Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

95. Lampahan Dewa Kasimpar.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, amiyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ing ngarsa, Patih Arya Sakuni, Radèn Arya Dursasana, tuwin Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, miwah Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ingkang rinêmbag, anggèning tampi dhawuhipun ingkang rama, Sri Bagawan Dhastharastra, Sang Prabu Duryudana kadhawuhan palakrama, putri Pulo Rajapêthi, putrinipun Prabu Sasrasudarma, kalih iji, kang sêpuh anama Dyah Kanastrèn, kang anèm anama Dyah Sulastri. Nanging wontên pasanggirining akrama, Dyah Kanastrèn darbe kadang priya kang nunggil sarêng sadintên, prawira măndraguna, kang sêpuh nama Arya Wahmuka, kang anèm anama Arya Arimuka, sami sêkti măndraguna. Dyah Sulastri pasanggirining krama kadangipun kang sêpuh, anama Arya Sucitra, punika sami sêkti măndraguna, sang nata arsa nindaki pribadi. Sang Arya Sakuni jumurung mangayubagya, Sri Suyudana ngandika malih: Paman Arya Sakuni jêngandika miranti tuwin adhi-adhi kula Korawa sadaya, sami kula kanthi ngêdêgi sayêmbara. Patih Arya Sakuni sandika. Sang prabu sigra kondur ngadhaton.

[Grafik]

Sri Bagawan Dhastharastra.

2. Madêg ing gupit măndragini, Sri Bagawan Dhastharastra tuwin kang garwa Rêtna Dèwi Anggêndari, lênggah ing prabasuyasa, ingadhêp ingkang putra Rêtna Dursilawati, tuwin para parêkan cèthi. Anulya kondurira putra narendra, lajêng ngabêkti padaning rama tuwin kang ibu Rêtna Anggêndari. Wus satata lênggah. Sri Bagawan Dhastharastra dhawuh mring putra: kaki prabu, tumulia pangkat maring Pulo Rajapêthi, iki antara wus wancine pêpak sagung para ratu. Kang putra sandika, sigra ngrasuk busana, sasampunira busana, sigra ngabêkti mring rama tuwin ibu, anuhun idi pangèstu, sri nata sigra mijil.

--- 22 : 4 ---

3. Madêg ing paseban jawi, Rêkyana Patih Arya Sakuni, Arya Dursasana, tuwin Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, miwah Radèn Citraksa, tuwin Radèn Citraksi, sampun angrakit-rakit kapraboning adilaga. Para Korawa sampun sami samêkta, namung ngêntosi miyosipun sang nata. Sri Suyudana nulya miyos, sigra nitih rata tuwin Patih Arya Sakuni, para ari nata Korawa samya anitih turăngga, lajêng bidhal.

4. Madêg ing nagari Paranggubarja, Prabu Bramanatapa, amiyos ing păncaniti, ingadhêp putra Radèn Jungkungmardeya, tuwin Patih Bramanasara, pêpak sagung kang anangkil. Putraning patih palihanira Radèn Jungkungmardeya, kinarya punggawa pangarsa, anama Arya Jayasudarga. Sang nata karsa amikramakakên putra, animbali Patih Bramanasara, miwah Ditya Arya Kalasuyasa, Prabu Brahmanatapa ngandika: Kaki Prabu Jungkungmardeya, sira prayoga lumakua maring Pulo Rajapathi,[1] Prabu Sasrasudarma, darbe putra loro, kang tuwa anama Rêtna Kanastrèn, kang anom anama Rêtna Sulastri, warnanya samya ayu linuwih, karo-karone pantês dadia garwanira. Ana pasanggirining krama, kadangira Rêtna Kanastrèn, loro awarna ditya salah warna kang tuwa jênêng Arya Wahmuka kang anom anama Arya Arimuka. Karo-karone iku padha sêkti măndraguna. Kulup, prayoga sira umentara, sarta nganthia punggawa pinituwa, Arya Jayasudarga. Radèn Jungkungmardeya sandika, sigra ngaras pada, amit rinilan, lajêng bidhal, ingiring Arya Jayasudarga. Sang Prabu Bramanatapa, animbali punggawa ditya sinêlir têtiga, sampun praptèng ngarsa, sinung sabda kinèn mêmanuki ing lampahira Radèn Jungkungmardeya maring Pulo Rajapêthi. Punggawa ditya sandika, amit manêmbah wus rinilan gya bidhal. Lampahing baris ditya kapapag baris wadya ing Ngastina dadya prang, ditya kasêsêr, wasana anyimpang margi.

5. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Bathara Guru, miyos ingadhêp para jawata, tuwin widadara, widadari, kang mungging ngarsa Sang Hyang Kanekaputra. Sang Hyang Siwah andangu kang dadya gègèring suralaya, aturira Hyang Naradha: Adhi Guru kauningana, pun kakang Sêmar anagih prajangji, nalika kaki Prabu Pandhu, Sêmar minta rabi, benjang diwasanipun Radèn Pamadi kang mikramèkakên. Ing mangke Sêmar nagih jangji dhatêng Radèn Pamadi, samangke sami sumêngka pangawak braja, umarêk ing Hyang Guru, wontên ing jawi. Kinèn animbali. Hyang Sambu sigra mêdal angirid Radèn Arjuna tuwin Sêmar.

Dupi prapta ngabyantara sami tampi dhawuh, Hyang Guru ngandika: Siwayèng ulun Radèn Arjuna, sira anuhonana janjine sudarmanira, mungguh pikramane kakangira, ingsun bodho ing sira, kakang Sêmar

--- 22 : 5 ---

sira dandanana aja kaya mangkono. Sêmar sigra binusanan, sinung nami Bambang Dewa Kasimpar. Radèn Arjuna suka ing galih, Hyang Guru ngandika: Radèn Arjuna ingsun jarwani, wus kulup, sira mangkata, aja nganti pisah karo Sêmar. Radèn Pamadi sandika, nêmbah lumèngsèr. Sêmar amit rinilan, tumurun maring ngarcapada, sigra bidhal.

Mangkana lampahira Radèn Pamadi, tuwin Bambang Dewa Kasimpar, ingiring Garèng, Petruk, duk prapta trataban wana rêpat kêpanasan, kapapag lampahing baris raksasa saking Paranggubarja, dadya prang, ditya pêjah sadaya, Radèn Pamadi, tuwin Bambang Dewa Kasimpar lajêng lampahipun.

6. Madêg ing nagari Pulo Rajapêthi, Sang Prabu Sasrasudarma, miyos ing păncaniti, ingadhêp putra Radèn Sucitra, Patih Arya Jayasudarma, tuwin sagung para punggawa pêpak ing ngabyantara, ingkang rinêmbag anggènipun anggalih kang putra Arya Wahmuka tuwin Arya Arimuka, tansah anggèning angalang-alangi, maring kramaning kadang, kathah para ratu măncapraja samya katulak dening Arya Wahmuka tuwin Arya Arimuka, kasor kadibyanira sawênèh palastra.

