Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443v

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan Dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXIII.

Isi lampahan:

99. Krêsna Kêmbang

100. Krêsna Pujăngga

101. Krêsna Begal

102. Sămba Rajah

103. Bambang Sutija

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 23 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 23 : [3] ---

99. Lampahan Krêsna Kêmbang.

1. Jêjêr ing nagari Kumbina, Prabu Bismaka, miyos ing păncaniti, ingadhêp ingkang putra Radèn Rukmara, Patih Tuhajaya. Ginêm: pasanggirining putri nata Dèwi Rukmini, kasaru gègèring jawi, sowanipun ingkang putra nata ing Ngamarta lan Arya Bratasena, Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn. Wusing satata lênggah, angrêmbag pambêbananipun Dèwi Rukmini, manawi Pandhita Durna sagêd ambatang sajatining lanang sajatining wadon, inggih saèstu dhaup. Manawi botên sagêd inggih botên saèstu. Giliging rêmbag, andhawuhakên putra Radèn Rukmara kautus dhatêng ing Ngastina, andhawuhakên bab panyuwunipun Dèwi Rukmini wau, lajêng pangkat. Sang nata ngadhaton.

[Grafik]

Patih Tuhajaya.

Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Sêtyawati, lênggah pananggap prabasuyasa. Katungka rawuhing nata, lajêng lênggah satata. Angandikakakên anggèning măncaniti, lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Rukmara, Patih Tuhajaya. Dhawuh siyaga ing dêdamêl, sasampuning samapta lajêng bidhal dhatêng Ngastina. Kapalan.

4. Madêg samadyaning wana, rasêksa lawan rasêksi. Rasêksi anggarbini nyidham, kêpengin ulaming jalma, gadhah panêdha dhatêng ingkang jalêr. Rasêksa anuruti, lajêng pangkat ngupados. Lampahipun dumugi ing margi, kapapag wadya ing Kumbina, lajêng prang. Wasana sami sêsimpangan margi.

5. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Bagawan Abyasa. Sowanipun ingkang wayah Radèn Pamade [Pama...]

--- 23 : 4 ---

[...de,] kalihan rêpat têtiga, Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sajarwa bilih botên kaparêng andhèrèk jagong dhatêng Kumbina. Bagawan Abyasa dhawuh, ingkang wayah kadhawuhan nusul dhatêng ing Kumbina. Lajêng pangkat kadhèrèkakên rêpat têtiga. Dumugi ing wana lajêng kèndêl sare.

6. Madêg rasêksa kalawan rasêksi. Sami padudon, dene dèrèng angsal pangupayanipun ulam jalma. Rasêksa lajêng pangkat malih. Ing ngriku dhatêng panggenanipun sare Radèn Pamade, panuju rêpat tiga sami kesah. Radèn Pamade tinubruk endha, lêpat, dadya prang, rasêksa pêjah jinêmparing, rasêksi dhatêng, prang, rasêksi pêjah sinuduk, saicaling wangke ditya kêkalih, wontên jawata kêkalih, rawuh, Sang Hyang Kamajaya lawan ingkang garwa Dèwi Ratih. Radèn Pamade pêpanggihan, kadhawuhan lajêng lampahipun.

7. Madêg ing Randhukumbala, Radèn Narayana, tuwin ingkang rayi Rêtna Rara Irêng, Udawa. Rêtna Rara Irêng anggubêl ingkang raka, dene dangu botên kondur, sarta katingal santun pangagêman. Linipur ingêmban, sare, lajêng kasarèkakên, Udawa dhinawuhan momong. Radèn Narayana pangkat dhatêng Kumbina.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Kurupati, miyos ingadhêp Dhayang Durna, tuwin Patih Sakuni, sarta para Korawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Rukmara. Matur sarèhing dinuta, sadaya sami bidhal dhatêng ing Kumbina, ngarak.

9. Madêg ing nagari Kumbina, Prabu Bismaka, pinuju miyos amanggihi tamu para Pandhawa, sami ngaturakên pasumbang. Kasaru dhatêngipun pangantèn. Sri Nata Ngastina ngaturakên pambatanging cangkriman, lajêng kaparêng kairid dhatêng kadhaton.

10. Madêg ing kadhaton patêngganipun Dèwi Rukmini, Dèwi Rukmini miyos kaadhêp parêkan. Sang dèwi angraosi Radèn Narayana, dene sampun dangu anggènipun pamit dhatêng ing Randhukumbala dèrèng wangsul. Ing ngriku Radèn Narayana sampun dangu anggènipun dhatêng, lênggah sawingkingipun sang dèwi, lajêng anjawil. Sang dèwi nolèh, sarêng uninga lajêng anggablog. Sasampuning lênggah satata, Radèn Narayana andangu pawartosipun ing ngajêngan. Sang dèwi umatur, sarèhne ing ngajêng badhe kadhaupakên kalihan Pandhita Durna, ing măngka sang dèwi dahat lênggana, punika saèstu gadhah atur dhumatêng kang rama sang nata, nyuwun sayêmbara, sintên ingkang sagêd ambadhe cangkrimanipun, punika dados jodhonipun sang dèwi. Cangkrimanipun: ing pundi dunungipun sajatining lanang lawan sajatining wadon. Ing măngka ingkang sagêd ambadhe Pandhita Durna, punika karsanipun ingkang rama saèstu [sa...]

--- 23 : [5] ---

[Grafik]

Pandhita Durna.

[Grafik]

Brahala.

