Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

[Suryaputra Krama][1]

--- 26 : 5 ---

[...n] Pamade, kalihan rêpatira tiga. Katungka dhatêngipun Patih Sakuni, sasampuning lênggah, matur kautus ingkang putra Prabu Kurupati, andikakakên nyuwun ngampil ingkang putra Radèn Pamade, prêlu kangge patah pangarakipun sang prabu dhumatêng Mandraka. Dèwi Kunthi sampun marêngakên. Radèn Pamade pamit ingkang ibu, lajêng pangkat dalah rêpat tiga tuwin Patih Sakuni.

12. Madêg ing Ngastina, Prabu Kurupati anuju miyos ing Pandhapi, kaadhêp ingkang rayi Radèn Dursasana, Radèn Durmagati, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa, tuwin Radèn Citraksi, para Korawa pêpak. Rêmbag: badhe pangaraking pangantèn. Kasaru dhatêngipun Patih Sakuni angirid Radèn Pamade, majêng mangarsa, tuwin rêpat tiga. Sang nata langkung suka ing panggalih, lajêng siyaga bidhal dhatêng Mandraka.

[Grafik]

Radèn Durmagati.

13. Madêg ing nagari Mandraka, Prabu Salya, anuju miyos ing pandhapi, manggihi tamunira: Prabu Baladewa, Prabu Yudhisthira, Radèn Bratasena, Radèn Nakula (Pintèn) Radèn Sadewa (Tangsèn), rêmbag: bab pasanggrahan badhe pondhokan pangantèn sampun rampung. Botên watawis dangu dhatênging pangantèn Prabu Kurupati, kanthi patah Radèn Pamade, ginarubyug kadang Korawa, tuwin Patih Sakuni. Sasampuning satata, pangantèn lajêng kaaturan masanggrahan, patah kairid dhatêng kradènayon, kapasrahakên Rêtna Banowati.

Sigêg ing kradènayon, Rêtna Banowati, sadhatêngipun Radèn Pamade lajêng lênggah satata, sarêng adrênging karsa, lajêng pondhongan, sabibaripun mijil ing paprêman. Pamade dipun cariyosi, bilih patêngganipun ingkang Bok Ayu Dèwi Surtikanthi wontên pandung mangendrajala, ulah lambangsari kalawan kang bak ayu. Radèn Pamade lajêng dhatêng têngganipun kang bak ayu Dèwi Surthikanthi, winêling sang dèwi, kapurih ngatos-atos, lajêng pangkat.

14. Madêg patêngganipun Dèwi Surtikanthi, Radèn Suryaputra tansah bêbondhetan lan Rêtna Surtikanthi [Sur...]

--- 26 : 6 ---

[...tikanthi,] kasaru dhatêngipun Radèn Pamade, Radèn Suryaputra umpêtan, Radèn Pamade sêngadi badhe nata pasarean, cinêgah tan kenging. Radèn Suryaputra kesah tinuturan, dadya prang rame, Dèwi Surtikanthi lumajêng madosi Prabu Baladewa, Prabu Baladewa panuju sare, Dèwi Surtikanthi dhatêng angrungkêbi padanipun, sang prabu wungu kagyat, Dèwi Surtikanthi dinangu matur, bilih arsa pinotha-potha kalayan Pamade, Prabu Baladewa enggal tindak, Pamade kacêpêng katur ingkang rama Nata Mandraka.

15. Madêg ing Pêthapralaya, Prabu Radeya, dhatêngipun ingkang putra Radèn Suryaputra tuwin Patih Druwajaya, Radèn Suryaputra nyuwun idi badhe krama dhaup kalawan putri Mandraka. Sang nata langkung duka, ingkang putra katundhung kesah, lajêng pangkat. Ingkang rayi Radèn Suryanirada kapurih mêmanuki kanthi Patih Druwajaya, lajêng pangkat.

16. Madêg ing nagari Mandraka, Prabu Salya. Manggihi Prabu Puntadewa, Radèn Bratasena, Radèn Pintèn, Radèn Tangsèn. Kasaru dhatêngipun Prabu Baladewa ambêkta Pamade, Dèwi Banowati nututi. Prabu Baladewa matur purwa madya wasananira, Rêtna Banowati andorakakên, lajêng matur salugu, bilih Dèwi Surthikanthi ngurungi sawung ingkang dadya kasmaraning panggalih. Radèn Pamade tinantun sagah nyêpêng, kabiyantu Radèn Bratasena, Prabu Baladewa lajêng malêbêt ing kaputrèn.

Sigêg ing kaputrèn, Dèwi Surtikanthi, kapanggih Radèn Suryaputra, katungka dhatêngira Radèn Pamade, prang, Radèn Suryaputra lumajêng dhatêng patamanan tinututan Radèn Pamade, Radèn Bratasena kapanggih Patih Druwajaya, prang, Prabu Baladewa kapanggih Radèn Suryanirada, prang, pandung tiga sami oncat. Radèn Pamade pinanggih kang raka Radèn Bratasena, Prabu Baladewa sarêmbag sami nututi.

17. Madêg ing nagari Pêthapralaya, Prabu Radeya, lan putra putri Dèwi Suryanawati, katungka dhatêngipun Radèn Pamade, Dèwi Suryanawati ngintên bilih kang raka Radèn Suryaputra, lajêng angrangkul, Radèn Pamade ngamandaka matur ing Prabu Radeya. Dèwi Surtikanthi nêdha kapêthuk ingkang rayi Dèwi Suryanawati, supados sampun kaijenan lampahipun ing margi, Dèwi Suryanawati kasuwun, kang rama anglilani, lajêng pangkat. Katungka Radèn Suryaputra dhatêng, dinangu ing rama, dene enggal wangsul, Radèn Suryaputra tan rumaos, mila lajêng anggraita, bilih ingkang ambêkta ingkang rayi Dèwi Suryanawati wau Radèn Pamade, Radèn Suryaputra sigra nututi, katututan ing margi, prang rame, sami narik curiga, Radèn Suryaputra kenging kaprêjaya pilinganira dening Radèn Pamade, katungka Sang Hyang Narada rawuh, lajêng pinisah sarta kadunung-dunungakên, bilih Suryaputra punika kadang wrêda [wrê...]

--- 26 : 7 ---

[...da] nunggil ibu, ingkang linabuh ing samodra, pinupu dening Sri Radeya. Rèhning tatunira sampun kêlajêng, Radèn Suryaputra lajêng pinaringan pangangge topong, Pamade pinurih ngrencangi sagêdipun dhaup lawan putri ing Mandraka, radèn kêkalih sandika, gya pangkat, jawata makahyangan.

18. Madêg ing kaputrèn Mandraka, Dèwi Surtikanthi, kaadhêp ing parêkan (malihanipun Êmban Ditya Kidanganti), tan dangu parêkan naut sang putri, binêkta anggêgana. Parêkan babar wil èstri. Parêkan ingkang sumêrêp lajêng atur pariksa sang nata.

[Grafik]

Radèn Suryaputra, Dèwi Suryanawati lan Radèn Pamade.

Sigêg Prabu Salya miyos ing pandhapi, para nata pêpak, Radèn Pamade sowan ngaturakên Radèn Suryaputra. Kasaru parêkan atur pariksa ing nata icaling putri Dèwi Surtikanthi wau. Sri Salya andhawuhakên dhatêng Radèn Pamade kinèn ngupaya. Radèn Pamade sagah, nanging bilih sang putri pinanggih kasuwun dhaupipun kalihan Radèn Suryaputra. Lajêng pangkat kalihan ingkang raka Radèn Suryaputra, Radèn Bratasena tumut.

