênggana, babar Dèwi Wilutama. Para jawata sami suka, lajêng sami kondur dhatêng kahyangan, Sang Prabu Suyudana sawadya lajêng soroh amuk, lajêng kapapagakên dening Radèn Arya Wrêkodara, prang sampak. Para Korawa sami kasoran, majêng sar-saran.

16. Madêg, Prabu Yudhisthira, Prabu Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Rarèn[9] Sadewa, tuwin para putra santana sadaya. Rawuhira Rêsi Narada andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Guru, maringakên dhawuh, ing têmbe sabubaring prang Bratayuda Jayabinangun, ingkang jumênêng nata ing tanah Jawa, têtêp turuning Pandhawa, turuning Prabu Krêsna ugi amung ngêmbani ing karaton, sasampuning andhawuhakên, Rêsi Narara lajêng kondur makahyangan. Sapêngkêripun Rêsi Nada,[10] lajêng sami bojana ăndrawina, tancêb kayon.

48. Lampahan Găndawardaya.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi mungging ngarsa Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, pêpak para wadya kang anangkil. Ginêm: Sang Prabu Suyudana, pagêdhongan Radèn Durmuka, kautus nyambut Jimat Kalimasada dhatêng Pandhawa, badhe kinarya sarana jumênêngipun Nata Radèn Găndawardaya, wontên ing Gajahoya, kasaru sowanipun Radèn Durmuka, matur anggènipun kautus dhatêng Pandhawa, botên angsal damêl. Malah badhe

--- 12 : 15 ---

pinêjahan dening Radèn Arya Wrêkodara. Dene panyuwun kula nyambut Jimat Kalimasada, Sri Puntadewa inggih marêngakên, namung Radèn Arya Wrêkodara ingkang botên suka, awit sujana. Kakangku Suyudana kasumbaran, kula ugi katantang, sapunika păncakara wontên Têgal Kurusetra. Satêlasing aturipun, Radèn Durmuka pamit ingkang raka nata dhatêng Têgal Kurusetra, lajêng bidhal. Sang Prabu Suyudana duka, sêdya anglurug dhatêng Pandhawa, pinambêng Sang Rêsi Durna, sang nata lajêng nimbali Radèn Găndawardaya, sasampuning mangarsa, kadhawuhan têngga praja, Radèn Găndawardaya sandika, namung matur nyuwun pamit arsa mêjahi Radèn Arya Wrêkodara, pinambêng botên kenging, lajêng kalilan mundur. Patih Arya Sakuni kadhawuhan andombani lampahipun Radèn Găndawardaya, kanthi para kadang Korawa. Sang nata kondur ngadhaton. Bibaran anangkil.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwaara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap brabasuyasa, kalêrês lèr wetan, ingkang mungging ngarsa putri nata Dèwi Lêsmanawati, ingadhêp para parêkdan,[11] angêntosi kondurira sri nata, ngiras mariksani ajaring badhaya srimpi. Rawuhira sang nata pinêthuk ing garwa, lajêng akanthèn asta binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana mring garwa, kawontênanipun ing păncaniti. Kang garwa èsmu sungkawa, sang nata lajêng tindak ing sanggar pamêlêngan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Găndawardaya, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa. Ginêm, Radèn Găndawardaya arsa nyirnakakên Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Găndawardaya ingaturan kondur rumiyin. Patih Arya Sakuni, Radèn Arya Dursana,[12] Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, dhawuh pradandan lajêng bidhal masanggrahan dhatêng Têgal Kurusetra.

4. Madêg ing Gajahoya, Sang Rêtna Dèwi Wulan, garwaning Radèn Găndawardaya, pinuju lênggah ingadhêp kang rayi Dèwi Gantangsasi, ingkang rayi Radèn Găndawardaya, tuwin Bambang Dewakusuma, kalêrês kang rayi Dèwi Wulan. Ginêm angarsa-arsa ingkang raka, rawuhira Radèn Găndawardaya. Sasampuning lênggah satata, Radèn Găndawardaya dhawuh dhatêng garwa tuwin santana, arsa nyirnakakên Radèn Arya Wrêkodara, para rayi botên kaparêng andhèrèk, amung êmban Darmasala, tuwin wadya sawatawis. Sasampuning dhawuh siyaga, samêkta lajêng bidhal dhatêng pasanggrahan Têgal Kurusetra nusul para Korawa.

5. Madêg pasanggrahan Têgal Kurusetra, Radèn Arya Wrêkodara, anuju lênggah ingadhêp ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin para wadya. Ginêm, Radèn Arya Wrêkodara angarsa-arsa [angarsa...]

--- 12 : 16 ---

[...arsa] dhatêngipun Radèn Arya Durmuka, kasaru dhatêngipun para Korawa asêsumbar, bilih Jimat Kalimasada botên suka kasambut, dados prang. Radèn Durmuka prangipun kasoran dening Radèn Arya Wrêkodara, para Wakora[13] prang kalihan para wadya ugi kasoran, lajêng sami lumajêng asar-saran.

6. Madêg ing wana, Radèn Arjuna, lênggah kaadhêp punakawan rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Arjuna lagya sungkawa, awit rumaos kadukanan ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara, Kyai Sêmar angaturi kondur botên karsa, Radèn Arjuna lajêng tindak sapuruging sêdya.