--- 23 : 6 ---

[...èstu] sang dèwi badhe kadhaupakên kalihan Pandhita Durna. Radèn Narayana lajêng mundhut busana kampuh parangrusak barong, salira lajêng dipun borèhi gêgarutan. Sasampunipun samapta, sakala tiwikrama santun warni dadya brahala agêng inggil, lajêng nyêgat Pandhita Durna. Pandhita Durna lumêbêt ing kadhaton, badhe kapanggih Radèn[1] Rukmini, sarêng sumêrêp brahala, sang pandhita anjêlèh, wangsul sarwi lumajêng. Sadumugining ngarsa nata matur, bilih ing lêbêt kadhaton wontên brahala angajrihi. Sang nata ing Kumbina lajêng dhawuh dhumatêng Prabu Puntadewa, supados anyirnakna brahala wau, Prabu Puntadewa lajêng malêbêt ing kadhaton, ngirid wadyabalanipun sarwi ngucap hayu hayu. Sarêng têmpuh kalihan brahala, brahala wangsul, badanipun kraos cape. Para Korawa ingkang ngêpung ing jawi sami alok Prabu Puntadewa katêdha brahala. Radèn Bratasena nuju nyêgat ing kori butulan, sarêng mirêng bilih sang raka katêdha ing brahala, gugup malêbêt. Sarêng sumêrêp brahala tinepang kalumah, brahala sakala ical, Radèn Bratasena waringutên malêbêt ing patamanan angobrak-abrik sagunging têtanêman.

Sigêg, Prabu Kurupati ngandika dhatêng rayi Prabu Puntadewa, sarèhning rêrêngganing patamanan sami risak dening Bratasena, punika kêdah katêmpah prabeya mulyakakên. Bilih Prabu Puntadewa botên sagah ambayar prabeyanipun, amung kagunganipun pusaka Kyai Balumbang kapundhut Prabu Kurupati, benjang Prabu Kurupati ingkang mulyakakên. Dèrèng dangu ngandikan, Radèn Bratasena dhatêng sarwi pitakèn dhatêng kang raka Prabu Puntadewa, punika wau badhe ambayar punapa, dene pamirêngipun Radèn Bratasena mawi ambayar. Prabu Kurupati kesah lajêng tinututan dening Radèn Bratasena. Sarêng kacêpêng Prabu Kurupati dhinupak dhawah karungkêp, sarêng sagêd tangi nuntên lumajêng.

11. Madêg ing pandhapi, Prabu Bismaka, ingkang putra Radèn Rukmara. Angaturi uninga. Botên antawis dangu dhatêngipun Radèn Pamadi. Sasampuning binagèkakên, kadhawuhan nyêpêng pandung wontên ing kadhaton, sandika lajêng pangkat.

12. Madêg ing kadhaton, Rêtna Dèwi Rukmini, tuwin Radèn Narayana limunan mungging pajangan. Dyah Rukmini bage-binage, Radèn Pamadi sêngadi kautus kang paman anata pajangan. Radèn Narayana kesah tinututan Radèn Pamadi, dados prang. Radèn Narayana pêjah sinuduk, rah tinadhahan, kuwănda tinunu. Prabu Kurupati dhatêng pitakèn. Radèn Pamadi matur sampun sirna, ngaturakên rah. Prabu Kurupati ngintên Radèn Narayana. Prabu Kurupati mêdal ing jawi utusan kang rayi Radèn Citraksi dhatêng Randhukumbala, angetanga kawontênanipun rajabarana ing Randhukumbala, lajêng

--- 23 : 7---

kakukupa. Radèn Citraksi bidhal kanthi panêkar sawatawis, Radèn Pamadi sowan ing ngarsanipun Prabu Bismaka. Matur sasolahipun, lajêng ingutus dhatêng Randhukumbala paring priksa Sang Dyah Rara Irêng.

13. Madêg ing Randhukumabala, Rêtna Rara Irêng pinarak ing pandhapi kaadhêp Udawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Critaksi. Badhe anjarah rayah, lajêng kaundurakên Patih Udawa. Bibaring Korawa kapapag Radèn Pamade, Udawa sumungkêm ing pada, sarwi amasrahakên sawontêning pasanggrahan, Udawa lajêng badhe matur dhatêng ing pasanggrahan Mandura. Radèn Pamade lajêng pêpanggihan lan Wara Sumbadra, ngaturi uninga yèn ingkang raka seda, jalaran lambangsari lan Dèwi Rukmini. Dèwi Sumbadra andangu ingkang mêjahi sintên, Radèn Pamade matur yèn sariranipun, saking ngêmban dhawuhing nata. Sumbadra pitakèn malih, punapa Dèwi Rukmini ugi kapêjahan. Janaka mangsuli botên, awit botên kadhawuhan. Dèwi Wara Sumbadra sangêt dukanira, Radèn Pamade lajêng kabănda. Kairid sowan dhatêng ngajêngan.

[Grafik]

Radèn Narayana.

[Grafik]

Radèn Pamade.

14. Madêg ing pasanggrahan Mandura, Prabu Baladewa, pinuju miyos ingadhêp Patih Pragota, tuwin Prabawa. Ingkang rinêmbag badhe jagong dhatêng Kumbina. Kasaru dhatêngipun Udawa, ngaturi pariksa [pa...]

--- 23 : 8 ---

[...riksa] yèn ingkang rayi Radèn Narayana kapara tiwas, jalaran lambangsari lan Dèwi Rukmini. Prabu Baladewa duka, Patih Udawa dipun tampiling, lêpat anggènipun nilar Dèwi Rara Irêng, lajêng kadhawuhan wangsul têngga pasanggrahan. Sang nata bidhal sowan ing ngajêngan.

15. Madêg ing nagari Kumbina, Prabu Bismaka, pinuju miyos ingadhêp para Pandhawa pêpak. Botên dangu Radèn Pamade dhatêng kairing Rêtna Rara Irêng, katungka sowanipun Prabu Baladewa, sadaya sami botên narimah, dene Dèwi Rukmini botên tumut pinêjahan. Sang nata anglilakakên pêjahipun Dèwi Rukmini. Radèn Pamade lajêng linuwaran, sarta kautus mundhut pêjah gêsangipun Dèwi Rukmini. Dèwi Wara Sumbadra lajêng malêbêt kadhaton, kairid Radèn Rukmara.

[Grafik]

Wara Sumbadra.

16. Madêg ing patamanan, Dèwi Rukmini, ingadhêp pawongan. Kasaru rawuhipun Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Pamade, Radèn Rukmara. Kautus mundhut pêjah gêsangipun sang putri minăngka adiling praja. Dadya timbangan sirnaning Radèn Narayana. Sarêng patrêm badhe sinungkêman, Radèn Narayana rawuh saking dirgantara, angrêbat patrêmipun Dèwi Rukmini. Lajêng pondhongan. Radèn Rukmara saking bingahing wardaya lajêng lapur mring panangkilan.

