Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie […] ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXVI.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm.

--- 36 : [1] ---

Serie No. 443ii.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXXVI

Isi lampahan:

Jamanipun Prabu Rama.

1. Bêdhahipun nagari Ngayodyapala putranipun Sumawicitra.

2. Rabinipun Dasarata angsal Dèwi Kekayi lan Dèwi Sêmitrawati.

3. Lairipun Sinta, sarêngan lairipun Brănta tuwin Sênggana.

4. Rabinipun Rêgawa dhaup kalihan Dèwi Sinta ing Mantilidirêja.

5. Tundhungan têrus gandrung.

6. Bathara Rama sampun sinêbut prabu, masanggrahan ing Mangliawan, utawi duta kapisan.

7. Tambak, Prabu Rama nyabrang samodra.

8. Anggada duta.

9. Bukbis

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 36 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 36 : [3] ---

Jamanipun Prabu Rama

1. Lampahan Bêdhahipun Nagari Ngayodyapala Putranipun Sumawicitra.

1. Jêjêr nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, ingkang sowan pêpak, kadang sadaya, patih sapunggawanipun. Ginêm: Konduripun saking nagari Maèspati. Sang prabu manggalih titisipun Dèwi Citrawati, Wibisana matur ing ngarsanipun sang nata, ngaturakên ing nagari Ngayojapala wontên putri, arum-arumipun Dèwi Sukasalya. Sang prabu dhawuh dhatêng ingkang rayi, tuwin Patih Prastha, andikakakên dhatêng nagari Ngayojapala. Kang tampi dhawuh matur sandika. Sang prabu kondur. Kocapa ing jawi pêpak, lajêng sami tata-tata, lajêng bidhal. Kocap sang nata nimbali bagusan, nama Togog kapurih andhèrèk, Dasamuka jêngkar mêdal jumantara. Sigêg.

[Grafik]

Bagawan Rawatmêja

[Grafik]

Prabu Banaputra

2. Madêg nagari Ngayojapala, Sang Prabu Banaputra tuwin garwa ngadhêp putra gêrah lumpuh, utawi para raja sèwu nagara. Bisma, Mani Căndrawasesa, Căndrapidaksa, Cakarwa, Suryawadya, sami

--- 36 : 4 ---

nglamar dhatêng sang putri. Sawêg ginêm kasaru utusan Ngalêngka dhatêng, Wibisana ngaturakên punapa prêlunipun, lajêng pasulayan kalihan raja sèwu nagari, sami mêdal ing jawi trus prang rame. Sigêg.

3. Madêg kahyangan jawata, Guru, Narada, lênggah pêpak para dewa. Bathara Guru kalih maringakên usada, nama tirta maya maadi, kadhawuhan dhatêng nagari Ngayojapala. Narada ngahyangan kang dèn wadhahi cupu manik astagina. Bathara Narada kautus lajêng mêdhak ing marcapada. Pathêt sanga, gara-gara.

4. Kocap ing Girirêtna, Bagawan Rawatmêja, kadangipun priya Banaputra Ngayojapala. Ginêm anggènipun tampi sasmita, ingkang ngadhêp pêksi kagendra Sêmpati, lan punakawan. Kasaru macan minggah, ingkang ngadhêp sami mlajêng, dados prang, lajêng kaprajaya, badhar Narada, maringakên cupu manik astagina, isi tirta maadi, kadhawuhan dhatêng Ngayojapala. Narada ngahyangan.

5. Madêg Rawatmêja, mêling dhatêng kagendra kapurih mêsat kalangênanipun kayu kastuba, sapêngkêripun sang pêkik, manawi obah tanpa jalaran, sang tapa wontên purug manggih prahara, yèn godhonge rêntah, sang pêkik apês. Rampung wêwêling lajêng tindak dhatêng nagari Ngayodya.

6. Kacariyos Sang Nata Dasamuka, ingkang wontên jumantara, priksa punggawa sami prang, Dasamuka lajêng mêdhak, kang rayi matur wadul, kang raka sakalangkung duka, trus bêndu nrajang para raja, lajêng prang kalih Dasamuka, raja katrajang pêjah sadaya.

7. Kacariyos Prabu Banaputra tutup lawang, Dasamuka badhe nêbak pintu, dipun aturi kalih kang rayi Wibisana, dados sarèh. Kacariyos Rawatmêja ingkang lumêbêt dhatêng kadhaton, kapanggih ingkang raka Sang Nata Banaputra, sang nata paring priksa kalih kang rayi, lêlampahanipun nagari. Rawatmêja lajêng ngusadani ingkang gêrah, Sukasalya lajêng saras, kapasrahakên kang rayi sang pêkik, inggih lajêng tampi.

8. Dasamuka mirêng lajêng muring, lawang brajanala kadhupak lajêng ambrol, Dasamuka trus prang lan Banaputra, Banaputra pêjah. Dasamuka ngamuk prang lan Rawatmêja sêmu kuwalahan.

9. Kocap kagendra ingkang rumêksa, èngêt wêlingipun sang tapa, kagendra lajêng mêsat jumantara, wontên ngawiyat sumêrêp sang pêkik păncakara, kagendra trus nrajang Dasamuka, Dasamuka ambruk kantaka, Dasamuka gêsang, lajêng kagendra kacêpêng marang Prabu Dasamuka, namung kagendra botên dipun pêjahi, dipun bubuti wulunipun kasêbrak-sêbrak ngantos têlas, lajêng dipun bucal. Dasamuka trus prang kalih Rawatmêja, Rawatmêja dipun dhawahi pusaka lajêng andheprok.

--- 36 : 5 ---

10. Sukasalya mêdal saking salêbêting supe, nyungkêmi Rawatmêja, lajêng mèngêti dhatêng Sukasalya, kapurih ngisis marang wukir Dhêdhangka, lare ingkang tapa nama Dasarata. Sukasalya mêndhêt bodholaning wulu kang pênjawat, Rawatmêja trus kamukswan, Dasamuka nututi.