19. Madêg ing Ngawăngga, Prabu Kalakarna, dhatênging Êmban Kidanganti ngaturakên Dèwi Surtikanthi, lajêng kalêbêtakên ing kadhaton. Radèn Pamade lawan Radèn Suryaputra sampun dumugi ing ngriku rumiyin, lawan Radèn Bratasena. Dèwi Surtikanthi kalêbêtakên ing sêsupe dening Radèn Pamade, Prabu Kalakarna dhatêng arsa ngungrum, pinapag Radèn Suryaputra, prang, Prabu Kalakarna pêjah sinuduk. Para punggawa mirêng ramening kadhaton lajêng sami malêbêt, pinapag Radèn Bratasena, prang

--- 26 : 8 ---

sampak, para punggawa sami pêjah, Radèn Suryaputra lajêng jumênêng nata ing Ngawăngga, patihipun ditya dalah punggawa sasisaning pêjah sami têluk, Radèn Pamade wangsul dhatêng Mandraka lan Radèn Bratasena, Dèwi Surtikanthi kadhaupakên lawan Radèn Suryaputra. Lajêng sami boja ăndrawina. Tancêb kayon.

114. Lampahan Bambang Danasalira.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, siniwi ingkang putra Radèn Lêsmana Măndrakumara, tuwin Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, sarta para Korawa pêpak kang anangkil. Ginêm: Sang Prabu Suyudana arsa mikramakakên ingkang putra putri Dèwi Lêsmanawati, kadhaupakên kalihan Radèn Warsakusuma, putranipun ingkang raka Sang Adipati Karna, ing Ngawăngga. Sang nata dhawuh dhatêng Patih Arya Sakuni, kautus dhatêng ing Ngawăngga mundhut kêkudangan awarni bale kancana saka dhomas, Patih Arya Sakuni kinèn anganthi para Korawa, andhawuhakên karsa nata dhatêng Ngawăngga. Patih Arya Sakuni amit rinilan, lajêng bidhal, sang nata kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing prabasuyasa, kalêrês lèr wetan, angêntosi kondurira sri nata, ngiras amirsani ajaripun badhaya tuwin sarimpi, ingadhêp kang putra Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan cèthi. Kondurira sang nata, sang pramèswari lajêng mêthuk kinanthi astanira binakta lênggah satata. Sang prabu imbal wacana, dènira arsa mantu dhawuh angrêrakit, awit Patih Arya Sakuni sampun kautus dhatêng ing Ngawăngga. Sang nata lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm: anggènipun kautus mundhut kêkudangan dhatêng ing Ngawăngga, Radèn Kartamarma andhawuhakên sami siyaga, sasampunira samêkta, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Selabêntar, nata yaksa jêjuluk Prabu Kaladurgăngsa, pinuju miyos ing pandhapi, ingadhêp Êmban Yaksi Ranihasa. Ginêm: Sang Prabu Kaladurgăngsa, ing dalu supêna dhaup kalihan putri nata ing Ngastina, nama Dèwi Lêsmanawati, arsa pinondhong, sang yaksa prabu lajêng wungu, gandrung asmara, sang nata arsa tindak mring Ngastina, pinambêng dening Êmban Yaksi Ranihasa, ngaturi pamrayogi utusan rumiyin, sang nata anayogyani, lajêng animbali punggawa ditya,

--- 26 : 9 ---

sampun mangarsa. Ditya Kalapraceka dhinawuhan maringakên nawala panglamaripun putri nata ing Ngastina, nama Dèwi Lêsmanawati, sarta pinaringan kanthi ditya pinisêpuh, tuwin kêkasih wulucumbu, Kyai Togog tuwin Sarawita, sampuning tampi dhawuh lajêng amit mundur, sang yaksa prabu lajêng kondur ngadhaton.

[Grafik]

Adipati Karna.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa Ditya Kalacundaka, Ditya Kalapraceka, Ditya Kalapralêmba, Kyai Togog tuwin Sarawita. Ginêm, lampah ingutus dhatêng ing praja Ngastina ngaturakên nawala panglamar, sampun sami pradandan lajêng bidhal, Kyai Togog dados cucuking lampah. Mangkana lampahipun para punggawa ditya, sarêng dumugi ing margi kapapag barisan wadya ing Ngastina ingkang dhatêng ing Ngawăngga, pasulayaning rêmbag, dados prang, wasana para Korawa anyimpang margi.

6. Madêg ing nagari Ngawăngga, Sang Adipati Karna, miyos ing pandhapi, ingadhêp ingkang putra Radèn Warsakusuma. Kasaru rawuhipun ingkang rayi Prabu Puntadewa, tuwin para rayi: Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin putra Radèn Arya Gathutkaca. Sang Adipati Karna, ingkang rinêmbag anggènipun badhe andhaupakên ingkang putra Radèn Warsakusuma, angsal Rêtna Dèwi Lêsmanawati, putra putri nata ing Ngastina. Kasaru dhatêngipun caraka ing Ngastina, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, sampun lênggah satata, Patih Arya Sakuni dinangu matur, bilih ingutus andhawuhakên timbalanira Sang Prabu Suyudana, benjing dhaupipun kang putra Radèn Warsakusuma, kalihan Dèwi Lêsmanawati, kanthi mundhut kêkudangan awarni bale kancana saka dhomas. Sang Adipati Karna anyagahi, Patih Arya Sakuni lajêng amit mundur, lajêng bidhal dalah para Korawa. Sapêngkêripun caraka ing Ngastina, Sang Adipati Karna lajêng pasrah dhatêng ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, sagêdipun angsal bale kancana saka dhomas. Radèn Arya Wêrkodara lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, kadhawuhan dhatêng ing nagari Singgêla, ngupados bale kancana saka dhomas, lajêng pangkat, Radèn Arya Gathutkaca mampir ing praja Pringgadani. Sang Adipati Karna tuwin kang rayi nata ing Ngamarta, lajêng kondur ngadhaton.

--- 26 : 10 ---

7. Madêg ing wukir Gambirmalathi, Sang Bagawan Sidikmulya, miyos lênggah ing pacrabakan, ingadhêp cantrik, sowanipun Bambang Saptarêngga, ingiring panakawanipun rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sampun mangarsa, sang bagawan andangu, Bambang Saptarêngga matur mothah pitakèn sudarmanira. Sang bagawan walèh, bilih putranira satriya ing Madukara, Radèn Janaka. Bambang Saptarêngga lajêng amit angupadosi, ingkang eyang anglilani, kang wayah dhinawuhan anjujug ing Pringgadani, amit rinilan lajêng pangkat, ingiring punakawan rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahipun dumugi ing margi kapapag punggawa ditya saking Selabêntar, pasulayaning rêmbag, dados prang, danawa ingkang pangagêng sami pêjah sadaya, para wadya alit bibar ngungsi gêsang, Kyai Togog tuwin Sarawita, sami lumajêng sêdya mantuk dhatêng ing praja. Bambang Saptarêngga, tuwin rêpat tiga lajêng lampahipun.

8. Madêg ing nagari Pringgadani, Sang Dyah Dèwi Arimbi, ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, kasaru sowanipun Bambang Saptarêngga ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sampun mangarsa, Sang Dèwi Arimbi andangu pinăngka tuwin nama. Bambang matur, nama Bambang Saptarêngga, saking pratapan Gambirmalathi, sarta matur walèh, saking dhawuhipun ingkang eyang Bagawan Sidikmulya, piyambakipun pinrih anjujug ing Pringgadani. Bambang Saptarêngga pinundhut putra angkat kalihan Dèwi Arimbi, kasantunan nama Bambang Danasalira, dipun sadhèrèkakên kalihan Radèn Arya Gathutkaca. Ginêm, Radèn Arya Gathutkaca amit badhe ngupados bale kancana saka dhomas dhatêng ing praja Singgêla. Sang dèwi anglilani, kang rayi Bambang Danasalira badhe tumut katilapakên, Radèn Arya Gathutkaca mêsat anggêgana, Bambang Danasalira lajêng anututi tuwin panakawan rêpat tiga: Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahipun kalèntu dumugi patamanan ing Ngastina.