17. Madêg para nata pêpak, sami prihatos. Kasaru sowanipun Radèn Rukmara, ngaturi uninga yèn Dèwi Rukmini botên saèstu pinêjahan, awit saking Radèn Narayana sampun mulya malih. Mangkono para nata saking sukaning wardaya, sanalika Radèn Narayana badhe lajêng kadhaupakên lan Dèwi Rukmini. Para nata andhawuhakên para wadya dhauping pangantèn wau. Lajêng tumamèng kadhaton, andhaupakên pangantèn. Wangsul ing pasewakan, bojana ăndrawina. Gègèring jawi Prabu Kurupati sawadya damêl rêrêsah, Radèn Bratasena anyirnakakên rêrêsah, prang sampak. Tancêb kayon.

100. Lampahan Krêsna Pujăngga (Alap-alapan Sêtyaboma).

1. Jêjêr ing Lesanpura, Prabu Sêtyajid, miyos ing păncaniti: ingkang munggèng ngarsa putra Radèn Arya Sêtyaki, Patih Sêtyadarma. Ingkang rinêmbag arsa ambuja wiwaha putra putri kêkasih

--- 23 : 9 ---

Dèwi Sêtyaboma, badhe dhaup kalawan Pandhita Durna, ing Sokalima. Kasaru wontên caraka saking Mandura, Rêkyana Patih Prabawa, angaturakên pustaka saking ingkang putra Prabu Baladewa, suraosing pustaka ngaturi pariksa sang padniwara Dèwi Erawati nandhang kêkêling, katirahakên dhatêng pasanggrahan Randhukumbala. Gêrahipun sang padniwara wau tansah ngandikakakên kang rayi Dèwi Sêtyaboma. Caraka lajêng kalilan ngaso ing pondhokan. Sang nata sigra ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang padniwara Dèwi Sini, miyos lênggah ing prabasuyasa, ingkang ngadhêp putra putri Dèwi Sêtyaboma. Kasaru sang nata kondur ngadhaton, lajêng lênggah satata. Ingkang ginusthi kawontênaning păncaniti, suraosing pustaka, saking ingkang putra ing Mandura. Wasana sang nata dhawuh mring Dèwi Sêtyaboma, kadhawuhan tuwi ingkang bakyu dhumatêng pasanggrahan Randhukumbala. Sasampuning samapta lajêng bidhal, sang nata lawan garwa tindak sanggar pamujan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Sêtyadarma, saha caraka Mandura Patih Prabawa. Ingkang rinêmbag badhe angkatipun sang putri, lajêng mirantos titihan jêmpana. Sasampuning siyaga bidhal kapalan, Radèn Arya Sêtyaki nitih kuda, ngampingi jêmpana titihanira kang bakyu.

4. Madêg ing Dwarawati, Prabu Kalakrêsna, miyos ing pandhapi, ingkang sumiwi êmban Ditya Rini. Sang prabu gandrung asmara lawan Dèwi Sêtyaboma, wasana akarya pustaka panglamar katur sang nata ing Lesanpura, lajêng nimbali danawa Kalakuramba, kautus ambêkta pustaka dhumatêng Lesanpura, lajêng bibaran.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa rota danawa, Kalamamrang, tuwin Kalakuramba, Kalasalodra. Rêmbag anggènipun dinuta sang nata dhumatêng Lesanpura. Sasampuning siyaga lajêng bidhal dalah panêkarira, têtindhihing lampah Togog tuwin Sarawita. Lampahipun dumugi margi, kapapag wadya Lesanpura, prang gagal. Wasana rota danawa kasêsêr, lumajêng sar-saran manjing ing wana. Radèn Satyaki sawadyanipun tulus anglajêngakên lampah.

6. Madêg ing wukir Rêtawu, Bagawan Abyasa, mungging pacrabakan dèn adhêp ingkang wayah Radèn Pamade, tuwin Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ingkang wayah sampun dangu pruwita wontên wukir Rêtawu, lajêng tinuduh ingkang eyang supados dhatêng nagari Ngamarta. Radèn Pamade nulya pamitan kalilan, pangkat dalah rêpat tiga, sang bagawan lajêng tindak pamêlêngan. Lampahipun Radèn Pamade ngambah wana kapapag rota danawa saking Dwarawati prang, para punggawa danawa pêjah sadaya. Radèn Pamade lajêng lampahipun.

--- 23 : 10 ---

7. Madêg ing pasanggrahan Randhukumbala, Prabu Baladewa, miyos ing pandhapi, ingkang munggèng ngarsa Patih Pragota, Radèn Udawa. Ingkang rinêmbag angajêng-ajêng dhatênging caraka. Tan watawis dangu dhatêngipun ingkang rayi Dèwi Sêtyaboma, nitih jêmpana, kadhèrèkakên kang rayi Radèn Arya Sêtyaki. Sang Prabu Baladewa tanggap mêthukakên, Dèwi Sêtyaboma lajêng kalêbêtakên ing dalêm puri, Radèn Arya Sêtyaki kapanggihan jawi sinugata ngunjuk warni-warni.

8. Madêg ing dalêm puri, Radèn Narayana wontên salêbêting pasarean, rewa-rewa kang bak ayu Dèwi Erawati, sarwi akêkêmul kampuh, sarta atutup gêgubah. Kasaru lêbêtipun Dèwi Sêtyaboma lajêng bage-binage. Dèwi Sêtyaboma sarêng mirêng swaraning priya, lajêng mundur gyanira lênggah, èsmu maras ing panggalih, ngunadikèng wardaya, rumaos kenging loropan. Kocapa Radèn Narayana, sarêng mirsa ing sêmu enggal dènira wungu mêdal saking pasarean, Dèwi Sêtyaboma mundur sarwi angaras. Radèn Narayana ngandika: Sampun kalintu ing panampi, wontênipun patrap makatên, saking gunge pangowêl, dene putrining narendra ayu anèm, endah warninipun, têka badhe dhaup kalihan pandhita sêpuh, ingkang warninipun awon sangêt. Mila sariranipun dadosa têtumbaling lêlampahan wau. Dèwi Sêtyaboma sampun katuju ing panggalih, lajêng apêpondhongan. Sabibaring pondhongan sami minggah panggungan.

