Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443g.

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pangudinipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid VIII

Isi lampahan:

26. Arjuna papa.

27. Bondhan Paksajandhu.

28. Bale sagala-gala.

29. Radèn Seta krama.

30. Radèn Untara, Radèn Wratsăngka krama

Bale Pustaka - Wèltêprèdhên, 1930.

--- 8 : [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No.600.

--- 8 : [3] ---

26. Lampahan Arjuna Papa.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ing ngarsa Rêsi Durna, tuwin Patih Sakuni, Radèn Arya Dursasana, miwah Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Ingkang ginunêm: Patih Arya Sakuni, angaturakên sasampune ingutus sang nata, anglabuh kuwandanira Radèn Arjuna maring têlênging samodra. Sang Prabu Suyudana kumêpyur ing wardaya, kadadak awlas mring rayi Radèn Arjuna, dene kalajêng sedanira, rinacun dening Patih Arya Sakuni, dangu-dangu pinupus pêpasthèning jawata. Andikanira: Bapa Rêsi Durna, kadipundi karsa andika, bab putra kula kaki Prabu Jayasutikna, ing Paranggumiwang, rèh samêngko Radèn Parta wus palastra. Bapa, jêngandika dhawuhakên maring kaki prabu, ing Madukara sun pasrahakên, sarta sirnane Pandhawa pisan. Yèn wus rampung ing karya pasthi banjur manira panggihakên kalihan putra manira nini sêkaring kadhaton. Bapa, jêngandika dhawuhakên pribadi, anganthia paman Arya Sakuni tuwin para ari Korawa. Rêsi Durna sandika. Sang prabu nulya kondur ngadhaton.

[Grafik]

Prabu Duryudana.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp [i...]

--- 8 : 4 ---

[...ngadhêp] kang putra Dyah Rêtna Lêsmanawati, ingkang ginunêm: tansah dènnya prihatin dahat, tan pisah ing putra, sami dènnya tarak brăngta, siyang dalu udrasa, Dyah Banowati mung ketang rayi Radèn Parta, Dyah Lêsmanawati mung ketang kang rayi Radèn Abimanyu, tan sotah palakrama narendra sabrang, aluwung pêjaha.

Anulya kasaru rawuhira Sri Suyudana saking amăncaniti, uninga kang garwa taksih udrasa, gupuh-gupuh dènnya angrapu, kang garwa ingarasan, agung ingarih-arih. Andikanira Sri Suyudana: Yayi, aja angêgungake prihatin dahat, prakara adhimu Radèn Janaka, pun kakang wus rumasa, yèn arinira Radèn Arjuna iku rêtnaning bumi, mula aja sumêlang ing panggalih, yèn wus ana gêni tan têdhas kayu, iku Radèn Arjuna mati. Yèn ora mangkono, aja sumêlang, yayi, pun kakang ingkang nanggung. Dene babing lêlakon, pun kakang prasaja, anjabane mung ngenaki paman arya supaya lêga, tuwin para ari Korawa. Yèn sira tan pracaya, yayi, pratignyaningsun kasaksia ing bumi langit, anjabane pun kakang mau tan lyan muhung mêmuji luhuring karaton tanah Jawa, ing satêrah-têrah ari Radèn Arjuna kang andarbèni. Sabdanira Sri Suyudana, gumlêgêr sinauran dening gêtêr patêr. Mangkana Dyah Banowati lêjar panggalihira, sigra ngaras padaning raka, gya kinanthi minggah maring pamêlêngan, anuwun pangaksamaning dewa.

3. Madêg ing paseban jawi, Rêsi Durna tuwin Patih Arya Sakuni, miwah para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa tuwin Radèn Arya Citraksi, samya pradandan, arsa maring pasanggrahan ing Gajahoya, amanggihi Prabu Jayasutikna. Sasampuning siyaga lajêng bidhal.

4. Madêg ing Gajahoya, Prabu Jayasutikna, ingadhêp Patih Jayasêmbada, tuwin para punggawa ditya. Anulya praptanira Sang Rêsi Durna, tuwin Patih Arya Sakuni anganthi para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, miwah Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Ingkang ginunêm: Rêsi Durna gya andhawuhakên ing timbalan nata, bab krodhanira Nata Pandhawa kasrah ing kaki prabu, Prabu Jayasutikna sandika, gya dhawuh mring punggawa ditya kinèn anjagi sagung margi prapatan, samăngsa wontên sujanma langkung, sanès tiyang ing Ngastina nulya kacêpênga. Punggawa ditya sandika, bibaran.

5. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, ingadhêp Radèn Abimanyu, dinangu matur,

--- 8 : 5 ---

anuwun pitêdah kesahira ingkang rama Radèn Arjuna. Sang Bagawan Abyasa angrês ing galih, duk mulat ingkang wayah Radèn Abimanyu, kang wayah tinuduh anjujuga ing pasanggrahan Gajahoya. Ing kono margane sira katêmu kalawan sudarmanira. Wis, kulup, sira mangkata. Radèn Abimanyu sandika, gya pamit linilan, dyan bidhal tuwin Sêmar, Garèng, Petruk, sami umiring.

6. Madêg ing talatah nagari Ngastina, lampahira Radèn Abimanyu dupi dumugi ing margi prapatan ing Ngastina, kapapag barising ditya sarayan Ngastina, dadya prang. Punggawa ditya pêjah, Radèn Abimanyu lajêng lampahipun.

7. Madêg ing samodra, Radèn Arjuna kang kombak kombul dening aluning samodra. Mangkana kang rawuh Sang Hyang Baruna tuwin putra Sang Dyah Rêtna Suyakti, dupi cêlak nulya sinarah, Dyah Suyakti dahat dènnya karuna, sêsambat mêlasarsa, Sang Hyang Baruna saya angrês ing galih, sigra ingusadan, Radèn Arjuna waluya jati. Radèn Arjuna arsa nêmbah tan linilan. Hyang Baruna matur: Anggèr, wêlasa isining nagari, paduka tumuntên wangsula dhatêng guwa Sigrangga, dene putra paduka, anggèr Radèn Abimanyu tuwin Radèn Irawan, sampun sami wontên ing Ngastina, enggal-enggal kondura. Radèn Arjuna sandika, gya mêsat.

8. Madêg ing Randhugumbala, Sang Wasi Anantasena, lênggah tuwin kang rayi Radèn Irawan. Sang wasi antuk wasitaning jawata, kang rayi kinèn ngêtêr maring Ngastina, mêmalês Radèn Arjuna cinidra. Radèn Anantasena sigra mêsat ngambara, kang rayi binêkta dèn dhawahakên pura Ngastina.

9. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, ingadhêp kang rayi Arya Sena, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa, katamuan Prabu Krêsna. Ingkang ginunêm: karsa nusul maring Ngastina, wus sagolong tuwin para ari. Sri Krêsna ambêkta kang rayi Prabu Yudhisthira, Arya Sena ambêkta kang rayi Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa mungging bêbinggêl, gya sumusul bidhal.

10. Madêg ing nagari Pringgadani, Sang Prabu Taruna Jaya Têtuka, lênggah kalihan ingkang ibu Rêtna Arimbi, ingadhêp kang rayi Patih Prabakesa. Kang ginunêm dènira miyarsa warta, satriya Madukara kenging apus satêmah seda linabuh ing samodra. Arya Prabu Têtuka amit mring ibu arsa tinjo kang bibi ing Madukara, kang paman kinèn têngga praja, kang ibu anjurungi, Radèn Arya Gathutkaca sumêbut ing gêgana.