[Grafik]

Radèn Citraksa.

[Grafik]

Radèn Nakula.

7. Madêg samadyaning wana, sangandhaping mandera, wontên wil kêkalih jalêr tuwin èstri, botên gadhah nama, ingkang èstri wawrat kapengin nêdha dagingipun manungsasa,[14] ingkang jalêr amambêngi botên kenging kapambêng, lajêng mambêt gănda amrik awangi, ditya jalêr lajêng amit ngupadosi, lajêng pangkat. Sangandhaping mandera Radèn Arjuna, ingadhêp Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Arjuna pamitan badhe sare sakêdhap dhatêng rêpatipun têtiga, lajêng sare. Katungka dhatêngipun diyu, punakawanipun [punakawa...]

--- 12 : 17 ---

[...nipun] rêpat têtiga sami lumajêng, Radèn Arjuna tinubruk indha, wasana dados prang, wil kêkalih jinêmparing sirna, jawata tuwin widadari mêdal saking karnaning diyu, lajêng kabêsmi dados mega sajodho, Sang Hyang Kamajaya, Bathari Ratih, pinanggih Radèn Arjuna. Rade[15] Arjuna kadhawuhan kondur dhatêng Ngamarta, awit wontên prêlu. Sang Hyang Kamaja tuwin Bathari Ratih lajêng kondur makahyangan. Radèn Arjuna lajêng bidhal ingiring punakawanipun rêpat tiga.

8. Madêg ing pasanggrahaning para Korawa, Radèn Găndawardaya, tuwin Patih Arya Sakuni, para Korawa. Radèn Găndawardaya arsa mangsah prang, Patih Arya Sakuni mambêng, Radèn Găndawardaya pinurih mundur botên kenging, lajêng pangkat murugi Radèn Arya Wrêkodara, lajêng prang rame, Radèn Găndawardaya binarat Radèn Arya Wrêkodara, tansah kabuncang ing maruta, Radèn Găndawardaya lajêng amênthang langkap, lajêng angêdalakên jêmparing pêdhut, sampun lumêpas pêdhut ngungkuli jajaning Radèn Arya Wrêkodara. Radèn Arya Wrêkodara kados diradamêta, ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, sarêng uninga ingkang raka kenging pêdhut, kaaturan sarèh, Radèn Arya Wrêkodara lajêng cinêpêngan pogokan wrêksa astanipun, lajêng kaobat-abitakên, para Korawa sami lumajêng sar-saran. Radèn Arya Wrêkodara tinaros kang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, katilar: purun, kang rayi kêkalih lajêng lumampah gêgancangan, atur uninga dhatêng Madukara.

9. Madêg ing Madukara, Radèn Arjuna, lênggah tuwin ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, sowanipun ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Arya Sadewa, atur uninga, ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara aprang kalihan Radèn Găndawardaya, tuwin para Korawa, samangke ingkang raka Radèn Arya Wrêkodara kenging warastra ingkang mijil pêdhut, dening Radèn Găndawardaya, mila nyuwun pitulung supados kang raka Radèn Arjuna ambiyantu yudanira kang raka Radèn Arya Wrêkodara. Radèn Arjuna kaparêng ambiyantu, lajêng mundhut santun wangkingan, sigra bidhalan.

10. Madêg ing palagan, Radèn Arya Wrêkodara kataman pêdhut, rawuhipun Radèn Arjuna, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Radèn Arjuna ingaturan anyirnakakên pêdhut, lajêng musthi sanjata panulak, samirana mêsês, pêdhut sirna. Radèn Arya Wrêkodara uninga kang rayi Radèn Arjuna lajêng cinêpêng kinudang, Radèn Arjuna nyuwun kasarèhakên, tuwin matur nyuwun anyêlani prang. Sasampuning kaparêng lajêng prang kalihan Radèn Găndawardaya, prang rame. Sarêng uninga suryaning Radèn Arjuna, Radèn Găndawardaya lajêng ngrungkêbi padaning Radèn Arjuna, para Korawa sami lumajêng sar-saran. Radèn Găndawardaya lajêng kaakên putra dening Radèn Arjuna, Radèn [Radè...]

--- 12 : 18 ---

[...n] Arjuna lajêng animbali punggawa ing Ngastina, nama Wijamantri, kaparingan srat kadhawuhan ngaturakên sang nata ing Ngastina, lajêng pangkat. Para Pandhawa sami masanggrahan.

11. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi mungging ngarsa ingkang putra ing kadipatèn, Radèn Lêsmana Măndrakumara, tuwin Pandhita Durna, para wadya pêpak. Sowanipun Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa, Patih Arya Sakuni atur uninga, bilih Radèn Găndawardaya sirna dening Radèn Arjuna. Sri Suyudana kèndêl. Ingkang putra Radèn Lêsmana Măndrakumara matur ing rama sang nata, nyuwun pamit badhe ambelani kang rayi Radèn Găndawardaya, pinambêng botên kenging, lajêng pangkat. Kasaru sowanipun Wijamantri ngaturakên nawala saking Radèn Arjuna, sasampuning tinampèn sang nata lajêng binuka, suraosing nawala: Radèn Găndawardaya unggul yudanipun, amung cumadhong dhawuh karsa sang nata. Ingkang sêrat lajêng kaparingakên Sang Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni mundur, Wijamantri winisudha dados parentah, nama Sêcatugura. Bibaran anangkil.

