Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443x

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXV.

Isi lampahan:

110. a. Gajah Putih Asrati Putri.

110. b. Suyudana Rabi.

111. Dèwi Dursilawati Ical.

112. Pêksi Anjali Rêtna.

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 25 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No.600.

--- 25 : [3] ---

110. A. Lampahan Gajah Putih Asrati Putri.

1. Jêjêr Ratu Ngastina wontên ing pasanggrahan, patihnya Sangkuni. Ingkang ginunêm pambêbananipun Dèwi Banowati, Prabu Ngastina yèn angarak nungganga gajah putih ingkang srati putri, Prabu Ngastina sampun utusan maring Radèn Kartamarma, animbali ingkang rayi ing Madukara. Sigra dhatêng Kartamarma, angonjuki uninga, yèn ingkang rayi sowan, alon tinimbalan. Sapraptanira ngajêngan, Prabu Ngastina ngandika mring kang rayi Madukara, Prabu Ngastina mundhut pasumbang liman pêthak ingkang srati putri. Sandika aturira ingkang rayi, nulya pamit lèngsèr. Sangkuni dhinawuhan kinèn angupadosi piyambak, turnya Sangkuni sandika, sigra lèngsèr.

[Grafik]

Prabu Kurupati.

2. Kocapa ing dalêm pasanggrahan, Dèwi Gêndari, rawuhe ingkang putra Prabu Kurupati, matur mring kang ibu, yèn ingkang rayi ing Madukara kinèn ngupados liman pêthak, sarta ingkang paman ing Plasajênar: kudhi pacul pundi ingkang landhêp. Lajêng bubaran.

3. Wêdale Radèn Sangkuni amêpak Kurawa, sapratigan ingkang binêkta, lajêng bodhol.

4. Sinigêg gênti kocapa ing nagari Timbultaunan, ratu danawa Raja Kurandhagêni, anyupêna pinanggih lan putri ing Tasikmadu, panêngêran Dèwi Rêtna Juwita. sigra nimbali punggawa danawa, pinaringan sêrat kinèn lumaksana maring nagari Tasikmadu. Sigra bodhol samantrinira.

5. Sinigêg gênti kocapa, ngadêg ratu ing Tasikmadu, Mraja Kasendra lan ingkang putra Kasena.

--- 25 : 4 ---

Sadangune imbal wacana, dhatênge danawa utusan, sigra tinimbalan, sadhatêngira ngaturakên sêrat, tinampèn mring kang putra Radèn Kasena binuka, têmbunging sêrat badhe nglamar. Wêkasan amundhut tinuku ing prang, tan arsa tinuku ing rajabrana. Danawa duta sagah angaturi kêncengan, lajêng tinuduh kinèn mêdal. Radèn Kasena sigra nututi sarta amêpak bala, tinindhih patih ing Tasikmadu Patih Jayalukita. Sasampunira pêpak lajêng budhal.

6. Kocap danawa panggih lan kancanira mantri, winartan yèn pinundhutan prang, badhe anyagahi nyaosi kêncengan, kancane sami rêmbag sadaya, awit botên kêkathahên lampah: yèn konjuka, măngsa wandea tiyang kados kula ingkang lumampah. Dèrèng dangu anggènira gunêm rasa, kasaru wêdale putra Tasikmadu, lajêng pinêthukakên mring danawa punggawa. Prajurit kaputran kathah risak. Jayalukita majêng, dangu-dangu katèmpêr lumajêng. Radèn Kasena umangsah, dangu anggènira aprang, katèmpêr. Danawa kèndêl pambujênge, lajêng masanggrahan malih.

7. Madêg Prabu Kasendra, dhatênge ingkang putra matur kawon. Prabu Kasendra, kang putra kinèn minta sraya ingkang sagêd ngawonakên rasêksa. Ingkang putra sigra mentar, kinanthenan Patih Jayalukita, pamit nulya mangkat.

8. Sinigêg gênti kocapa gara-gara: Sêmar, Garèng, Petruk. Sasampune bêbanyolan, panggih lan Janaka, winartanan mring Ki Lurah Sêmar, lajêng mangkat analasak wana.

9. Kocapa satêngah wana wontên sarpa sajodho atali măngsa, galaknya anglangkungi, jalma mara jalma mati. Sang taksa[1] nangis aminta pangan mring sima, kang jalêr, tan adangu mambêt gandaning manungsa, nulya sima andingkik, tinurut sangkaning samirana.

10. Kocapa Radèn Janaka kèndêl asare sumendhe ing kajêng kêndhayakan, kongsi lingsiring surya. Sêmar, Garèng, Petruk ingkang atêngga, Petruk cangkriman lan Ki Garèng kadamêl cagak êlèk. Danguning cangkriman sadhatênge singa pranjana anjongok wingking Petruk. Petruk angrasa kumêpyur manahe, mêngkarag githoke. Sarêng dèn êmèk wingkinge, wontên êmpuk-êmpuk atos, sarêng ngulèt anolèh, tiningalan sima anjongok. Petruk lajêng anglumba, lumajêng sarta bêluk-bêluk dhatêng Garèng kinèn malayua: Burimu ana kaki wilwa. Garèng sarêng nolèh dhèngkèlên sukunira, lumajêng kalih kèsod. Ki Lurah Sêmar kantun, binêluk mring Nala Garèng, kang rama kinèn lumayu: Burimu ana gêmah. Sêmar nolèh sumêrêp yèn sima, supe ing gustinira. Arjuna kantun piyambak, arsa tinubruk Arjuna kagyat, wungu sigra malumpat, nuntên binujêng, aprang [a...]

--- 25 : 5

[...prang] dangu, Arjuna nulya ngagêm jêmparing, sima jinêmparing watgata lajêng pêjah. Nulya taksaka bela patining lakinira, jinêmparing kênèng têlakira, taksaka kawatgata pêjah nulya babar jawata sajodho: Kamajaya lan Ratih, lajêng amanggihi mring Radèn Janaka.

[Grafik]

Dèwi Ratih.

[Grafik]

Sang Hyang Kamajaya.

11. Mungêl gêndhing ladrangan Sêkar Lêmpang, gêndèr. Kamajaya panggih lan Arjuna lajêng tutur ing purwanira kênèng cintraka, sarta mojar mring Arjuna tanya ing paranira. Arjuna matur badhe ngupados liman pêthak kang srati putri. Kamajaya mojar, kinèn anjujug mring nagari Tasikmadu, Maharaja Kasendra: dene putrane loro, Rêtna Kasimpar kang tuwa, Rêtna Juwita kang anom. Kang duwe gajah putih kang tuwa. Arjuna mituhu, Kamajaya mumbul. Arjuna lajêng pangkat, kapêthuk putra Tasikmadu, lajêng kapinta sraya, Arjuna purun, nuntên kabêkta. Patih Jayalukita kinèn rumuhun angunjuki uninga, sarta kinèn mêthuk titihan. Jayalukita sigra bidhal, dumugi salêbêting nagari Tasikmadu, anjujug ing regol, tan adangu wontên para gusti mêdal. Jayalukita wêling atur, lajêng

--- 25 : 6 ---

konjuk, sigra tinimbalan. Sarêng dumugi ngajêngan dinangu, Jayalukita matur: Putra dalêm anggèning minta sraya angsal damêl, nanging taksih wontên wingking, kula dipun utus rumiyin, putra dalêm mundhut pêthukan. Prabu Kasendra ngandika, ingkang putra kinèn mêthuk. Tan antara dhatênge ingkang putra, kang putra munjuk, yèn angsal-angsalipun wontên jawi, lajêng kinèn nimbali. Sadhatênge Radèn Janaka dinangu mring Prabu Kasendra. Janaka matur tiyang saking Ngastina, nama Radèn Janaka. Nulya tinantun prang kalihan danawa, Janaka matur purun. Prabu Kasendra osik jroning wardaya: yèn tak duwa prang dhingin, mênèk mati eman baguse. Angur tak têmokna karo anakku dhisik, nadyan matia wis ana turune. Lajêng binêkta kondur angadhaton.