11. Madêg ing nagari Madukara, Sang Rêtna Wara Sumbadra, tuwin Rêtna Srikandhi, lênggah ingadhêp Rêtna [Rê...]

--- 8 : 6 ---

[...tna] Sulastri, tuwin Nikèn Rarasati. Ginêm: arsa bela manjing wongwa. Anulya praptanira Radèn Arya Gathutkaca, ngabêkti mring bibi, dinangu matur, rèh Madukara suwung, Ngastina wontên tamu saking sabrang, kang raka uwa sinuhun ing Dwarawati sampun tindak maring Ngastina, paduka manjinga kancing gêlung, Radèn Arya Gathutkaca mêsat ing Ngastina.

12. Madêg ing pasanggrahan Gajahoya, Prabu Jayasutikna karsa marêk maring pura, cumadhong karsa narendra, rèh sampun tita, gya bidhal.

13. Madêg ing gupit măndragini, padniwara Rêtna Banowati, samadi sarwi karuna, praptanira Radèn Arjuna saking wuri, sarwi angaras kang raka, ngandika: Kangbok sira arêp apa. Dyah Banowati kagyat angrangkul Radèn Arjuna, anjrit karuna. Radèn Janaka kathik nganggo takon arêp apa, ya arêp bela kowe, sing akon kowe mati sapa, hara, saiki aku nagih jangji, Radèn Janaka, payo, dhi, banjur rangkat bae, ngêntèni Bratayuda mundhak lawas, dhi, ayo marang ngêndi, Radèn Janaka, dak êtutake. Radèn Arjuna gumujêng sarwi angaras, kang raka pinondhong, lagya lênggah ing pasarean, katungka praptanira kang putra Radèn Abimanyu tuwin Radèn Irawan. Sang Arjuna mèsêm ngandika: Kulup, Abimanyu, ing kene wus isi, kulup kamar wetan, tuwin gupit măndragini, ing kono ênggonmu. Radèn Irawan gumujêng tumungkul. Sang Abimanyu anuduh kang rayi, kinon manjing kamar têngah, pribadinira manjing ing gupit măndragini panggih arinira natèng sabrang, Dèwi Sutiknawati.

Mangkana êmban saking sabrang, dupi aningali tingkahira sang rajaputri makatên, dalah gustinira katut makatên, nyai êmban gêtêr ing wardaya, ajrih ing gustinira, atur uninga solah tingkahira dinuta rumêksa, sigra lumampah maring pasewakan.

14. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, lênggah ing păncaniti, ingadhêp Rêsi Durna, tuwin Patih Arya Sakuni, miwah Adipati Karna, Sang Prabu Jayasutikna, tuwin para ari Korawa, Radèn Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Lagya eca pagunêman kasidaning lampah, kasaru praptanira para parêkan ing sabrang, tawan-tawan tangis: ing pura wontên pandung aguna, angendrajala sinêkti angrusak pura. Sri Suyudana dhawuh mring Arya Dursasana miwah Arya Sindurêja, sigra manjing pura. Arya Jayadrata lagya arsa manjing pura, tinêbak jajanira mring Radèn Abimanyu, kaplêsat tiba kantaka. Arya Dursasana arsa manjing, tinampiling dening Radèn [Ra...]

--- 8 : 7 ---

[Grafik]

Para Korawa nyêpêng Sang Arjuna.

--- 8 : 8 ---

[...dèn] Irawan, kalayaban. Arya kalih bramantya, sigra wungu umangsah, rame ing pura prang. Arya kêkalih tansah katitih yudanira, kêrêp kantu, sami lumayu. Sang Adipati Karna mangsah, tinadhahan Arya Anantasena. Arya Sindurêja duka, angasta lawung, mangsah Arya Gathutkaca cumlorot saking gêgana, Arya Jayadrata katadhahan, lumajêng. Sang Prabu Jayasutikna mangsah, pinapag Sang Arjuna, lajêng sampak. Patih sabrang sapunggawa ambyuk ambêk pêjah, Arya Wrêkodara anadhahi, wadya sabrang sadaya wus sami sirna. Sri Krêsna wus mungging pura tuwin ari Prabu Yudhisthira, Sri Suyudana gurawalan amanggihi kang raka Prabu Padmanaba tuwin para ari Pandhawa. Sri Suyudana sangêt aminta aksama, wus ingaksama, lajêng kêmpalan, ambuka lawang suka. Ing ngriku lajêng mangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

--- 8 : [9] ---

27. Lampahan Bondhan Paksajandhu.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Lêsmana, Dhahyang Durna, Adipati Karna, tuwin Patih Arya Sakuni. Para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Ginêm: sang nata andangu ingkang paman Patih Arya Sakuni dènira nglabuh Radèn Jayalaga. Patih Arya Sakuni matur sampun wontên ing sumur Jalatundha. Botên watawis dangu dhatêngipun caraka saking Ngamarta, Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, dinangu matur ingutus kang raka Sri Yudhisthira, kinèn amanggihi kang raka Radèn Jayalaga, awit wontên ing Ngastina arsa jinunjung prabu anom, Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa arsa kapanggih raka Radèn Jayalaga, pinambêng mring Sri Suyudana, dhawuh mring Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, kinèn matur maring raka Sri Yudhisthira, mila Radèn Jayalaga dèrèng kajunjung prabu anom, amargi para sêpuh dèrèng karsa angèstrèni. Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa lajêng mundur. Sri Suyudana ginêm sampun sarêmbag, Patih Arya Sakuni dhinawuhan maring Ngamarta, anungkak lampahira Radèn Nakula tuwin Sadewa. Sampuning dhawuh, sang nata lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp kang putra Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan cèthi, kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa tuwin putra, kinanthi binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana maring garwa putra, mila dangu dènira amăncaniti, awit katamuan kang rayi Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, ingutus kang raka Sri Yudhisthira, anitisakên ing jumênêngipun Radèn Jayalaga. Ing măngka Radèn Jayalaga sampun pinêjahan linabuh ing sumur Jalatundha, nanging kang paman Patih Arya Sakuni, ingutus maring Ngamarta ngaturi kang rayi Sri Yudhisthira. Sampunira imbal wacana, sri nata tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin Adipati Karna, para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksa,

--- 8 : 10 ---

Radèn Arya Citraksi. Ginêm, dènira ingutus angaturi Sri Yudhisthira maring Ngamarta, sarta anungkak lampahira Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa. Sasampunira siyaga, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, miyos ingadhêp Patih Tambakgangga, tuwin para punggawa pêpak kang nangkil. Ginêm: sang nata angarsa-arsa kang rayi Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, dènira dinuta maring Ngastina. Botên watawis dangu dhatêngipun Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, dinangu matur saliring dinuta, sampun katur sadaya, miwiti amêkasi, katungka dhatêngipun Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, dinangu matur, ingutus kang raka Sri Suyudana, Sri Yudhisthira ingaturan maring Ngastina, kinèn angèstrèni jumênêngira Prabu Anom Radèn Jayalaga, awit samangke para sêpuh sampun karsa angèstrèni. Sri Yudhisthira sêmu sungkawa, wasana sagah, lajêng dhawuh tindak maring Ngastina. Sasampuning samapta, lajêng bidhal, sarêng lampahira duta ing Ngastina.