9. Sigêg ingkang sami lênggah ing pandhapi, Prabu Baladewa, kalihan Radèn Arya Sêtyaki, anggènipun sami ngunjuk kêkathahên ngantos wuru. Radèn Sêtyaki sarêng kenging paekan, enggal matur, kenging punapa panjênêngane ratu linangkung, têka nindakakên patrap makatên. Prabu Baladewa jawab, inggih makatên punika dununging pamurina, sampun ngantos kalampahan, dhaup kaliyan Pandhita Durna. Sêtyaki matur, sanadyan murina, sampun angangge tindak ingkang makatên. Prabu Baladewa ngandika, punapa Radèn Sêtyaki botên lila, sadhèrèkipun kadhaup lan Radèn Narayana. Radèn Sêtyaki langkung bramantya, sarwi angaras, kang raka tinêbak jajanipun, lajêng dados prang. Prabu Baladewa tansah angunduri gêlare păncakara, sarêng dumugi sapinggiring capurining kêdhaton, Radèn Arya Sêtyaki mulat ingkang wontên sanginggiling pêpanggungan, Narayana sampun ajajar lênggah kalihan ingkang bak ayu Dèwi Sêtyaboma, lajêng kados sinapih kurdhanira, karuna anyungkêmi padaning raka, asêsambat namung nyuwun icalana kalingsêmanipun, misuwur ing liyan praja. Sang nata wêlas ing galih, Radèn Sêtyaki dhinawuhan dhumatêng ing nagari ing Ngastina, wontên sayêmbara anusuli [anu...]

--- 23 : 11 ---

[...suli,] manawi sagêd anyêmpal baune kiwa têngên Prabu Baladewa, inggih sagêd dhaup lan Dèwi Sêtyaboma, Radèn Sêtyaki lajêng pangkat.

10. Madêg ing Ngastina, Prabu Kurupati miyos ingadhêp Patih Sakuni, tuwin para Sata Korawa pêpak. Rêmbag badhe pangaraking pangantèn Pandhita Durna, kasaru dhatêngipun Radèn Sêtyaki, dinuta kang raka Prabu Baladewa, matur purwa madya wasananipun. Radèn Sêtyaki sasampunipun katampi pamit mundur kalilan. Pandhita Durna lajêng pangkat, kanthi Sata Korawa ingkang kangge sêsulih sayêmbara.

11. Madêg ing Randhukumbala, Prabu Baladewa, tuwin Radèn Narayana, Dèwi Sêtyaboma, dhatênging Radèn Sêtyaki, matur mêntas dinuta. Kasaru dhatênging Pandhita Durna, dalah Sata Korawa. Prabu Baladewa mêdal ing jawi, lajêng prang tandhing lawan Sata Korawa, Sata Korawa kasor sadaya, Pandhita Nurna[2] tuwin Patih Sakuni lajêng dhatêng Ngamarta.

12. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Bratasena, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Rêmbag badhe sowan sarta ambêkta pasumbang dhatêng Lesanpura. Kasaru dhatêngipun Radèn Pamade, saha katungka dhatênging Pandhita Durna, tuwin Patih Sakuni, nêdha pitulung Radèn Arya Bratasena, kaparênga kangge sêsulih sayêmbara. Sang nata kaparêng, Radèn Arya Bratasena lawan Radèn Pamade kabêkta Pandhita Durna, tuwin Patih Sakuni. Lajêng bidhal dhumatêng Randhukumbala.

13. Madêg ing Randhukumbala, Prabu Baladewa, miyos ingadhêp Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa. Dhatêngipun Radèn Arya Bratasena, ngadêgi sayêmbara sulihing Pandhita Durna lajêng prang. Danguning prang ngantos sami katèmpêr. Radèn Narayana tuwin kang rayi Rêtna Rara Irêng angrungkêbi kang raka Prabu Baladewa, Radèn Pamade ngrungkêbi Radèn Arya Bratasena. Sadangunira têtangisan kasaru dhatênging parêkan, atawan-tawan tangis, ngaturi pariksa bilih Dèwi Sêtyaboma, kasaut wil èstri kabêkta anggêgana. Radèn Narayana minta tulung dhatêng Radèn Pamade, sagêda ngupaya sang putri. Ingkang sami kaprawasa waluya. Radèn Pamade lajêng pangkat. Radèn Narayana tuwin Radèn Arya Bratasena mêmanuki lampahipun.

14. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Yudakala Krêsna. Dhatênging êmban Dityarini ngaturakên Dèwi Sêtyaboma, lajêng kalêbêtakên ing kadhaton. Sang nata langkung suka, lajêng tindak kadhaton. Ing kadhaton, Dèwi Sêtyaboma, kapanggih Radèn Narayana, lajêng kalêbêtakên supe. Lampahira sang prabu kapapag Radèn Narayana, prang. Sri Yudakala Krêsna pêjah kataman cakra, kawacanira

--- 23 : [12] ---

[Grafik]

Prabu Baladewa.

[Grafik]

Radèn Arya Bratasena.

--- 23 : 13 ---

lajêng kaangge Radèn Narayana. Sagunging rota danawa murina, prang lan Radèn Pamade, tuwin Radèn Arya Bratasena, sadaya punggawa sami têluk. Radèn Narayana kajumênêngakên nata ing Dwarawati, kasêksenan Sang Hyang Narada sarta para jawata, lajêng tindak dhatêng Lesanpura, Radèn Pamade tuwin Radèn Arya Bratasena tan kantun.