12. Adêgira Ni Bok Dèwi Clêkothana lan ingkang putra Sang Dyah Rêtna Juwita, nuntên sarawuhe ingkang raka, pinêthuk mring Dèwi Clêkothana. Sasampunnya tata lênggah, Raja Kasendra ngandika mring kang garwa: Wis olèh olèhe minta sraya, jênênge Radèn Janaka. Karêpku ora tak êdu dhisik, tak têmokake karo anakmu Rêtna Juwita, yèn kowe rêmbug. Dèwi Clêkothana matur mring kang raka: Yèn kula botên rêmbag, yèn sampeyan panggihakên sapunika. Benjing sasampuning damêl kemawon, kasêsa punapa. Utawi kawona tuwin pêjaha, dados putra sampeyan botên imah-imah kaping kalih. Prabu Kasendra ngandika: Iya bênêr kowe, aku kang kasusu, nanging wong wis tiba ujarku kêpriye, sabda pandhita ratu. Clêkothana mêksa botên kenging. Kasendra angandika malih: Lah wis yèn kaya mangkono, aku lilanana bae, tak têmokake lan anakku Rêtna Kasimpar wae, idhêp-idhêp tak gawe panancang bae dhingin. Jaya utawa tiwasa wis tak têmah, mung aja nganti lowong sabdaku wae. Aturnya Dèwi Clêkothana sumăngga kemawon. Prabu Kasendra lajêng jêngkar, Radèn Janaka kabêkta dhatêng kêbon pêpungkuran.

13. Adêge Dèwi Rêtna Kasimpar kalihan para êmban. Tan adangu sarawuhe ingkang rama, ingkang putra mêthuk. Sawusnya lênggah ingkang rama ngandika, ingkang putra kinèn akrama: idhêp-idhêp kowe angrêbut nagaramu. Ingkang putra tan kenging matur mring para sêlir, nuntên pinanggihakên, ingkang rama nulya kondur.

Kocapa Radèn Janaka, kapanggihakên lan Rêtna Kasimpar, sarêng sampun angsal tigang dintên tigang dalu, kacarita sampun carêm, ingkang garwa arsa tinilar sowan mring kang rama, karsa pamit prang. Ingkang rayi kêdah tumut, Dèwi Rêtna Kasimpar nulya pinondhong, ingêmban cindhe puspita, nulya dèn lela-lela tinêmbang turu-turu lare, kasilir ing samirana nuntên sare wontên ing êmbanan, tandya sinarèkakên [sina...]

--- 25 : 7 ---

[...rèkakên] ing babut sarta dhinêsêg ing gêguling. Janaka mlorod maring dagan, tiningalan ingkang rayi mancorong wadanane. Janaka asayut ing driya, sarta amêgat ing trêsna. Janaka sowan mring kang rama, kang rama kagyat, lajêng ngandika mring putra Radèn Janaka. Janaka matur nyuwun pamit badhe prang, ingkang rama angastuti karsaning putra, Radèn Kasena kinèn umiring kang raka lan Patih Jayalukita, sami budhal.

[Grafik]

Liman pêthak.

14. Kocap pasanggrahan danawa, pêpakan lan samantrinira sadaya, ingkang sami dèn ajêng-ajêng rampunging pangandika Prabu Tasikmadu. Tan antara dangu sumêrêp wêdaling gêgaman ing Tasikmadu, sigra pinêthukakên mring punggawa danawa. Radèn Kasena nulya nyuwara: Kurang sapisan kiye pêpanggile kakang bok, yèn wus kalah pinta srayaku, gustimu banjur konên ngarak. Janaka lan danawa lajêng prang, danawa têlas pêjah sadaya, Radèn Kasena lajêng nêtêg têngara bubar. Radèn Janaka nyimpang botên sowan dhatêng kang rama, Radèn Kasena ingkang kinèn munjuk dhatêng kang rama.

15. Kocapa madêg Dèwi Clêkothana, muring-muring maring Radèn Janaka, dene pinanggihakên lan [la...]

--- 25 : 8 ---

[...n] Dèwi Kasimpar. Ni Bok Clêkothana sangêt kaduwungira, maras putrane yèn kinawayuh. Clêkothana sigra maring kêbon pêpungkuran, amarani mring Dèwi Rêtna Kasimpar. Sasampunira dumugi Dèwi Rêtna Kasimpar sawêg asare. Clêkothana sigra dandan, anulya Rêtna Kasimpar jinambak, Rêtna Kasimpar kagyat anjrit, nulya tinêkak mring Clêkothana lajêng sinêmbêlèh, Rêtna Kasimpar pêjah, lajêng pinêndhêm ing sumur mati ingurugan uwuh. Clêkothana mantuk dandan, lajêng angagêm gănda wangi.

16. Gênti kocapa, liman pêthak mirsa yèn gustine mati, mêta wontên wantilan, rosaning liman, kukuhing jangêt, pêdhot, liman lumajêng nginthar ngulari Radèn Janaka, tiyang kang kêpêthuk sami ajrih.

17. Kocapa Radèn Janaka mantuk, Sêmar Nala Garèng Petruk uninga wontên liman mêta sami lumajêng, mung kantun Radèn Janaka. Liman pêthak sigra murugi mring ngarsane Radèn Janaka sarta amêndhak kalih anangis, luhipun darodosan, yèn ta sagêda ngucap: Gusti, kula ngunjuki uninga ing sampeyan, rayi sampeyan Dèwi Rêtna Kasimpar angêmasi, dipun cidra dening ibu jêngandika Dèwi Clêkothana, kasêmbêlèh ing dhuwung, samangke dipun lêbêtakên ing sumur, kula sampeyan titihi, kula uningakakên panggenane rayi sampeyan. Gajah pêthak têlalenira amalêlêt-lêlêt sukunira Radèn Janaka, mêdhar têlale ngadêg dinumukakên gigirira priyăngga, tinon kadi liman nyêmbah. Radèn Janaka sigra nitih, alon lampahing dirada, sigra lumêbèng taman, Sêmar Petruk atut pungkur salampahing gajah dhatêng sumur pêjah. Liman pêthak mubêng sapinggiring sumur, sampun jangkêp kaping tiga mêndhak. Janaka mudhun saking liman alon jumênêng, limannya taksih anjêrum, sarta luhira mili, têlale anggayuh uruging sumur, kinèn angrencangi Nala Garèng Petruk. Satêlasing uwuh gustine gilang-gilang munggèng salêbêting sumur, sigra sinambut mring Ki Lurah Garèng. Petruk anglawani binêkta minggah mring ăndha. Radèn Janaka mirsa lajêng sinambut, dèn êmban sarta dèn aras, lajêng binêkta sowan mring kang rama.

18. Kocap adêge Prabu Kasendra lan ingkang putra Radèn Kasena, munjuk mring rama, yèn jurite ingkang raka unggul, danawa pêjah sadaya. Putra sampeyan dèrèng ngarsakakên sowan, lajêng mantuk dhatêng taman. Prabu Kasendra ngandika: Layak kaya mangkonoa, wong lagi anyar-anyaran. Dèrèng antara dangu dhatênge Radèn Janaka, angêmban ingkang garwa palastra. Ingkang rama kagyat, sigra gènira andangu mring putra. Alon ature ingkang putra, munjuk yèn saking liman pêthak [pê...]