[Grafik]

Kagendra

11. Kocap wukir Dhêdhangka, Dasarata tapa, kasaru Sêmar dhatêng, lajêng Dèwi Ragudhati inggih ngili, Dasarata inggih tampi, sampun katampi sadaya. Dasamuka dhatêng mundhut Dèwi Sukasalya, Dasarata matur blaka, Dasamuka saklangkung bingah, Sang Dasarata lajêng nyaosakên Dèwi Sukasalya pujanipun Sang Dasarata. Sukasalya ingkang têmên dipun umpêtakên, namung Dasamuka tan priksa. Saking bingahipun Sang Nata Dasamuka, Dasarata kaganjar nagari Ngayodya.

12. Dasamuka kondur ambêkta Sukasalya, dumugi Ngayodya Dèwi Sukasalya dipun andhapakên lajêng trus pêjah, Dasamuka sakalangkung dukanipun, trus minggah ing kahyangan.

13. Kacariyos Bathara Endra ambêkta widadari tiga, mapagakên Dasamuka, nyêbut datan trima,

--- 36 : 6 ---

Bathara Endra maringakên widadari tiga, Dèwi Tari, Dèwi Kiswani, Dèwi Triwati. Dasamuka lajêng trimah, kondur ambêkta widadari dhatêng Ngalêngka, lajêng kalêmpakan Ngalêngka, Dasamuka maringi jodho kang rayi-rayi, Dèwi Kiswani, Kumbakarna, Dèwi Triwati dhatêng Wibisana, kang sêpuh Dèwi Tari kagarwa marang Sang Prabu Dasawadana ing Ngalêngka. Byar, gonjanganom.

2. Lampahan Rabinipun Dasarata Angsal Dèwi Kekayi lan Dèwi Sêmitrawati.

[Grafik]

Widadari.

[Grafik]

Bathara Endra

1. Jêjêr ing nagari Ngalêngka, Prabu Dasamuka, pêpak kang sami nangkil, Arya Wibisana, Arya Kumbakarna, Dèwi Sarpakênaka, Patih Prastha. Ginêm: Prabu Dasamuka amaringi garwa dhatêng para kadang, Dèwi Kiswani kaparingakên Arya Kumbakarna, Dèwi Triwati kaparingakên dhatêng Arya Wibisana, dene Dèwi Sarpakênaka kaparingakên dhatêng danawa punggawa nama Nopati, Prabu Dasamuka lajêng utusan Arya Kumbakarna nglamar putrinipun Prabu Sumarêsi, nama Dèwi Sêmitrawati. Arya Kumbakarna lajêng pangkat.

2. Madêg ing nagari Suwelaraja, Prabu Sumarêsi, lênggah kalihan ingkang raka Rêsi Kala, kaadhêp [ka...]

--- 36 : 7 ---

[...adhêp] patih. Ginêm, dènira kadhatêngan ratu sèwu nagari, Rêsi Kala lajêng ngadêgakên sayêmbara prang, patih kautus andhawuhakên. Para ratu sèwu nagari lajêng sami prang nglêbêti sayêmbara mêngsah Rêsi Kala, nanging sami kasor sadaya, sigêg.

3. Madêg ing Endrabawana, (Ratu Jawi ing suralaya) Sang Bathara Endra, lênggah kaadhêp ing para widadari tuwin para dewa, Bathara Narada, Bathara Cakra, namung Bathara Brama kalihan Bathara Sambu ingkang botên nangkil. Ginêm: bab Dèwi Ragu. Bathara Cakra kautus andhawuhakên dhatêng Bagawan Yogiswara ing wukir Dhandhaka, supados ngumpêtakên Dèwi Ragu sarta ngapus krama dhatêng Dasamuka, Bathara Cakra pamit lajêng pangkat. Sigêg. Gara-gara, pathêt sanga.

4. Madêg ing wukir Dhandhaka, Dasarata tuwin Bagawan Yogiswara, Sêmar saanakipun. Ginêm: dènira ngumpêtakên Dèwi Ragu, sarta anggènipun badhe ngapus krama dhatêng Prabu Dasamuka. Kasaru rawuhipun Bathara Cakra, andhawuhakên timbalanipun Bathara Endra, sarta dhawuh anulungi dhatêng Prabu Sumarêsi ing Suwelaraja. Dasarata matur sandika, lajêng amit dhatêng Dèwi Ragu, pangkat. Lampahipun wontên ing margi kêpêthuk begal raksasa satunggal, ditya saking Ngalêngka nama Wiradha, kanthi Togog. Pasulayaning rêmbag dados prang, ditya pêjah, Dasarata lajêng lampahipun.

5. Kocapa Prabu Sumarêsi, lênggah kalihan ingkang raka Sang Rêsi Kala. Ginêm. Kasaru dhatêngipun Arya Kumbakarna, lajêng sami mêdali dhatêng papan pasayêmbaran, prang kalihan Rêsi Kala. Ramening prang sami tiwikrama, Arya Kumbakarna kasor yudanipun, awit kacariyos Sang Rêsi Kala gadhah aji pêtak sèwu. Salêbêting prang kasigêg.

Kadhatonan. Dhatêngipun Dasarata. Ginêm: wênêsan, têgêsipun acêcangkriman, sintên ingkang sagêd ambatang cangkrimanipun Dèwi Kekayi, dados jatukramanipun, wusana cangkrimanipun Dèwi Kekayi kabatang dhatêng Dasarata, mila Prabu Sumarêsi lajêng masrahakên putranipun wau kalih pisan dhatêng Dasarata, bilih pêputra kakung sagêda anggêntosi jumênêng nata. Dasarata nyagahi lajêng pondhongan.

Kacariyos ing jawi, Rêsi Kala prang malih kalihan Arya Kumbakarna, ngantos sami ngêmu ludira, Arya Kumbakarna lajêng kabêkta mantuk dhatêng Ngalêngka, Rêsi Kala gadhah melik dhatêng Dèwi Kekayi, Dèwi Sêmitrawati sumêrêp, lajêng malêbêt ing kadhaton matur dhatêng Dasarata. Dasarata duka, lajêng prang kalihan Rêsi Kala, rame prangipun. Sigêg.

6. Madêg ing wukir Dhandhaka, Dèwi Ragu tuwin Sang Bagawan Yogiswara, Dèwi Ragu ambabar putra mijil priya, lajêng kasusulakên dhatêng nagari Suwelaraja.