9. Madêg ing nagari Singgêla, Sang Prabu Bisawarna, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Talikabasa, tuwin para punggawa. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Gathutkaca, sampun lênggah satata, Radèn Arya Gathutkaca dinangu matur ingutus ingkang uwa Sang Adipati Karna, nyuwun bale kancana saka dhomas, Sang Prabu Bisawarna lajêng marêngakên, sampun tinampèn Radèn Arya Gathutkaca, lajêng binêkta anggêgana. Sang Prabu Bisawarna lajêng kondur ngadhaton.

10. Madêg ing Kêndhalisada, Sang Bagawan Anoman, uninga cumloroting bale kancana saka dhomas, binêkta ing gêgana dening Radèn Arya Gathutkaca, Sang Bagawan Anoman lajêng anututi, dumugi sawingkingipun Radèn Arya Gathutkaca lajêng nalabung, Radèn Arya Gathutkaca kagèt, bale kêncana kabucal, dados prang rame, dangu-dangu sami sayah kèndêl, lajêng takèn-tinakèn, wusana lajêng sami rêrangkulan, Radèn Arya Gathutkaca ngaturakên prêlunipun, Sang Bagawan Anoman, amit wangsul, Radèn Arya Gathutkaca pinurih kondur rumiyin, lajêng sami sowang-sowangan.

--- 26 : 11 ---

11. Madêg ing kaputrèn Ngastina, Dèwi Lêsmanawati, pinuju lêlangên wontên ing balekambang, salêbêting patamanan, ingadhêp para parêkan. Kasaru dhatêngipun Bambang Danasalira, anjujug wontên ing patamanan, sang dèwi uninga ing patamanan wontên satriya bagus warninipun lajêng marêpêki. Sarêng cêlak Sang Dèwi Lêsmanawati andangu pinăngka tuwin nama, panakawan rêpat tiga sarêng sumêrêp bandaranipun pinurugan Dèwi Lêsmanawati lajêng umpêtan. Sarêng bambang matur walèh, lajêng pondhongan, parêkan sarêng sumêrêp pinondhong satriya bagus warninipun lajêng matur uninga sang nata.

12. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing pandhapi, ingadhêp ingkang putra Radèn Lêsmana Măndrakumara, tuwin Pandhita Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa pêpak. Ginêm: Patih Arya Sakuni matur saliring rèh dinuta katur sadaya. Kasaru dhatêngipun parêkan atawan tangis, atur uninga, bilih ing taman wontên duratmaka bagus warninipun, ulah lambangsari kalihan Sang Dèwi Lêsmanawati, Sang Prabu Suyudana lajêng dhawuh dhatêng Patih Arya Sakuni kautus atur uninga dhatêng ing Ngawăngga, Patih Arya Sakuni sandika, lajêng pangkat, para Korawa dhatêng patamanan sami anyêpêng, bibaran nangkil.

13. Madêg ing nagari Ngawăngga, Sang Adipati karna, miyos ing pandhapi, amanggihi para kadang Pandhawa, Sang Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni, ingutus atur uninga, ing Ngastina kalêbêtan duratmaka, Patih Arya Sakuni lajêng mundur. Sang Adipati Karna, matur ingkang rayi Prabu Puntadewa, ingaturan kondur, Radèn Arya Wêrkodara, tuwin Radèn Janaka lajêng dhatêng ing Ngastina, bidhalan.

14. Madêg ing nagari Selabêntar, Sang Prabu Kaladurgăngsa, miyos ing pandhapi, ingadhêp Êmban Yaksi Ranihasa, tuwin para punggawa ditya pêpak. Ginêm: sang yaksendra anganti-anti punggawa kang dinuta ngaturakên nawala dhatêng Ngastina, sampun satêngah căndra botên wontên wangsul. Kasaru dhatêngipun Kyai Togog tuwin Sarawita, dinangu matur tiwasing lampah, para punggawa ditya ingkang dinuta wontên ing margi sami pinêjahan dening satriya ing tanah Jawi, nama Bambang Saptarêngga, nêdya dhatêng ing Pringgadani, sang yaksendra miyarsa aturing Kyai Togog langkung duka yayah sinipi, lajêng dhawuh dhatêng para punggawa ditya sadaya, kinèn sami siyaga, sang prabu arsa ngrabasèng prang dhatêng ing tanah Jawi, wadyabala kêrig, sampun samêkta lajêng bidhal dhumatêng tanah Jawi andon prang ngêlar jajahan, ngiras ngupadosi Bambang Saptarêngga.

15. Madêg ing patamanan Ngastina, Bambang Danasalira sinumbaran mêdal saking balekambang lajêng prang, Bambang Danasalira dipun karubut dening para Korawa kenging kacêpêng, lajêng ingaturakên sang nata, Sri Suyudana [Su...]

--- 26 : 12 ---

[...yudana] lajêng dhawuh mêjahi wontên ing alun-alun, para Korawa sampun mirantos dêdamêl. Sarêng dumugi ing alun-alun, Bambang Danasalira dipun tamani dêdamêl dening para Korawa sadaya, botên sagêd tumama, Radèn Arya Gathutkaca saking ing gêgana, sumêrêp bilih ingkang rayi Bambang Danasalira dipun rampog dening para Korawa Ngastina, lajêng analabung saking nginggil, para Korawa pating balêsar. Katungka dhatêngipun Radèn Arya Wêrkodara, tuwin Radèn Janaka saking Ngawăngga, lajêng mangsah sarwi narik curiga Kyai Pulanggêni, Bambang Danasalira sinuduk pêjah, lajêng tinilar, kuwandanira binêkta Radèn Arya Gathutkaca dhatêng ing Dwarawati, Radèn Janaka tuwin Radèn Arya Wêrkodara sami anututi, para Korawa lajêng sami wangsul sadaya.

[Grafik]

Bambang Danasalira.

16. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp ingkang putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, tuwin Patih Udawa, sowanipun Radèn Arya Gathutkaca ambêkta kunarpanipun Bambang Danasalira, Sang Prabu Krêsna andangu, Radèn Arya Gathutkaca matur prasaja, kunarpanipun Bambang Danasalira lajêng kaungkulan sêkar wijayakusuma, lajêng waluya sajati. Bambang Danasalira, tuwin Radèn Arya Gathutkaca lajêng sami kadhawuhan dhatêng ing pungkuran. Katungka dhatêngipun ingkang rayi Radèn Janaka tuwin Radèn Arya Wêrkodara, lajêng binagèkakên dening Sang Prabu Krêsna sami matur prasaja. Kasaru dhatêngipun mêngsah saking praja Selabêntar Yaksendra Prabu Kaladurgăngsa, sawadyabalanipun, wontên ing jawi sami adamêl rêsah. Sri Krêsna lajêng dhawuh dhatêng Radèn Arya Wêrkodara kinèn amapagakên, Radèn Arya Wêrkodara sampuning tampi dhawuh lajêng mêdal ing jawi, lajêng panggih sang yaksendra, Prabu Kaladurgăngsa lajêng prang rame, danguning prang, Sang Prabu Kaladurgăngsa kenging kacêpêng kacublês ing kanaka pêjah, para wadya ditya lajêng ambyuk, prang sampak. Para wadya ditya sami pêjah dening Radèn Arya Wêrkodara, sasirnaning mêngsah, Radèn Arya Wêrkodara lajêng sowan ngarsanira kang raka Prabu Krêsna.