--- 25 : 9 ---

[...thak] uninganipun: Kula mantuk saking paprangan, kapêthukan ing liman pêthak, lajêng mandhêg ing ngajêng kula, sarêng kula titihi, lajêng anjujug sumur pêjah, sarwi amêndhêg, têlale ambucali uwuh saking salêbêting sumur, sarta kula kèn ngrencangi dhatêng pun Garèng lan Petruk. Têlasing uwuh, putra sampeyan kapanggih, mugi kauningana ing sampeyan. Prabu Kasendra nglanggak sarta atêbah jaja, waspanira kumêmbêng, lajêng dhawuh dhatêng êmban, para nyai tuwin para inya pinêpak sadaya, dinangu mring Prabu Kasendra, para êmban ngunjukakên pêjah gêsang, matur botên uninga.

Kasendra ngandika: Yèn ana ingkang wêruh, ora gêdhe ora cilik, dak ganjar, wong siji-sijine nyatus, sarta sak pangadêg. Yèn kêtêmu kang matèni anakku Si Kasimpar, punagiku, tak sêmbêlèh, sarta wêtênge tak bêdhèl atine tak ganyang.

Tiyang alit rêrêp sadaya, tan ana bawane walang salisik. Kocap Radèn Janaka pêjah angraga sukma, taksih mangku ingkang garwa, tan wontên kang uninga, dipun wastani lênggah kewala. Sigra sagêd panggih sukma sami sukma, nulya sukmane kang garwa pinanjingakên malih, sukmane Arjuna manjing priyăngga. Dèwi Rêtna Kasimpar apurna jati, lajêng anungkêmi ingkang raka. Ingkang rama têdhak saking dhampar amêngkul ingkang putra, sampun dangu pangrangkulira, Prabu Kasendra pinarak ing dhampar malih, andangu mring Dèwi Rêtna Kasimpar. Ingkang putra matur, pêjahe kacidra ingkang ibu: Kula tilêm lajêng kajambak, kula kagèt anjêrit, kula lajêng katêkak, dipun sêmbêlèh, sasampune kula dipun sêmbêlèh, kula botên uninga. Byar sarêng miyarsa ature kang putra, Prabu Kasendra sumung-sumung kang pranaja, duka yayah sinipi, sarta anggigit waja, sigra gènira têdhak angasta talêmpak, amurugi ingkang garwa.

Dèwi Clêkothana pinanggih lênggah, pupur lêlamatan, sinjangira cindhe seredan, kasêmêkan jingga tinêpi, kalihan mucang. Sarawuhe kang raka, sigra angêmbat-êmbat talêmpak, sarwi asru ing pangandikane: Hèh Clêkothana, sanggakna pati uripmu, iki dêdalane patimu.

Clêkothana kagyat alon matur: Dosa kula ingkang pundi, mugi kula sampeyan uningakakên. Prabu Kasendra sêndhu pamuwusira: Êmbuh ora idhêp, salusurên dhewe awakmu, kowe ngrasa apa ora anyêmbêlèh Si Rêtna Kasimpar, bathange kolêbokake sumur. Mara, arêp mungkir, mungkira. Dèwi Clêkothana matur: Lêgane manah kula mawon, sintên kang munjuk ing sampeyan. Sangêt têmên rêmêne dhatêng kula, langar katiban uncêk kula punika. Wontên wastaning

--- 25 : 10 ---

biyung kuwalon, botên kula bedakake kalih putra sampeyan pun Rêtna Juwita, kantun botên ngêdalakên kemawon.

Prabu Kasendra ngandika: Êmbuh, tak rungu basamu, nanging ora tak gugu.

Clêkothana lajêng biyas aturira: Inggih, kula kêdah sampeyan belakakên dhatêng putra sampeyan, inggih kula belani, tiyang kula sampun sêpuh, ngupados pêjah punapa, yèn kula sampeyan asta piyambak, nanging kula sampeyan lilani ujung sakêdhap, wêkas-wêkasane kula ngabêkti. Ingkang rabi kalilan, Clêkothana lajêng ujung sarwi matêk pêngasihan, pangèdhêpan jaran goyang. Sasampunira ngabêkti, Prabu Kasendra lilih ing dukanira, alon pamuwusira: Kêpriye, Clêkothana, aku ora kolu andêlêng rupamu, yagene, ta, dene nglakoni kaya mangkono. Prabu Kasendra kesah murugi kang putra Radèn Janaka, alon pamuwusira: Wis Janaka, ibumu mangsi bodhoa kowe, patine aku wis lila. Janaka matur sandika, Ki Lurah Sêmar tinuduh kinèn amêjahi. Ature Sêmar sandika, sigra mangkat têtiyang tiga sami ambêkta dhadhung, alu, pênthung, mara mring panggonane Clêkothana. Clêkothana kagyat mulat. Anulya têtanya, saure Sêmar: Dikakake mundhut pati uripmu. Clêkothana amojar: Ora gêlêm aku dipatèni sok wonga, kajaba kangjêng sinuhun dhewe. Sêmar mojar: Gêlêm ora gêlêma tak patèni, wong wis sahing parentah. Sigra tinubruk, Clêkothana mlajêng mapan, angêdalakên setane Ki Topèng Règès, kinèn mêthukakên Sêmar. Sêmar lajêng kêpanjingan, klêngêr botên emut, pinijêtan mring Nala Garèng, setan mêdal ngalih mring Nala Garèng, nulya gênti pinijêtan mring Ki Lurah Sêmar lan sinêmbur, setan mêdal. Nala Garèng Sêmar mlajêng ngungsi mring Petruk, tinuturan yèn binadhog setan. Ki Lurah Kanthongbolong gumuyu, ngisin-isin mring Garèng: Wong lanang apa, têka kêna binadhog setan, dadi growong kowe kuwi. Wis padha lungaa, tak ayonane.

Nala Garèng lan Sêmar sami kesah, Ki Lurah Kanthongbolong angundang setane, jênênge Si Kendho, tinuduh kinèn mêthuk mring bangsane. Si Kendho umangsah prang lan Klunthungwaluh. Topèng Règès. Sadanguning prang, setan kalih kawon, ngungsi mring Clêkothana, tutur yèn kawon prang lan bangsane, Clêkothana mapan sarta narik patrêm. Kocap Si Kendho ngungsi lan Ki Kanthongbolong, atutur setane wis malayu, nanging wêdi biyangane mênèk dijamoni. Sigra linêbêtakên ing kanthong malih Si Kendho. Ki Petruk sigra umangsah sarwi ambêkta pênthung, Clêkothana angagar-agar patrêm [patrê...]

--- 25 : 11 ---

[...m,] nulya pinênthung wani mring Ki Petruk, kapisanan kenging, lajêng pêjah. Konjuk, kuwănda sinaenan.

19. Prabu Kasendra pinarak lan ingkang putra Radèn Janaka lan Rêtna Kasimpar, Janaka pamit dhatêng kang rama, klilan nulya bidhal, ingkang putra tinuduh ngiringakên mring kang raka, wangsul sajawining rangkah.

[Grafik]

Patih Sêngkuni.

[Grafik]

Prabu ing Mandaraka.