--- 36 : 8 ---

Kocap prangipun Rêsi Kala kalihan Dasarata, Rêsi Kala lajêng mukswa. Dhatêngipun Bagawan Yogiswara ambêkta putra, lajêng kapanggih kalihan Dasarata tuwin Prabu Sumarêsi, wusana lajêng sami kondur dhatêng wukir Dhandhaka.

7. Madêg ing nagari Ngalêngka, Prabu Dasamuka, dhatêngipun Arya Kumbakarna. Sarèhning botên angsal damêl, Prabu Dasamuka langkung duka, lajêng pangkat dhatêng Suwelaraja têrus dhatêng wukir Dhandhaka, kêpanggih kalihan Dasarata, Dèwi Kekayi kapundhut, kacaosakên, Prabu Dasamuka bingah, nanging sarêng kabêkta mêdal, dumugi ing jawi: malih dados sêkar. Prabu Dasamuka lajêng aprasapa: saturun-turune Dasarata dadia satruku. Lajêng prang sampak.

8. Kocap Dasarata lajêng madêg ratu wontên ing nagari Ngayodya, dene putra kaparingan pêparab: Radèn Rêgawa. Byar, gonjanganom.

3. Lampahan Lairipun Sinta, Sarêngan Lairipun Brănta tuwin Sênggana.

1. Jêjêr ing nagari Ngayodyapala, Prabu Dasarata, ingkang sowan ratu sèwu nagara. Ginêm: Dènira badhe grogol ngupados buron wana. Para raja sami dipun dhawuhi grogol, lajêng bidhal.

2. Madêg ing nagari Ngalêngka, Prabu Dasamuka. Ginêm: dènira anggarbini ingkang garwa nyuwun bayu pêpitu. Prabu Dasamuka lajêng tindak ngupados bayu pitu, dene ingkang garwa kadhawuhan nêngga, awit tamtu ambabar putri. Prabu Dasamuka minggah dhatêng kahyangan, kawangsulakên dening dewa ingkang têngga kori, botên purun, dados prang, para dewa sami kasoran. Kocap bayu pitu, kabujung dening Dasamuka sami mlajêng. Sang Hyang Guru kalihan Bathara Narada sami mêdhak dhatêng marcapada, sigêg.

3. Madêg ing nagari Mantili Prabu Janaka, lênggah kalihan garwa kaadhêp patih. Ginêm: sang nata kêpengin kagungan putra. Prabu Janaka lajêng jêngkar tindak dhatêng têpining jaladri. Sigêg. Pathêt sanga. Gara-gara.

4. Kocap Dèwi Anjani kalihan Dèwi Suwerah, ingkang tapa nyanthoka wontên ing sêndhang. Sang Hyang Bathara Guru mriksa Dèwi Anjani: brănta, lajêng andhawahakên ron asêm. Ron asêm kapêndhêt dhatêng Dèwi Anjani kadhahar, wusana lajêng anggarbini.

Kocap Bayukanetra nitis ing guwa garbanipun Dèwi Anjani. Dèwi Anjani ambabar kêthèk pêthak [pê...]

--- 36 : [9] ---

[Grafik]

Prabu Dasamuka.

[Grafik]

Dewa ingkang têngga kori.

--- 36 : 10 ---

[...thak.] Kocap Prabu Dasamuka ngrakup rah pêthak, dipun puja dados danawa pêthak, kaparingan nama Pulasiya. Prabu Dasamuka lajêng kondur dhatêng Ngalêngka.

5. Kocap kadhaton Ngalêngka, Dèwi Kanung ingkang têngga Arya Wibisana, ambabar mijil putri, lajêng kacandhak dhatêng Arya Wibisana, bayi kawadhahan ing kupat sinta lajêng kalabuh dhatêng ing samodra, Arya Wibisana mikut mega, kapuja dados lare jalêr, kaparingan nama Arya Meganănda. Sarêng Prabu Dasamuka rawuh, andangu sarta nêmtokakên bilih putranipun têmtu miyos putri. Arya Wibisana matur, ngaturakên lare jalêr, inggih punika putranipun jalêr, Prabu Dasamuka sakalangkung duka, lajêng prang kalihan Arya Meganănda, Prabu Dasamuka kasoran, Arya Meganănda kaakên putra. Prabu Dasamuka lajêng kesah ngupadosi Dèwi Sri.

[Grafik]

Dèwi Anjani.

[Grafik]

Bathara Guru.

6. Kocap Prabu Janaka mungging têpining jaladri, mirsa kandhaga kentir lajêng kapundhut, kabikak isi kupat sinta, salêbêting kupat wontên bêbayinipun èstri. Prabu Janaka lajêng kondur. Sigêg.

7. Kocap ratu sèwu nagara ingkang sami rakit grogol, dhatêngipun Prabu Dasamuka lajêng dados prang. Radèn Ragawa kairing Sêmar saanakipun, lajêng prang kalihan Prabu Rawana, Petruk malajêng.

--- 36 : 11 ---

8. Kocap kadhaton Ngayodya Prabu Dasarata, garwa Dèwi Kekayi ambabar putra kakung, kaparingan nama Bambang Brănta. Kasaru dhatêngipun Petruk, ngaturi uninga. Prabu Dasarata lajêng nusul dhatêng pagrogolan, prang sampak. Byar gonjanganom, Ngayodyapala.

4. Lampahan Rabinipun Rêgawa Dhaup kalihan Dèwi Sinta ing Mantilidirêja.

1. Jêjêr ing nagari Ngalêngka, Prabu Dasamuka, utusan danawa anjungkir nama ditya Tathakakya, kadhawuhan anggledhah ing wukir Dhandhaka. Lajêng pangkat sabalanipun.

2. Madêg ing nagari Ngayodya Prabu Dasarata, kaadhêp para putra pêpak, Radèn Rêgawa, Radèn Lêsmana, Radèn Brănta, tuwin Radèn Trugna. Kasaru sowanipun Bagawan Yogiswara nyuwun Radèn Rêgawa prêlu kasraya kapurih mulyakakên ing pratapan Dhandhaka. Prabu Dasarata lajêng dhawuh dhatêng putra kêkalih Radèn Rêgawa kalihan Radèn Lêsmana, sarta kadhawuhan ambêkta warastra Kyai Gruwawijaya,[1] Sêmar saanakipun ugi kadhawuhan dhèrèk, lajêng sami mangkat. Dumugi ing prapatan, ditya Tathakakya sabalanipun: pêjah sirna dening satriya kêkalih wau. Radèn Rêgawa lajêng kadhawuhan ing sang bagawan kapurih ngêdêgi sayêmbara dhatêng Mantili. Pangkat, sigêg.