17. Madêg, Prabu Krêsna, Radèn Janaka, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Radèn Arya Gathutkaca, Bambang Danasalira. Tan dangu praptanira kang unggul ing yuda, Radèn Arya Wêrkodara, lajêng sami bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

--- 26 : 13 ---

115. Lampahan Kumbayana.

1. Jêjêr Prabu Kurupati, Nata ing Ngastina, anuju miyos ing sitinggil binata rata, sinewa para kadang Korawa sadaya, ingkang mungging ngarsa nayaka waktra, kalêrês ingkang paman, nama Patih Sakuni, ari nata Radèn Arya Dursasana, Durmagati, Kartamarma, Surtayu, Citraksa, Citraksi, ingkang rinêmbag bab badhe pamêndhêtipun cupu madiwara, isi lisah tala, ing ngajêng pusakanipun Prabu Pandhu Dewanata (Găndawastra), ingkang kacêmplung ing sumur Jalatundha, amila sangêt dipun upaya, awit paedahipun, sintên ingkang kausapan lisah tala, têguh tanpa maguru, dadosing rêmbag sang nata adhawuh dhumatêng ingkang paman Arya Sakuni, andikakakên pangkat kanthi para kadang tuwin para wadya sawatawis, dhumatêng sumur Jalatundha, sami ambêkta pirantos pamêndhêtipun cupu madiwara wau, aturipun Patih Arya Sakuni sandika: sri nata kondhur ngadhaton.

[Grafik]

Prabu Kurupati.

2. Madêg Bagawan Dhastharastra tuwin ingkang garwa Dèwi Anggêndari, rêmbag angajêng-ajêng konduripun ingkang putra Sri Nata Prabu Kurupati saking anggènipun miyos siniwaka, botên antawis dangu sri nata kondur, lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang rama tuwin ingkang ibu, rêmbag sadaya kawontênanipun ing păncaniti, sri nata matur ingkang rama nyuwun idi pangèstu sagêda kalêksanan pamêndhêtipun cupu madiwara isi lisah tala, ingkang wontên salêbêting sumur Jalatundha wau. Sang bagawan angidèni, lajêng sami kêmbul bojana.

3. Madêg Patih Arya Sakuni, ari nata Radèn Arya Dursasana, Durmagati, Kartamarma, Surtayu, Citraksa, Citraksi, tuwin para ari Korawa pêpak sami mungging pangurakan (paseban jawi). Rêmbag sami dhinawuhana siyaga dêdamêl, Radèn Kartamarma mêdal ing jawi, angundhangi para wadyabala, kinèn sikêp dêdamêling yuda, tuwin wadya juru silêm mirantos dêdamêl kangge mêndhêt cupu madiwara, ingkang

--- 26 : 14 ---

wontên salêbêting sumur Jalatundha. Sasampuning samêkta, Radèn Kartamarma marêk ing ngarsanipun ingkang paman Patih Arya Sakuni, matur sampun samêkta, lajêng bidhal (kapalan).

4. Madêg Sang Prabu Krêpaya, ing Bulukatiga (tanah sabrang), nuju miyos ing pandhapi agung, dèn adhêp ingkang putra satriya kadipatèn, nama Radèn Krêpa, Patih Dhêndhapati, para wadya manusa tuwin rasêksa sami sumiwi andhèr mungging ngarsa nata. Sri nata ing galih sangêt kêpengin mikramakakên putra, awit putranipun kêkalih, satunggal kakung inggih Radèn Krêpa wau, arinipun putri kêkasih Dèwi Krêpini. Rêmbag: sri nata mirêng pawartos, manawi ing tanah Jawi, nagari Cêmpalarêja wontên satriya agung amêngku praja, jêjuluk Radèn Arya Găndamana, punika angadêgakên sayêmbara, sintên ingkang sagêd ngawonakên tandhing tiyasa kalihan piyambakipun, lajêng dipun adêgakên nata ing Cêmpala, sarta dipun dhaupakên kalihan kadangipun èstri kalêrês ingkang bakayu, kêkasih Dèwi Găndawati. Radèn Găndamana wau anggalih, manawi ingkang bakayu botên kawêngku băngsa prawira, tamtu badhe dados rêrêbatan, awit ing ngajêng sampun kathah para raja tuwin satriya ingkang anglamar sami katampik. Prabu Krêpaya anantun ingkang putra Radèn Krêpa, badhe kadhaupakên kalihan putri Cêmpala. Ingkang putra purun anglampahi. Sri nata lajêng dhawuh dhatêng patih, animbali punggawa danawa pêpilihan, badhe kautus dhatêng nagari Cêmpalarêja, angyêktosakên bab sayêmbara wau, manawi kapara yêktos, lajêng amucukana prang tandhing lawan Radèn Găndamana. Manawi angsal damêl badhe tampi ganjaran. Punggawa ditya sampun mangarsa, lajêng dhinawuhan, matur sandika, mêdal ing jawi. Sri nata kondur ngadhaton.

5. Madêg para punggawa ditya, Kalasarămba, Kalasarana, Kalakardana. Rêmbag: siyaga dêdamêling prang, sasampuning samêkta, lajêng bidhal dhatêng Cêmpalarêja kanthi wadya ingkang dados cucuking lampah, Kyai Togog, Sarawita. Lampahipun para prajurit rota danawa datan kacarita ing margi, sampun dumugi tanah Jawi, kapapag para wadya ing Ngastina. Sulayaning rêmbag dados prang, botên wontên ingkang kasoran, wasana sami simpangan ing margi.

6. Madêg Rêsi Abyasa, ing wukir Rêtawu, pinuju ing ari Sukra, sang rêsi miyos ing pacrabakan, dipun adhêp ingkang wayah Radèn Pamade, tuwin Kyai Lurah Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Pamade wau sampun dangu anggènipun puruhita ingkang eyang, winulang saliring kaprawiran tuwin kasantikan. Sang Rêsi Abyasa dhawuh dhatêng ingkang wayah Radèn Pamade, pinurih mantuk dhatêng Ngamarta, sarta matur ingkang raka Prabu Puntadewa, manawi ingkang eyang sang rêsi, tampi wangsiting jawata ingkang linangkung, ing tanah Jawi badhe kêdhatêngan pandhita saking Ngatasangin, inggih punika ingkang badhe sagêd mêndhêt [mêndhê...]

--- 26 : 15 ---

[...t] cupu manik madiwara, isi lisah tala, ing ngajêng pusakanipun ingkang rama Pandhu Dewanata, ingkang kacêmplung salêbêting sumur Jalatundha. Punika ingkang wayah para Pandhawa kadhawuhan ngupadosi saha puruhita, sagêda angasih-asih, supados ing têmbe cupu wau karsa amêndhêtakên, sampun ngantos botên kenging para Pandhawa. Radèn Pamade sasampunipun tampi dhawuh ingkang makatên wau lajêng nyuwun pamit linilan, bidhal dalah rêpat tiga, sang rêsi manjing sanggar pamêlêngan.

Sigêg lampahipun Radèn Pamade kalihan rêpat têtiga, mêdal ing wanapringga, anusup grumbul angayam wana. Sarêng dumugi samadyaning wana, kapapag kalihan wadya danawa, pasulayaning rêmbag dados prang, para punggawa danawa sami pêjah jinêmparing, wadya ingkang alit-alit sami lumajêng rêbat gêsang, Radèn Pamade lajêng lampahipun, rêpat tiga datan kantun.

[Grafik]

Lurah Sêmar.