12. Madêg ing Gajahoya, Sang Dyah Dèwi Wulan, pinuju lênggah kaadhêp ingkang rayi ipe Rêtna Dèwi Gantangsasi, tuwin ingkang rayi Radèn Dewakusuma. Rawuhipun Radèn Lêsmana Măndrakumara, lajêng paring uninga sedaning kang rayi Radèn Găndawardaya, sang dèwi sami kasêrap-sêrapakên, lajêng sami drês wijiling luh (muwun), Radèn Dewakusuma dinukanan dening Radèn Lêsmana Măndrakumara kathah-kathah, Radèn Dewakusuma kesah, putri kêkalih wau lajêng ingarih-arih rinungrum, sami lumajêng, dipun tulungi dening Radèn Dewakusuma, lajêng prang, Radèn Lêsmana Măndrakumara kasor, lajêng wadul dhatêng ingkang paman Radèn Arya Dursasana, Radèn Dewakusuma cinêpêng kacêgurakên ing balumbang dening Radèn Arya Dursasana, Radèn Dewakusuma grayah-grayah astanipun angsal pathok, lajêng kapênthungakên pasuryaning Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Dursasana lumajêng, bibar.

13. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing jawi, ingadhêp para wadya pêpak, sowanipun ingkang putra Radèn Lêsmana Măndrakumara, dinangu matur wadul, bilih kaladakan dening Radèn Dewakusuma. Radèn Arya Dursasana dinangu sinupatan dening sang nata lajêng balaka, Radèn Lêsmanu[16] Măndrakumara pinala dening kang rama Sri Suyudana, rinêbat Sang Rêsi Durnu.[17] Sang nata lajêng nimbali Sêcatugura, sasampuning mangarsa nata, Sêcatugura kautus maringakên nawala dhatêng Radèn Găndawardaya, Sêcatugura matur sandika, lajêng pangkat.

14. Madêg ing pasanggrahanipun Radèn Găndawardaya, Radèn Găndawardaya nuju lênggah, ingadhêp Patih [Pa...]

--- 12 : 19 ---

[...tih] Darmasara, kasaru dhatêngipun caraka ing ngastina, nama Sêcatugura, dinangu matur ingutus nata ing Ngastina Sri Suyudana, maringakên nawala, sasampuning tinampèn lajêng binuka, suraosing nawala: bilih ingkang rayi Radèn Dewakusuma tindakipun rêsah. Radèn Găndawardaya lajêng dhawuh dhatêng Patih Darmasara, kadhawuhan nimbali ingkang wontên dalêm sadaya. Lampahing Patih Darmasara kapapag putri kêkalih, Dèwi Gantangwulan tuwin Dèwi Rêtna Wulan, lajêng kairid ngarsanira Radèn Găndawardaya, dinangu matur purwa madya wasananira. Botên dangu dhatêngira Radèn Dewakusuma, matur sadaya lêlampahanira para Korawa. Radèn Găndawardaya duka, lajêng pangkat nêdya nglurug dhatêng ing Ngastina. Prabu Krêsna, Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjunu,[18] Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin para putra santana, pêpak para Pandhawa sami kalêmpakan, sadaya sami samêkta, lajêng bidhal.

[Grafik]

Radèn Jayajatra.

[Grafik]

Radèn Janaka.

15. Madêg ing Ngastina, Sang Prabu Suyudana, anuju miyos ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi mungging ngarsa satriya ing kadipatèn, Radèn Lêsmana Măndrakumara, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa [Ko...]

--- 12 : 20 ---

[...rawa] pêpak kang sami anangkil. Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Durmuka, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm: Sri Suyudana lagya eca dènira ngandika, kasaru gègèring jawi, dhatênging mêngsah, para Korawa lajêng sami mêdal ing jawi, sampuning panggih kalihan Radèn Arya Wrêkodara, prang sampak, para Korawa kasor sadaya, sami lumajêng sar-saran.

16. Madêg ing pasanggrahaning para Pandhawa, Prabu Krêsna, Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin para putra santana pêpak, ingkang mêntas sami unggul ing yuda, samya bojana ăndrawina, tancêb kayon.

49. Lampahan Sêmar Anjantur.

1. Jêjêr ing Mandraka, Sri Naranata Salya, Mahraja Mandratpatiputra, miyos ing păncaniti, ingadhêp putra Radèn Arya Burisrawa, miwah Arya Rukmarata, Patih Tuhayata, pêpak sagung kang tinangkil, andhèr ing paglaran. Ingkang ginunêm, bab musnanira kang putra pambayun, anama Dyah Erawati, sri nata sakalangkung putêk ing wardayanira.

Mangkana sadangunira imbal wacana, kasaru lêbêtira punggawa kêkalih umarêk ing ngabyantara narendra, dinangu matur, atur uninga, ing jawi wontên satriya prapta saking wukir Rêtawu, ngakên putra Prabu Pandhu Dewanata ing Ngastina, sêdya umarêk ing nata. Sri Nata Salya dupi amiyarsa sakalangkung kagyat ing wardaya, sarwi kumêpyur, wasana ngandika kinon lajêng angirida maring jawi, wus panggih lan Radèn Pamadi, lan parpatira, andhawuhkên timbalan nata. Rajaputra ngandikan sandika, sigra kerid.