5. Madêg ing wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp kang wayah Radèn Pamade, dinangu matur ingutus kang raka Sri Yudhisthira, atur uninga, bilih kang raka Radèn Jayalaga binêkta maring Ngastina, karsa jinunjung prabu anom, nanging kawuningana, dumugi samangke dèrèng kalampahan, awit para sêpuh dèrèng karsa angèstrèni. Sang bagawan dhawuh mring kang wayah Radèn Pamade, kinèn mantuk sampun anjujuk ing Ngamarta, awit kang raka Sri Yudhisthira sampun bidhal saking Ngamarta maring praja Ngastina, mila kinèn anjujug maring Ngastina. Radèn Pamade sasampunira winêling saliring lampah mring kang eyang Bagawan Abyasa, lajêng amit rinilan bidhal. Ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Radèn Pamade.

6. Madêg samadyaning wana, rasêksa, tuwin rasêksi. Ginêm: rasêksi dènira anggarbini anyidham, kêpenging nêdha daginging manungsa, rasêksa anyagahi ngupaya, lajêng mêsat. Mangkana lampahira Radèn Pamade, dumugi ing wana kapapag rasêksa. Pasulayaning rêmbag, dadya prang. Danguning [Dangu...]

--- 8 : 11 ---

[...ning] prang, rasêksa jinêmparing pêjah, rasêksi uninga lajêng ambelani ugi pêjah, wasana babar Sang Hyang Asmara, tuwin Dèwi Pujawati, lajêng amurugi Radèn Pamade, Radèn Pamade andhêku. Sang Hyang Asmara ngandika: Rèhning sira bangkit ngilangi cintraka manira, arsa sun ngèngèri. Radèn Pamade matur nuhun. Amung mugi kaparingana priksa mring raka Radèn Jayalaga, anggènira wontên ing Ngastina. Sang Hyang Asmara ngandika, bilih kang raka Radèn Jayalaga sampun pinêjahan, layonira linabuh mring sumur Jalatundha. Radèn Pamade sarêng mirêng dhawuhing Hyang Asmara saklangkung krodha. Lajêng amit pangkat. Hyang Asmara sampun anglilani. Lampahira Radèn Pamade maring Ngastina, sampun angliga curiga, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Hyang Asmara.

7. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ingadhêp kang putra Radèn Arya Lêsmana, tuwin Dhahyang Durna, para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata angarsa-arsa kang dinuta maring Ngamarta. Botên watawis dangu rawuhira Sri Yudhisthira, ingiring Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Sampuning ngacaran lênggah tuwin bagya-binagya, Sang Prabu Suyudana ngandika maring kang rayi Sri Yudhisthira, kalamun kêpengin kasub ing karatonira, kadya ingkang raka Prabu Krêsna ing Dwarawati. Sri Yudhisthira pinêksa ingaturan rèrèh rumiyin, dening kang raka Sri Suyudana. Prabu Yudhisthira pinurih ngaso salêbêting capuri kadhaton kaprênah wingking sinung bale alit, winangun prayogi. Radèn Nakula pinarnahakên anèng ing bandêngan, pinitados angèn bèbèk, tuwin Radèn Sadewa. Prabu Puntadewa pinarnahakên ing kadhaton, sampun anut kemawon. Sri Suyudana lêga tyas marwata suta.

8. Madêg ing dhatulaya, sang pramèswari nata Dèwi Banowati, lênggah ingadhêp êmban tuwin inya. Ginêm: sang dyah ngandika mring êmban tuwin inya: Kapriye, gene bangêt têmên Sri Suyudana dènira murka ing budi, anggung aru-ara mring ari Pandhawa. Iya bênêr wong wadon kang dèn muktèkakên. Dèwi Banowati sampun uninga artikêlira[1] Sri Suyudana, dènira arsa ngringkês maring kadang

--- 8 : 12 ---

Pandhawa, dadya sumarêpêt ing panonira ngantos kantaka. Ing pagêdhongan Krêsna maring kadang Pandhawa. Sarêng wungu kantaka, lajêng dhawuh maring êmban arsa angintun dhaharan mring Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, kang angèn bèbèk wontên ing bandêngan. Sampunira mirantos lajêng tindak ing bandêngan.

9. Madêg ing pasewakan, Prabu Suyudana, siniwi putra Radèn Arya Lêsmana, tuwin Dhahyang Durna, Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, para Korawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata arsa mêjahi kang rayi Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa. Lagya rêmbag kasaru dhatêngira Radèn Pamade, sampun angliga curiga, lajêng nyêpêng mring raka Sri Suyudana, nyêpêng sabuk lingnya mêmêlèhakên, bilih kang raka Radèn Jayalaga sampun pinêjahan. Para putra santana ningali mring Sri Suyudana kamitênggêngên tan sagêd ngucap. Patih Arya Sakuni anjoto ambêbironi, Dhahyang Durna muji andharindhil sarwi katisên. Sri Suyudana lingnya aris, angandika maksih urip, Radèn Jayalaga anèng pêngkêran, dènira madêgakên nganti, ngantosi dintên wulan kang prayogi. Sarêng sirêp krodhanira Radèn Pamade, dhuwungira Ki Pulanggêni kasarungakên. Taklimipun Sri Suyudana, Radèn Pamade tinantun Prabu Suyudana, kinèn milih ingkang dados sukaning wardaya. Radèn Pamade asade ênjêt kapêrnahakên ing gladhag. Sakathahing apu sampun tinata Radèn Pamade, Sri Suyudana lajêng tindak maring bandêngan, sampun rawuh, aningali ingkang garwa aparing dhahar maring Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, Sri Suyudana ngandika sêmu duka. Lingnya Banowati: bocah lagi dikon lara, têka dadak padha dèn wèhi boga. Dèwi Banowati lumajêng malbèng pura, Radèn Nakula, Radèn Sadewa lagya muluk anggènira bukti, Sri Suyudana lajêng angasta talêmpak, têdhak ing bandêngan. Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa uninga, pirêmbagan palajêngira, Radèn Sadewa matur bilih kêmpal tamtu tiwas, sae buyar. Radèn Nakula mlajêng mangidul, Radèn Sadewa mlajêng mangalèr, ingkang kidul binujêng, kang lèr nututi, nyêpêng opor ulam ginêbugakên saking wingking, pinuju Sri Suyudana nolih, kenging mukanira, opor muncrat nampêg netranira Sri Suyudana, dadya bingung gluyuran. Radèn Nakula pêcêlira wontên mangkok kinapyukakên mukanira Sri Suyudana, kenging paningalira kapilêng lajêng andhoko, Radèn Nakula Radèn Sadewa, sami mlajêng maring ngarsanira kang raka Prabu Yudhisthira.

Mangkana Radèn Arya Jayadrata, tuwin kang garwa Dèwi Dursilawati, pamit mring raka arsa maring lèr gladhag mundhut apu, Radèn Arya Jayadrata mênggak, lingnya mring garwa: Si Pamade nora kêna pinarcaya, lamun marang èstri. Dèwi Dursilawati mêksa, lajêng pangkat. Sampun dèn tutakên kang raka, kadhèrèkakên pawongan satunggal.