7. Madêg Sang Rêsi Baratmêja, raja pandhita ing arga Jêmbangan, tanah Ngatasangin, dipun adhêp ingkang putra Bambang Kumbayana, satriya bagus tur ambêg utami. Sang wiku raja wau sangêt pangudinipun dhumatêng ingkang putra Bambang Kumbayana, puruna anglampahi palakrama, lajêng badhe kajumênêngakên nata anggêntosi karajanipun. Ingkang putra wantu-wantu katantun mêksa lênggana, ingkang rama angandika, mirêng pawartos manawi praja Cêmpalarêja ing tanah Jawi wontên raja sinatriya jêjuluk Arya Găndamana ngêdêgakên sayêmbara, sintên ingkang ngawonakên yudanipun, kajumênêngakên nata ing Cêmpalarêja wau, sarta kadhaupakên angsal ingkang bakayu kêkasih Rêtna Găndawati, ingkang dados rêrêbatanipun para raja, tuwin ngandikakakên manawi ingkang raka nak-dhèrèk, pulunanipun sang pandhita raja, kêkasih Radèn Sucitra, ugi sampun kesah dhatêng tanah Jawi, punika manawi panuju manahipun Bambang Kumbayana, kapurih nusul lampahipun ingkang raka wau. Aturipun sandika, lajêng winêling-wêling sagunging lampah. Wusana lajêng pangkat.

8. Madêg Bambang Kumbayana, lampahipun dumugi pinggiring bênawi Jamuna, ing măngka bênawi wau sawêg bêna. Saking sru kawêkèn ing driya anggènipun badhe nyabrang, satêmah kawijil pangandikanira: sintên ingkang sagêd anyabrangakên, manawi jalêr dadosa sadhèrèk sinara wèdi, manawi èstri dadosa jodhonipun. Marmaning jawata, lajêng wontên kapal èstri dhatêng ngajêngipun. Kapal [Ka...]

--- 26 : 16 ---

[...pal] cinêpêng manut, lajêng dipun tumpaki kasabrangakên. Salêbêting numpak kapal, dumugi têngahing banawi, Bambang Kumabayana sakeca anggènipun numpak kapal, sarta ngunandika salêbêting wardaya, anggagas suwarnanipun Dèwi Găndawati. Botên dangu tangi juritipun, lajêng mijilakên kama, ngantos tumètès dados unthuk. Kapal èstri lajêng nyêrot unthuk. Sadangunipun nyabrang kapal wau ganggarbini.[2] Sarêng dumugi pinggir sisih wetan, Bambang Kumbayana mandhap, kapal dipun culakên, nanging botên purun kesah-kesah lajêng wangsul anyêlaki, Bambang Kumbayana èngêt pangadikanipun ing ngajêng, angandika dhatêng kapal, andum raharja sarta pinuji dumugi sasêdyanipun kapal, kapal lajêng ambêbingèh sarta anyakot kêpuhipun Bambang Kumbayana, upami sagêda micara angajak pêpasihan. Bambang Kumbayana atampi, panggalih sangêt lingsêm. Kapal sinuduk pêjah, jabang bayi mijil saking wêtênging kapal turut tatuning dhuwung, kuwandaning kapal musna tanpa karana, jabang bayi nangis angayang-ayang, Bambang Kumbayana nyêlaki, botên dangu Dèwi Wilutama dhatêng saking gêgana. Sasampuning takèn-tinakèn, Dèwi Wilutama masrahakên jabang bayi dhatêng Bambang Kumbayana sarta mêlèhakên wicantênipun, tuwin solahipun nalika nyabrang, mila Bambang Kumbayana botên sagêd selak anampèni jabang bayi, sarta dipun namakakên Bambang Aswatama, Dèwi Wilutama wangsul makahyangan. Bambang Kumbayana lajêng lampahipun sarta angêmban bêbayi wau.

[Grafik]

Dèwi Wilutama.

[Grafik]

Bambang Kumbayana.

--- 26 : 17 ---

9. Madêg Prabu Krêpaya ing nagari Bulukatiga, miyos mungging pandhapi, dipun adhêp ingkang putra Radèn Karpa, tuwin Patih Dhêndhapati. Rêmbag: angarsa-arsa caraka ditya ingkang dinuta dhatêng Cêmpalarêja. Botên antawis dangu kasaru dhatêngipun parêkan majêng mangarsa atawan-tawan tangis. Dinangu matur, ngaturi uninga, bilih ingkang putra Dèwi Krêpini wungu sare lajêng kantaka. Sri nata gugup manjing kadhaton.

Madêg risang pramèswari Dèwi Astuti angrangkul lungayanipun ingkang putra Dèwi Krêpini, sampun èngêt dènira kantaka, katungka rawuhipun sri nata, andangu witing kantaka. Dèwi Astuti matur, bilih sawunguning nendra lajêng sumrêpêt panonipun, tuwin wijiling swanita dêrês. Kang putra dinangu, matur salêbêting sare supêna sumêrêp satriya bagus ngakên nama Bambang Kumbayana, wijil saking Ngatasangin, kang putra dhinawuhan siram, rêrêsik. Ingkang rama nêdya ngupaya Bambang Kumbayana, lajêng pangkat pribadi, lampahipun mêdal gêgana.

10. Ginêm lampahipun Bambang Kumbayana wontên samadyaning wana, kêsêl anggènipun ngêmban putra, ingkang putra lajêng kalêbêtakên kêpuh. Kasaru dhatêngipun Prabu Krêpaya, sami lênggah satata. Sasampuning bage-binage, Bambang Kumbayana matur: nama miwah kawijilanipun. Danguning prêmbag,[3] Bambang Kumbayana tinantun kapêndhêt mantu botên purun, lajêng dados păncakara, Bambang Kumbayana kengin kacêpêng, lajêng kabêkta anggêgana. Sadhatêngipun ing Bulukatiga anjujug kadhaton, Bambang Kumbayana kasèlèhakên ing jawi, sang nata sampun pinanggih ingkang garwa sarta ingkang putra, tuwin lajêng paring pariksa Bambang Kumbayana sampun dhatêng, lajêng kadhaupakên, ing jawi pakajangan para wadya sadaya.

Kacariyos ing dalu sabibaring andrawina, pangantèn Bambang Kumbayana kalawan ingkang garwa Dèwi Krêpini, upami sawung sawêg èrèk. Dèwi Krêpini nyêpêng kêpuh, jabang bayi ingkang wontên salêbêting kêpuh cumêngèr nangis. Sang dèwi kagyat, lajêng rinangkul ingkang raka, dipun prasajani lêlampahanipun sadaya, sang dèwi lajêng lênggah kapurih ngêmban ingkang putra wau, lajêng dipun susoni mêdal toyanipun susu, sarta mêdal saking pasamiran. Ngandika sêru, lamun ambabar putra, gumyah tiyang sakadhaton sami prapta, kang rama sri nata tuwin pramèswari kagawokan ningali putra, sami kaanggêp pêpujan, tiyang sakadhaton katungkul ningali bêbayi. Bambang Kumbayana mêdal ing jandhela, lajêng lolos nêdya nglajêngakên sêdyanipun.

11. Madêg Radèn Arya Găndamana, dipun adhêp Patih Trusthakètu tuwin para punggawa andhèr, Radèn Arya Găndamana andangu papaning sayêmbara, aturing patih: sampun dados, ing alun-alun kinênthêng mubêng sakiwa têngênipun mirantos luwangan. Manawi wontên ingkang palastra lajêng cêlak pamêtakipun. Botên dangu dhatêngipun satriya saking Ngatasangin lêlana andon prang, dinangu matur nama Bambang Sucitra [Su...]