Mangkana inggahira Radèn Pamadi mring sitibêntar, kagyat Sri Nata Salya aningali kang lagya prapta, duk msih[19] têbih anggung dèn awe-awe, dupi cêlak saya rinakêtakên. Radèn Arjuna ngaras pada, rinangkul jangganira pinêngkul-pêngkul. Ngandika mring lurah Sêmar: Kakang Badranaya, bocah iki sapa, dene karya kumêpyuring wardaya. Sêmar matur: Punika putra dika, putranipun kang pamadya Prabu Pandhu Dewanata ing Ngastina. Sri Salya ngandika malih: Kakang, apa mulane dene wus ana warta padha mati, samêngko timbul manèh. Sêmar matur: Suwawi sinuhun prayogi andangua dhatêng kang putra piyambak. Sri Salya nulya andangu mring putra Radèn Pamadi. Arya Pamadi matur ing purwa madya wasana ingandharakên sadaya, wiwit duk antuk sih parmaning jawata, sasmita garangan putih, anjog ing

--- 12 : 21 ---

Saptapratala, panggih Hyang Anantaboga, ngantos Arya Panênggak kapundhut mantu dening Hyang Anantaboga. Sasampunira lajêng kinèn suwita mring nagari Wiratha. Wontên ing Wiratha putra paduka kakang Arya Bima kaabên prang lan Rajamala, Kencakarupa, Rupakenca sami pêjah, katarimah lajêng ginanjar bumi Wanamarta, pun kakang Arya Puntadewa tinêtêpakên dadya narendra mêngku praja Ngamarta, têntrêming lêlampahan kawula lajêng dinuta eyang rêsi, sowan paduka punika, suraos kinèn atêtulung ngupaya sirnanira Sang Rajaputri Dyah Erawati. Sri Salya duk miyarsa sidhakêp amanthuk-manthuk, wusana sakalangkung suka sukur ing jawata kanthi ngungun, sidiking paningalira Sri Bagawan Abyasa. Sri Salya saya sru êntyasèng wardaya, suka nuhun mring jawata kang linuwih. Patih Tuhayata ingutus andhawuhakên sagung punggawa Mandraka, kinèn sami angrêrangu lampah, musnanira Dyah Erawati. Sri Salya karsa kondur anganthi Radèn Arya Arjuna.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara narendra, putri adi saking pratapan Ngargabêlah, atmajanira Bagawan Bagaspati, anama Rêtna Satyawati. Sang dyah tansah dènira udrasa sumungkêm ing gêguling, anggung dènira nênuhun mring jawata.

Mangkana ing kondurira narendra wus praptèng pura, kang garwa tan katon amêthuk. Sang Arjuna wus pinrênah ing lênggahira, Sri Salya tindak maring kamar, karsa angrapu ingkang garwa, sarwi dhawuh mring êmban animbali putra kêkalih, Dyah Rêtna Dèwi Surtikanthi tuwin Sang Dyah Rêtna Banowati, sami kinèn manggihi Radèn Arjuna, sri nata sigra manjing pasarean.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Tuhayata, lan sagung para punggawa. Ginêm dènira arsa ngupaya Sang Dyah Erawati. Para punggawa sampun samya sawega, sasampunira samêkta sigra têngara bidhal.

4. Madêg ing nagari Guwadhasar, Sri Yaksendra Prabu Kalaroga, ingadhêp putra Arya Kartawiyoga, lan Patih Kalabêncana, pêpak sagung punggawa nung-anung. Kang ginunêm dènira sang nata dèrèng kapadhan karsa, awit Sang Dyah Erawati aminta ugungan, pratignya sagah angladosi, ananging nyuwun maru kadang pribadi. Amila Sang Prabu Kalaroga sigra dhawuh mring putra Arya Kartawiyoga kinèn andhustha Dyah Rêtna Surtikanthi tuwin Sang Dyah Banowati. Arya Kartawiyoga sandika, amit rinilan. Gya mêsat. Sri yaksendra sigra nimbali punggawa têtiga, Ditya Kala Samodra, Kala Kali, lan Kala Ranu, ingutus anjampangi putra maring praja Mandraka, punggawa ditya sandika, amit wus rinilan, gya bidhal.

--- 12 : 22 ---

5. Mangkana lampahing prajurit ing Guwadhasar, praptèng marga kapapag baris Mandraka, dadya prang rame, wêkasan danawa anyimpang margi.

6. Madêg ing gupit măndragini, Dèwi Surtikanthi, lan kang rayi Rêtna Banowati, amanggihi rayi Radèn Pamadi. Ginêm, Sang Arjuna anuwun pangèstu arsa ngupaya musnanira kangbok ayu Rêtna Erawati, ananging tansah ingandhêg mring raka Rêtna Banowati. Radèn Arjuna èngêt dhawuhing eyang Sang Maha Rêsi Abyasa sakalangkung ajrih, dadya inggih adrêng ing karsa anuwun amit mring raka Dyah Banowati, amung patêmbayan manawi sampun ngupaya, sang dyah suka ing galih dadya anjurungi. Radèn Pamadi gya pangkat, Sêmar umiring saanakira.