--- 8 : 13 ---

10. Madêg ing galadhag, Radèn Pamade, kang lagya adhasar apu, sadintênipun amung wakil Ki Lurah Sêmar, tugur anèng bale wêwangunan. Radèn Pamade ngêdhêm nèng dalêm kewala, manawi wontên tiyang tumbas apu tiyang jalêr, tuwin èstri, bilih sêpuh namung Lurah Sêmar kang nyadèni, bilih kang tumbas wanodya ayu dhasar anom, datan dèn doli, kairid malbèng wisma, Radèn Pamade ingkang nyadèni piyambak, ginaruthil pasthi sinarêsmenan, datan kenging bathuk kalimis, pasthi bebas, lajêng rawuhira Radèn Arya Jayadrata sarimbit, kèndêl ing jawi, ingkang manggihi Lurah Sêmar, Radèn Arya Jayadrata têtanya kang rayi Radèn Pamade, Sêmar matur bilih gêrah ngungkêb anèng dalêm, datan kenging walang aslisik. Rêtna Dèwi Dursilawati amit dhatêng kang raka arsa lumêbêt ing dalêm piyambak. Ngiras têtuwi, lingnya Radèn Arya Jayadrata, tyas dahat mêlang-mêlang, bilih Radèn Pamade tan kenging tinegakakên, dhatêng èstri agêng kamelikanipun. Ingkang garwa adrêng lajêng ngandika: Angarah punapa, parah-parah pratingkah kang makotên. Sampun rinilan mung pinacêkan, sampun ngantos dangu. Rêtna Dursilawati sampun malêbêt ing dalêm kairid Sêmar, pawonganira umiring ing wuri. Dumugi ing dalêm kapondhong Radèn Pamade, kang pawongan lumajêng ing jawi, atur uninga mring Radèn Arya Jayadrata, krodha malêbêt ing dalêm. Dadya prang kalihan Radèn Pamade, Radèn Arya Jayadrata kontit prangira lumajêng, ingkang garwa nututi tumut lumajar.

Mangkana Sri Suyudana, sinewaka ingadhêp para putra, tuwin santana pêpak kang samya anangkil. Ginêm: sang nata arsa anyedani Sri Yudhisthira, sampun sami sarêmbag. Sang nata sampun mrentah pra santana, maring dunungira Sri Puntadewa, Kyana Patih Arya Sakuni têtindhihira ing kardi.

11. Madêg ing wingking kadhatyan, Sri Yudhisthira, kasaru dhatêngipun ingkang rayi Radèn Nakula tuwin Radèn Sadewa, matur wadul malah sinarêng ing duka. Kasaru dhatêngira Patih Sakuni, kanthi para Korawa, Patih Arya Sakuni matur rèh dinuta Sri Suyudana, kinèn anyedani, Sri Yudhisthira tan lênggana, Patih Arya Sakuni sampun ngatag para Korawa, sampun tumandang mangarsa gêntos-gêntos, sampun dumugi ngarsa, arsa nyuduk Sri Yudhisthira, lajêng para Korawa sami dhawah kajangkêlit, tan sami ngênani, ajrih wiwrin sadaya, bibar sami malbèng pura.

Mangkana Sri Suyudana, tuwin Dhahyang Durna, ginêm angajêng-ajêng kang dinuta, Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, matur saliring rèh dinuta, sasolahira katur sadaya. Sri Suyudana sangêt dukanira lajêng pasrah maring Dhahyang Durna, Rêsi Durna sagah lajêng [la...]

--- 8 : 14 ---

[...jêng] angirid kadang Korawa, amêndhêt gadanira Radèn Arya Wrêkodara, sampun dumugi panggenanira, para Korawa kapurih ngangkat satunggal botên wontên ingkang kuwawi, kakên ing tyasira, Dhahyang Durna, amurih Patih Arya Sakuni dinuta kinèn angupaya sraya, sintên ingkang wagêd anyirnakakên Prabu Puntadewa, sarta ngangkat gadanira Radèn Arya Wrêkodara, ginanjar nagara sasigar. Patih Arya Sakuni lajêng pangkat, kanthi Korawa satawis.

12. Madêg ing sumur Jalatundha, Sang Bathara Dhawangnala, ingadhêp kang wayah Bondhan Pêksajandhu namanira, maksih timur lagya palajêngan, suwaranya gumlêdhêg lir tiyang sêpuh. Mangkana Bondhan Pêksajandhu kinèn maring dharatan, sampun kaumbulakên manginggil, dumugi ing dharatan mulat ngidul ngalèr ngetan, kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, uninga lare sapinggiring sumur Jalatundha, pinurugan, tinanya, lare sumaur: lare dêdolanan. Kagyat myarsa swarane lare gêngira, tinakenan ing nama, rare mawarah: namanira aran Bondhan Pêksajandhu. Anjola Patih Arya Sakuni, sarwi anantun: Apa kowe kêlar ngangkat gadane Si Wrêkodara, lamun kuwat agung ganjaranira. Aturnya Bondhan Pêksajandhu anyagahi, lajêng kairid Patih Arya Sakuni dhatêng nagari Ngastina ingiring para Korawa.

[Grafik]

Dhahyang Durna.

13. Madêg ing nagari Dwarawati, Sri Krêsna lênggah tuwin kang garwa Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma. Ginêm: Sri Krêsna myarsa warta, bilih para kadang Pandhawa tinimbalan maring Ngastina, Sri Krêsna saking èmênging galih angraosakên maring ari Nata Pandhawa, Prabu Krêsna lajêng amit maring garwa têtiga arsa anusul maring nagari Ngastina. Kang garwa suka jumurung, Sri Krêsna lajêng anggêgana.

14. Madêg ing nagari Ngastina, Dhahyang Durna, ginêm angarsa-arsa Patih Arya Sakuni. Botên watawis dangu dhatêngira Patih Arya Sakuni, angirid Bondhan Pêksajandhu, kairing para Korawa sadaya, sampuning tinanya, Dhahyang Durna dhawuh mring Bondhan Pêksajandhu kinèn ngangkat gada, gada jinunjung Bondhan Pêksajandhu

--- 8 : 15 ---

wagêd kangkat. Dhahyang Durna dhawuh, Bondhan kinèn anyirnakna Sri Yudhisthira pisan. Bondhan Pêksajandhu sagah lajêng pangkat mring pura, dunungira Sri Yudhisthira, ingiring sagung Korawa, sangêt eram têtiyang ingkang sami mulat. Sampun dumugi ing dunungira Sri Yudhisthira, Bondhan Pêksajandhu sarêng uninga mring Sri Yudhisthira, lajêng babar dadya Radèn Arya Wrêkodara. Lajêng krodha mangkrak gadanira dèn obat-abitakên, ngamuk sagung para Korawa gègèr puyêngan, sami lumajar, datan wontên kang anadhahi. Pan kasaru rawuhira Sri Krêsna: kagyat mulang kang rayi Sri Yudhisthira rinangkul. Sri Yudhisthira matur ing sasolahira mring Prabu Krêsna. Sri Krêsna lajêng amlajêngi kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, sampun panggih Radèn Arya Wrêkodara matur ing sasolahira, lajêng binêkta mring ngarsanira Sri Yudhisthira, Radèn Pamade lajêng tinimbalan, sampuning prapta ngarsa raka nata, lajêng mangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

--- 8 : [16] ---

28. Lampahan Bale Sagala-gala.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Anom Kurupati, anuju miyos ing păncaniti, siniwi ing Patih Radèn Arya Sakuni, para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Citraksa, tuwin Radèn Arya Citraksi. Ingkang rinêmbag anggènira arsa malih nagari kalihan ingkang rayi Pandhawa. Pamrayoginipun Arya Sakuni, para kadang Korawa dhinawuhan iyasa pasanggrahan, wontên sajawining kitha awarni dêling sadaya, saka blandaripun kaisenan obat (sandawa) mawi kadèkèkana ucêng-ucêng maju sakawan. Radèn Arya Kartamarma kautus nimbali para rayi Pandhawa, lajêng bibaran. Sri nata kondur ngadhaton.