--- 26 : 18 ---

[...citra,] tuwin dhatêngipun wau badhe nglêbêti sayêmbara prang. Radèn Găndamana asru ngandika, Bambang Sucitra pinurih mêdal ing jawi, lajêng mêdal sarta mapan salêbêting kênthêng. Lajêng prang kalihan Radèn Găndamana, sami ngasta gada, prajurit kêkalih sami wantala anggènira prang gada. Dangu-dangu Radèn Găndamana kenging kacêpêng lambungira, binuwang dhawah jawining kênthêng, para wadya surak gumuruh, kinintên Radèn Sucitra ingkang kontal. Patih Trusthakètu waspada paningalira, malajêngi dhawahipun Radèn Găndamana. Sarêng pinanggih tinangisan, pangandikanipun Radèn Arya Găndamana, Patih Trusthakètu kadhawuhan pinanggih Bambang Sucitra, lajêng kadhaupna angsal kang bakayu Dèwi Găndawati, sarta kajumênêngna nata ing Cêmpalarêja. Dene saliranipun badhe lêlana sapurug-purug. Patih Trusthakètu matur sandika, Radèn Arya Găndamana lajêng lampahipun. Dumugi sajawining praja kapapag Bambang Kumbayana, sami lênggah satata, takèn-tinakèn paraning sêdya. Bambang Kumbayana mratelakakên nama sarta pinăngka, sêdya ngupadosi Bambang Sucitra, sarta badhe malêbêti sayêmbara. Botên sarănta Radèn Arya Găndamana lajêng anêpak jajanipun Bambang Kumbayana, sarwi pinulasara, asta suku pinuntir, sangêt kantaka, lajêng binucal têbih dhawah ing ngandhaping wit soka jajar gangsal, Radèn Arya Găndamana lajêng lampahipun.

[Grafik]

Radèn Arya Găndamana.

Sigêg Rêsi Narada kalihan Bathara Bayu, tumurun ing panggenaning kantaka Bambang Kumbayana, sarta anètèsi tirta kamandhanu, sanalika waluya, nanging sarira taksih cacad, suku gêjig, irung lolèr, asta sèmpèr, sarwi matur ing jawata kêkalih nyuwun kapêjahana, nanging dhinawuhan narimah satitah, ing têmbe badhe dados gêgununganing para nata tuwin satriya, kathah ingkang puruhita, kalilan dhêdhukuh ing dhusun prênahing kantaka punika, kawastanan dhukuh ing Sokalima, sarta pinaringan busananing pandhita, sinung kêkasih Pandhita Durna, inggih Rêsi Kumbayana. Jawata kêkalih makahyangan.

--- 26 : 19 ---

12. Madêg Prabu Anom Puntadewa, miyos ing pandhapi, kaadhêp ingkang rayi Radèn Arya Bratasena, Radèn Pintèn, Tangsèn. Rêmbag: angajêng-ajêng ingkang rayi Radèn Pamade. Botên dangu dhatêng, anêmbah ingkang raka Nata Ngamarta, sarwi matur winêling ingkang eyang Bagawan Abyasa, saliring dhawuh sampun katur sadaya. Prabu Puntadewa lawan para ari nata lajêng bidhal ngupadosi pandhita ingkang dhatêng saking Ngatasangin. Radèn Pamade angsal pawartos bilih pandhita wau dhêdhukuh enggal nama Sokalima, para Pandhawa lajêng sami dhatêng Sokalima, sarêng pinanggih kalihan sang pandhita, sami winulang saliring kaprawiran, para Pandhawa matur sang maha rêsi, dipun aturi tindak dhatêng sumur Jalatundha, karsa amêndhêt cupu madiwara, isi lisah tala. Sang maha rêsi sagah, lajêng bidhal sadaya dhatêng Jalatundha.

[Grafik]

Prabu Anom Puntadewa.

13. Madêg Prabu Kurupati, miyos ing pandhapi, dèn adhêp para ari Korawa. Dèrèng dangu dhatêngipun Patih Arya Sakuni, ngaturi uninga anggènipun kautus dhatêng sumur Jalatundha kanthi para Korawa, mêndhêt cupu madiwara botên angsal damêl. Sri nata sampun tampi dhawuhipun ingkang rama Bagawan Dhastharastra, ing dalu tampi sasmitaning jawata, cupu madiwara ing têmbe kenging kapêndhêt dening pandhita lêlana saking Ngatasangin ingkang ngajawi. Lajêng rêmbag, Sri Kurupati dalah Patih Sakuni tuwin para Korawa sami ngupaya, lajêng bidhal. Ing margi kapapag lampahipun para ari Pandhawa, angiringakên Rêsi Kumbayana, sami takèn-tinakèn sêdyanipun. Prabu Kurupati tumut angakên bapa sakadang sadaya dhumatêng Rêsi Kumbayana, lajêng rêmbag sami anglajêngakên dhatêng Jalatundha, bidhal.

14. Madêg Prabu Kurupati sakadang Korawa, Prabu Puntadewa sakadang Pandhawa, sami ngadhêp Rêsi Kumbayana, wontên têpining sumur Jalatundha, Rêsi Kumbayana lajêng mêndhêt jêmparingipun, ingkang kinandhut wontên salêbêting jubah, awarni pêksi, lajêng dipun undang, namanipun sarutama, sarta kadhawuhan mêndhêt cupu madiwara ingkang wontên salêbêting sumur Jalatundha. Sarutama matur sandika, lajêng nyêmplung salulup, botên dangu mancungul lajêng ngaturakên cupu ingkang kacucuk. Tinampèn Rêsi Kumbayana, katêdahakên para Pandhawa tuwin para Korawa, sami matur lêrês punika cupu madiwara. Prabu Kurupati tuwin para Korawa sami ngathungakên asta nyuwun kaparingna, para Pandhawa matur sang pandhita, dipun aturi nimbang ingkang lêrês, pundi ingkang kaparingan. Rèhning Sri Kurupati sampun angsal karaton Ngastina sakadangipun [saka...]

--- 26 : 20 ---

[...dangipun.] Pandhawa matur kêdah kaparingan cupu kemawon, tanggap Sri Kurupati dhawuh dhatêng Korawa, andikakakên damêl traju kangge nimbang tiyang satus kasisihan tiyang gangsal. Botên dangu timbangan dados. Warni anjang-anjang cêkap tiyang satus. Prabu Kurupati minggah dalah Korawa, para Pandhawa kawêkèn, Prabu Puntadewa dalah rayi-rayi nangisi dhatêng rayi Bratasena. Radèn Bratasena langkung bramantya, ingkang raka tuwin rayi kadhawuhan sumingkir, sigra minggah timbangan anggênjot. Tangsul anjang-anjang ingkang isi Korawa pêdhot. Korawa kathah kataton sambat-sambat.