20. Sinigêg gênti kocapa, adêge Prabu Ngastina munggèng pasanggrahan, Sêngkuni, Drusasana munggèng ngarsa. Sêngkuni matur kaduta ngupados liman pêthak botên angsal. Prabu Ngastina ngungun wardayanira, kèngêtan mring kang rayi Radèn Janaka. Tan adangu gègèring jawi, yèn ingkang rayi dhatêng, anitih liman pêthak, lajêng konjuk mring Prabu Kurupati, sang prabu sigra têdhak mêthuk kang rayi. Sarêng mirsa yèn kang raka mêthuk lajêng amêndhakakên liman, Radèn Janaka mandhap sakin liman, Rêtna Kasimpar taksih munggèng liman, sigra ngadêg malih kang liman. Janaka tandya rinangkul mring kang raka Prabu Kurupati. Janaka sigra ngabêkti, sawusnya ngabêkti lajêng kondur dhatêng pasanggrahan, ingkang rayi rinangkul kalih

--- 25 : 12 ---

lumampah. Sadhatêngira pasanggrahan lajêng bojana kalih kang rayi, Sêngkuni kautus angonjuki uninga mring Mandaraka. Saungkurira Sêngkuni, ing wingking tata-tata, lajêng ngarak.

21. Kocap prabu ing Mandaraka, Baladewa, Ngamarta, Bratasena. Sêngkuni dhatêng angunjuki uninga: pêpundhutan dirada pêthak sampun angsal, sawingking kula putra dalêm ngarak. Gugup Prabu Mandaraka, Baladewa tuwin Yudhisthira sami sanega. Tan adangu Prabu Ngastina rawuh, Salya andhawuhakên nimbali ingkang putra Dèwi Banowati. Banowati sampun pinaesan, sigra ginarêbêg mêdal. Sarawuhe Prabu Suyudana, Dèwi Banowati pinêthukakên, kinèn laju lumêbêt ing prabasuyasa, ingkang kantun Prabu Mandaraka, Baladewa, Ngamarta, Bratasena, munggèng Pandhawa, lajêng bojana pitung dintên pitung dalu. Atancêb kayon.

110. B. Lampahan Suyudana Rabi.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Jayapitana, miyos ing păncaniti, ingkang mungging ngarsa kang paman Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa pêpak. Ginêm dènira arsa palakrama. Kasaru dhatêngipun duta saking Mandraka, inggih punika Radèn Rukmarata, sampunira sinung pambage raharja, duta matur, ngaturakên panuwunira Rêtna Banowati, anuwun patah satriya bagus warnanipun, tuwin patah èstri kalih, ingkang ayu luwih ing warni. Sri Jayapitana sigêg, wêkasan sagah, duta amit rinilan. Prabu Suyudana lajêng utusan maring wukir Rêtawu, atur pariksa tuwin angampil Radèn Prêmadi kinarya patah, Arya Sakuni kang dinuta, tuwin dhatêng Mandura, anuwun nangis raka Prabu Baladewa, angampil rayi Rêtna Wara Sumbadra kalihan Radèn Narayana. Sang prabu sigra jêngkar.

2. Madêg ing gupit măndragini, Sang Rêtna Dèwi Dursilawati, ari narendra waruju Ngastina, amêthukakên konduring raka, lajêng lênggah. Sang prabu ngarih-arih kang rayi Dèwi Dursilawati, badhe kagêm patah kalihan Rêtna Wara Sumbadra, patah jalêr Arjuna. Kang rayi Dyah Dursilawati sandika, sukèng galih, dene badhe kapanggih Radèn Arjuna.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin sagung para Korawa, undhang samêkta dinuta ing nata ngupaya patah, sadaya sandika, wusira samêkta bidhal.

4. Madêg ing nagari Sindhunggarba, Yaksendra Garbaruci, ingadhêp Patih Garbasangkalya, êmban rasêksi nama Êmbah Pracima, ingkang ginunêm Prabu Garbaruci dènira supêna krama pikantuk putri Mandraka [Ma...]

--- 25 : 13 ---

[ndraka,] sang prabu arsa nindaki, nanging kapambêng patih lan êmban, prayogi utusan punggawa rumiyin, anitisakên ing supênan nata. Sang nata kapanujwèng karsa, sigra utusan punggawa ditya katri, samya bidhal.

5. Lampahing baris ditya kapapag barisan Ngastina, dadya prang, wasana sami sêsimpangan ing margi.

6. Madêg ing pratapan Wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, ingadhêp kang wayah Radèn Prêmadi. Ginêm: dènira arsa maring Mandraka umiring ingkang raka. Nulya dhatêngnya Patih Arya Sakuni, marêk ing ngarsa, dinangu matur ingutus kang wayah, Prabu Jayapitana, dènira arsa apalakrama angsal putri ing Mandraka, kapundhutan patah priya bagus warnanya, èstri kang endah warnanya. Amila sowan kawula kautus nyuwun sih wilasa sang wiku, kaparênga angampil wayah tuwan anak mas Radèn Prêmadi, kangge patah. Sang bagawan kaparêng, nulya dhawuh mring Radèn Arjuna. Radèn Arjuna sandika, ananging kyai patih kinèn rumiyin, lajêng bidhal. Tan dangu Radèn Arjuna ngabêkti mring eyang, sigra mêsat, Sêmar, Nala Garèng, Petruk umiring.

Lampahira Radèn Arjuna praptèng marga kapapag punggawa ditya saking Sindhunggarba, dadya prang, danawa pêjah sadaya, Radèn Arjuna lajêng lampahipun.

[Grafik]

Bagawan Abyasa.

7. Madêg ing nagari Mandura, Prabu Baladewa, ingadhêp Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa. Lagya ngandika, kasaru praptanira Patih Arya Sakuni, binêkta lênggah ing sitibêntar, dinangu matur ingutus kang rayi Prabu Duryudana, nyuwun kadarman angampil rayi kalih, Radèn Narayana kangge sisihan patah, lan Radèn Arjuna, tuwin Rêtna Wara Sumbadra, kagêm patah dhatêng Mandraka. Sri Baladewa panuju ing galih, nulya utusan Patih Pragota, kinèn maring Widarakandhang, Radèn Narayana kangge sisihan Radèn Arjuna, Rêtna Wara Sumbadra badhe kangge sisihan Rêtna Dèwi Dursilawati. Patih Pragota sandika, gya bidhal, sêsarêngan lan Rêkyana Patih Sakuni.

--- 25 : 14 ---

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Jayapitana, ingadhêp kang para ari Korawa, tuwin pamagang Arya Jayadrata. Kasaru praptanira Patih Arya Sakuni, dinangu matur, lampahira dinuta angsal sadaya, Radèn Arjuna sisihan Radèn Narayana, ananging Radèn Narayana anjujug Mandraka. Radèn Prêmadi mangke dhatêng anjujug ngarsa nata. Anulya praptane Radèn Arjuna, Prabu Kurupati dhawuh: Radèn Arjuna kinèn masrahakên dhatêng kaputrèn, pasrah dhatêng Dyah Dèwi Dursilawati. Sasampunira sang prabu sigra jêngkar.

9. Madêg ing Widarakandhang, Radèn Narayana, tuwin ari Dyah Wara Sumbadra, ingadhêp Radèn Udawa. Ginêm: dènira arsa sewaka mring rama Mandura. Kasaru praptanira Patih Pragota, dinangu ingutus kang raka prabu: panjênênganipun radèn kapiji dados patah, kangge kêmbaran Radèn Arjuna, Rêtna Wara Sumbadra kangge kêmbaran Rêtna Dursilawati. Rajaputra gumujêng anyandikani, Patih Pragota lajêng tinundhung wangsul, Radèn Narayana, dyan busana arsa bidhal, nanging ngrakit panggalih.