15. Madêg ing nagari Lesanpura, Prabu Sêtyajid, miyos ing pandhapi ingadhêp Patih Sêtyadarma. Dhatênging Prabu Narayana dalah Radèn Pamade, Radèn Arya Bratasena. Rêmbag ngaturi pariksa sagunging lêlampahanira, wasana sami suka, pangantèn lajêng kadhaupakên. Gègèring jawi Korawa adamêl rêrêsah, wêdaling Bratasena, prang sampak, bojana andrawina. Tancêb kayon.

101. Lampahan Krêsna Begal.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata miyarsa warta, bilih ingkang rayi Radèn Arjuna lolos saking praja. Sri Krêsna karsa amartuwi maring praja Ngamarta, sarwi dhawuh kinèn sami prayitna, pacak barik sajawining kitha. Sampunira dhawuh, sang nata lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Satyaboma, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Kasaru kondurira sang nata, pinêthuk ing garwa têtiga, kinanthi binêkta lênggah satata. Sang nata lajêng imbal wacana, bilih kang rayi Radèn Arjuna murca atilar praja. Kang garwa têtiga sami karêrantan ing galih. Sri Krêsna dhawuh arsa tindak maring Ngamarta, para garwa kinèn sudhiya kawaca kapandhitan. Sang nata lajêng minggah ing sanggar pamêlêngan, muja samadi.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Sămba, Patih Udawa, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, miwah para punggawa. Ginêm, dènira sami arsa anguntapakên tindakira sang nata, sampun siyaga, amung nganti miyosira sang nata, kasaru miyosira sang nata, lajêng napak ing gêgana. Para wadya sami têngga praja.

4. Madêg ing nagari Tawanggantungan, Prabu Dasakumara, miyos ingadhêp kang putra Radèn Arya

--- 23 : 14 ---

Indrajid, Radèn Arya Trisirah, miwah para wadya ditya pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata arsa krama, dhaup kalihan Rêtna Dèwi Puspitawara, putranira Prabu Darmamuka ing praja Slagahima. Sang nata pasrah mring putra Radèn Arya Indrajit sagêdipun kalampahan, kang putra tur sandika. Sampunira dhawuh, Prabu Dasakumara lajêng tindak anggêgana, arsa ngupadosi Prabu Krêsna, Radèn Arya Indrajit andhawuhakên mring punggawa ditya pinisêpuh, ingutus ngaturakên nawala panglamar maring praja ing Slagahima, katur Prabu Darmamuka. Punggawa ditya sandika, lajêng mêdal ing jawi.

[Grafik]

Prabu Dasakumara.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya ing Tawanggantungan, Ditya Kalawahmuka, Ditya Kalapradiyu, Ditya Kalabisana. Ginêm, dènira ingutus angaturakên nawala maring praja Slagahima, katur Prabu Darmamuka. Sasampunira sami siyaga lajêng bidhal, ingkang dadya pangiriding lampah Kyai Wijamantri tuwin Tejamantri.

6. Madêg ing nagari Slagahima, Prabu Darmamuka, miyos ingadhêp kang putra Radèn Arya Jayapuspita, tuwin Patih Jayasudarma, pêpak para wadya ditya kang anangkil. Ginêm: bang[3] nata anggalih kang putra Dyah Rêtna Puspitawara, dènira kinarsakakên dening Prabu Dasakumara, ingkang putra Radèn Arya Jayapuspita dhinawuhan ngupaya sraya. Kang putra Radèn Arya Jayapuspita matur sandika, amit rinilan kinanthèn Patih Jayasudarma.

7. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Jayapuspita, tuwin Patih Jayasudarma. Ginêm:

--- 23 : 15 ---

dènira ingutus sang nata kinèn angupaya sraya. Sampun siyaga lajêng bidhal. Mangkana lampahira sang kêkalih, sarêng dumugi ing margi kapapag baris ditya saking Tawanggantungan. Pasulayaning rêmbag, dadya prang, wadya ing Slagahima kasor lumajêng, wasana anyimpang margi.

8. Madêg ing pratapan Ngarga Candhirinêngga, Radèn Arjuna, lagya tapa, asêsilih nama Bambang Madusêkti. Pan kasaru dhatêngipun Radèn Arya Jayapuspita, tuwin Patih Jayasudarma, dinangu matur: bilih ingutus Sang Prabu Darmamuka ing praja Slagahima, kinèn angupaya sraya. Bambang Madusêkti tinantun sagah, lajêng binêkta maring Slagahima, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

Mangkana lampahira Bambang Madusêkti, tuwin Arya Jayapuspita, Patih Jayasudarma, sarêng dumugi ing wana kapapag baris ditya saking Tawanggantungan. Pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa jinêmparing pêjah sadaya, Bambang Madusêkti lajêng lampahira, ingiring parêpat tiga.

9. Madêg ing nagari Slagahima, Prabu Darmamuka, miyos ingadhêp para wadyabalanira. Ginêm: sang nata angarsa-arsa ingkang putra Radèn Arya Jayapuspita, tuwin Patih Jayasudarma, ingkang dinuta ngupaya sraya, sampun antawis lami dèrèng dhatêng. Botên watawis dangu dhatêngipun kang putra Radèn Arya Jayapuspita, tuwin Patih Jayasudarma, angaturakên sarayan, nama Bambang Madusêkti, sampun katampèn. Bambang Madusêkti ingirid Sang Prabu Darmamuka manjing ing kadhaton.

Kocapa ing pura, pramèswari nata Dèwi Darmanawati, lênggah ingadhêp kang putra Dèwi Puspitawara, tuwin para parêkan cèthi. Ginêm: kang putra tinantun krama, kang putra sampun anglênggana. Kasaru rawuhira sang nata angirid Bambang Madusêkti, sampun lênggah satata. Sang nata imbal wacana, Bambang Madusêkti tinantun krama sagah. Bambang Madusêkti lajêng kadhaupakên kalihan Rêtna Dèwi Puspitawara, pondhongan.