[Grafik]

Prabu Anom Kurupati.

2. Madêg ing gupit măndragini, Bagawan Dhastharastra lawan ingkang garwa Dèwi Anggêndari. Imbal wacana dene ingkang putra sang nata dangu miyos amăncaniti. Kasaru kondurira ingkang putra nata, lajêng sowan ing ngarsaning rama, ngrêmbag kawontênanira ing păncaniti. Wasana lajêng sami tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Radèn Arya Sakuni, para Korawa pêpak mungging ngarsa, rêmbag sami andum damêl, amung Radèn Arya Kartamarma ingkang pangkat nimbali para rayi Pandhawa dhumatêng ing Gajahoya [Gajah...]

--- 8 : 17 ---

[...oya.] Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi, kabêbahan damêl pasanggrahan, têtindhihing lampah Patih Arya Sakuni. Sasampuning siyaga lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing Gajahoya, Dèwi Kunthi pinarak para putra, Radèn Puntadewa, Radèn Bratasena, Radèn Pamadi, Radèn Pintèn, tuwin Radèn Tangsèn. Dhatêngipun Radèn Kartamarma, sowan mangarsa, matur dinuta ingkang putra Nata Ngastina, animbali para ari Pandhawa sadaya dhatêng pasanggrahan watês kitha, prêlu anampèni bageanipun siti. Para ari Pandhawa sandika, Dèwi Kunthi tan sakeca ing galih, tumut tindak arsa anguningani. Sasampuning samapta lajêng bidhal, parêpat tiga sami andhèrèk.

5. Madêg ing Ngastina, Prabu Anom Kurupati, miyos ing pandhapi, dhatêngipun ingkang paman Patih Arya Sakuni, atur pariksa anggènipun damêl pasanggrahan bale sagala-gala sampun rampung sadaya. Katungka rawuhipun ingkang bibi Dèwi Kunthi kanthi putra Pandhawa sadaya, lajêng lênggah satata. Sasampuning siyaga lajêng bidhalan tindak dhatêng pasanggrahan watês kitha (bale sagala-gala).

6. Madêg ing pasanggrahan watês kitha (bale sagala-gala), Prabu Anom Kurupati, Dèwi Kunthi, kadang Pandhawa tuwin Korawa pêpak, sami lênggah satata. Radèn Bratasena botên têtêp lênggahira, lajêng mêdal ing jawi: sêne. Sang Hyang Narada rawuh, paring sasmita: lamun ana bêburon kang nyalawadi kaêtutna sapurugipun, punika manggih raharja, nanging sadaya sami botên sumêrêp. Radèn Bratasena nulya wangsul. Sang Hyang Narada makahyangan. Prabu Kurupati lajêng kasukan catur kalihan ingkang rayi Radèn Puntadewa, sarta winulang, mratelakakên, punika minăngka pratikêlipun tiyang madêg nata, pirsa lampahing bala prajurit. Lajêng ingajak mawi toh, Sri Kurupati toh nagari, Radèn Puntadewa toh pêjah. Prabu Kurupati rambah-rambah kawon, Patih Sakuni angingêr papan catur, ratunipun tuna, Dèwi Kunthi pirsa lajêng duka dhatêng Sakuni, winastanan manah setan. Patih Sakuni lajêng kesah, sadaya Korawa larih ngunjuk, para Pandhawa sami wuru, amung Radèn Bratasena ingkang botên arsa ngunjuk. Patih Sakuni ngatag dhatêng ingkang têngga ucêng-ucêng kapurih nyumêd. Sarêng kasumêd, dahana mubal, pasanggrahan dadya dahana, Sri Kurupati ginèrèt ing para Korawa mêdal. Radèn Bratasena ngrangkul ingkang ibu dalah para kadang sadaya, nulya wontên garangan pêthak katingal. Radèn Bratasena tanggap ing cipta lajêng ngêtutakên dalah ingkang ibu kadang sadaya, lajêng

--- 8 : 18 ---

[Grafik]

Dèwi Kunthi kalihan para putranipun.

--- 8 : 19 ---

amblês ing bantala tan katingal. Prabu Kurupati muwun, kinintên para rayi Pandhawa tuwin ingkang bibi kabasmaran ing latu. Lajêng bibaran.

7. Madêg ing Saptapratala, Sang Hyang Anantaboga, anuju lênggah, ginubêl ing putra èstri, nama Dèwi Nagagini, sajarwa supêna ajatukrama angsal satriya bagus agung aluhur sarira jênar, nama Radèn Bratasena. Sang Hyang Anantaboga sagah angupaya, sigra mentar, lampahira kapapag Dèwi Kunthi dalah para putranira sadaya. Garangan pêthak musna tan katingal, Dèwi Kunthi dalah para putranira sadaya kaajak mantuk Sang Hyang Anantaboga dhatêng Saptapratala: purun. Sadumugining kahyangan, Radèn Bratasena kadhaupakên lawan Dèwi Nagagini, lajêng manjing pasamiran, pangungrumipun sanès kalihan janma kathah, ingkang garwa dipun ontang-antingakên. Parêkanira sumêrêp, matur Sang Hyang Anantaboga sasolahing putra, mèh padudon. Sasampunira watawis lami, Dèwi Kunthi pamitan mantuk dalah para putra, margi botên kraos. Winêling mêdal ing Jalatundha, lajêng bidhalan. Lampahira dumugi ing dharatan, Dèwi Kunthi kalihan ingkang putra ingkang taksih alit-alit, Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn, sami kraos ngêlih, Radèn Pamadi kinèn papriman dhatêng padhusunan lawan Radèn Bratasena, lajêng pangkat, parêpat tiga andhèrèk Radèn Pamade.

8. Madêg ing dhusun Kabayakan, wontên pangantèn èstri ngangsu ing sêndhang, gêgêrira kajawil dhatêng Radèn Pamadi, bok ngantèn kagyat sigra lumajar. Ing măngka pangantèn wau sampun dangu dèrèng atut, sadumugining griya sajarwa dhatêng kang jalêr nama Sagotra: botên narima, kang jalêr kapurih mêjahi ingkang anjawil gêgêr wau. Kang jalêr sagah, nanging kapurih angrêratêngi lawuh rumiyin, kangge nyambat amêjahi tiyang kang anjawil gêgêr wau. Pangantèn èstri lajêng ngrêratêngi, Sagotra pangkat, kêpapag Radèn Pamadi, matur angasih-asih, dene kapotangan êsih. Radèn Pamadi sajarwa prêlunipun. Sagotra wangsul mantuk angajak ingkang èstri ambêkta sêkul, sasampuning samapta lajêng pangkat. Dumugi ngarsanipun Radèn Pamadi, sêkul kaaturakên sarta prasêtya: benjang lamun wontên pêpêrangan dadosa têtawur. Radèn Pamade pamit wangsul.