Mangkana kasaru rawuhira Sri Maha Duryudana, tuwin Patih Arya Sakuni, sakadang Korawa, Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, tuwin Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Prabu Sasrasudarma gupuh amêthuk sang tamu rawuh, wus kinanthi binêkta lênggah. Sang Prabu Sasrasudarma atur pambagyaharja, sawusira rampung matur têtanya, ing pinăngka miwah sinêdya, Sri Suyudana matur prasaja, nama myang pinăngka sinêdya, arsa ngêdêgi pasanggiri. Sang Prabu Sasrasudarma suka ing galih, Patih Darmasuraya ingutus maring kadipatèn, andhawuhakên maring Arya Wahmuka Arya Arimuka, wontên narendra agung rawuh karsa malêbêt sayêmbara prang. Kyana patih sandika gya mentar, Sri Suyudana ingaturan mirantos ing papan kalangan, sigra mêdal. Sang Prabu Sasrasudarma, kondur ngadhaton. Arya Sucitra umiring.

7. Madêg ing kadipatèn Pulo Rajapêthi, Sang Arya Wahmuka, tuwin ari Arya Arimuka, amanggihi Hyang Naradha, andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Girinata. Hyang Brama, tuwin Hyang Bayu, ngandikan, ngantia praptanira Radèn Pamadi, tuwin Bambang Dewa Kasimpar, iku kakang Sêmar. Jawata kalih sandika, Hyang Naradha sigra mêsat.

Anulya praptanira Kyana Patih Darmasuraya, dinangu matur, kautus kang rama prabu, paring priksa wontên tamu prapta saking Ngastina, sêdya prang ngêdêgi pasanggiri. Paduka kinèn mêdali, Arya Wahmuka suka ing galih, sigra mijil maring kalangan, Korawa kang tinuduh mêmucuki Radèn Arya Kartamarma, duk mulat sang Arya [Ar...]

--- 22 : 6 ---

[...ya] Wahmuka, Radèn Kartamarma sampun trataban, sigra tandhing, saklangkung ramening prang, Radèn Kartamarma gêgamanira tan ana anêdhasi, Arya Kartamarma ginêtak kabur tiba kantaka. Arya Dursasana mangsah amandhi gada, rame prang, ginêtak kantaka. Prabu Suyudana mangsah, saklangkung ramening prang, Hyang Brama èngêt dhawuhnya Hyang Siwah, sigra musus sanjata angin, Korawa sadaya katêmpuh maruta kombul kabuncang tan ana kari, Arya Wahmuka sigra mundur.

[Grafik]

Ditya Arimuka.

8. Madêg ing pratapan Saptarga, Sri Bagawan Abyasa, ingadhêp kang wayah Prabu Yudhisthira, tuwin Arya Sena, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Sang Maha Rêsi Abyasa ngandika: Dhuh, dhuh, siwayèng ulun, kaki prabu, iki wus kalamangsane sira padha sumusula maring praja Pulo Rajapêthi sakadangira, arinira Radèn Pamadi wus ana ing kono tuwin Sêmar, ambabar warna dewata anama Dewa Kasimpar. Sri Darmakusuma tuwin ari sandika, dyan ngaras pada amit mring eyangira, wus rinilan sakadangira, bidhal.

9. Madêg ing Pulo Rajapêthi, Arya Wahmuka lênggah ing pabaratan, Sri Sasrasudarma lênggah ing panggungan.

Mangkana praptanira Radèn Jungkungmardeya, tuwin Arya Jayasudarga, manjing ing kalangan tandhing prang, Arya Jayasudarga ginêtak kantaka, Radèn Arya Jungkungmardeya mangsah prang, ginêtak kabuncang tuwin Arya Jayasudarga, dhawah ing prajanira.

10. Madêg ing Paranggubarja, Prabu Brahmanatapa, lênggah ingadhêp patih, Brahmanasara, tuwin Patih Kalasuyasa. Ginêm lampahira kang putra, kasaru praptanira Togog, ngaturakên tiwasing punggawa ditya tiga, pêjah dening Radèn Pamadi. Sang nata dupi miyarsa kabranang runtik, katungka dhawahira kang putra kombul saking awiyati, thinothok wungu nulya ngaras pada, dinangu matur ing purwa madya wasana. Sri Brahmanatapa, saya sru dukanira, sigra dhawuh mring patih kêkalih: He Patih Brahmanasara [Brah...]

--- 22 : 7 ---

[...manasara,] miwah sira Patih Kalasuyasa, sira padha sun utus, mangrurah Pulo Rajapêthi, amundhut putri karo. Kyana Patih Brahmanasara sandika, gya amit rinilan bidhal saha bala diyu wil raksasa.

11. Madêg ing Pulo Rajapêthi, Sang Prabu Sasrasudarma, ingadhêp ingkang putra Radèn Sucitra, tuwin Patih Darmasuraya. Sang nata prihatin dahat, angraoskên lêlampahaning putra, naning sampun angsal sasmitaning jawata, jatukramaning putra sampun badhe rawuh, satriya di ing tanah Jawi, atmajaning Prabu Pandhu Dewananta, nata binathara ing Ngamarta. Mangkana lagya eca imbal wacana, kasaru praptanira Radèn Pamadi, tuwin Bambang Dewa Kasimpar, laju ingirid maring ngabyantara, wus sinambrama ing pambagya. Sang prabu tanya ing nami tuwin pinăngka, miwah sinêdya. Radèn Pamadi matur, ing wiwitan prapta ing wêkasan, ing nama myang pinăngka tuwin kang sinêdya. Sang Prabu Sasrasudarma saklangkung marma ing galih maring sang lagya prapta, ananging Sang Radèn Pamadi mêksa, sang prabu dadya anuruti, saking dahat sih marma, dadya umiring anjênêngi maring pabaratan.

[Grafik]

Ditya Wahmuka.

12. Madêg ing kadipatèn Pulo Rajapêthi, Sang Arya Wahmuka, tuwin Arya Arimuka, lagya eca ngandikan, kasaru dhatêngira Radèn Sucitra ngaras padaning raka rinangkul, dinangu matur, andhawuhakên mijil kalangan, wontên satriya rawuh ngajap prang tandhing. Arya kalih sigra mijil, ingiring Arya Sucitra, sapraptaning pabaratan sampun panggih Bambang Dewa Kasimpar, ngatas ing karsa. Radèn Pamadi adrêng mangsah, ramening prang ngabên kasantikan, Radèn Pamadi ginêtak, dhawah ngarsanira Bambang Dewa Kasimpar, Radèn Arjuna winangsit wus pralêbda, sigra mangsah sarwi sêmadi, Garèng, Petruk sami amasang sarat, satriya kalih babar mulih mulanira kawah ari-ari. Hyang Brahma tuwin Hyang Bayu jumênêng [jumê...]