[Grafik]

Prabu Janaka.

3. Madêg ing nagari Mantili Prabu Janaka, kacariyos kagungan putra putri nama Dèwi Sinta, putra kakung nama Radèn Mayarêtna, gadhah tumpakan awarni dipăngga nama jakamruta, tuwin turăngga nama balangantêban. Ginêm, kasaru praptanira ratu ing nagari Bisma, Prabu Bimamanila dalah wadyabalanira, anglamar Dèwi Sinta. Dados prang kalihan Bambang Mayarêtna, lajêng kapisah, santun sayêmbara amutung gandhewa tosan, Prabu Bimamanila sagah, nanging botên kuwawi mutung, lajêng mêdal. Sigêg, pathêt sanga.

4. Radèn Rêgawa kalihan ingkang rayi Radèn Lêsmana dhatêng ing nagari Mantili, lajêng nglêbêti sayêmbara [sayêmba...]

--- 36 : 12 ---

[...ra] kêparêng. Radèn Rêgawa marêpêki gandhewa. Ingkang têngga waringin pêthak, danawa kêkalih nama Locana kalihan Baurêksa, kêpanggih Radèn Rêgawa dados prang, ditya kêkalih kasor lajêng mukswa. Radèn Rêgawa kapanggihakên kalihan Dèwi Sinta. Prabu Janaka utusan ngaturi Prabu Dasarata, salajêngipun pangantèn kaboyong dhatêng Ngayodya.

[Grafik]

Wiku Rama Bargawa.

5. Kocap Sang Rama Bargawa, ambêkta sanjata Bargawastra, mêthukakên lampahing pangantèn, ngajak prang. Rama Bargawa anggêdrug ngangkat sanjata, kenging kacêpêng dhatêng Radèn Rêgawa rêmêk, lajêng prang rame, Rama Bargawa oncat nitis dhatêng Radèn Rêgawa.

6. Kocap Prabu Bimamanila, sapunggawanira sami prang, kasor yudanipun.

7. Kocap ing nagari Ngalêngka, sadhatêngipun danawa sisaning utusan, lajêng matur wêwadul. Prabu Dasamuka mirêng aturing wadya danawa, duka yayah sinipi, lajêng ngamuk, prang sampak, gonjanganom, nagari Ngayodya.

5. Lampahan Tundhungan Têrus Gandrung.

1. Jêjêr Prabu Dasarata, nata ing nagari Ngayodyapala, kaadhêp ing para putra pzpak. Ginêm: sang nata animbali putra pangantèn sarimbit, badhe kajumênêngakên ratu gumatos kaprabon ing Ngayodya.

--- 36 : 13 ---

Kocapa garwa nata ingkang nama Dèwi Kekayi, lajêng matur abên-abên ingkang kirang sakeca dhatêng sang nata. Wusana Prabu Dasarata duka dhatêng Rêgawa akathah-kathah sarta nuntên katundhung. Rêgawa kesah kalihan garwa, Lêsmana tumut. Dene Brănta badhe kajumênêngakên ratu botên purun, malah lajêng kesah anututi Rêgawa. Sigêg.

[Grafik]

Kidang Kêncana.

[Grafik]

Radèn Rêgawa.

2. Madêg Prabu Dasamuka, nata ing nagari Ngalêngka. Ginêm: bab Dèwi Sinta, ditya Mrica kautus amadosi. Dasamuka bibar dhawuh lajêng jêngkar. Punggawa ditya Mrica kalihan Wirupaksa sawadyabala rêksasa bidhalan, lampahipun ing margi kêpapag para wadyabala Jawi, dados prang. Manungsa kasoran, lajêng sami sêsimpangan ing margi. Sigêg.

Kocap lampahipun Rêgawa sarimbit tuwin Lêsmana dumugi ing Kutharunggu, Brănta ingkang nututi sampun pinanggih, sarta lajêng ngaturi kondur ingkang raka, nanging botên karsa. Ing ngriku Brănta kawulang dhatêng Rêgawa bab asthabrata. Sarêng sampun sami tilêm sadaya, Rêgawa sarimbit lan Lêsmana sami lolos. Brănta sapunggawanipun tangi tilêm kagèt sami madosi botên pinanggih, lajêng wangsul dhatêng Ngayodya. Sigêg. Pathêt sanga.

3. Kocap Sarpakênaka, pamit dhatêng Karadusana, ditya Bupati Ngalêngka. Sarpakênaka mindhak warni dados [da...]

--- 36 : 14 ---

[...dos] wanodya endah, lampahipun amanggihi Lêsmana, Lêsmana ajrih dhatêng wanodya, lajêng dipun bujung, Garèng kalihan Petruk tumut malajêng. Rêgawa mirsa lajêng amênthang larasipun, Sarpakênaka kenging jêmparing babar rêksasa èstri, wangsul awêwadul dhatêng Karadusana. Karadusana dipun waduli lajêng ngamuk, mêngsah kalihan Rêgawa, pêjah jinêmparing. Rêgawa trus lampahipun.

4. Madêg ing wukir Argasoka, Bagawan Sutiksnayogi, kadhatêngan Rêgawa tuwin Dèwi Sinta kairing Lêsmana. Sarêng sampun sami ngaso lajêng sami mirsani têtanêmanipun sang tapa, Dèwi Sinta mirsa klangênanipun sang tapa awarni kidang sakalangkung sae, sangêt kêpenginipun, lajêng nêmbung dhatêng sang bagawan, kaparêng, Rêgawa kapurih nyêpêng sagah, sarta mêling dhatêng Lêsmana kadhawuhan anêngga Dèwi Sinta. Rêgawa pangkat ambujung kidang.

[Grafik]

Pêksi Jathayu.

Sakesahipun Rêgawa, Lêsmana kapurih nusul, nanging botên purun, mila Dèwi Sinta duka, Lêsmana lajêng kesah nusul kang raka. Dene Sang Rêgawa anggèning ambujung kidang, kidang kajêmparing kenging, babar danawa, dados prang, danawa pêjah, sigêg.