9. Madêg padhepokanipun Bagawan Ijrapa. Kacarita ing nagari Manailan, ingkang madêg nata danawa nama Prabu Budhawaka, karêm mamăngsa janma, para wadyanira ngantos têlas minăngsa. Anuju arsa măngsa pandhita nama Bagawan Ijrapa, nanging pamit mantuk arsa sajarwa wêkanira, kalilan. Sadumugining griya pinanggih kang wêka nama Bambang Irawan, cariyos lêlampahanipun sarta kang putra pinurih [pinu...]

--- 8 : 20 ---

[...rih] damêl bumbu sate badhe kangge amborèhi. Salêbêting tumandang, Bambang Irawan sarwi nangis. Tan pantara Radèn Bratasena dhatêng, pitakèn mulanira. Bagawan Ijrapa matur ing purwa madya wusana. Radèn Bratasena sagah dadya tambêl, nanging nêdha sêkul tumpêng dalah ulamipun, sang pandhita sagah, Radèn Bratasena lajêng dipun borèhi bumbu, sarampungipun lajêng pangkat lawan Bagawan Ijrapa saanakipun. Sarêng dumugi ngarsanira Prabu Budhawaka, kaaturakên. Radèn Bratasena cinakot tan pasah, dangu-dangu karaos sakit, Prabu Budhawaka cinublês ing kuku padharanira pêjah kapisanan. Bambang Irawan prasêtya: ing têmbe dadya têtawuring rana, lajêng nyaosakên panggang tumpêng. Radèn Bratasena lawan sang bagawan dalah anakipun kesah, wangsul asêsowangan. Para santananipun Prabu Budhawaka sami sarêmbag arsa malês ukum dhatêng Radèn Bratasena.

[Grafik]

Sang Hyang Brama.

10. Madêg samadyaning wana, Dèwi Kunthi lawan putra Radèn Punta, tuwin Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn, sami nangis kêluwèn. Kasaru dhatêngipun Radèn Pamadi dalah parêpat têtiga, sêsarêngan lawan Radèn Bratasena sami ambêkta sêkul. Sêkul angsalipun Radèn Pamadi arsa dhinahar tan èstu, awit mambêt amis. Sêkul angsalipun Radèn Bratasena ginănda arum, lajêng dhinahar lawan putra sadaya. Ingkang anggănda amis katêdha ing parêpat tiga. Dinangu purwaning angsal sêkul, sami matur lêlampahanira sadaya. Dèwi Kunthi lawan para putra sasampuning dhahar sami kasatan, pados ngunjuk dhatêng sêndhang, dumugi ing sêndhang sami ngunjuk. Wasana sami pêjah sadaya. Sêmar nêpsu, sêndhang dipun tawu, asating tirta wontên jawata Bathara Brama, sigra cinandhak binanting. Sang Hyang Brama martobat, pinurih anggêsangakên [anggêsangakê...]

--- 8 : 21 ---

[...n.] Lajêng ingusadan, Dèwi Kunthi tuwin para putra waluya jati. Radèn Pamadi pinaringan pusaka warastra nama Bramastra, sadaya lajêng winarah. Dèwi Kunthi, Radèn Pamade, pinurih dhatêng ing wukir Rêtawu. Radèn Punta, Radèn Bratasena, Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn, pinurih dhatêng praja Wiratha. Radèn Punta pinurih suwita ing nata, kasantunan nama Wijakăngka, Radèn Bratasena kasantunan nama Abilawa, pinurih anjujug ing pajagalan tumut Jagal Walakas. Sang Hyang Brama lajêng makahyangan. Dèwi Kunthi saha putra lajêng pangkat asêsowangan.

[Grafik]

Prabu Matswapati.

11. Madêg ing Wiratha, Prabu Matswapati, miyos siniwi para putra, Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka, Patih Nirbita. Kasaru dhatêngipun Wijakăngka nyuwun suwita nata, dinangu matur lare saking ardi. Dhawuhing nata, Wijakăngka katêtêpakên dados tăndha. Dèrèng dangu kasaru gègèring jawi, para wadya tuwin santana saking nagari Panailan, sami soroh amuk. Para putra mijil ing jawi mapagakên, para ditya pêjah sadaya.

Sigêg sang prabu miyos, para putra kang sami unggul ing yuda sowan mangarsa, bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

--- 8 : [22] ---

29. Lampahan Radèn Seta Krama.

1. Jêjêr ing nagari Wiratha, Prabu Durgandana, miyos ing păncaniti, kaadhêp ing Patih Jayanirbita, tuwin Patih Jayanirmala. Ginêm: ing pagêdhongan, Radèn Seta tinari krama, murca. Sang nata gya utusan paring sumêrêp dhatêng ingkang putra Prabu Abyasa, ing nagari Ngastina, bilih murcanipun ingkang putra, kaborongakên sagêd dipun pinanggih.

[Grafik]

Radèn Seta.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Rêkathawati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, kaadhêp ing putra Dèwi Untari. Kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa putra, kinanthi sang nata kondur ing kadhaton, lajêng tindak ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Jayanirbita, lan Patih Jayanirmala, ginêm dènnya sami kautus dhumatêng Ngastina. Sasampuning samapta, gya bidhal kapalan.

4. Madêg ing praja Pasiragung, Sang Prabu Selamudha, utusan ditya ngaturakên sêrat panglamar mring nagari Pancalarêtna. Sasampuning siyaga dêdamêl lajêng bidhal, lampahira dumugi ing margi kapapag prajurit Wiratha. Pasulayaning rêmbag, dadya prang. Punggawa ditya sami kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

5. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Abyasa, ingadhêp para punggawa. Botên watawis dangu, kasaru dhatêngipun caraka saking Wiratha, atur uninga murcanipun ingkang rayi Radèn Seta. Sarêng miyarsa [miyar...]

--- 8 : 23 ---

[...sa] aturing caraka, sanalika sang prabu lajêng bidhal angupaya murcanipun ingkang rayi, para wadyanipun kinèn bidhal rumiyin, sang prabu mêdal ing wana, lampahira wontên ing wana kapapag kalihan wadya Pasiragung. Sulayaning rêmbag, dadya prang rame. Dangu-dangu ditya wadya Pasiragung kawon sirna sadaya.

6. Madêg ing praja Pasiragung, Sang Prabu Selamudha, mirêng warta bilih wadyanipun ditya caraka sirna sadaya, sang prabu lajêng siyaga dêdamêl, bidhal sami lumêbêt sayêmbara mring nagari Pancalarêtna.

Madêg ing wana, Sang Prabu Abyasa, uninga wontên teja, sarêng pinarêpêkan lajêng babar Radèn Seta. Radèn Seta dhinawuhan kinèn lumêbêt sayêmbara mring nagari Pancalarêtna, gya bidhal. Sang Prabu Abyasa anjampangi lampahipun.