--- 22 : 8 ---

[...nêng] ngandika: He, he, kulup Radèn Pamadi, wus bangêt panarimaningsun kaki, payo sira sun pasrahake Ki Prabu Sasrasudarma, tuwin sira Dewa Kasimpar. Sigra tindak.

13. Madêg ing gupit măndragini Pulo Rajapêthi, Sang Prabu Sasrasudarma, lênggah tuwin garwa Dèwi Suyati, aparing priksa, pasanggiri sampun kenging pamadyaning Pandhawa Radèn Pamadi, tuwin kadange Hyang Guru, anama Dewa Kasimpar. Yayi, sira mirantia saupakartining karya, amarga wus pasthi banjur dhaupe. Kang garwa sandika miranti. Anulya rawuhira Sang Hyang Brahma, Hyang Bayu, amasrahakên satriya kalih. Dewa Kasimpar banjur dhaupna kalawan Dèwi Kanastrèn, dene pakurmatan aja susah-susah, Hyang Padawinênang pasthi nêmbadani. Wruhanira, mantunira iku jawata, amung dhaupe Arya Pamadi tuwin Rêtna Dèwi Sulastri ing têmbe, nganti dhawuhe Hyang Padawinênang. Prabu Sasrasudarma sandika. Mantumu wêktu iki tak gawa, maring marcukundha, samăngsa wus miranti, pangantèn ngarak saka suralaya. Hyang Brama, Hyang Bayu sigra mêsat anganthi Dewa Kasimpar.

Sang Prabu Sasrasudarma angrakit-rakit pakartining pamiwaha, anulya praptanira para jawata tuwin widadari, busêkan anambutkarya. Ngantos sampat praptaning sêmayanira.

14. Madêg ing Pulo Rapêthi,[2] Prabu Sasrasudarma, miyos ing pandhapi, katamuan Sri Darmakusuma, tuwin kang rayi Arya Sena, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Nulya gara-gara, ebahing bantala, jumêguring jalanidhi, ngantariksa kadi jawuh surya, Hyang Narada kang mugarèni ing Pulo Rajapêthi, Dewa Kasimpar kinanthi dening Hyang Asmara, Kamajaya. Hyang Guru kanthèn asta tuwin Dèwi Uma. Hyang Brama, Hyang Sambu angampil sêkar dewadaru, kêmbar mayang. Hyang Bayu kang nongsongi, Hyang Surya ngampil kancanira Dewa Kasimpar.

Mangkana ing gupit măndragini Pulo Rajapêthi, kadi udan andaru kêkuwung teja wangkawa, tansah rina tanpa ratri, saking gunging jawah cahya maliwêran. Hyang Naradha tuwin garwa Maeraras, wus samêkta pangrakitira pangantèn putri, Hyang Naradha tumênga munya swara jumêgur, kadya ambêlahna bantala, lampahira Hyang Girinata. Sri Sasrasudarma tuwin Nata Pandhawa urmat angapurancang. Hyang Girinata sampun manjing pura, găngsa Lokanănta kadi gêrah swaranya, pangantèn lajêng kapanggihakên, pondhongan. Hyang Guru amit kondur maring kahyangan, para jawata tuwin widadara-widadari, sami umiring sadaya, sri nata kalih tan sagêd matur, amung sumăngga. Hyang Guru dalah para jawata gya bidhal.

Makana[3] kasaru praptanira parangmuka saking Paranggubarja, Patih Brahmanasara, angirid wadya manusa, Patih Kalasuyasa angirid wadya raksasa. Ing Pule[4] Rajapêthi kagegeran, Sri Yudhisthira sasmita mring

--- 22 : 9 ---

rayi Arya Sena, tuwin Radèn Pamadi, Arya Sucitra umiring, angirid wadyabala, praptèng jawi panggih lan mêngsah ayun-ayunan, campuh prang rame gantya long-linongan. Danguning prang, Patih Brahmanasara pêjah dening Radèn Pamadi, Kalasuyasa pêjah dening Arya Sucitra, lajêng sampak. Wadya sabrang ditya manusa ingamuk Arya Sena, sirna larut. Sirnaning mêngsah sigrah[5] mundur maring pura pinêthuk dening Prabu Sasrasudarma, tuwin raka Prabu Yudhisthira, sigra amangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

96. Lampahan Sêmar Minta Bagus.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Partajumêna, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata miyarsa warta, bilih ingkang rayi Nata Pandhawa sungkawa, awit Sêmar murca saking praja. Botên watawis dangu dhatêngipun kang rayi Radèn Sadewa, dinangu matur, ingutus kang raka Sri Yudhisthira, Sri Krêsna ingaturan maring praja Ngamarta. Prabu Krêsna anyagahi, lajêng dhawuh mring putra Radèn Arya Sămba, kinèn angiring kang paman Radèn Sadewa maring Ngamarta. Sasampuning dhawuh, Sri Krêsna kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Kasaru kondurira sang nata, pinêthuk ing garwa têtiga, kinanthi binêkta lênggah satata, imbal wacana dènira amăncaniti, katamuan kang rayi Radèn Sadewa, ingutus Sri Yudhisthira, angaturi mring raka nata, supados rawuh mring Ngamarta. Sang nata dhawuh mring garwa têtiga, kinèn cawis busana kapandhitan. Sri nata lajêng minggah ing sanggar pamujan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Partajumêna, tuwin Patih Udawa, rêmbag arsa angiring kondurira kang paman Radèn Sadewa maring Ngamarta, kinèn siyaga, sami wahana turăngga. Sasampuning samapta lajêng bidhal kapalan. Tindakira Sri Krêsna miyos ing gêgana.

4. Madêg ing Pringgadani, Dèwi Arimbi, ingadhêp kang putra satriya Prabu Radèn Arya Gathutkaca, tuwin para punggawa ditya. Dèwi Arimbi dhawuh maring putra satriya Prabu Radèn Arya Gathutkaca, angsal wangsiting jawata, bilih pun Sêmar murca saking praja ing Ngamarta, awit dinukanan mring Radèn Arjuna, mila [mi...]

--- 22 : 10 ---

[...la] Sri Yudhisthira tyasira sungkawa. Dèwi Arimbi lajêng dhawuh maring putra Radèn Arya Gathutkaca, kinèn sowan maring kang uwa Sri Yudhisthira, kang putra sandika, lajêng bidhal maring Ngamarta.