--- 36 : 15 ---

Kocap sang pandhita, saking kasêsanipun, taman kajugil, Dèwi Sinta kabêkta. Sang bagawan wau sajatosipun Dasamuka. Lajêng gandrung-gandrung, pathêt manyura. Sigêg.

5. Kocap pêksi Jathayu, sumêrêp Dasamuka ambêkta Sinta, lajêng nututi, Sinta karêbat kenging, pêksi dipun pancas suwiwinipun dening Dasamuka dhawah ing siti, Dèwi Sinta kabêkta ing Dasamuka malih.

Kacariyos lampahipun Rêgawa gandrung-gandrung, kêpanggih pêksi wau sampun sambat amêgap-mêgap, Rêgawa pitakèn, pêksi matur prasaja, sawêg angsal satêngah lajêng pêjah. Rêgawa kantun gandrung. Sigêg.

6. Kocap Dèwi Anjani ngêmong putranira nama Bambang Sênggana. Ingkang putra mothah pitakèn sudarma. Wusana Bambang Sênggana lajêng kêpanggih satunggiling dewa saha kaakên putra, kadhawuhan suwita dhatêng Wangkiskêndha. Sênggana pangkat.

Kacariyos Sugriwa Subali, ingkang pêrang wiwit jaman bêdhahipun Maèspati. Dèrèng wontên ingkang kawon, Sugriwa dahat sungkawa. Kasaru dhatêngipun Sênggana kapanggih Sugriwa, lajêng dipun kèngkèn ngupados sawung. Sênggana pangkat minggah rêdi Rêsamuka: kêpanggih Rêgawa, inggih Ramabadra, dipun saraya sagah, lajêng sami mêdhak kêpanggih Sugriwa. Sugriwa matur nyuwun tulung anyirnakna mêngsahipun, Rêgawa kadugi. Dene Sugriwa kapurih majêng malih prang kalihan mêngsahipun, sarta kaparingan têngêr janur kuning. Kêlampahan Sugriwa prang malih kalihan Subali. Wusana Subali pêjah jinêmparing Gruwawijaya dening Rêgawa. Sugriwa sagah andamêlakên pasanggrahan Rêgawa wontên ing rêdi Mangliawan. Byar, gonjanganom.

6. Lampahan Bathara Rama Sampun Sinêbut Prabu, Masanggrahan ing Mangliawan, utawi Duta Kapisan.

1. Jêjêr nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, ingadhêp Wibisana, Prastha, ginêm: bab pamboyongipun Dèwi Sinta, Wibisana ngaturakên putra Dèwi Trijatha, supados dados kanthinipun. Dasamuka lajêng matah danawa seta sakawan, kadhawuhan rumêksa taman Ngargasoka, utawi matah danawa baris ing wana, baris ing toya, kanthi putra. Wikêthaksa baris wontên wana, Wikêthaksi ngambang ing toya.

2. Madêg ing samodra, Hyang Baruna, ingadhêp para mina kathah. Kocap ditya ingkang lumêbêt ing samodra, lajêng prang lan mina. Hyang Baruna dhawuh mring ditya kadhawuhan mapan nèng wukir Rêksamuka, dipun paringi priksa saprêlunipun. Ditya mundur.

--- 36 : 16 ---

3. Madêg nagari Wangkiskrêndha, Prabu Sugriwa ingadhêp putra santana pêpak. Ginêm, Sugriwa sagah dinuta mring Ngalêngka. Kasaru rawuhipun Radèn Lêsmana, ngenggalakên sowanipun Sugriwa, lajêng mangkat bidhal sadaya, namung Bambang Sênggana ingkang kantun. Sapêngkêre Prabu Sugriwa Bambang Sênggana nusul.

4. Madêg Prabu Bathara Ramabadra, ingkang sowan pêpak. Kasaru sowane Lêsmana, Sugriwa sawadya, amung Sênggana datan tumut wanara kathah, wontên wingking têbih. Ginêm: bab anggèning badhe utusan. Ing ngriku Prabu Rama uninga Bambang Sênggana, kadhawuhan nimbali, lajêng sowan. Prabu Rama dhawuh mring Sênggana kautus mring Ngalêngka, mawi kaparingan tăndha sêsupe. Sabudhale Sênggana, Prabu Sugriwa mapag ing margi, suka pitêdah margi ingkang cêlak, tuwin dhawuh dhatêng Ganda, Nila, Jêmbawan, kinèn mêmanuki.

5. Lampahipun Sênggana sarêng kêpêngkok samodra lajêng anjumantara. Kacarita ditya kang wontên ing samodra nyêrot angin, Sênggana katut kasêrot, ditya pêjah, Sênggana lajêng mring wana, kêpapag ditya Garulangit, Sênggana manjing ing wadhuk, ditya pêjah, Sênggana laju.

6. Mandhêg ing guwa Selamanglung, Dèwi Sayêmpraba, kadhatêngan Sênggana, sinêgah dhaharan winoran racun, Sênggana kantaka. Kocap kagendra Sêmpati, mulyakakên Sênggana, Sayêmpraba pinarwasa dhatêng Sênggana badhar dados danawa, lajêng oncat.

7. Kocap ing wukir Maenaka, bangsane bayu, ginêm: mangayubagya têtulung dhatêng Sênggana, lajêng dipun uncalakên dhawah pasanggrahan Suwelagiri.

8. Sênggana dumugi Ngalêngka, anjujug ing taman Ngargasoka, Sênggana mawi ngêdalakên kêlangkungan, lajêng kêpanggih Dèwi Sinta. Ginêm punapa prêlunipun. Sênggana lajêng nyuwara mêrè manyêmpali kêkajêngan. Kocap danawa seta kang sami jagi, alok maling lajêng sami prang, sadaya kasoran, namaning ditya lajêng kangge jêjulukipun Sênggana, satunggal Anoman, kalih Pracandhaseta, tiga Ramadayapati, sakawan Prabacana. Sênggana lajêng prang kalih putra Ngalêngka Saksadewa, Saksadewa pêjah.