7. Mangkana lampahira Arya Pamadi, samarga-marga tansah wirandhungan gandrung-gandrung mangun kung, èngêt mring raka Dyah Banowati, dupi prapta samadyaning wana kapapag baris danawa, dadya prang, sinambi lênglêng gandrung asmara, anyandhak jêmparing sarwi angêngidung rêrêpi, ditya têtiga samya pêjah jinêmparing. Radèn Arjuna sêsumbar winor têmbung asmara. Mangkana Ki Lurah Badranaya sakalangkung marma ing bandara, sigra matêk kang aji ginêng. Sami sanalika Radèn Arjuna karaos lupa sariranira marlêsu, sasirnaning danawa rarywan sangisoring mandira sarwi ngandika mring Lurah Badranaya: Kakang Sêmar, kêpriye lêlakon manira iki, dene bangêt anggon manira karasa lupa, kakang manawa dhangan sira mentara angupaya boga. Sêmar anjêngèk karuna: e, lae bandara kula, kadingarèn têmên, bandara, dene andadak nganggo karasa luwe, anggone ngupaya têng pundi, rèhning niki ontên ngalas adoh desa, ewadene gih kula golèk, bandara, dika ampun lunga-lunga ontên ngri.[20] E, thole, Nala Garèng, Petruk, padha sira umentara, gèr, kae galo ana crabakan, banjur sira tawuha, apa olèhe, mêngko ginawe sarana ngupaya boga. Sêmar, Garèng, Petruk samya mentar, duk prapta sapinggiring blumbang, sigra sami tawu, wus antuk tigang prakawis, wêlut, bulus tuwin lintah. Sêmar muwus: Thole, kae kaya ana padhukuhan, payo padha diparani. Sigra sami lumampah, sarwi nyangking godhong lumbu, gagang lumbu, janggêl, Sêmar sêdya ambarang jantur.

8. Madêg ing pratapan Ngargasonya, anênggih kadangira sang maha tapa, anama Endhang Bratajaya. Ing ngriku Dyah Bratajaya amarêngi nuju lêledhang, ingiring êmbanira, anama Nyai Sagopi miwah Jêmunak, mungging satêpining pagagan. Lagya eca lênggah ing sela palatar satêpining pagagan, samya kagyat, aningali wontên janma langkung têtiga dhapur mêmêlas, arêrêpèn. Dyah Bratajaya sakalangkung marma ing galih, awlas mriksa ki lêmu, sigra dhawuh mring êmban, kinèn andangu. Nyai Sagopi [Sa...]

--- 12 : 23 ---

[...gopi] sigra mentar têtanya, Sêmar matur ambarang jantur. Dyah Bratajaya dhawuh kinèn nimbali, arsa uninga. Kyai Badranaya sampun kairid. Jêmunak mundhut palênggahan gêlaran pasir, ginêlar. Sêmar sigra nglêkasi anjantur, sang dyah mulat Sêmar dènnya lêlewa, sakalangkung kacaryan ing galih, dupi wêkasanira Sêmar ngêdalkên bulus, Dyah Bratajaya kapitèng tyas kamigilanên, andharodhog lumajar, sarwi parentah mring êmban kinèn maringi punapa panêdhanira. Nyai Sagopi tanggap angêdalakên dhêdhaharan sajodhang, linuruban mori linambaran kalasa băngka, jodhog anyar, lawe, kêmbang gantal. Sêmar suka anampèni, ananging darbe paminta supados ringkês, mugi kadhêploka kewala: gampil pambêkta kula. Nyai Sagopi gumujêng latah: Niku mangke rak gih botên karuan. Sêmar mêksa gya tinurutan, sadaya dhaharan lawan sajèn wus dèn dhêplok dadya sawiji, binuntêl mori putih, Sêmar sigra amit, wus pangkat.

9. Madêg kang tinilar madyaning wana, nèng ngisoring mandira, Arya Pamadi tansah anganti-anti praptanira Sêmar, tan dangu nulya prapta, ngaturakên angsal-angsalira. Radèn Arjuna suka ngandika: Kakang mara bukakên, kaya apa warnanira. Punang brêkat gya binuka, Sang Parta duk ningali warnanira kang binuntêl, sanalika anuntak-nuntak, saputing tyas kabranang runtik, ngandika kêcoh ludira: He, kakang, sapa wonge kang wèwèh asiya-siya marang sapadha-padha. Sêmar matur: Punika arine sang pilênggah ing patapan Ngargasonya. Mangkana Sang Arjuna sigra anarik curiga, mêsat kadya thathit. Petruk sêndhu angucap, anguman-uman Sêmar. Sêmar anggalêgês sajarwa: Hus, hus, bocah wêruh apa, ora luwih ayo padha sumusul, sigra sami nututi.

10. Madêg ing patapan Ngargasonya, Sang Wasi Jaladara, ing ngriku sang wiku mudhar asta, tumurun saking pahoman, awit katingal salêbêting samadi, kang rayi Arya Parta dêduka, angliga kêris, arsa marwasa Dyah Bratajaya, sang wiku wus datan samar, wêkasan suka sukur ing jawata, dadya ngayun-ayun praptane Sang Arjuna.