5. Madêg ing nagari Pudhaksatêgal. Prabu Sêktiwijaya miyos ingadhêp Patih Dasapada, tuwin para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata sungkawa, awit prajanira kenging wêwêlaking jawata, pagêring agêng, sakit enjing sontên pêjah, sakit sontên enjing pêjah. Sang nata sidhakêp, nulya angsal wangsiting dewa, bilih arsa mulya prajanira, kinèn angupaya tumbal andhusthaa nata ing Ngamarta Prabu Yudhisthira, botênipun inggih punakawanipun, tamtu mulya prajanira. Prabu Sêktiwijaya lajêng animbali punggawa kêkalih, lajêng mangarsa. Punggawa kêkalih dhinawuhan maring praja Ngamarta kinèn andhustha Sri Yudhisthira, sandika pangkat, sang nata ngadhaton.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

6. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ing Pudhaksatêgal, sami rêmbag dènira ingutus maring praja Ngamarta, andhustha Sri Yudhisthira, sampun sami siyaga lajêng bidhal.

7. Madêg ing nagari sabrang ing Tunjungtampungan, Prabu Jathayaksa, miyos ingadhêp Patih Kalayaksa, tuwin para punggawa ditya pêpak kang anangkil. Ginêm: sang prabu anggalih ing prajanira anggèning kenging wêwêlak agêng. Sang nata angsal wangsiting dewa, bilih badhe mulya prajanira, andhusthaa Sri Yudhisthira ing Ngamarta. Sri nata lajêng miji punggawa ditya têtiga, kinèn maring praja Ngamarta, andhustha Sri Yudhisthira, sampun winêling saliring lampah. Punggawa têtiga sandika, lajêng amit mêdal ing jawi.

8. Madêg ing paseban jawi, para punggawa Ditya Kalawisatha, Ditya Kalarudaksa, Ditya Kalamitraksa. Rêmbag dènira ingutus maring praja Ngamarta, sampun siyaga, lajêng bidhal, kang dados cucuking [cu...]

--- 22 : 11 ---

[...cuking] lampah Kyai Togog tuwin Sarawita. Lampahira punggawa ditya dumugi wana, kapapag kalihan lampahipun punggawa ing Pudhaksatêgal, pasulayaning rêmbag, dadya prang. Punggawa Pudhaksatêgal kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

9. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp Sêmar, tuwin Bagong. Lurah Sêmar jêlih-jêlih saking sakit manahipun, awit pabên kalihan kang wayah Radèn Arjuna. Awiting prakawis, kuncung kula dipun jambak wayah sampeyan Rêtna Wara Srikandhi ngantos jêbol. Punika sakit manah kula. Sang Bagawan Abyasa ngandika: Sêmar, kowe aja lunga-lunga. Pasthi rusak ing nagari Ngamarta, kowe aja lunga. Botên sang bagawan. Samangke tiyang sampun mukti, dhasar santananing ratu, kados supea dhatêng kula. Panêmbahan, kula nyuwun pamit, Bagawan Abyasa tansah amambêngi, nanging Kyai Lurah Sêmar mêksa kesah sapurug-purug.

[Grafik]

Danawa.

[Grafik]

Sêmar.

Madêg samadyaning wana, para punggawa ditya kang saking praja sabrang, sami rêmbagan. Kasaru dhatêngipun Lurah [Lu...]

--- 22 : 12 ---

[...rah] Togog, atur uninga, wontên tiyang lumampah. Danawa lajêng amurugi, pasulayaning rêmbag, dadya prang kalihan Sêmar tuwin Bagong, danawa sami kasêsêr, Lurah Sêmar tuwin Bagong, lajêng mumbul dhatêng suralaya.

10. Madêg ing nagari Pudhaksatêgal, Prabu Sêtiwijaya, miyos ingadhêp Patih Dasapada. Sri Sêtiwijaya saklangkung dukanira, punggawanira sami kaplajêng dening danawa, lajêng utusan malih maring Ngamarta.

11. Madêg ing Selapanangkêp, Cingkarabala, kang têngga kontên, lagya ginêm, kasaru dhatêngipun Lurah Sêmar tuwin Bagong, arsa lumêbêt ingadhangan kalihan Cingkarabala, lajêng prang kalihan Sêmar, Cingkarabala lumajêng.

12. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Pramèsthi Guru, ingadhêp Sang Hyang Narada, Sang Hyang Endra. Ginêm ebahing suralaya, kawah Căndradimuka kadi kinêbur. Kasaru dhatêngipun Cingkarabala, matur Sêmar sumêngka pangawak bajra. Sang Hyang Guru dhawuh mring Sang Hyang Narada, tuwin Sang Hyang Endra, kinèn mapag. Sêmar lajêng pinapagakên kalihan Sang Hyang Narada kalihan Sang Hyang Endra, Sêmar dinangu matur: Aku Narada, arêp anjaluk rupa bagus. Ora kalilan, Sêmar, yèn kowe anjaluk rupa bagus. Dhèk awang-uwung kowe iya wus rupa mangkono. Aturira Sêmar: Aku wong lara atiku, Narada, karo Pandhawa, dak kêmpit kaya wade, dak juju kaya manuk, saiki pamalêse kaya ngene dadine awakku, ora trima têmên aku, tak jaluk têmên ingkang sumare ana ing Saptarga. Uwis balia, Sêmar. Pinurih wangsul rambah-rambah Sêmar tan purun, lajêng prang, Sang Hyang Naradha tuwin Sang Hyang Endra kasor, lajêng tinimbalan kalihan Sang Hyang Pramèsthi Guru. Sêmar matur nyuwun warni bagus, inggih pinarêngakên, namanira Bambang Dewalêlana, Bagong ugi sinantunan warni bagus, nama Bambang Dewalêngkara. Sang Hyang Guru dhawuh, bambang kêkalih samya pinurih tumurun mring marcapada, sarta ambêdhaha praja, ing pundi kang pinilih, kinarya pakuwonira. Sasampunira mangkana, bambang kêkalih amit rinilan.

13. Madêg ing madyaning wana Pudhaksatêgal, para punggawa kang dinuta maring Ngamarta. Kasaru dhatêngipun Bambang Dewalêlana, pasulayaning rêmbag, dadya prang, punggawa kasor kaplajêng dipun kodhol.

Madêg Sang Prabu Sêtiwijaya, tuwin Patih Dasapada. Ginêm: sang nata angarsa-arsa kang dinuta. Kasaru dhatêngipun punggawa kang dinuta, dinangu matur, bilih pasulayan kalihan satriya wau nama Bambang Dewalêlana. Sarêng mirêng aturira punggawa, Sang Prabu Sêtiwijaya, sakalangkung duka, kasaru dhatêngipun [dha...]