9. Madêg Prabu Dasamuka, Meganănda, Prastha. Kasaru para putra dhatêng matur: wontên pandung, Dasamuka dhawuh mring Drajit kinèn nyêpêng pandung, Meganănda matur sêndika, lajêng prang, Sênggana nutut, mawi dipun bănda, wadya Ngalêngka surak: maling kêcandhak. Kaladosakên Prabu Dasamuka, kadhawuhan ngukum obong, lajêng kabêkta dhatêng alun-alun, Sêmar nyukani toya dhatêng Sênggana, sarta cariyos kalih Togog kapurih numbali. Sênggana lajêng dipun obong. Nyarêngi lêlampahan, yitmanipun Gohmuka manjing dhatêng Sênggana, latu kabêkta mumbul dening Sênggana, kadhaton [kadha...]

--- 36 : [17] ---

[Grafik]

Radèn Meganănda.

[Grafik]

Radèn Sênggana.

--- 36 : 18 ---

[...ton] Ngalêngka kobong sadaya, ingkang kantun namung griyanipun Togog, kaliyan taman Ngargasoka. Wibisana matur mring Prabu Dasamuka kathah-kathah, Dasamuka sangêt dukanipun, Wibisana katundhung lajêng kesah. Kumbakarna mirêng Wibisana kesah lajêng ngamuk, dipun ampah Patih Prastha, Kumbakarna lajêng tapa nendra.

10. Wibisana kêpanggih Anoman, lajêng kabêkta masanggrahan dhatêng Mangliawan. Prabu Ramabadra pêpak kang sami sumewa, Sênggana ngaturakên boyongan, Wibisana lajêng dipun lih nama: Wibisana Ambalik, para garwa putra kaboyongan. Byar. Gonjanganom.

7. Lampahan Tambak, Prabu Rama Nyabrang Samodra.

1. Jêjêr pasanggrahan Mangliawan, Prabu Bathara Ramabadra, ingkang sowan Lêsmana, Arya Balik, Patih Sugriwa. Ginêm: nambak samodra. Arya Balik matur sagah damêl lantaran kangge langkung punggawa sadaya, sanalika dipun lampahi, lajêng kagênjot Sênggana, lantaran putung. Bathara Rama lajêng dhawuh dhatêng Sugriwa, kautus mundhuti kajêng ingkang anèng Mangliawan. Sugriwa pangkat ambêkta bala. Anoman, mlapat, sigêg.

2. Madêg Endhang Suwarèh kalihan putranipun warni lutung, nama Bambang Sêwida. Ginêm saprêlunipun. Kasaru dhatênging băngsa lutung matur kawontênanipun. Bambang Sêwida muring, lajêng prang kêmbang, punggawa kêthèk kawon sadaya. Kocap Anoman majêng trus prang, Sêwida kapikut têluk. Sêwida sabangsaning lutung, wawa, rangutan, sami tumut nambak. Sarêng piranti sami kentir, Prabu Rama duka, lajêng rawuh têpining samodra, ngasta warastra nama Suwarahgêni. Kocap Sang Hyang Baruna mijil saking toya samodra, ginêm punapa wontênipun. Prabu Rama dhawuh trus nambak.

3. Madêg nagari Ngalêngka Prabu Dasamuka, ingkang sowan putra Meganănda, Patih Prastha. Ginêm: kawontênanipun. Sang Prabu Dasamuka lajêng dhawuh ambidhalakên danawa, Ditya Aksraba, Ditya Raibaya, Ditya Yuyurumpung, Ditya Rairêkatha, lajêng pangkat. Pathêt sanga, gara-gara.

4. Madêg Anoman, pados kangge andhêkêm, kêpanggih Sètubănda, mawi prang, Sètubănda manut, laju dipun angge andhêkêm, samodra katambak, sarêng sampun rampung sadaya, para ratu tuwin para punggawa sami andrawina suka-suka.

5. Kocap danawa Sraba ngambang, lajêng prang kalihan kêthèk, nama Kapi Sraba, ditya pêjah. Kocap ditya Rêkatha ambêdhah tambak, trus bêdhah sadaya sami kentir. Sênggana tiwikrama, sadaya sami dipun êntasakên wontên ing Suwelagiri, sami mulya sadaya têntrêm. Pathêt manyura.

--- 36 : 19 ---

6. Madêg Sugriwa, lajêng dhawuh kêthèk Kapi Rêkatha, kautus lumêbêt ing samudra, lajêng prang, yuyu sami yuyu, ngantos rukêt, dumugi ing dharatan dipun rencangi Kapi Menda, danawa pêjah. Sigêg.

7. Kocap Rêtna Sinta, Trijatha. Dasamuka dhatêng masrahakên murda kêkalih, murdane Trikala, Kalasêti, dipun awatakên murdane Bathara Rama, Lêsmana. Dèwi Sinta prihatos, Trijatha tindak dhatêng Suwelagiri, mêdal dirgantara. Sigêg.

8. Madêg ing Suwelagiri, Prabu Rama, pêpak ingkang sowan, kocap Trijatha dhatêng, anjujug wingkingipun ingkang rama Radèn Arya Balik, lajêng kauningan sri narendra, kadangu matur punapa prêlunipun, Trijatha lajêng wangsul.

9. Kocap Sarpakênaka kautusan danawa nama Anggisrana, lampah sandi, Anggisrana mangkat.

Ing Suwelagiri, wanara kathah, Anggisrana momor sambu badhe nyidra konangan Arya Balik, lajêng kapêthukakên, mawi pabên kalih Anggisrana, wêkasan prang, wanara sami ngêlokakên, ngintên yèn Arya Balik marwasa wanara, dipun tubruk Sugriwa, dipun ladosakên ing ngarsanipun sang nata, lajêng dipun luwari. Sang nata dhawuh dhatêng Anoman, nyêpêng Anggisrana. Anggisrana kacêpêng, lajêng dipun purih wangsul mawi kapêrung kupingipun. Kêpanggih Sarpakênaka, Sarpakênaka muring, majêng ngamuk punggung, kêthèk sami kawon sadaya. Anoman majêng prang sampak, Sarpakênaka pêjah. Byar. Gonjanganom.

8. Lampahan Anggada Duta.

1. Jêjêr ing pasanggrahan Suwelagiri, Prabu Bathara Ramabadra, ingkang sowan Radèn Lêsmana, Arya Balik, Prabu Sugriwa, tuwin para punggawa pêpak sadaya. Prabu Bathara Rama utusan Radèn Jaya Anggada dhatêng nagari Ngalêngka, angantêp Prabu Dasamuka, Radèn Anggada pangkat.