Tan anatara dangu, praptanira kang rayi Dyah Bratajaya, lumajêng kalawan êmbanira, sarwi ngrangkul kang raka, karuna sêsambat: Kakang, ana wong ngamuk, enggal banjur patènana. Wasi Jaladara gumujêng ngandika: Rara, iya, wus sumingkira, tak papagne wong kang ngamuk kae. Wasi Jaladara mêthuk sarwi latah ambapang astanira.

Mangkana Sang Parta dupi cêlak waspada paningalira, wus datan samar mring raka Radèn Kakrasana, rajaputra ing Mandura, gupuh dènira nyarungkên wangkingan, amlajêngi mring raka, duk maksih têbih ingawe-awe, sarêng [sa...]

--- 12 : 24 ---

[...rêng] cêlak rinakêtakên, gapyuk Sang Arjuna rinangkul, sarwi têtanya ing purwa madya wasana. Sang Arjuna matur wiwitan praptèng wêkasan. Sang wasi gumujêng latah, nimbali kang rayi Endhang Bratajaya, wus prapta sinung dhawuh kinèn ambagèkakên mring Sang Arjuna, jinarwan punika kadangira naking-sanak: Iku kang patutan saka bibi Kunthi, sira kaprênah tuwa, dadi basane adhi. Endhang Bratajaya sandika, ambagèkakên, rêrêngganira tan ingucap. Sang wasi têtanya kang dadya purwaning lampah. Radèn Arjuna matur walèh, ingutus kang uwa Sri Nata Salya kinèn ngupaya musnanira Dyah Erawati, putra Mandraka pangarsa, pun kakang kaparênga kula kanthi. Wasi Jaladara gumujêng, amituruti karsaning rayi. Dyah Brataja[21] kinèn têngga pêpêthetan nagapuspa, măngka pratăndha dènnya kesah, wus winêling-wêling saliring lampah. Dyah Bratajaya sigra jumênêng angrêsiki nagasari. Wasi Jaladara gumujêng ngandika: Pamadi pamitana bakyumu, payo nuli mangkat. Radèn Arjuna matur sandika, sigra pamit mring raka Endhang Bratajaya, anuhun pangèstu arsa bidhal umiring raka sang wiku. Endhang Bratajaya amangsuli: Ampun dadi ati dika kula dèrèng bisa mangsuli, amarga kula lagi ewuh dikongkon si kakang, anunggu wit nagasari, besuk mawon yèn pun mari ewuh, kula wangsuli. Arjuna miyarsa gumujêng amijêt galih, sarwa amawas-mawas, wiwit pada dumugi wadana, dupi aningali wadananira Dyah Bratajaya, sami sanalika Sang Arjuna sumingêp panonira. Anulya wontên swara kapyarsa mêlingi: He Arjuna, sira elinga, amarga iku wus pinasthi ing jawata luwih, ing têmbe dadya garwanira, amung samêngko elinga, yèn sira tinitah prajurit, sarta tutugêna gonira labuh lara pati ing kakangira Wasi Jaladara. Sang Arjuna èngêt, sigra sumusul mring raka, samarga-marga tansah gunêm rasa.

11. Madêg ing nagari Mandraka, Sri Nata Salya lênggah ing păncaniti, pêpak sagung kang anangkil, kang mungging ngarsa Rajaputra Arya Rukmarata lan Patih Tuhayata. Kang ginunêm ing lampahira Arjuna.

Mangkana nginanga dèrèng abang, idua dèrèng asat, kasaru praptanira Sang Arjuna tanpa larapan, angirid saraya Wasi Jaladara, ingaturakên kang uwa Prabu Salya. Sri Salya suka nampèni, Wasi Jaladara dinangu sagah, sarwi matur ing mangke dalu wontên pandung aguna mangendrajala sinakti, arsa andhustha putri narendra kêkalih: Rêtna Surtikanthi tuwin Rêtna Banowati.

Mangkana ta Sri Nata Salya dupi amiyarsa ing atur wêcanira sang wasi, kabaranang runtik, èngêt duk Narasomanira, ngandika: He, he, wasi ing gunung, apa wus bênêr wêcanira kang mangkono iku, iya wus ingsun tampani, ananging manawa ora ana maling, ya pasthi sira kang dadi maling. Wasi Jaladara matur: Èstu wontên duratmaka, tuwin kula sagah anyêpêng. Sri Salya sigra kondur, Wasi Jaladara pinasrahakên [pi...]

--- 12 : 25 ---

[...nasrahakên] Sang Arjuna, Sang Arjuna anggung nutuh mring raka. Sang wasi gumujêng ngandika: O, iya, Pamadi, bênêr sira, ananging wong têmên mêngko iku ana maling sêkti măndraguna, ora luwih payo padha prayitna.

[Grafik]

Radèn Kartawiyoga.

[Grafik]

Wasi Jaladara.