--- 22 : 13 ---

[...têngipun] Bambang Dewalêlana, lajêng kapanggihan Sang Prabu Sêtiwijaya. Bambang Dewalêlana: mulane aku têka marene, kowe têluka marang aku, kaprabonmu dak pundhut. Sang Nata Sêtiwijaya lajêng duka, dadya prang. Sri Sêtiwijaya kacêpêng dening Bambang Dewalêlana, matur sampun têluk Sang Prabu Sêtiwijaya, kadadosakên patih lêbêt, Patih Dasapada kadadosakên pêpatih jawi. Bambang Dewalêlana dados ratu, lajêng Patih Dasapada ingutus dening Prabu Dewalêlana, kinèn amundhut sêrat kalimasada maring Ngamarta. Dibisa lumêbu ing ajur ajèr. Patih sandika, lajêng bidhal.

14. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, miyos ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, tuwin Radèn Nakula, para punggawa pêpak. Ginêm: Sri Yudhisthira sungkawa, awit panakawanira, pun Sêmar kesah, jalaran tinundhung kang rayi Radèn Arjuna. Kasaru dhatêngipun caraka Pudhaksatêgal, amancala warna Prabu Krêsna, sampun bagya-binagya lênggah satata. Ginêm: Sri Krêsna amundhut jimat kalimasada, Sri Yudhisthira angaturakên. Sampuning katampèn, Sri Krêsna babar Patih Dasapada, lajêng mêsat. Sri Yudhisthira tuwin para rayi sami ngungun ing panggalih sarta sungkawa. Kasaru rawuhira Sri Krêsna ingkang sajati. Ginêm, Sri Yudhisthira awêwarta, bilih cinidra Prabu Pudhaksatêgal, amindha Sri Krêsna. Sri Krêsna amit arsa ngupaya, lajêng mijil ing jawi ngayuh ing gêgana.

15. Madêg ing nagari Pudhaksatêgal, Prabu Dewalêlana, ingadhêp putra Dewalêngkara, tuwin Patih Sêtiwijaya. Ginêm, patih nata angarsa-arsa patih kang dinuta. Datan dangu praptanira Patih Dasapada, angaturakên sêrat kalimasada, lajêng katampi Prabu Dewalêlana, ananging Prabu Dewalêlana punika ingkang dados Sri Krêsna. Sasampunira nampèni sêrat kalimasada, lajêng babar Prabu Krêsna tinubruk ing Patih Dasapada oncat, tinututan.

16. Madêg ing nagari Ngamarta, Radèn Arya Wrêkodara, kasaru rawuhipun Sri Padmanaba ambêkta sêrat kalimasada, dipun têdhakakên kang rayi Sri Yudhisthira, lajêng babar Patih Dasapada wau, Sri Krêsna èmêng ing galih, lajêng amuja sêmèdi, tumurunira Sang Hyang Narada, ngandika: Wis mênênga bae, măngsa kêlara nadhahi. Sang Rêsi Narada, lajêng anggêgana.

17. Madêg ing dhatulaya, Sri Maharaja Prabu Dewalêlana, ingadhêp kang putra Bambang Dewalêngkara, datan dangu rawuhira Rêsi Naradha, saklangkung dènira ngrarêpa, Naradha ngandika: Bangêt têmên, momongane gène kongsi prihatin. Sri Dewalêlana ngandika: Kowe mênênga bae, sarta

--- 22 : 14 ---

muliha, Naradha, kowe aja milu susah, tak kapokake bae dhisik. Rêsi Narada lajêng gêgana. Sapêngkêrira sang rêsi, Sri Dewalêlana animbali para patih, patih jawi Dasapada, patih lêbêt Sêtiwijaya, sampun sami mangarsa, nulya pinundhut sêratira kalimasada. Botên dangu patih kêkalih dhinawuhan mêdal ing jawi, kinèn sami pradandan. Sang nata arsa lumurug maring nagri Ngamarta, ingkang wontên salêbêting dhatulaya, lajêng racut busananira bagus. Babar Sêmar tuwin Bagong, lajêng sumbar. Ing jawi patih kêkalih sami kagèt, wontên tiyang sêsumbar, lajêng samya lumêbêt sadaya, Sêmar tuwin Bagong kinarubut ing kathah. Ki Lurah Sêmar rumaos bilih sakit, awit datan mawi pêdhang tuwin dhuwung, Ki Lurah Sêmar lajêng kaplajêng, sarta ambêkta sêrat kalimasada, lajêng kinodhol patih kêkalih wau. Lajêng Sri Krêsna amanggihi Sêmar, sêrat kalimasada pinundhut, Sêmar tan suka. Kowe Si Puthut Dasapada. Krêsna dudu lajêng babar, nulya pinanggihan malih Radèn Arjuna, Ki Lurah Sêmar wacana: kowe dudu Arjuna, kowe Si Patih Dasapada, lajêng babar malih. Nuntên pinanggih Ratu Ngamarta, Sri Yudhisthira, Sri Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, Sêmar ngaturakên sêrat kalimasada, katampèn Sri Yudhisthira. Radèn Arya Wrêkodara pinurih nyirnakna patih ing Pudhaksatêgal. Lajêng mêdal ing jawi, prang, patih ing Pudhaksatêgal kasor, pêjah, nuntên dhatêngipun nata yaksa, Prabu Kalayaksa, ing sabrang sawadyanira, pinapag Radèn Arya Wrêkodara, prang rame, Raja Yaksa pêjah, sampak, wadya ditya sirna gêmpang tan măngga puliha.

[Grafik]

Sang Hyang Narada.

Madêg Prabu Yudhisthira, nuju lênggah ing pandhapi kalihan ingkang raka Prabu Krêsna, tuwin para rayi Pandhawa pêpak, lajêng bojana ăndrawina, tancêb kayon.

97. Lampahan Sêmar Papa.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, para punggawa pêpak [pê...]

--- 22 : 15 ---

[...pak] kang anangkil. Ginêm: sang nata miyarsa warta, bilih ing praja Ngamarta kataman pagêring. Botên watawis dangu dhatêngipun Radèn Nakula, tuwin Radèn Sadewa, lajêng kinèn mangarsa. Kang rayi dinangu matur, kautus ingkang rayi Nata Ngamarta Sri Yudhisthira, atur uninga bilih praja Ngamarta kenging pagêring, mila ingkang raka Sang Prabu Krêsna, ingaturan tindak dhumatêng Ngamarta. Sri Krêsna ngandika mring kang rayi kêkalih kinèn rumiyin. Sri Krêsna lajêng ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Satyaboma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Ginêm: angarsa-arsa kondurira sang nata. Kasaru rawuhira sang prabu, pinêthuk ing garwa têtiga, kinanthi binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana mring garwa, mila dangu dènira sinewa, awit katamuan kang rayi Radèn Nakula, tuwin Radèn Sadewa, ingutus rayi Prabu Yudhisthira. Ingsun ingaturan maring Ngamarta, awit kadang Nata Pandhawa samya sungkawa. Sang nata dhawuh mring garwa, kinèn cawis busana kapandhitan, arsa tindak maring Ngamarta. Saspunira[6] samapta, Sri Krêsna lajêng anggêgana.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Sămba, tuwin kang paman Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Arya Sêtyaki. Ginêm badhe kondurira kang paman maring Ngamarta. Awit ingkang rama Prabu Krêsna tindakira miyos ing gêgana. Sampun samapta lajêng bidhal.