10. Madêg ing Mandraka, Prabu Salya Mandratpati putra, amanggihi tamu: Prabu Baladewa tuwin Sri Yudhisthira, Sri Bupati Ngawăngga. Ginêm: angajêng-ajêng lampahing duta, Radèn Rukmarata maring Ngastina. Tan dangu dhatênging putra Radèn Rukmarata, lajêng ngaras pada, dinangu matur sampun dipun sagahi sadaya. Sri Salya dhawuh miranti saupakartining karya, tuwin pakajangan ing alun-alun.

11. Madêg ing Widarakandhang, Radèn Narayana lan kang rayi Dyah Wara Sumbadra. Ginêm: badhe bidhal maring Mandrakapura, kang rayi kinèn mangangge lugasan cinara tani, sawusira samêkta, lajêng bidhal.

12. Madêg ing Ngastina, Prabu Kurupati, sanega busananing pangantèn, Radèn Prêmadi dipun dandosi Rêtna Dursilawati, Arya Jayadrata wiwit duk praptanira Radèn Arjuna, ing tyas tansah gambira, awit pêpacanganira tansah ginandhèng lan Radèn Prêmadi. Enggaling carita sasampunira miranti, gya bidhal angarak.

13. Madêg ing paseban jawi Mandraka, ingkang angrakit-rakit lampahing pakurmatan, tuwin pranataning pakajangan, Arya Burisrawa kang mramugarèni paprentahan.

Mangkana praptanira Endhang Bratajaya, saking galadhag anênggêl waringin kurung. Ya ta Radèn Burisrawa, kagyat aningali wanodya kang prapta, kadadak raosing galih, kasmaran mring Dyah Wara Sumbadra, nyat jumênêng sigra ambapang nyêgati lampahira Rêtna Wara Sumbadra. Dupi uninga dipun cêgati lampahira, arsa pinondhong, saking gêtêring panggalih, Wara Sumbadra andharodhog lumajêng wangsul. Radèn Narayana dupi aningali ingkang rayi lumajêng andharodhog dipun bujung satriya ing kadipatèn Radèn Burisrawa, sami

--- 25 : 15 ---

sanalika madêg suraning galih, sigra malumpat, Radèn Burisrawa tinampiling, galangsaran, Patih Tuhayata têtulung tinampiling dening Radèn Udawa, pasewakan jawi kagegeran.

14. Ing pura Prabu Salya, tuwin putra Prabu Baladewa, Prabu Yudhisthira, praptane Arya Rukmarata, atur uninga purwa madya wasananira. Sri Baladewa miyarsa sakala cape, sampun anggarjita ing galih, manawi punika kang rayi Radèn Narayana, Sri Baladewa amit mijil linilan. Duk tumurun saking sitinggil, katingal kang rayi taksih ribut, Sri Baladewa marêpêki, sarwi ngandika: O, Narayana, adhiningsun, bokya nganggo mêmarèni, adhi, iki rak ngêdêgi gawe. Kang rayi matur: Lho, kula rak sampun matur, ta, kakang, kula punika tiyang brangasan butarêpan. Măngka tinuduh ngiringakên kadang èstri, samăngsa pun Sumbadra dipun jarag, sampun tamtu kula tampiling, botên badhe ajrih anaking ratu. Kang raka gumujêng ngandika: O, iya uwis ta, yayi, payo padha marêk ing ngabyantara nata, kang supaya kauningan praptanira lan Si Sumbadra. Sigra laju minggah ing byantara.

Kagyat Prabu Salya Madratpatipura, dupi aningali maring Radèn Narayana, gupuh-gupuh jumênêng saking palênggahan, gya kinanthi astanira manjing dhatulaya, Prabu Baladewa anganthi kang rayi Wara Sumbadra, praptèng pura satata lênggah, lajêng dhawuh miranti, radèn putra kalih Radèn Narayana Rêtna Wara Sumbadra sami binusanan. Sasampunira, sang prabu sigra miyos pandhapi, lan putra Prabu Baladewa tuwin Prabu Yudhisthira.

Mangkana lampahira Prabu Suyudana, lan patah Radèn Arjuna jajar lan Rêtna Dursilawati, Arya Jayadrata ingkang anongsong pangantèn.

15. Ing pura Prabu Salya tuwin para ratu, wus dangu angajêng-ajêng praptaning pangantèn. Kasaru gêtêring jawi, pangantèn dhatêng, saraya para ratu sami urmat, mêthuk pangantèn praptèng palataran, pangantèn kinanthi dening Prabu Baladewa, linajêngakên mring pura, lênggah pêpajangan rukmi, miwah sampun pinrênah dunungira, ing pura kaputrèn. Ing ngriku tan cinatur rêrêngganing purantara, dupi pangantèn sampun panggih, para tamu lan patah sami ngaso ing pamondhokan pura.

Mangkana Arya Jayadrata kang tansah gambira ing galih, sêdya marwasa mring Radèn Arjuna, ing dalu jêjêp ing pura.

Ing ngriku patah-patah Rêtna Dursilawati, Rêtna Wara Sêmbadra, Radèn Arjuna tan têbih, lênggah lan raka Radèn Narayana. Radèn Arjuna lênggah sacêlaking wiwara. Mangkana kang mangendrajala, Yarya[2] Jayadrata wus dangu dènira nginte, dupi waspada Radèn Arjuna lênggah sacêlaking wiwara, sigra pinarwasa saking

--- 25 : 16 ---

jawi, Radèn Arjuna sigra andhawah ing pêpangkonira Wara Sumbadra, Radèn Narayana kamitênggêngên ningali, dene Radèn Arjuna kantaka mungging pangkonira Dyah Wara Sumbadra, para parêkan anjrit alok maling, sarwi alok Arjuna mati. Para ratu kagegeran, Arya Sena gya malumpat manjing pura, pinêgatan dening Prabu Baladewa, sarwi ngandika: O, Bratasena, ariningsun, ora mati Si Prêmadi, ngandêla pun kakang, anjabane yèn ana gêni tan pasah ing wrêksa, iku Si Ajuna mati, wis, ta, yayi, balia, mundhak ambubrahake tata, cêkake bae pun kakang nanggung. Arya Sena asrêp ing panggalihira nulya mundur.

16. Madêg ing Mandraka Prabu Salya, karsa miyos sineba ing sitinggil, tuwin putra Prabu Baladewa, miwah Sri Yudhisthira, Prabu Duryudana. Angginêm gêtêring pura, lajêng ginêm badhe konduring pangantèn, ingkang badhe umiringakên Prabu Baladewa, tuwin Adipati Karna ing Ngawăngga, sarta Prabu Yudhasthira.[3] Lagya eca imbal wacana kasaru lêbêtipun Patih Tuhayata, atur uninga ing jawi wontên mêngsah agêng saking sabrang Sindhunggarba, yaksendra sura sêkti, ambêbahak padhusunan. Sri Nata Salya sigra amasrahakên dhatêng para putra, Prabu Baladewa, Adipati Karna, tuwin Sri Darmaputra, sandika sagah, sigra sami mêdal ing paprangan.

Sapraptanira ing jawi, sampun ayun-ayunan lan mêngsah, ing tandhing sampun pinerang-perang, sri yaksendra tandhing lan Prabu Baladewa, ari nata yaksa lan Sang Adipati Karna, patih lan Arya Sena. Wusana sang yaksendra lan ari myang patih, sami pêjah sadaya. Lajêng sampak. Para punggawa wadya ingamuk Arya Bima, wus sirna gêmpang, ditya rucah lumajêng, Sang Prabu Baladewa lan para senapati sami mundur mring pura, pinêthuk dening Sang Prabu Salya, Sri Jayapitana tuwin Sri Yudhisthira lajêng sami manjing pura, ambangun kasukan bojana andrawina, lêlangên nayub, bibar, tancêb kayon.