7. Madêg ing nagari Pancalarêtna, Sang Prabu Kanekaputra, tuwin garwa Dyah Wiyodi, miyos ing pandhapi, siniwi ingkang putra Dyah Kanekawati, saha putra waruju Radèn Malangdewa, ingkang madêg sayêmbara prang. Kasaru dhatengipun Patih Pasiragung, lajêng prang rame. Raja saha wadyabala Pasiragung jinêmparing barat samya kabur sadaya.

[Grafik]

Prabu Abyasa.

8. Sang Prabu Abyasa nusul mring Radèn Seta. Radèn Seta sêmadi, Sang Prabu Abyasa dhatêng, paring kanthi: Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

9. Sang Prabu Kaneka gêtêr, ing jawi Radèn Seta sumbar, lajêng prang lan Bambang Malangdewa, dangu-dangu Bambang Malangdewa kawon. Radèn Seta kadhaupakên lan Dyah Kanekawati, pondhongan. Bibar sapêkên pangantèn lajêng kondur dhumatêng ing Wiratha.

10. Madêg ing pasanggrahan, Prabu Selamudha, sawadya sami nusul ngalurug mring nagari Pancalarêtna.

11. Madêg ing kahyangan, Sang Hyang Guru dhawuh dhumatêng para jawata, Bathara Brama, Bathara Bayu, kautus dhatêng nagari Pancalarêtna, maringakên kawaca dhatêng Prabu Kaneka sarta tinimbalan. Bidhal.

12. Madêg ing nagari Pancalarêtna, Prabu Kaneka, ngraosi konduring pangantèn. Kasaru [Kasa...]

--- 8 : 24 ---

[...ru] dhatêngipun mêngsah, lajêng prang rame. Gya Malangdewa pinisah ing jawata, tuwin mundhut punagi Prabu Kaneka. Prabu Kaneka kinèn ngagêm kawaca, sasampuning ngagêm kawaca, lajêng babar dados Rêsi Narada, lajêng bidhal kondur dalah para garwa tuwin putra. Prabu Selamudha priksa mêngsahipun musna lan mirêng bilih Dyah Kanekawati sampun kaboyong dhatêng Wiratha, lajêng têrus anglurug dhatêng Wiratha.

13. Madêg ing nagari Wiratha, Prabu Durgandana, miyos ing pandhapi, kaadhêp para punggawa sadaya. Kasaru rawuhira ingkang putra Prabu Abyasa, kalihan ambêkta pangantèn Radèn Seta, lajêng malêbêt ing kadhaton. Kasaru gègèring jawi, prang rame, raja saha wadyabalanipun mêngsah tumpês sirna sadaya dening Pasopati. Sasirnaning mêngsah, lajêng mangun bojana ăndrawina, bibar. Tancêb kayon.

__________

--- 8 : [25] ---

30. Lampahan Radèn Untara, Radèn Wratsăngka Krama.

1. Jêjêr ing nagari Tasikrêtna, Sang Prabu Tasikraja, miyos siniwi ing para wadya, ingkang mungging ngarsa Patih Jayalêgawa, para punggawa pêpak. Kacarita pagêdhongan putranira sang nata ingkang pambajêng putri nama Dèwi Tirtawati musna ing dalu, dhinustha ing duratmaka. Sadangunira imbal wacana, kasaru dhatêngipun caraka saking nagari Binggala, nama Patih Dhêndhabăngsa, dinuta ing ratunira Sang Prabu Warkasakti, angaturakên nawala, suraos nyuwun jodho Dèwi Tirtawati. Sasampunira nawala tinampèn winaos titi, lajêng winangsulan, kinarya sayêmbara, manawi sri nata ing Binggala sagêd ngupaya icalira Sang Dèwi Tirtawati wau lajêng dhinaupakên. Caraka ing Binggala lajêng mundur. Patih Jayalêgawa dhinawuhan ngupaya sraya, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang padniwara Dèwi Tasikwati, miyos pinarak pananggaping prabasuyasa, anganti kondurira sang nata, ngiras ningali bêksaning badhaya srimpi, ingkang mungging ngarsa putra waruju nama Dèwi Sindusari. Datan watawis dangu sri nata kondur ngadhaton, lajêng lênggah satata. Ingkang kinarya imbal wacana, dènira amăncaniti, lajêng tindak sanggar pamujan.

3. Madêg ing paseban jawi, Rêkyana Patih Jayalêgawa, tuwin punggawa Jayakardhana, Jayakardhaya, rêmbag siyaga dêdamêl badhe angundhangakên dhawuhing nata pados saraya. Sasampuning siyaga bidhal sajawining praja, kapalan.

4. Madêg ing nagari Bulukapitu, Prabu Prawata, miyos, kaadhêp ingkang putra Radèn Girikusuma, ingkang mêntas andhustha putri Tasikrêtna. Kang putra matur dèrèng atut kalihan putri Tasikrêtna, sang nata lajêng maringi sarana japa măntra dhatêng kang putra, lajêng pinurih ngungrum kang garwa. Radèn Girikusuma nulya manjing kadhaton. Sri nata dhawuh dhumatêng para wadya ditya sami kinèn pacak baris sajawining praja, bokmanawi wontên dutaning satru jaya-jaya. Punggawa ditya lajêng mêdal ing jawi.

5. Madêg ing paseban jawi, para ditya pêpak kang sami nangkil, Kalapragăngsa, Kalakikaya. Kasaru dhatêngipun punggawa ingkang ngêmban timbalaning nata, Kalakurêndha, sami rêmbag dhawuhira sang nata. Sasampunira siyaga, lajêng bidhal, Kyai Togog tuwin Sarawita ingkang dadya cucuking lampah. Lampahing wadya ditya kêpapag kalihan wadya ing Binggala, dadya prang. Wasana simpangan margi.

--- 8 : 26 ---

6. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Abyasa, miyos siniwi patih tuwin para punggawa pêpak. Ingkang rinêmbag: sri nata arsa ambêbêdhag ing pagrogolan madyaning wana, para wadya sami kadhawuhan bidhal rumiyin. Sri nata lajêng tindak amung kanthi rêpat têtiga, Kyai Lurah Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahira dumugi ing margi, kêpapag para wadya ditya saking Bulukapitu, pasulayaning rêmbag, dadya prang. Para wadya ditya ing Bulukapitu sami pêjah sadaya, amung kantun Kyai Togog, Sarawita, ingkang lumajêng mantuk. Sang Prabu Abyasa tuwin parêpatira têtiga sami nglajêngakên lampah.

7. Madêg ing nagari Wiratha, Prabu Durgandana, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa putra Radèn Seta, Radèn Wratsăngka, tuwin Patih Nirbita. Ingkang rinêmbag musnanira ingkang putra Radèn Untara. Sang nata dhawuh mring putra Radèn Seta, Radèn Wratsăngka, ingutus dhatêng nagari Ngastina, kanthi Patih Nirbita, amborongakên kêpanggihipun ingkang rayi Radèn Untara, dhumatêng Prabu Abyasa. Radèn Wratsăngka lajêng bidhal kanthi Patih Nirbita.

[Grafik]

Sang Hyang Girinata.