4. Madêg ing nagari Garbaruci, Sang Prabu Pancadnyana, miyos ingadhêp Patih Păncayahnya, tuwin para punggawa ditya pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata anggalih ing prajanira dènnya kenging wêwêlaking jawata, sang nata angsal wangsiting dewa kinèn ngupaya tumbal: manusa pangawak dewa. Prabu Pancadnyana, sigra dhawuh maring Patih Păncayahnya, kinèn amiji punggawa ditya ingkang sinêlir, ingkang sampun nate amungkasi karya. Patih sandika, gya dhawuh mring punggawa ditya pangarsa, sampun winêling saliring karya. Punggawa ditya têtiga sandika, lajêng bidhal.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa Ditya Kalaagnyana, Ditya Kalawiyana, Ditya Kalawiyata. Ginêm: dènira ingutus sang nata ngupaya têtumbaling praja, sampun siyaga, lajêng bidhal, ingkang dadya cucuking lampah Kyai Togog tuwin Sarawita. Lampahira sarêng dumugi ing margi, kapapag baris wadya saking Dwarawati, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

--- 22 : 16 ---

6. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp kang wayah Radèn Arya Gathutkaca, tuwin kang rayi Radèn Ăngkawijaya, dinangu kang wayah matur, bilih ingutus ingkang uwa Prabu Yudhisthira, anuwun dhawuh wagêdipun waluya ing praja Ngamarta, awit kataman ing pagêring agêng. Sang Bagawan Abyasa dhawuh mring kang wayah kinèn ngangge srana têtawur, Sêmar kinèn amêjahi. Kang wayah Radèn Arya Gathutkaca tuwin Radèn Ăngkawijaya, lajêng dhinawuhan mantuk, sandika, lajêng amit mundur. Sêmar Nala Garèng, Petruk, tan kantun.

Mangkana lampahira Radèn Arya Gathutkaca tuwin kang rayi Radèn Ăngkawijaya, dupi dumugi samadyaning wana, kapapag wadya ditya saking Garbaruci, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa pêjah sadaya jinêmparing tuwin pêjah dening Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Ăngkawijaya lajêng lampahira, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Bagawan Abyasa.

7. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, miyos ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, tuwin Patih Tambakganggêng, pêpak para punggawa kang anangkil. Ginêm: Sri Yudhisthira angarsa-arsa kang raka Sri Krêsna. Datan dangu rawuhira Sri Padmanaba, tuwin kang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Sasampunira ingaturan pambagya, lajêng angginêm ruwêd-rêntênging praja Ngamarta. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Gathutkaca, tuwin kang rayi Radèn Ăngkawijaya, lajêng dinangu, matur sadhawuhira ingkang eyang Bagawan Abyasa, purwa madya wasana ingaturakên sadaya. Sri narendra kêkalih dupi miyarsa: sigêg, Radèn Arya Wrêkodara, tuwin kang rayi Radèn Arjuna sami anjêtung. Dangu-dangu lajêng sami pinupus pêpasthèning jawata, nanging Prabu Krêsna sami sanalika kabuka ing panggalihira, angsal sasmitaning jawata, lajêng angandika: Yayi Prabu Yudhisthira, prayoginipun, pun Ăngkawijaya kautusa anganthi pun Sêmar. Radèn Ăngkawijaya lajêng winêling-wêling saliring lampah, Radèn [Ra...]

--- 22 : 17 ---

[...dèn] Ăngkawijaya tampi karsaning kang uwa Sri Yudhisthira, sandika lajêng amit rinilan. Pangkat anganthi pun Sêmar maring wana.

Ing pasewakan, Sri Yudhisthira, tuwin raka Sri Krêsna, sami anglajêngakên pirêmbag. Sri Krêsna paring wasita dhatêng para ari sadaya, para ari sampun sami cariyos saliring lêlampahan, lajêng sami minggah ing pamêlêngan, tan pisah kang para kadang, sagarwa putra sami bela, pudyastuti nungku puja.

8. Madêg ing Setragăndamayu, Prabu Dewasrani, miyos ingadhêp para ditya siluman. Prabu Dewasrani, andhawuhakên timbalaning kang ibu Sang Hyang Bathari Durga, para punggawa ditya siluman sami dhinawuhana angrêncana Nata Pandhawa. Para punggawa ditya ingkang dhinawuhan sandika, gya mêsat.

9. Madêg samadyaning wana, Radèn Ăngkawijaya tuwin Sêmar. Radèn Ăngkawijaya, tansah dènnya karuna samargi-margi, Sêmar tansah anglipur ing bandara. Ananging Sêmar sampun botên kasamaran karsaning bandaranira, sajatinira Sêmar: Sang Hyang Asmarasanta, inggih Bathara Maya angejawantah, among darah Brama Wisnu. Sêmar dadya umatur ing bandaranira: Bêndara, kadospundi karsandika, ampun ngangge pakèwêd. Radèn Ăngkawijaya angandika: Wa Sêmar, ingsun bae nuli patènana, marga ingsun ora bisa nglakoni, wa, iya wis mangkono bae, sira sun tinggal anèng kene, sira umpêtana sing kiwa, nanging adhakan. Marga dhawuhe Sri Krêsna nora karilan ingsun matèni, amung saka wêdi dhawuhe sang bagawan. Sêmar suka gumujêng anjurungi karsanira Sri Krêsna, sarwi matur ing bandara: Sampun sumêlang, prakara ing awak kula, marga niki lêlakon langkung gawat, bilih sampun dhawah kalamangsanipun, tamtu sagêd luwar ing prihatin. Sampun bandara andika kondur, mangke kula manahipun. Radèn Ăngkawijaya lajêng winisik dening Sêmar, Radèn Ăngkawijaya sampun tampi, lajêng widagda, amit mring Sêmar, lajêng kondur.

10. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, lênggah tuwin kang raka Sri Krêsna ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Kasaru lêbêtipun Patih Tambakganggêng, dinangu matur, atur uninga manawi ing candhi Saptarga karisak dening raksasa kruraya. Sri Yudhisthira sigra dhawuh mring rayi Radèn Arya Wrêkodara, sandika lajêng pangkat, tuwin kang putra Radèn Arya Gathutkaca.

Ing Ngamarta, sapungkurira kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, samya anênuhun maring jawata kang linuwih, anuwun sih pangaksama. Kasaru dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya, dinangu matur sampun kalampahan, anyirnakakên Sêmar, madyaning wana. Mangkana dupi miyarsa, saya kadaut rêntênging wardayanira [wardaya...]