2. Madêg ing nagari Ngalêngka, Prabu Dasamuka, ingkang sowan Radèn Meganănda, Patih Prastha. Ginêm. Kasaru dhatêngipun Radèn Anggada, dumrojog tanpa larapan, lajêng mrasajakakên manawi kautus Prabu Bathara Rama, ngantêp kajêngipun Prabu Dasamuka kalihan sêrêng. Nanging Prabu Dasamuka mangsuli sarèh kanthi têmbung ingkang sae. Radèn Jaya Anggada nimbangi sarèh, andadosakên sênêngipun Prabu Dasamuka, lajêng dipun ajak dhahar ăndrawina. Radèn Anggada prayitna, sarêng Prabu Dasamuka kraos wuru: lena, lajêng dipun antêm: kantaka, makuthanipun kabêkta mlajêng. Sawungunipun saking kantaka, Prabu Dasamuka dhawuh anututi, dados aprang sêkar, rame prangipun. Radèn Anggada oncat. Prabu Dasamuka lajêng minggah dhatêng kahyangan, nyuwun sêkar dewadaru.

--- 36 : 20 ---

3. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Jagadnata, Bathara Narada, Bathara Endra, para dewa pêpak kang sami nangkil. Dhatêngipun Prabu Dasamuka, nyuwun sêkar dewadaru. Dhawuhipun dewa andikakakên nêdha dhatêng Prabu Danaraja. Prabu Dasamuka lajêng kêpanggih Prabu Danaraja: nêdha sêkar, pasulayaning rêmbag, dados prang, nanging kapisah Bathara Narada, dene sêkar lajêng kaparingakên Prabu Dasamuka. Sumbaripun: sêkar badhe karisak. Kocap ingkang wontên salêbêting sêkar: brêmara seta, lajêng oncat, dipun cêpêng kalihan Bathara Narada, kapuja dados wanara, kaparingan pêparab Kapi Pramuja, lajêng kadhawuhan suwita dhatêng Suwelagiri. Gara-gara.

4. Kocap Radèn Lêsmana, kairing Sêmar saanakipun. Ginêm. Lajêng prang gagal. Radèn Lêsmana prang kalihan danawa, danawa badhar dados dewa, sarta paring dhawuh kapurih ngatos-atos.

5. Madêg ing Suwelagiri Prabu Rama, dhatêngipun Radèn Lêsmana, matur punapa wontênipun. Sang nata mambêng. Kêtungka dhatêngipun Radèn Jaya Anggada nyaosakên makutha. Botên dangu dhatêngipun Kapi Pramuja, lajêng kadhawuhan madosi sêkar dewadaru, pangkat, kanthi Petruk, lampahipun ngambah ing jumantara. Kocap danawa ing Ngalêngka ingkang sami baris wontên ing awang-awang, katrajang lampahipun Kapi Pramuja dados prang, danawa sirna. Kapi Pramuja lajêng lampahipun.

6. Kocap ing patamanan Ngalêngka, Dèwi Sinta, kaadhêp ing Dèwi Trijatha. Dhatêngipun Prabu Dasamuka masrahakên sêkar dewadaru, lajêng mundur. Dèwi Sinta mambêng.

7. Kocap Kapi Pramuja dhatêng taman Ngalêngka, angêmpakakên têbung manis manuhara, anggènipun mamrih sêkar dewadaru, wusana sarêng sêkar sampun kacêpêng lajêng kabêkta kesah, mumbul dhatêng gêgana. Para gusti sami nututi mêdal ing jawi. Prabu Dasamuka dipun waduli kănca kêparak atawan tangis, botên sarănta lajêng minggah dhatêng suralaya, nyuwun wêwah panjanging umuripun.

8. Kocap ing Suwelagiri, dhatêngipun Kapi Pramuja nyaosakên sêkar. Arya Balik matur dhatêng Prabu Rama, kaaturan nyuwun panjanging yuswa dhatêng suralaya. Prabu Rama lajêng minggah dhatêng kahyangan suralaya.

9. Kocap ing kahyangan suralaya, Sang Hyang Jagadnata, kaadhêp Bathara Narada, kasaru dhatêngipun Prabu Dasamuka, nyuwun umur panjang. Dipun paringakên sadaya. Saunduripun Prabu Dasamuka, Prabu Rama dhatêng, ugi nyuwun umur panjang, Sang Hyang Jagadnata ngandika, kadhawuhan ambegal lampahipun Prabu Dasamuka, awit sampun kaparingakên sadaya. Kêlampahan Prabu Rama sagêd kêpanggih Prabu Dasamuka amêndhêt umur, lajêng sowang-sowangan.

--- 36 : [21] ---

[Grafik]

Patih Prastha.

[Grafik]

Kapi Anila.

--- 36 : 22 ---

10. Kocap Sang Anila, mirêng bab wau lajêng èngêt, mila nuntên kesah lumajêng dhatêng Ngalêngka, lumêbêt dhatêng nagari kalayan masang sirêp, Patih Prastha tilêm, dalah para punggawa Ngalêngka sami tilêm sadaya, Anila lajêng mêndhêt pêdhang ingkang karêksa dening Patih Prastha. Sarêng konangan, kaêlokakên pandung, kabujung.

Kocapa Prabu Dasamuka dhatêng, mirsa nagarinipun kalêbêtan pandung, lajêng paring dhawuh dhatêng Patih Prastha, kapurih ngrêbat pêdhang wau. Patih Prastha lajêng dipun kêpruk ing tugu: pêjah. Dene tugu luwar dados widadari. Byar, gonjanganom.

9. Lampahan Bukbis.

1. Jêjêr ing Ngalêngka Prabu Dasamuka. Kacariyos sapêjahipun Patih Prastha ingkang kangkat dados patih Ditya Mulatani, sadhèrèkipun Dèwi Wisawati, ibunipun Bukbis. Ginêm. Bukbis kaangkat dados senapati, kadhawuhan majêng ing paprangan. Lajêng bodhol.

2. Madêg ing pabarisanipun Anila, sami suka andrawina. Kasaru sowaning wanara, atur uninga wontên mêngsah. Prang, wanara kawon, lumajêng.