Madêg sang Pandhita Durna, dipun suwuni adil dhatêng para Korawa tuwin Pandhawa. Sang pandhita ngandika botên mawi pilih, rèhning dèrèng sêsuci, badhe karsa siram toya lèpèn ingkang rêsik. Pundi ingkang sagêd damêl lèpèn pasiraman ingkang suci, punika tampi cupu madiwara. Korawa enggal tumandang andhudhuki siti damêl lèpèn. Para Pandhawa sami têtangisan. Korawa pandamêlipun lèpèn sampun mèh dados. Radèn Bratasena waringutên, para kadang pinrih sumingkir, amung nêdya ngamuk punggung kemawon, sarwi gêrêng-gêrêng, Kyai Lurah Sêmar ngêningakên sêmadi, muja wanita sulistya ing warni, pinurih langkung ing ngarsanipun Radèn Bratasena, sarwi cincing-cincing katingal wêntisipun, kadi gadhing kinikir, Radèn Bratasena lajêng tangi juritipun. Mijiling kama amblês ing bantala têmpuk tuking tirta mêdal kumrasak andhadhalakên bantala, sanalika dadya lèpèn. Sang pandhita lajêng nyêmplung siram sêsuci, lèpèn damêlanipun para Korawa dèrèng sagêd mili. Sang pandhita sarêng sampun mêntas, lèpèn wau kanamakakên lèpèn Surayu. Para Korawa sami marêk sang pandhita nyuwun cupu, pangandikanipun sampun kapungkas. Pamundhutipun sang pandhita, sintên ingkang sagêd mêjahi Radèn Arya Găndamana, punika cupu lajêng kadarbea. Prabu Kurupati sakadangira lajêng bidhal ngupadosi. Para Pandhawa tut wingking lampahipun Prabu Kurupati, kapapag ingkang paman Radèn Arya Găndamana, lajêng sajarwa kajêngipun. Radèn Arya Găndamana bramantya ngamuk punggung, punggawa bibar kaplajêng. Para Pandhawa dhatêng ngarsanipun lajêng nêmbah sarta nangisi Radèn Arya Găndamana matur amêlasasih, saking pakèwêding panggalih, Radèn Arya Găndamana, upami Pandhawa botên anglêksanani panêdhanipun Pandhita Durna, saèstu botên nampèni cupu madiwara, wasana ngandikanipun Radèn Arya Găndamana, ingkang putra Radèn Bratasena kapurih anggêlut. Katungka dhatêngipun Pandhita Durna, wicantên saking katêbihan: Enggal patènana. Punika Radèn Găndamana rewa-rewa kawon, lajêng kauncalakên dhawah garumbulan andhêlik. Radèn Bratasena lajêng katimbalan Pandhita Durna, aturipun Radèn Bratasena, Găndamana sampun pêjah binucal têbih, Radèn Bratasena lajêng pinaringan cupu madiwara. Para Korawa sami sumêrêp,

--- 26 : 21 ---

lajêng angrubut Radèn Bratasena, Radèn Bratasena waringutên tandangira, Korawa kathah kataton. Prang sampak. Sabibaring Korawa, Pandhita Durna kondur dhatêng Sokalima, tuwin para Pandhawa anut, jêmparing sarutama kaparingakên Radèn Pamade. Tancab kayon.

116. Lampahan Durna Tapa.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa pêpak kang anangkil: Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ingkang rinêmbag anggènipun Pandhita Durna tapa wontên ing wana pagêdhangan, awit saking panangisipun Sang Prabu Suyudana, supados unggula ing yuda benjang Bratayuda Jayabinangun, amargi para rayi Pandhawa sami angsal pamitran para nata măncapraja. Sang Prabu Suyudana lajêng dhawuh animbali ingkang raka Adipati Karna, tuwin Wasi Aswatama, lajêng mangarsa. Sang prabu dhawuh ing raka Sang Adipati Karna, sami dhinawuhan anjagi dhatêng wana pagêdhangan kanthi para Korawa, lajêng sami bidhalan. Sang nata kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, kalêrês lèr wetan, anganti kondurira sri nata, ngiras mariksani ajaring badhaya srimpi, ingadhêp para parêkan cèthi. Rawuhira sang nata, lajêng pinêthuk ing garwa, kêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng ingkang garwa, lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, Wasi Aswatama, tuwin Para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm ing lampah dinuta sang nata, Sang Adipati Karna dhawuh siyaga. Sasampuning sami samêkta lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Jurangparang, Sang Prabu Kalakalpika, pinuju miyos ing pandhapi agung, ingadhêp Êmban Canthekawrêdi, tuwin para punggawa ditya. Ginêm: sang yaksa prabu kasmaran putri nata ing Ngastina, nama Dèwi Lêsmanawati. Sang prabu lajêng nimbali punggawa ditya, sasampuning mangarsa lajêng dhinawuhan ingutus dhatêng Ngastina sarta binêktanan sêrat panglamar. Punggawa ditya lajêng mundur. Sang Yaksa Prabu Kalakalpika lajêng ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa rota danawa, Ditya Kalabangcuring, Ditya Kalakarumba, Ditya Kalakalapa. Ginêm: ing lampah dinuta mring Ngastina, Ditya Kalabangcuring lajêng nimbali Kyai Togog tuwin Sarawita. Sasampuning mangarsa, lajêng dhinawuhan sami siyaga, sasampuning samêkta [samê...]

--- 26 : 22 ---

[...kta] lajêng bidhalan. Lampahipun sarêng dumugi ing margi, kapapag barisaning wadya ing Ngastina ingkang dhatêng ing wana pagêdhangan. Pasulayaning rêmbag dados prang, wadya ing Ngastina kasêsêr, lajêng asêsimpangan.

6. Madêg ing wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp ingkang wayah Radèn Ăngkawijaya, tuwin rêpat kêkalih, Nala Garèng, Petruk, tuwin cantrik. Sang bagawan andangu kang wayah, Radèn Ăngkawijaya matur ingutus ingkang rama Radèn Janaka, nyuwunakên usadanipun Kyai Lurah Sêmar, anggènipun anandhang roga. Sang Bagawan Abyasa botên sagêd paring usada, amung Radèn Ăngkawijaya jinarwan ing wêwadosing lêlampahan. Radèn Ăngkawijaya sampun tampi, lajêng amit rinilan, pangkat, ingiring panakawan kêkalih, Nala Garèng, Petruk. Mangkana lampahipun Radèn Ăngkawijaya, sarêng dumugi ing margi kapapag punggawa ditya saking praja Jurangparang, pasulayaning rêmbag dados prang, punggawa ditya ingkang agêng sami pêjah sadaya, ditya ingkang alit sami lumajêng angungsi gêsang, Kyai Togog tuwin Sarawita mantuk sumêdya atur uninga ing gustinira. Radèn Ăngkawijaya lajêng lampahipun, rêpat kêkalih datan kantun.

7. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Guru, miyos lênggah ing bale marcukundha, ingadhêp Rêsi Narada, tuwin Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Yamadipati, Sang Hyang Kuwera. Ginêm: gonjinging suralaya, Rêsi Narada matur: Bagawan Lanabrata (Pandhita Durna) anggêntur tapa wontên ing wana pagêdhangan, nyuwun kalêksananana sirnaning bêbotohipun Bratayuda. Yamadipati lajêng kadhawuhan nyêndhal mayang Kyai Lurah Sêmar. Sang Hyang Bayu lajêng kadhawuhan nyêndhal mayang Pandhita Durna, lajêng sami pangkat.

8. Madêg ing patapan wana pagêdhangan, Bagawan Lanabrata tapa, sare sampun botên ebah-ebah, dhatêngipun Wasi Aswatama tuwin Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, miwah para Korawa, sami wêlas aningali patrapipun sang tapa, dene ngantos anggagra kusika. Wasi Aswatama nangis sêsambat kados èstri, supados luwar saking tapa, ingkang sami ngadhêp angrês ing driya sami nangis. Datan dangu Sang Hyang Bayu rawuh wontên ulon-ulonira (sanginggiling tilêm) sang tapa, sadaya botên uning, mung sang tapa ingkang priksa, mila suraweyan sarwi anyuwara, nanging anggènipun nyuwantên botên cêtha, tan antawis Sang Hyang Bayu tumurun, Dhahyang Durna kabêkta anggêgana, sadaya sami kagèt, para Korawa anututi, sinabêt ing păncawara larut, amung Wasi Aswatama ingkang kalis ing guntur păncawara, mêksa tut buri ing lampahipun Sang Hyang Bayu, sarêng dumugi sela matangkêp winangsulakên dening para jawata kang têngga, Sang Hyang Cingkarabala, Wasi Aswatama mêksa, dados prang, cinêgat-cêgat marucut lajêng tut wingking, wingkingipun Sang Hyang Bayu.