--- 22 : 18 ---

[...nira,] Sri Yudhisthira, Sri Krêsna tansah angêngimur, lajêng minggah ing pamêlêngan, anuhun pangaksamaning dewa.

11. Madêg ing Saptarga, para punggawa ing Ngamarta, kang tugur andandosi candhi Saptarga tansah rinusak ing ditya. Rawuhira Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Arya Gathutkaca, lajêng prang kalihan ditya siluman, Kalajarameya, Jurumeya, mêngsah tan kenging pêjah, dangu-danguning prang, Radèn Arya Wrêkodara kenging kêmayan, kêmbêl anèng madyaning wana, Radèn Arya Gathutkaca, datan sagêd anulungi, sêdya matur ing uwa Prabu Yudhisthira, tuwin Sri Krêsna, sigra mêsat.

12. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, tuwin kang raka Prabu Krêsna, miwah kang rayi Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Gathutkaca, atur uninga, bilih kang rama Radèn Arya Wrêkodara kêmbêl wontên samadyaning wana, sariranira tan sagêd têtulung. Sadaya para kadang miyarsa gugup, lajêng sami anindaki.

13. Madêg samadyaning wana, Radèn Arya Wrêkodara, wontên ing kêmbêlan datan sagêd obah. Saklangkung dènnya kawêlasarsa sêsambatira. Kasaru dhatêngipun Sêmar, Radèn Arya Wrêkodara anyapa, Sêmar sumaur: Inggih kula pun Sêmar, Radèn Arya Wrêkodara. Kawuningana, kula punika sajatosipun botên pêjah, sowan kula ing ngriki badhe matur ing paduka, radèn. Punapa radèn sampun karaos wontên ing ngriki, salêbêtipun ngêmbêlan. Radèn Arya Wrêkodara mêmalat driya: O, ora kayaa, kakang, ya luwih panas pêrih sarta prihatin. Sêmar umatur: Kula tulungi, punapa radèn karsa andhahar atur kula, sarta mangke sakêdhap sadhèrèk paduka sami kula dhatêngakên ing ngriki. Pangandikanira Radèn Arya Wrêkodara: Iya kakang, ingsun miturut. Sêmar lajêng anulungi, Radèn Arya Wrêkodara sampun waluya sajati, ponang êmbêl sirna. Kasaru rawuhipun kang raka Prabu Krêsna tuwin Prabu Yudhisthira, Radèn Arjuna, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa, kusung-kusung sami angrangkul kang rayi Radèn Arya Wrêkodara. Para ari ngabêkti ing raka, Sri Krêsna andangu kang dadya mula bukanira waluya sajati. Radèn Arya Wrêkodara matur purwa madya wasana dumugi kinèn amêjahi ingkang eyang Bagawan Abyasa. Para kadang samya kèndêl, Sang Prabu Krêsna angandika: Samêngko Sêmar ana ngêndi, mara timbalana. Radèn Arya Wrêkodara mentar, animbali Sêmar. Tan dangu dhatêng ngarsaning raka angirid Sêmar. Sri Krêsna andangu: Kakang Sêmar, apa mulane sira anuduh mangkono. Sêmar matur sajarwa, wiwitan dumugi wêkasan. Sri Krêsna tuwin Sri Yudhisthira saklangkung ngungun kanthi sukaning wardaya. Sri Krêsna ngandika: Yèn mangkono, kakang Sêmar, sira milua [milu...]

--- 22 : 19 ---

[...a,] ingsun tuwin yayi Prabu Yudhisthira padha anjênêngi maring wukir Rêtawu. Sêmar sandika, tuwin Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Gathutkaca, lajêng mêsat.

14. Madêg ing wukir Rêtawu, Sang Hyang Bathari Durga, pindha Sang Bagawan Abyasa, ingadhêp cantrik kêkalih, inggih punika Rajamaya, Jurumeya, ditya siluman. Dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, dinangu matur, lajêng mitêmbung: kaki, sira mati apa urip. Sang pindha bagawan, bramantya. Sang Bagawan Abyasa winasuh dening Radèn Arya Wrêkodara, ananging Radèn Arya Wrêkodara kaprêbawa, kantos sayah. Sri Krêsna tansah aningali, Sêmar saklangkung wêlas aningali dhatêng Radèn Arya Wrêkodara, Sêmar lajêng tiwikrama narajang, Sang Hyang Durga arsa oncat kacandhak, lajêng winasuh dinulang êntut, cantrik babar Jaramaya, Jurumeya. Sang Hyang Durga lajêng asrah tobat, sampun ingaksama. Sang Hyang Durga paring pitêdah, manawi Rêsi Abyasa piningit ing dewa, wontên pêpajanganing pura pratapan. Sang Hyang Durga mêsat, Sri Krêsna sakadang Pandhawa lajêng sami marêk.

15. Madêg Sang Bagawan Abyasa, kang mêntas piningit, lajêng lênggah ing pura pratapan. Kasaru rawuhira kang wayah Prabu Krêsna, tuwin Sri Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Parta, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Sang Bagawan Abyasa paring dhawuh, kawontênanipun ing lêlampahan: punika wiji jalaran anggènira ambangun mulyakakên ing Saptarga, sami sumêrêpana, ing wêkdal punika sami pinaringan pangaksama ing jawata. Amung ing têmbe, kaki Prabu Krêsna ingsun pasrah ing sira, mangsi bodhoa arinira Pandhawa, Sri Krêsna andhêku sandika. Sampun sami rinilan kondur, lajêng sami bidhalan.

16. Madêg ing Tunggulmalaya, Prabu Dewasrani, murina ingkang ibu, dhawuh mring patih tuwin para punggawa pêpilihan. Senapatinira kinèn angrabasèng mring praja Ngamarta. Patih sandika, lajêng angrakit-rakit. Sasampuning siyaga, lajêng bidhal.

17. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, lênggah tuwin kang raka Prabu Krêsna, ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin Patih Tambakganggêng, pêpak para punggawa kang anangkil. Ginêm: sang nata sami arsa nênuwun pangaksama maring jawata kang linuwih. Kasaru gègèring jawi, dhatêngipun parangmuka saking Tunggulmalaya, Sri Krêsna sasmita mring rayi Radèn Arya Wrêkodara, kinèn mapag prang, Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Arjuna miwah para putra sami mêdal ing jawi, dumugi ing jawi sampun kapanggih kalihan mêngsah, prang rame, wadya ditya sami sirna kasor dening Radèn Arya Wrêkodara, sampak.

--- 22 : 20 ---

Sasirnaning mêngsah, Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Arjuna, miwah para putra lajêng samya wangsul marêk maring pasewakan.