111. Lampahan Dèwi Dursilawati Ical.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Kurupati, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi, Patih Sakuni tuwin Radèn Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, sarta Radèn Durmagati, Radèn Jayadrata. Ingkang rinêmbag sang nata badhe andhaupakên kang rayi Dèwi Dursilawati angsal Radèn Jayadrata, wasana Rêtna Dèwi Dursilawati ical. Adipati Karna tinimbalan mangarsa, kadhawuhan ngupadosi kanthi Patih Sakuni, tuwin Korawa sawatawis, gya bidhal, sang nata ngadhaton.

--- 25 : 17 ---

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinuju lênggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Kasaru rawuhing sang nata saking ing păncaniti, imbal wacana. Lajêng tindak kamar pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Adipati Karna, tuwin Patih Sakuni, tuwin Radèn Dursasana, tuwin Radèn Jayadrata, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksi. Rêmbag badhe purugipun ngupaya sang putri. Sasampuning siyaga, bidhal.

4. Madêg ing Tirtakandhasan, Prabu Kurăndhagêni, gandrung asmara lawan Rêtna Dèwi Dursilawati, putri Ngastina, ingkang mungging ngarsa Êmban Kêpêtmega, tansah nglêlipur sang nata. Wasana akarya pustaka panglamar dhatêng Ngastina, lajêng nimbali punggawa danawa, Kalapralêmba mangarsa, dhinawuhan ngaturakên pustaka dhatêng Ngastina, nulya bibaran.

5. Madêg ing paseban jawi, punggawa Ditya Kalabangcuri, Kalamingkalpa, Kalapralêmba. Rêmbag siyaga ing damêl. Sasampuning siyaga, bidhal kanthi Togog. Sarawita. Lampahira kapapag Sata Korawa, pasulayaning rêmbag, dados prang, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing madyaning wana, Radèn Pamade, ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk, lajêng lumampah sapurug-purug, kapapag danawa saking Tirtakandhasan, dadya prang, danawa pêjah sadaya. Radèn Pamade lajêng lampahipun. Sarêng kèndêl angaring-aring sarira, mirêng tangis, tan dangu katingalan Dèwi Dursilawati kabêkta gajah ginendhong ing gigir, wasana tinututan. Dèwi Dursilawati kacêpêng, Radèn Pamade lajêng prang lan dipăngga. Danguning prang, gajah pinanah angin kontal dhawah têbih, Radèn Pamade lajêng lumampah lan Dèwi Dursilawati, nêdya kakondurakên dhatêng Ngastina.

7. Madêg ing madyaning wana, Adipati Karna lawan Patih Sakuni, tuwin Sata Korawa: Radèn Dursasana, Radèn Citraksi, Radèn Citraksa, Radèn Kartamarma. Rembag dèrèng angsal titik pangupayanipun Sang Rêtna Dèwi Dursilawati. Botên dangu dhatêngipun Radèn Durmagati, atur pariksa, Dèwi Dursilawati kalihan Radèn Pamade langkung kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Adipati Karna lawan para Korawa ngangkat gapa[4] bidhal murugi, Radèn Pamade cinêpêng binănda manut, kabêkta dhatêng Ngastina.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Kurupati, ingadhêp para Korawa. Kasaru dhatêngipun Adipati Karna ambêkta Dèwi Dursilawati tuwin Radèn Pamade, matur madya wusananira. Radèn Pamade lajêng tinunggu ing gêdhong pêtêng.

--- 25 : 18 ---

9. Madêg ing Tirtakandhasan, Prabu Kurăndhagêni, miyos ing pandhapi, anduta Êmban Kêpêtmega, andhustha Dèwi Dursilawati dhatêng Ngastina. Êmban Kêpêtmega pangkat.

10. Madêg ing Ngastina, kradènayon, Bagawan Dhêstharastra, Dèwi Anggêndari, tuwin Dèwi Dursilawati, kasaru dhatênging Êmban Kêpêtmega saking gêgana naut Dèwi Dursilawati kabêkta anggêgana, sadaya gegeran, parêkan atur pariksa sang nata.

11. Madêg ing jawi, Sang Prabu Kurupati, miyos ingadhêp para rayi Korawa pêpak, Adipati Karna, tuwin Patih Sakuni, rêmbag arsa andhaupakên Rêtna Dèwi Dursilawati, lawan Radèn Jayadrata. Kasaru parêkan atur pariksa, sang putri Dèwi Dursilawati kadhustha danawa èstri, Prabu Kurupati dhawuh, Radèn Pamade katimbalan mangarsa, sarta lajêng kapêndhêt saking tarungku sowan mangarsa, dhinawuhan ngupaya Dèwi Dursilawati. Radèn Pamade sagah nuwun kanthi Radèn Jaladrata,[5] kalilan lajêng pangkat.

12. Madêg ing Tirtakandhasan, Prabu Kurăndhagêni, dhatêngipun Êmban Kêpêtmega, ambêkta Dèwi Dursilawati, lajêng kalêbêtakên ing kadhaton, sang nata lajêng lumêbêt.

Sigêg, ing kadhaton Rêtna Dèwi Dursilawati, pinanggihan Rarèn[6] Pamade, tinantun dhaup kalihan Radèn Jayadrata purun. Radèn Jayadrata pinurih mêdal, mapagakên Sang Prabu Kurăndhagêni, prang Sang Prabu Kurăndhagêni pêjah ginada, Radèn Pamade lawan Radèn Jayadrata wangsul, Dèwi Dursilawati binêkta anèng sêsupe.

13. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Kurupati, miyos, ingkang mungging ngarsa Patih Sakuni, tuwin Adipati Karna, Radèn Dursasana, Radèn Kartamarma. Rêmbag angarsa-arsa ingkang sami ngupaya ingkang rayi Dèwi Dursilawati. Tan dangu dhatêngipun Radèn Pamade, angiringakên Dèwi Dursilawati pinrih manjing kadhaton, sowan kang rama Bagawan Dhastharastra, lawan kang garwa Dèwi Anggêndari. Tan dangu Dèwi Dursilawati binusanan pangantèn, sasampuning paripurna, pangantèn kadhaupakên, lajêng mungging pasarean, Radèn Pamade kang dadya pangarih.

14. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, pinuju miyos. Ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Bratasena, tuwin Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn. Rêmbag, Radèn Pamade sampun dangu botên mantuk, Radèn Arya Bratasena kadhawuhan nusul dhatêng Ngastina, pangkat.

15. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Kurupati tuwin Adipati Karna, Patih Sakuni, saha Radèn Pamade, para Korawa Radèn Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa [Ci...]

--- 25 : 19 ---

[...traksa,] Radèn Citraksi. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Bratasena, ingkang rayi Radèn Pamade badhe kaajak mantuk dhatêng Ngamarta. Katungka gègèring jawi, alok gajah ngamuk, Sang Prabu Kurupati mundhut tulung mapagakên dirada mêta, Radèn Arya Bratasena mêdal ing jawi, prang lan dirada, ginadhing tan pasah, gajah cinublês kanaka pêjah.

16. Sigêg ing pandhapi, Prabu Kurupati, para Korawa pêpak, Radèn Arya Bratasena lawan rayi Radèn Pamade mangarsa. Ing ngriku Korawa samya giris ningali kadibyanipun Radèn Arya Bratasena, ngantos misuwur sapraja. Radèn Arya Bratasena pamit mantuk lawan kang rayi Radèn Pamade, kalilan. Tancêb kayon.