3. Madêg ing Kăndhabumi, Kuntala Mariyan, putra ing Ngalêngka, manggih kadang wanara pêthak, nama Nara Trigăngga, Kuntala Mariyan bidhal mring Ngalêngka sowan ingkang rama, Nara Trigăngga katilar, nanging lajêng nusul.

4. Madêg i[2] Suwelagiri, Prabu Rama, miyos sinewaka, ingadhêp Radèn Lêsmana Prabu Sugriwa. Kasaru dhatêngipun Anila, atur uninga ing pabarisan tinêmpuh wadya Ngalêngka. Prabu Rama dhawuh mring Lêsmana lan Prabu Sugriwa, kadhawuhan mapagakên mêngsah. Sang kêkalih pinatah dados têtindhihing prang. Lajêng bidhal. Prang, wadya danawa kêlindhih.

5. Madêg ing pasanggrahan danawa, Senapati Bukbis, ingadhêp para wadya danawa. Kasaru sowanipun wadya danawa, ngaturakên kawontênanipun ing paprangan. Bukbis dahat bramantya, lajêng ambikak topèng waja umangsah prang, wadya wanara tumpês sadaya. Radèn Lêsmana umangsah prang kawon. Anoman mangsah tansah kasêsêr. Wibisana dhatêng misik mring Radèn Anoman, lajêng wangsul mangsah, Ditya Bukbis pêjah. Sapêjahipun Ditya Bukbis, suryakanthanipun dipun pêndhêt ing Radèn Anoman, wadya danawa kêplajêng sadaya, wadya wanara kang tiwas sami dipun mulyakakên.

6. Madêg ing Ngalêngka Prabu Dasamuka miyos sinewaka. Kasaru sowaning punggawa, atur uninga: ing pêjahipun Ditya Bukbis. Kêtungka dhatêngipun Kuntala Mariyan, apratela gatining sêdya.

--- 36 : 23 ---

Wusana katampi ing sang nata. Kocap Nara Trigăngga, lampahipun dumugi ing Ngalêngka, lajêng badhe sumusul ing kadang ingkang sowan ing ngarsa nata, kadênangan ing wadya ditya, rame alok wontên wanara seta. Prabu Dasamuka uninga dahat duka, dhawuh kinèn nyêpêng badhe dipun pêjahi, sarêng badhe dipun pêjahi karêbat Kuntala Mariyan. Prabu Dasamuka duka sangêt, lajêng dhawuh mring Kuntala Mariyan, kapurih mêjahi Prabu Rama. Kuntala Mariyan lajêng wangsul dhatêng Kăndhabumi, saha dhawuh dhatêng wanara Trigăngga nyêpêng Prabu Rama.

[Grafik]

Radèn Lêsmana.

[Grafik]

Prabu Rama.

7. Madêg Prabu Rama, bojana andrawina kalihan para punggawa kang unggul ing prang, katog dènira among suka. Wibisana matur ing Prabu Rama: bilih badhe wontên pandung aguna, para wadya sami kadhawuhan têtêg ing manah. Anoman badhe rumêksa ing Prabu Rama tuwin ari Lêsmana. Sang kêkalih badhe dipun umpêtakên ing kêndhaga. Kocap ingkang alampah sandi, Nara Trigăngga, amasang sirêp, sadaya sami kataman sirêp, anggloso tilêm. Lampahipun Nara Trigăngga dumugi panggenanipun Anoman, ing ngriku Anoman taksih katingal anjêgrêg linggih, mripat [mripa...]

--- 36 : 24 ---

[...t] manthêlêng, nanging sajatosipun sampun tilêm kêpatos. Durjana prayitna ing lampah, lajêng mêndhêt kêndhaga kang wontên pucuking buntut, sarêng sampun kenging durjana lajêng lumajêng kanthi alok maling. Anoman kagèt, sumêrêp bilih ingkang kacolong bêbêktanipun, lajêng nututi, prang kalihan Trigăngga oncat, amblês dhatêng Kăndhabumi. Anoman langkung sungkawa.

8. Madêg ing Kăndhabumi, Kuntala Mariyan. Dhatêngipun Nara Trigăngga ambêkta kêndhaga, lajêng kaaturakên. Kuntêla Mariyan dahat suka, Prabu Rama lan Lêsmana lajêng kalêbêtakên gêdhong wêsi. Kocap wontên abdi kêparak èstri sampun sêpuh, sumêrêp sang kêkalih kinunjara dahat wêlas ing manah, lajêng dipun padosakên toya, mêdal saking Kăndhabumi.

Gêntos kacariyos lampahipun Anoman, kêpêthuk nyai sêpuh badhe mêndhêt toya, Anoman lajêng manjing ing toya ingkang pinêndhêt ing nyai sêpuh, katut kalêbêt ing lantingan, lajêng kabêkta wangsul dhatêng Kăndhabumi, kacaosakên ing Prabu Rama dhatêng salêbêting gêdhong. Anoman lajêng tiwikrama, badan agêng pindha prabata, gêdhong bêjat. Trigăngga sumêrêp lajêng mangsah, prang rame, botên wontên ingkang kasoran. Kasaru rawuhing dewa, anyapih ingkang prang sarta wêwarta: sajatine Nara Trigăngga iku putrane Anoman, Ngalêngka iku mungsuh. Trigăngga lajêng ambalik, mêngsah Nata Ngalêngka.

9. Madêg ing Ngalêngka Prabu Dasamuka. Kasaru sowanipun Trigăngga matur bilih Prabu Rama lan Lêsmana sampun kinunjara ing gêdhong wêsi. Sri Dasamuka sangêt bingah, amaringi gandhik êmas mring Trigăngga, kadamêla gêgaman mêjahi Prabu Rama. Trigăngga sarêng sampun nampèni gandhik lajêng dipun tamakakên dhatêng Prabu Rawana piyambak, prang sampak, Kuntala Mariyan dipun kêpruk ing gandhik dening Trigăngga: pêjah. Trigăngga, Anoman, sami sowan ing Prabu Rama, Lêsmana, punggawa pêpak. Byar, gonjanganom.

__________

 


Guwawijaya (dan ditempat lain). (kembali)
ing. (kembali)