18. Madêg ing pasewakan, Prabu Yudhisthira, Prabu Krêsna ingadhêp Patih Tambakganggêng. Kasaru kondurira Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, tuwin para putra, ingkang sami mapag ing yuda, lajêng sami lênggah satata, mangun bojana ăndrawina, tancêb kayon.

98. Lampahan Durtawarna.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos siniwi mungging păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang mungging ngarsa putra Radèn Sămba, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, pêpak para wadya kang sami nangkil. Ginêm, Sang Prabu Baladewa miyarsa warta, ing praja Dwarawati kancikan mêngsah saking nagari Burneo. Sri Krêsna matur: Inggih lêrês. Prabu Baladewa langkung duka. Kasaru sowanipun Radèn Nakula, Radèn Sadewa, sasampuning mangarsa dinangu, matur kautus raka nata ing Ngamarta, atur uninga, bilih sêrat kalimasada ical. Sri Krêsna ingaturan tindak dhatêng ing Ngamarta, Prabu Krêsna sagah, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, sami amit mundur. Prabu Baladewa kaparêng badhe amêthukakên mêngsah ingkang wontên ing jawi kitha, mundhut kanthi ingkang putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, lajêng bibar tinangkil.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara têtiga: Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ngêntosi kondurira sri nata, ngiras mariksani ajaring badhaya srimpi, ingadhêp para parêkan. Kasaru rawuhira sri nata, lajêng pinêthukakên garwa têtiga, sami kêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng garwa têtiga, mila dangu anggènipun nangkil awit katamuan kang raka Sri Baladewa, tuwin caraka ing Ngamarta. Sri Krêsna mundhut busana kaprajuritan, arsa tindak ing Ngamarta. Sampuning ngagêm kawaca, lajêng tindak ing pamujan, ambêsmi dupa, sri nata lajêng tindak nurut kukusing dupa.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, Patih Pragota, Patih Prabawa. Sri Baladewa dhawuh dhatêng putra santana tuwin para punggawa, sami pradandan, arsa mêthukakên mêngsah kang wontên jawi rangkah, sampun sami siyaga lajêng bidhalan, kapalan.

--- 22 : 21 ---

4. Madêg ing nagari Burneo, patih lêbêt Jayasantika, tuwin patih jawi Jayagrenda, ingadhêp para wadya pêpak. Ingkang rinêmbag ing tanah Jawi nagari Ngastina sampun bêdhah, kathah para prawira ingkang kapikut, amung Rêtna Dèwi Banowati lolos saking gêdhong. Kyana Patih Jayasantika animbali punggawa ditya. Sampuning mangarsa Ditya Kalakalumba. Sampuning winarah saliring lampah, kautus angupadosi Rêtna Dèwi Banowati, sampuning winêling punggawa Ditya Kalakalumba, wulucumbu kêkalih, Togog, Sarawita, lajêng mêdal ing jawi.

[Grafik]

Patih Pragota.

[Grafik]

Radèn Arya Satyaki.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya, Kalakalumba, Kalakalumbi, Kalakalimba, sami rêmbag dènira dinuta ngupadosi Rêtna Banowati. Sasampuning siyaga lajêng bidhalan, Kyai Togog tuwin Sarawita dadya panganjuring lampah.

6. Madêg ing wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, katamuan ingkang wayah

--- 22 : 22 ---

Radèn Ăngkawijaya, tuwin panakawan kêkalih, Kyai Sêmar, Nala Garèng. Ingadhêp para cantrik. Ginêm: Sang Bagawan Abyasa andangu kang wayah, Radèn Ăngkawijaya matur ingutus kang rama Radèn Janaka, atur uninga, bilih sêrat kalimasada ical. Sang Bagawan Abyasa wêwarah dhatêng kang wayah Radèn Ăngkawijaya, sadaya sampun wontên Sri Krêsna. Radèn Ăngkawijaya amit mundur, rinilan lajêng pangkat, ingiring panakawan kêkalih, Kyai Sêmar, Nala Garèng.

Ing wana para punggawa yaksa saking Burneo, Ditya Kalakalumba, Ditya Kalakalumbi, Ditya Kalakabimbu. Ginêm: sampun dangu wontên ing wana ngupadosi Rêtna Dèwi Banowati dèrèng kapanggih, lajêng kapapag Radèn Ăngkawijaya, pasulayaning rêmbag, dados prang, wadya ditya sami pêjah, Kyai Togog tuwin Sarawita sami lumajêng, Radèn Ăngkawijaya nglajêngakên lampahipun, ingiring panakawanipun kêkalih.

7. Madêg samadyaning wana, Rêtna Dèwi Banowati, tuwin putra Dèwi Lêsmanawati, ingadhêp parêkan, lênggah ing ngandhaping mandera sami tawan tangis. Kasaru dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya, matur pitakèn, karananipun wontên ing wana, Dèwi Banowati ngandika, bilih saking nagari Burneo, wontên ing ngrika mêntas kagêdhong, dene sapunika sagêd mêdal, botên pinanggih ingkang garwa Prabu Suyudana. Radèn Ăngkawijaya matur, punapa kaparêng kondur dhatêng ing Madukara, Dèwi Banowati karsa, lajêng sami pangkat dhatêng Madukara, ingiring Radèn Ăngkawijaya, tuwin panakawanipun kalih.

8. Madêg ing Madukara, Sang Arjuna, pinuju lênggah tuwin para garwa Dèwi Wara Sumbadra, Dèwi Srikandhi, Nikèn Rarasati. Kasaru sowanipun ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, dinangu matur, ngaturakên dhêdhawuhipun ingkang eyang Bagawan Abyasa, tuwin ngaturakên Rêtna Dèwi Banowati saha putra, pinanggih wontên ing wana, lajêng ingaturan dhatêng dalêm, Radèn Arjuna saputra lajêng sowan dhatêng Ngamarta, ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng.

9. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, miyos ing pandhapi agêng, amanggihi ingkang raka nata ing Dwarawati, Prabu Krêsna, ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Ginêm, Sang Prabu Yudhisthira, matur ing raka Sri Krêsna, icalipun sêrat kalimasada. Kasaru sowanipun Radèn Arjuna, tuwin ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, dinangu matur, ngaturakên dhawuhipun ingkang eyang Sang Bagawan Abyasa, sadaya sampun wontên ing Nata Dwarawati. Sri Krêsna ngandika: Prayoginipun para kadang Pandhawa sami nglurug dhatêng ing nagari Burneo, bokmanawi sêra [sêra...]

--- 22 : 23>[7] ---

 


Rajapêthi. (kembali)
Rajapêthi. (kembali)
Mangkana. (kembali)
Pulo. (kembali)
sigra. (kembali)
Sasampunira. (kembali)
Halaman 23 dan seterusnya hilang. (kembali)