8. Madêg ing nagari Bulukapitu, Prabu Prawata, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa êmban Kalayaksi. Ingkang rinêmbag dènira tampi aturing Togog Sarawita, bab sirnaning wadya, lajêng nimbali wadya ditya ingkang sumewa, dinuta anjagi praja. Para wadya ditya lajêng bidhal dalah sapanêkarira, lajêng bibaran. Lampahing wadya ditya kêpapag kalihan Radèn Wratsăngka sawadyanira, lajêng prang. Wadya ditya kaplajêng, Radèn Wratsăngka lajêng lampahira.

9. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Girinata, miyos ing bale marcukundha, ingkang mungging ngarsa, Rêsi Narada, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Tamburu. Sang Hyang Girinata adhêdhawuh dhatêng Rêsi Narada, kinèn tumurun maring marcapada, adhawuh dhatêng Prabu Abyasa, kinèn angrabèkna putra ing Wiratha, lajêng bibaran. Rêsi Narada lajêng pangkat.

10. Madêg ing lêbêting kadhaton Bulukapitu, Dèwi Tirtawati, tan pisah ngasta patrêmira, dhatênging Radèn Girikusuma, lajêng ngungrum sang rêtna. Ing ngriku sang rêtna matur purun angladosi Radèn Girikusuma [Giriku...]

--- 8 : 27 ---

[...suma,] nanging nyuwun kamaru kalihan kadangira. Radèn Girikusuma sagah amêndhêt, gya bidhal, mung pribadi lampahira ngambah ing gêgana.

11. Madêg ing pagrogolan, Prabu Abyasa, pinarak ing bale wêwangunan, Rêsi Narada rawuh, andhawuhakên timbalanira Sang Hyang Girinata, kinèn angrabèkna putra ing Wiratha. Prabu Abyasa matur sandika. Rêsi Narada lajêng kondur makahyangan, kasaru dhatêngipun Patih Jayalêgawa, matur sang nata, lamun dinuta ing ratunira Prabu Tasikraja, ing nagari Tasikrêtna, aminta sraya supados sang nata ing Ngastina angupayaa putranira putri ingkang musna tanpa karana. Caraka sinagahan, lajêng mundur. Kasaru dhatêngipun Radèn Wratsăngka tuwin Patih Nirbita, matur ingkang raka lamun dinuta ingkang rama nata ing Wiratha, katur purwa madya wasananipun sadaya. Patih Nirbita pinurih wangsul matur sang nata ing Wiratha, lamun Prabu Abyasa sampun anyagahi, nanging Radèn Wratsăngka kapurih kantun, măngka dadya sarananing ngupaya. Patih Nirbita lajêng mundur. Prabu Abyasa sigra bidhal angupaya, kalihan Radèn Wratsăngka, kadhèrèkakên parêpat têtiga.

[Grafik]

Radèn Untara.

12. Sagêd[2] madyaning wana, Radèn Untara kang lagya samadi, kasaru dhatêngipun ingkang raka Prabu Abyasa, tuwin Radèn Wratsăngka. Sasampunira lênggah satata, Radèn Untara dhinawuhan ingkang raka pinurih ngupaya putri Tasikrêtna, kinanthenan ingkang rayi Radèn Wratsăngka, satriya kalih matur sandika, parêpat tiga dhinawuhan umiring. Lajêng pangkat dhatêng Tasikrêtna.

13. Madêg ing nagari Tasikrêtna, Prabu Tasikraja, miyos siniwi, para punggawa pêpak. Dhatêngipun Patih Jayalêgawa, matur dènira dinuta anggènira minta sraya dhatêng Prabu Abyasa, sang prabu sampun sandika. Kasaru dhatêngipun Radèn Untara, tuwin kang rayi Radèn Wratsăngka, sasampunira binagèkakên, satriya kalih matu[3] lamun dinuta kang raka Prabu Abyasa lumêbêt ing sayêmbara ngupaya putri Tasikrêtna. Sang prabu andangu kawijilanira. Satriya kalih matu prasaja, lamun atmajendra ing Wiratha. Sang prabu Tasikraja langkung suka. Radèn Untara matur: bilih mangke dalu duratmaka wangsul manjing pura. Dhawuhira sang nata, duratmaka kaborongakên dhatêng Radèn Untara, tuwin kang rayi Radèn Wratsăngka, lajêng bibaran.

--- 8 : 28 ---

14. Madêg satriya kêkalih, Radèn Untara tuwin kang rayi Radèn Wratsăngka, ing wanci dalu andhêdhêp duratmaka wontên ing gupit măndragini. Dèrèng watawis dangu praptanira duratmaka Radèn Girikusuma, sarêng sinapa oncat tinututan Radèn Untara, Radèn Wratsăngka, Prabu Abyasa mêmanuki lampahira.

15. Madêg ing gupit măndragini Bulukapitu, Dèwi Tirtawati, dhatêngipun Radèn Girikusuma, arsa ngungrum, sang rêtna lumajêng, kêpapag Prabu Abyasa, lajêng angrungkêbi, lajêng linêbêtakên kalpika, satriya kalih kapurih nyirnakakên Radèn Girikusuma, gya pinapagakên prang, Radèn Girikusuma pêjah tinampiling Radèn Untara, wangke binucal mêdal, dumugi ngarsanira kang rama Prabu Prawata. Prabu Prawata krudha angrik, malêbêt pinapag Radèn Wratsăngka, prang. Prabu Prawata pêjah binanting. Prabu Abyasa lajêng wangsul kalihan rayinira satriya kêkalih dhatêng nagari Tasikrêtna.

16. Madêg ing nagari Binggala, Prabu Warkasakti, miyos siniwi, ingadhêp Patih Dhêndhabăngsa. Kacarita ing pagêdhongan, sang patih sampun matu dènnya dinuta. Wasana sang nata mirêng pawartos bilih putri ing Tasikrêtna sampun pinanggih putra ing Wiratha, sampun mantuk dhatêng praja Tasikrêtna, mila lajêng amêpak wadyabala. Sasampuning siyaga, bidhal dhatêng ing Tasikrêtna.

[Grafik]

Radèn Wratsăngka.

17. Madêg ing nagari Tasikrêtna, Prabu Tasikraja, miyos siniwi, kasaru dhatêngipun Prabu Abyasa, ambêkta rayi kêkalih ingkang mêntas pininta sraya, Radèn Untara, Radèn Wratsăngka. Sasampuning bage-binage, Prabu Abyasa ngaturakên putri Dèwi Tirtawati, saha mratelakakên sagunging lêlampahan, rayinira kêkalih ingkang angsal damêl, Prabu Tasikraja pakèwêd ing panggalih, lajêng andhawuhakên, putra ingkang sêpuh Dèwi Tirtawati, kadhaupakên kalihan Radèn Untara, putra ingkang ênèm Dèwi Sindusari kadhaupakên kalihan Radèn Wratsăngka, wasana dhaupipun pangantèn kêkalih kalangkung agêng bawahanipun. Kasaru dhatênging mêngsah saking nagari Binggala, dhatêng damêl rêrêsah, Radèn Untara, Radèn Wratsăngka mapag prang (sampak), mêngsah saking Binggala sami pêjah sadaya, ingkang unggul ing yuda sami wangsul ing ngarsa nata, mangun suka ăndrawina. Tancêb kayon.

__________

 


pratikêlira. (kembali)
Madêg. (kembali)
matur (dan di tempat lain). (kembali)