112. Lampahan Pêksi Anjali Rêtna.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka sri nata ing Mandura, Prabu Baladewa, ingkang sumiwi putra Radèn Sămba, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, para wadya pêpak kang anangkil. Ginêm, Sri Krêsna anggalih samurcanipun ingkang rayi Radèn Janaka, kang rayi Dèwi Wara Sumbadra linamar Radèn Arya Jayadrata, satriya ing Banakêling. Prabu Krêsna matur ing raka, bilih kang rayi Dèwi Wara Sumbadra nyuwun kudangan, pêksi anjali rêtna, tuwin patah satriya kang bagus. Prabu Baladewa mundhut lêstantunipun dhaup kalihan Radèn Arya Jayadrata, nata ing Mandura Prabu Baladewa lajêng amit dhatêng pasanggrahan, andhawuhakên ingkang dados pundhutanipun Dèwi Wara Sumbadra, dhatêng Radèn Arya Jayadrata. Sri Krêsna lajêng kondur ngadhaton. Bibaran kang anangkil.

2. Madêg ing gupit măndragini, pramèswari nata têtiga. Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, miyos lênggah ing pananggap prabasuyasa kalêrês lèr wetan, ngêntosi kondurira sang nata, ngiras mirsani ajaring badhaya tuwin sarimpi. Rawuhira sang nata lajêng pinêthuk ing garwa têtiga, lajêng sami akêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sri Krêsna imbal wacana ing garwa têtiga, bab kawontênanipun ing păncaniti, sang nata lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, putra Radèn Wisatha, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa, Patih Pragota, Prabawa, pêpak para wadya. Ginêm, Sri Baladewa dhawuh dhatêng putra Radèn Wisatha, ingutus andhawuhakên pundhutanipun kêkudangan Dèwi [Dè...]

--- 25 : 20 ---

[...wi] Wara Sumbadra, warni pêksi anjali rêtna, tuwin patah kang bagus, dhatêng kang paman Radèn Arya Jayadrata, satriya ing Banakêling. Patih Pragota lajêng dhawuh siyaga. Sasampuning samêkta lajêng bidhal kapalan. Sri Baladewa tindak ing pasanggrahan Ngrandhugumbala, sowang-sowangan.

4. Madêg ing Nagari Widarba, Prabu Citradênta, miyos ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi ing ngarsa, Patih Dhêndhabau, para wadya pêpak kang anangkil. Ginêm, nata ingaturan uninga ing pramèswari nata Dèwi Agnyarini, bilih klangênanipun ingkang putra Dèwi Kumalarini, awarni pêksi anjali rêtna, sagêd tata jalma, ical sarta mirêng wartos wontên talatahing praja Banakêling. Sang Prabu Citradênta animbali punggawa yaksa, Ditya Kalagodhaka, Ditya Kalakuthila, sasampuning mangarsa, lajêng dhinawuhan ingutus mundhut pêksi kang wontên ing praja Banakêling. Sasampuning winêling sadaya lajêng bidhal sagolongan, sang nata lajêng ngadhaton.

[Grafik]

Radèn Arya Jayadrata.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya: Kalagodhaka, Ditya Kalakuthila. Ginêm ing lampah ingutus dhatêng ing praja Banakêling, Kyai Togog tuwin Sarawita, kakanthèkakên lajêng andhawuhakên sami siyaga, sasampuning samêkta lajêng bidhal. Mangkana lampahipun dumugi ing margi kapapag wadya ing Mandura, pasulayaning rêmbag, dados prang, wasana sami sêsimpangan ing margi.

6. Madêg ing nagari Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, nuju miyos ing pandhapi, ingkang sumiwi Patih Atmagatra, tuwin para wadyabala pêpak, Radèn Atmasubala, Radèn Abirawa. Ginêm anggènipun arsa krama putri kadang nata ing Dwarawati Dèwi Wara Sumbadra. Kasaru rawuhipun Radèn Wisatha, sampun sinambrama, lajêng satata. Radèn Arya Jayadrata pitakèn, Radèn Wisatha matur [ma...]

--- 25 : 21 ---

[...tur,] bilih ingutus ingkang rama Sri Baladewa, maringakên dhawuh timbalanipun nata ing Dwarawati, dhaupipun Dèwi Wara Sumbadra benjing mundhut kêkudangan warni pêksi kang sagêd tata jalmi, tuwin patah satriya bagus. Sasampuning sinagahan, Radèn Wisatha amit mundur. Radèn Arya Jayadrata dhawuh dhatêng Patih Atmagatra, manawi pêksi sampun wontên, lajêng andangu para punggawa, punapa sami gadhah anak bagus rupinipun. Para punggawa matur botên gadhah, para wadya lajêng dhinawuhan sami angupados satriya ingkang bagus warninipun, lajêng bibaran nangkil.

7. Madêg ing kapatihan, garwanipun Patih Atmagatra Dèwi Rêtna Diwati, anuju lênggah pinarak parêkan, konduripun kiyai patih saking anangkil lajêng pinêthuk ingkang garwa, Patih Atmagatra awêwarah ing garwa, kang putra angkat nama Radèn Nilawarna dhinawuhan anyingidakên, awit badhe kakarsakakên dados patah benjing kramanira Radèn Jayadrata. Kang garwa lajêng mêdal ing jawi.

Adêg, Radèn Nilawarna, ingadhêp punakawanipun rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sawêg eca anggènipun ngandikan, katungka rawuhipun ingkang ibu Dèwi Rêtna Diwati, Sang Dèwi Rêtna Diwati andhawuhakên dhatêng Radèn Nilawarna, karsanira kang rama rêkyana patih, ingkang putra kapurih singidan, ingkang putra Radèn Nilawarna lajêng amit pangkat dhatêng ing wana, ingiring rêpat panakawan tiga.

8. Madêg ing wana, para punggawa yaksa ing Widarba, Ditya Kalagodhaka, Ditya Kalakuthila. Ginêm ing lampah ingutus dhatêng ing Banakêling. Kyai Togog tuwin Sarawita, atur uninga wontên satriya langkung, ingiring panakawan tiga, rota danawa lajêng parêpêki,[7] pasulayaning rêmbag, dados prang, wadya ditya sami pêjah sadaya, Kyai Togog tuwin Sarawita sami lumajêng nêdya mantuk atur uninga ing gustinira. Radèn Nilawarna lajêng lampahipun, kapapag wadya ing Banakêling, Radèn Abirawa, tuwin Radèn Atmasubala. Ginêm, Radèn Nilawarna tinantun dados patah botên purun, dados prang, wadya Banakêling kasor, Radèn Nilawarna sumbar, bilih putra Patih Atmagatra ing Banakêling. Radèn Abirawa, tuwin Radèn Atmasubala, sarêng mirêng sumbaripun lajêng sami mantuk dhatêng ing Banakêling, sêdya atur uninga ing gusti, Radèn Nilawarna lajêng dhatêng ing Widarba.

9. Madêg ing nagari Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, anuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp Patih Atmagatra. Ginêm, Radèn Arya Jayadrata, angarsa-arsa punggawa kang kautus ngupados patah. Botên dangu sowanipun punggawa kang dinuta, dinangu matur anggènipun ngupados patah botên angsal damêl. Ananging nalika wontên ing wana kapapag satriya bagus nama Radèn Nilawarna [Nila...]

--- 25 : 22 ---

[...warna,] tinantun dados patah botên purun, dados prang, para punggawa sami kasor, Radèn Nilawarna sêsumbar, bilih anakipun Patih Atmagatra, samangke pangkat dhatêng praja Widarba, ingiring panakawan tiga. Radèn Arya Jayadrata sarêng mirêng aturing punggawa kêkalih wau, lajêng duka dhatêng Rêkyana Patih Atmagatra, rinangkèt, sarta lajêng tinundhung kesah dalah semahipun. Lajêng bibaran nangkil.