10. Madêg ing nagari Tawanggantungan, Radèn Arya Indrajit, lênggah tuwin para rayi: Radèn Arya Trisirah, Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Narataka, Radèn Arya Dewataka, tuwin Radèn Arya Yaksadewa. Lagya ginêm, kasaru dhatêngipun Kyai Wijamantri tuwin Tejamantri, dinangu matur, bilih ditya caraka kang dinuta maring Slagahima pêjah dening satriya ing Candhirinêngga nama Bambang Madusêkti. Radèn Arya Indrajit, tuwin para ari sadaya, sarêng mirêng aturing Kyai Wijamantri sami duka yayah sinipi, lajêng samya mêsat ing gêgana, arsa ngupaya Bambang Madusêkti.

11. Madêg ing nagari Slagahima, Prabu Darmamuka, miyos ingadhêp kang putra Radèn Arya Jayapuspita, tuwin putra mantu Bambang Madusêkti, tuwin Patih Jayasudarma, pêpak para wadyabala kang anangkil [a...]

--- 23 : 16 ---

[...nangkil.] Ginêm: sang nata andangu mring putra mantu Bambang Madusêkti, matur santana ing Ngamarta. Sang nata karsa anjunjung lênggahira Bambang Madusêkti, lajêng kasaru gègèring jawi, kataman ing jawah latu. Bambang Madusêkti amit anyirêp kang latu, lajêng latu sinirêp ing jawah, Bambang Madusêkti waspada, bilih wontên mêngsah saking luhur, kang awit ngagêm lisah jayèngkatong, lajêng prang rame, danguning prang, Bambang Madusêkti lajêng anglêpasakên jêmparing bajra, putra ing Tawanggantungan sadaya sirna. Sasirnaning mêngsah, Bambang Madusêkti lêledhang maring wana, kairing Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Radèn Arya Indrajit.

12. Madêg ing pratapan Candhana Sapilar, Sang Bagawan Sidik Wacana, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp ingkang putra pujan, nama Endhang Mutyara, matur bilih ing dalu supêna kapanggih kalihan Bambang Madusêkti, mila ingkang rama ingaturan angupadosi, Bambang Madusêkti. Sang Bagawan Sidik Wacana sagah, lajêng pangkat angupadosi.

Madêg kang wontên samadyaning wana, Bambang Madusêkti, lênggah ing ngandhaping mandera, ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lagya eca dènira lênggah, kasaru dhatêngira Sang Bagawan Sidik Wacana. Sampuning lênggah satata, sang bagawan matur sajarwa, Bambang Madusêkti lajêng binêkta, sadhatêngira pratapan lajêng pinanggihakên kang putra Endhang Mutyara. Sang bagawan anantun kang putra Endhang Mutyara, kang putra sampun anglênggana, lajêng kadhaupakên kalihan Bambang Madusêkti, pondhongan. Bambang Madusêkti dangu wontên ing pratapan Candhana Sapilar.

--- 23 : 17 ---

13. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, miyos ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin kang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Patih Tambakganggêng, pêpak para punggawa kang anangkil. Ingkang rinêmbag murcanira kang rayi Radèn Arjuna. Kasaru rawuhira kang raka Prabu Krêsna, sampuning lênggah satata, Sri Krêsna awêwarta, bilih kesahipun kang rayi Radèn Arjuna palakrama, Prabu Krêsna arsa nusul ingkang rayi Radèn Arjuna, Radèn Arya Wrêkodara winêling, bilih tindakira Sri Krêsna ngantos pêndhak dintên. Radèn Arya Wrêkodara dhinawuhan nusula maring praja Slagahima. Sri Krêsna sasampunira paring dhawuh, amit ing rayi Yudhisthira, lajêng napak ing gêgana, dupi prapta sajawining Slagahima, Sri Krêsna binujêng dening Prabu Dasakumara, Sri Krêsna maring pratapan, Sri Krêsna priksa tejanipun kang rayi Radèn Arjuna, lajêng mandhap.

[Grafik]

Sang Hyang Yamadipati.

14. Madêg ing pratapan Candhana Sapilar, Sang Bagawan Sidik Wacana, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp kang putra mantu Bambang Madusêkti, anuwun amit mring Slagahima, matur mitungkas anggènipun wawrat kang garwa, manawi ambabar priya kanamakna Bambang Nilasuwarna. Sampunira rinilan, Bambang Madusêkti pangkat. Ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Kasaru rawuhira Prabu Krêsna tanya mring Sang Bagawan Sidik Wacana, sang bagawan matur, manawi Bambang Madusêkti pangkat dhatêng Slagahima. Sri Krêsna amit nusul mring Bambang Madusêkti, pangkat. Pan kasaru rawuhipun Prabu Dasakumara, tanya mring sang bagawan, Sri Krêsna wontên pundi, Bagawan Sidik Wacana tan ngakên, lajêng cinêpêng, Sang Bagawan Sidik Wacana lajêng malês angêcis, Prabu Dasakumara pêjah.

15. Madêg gara-gara, tumurunipun Sang Hyang Yamadipati, tuwin kang putra Dèwi Sarimonglang, kang putra lajêng maring ênggèning kunarpanira Prabu Dasakumara, anilar kang rama, jumênêng nyêlaki kunarpanira Prabu Dasakumara, Dèwi Sarimonglang lajêng amastani Prabu Dasakumara: uripa. Saèstu gêsang, Prabu

--- 23 : 18 ---

Dasakumara uninga Dèwi Sarimonglang amurugi, lajêng lumajêng mring ngarsanira kang rama, kang putra Dèwi Sarimonglang tinutuh, Prabu Dasakumara nusul, dadya prang. Sang Hyang Bathara Yamadipati kasor, sigra lumajêng kalihan kang putra Dèwi Sarimonglang.

Mangkana Bambang Madusêkti, lampahira dumugi ing margi, kaandhêg ingkang raka Prabu Krêsna, amêlèhakên kang rayi Radèn Arjuna, nulya kasusul praptanira Sang Hyang Yamadipati, putranira Dèwi Sarimonglang lajêng dèn brukakên maring Radèn Arjuna, sampuning pasrah, Sang Hyang Yamadipati nulya makahyangan. Katungka praptanira Prabu Dasakumara, lajêng binarat dening Radèn Arjuna, Prabu Dasakumara sirna, Radèn Arjuna lajêng maring Slagahima, Sri Krêsna kèndêl nganti nèng jawi.