Mangkana caritanira ing pagêdhongan, Sri Salya sampun wêwarta mring garwa miwah putra, praptane Radèn Pamadi ambêkta saraya wasi gunung, wus tinutur sadaya, ing purwa madya wasana, sami kinèn prayitna. Patih myang putra wus sami samêkta, Sang Arjuna pinrênah ing kadipatèn. Enggaling carita dupi sampun wanci dalu swaraning pêksi têkak kolik tuhu bênce abarungan, pratăndha badhe praptaning duratmaka.

Enggaling carita para senapati pura anggalasah sami guling kenging sêsirêp. Radèn Arjuna sare lan Sang Dyah Banowati. Wasi Jaladara tansah anganglang. Petruk andhêplok lombok jêmprit, Garèng amasang berang lan Sêmar.

--- 12 : 26 ---

Mangkana dupi antara sampun badhe prapta, Wasi Jaladara amasang têngahing margi, praptanira Kartawiyoga, tanya-tinanya lan Jaladara, dadya prang, Kartawiyoga kuwalahên amilar, Petruk tanggap, Kartawiyoga kinapyuk lombok jêmprit, kraos pêdhês, anjungkêl, dupi padhang malumpat, prapta ing kadipatèn, aningali janma tilêm karongron, Kartawiyoga arsa nyuwol Rêtna Banowati, tinampan Sang Arjuna, astanira rinêmêt. Saking rosanira kang nyêndhal, kuwatira kang asta, Radèn Kartawiyoga ngalonyom darijinira, kipat-kipat sarwi malumpat tinadhahan Radèn Arya Jaladara, kangge onclang, Radèn Kartawiyoga gya oncat, Radèn Pamadi panggih kalihan Radèn Arya Jaladara. Ginêm nututi, Sêmar, Garèng, Petruk sami umiring.

12. Madêg ing gupit măndragini Guwadhasar, Sang Rêtna Dèwi Erawati, lênggah pribadi, tansah dènira prihatin, anggung sêmadi êning, anulya praptanira Radèn Pamadi, Wasi Jaladara nganti ing jawi, sang dyah ngrangkul kang rayi, karuna andangu. Arya Pamadi matur, dinuta ing rama prabu, ambêkta saraya wasi ing gunung. Kinèn nimbali, Radèn Arya Jaladara ingawe marêk sang dèwi, lajêng ginêm prasêtyan, Radèn Arya Jaladara sagah mêjahi ratu ditya, Dyah Erawati kinèn manjing kalpika, gya manjing, tan dangu nulya rawuhira yaksendra, pinapag Wasi Jaladara, dadya prang rame, danguning prang, sri yaksa jinêmparing dening Arya Pamadi, pêjah kapisanan, lajêng sami lênggah. Radèn Pamadi matur, kang raka ingaturan rumiyin, supados ing lampah sakeca: kakang mas sagêda ngandikan. Kang raka suka jumurung, sigra lumampah, angiring Dyah Erawati, wus lêpas lampahira, mêdal saking Guwadhasar.

13. Madêg ing madyaning wana, pabarisan Ngastina, Prabu Anom Jayapitana, tuwin Patih Arya Sakuni, miwah para ari Korawa, Radèn Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa tuwin Radèn Citraksi, wus lami dènnya ngupaya Sang Rajaputri Mandraka Dyah Erawati, dèrèng angsal titik.

Mangkana dèrèng dangu dhatêngipun Radèn Citraksa, atur uninga wontên janma langkung angiring wanodya endah. Patih Arya Sakuni matur, mrayogèkakên binegal, Sri Jayapitana sigra tindak tuwin para ari Korawa, Patih Arya Sakuni mêthukakên saking ngajêng, lajêng tanya-tinanya, ngakên duta Mandraka, amêthuk sang rajaputri, mila ambêkta jêmpana joli. Wasi Jaladara dyan pinupuh saking wingking, aniba kantaka, Dyah Erawati binêkta linêbêtakên joli, gya bidhal.

Anênggih lampahira Arya Pamadi, taksih wontên ing Guwadhasar.

--- 12 : 27 ---

Kocapa ing Argasonya, Dyah Bratajaya, dènira anêngga wit nagasari alum. Sigra dènira bidhal sumusul ing raka tuwin êmban.

14. Anênggih lampahira Radèn Pamadi, duk mijil saking Guwadhasar, pinapag dening Hyang Baruna, sêsanti sarwi ngêngudang, Sang Hyang Baruna atur manuwun maring Arya Pamadi, dene sirnaning yaksa gara gadha, isèn-isèn samodra wus paripurna. Radèn Pamadi ingaturan warastra nama Barunastra, sarta winangsit kinèn enggal-enggal, awit Arya Jaladara kenging bêbaya. Arya Pamadi sandika, mangkat.

15. Kocapa kang wontên wana, Wasi Jaladara kang nandhang kanin, gêrêng-gêrêng sêsambat ari Sang Pamadi. Lampahira Arya Bratasena duk prapta ing ngriku myarsa sambat amlasarsa kang sinambat kang rayi Sang Pamadi, dadya kumêpyur tyasira, amrêpêki têtanya, sang wasi matur ing purwa madya wasana, wiwit kesahira lan Arya Pamadi maring Guwadhasar, prang lan Yaksendra Prabu Kalaroga, satêmah binegal Korawa. Arya Bratasena kapitèng tyas ing driya, ngandika sagah têtulung mring Mandraka, amung mêling yèn Arya Pamadi prapta tinuduh anusul maring Mandraka, sang wasi matur sagah, Arya Sena pangkat.