10. Madêg ing nagari Widarba, Sang Prabu Citradênta, miyos ing pandhapi agung, ingadhêp Patih Dhêndhabau, tuwi para wadya yaksa. Ginêm, sang nata angarsa-arsa punggawa ditya ingkang kautus dhatêng ing Banakêling. Kasaru dhatêngipun Kyai Togog tuwin Sarawita, atur uninga ing gusti, ngaturkên tiwasing margi, wadya ditya sami pêjah dening satriya ing tanah Jawi, Bambang Nilawarna, Sang Prabu Citradênta sarêng miyarsa aturing wulucumbu kêkasih wau lajêng duka yayah sinipi, patih dhinawuhan angundhangi wadyabala, kinèn sami siyaga ing dêdamêl, sang nata arsa nglurug dhatêng ing Banakêling. Sasampuning sami samêkta lajêng bidhal.

Madêg salêbêting kadhaton ing Widarba, sang pramèswari nata Dèwi Agnyarini, lênggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan, sowanipun ingkang putra Dèwi Kumalarini lajêng angrungkêbi padanira kang ibu sarwi muwun, dinangu matur, Dèwi Kumalarini nyuwun wagêdipun pinanggih kalangênanipun pêksi anjali rêtna. Kasaru dhatêngipun Radèn Nilawarna apindha panakawan ingutus sang nata, sang dyah kêkalih tinimbalan dhatêng ing Banakêling, awit pêksi sampun pinanggih, Sang Dèwi Agnyarini, tuwin putra Dèwi Kumalarini, sami suka ing panggalih, lajêng bidhal dhatêng ing Banakêling, lampahipun alon-alonan.

11. Madêg ing nagari Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, miyos ing pandhapi, ingadhêp para punggawa. Ginêm, Radèn Arya Jayadrata dènira arsa krama dèrèng angsal patah, mila sêngkêl ing panggalih. Kasaru gègèring jawi, dhatêngipun mêngsah saking praja Widarba, Prabu Citradênta sawadyabalanipun sampun angrapit ing praja, Radèn Arya Jayadrata lajêng amapag, dumugi ing jawi sampun panggih kalihan Prabu Citradênta, prang rame. Para wadya Banakêling prangipun sami kasor, Radèn Arya Jayadrata kalindhih dening Prabu Citradênta, Rêkyana Patih Atmagatra sumêrêp bilih gustinipun kalindhih, atêtulung, Radèn Arya Jayadrata uwal. Lajêng tandhing, Patih Atmagatra mêksa kalindhih, Radèn Arya Jayadrata tuwin Patih Atmagatra sami oncat.

Adêg sang Dèwi Agnyarini, tuwin kang putra Dèwi Kumalarini, wontên satêngahing paprangan, lajêng [la...]

--- 25 : 23 ---

[...jêng] pinanggihan Sang Prabu Citradênta, bage-binage. Sang nata uninga mêngsah sami oncat lajêng anututi, dene kang garwa tuwin putra katilar, Sang Dèwi Agnyarini tuwin putra Dèwi Kumalarini, ingaturan lumêbêt ing sêsupe dening Radèn Nilawarna. Sang Prabu Citradênta uninga garwa tuwin putra linêbêtakên dhatêng pondhokipun Radèn Nilawarna, sang prabu gugup sangêt arsa marêki, lajêng jinêmparing ing maruta, Sang Prabu Citradênta sawadyabalanira sami kabuncang dening samirana, dhawah ing prajanipun Widarba.

Sigeg, ing Banakêling, Radèn Arya Jayadrata, tuwin Patih Atmagatra, miwah para punggawa, sami kalêmpakan mêntas mapag ing yuda. Ginêm: Radèn Arya Jayadrata dhawuh dhatêng Patih Atmagatra, kang putra Radèn Nilawarna, tuwin Dèwi Agnyarini, Dèwi Kumalarini, pinundhut arsa dinadosakên patah. Radèn Nilawarna tuwin sang putri tinimbalan sampun mangarsa, pêksi anjali rêtna lajêng tinimbalan sampun mangarsa, sampun sami pradandan. Pêksi lajêng ingêmban sang putri Dèwi Kumalarini. Radèn Arya Jayadrata, Patih Atmagatra, Radèn Birawa, Radèn Atmasubala, tuwin para punggawa, sampun sami samêkta, lajêng dhawuh bidhal angarak dhatêng ing Dwarawati, pangantèn Radèn Arya Jayadrata anitih rata, tuwin Patih Atmagatra, saha patah Radèn Nilawarna, Dèwi Kumalarini angêmban pêksi anjali rêtna, para punggawa sami anumpak turăngga lajêng bidhal.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

12. Madêg ing Pamênang, Radèn Arya Wrêkodara, pinuju lênggah ingadhêp kang putra Radèn Arya Gathutkaca. Ginêm: Sang Arya Wrêkodara, mirêng wartos bilih Radèn Arya Jayadrata ngarak dhatêng ing Dwarawati, lajêng dhawuh dhatêng kang putra Radèn Arya Gathutkaca, dhinawuhan pradandan, ingkang rama arsa sowan dhatêng ing Dwarawati, sampun samêkta lajêng bidhal.

--- 25 : 24 ---

13. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna miyos ing pandhapi agung, ingkang ngadhêp mungging ngarsa ingkang putra Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, sowanipun ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, sampun lênggah satata. Ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, matur pitakèn, benjing punapa timbulipun kang rayi Radèn Arjuna. Sang Prabu Krêsna dhawuh pinurih umpêtan rumiyin. Kasaru rawuhipun ingkang raka nata ing Mandura Prabu Baladewa, anyarêngi pangaraking pangantèn Radèn Arya Jayadrata, sinambrama lajêng lênggah satata, pêksi tinampèn Radèn Sămba, Prabu Baladewa dhawuh, Arya Jayadrata lajêng kadhaupna kalihan Dèwi Wara Sumbadra. Radèn Arya Jayadrata lajêng kairid Radèn Sămba dhumatêng dalêm pungkuran.

14. Madêg ing kadhaton, Sang Dyah Dèwi Wara Sumbadra, pinuju lênggah ingadhêp para parêkan. Sowanipun Radèn Sămba ngaturakên pêksi, lajêng tinampèn Rêtna Wara Sumbadra, pêksi babar Radèn Arjuna, pangantèn Radèn Arya Jayadrata arsa nusul Rêtna Wara Sumbadra lajêng pinapag Radèn Arya Gathutkaca sarwi rinangkèt, Radèn Nilawarna ngangsah, Radèn Arya Gathutkaca mapag, Radèn Nilawarna babar Radèn Ăngkawijaya.

15. Madêg ing kadipatèn, Sri Baladewa, pinuju lênggah, ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Wisatha, Patih Pragota, Patih Prabawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Jayadrata, atur uninga, wontên kadhaton rinangkèt Radèn Arya Gathutkaca. Prabu Baladewa duka, lajêng marêpêki Radèn Arya Gathutkaca, pinapag Radèn Arya Wrêkodara, prang rame. Nata Mandura kasor, para wadyabala sami ngêbyuk, pinapag Radèn Arya Wrêkodara, prang sampak. Para wadya sami sar-saran.

16. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, sami suka, lajêng sami mangun bojana ăndrawina, tancêb kayon.

_________

 


taksaka. (kembali)
Arya. (kembali)
Yudhisthira. (kembali)
gada. (kembali)
Jayadrata. (kembali)
Radèn. (kembali)
marêpêki. (kembali)