16. Madêg ing nagari Ngamarta, prabu Yudhisthira, miyos ingadhêp kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin kang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin patih Tambakganggêng, para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata dhawuh mring rayi Radèn Arya Wrêkodara, kinèn anusul kang rayi Radèn Arjuna maring praja Slagahima, kinèn nganthi kang putra Radèn Arya Gathutkaca. Kang rayi Radèn Arya Wrêkodara matur sandika, lajêng pangkat.

17. Madêg ing Tawanggantungan, Prabu Dasakumara, ingadhêp kang putra Radèn Arya Indrajit, Radèn Arya Trisirah, Radèn Arya Trikaya, Radèn Arya Narataka, Radèn Arya Dewataka, Radèn Arya Yaksadewa. Ginêm: arsa anggêpuk kitha ing Slagahima, sasampunira siyaga lajêng bidhal.

18. Madêg ing nagari Slagahima, Prabu Darmamuka, miyos ingadhêp kang putra Radèn Arya Puspita, tuwin putra mantu Radèn Arjuna, tuwin Patih Jayasudarma, pêpak para wadya kang anangkil. Ginêm, Radèn Arjuna matur amit maring rama Prabu Darmamuka, katungka dhatêngipun parangmuka saking Tawanggantungan, Prabu Dasakumara, dalah saputranira, Radèn Arjuna lajêng mapag prang rame, lajêng katungka dhatêngipun Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Arya Gathutkaca. Radèn Arya Wrêkodara uninga kang rayi rinêbat ing prang, lajêng analabung ing prang, sampak. Mêngsah sirna dening Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Arya Gathutkaca, pinêthuk dening Prabu Darmamuka, sampunira lênggah satata, Sri Krêsna nyuwun mantukipun kang rayi Radèn Arjuna, Prabu Darmamuka anjurungi, wasana bojana ăndrawina, tancêp kayon.

102. Lampahan Sămba Rajah.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Duryudana, pinuju miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Dhahyang Durna, tuwin Patih Arya Sakuni, ingkang rinêmbag Sang Prabu Ngastina aminta sraya ingkang rayi radèn [ra...]

--- 23 : 19 ---

[...dèn] Arya Wrêkodara kadhawuhan anyirnakakên mêngsah saking Nungsabumi. Patih Arya Sakuni kadhawuhan dhatêng nagari Ngamarta ambêkta nawala, sang nata jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Rêtna Dèwi Banowati, miyos ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp ingkang putra Dèwi Lêsmanawati. Kasaru rawuhipun sang nata lajêng mêmuja.

[Grafik]

Patih Arya Sakuni.

[Grafik]

Prabu Duryudana.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin sang Adipati Karna, sarta para ari Korawa. Patih Arya Sakuni dhawuh miranti ingutus dhumatêng ing nagari Ngamarta, sasampuning samêkta lajêng bidhal kapalan. Sang Adipati Karna, binubuhan pacak baris wontên sajawining rangkah.

4. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, pinuju miyos ingadhêp ingkang putra Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa. Sang nata dhawuh dhumatêng putra Radèn Sămba, kadhawuhan ningali badhe paprangan ing nagari Ngastina, Radèn Sămba sandika, lajêng pangkat. Sang Prabu Krêsna anggêgana, badhe ngupadosi kang rayi Radèn Janaka.

--- 23 : 20 ---

5. Madêg ing Nungsabumi, Prabu Partajaya, pinuju miyos ingadhêp Patih Dhêndhawasesa. Ingkang rinêmbag, mêngsahan nata ing Ngastina, dangu para wadya ingkang angêpang kutha Ngastina, dèrèng wontên mangsah prang. Sang nata dhawuh nimbali punggawa yaksa, kadhawuhan ambiyantu baris sajawining rangkah, lajêng sami budhalan, kapapag wadya ing Ngastina, dadya prang, punggawa danawa kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, pinuju miyos, ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Ingkang rinêmbag murcanipun kang rayi Radèn Janaka. Kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, ngaturakên nawala, suraos kang raka Prabu Duryudana mundhut bantu Radèn Arya Wrêkodara, kadhawuhan mapag Raja Nungsabumi, Prabu Partajaya. Radèn Arya Wrêkodara lajêng tumut Patih Arya Sakuni, pangkat.

7. Madêg ing pratapan Danawiyat, Cèkèl Adiluwih, Suksma Adimulya, ingadhêp Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ingkang rinêmbag bab măngsa. Kasaru sowanipun Radèn Sămba, nyuwun sarana badhe ningali paprangan nagari Ngastina, sang tapa lajêng maringi sarana, astanipun Radèn Sămba dipun rajah, Sêmar, Nala Garèng, Petruk kabêkta, pangkat. Lampahipun Radèn Sămba kapapag wadya yaksa dadya prang, yaksa pêjah, Radèn Sămba lajêng lamahipun.[4]

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, pinuju miyos ingadhêp Dhahyang Durna, dhatêngipun Patih Arya Sakuni, kanthi Radèn Arya Wrêkodara, kadhawuhan mangsah prang, lajêng sami budhalan kanthi para Korawa, Sang Adipati Karna, tuwin Patih Sakuni.

9. Madêg ing pasanggrahan Nungsabumi, Prabu Partajaya, ingadhêp Patih Dhêndhawasesa, dhatêngipun Togog Sarawita matur, bilih para wadya danawa sami pêjah, Sang Prabu Partajaya lajêng budhalan dhatêng Ngastina, wadya Nungsabumi prang lan wadya Ngastina, Sang Adipati Karna anjêmparing Prabu Partajaya, dipun kanthili sêrat, suraosipun kapurih mêjahi Radèn Arya Wrêkodara, Sang Prabu Partajaya sagah, Radèn Arya Wrêkodara dipun panah lajêng pêjah, Radèn Sămba dhatêng, lajêng nalabung prang, Prabu Partajaya kasoran. Sang Adipati Karna manggihi Radèn Sămba, lajêng prang, Radèn Sămba pêjah. Sêmar, Nala Garèng, Petruk sami mantuk. Adipati Karna lajêng manggihi Prabu Partajaya, rêmbag angêntosi para Pandhawa, lajêng bibaran.