Anulya praptanira Radèn Pamadi, laju anyundhang kang raka, ingusadan wus waluya jati, nanging Sang Wasi Jaladara nganti praptanira kang rayi Dyah Bratajaya. Nulya praptanira Dyah Bratajaya tawan-tawan tangis, duk uninga kang raka saput ing tyas, sigra angrungkêbi kang raka, Wasi Jaladara endha, Dyah Bratajaya angrungkêbi angrangkul jangganira Sang Arya Pamadi. Sang wasi gumujêng latah ngandika: Dhuh, babo ariningsun Dyah Bratajaya, kang sira rangkul iku sapa. Dyah Rara Irêng tan panon rat, sru merang ing driya, Radèn Pamadi ginruwak wadananira, jaja dèn dhêngkul, Radèn Arya Pamadi dadya ngèplèh-èplèh, Dyah Bratajaya anggablogi kang raka, Wasi Jaladara gumujêng suka ngandika: Lho, ya ora dadi ngapa, yayi, gêguyon padha sadulur. Wis Rara Irêng, aja ngrêribêdi, sira manjinga sêsupeningsun. Sang dyah sampun manjing, Nyi Sagopi kinèn wangsul têngga pacrabakan, dyan mangkat. Radèn Arya Jaladara sajarwa mring Arya Pamadi awit panggih Korawa, dumugi praptanira Arya Sena, wus tinutur sadaya, yayi payo budhal maring Mandraka.

16. Madêg ing nagri Mandraka, Prabu Salya miyos ing păncaniti, ingadhêp kang putra Arya Rukmarata, tanapi Patih Tuhayata, pêpak sagung kang anangkil. Kang ginunêm lampahira Radèn Pamadi.

Mangkana praptanira sata Korawa, laju mring pasewakan. Patih Arya Sakuni angaturakên Rêtna Erawati. Sang nata dhawuh anglajêngakên dhatêng pura. Patih Arya Sakuni dinangu, matur saking praja Jongparong [Jongpa...]

--- 12 : 28 ---

[...rong,] narendranira Prabu Singabarong. Sri Salya suka ngandika: Iya sapa-sapa ajanji katêmu wus padha bêcik.

Mangkana ta yèn nginanga dèrèng abang, idua dèrèng asat, kasaru praptanira Radèn Bratasena, ngadêg ing taratag sarwi atêkên gada, cingak punggawa kang sami nangkil, saklangkung sami gêtêr wardaya, wasana katur ing nata, dhawuh kinèn angirida. Radèn Bratasena ingirid maring ngabyantara, dinangu matur: rare saking wuki[22] Ratawu atmajèng Prabu Pandhu Ngastina, ngupaya kadangira Radèn Pamadi, duk prapta ing wana kapanggih wasi gunung nama Radèn Arya Jaladara, ngakên mitra Radèn Pamadi, dinuta sri nata gya ngupaya putra wanodya Dyah Erawati, wus kapanggih nèng praja Guwadhasar, dèn dhustha Sri Yaksendra Prabu Kalaroga, praptèng wana binegal Korawa, buh mati lan urip, amung manira iki atur pratela, kang antuk karya Wasi Jaladara, tuwin Radèn Pamadi. Patih Arya Sakuni tuwin Korawa duk myarsa samya merang, ambolos. Sri Salya ningali solahing Korawa suka ing galih.

Anulya praptanira Radèn Pamadi, tuwin Radèn Arya Jaladara, Arya Sena gupuh angrangkul kang rayi Radèn Pamadi. Sri Salya suka andangu, Radèn Pamadi matur, wus ingandhar sadaya. Tuwin ngaturakên punika Arya Sena kadangira panênggan,[23] ingkang miyos bungkus. Sri Salya saya sru sukaning driya, dhawuh mring Radèn Pamadi, kang pasthi antuk ganjaran si wasi gunung, nanging katêmu gampang, balik Korawa kang makewuhi, măngsa bodhoa. Arya Sena sigra mêdal.

Mangkana sagung Korawa sakit manahira, sigra angobongi paseban, Arya Sena mêdal, Korawa ingamuk. Arya Prabu Jayapitada[24] kasor kaponthal-ponthal, Patih Arya Sakuni niba tangi. Saundurira Korawa, sigra marêk ing ngabyantara, Sri Salya amangun bojana andrawina, bibar tancêb kayon.

__________

 


Radèn. (kembali)
Suyudana. (kembali)
wêntisipun. (kembali)
uwa. (kembali)
Jajahwrêka. (kembali)
katimbalan. (kembali)
ditya. (kembali)
Narada (dan ditempat lain). (kembali)
Radèn. (kembali)
10 Narada. (kembali)
11 parêkan. (kembali)
12 Dursasana. (kembali)
13 Korawa. (kembali)
14 manungsa. (kembali)
15 Radèn. (kembali)
16 Lêsmana. (kembali)
17 Durna. (kembali)
18 Arjuna. (kembali)
19 maksih. (kembali)
20 ngriki. (kembali)
21 Bratajaya. (kembali)
22 wukir. (kembali)
23 panênggak. (kembali)
24 Jayapitana. (kembali)