9. Madêg ing Madukara, Radèn Janaka, tuwin ingkang garwa Dèwi Wara Sumbadra, Dèwi Srikandhi, Nikèn Rarasati, sami lênggah nênggani anggènipun sakit Kyai Lurah Sêmar, Radèn Janaka tuwin para [pa...]

--- 26 : 23 ---

[...ra] garwa sami nangisi, dene sakitipuh Kyai Sêmar saya sangêt, botên sagêd ebah, wicantên sampun pelo, tinantun ngombe tuwin nêdha botên ajêng. Kasaru rawuhipun ingkang raka Prabu Krêsna, sêsarêngan tuwin ingkang rayi Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wêrkorada, Radèn Nakula Radèn Sadewa, martuwi sakitipun Kyai Sêmar, sami angrês tumingal dhatêng wujudipun ingkang sakit, katungka dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya ingiring Nala Garèng, Petruk, mangarsa matur saliring dinuta, bilih sakitipun Kyai Sêmar botên kenging dipun usadani, inggih botên dados murutipun dhatêng kasampurnan, nanging dados ru-araning para Pandhawa sadaya, punika sadaya sami sumêlang ing panggalih. Botên antawis dangu rawuhipun Sang Yamadipati, sadaya botên uninga, amung ingkang sakit anyuwara tuwin suraweyan. Botên dangu Sang Yamadipati mangandhap, Kyai Sêmar binêkta anggêgana, kang têngga sami kagèt abilulungan tambuh solahipun, sami anututi lampahipun Sang Hyang Yamadipati, sarêng dumugi ing margi para Pandhawa winangsulakên dening Sang Hyang Kuwera, ginuntur sela păncawara tarik, sadaya larut, amung Petruk ingkang kalis ing guntur, taksih tut wingking Sang Hyang Yamadipati.

10. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Girinata, lênggah ingadhêp Rêsi Narada, tuwin para jawata, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Panyarikan, Sang Hyang Kuwera, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Têmboro. Kasaru dhatêngipun Sang Hyang Bayu ambêkta Dhahyang Durna, sarta sampun waluya, dinangu anggènipun tapa, Dhahyang Durna matur nyuwun sirnaning Kyai Sêmar, awit benjing prang Bratayuda Jayabinangun badhe kawon botoh, ing Pandhawa sampun tamtu tinotohan Sri Krêsna, tuwin Kyai Sêmar, ing Ngastina amung Dhahyang Durna piyambak, mila nyuwun kaadilana. Dinangu malih punapa Dhahyang Durna kadugi kaabên kalihan Sang Jagad Asmarasanta, aturing Dhahyang Durna kadugi, botên dangu dhatêngipun Sang Hyang Yamadipati, ambêkta Kyai Sêmar sampun waluya, pinaringan sumêrêp bilih sakitipun saking panuwunipun Dhahyang Durna, sarta panuwunipun adil wau, Kyai Sêmar punapa purun kaabên yasa. Aturipun purun. Wasi Aswatama andêngongok matur ing rama, dipun purih purun. Petruk sumlongong Kyai Sêmar kapurih purun. Wasi Aswatama kadugi nandhingi. Sang Hyang Guru lajêng dhawuh sami kadhawuhan mêdal ing jawi sadaya: kaabên prang tandhing. Kyai Sêmar tandhing kalihan Dhahyang Durna, Petruk tandhing prang kalihan Wasi Aswatama. Dangu anggènipun sami ngêdalakên pangabaran, botên wontên kang kasoran, lajêng sami gêlut, ngantos supe gumulung kacêmplung kawah blêgêdaba. Sadaya kawah lajêng umob, kang sami tandhing sirna kuwandhanipun,[4] botên dangu wontên satriya bagus kêkalih jumêdhul ing têpining blêgêdaba, kang satunggal umiring sêmu ajrih, Wasi Aswatama kalihan Petruk ugi sarêng jumêdhul, Wasi Aswatama tut wingking sêmu ajrih, lajêng sami sowan ing ngarsanipun Sang Hyang Girinata, kang satunggal ajêjuluk [ajêjulu...]

--- 26 : 24 ---

[...k] Cahya Andhadhari, dene ingkang wingkingipun Kumbayana, sarta asrah tobat, botên nêdya wantun malih-malih. Lajêng sami kalilan tumurun ing ngarcapada, wangsul dhatêng ing prajanipun piyambak-piyambak.

11. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa tuwin Prabu Krêsna, lênggah ing pandhapi agung, ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa tuwin para putra santana, ginêm: Sang Prabu Puntadewa anggalih ing sirnanipun Kyai Sêmar tuwin Petruk. Kasaru gègèring jawi wontên tiyang ngamuk, sadaya sami nanggulangi kasor, Radèn Janaka mapag ing yuda, Sang Cahya Andhadhari jinêmparing, sarêng kenging babar Kyai Sêmar, Rêsi Kumbayana mangsah, jinêmparing dening Radèn Janaka, sarêng kenging babar Dhahyang Durna, lajêng amit mantuk dhatêng ing nagarinipun kairingakên dening Radèn Janaka, tuwin Radèn Arya Wêrkodara, jalaran Dhahyang Durna sariranipun katingal anggagra kusika, Wasi Aswatama datan kantun.

12. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ingadhêp para punggawa, kasaru dhatêngipun Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa Radèn Citraksi. Ginêm sang nata andangu kawontênanipun Dhahyang Durna, anggènipun tapa wontên ing wana pagêdhangan. Patih Arya Sakuni matur, bilih Dhahyang Durna binêkta dening Sang Hyang Bayu dhatêng ing kahyangan, sadaya para kadang Korawa inggih sami nututi, nanging wangsul ing margi, awit dumugi ing sela panangkêp, para kadang Korawa sami ginunturan dening para jawata. Botên dangu dhatêngipun Dhahyang Durna, ingiring Radèn Janaka tuwin Radèn Arya Wêrkodara, sadaya sami gawok ningali, ngraos ing panggalih giris ing kasêktènipun para kadang Pandhawa, anggènipun kinasihan dening jawata. Sasampuning lênggah satata, lajêng Sang Pandhita Durna anyariyosakên sakathahing lêlampahanipun, tuwin sampun amrêtobat dhatêng para Pandhawa, awit sampun kidèn ing jawata. Sang Prabu Suyudana ingaturan supados rukunipun. Kasaru dhatêngipun mêngsah saking praja Jurangparang, sadaya sami mêdal ing jawi, Radèn Janaka dumugi ing laun-alun kapanggih kalihan Sang Yaksendra Prabu Kalakalpika, prang rame, Prabu Kalakalpika jinêmparing sirna, para wadya ditya lajêng sami ambyuk, pinapag Radèn Arya Wêrkodara, prang sampak, wadya ditya sami pêjah sadaya. Sasirnaning mêngsah, lajêng sami wangsul ing pasewakan.

13. Madêg ing paseban Ngastina, Sang Prabu Suyudana, Sang Adipati Karna, Pandhita Durna, Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Janaka, Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa pêpak, sadaya sami suka. Radèn Arya Wêrkodara tuwin Radèn Arya Janaka amit kondur, lajêng sami mangun bojana andrawina, tancêb kayon.

 


Halaman 1-4 hilang. Judul tambahan Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
anggarbini. (kembali)
rêmbag. (kembali)
kuwandanipun. (kembali)