10. Madêg ing pratapan Danawiyat, Cèkèl Adiluwih, dhatêngipun Sêmar, Nala Garèng, Petruk, matur purwa madya wasana. Kasaru Prabu Krêsna rawuh pitakèn murcaning Radèn Janaka, lajêng prang, Cèkèl Adiluwih babar Radèn Janaka, lajêng rêmbag dhatêng ing nagari Ngastina, dumugi Ngastina pinanggih [pinang...]

--- 23 : 21 ---

[...gih] bathangipun Radèn Arya Wrêkodara, tuwin bathangipun Radèn Sămba, lajêng sami ingusadan sami gêsang sadaya. Rêmbag, Radèn Janaka badhe anganglang pasanggrahan Nungsabumi, sami pangkat.

11. Madêg ing salêbêting pasanggrahan Nungsabumi, garwanipun Prabu Partajaya, Rêtna Dèwi Wiyata, tuwin para sêlir, rawuhipun Radèn Janaka sami pondhongan. Kawuningan Sang Prabu Partajaya, lajêng tinututan, Radèn Janaka oncat, Sang Prabu Partajaya dhatêng ing nagari Ngastina.

[Grafik]

Prabu Puntadewa.

12. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Duryudana, pinuju miyos, ingadhêp Sang Pandhita Durna, tuwin Patih Arya Sakuni. Kasaru rawuhipun Prabu Partajaya, matur bilih garwanipun kabêkta Radèn Janaka, Sang Prabu Duryudana dhawuh siyaga, lajêng jêngkar ngadhaton.

13. Madêg ing salêbêtipun kadhataon Ngastina, sang pramèswari nata Dèwi Banowati, panggihan kalihan Radèn Janaka, Prabu Duryudana mirsa lajêng mêdal ing jawi, dhawuh dhumatêng Prabu Partajaya, kadhawuhan nyêpêng Radèn Janaka. Prabu Partajaya budhal sawadyabala nututi Radèn Janaka dhatêng ing nagari Ngamarta.

14. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, pinuju miyos ingadhêp ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Ingkang rinêmbag, kangajêng-ajêng para kadang, rawuhipun Sang Prabu Krêsna, tuwin Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, sarta Radèn Sămba, Sang Prabu Krêsna, wêwarta cidraning Sri Duryudana, gègèring jawi praja Nungsabumi soroh amuk, pinapag Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Gathutkaca, prang, Prabu Partajaya pêjah, wadya sami mawut.

Madêg para kadang Pandhawa, tuwin Prabu Krêsna, kalêmpakan, bojana ăndrawina. Tancêb Kayon.

103. Lampahan Bambang Sutija.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna nuju miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang sumiwi Radèn Sămba, Radèn Sêtyaki tuwin Patih Udawa. Ingkang rinêmbag [rinê...]

--- 23 : 22 ---

[...mbag] ing nagari Dwarawati badhe kancikan mêngsah, Prabu Bomantara ing nagari Trajutrisna. Botên antawis dangu Patih Pancadnyana utusanipun Prabu Boma, ngaturakên sêrat, suraos Prabu Krêsna kapurih nungkul. Prabu Baladewa duka, Patih Pancadnyana kapurih andhatêngakên ratunipun, Patih Pancadnyana lajêng pamit mundur. Sinuhun ing Dwarawati dhawuh dhumatêng Radèn Sêtyaki, kautus dhumatêng Ngamarta mundhut biyantu, lajêng bibaran. Prabu Baladewa mêdal ing jawi, Prabu Krêsna kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, tuwin Rêtna Dèwi Rukmini, Rêtna Dèwi Sêtyaboma, pinarak ing prabasuyasa. Kasaru rawuhipun sang prabu saking păncaniti, ingkang rinêmbag anggènipun miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Prabu Baladewa, lajêng minggah dhatêng ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, ingadhêp Patih Pragota tuwin Patih Prabawa, Radèn Sêtyaki tuwin Patih Udawa, siyaga dêdamêl dalah wadya, bidhal pacak baris dhatêng sajawining kitha. Radèn Sêtyaki tuwin Patih Udawa bidhal dhatêng Ngamarta kapalan.

4. Madêg ing nagari Trajutrisna, Prabu Bomantara, pinuju miyos amanggihi dhatêngipun Patih Pancadnyana, matur bilih ing Dwarawati badhe mapag prang, ingkang dados senapati Prabu Baladewa. Prabu Bomantara lajêng nimbali wadyabala danawa, kautus bidhal ngrumiyini damêl pasanggrahan sajawining kitha praja ing Dwarawati, lajêng bibaran.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa danawa sakawan dalah sapanêkaripun sami siyaga dêdamêl, badhe bidhal dhatêng watês praja ing Dwarawati, lajêng bidhalan, lampahipun dumugi ing margi kapapag prajurit ing Mandura, pasulayaning rêmbag, dados prang, wadya ing Mandura kasêsêr, bibar kasaput ing dalu.

6. Madêg ing Bumi Kasapta, Dèwi Pratiwi kaadhêp ingkang putra Bambang Sutija, tuwin abdi punakawan tiga, Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Bambang Sutija pitakèn sudarma, winarah ingkang ibu, piyambakipun putra nata ing Dwarawati, Prabu Krêsna. Ingkang putra nyuwun pamit badhe sowan, lajêng kalilan, pangkat kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk, lampahipun narajang barisan wadyabala danawa ing Trajutrisna, dados prang, punggawa danawa sami pêjah, ingkang alit sami kêplajêng, Bambang Sutija dalah panakawanipun tiga lajêng lampahipun.

7. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna pinuju miyos manggihi ingkang raka Prabu Baladewa, ingkang rinêmbag awrat mêngsah saking Trajutrisna. Kasaru dhatêngipun Bambang Sutija, kanthi Sêmar, Nala Garèng,

--- 23 : 23[5] ---

 


Dèwi. (kembali)
Durna. (kembali)
sang. (kembali)
Lampahipun. (kembali)
Halaman 23 dan seterusnya hilang. (kembali)