Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443bb. ... f 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXIX.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 29 : [1] ---

Serie No. 443bb

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XXIX.

Isi lampahan:

125. Arjunawiwaha (Mintaraga)

126. Partadewa

127. Arjunawibawa

128. Gêndrèh Kêmasan

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 29 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No.600.

--- 29 : [3] ---

125. Lampahan Arjunawiwaha, Inggih Mintaraga.

1. Jêjêr ing suralaya (Kaendran) Sang Hyang Surapati, miyos siniwaka, ingayab para widadari, ingkang munggèng ngarsa putra: 1. Sang Hyang Citragada, 2. Sang Hyang Citrasena, 3. Sang Hyang Citrarata. Rêmbag anggèning kêdhatêngan carakanipun Prabu Niwatakawaca, ing Manimantaka. Kasaru rawuhipun Sang Hyang Narada, dinuta Sang Hyang Girinata, andhawuhakên mariksa tapanipun Radèn Arjuna. Sang Hyang Surapati lajêng animbali widadari pitu, pangajêngipun Bathari Supraba, dinuta dhatêng wukir Indrakila ing guwa Witaraga, anggodha Risang Arjuna anggènipun tapa, tuwin Sang Hyang Narada andhawuhakên para dewata ngundurna para danawa saking Manimantaka, ingkang sami manggèn ing rêpat kapanasan, carakanipun Prabu Niwatakawaca. Sang Hyang Citrasena ingkang dhinawuhan lajêng mêdal ing jawi. Sang Hyang Surapati kondur ngadhaton kalihan Rêsi Narada.

[Grafik]

Bathari Supraba.

[Grafik]

Sang Hyang Endra.

2. Madêg ing paseban jawi, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Citrasena, Sang Hyang Citragada, tuwin Sang Hyang

--- 29 : 4 ---

Citrarata. Rêmbag siyaga dêdamêl. Sasampuning samapta, lajêng bidhal dhatêng rêpat kapanasan ambêkta para prajurit dorandara.

Sigêg ing rêpat kapanasan, para punggawa caraka ing Manimantaka, dhatêngipun para dewa, andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Surapati, caraka kinèn wangsul. Sulayaning rêmbag, dadya prang, danawa kasor sadaya lumajêng asar-saran.

3. Madêg ing Manimantaka, Prabu Niwatakawaca, miyos siniwi, ingkang munggèng ngarsa êmban tuwin para punggawa danawa. Rêmbag angajêng-ajêng dhatênging caraka ingkang ngaturakên sêrat dhatêng ing suralaya, katur Sang Hyang Surapati, suraos nyuwun Bathari Supraba, awit mêntas kaparingan widadari Bathari Prabasini, sang nata dèrèng marêm. Botên watawis dangu caraka dhatêng, matur sasolahipun dinuta, sang nata duka, sakala kèngêtan, wontên kêkasihing dewa ingkang sawêg martapa wontên ing wukir Ngendrakila, mila amiji agul-aguling danawa nama Mamangmurka, kadhawuhan nyirnakakên satriya ingkang sawêg tapa wontên ing wukir Ngendrakila. Mamangmurka lajêng pangkat, kanthi Tejamantri tuwin Wijamantri.

4. Sigêg gara-gara, Nala Garèng kêkêrêngan kalihan Petruk. Wasana sarêng pisah sami andhêlik, Kyai Lurah Sêmar ngupadosi, sarêng pinanggih lajêng kaajak ngadhêp bandaranipun.

5. Madêg ing Ngendrakila, Bêgawan Ciptaêning, kaadhêp parêpat tiga, kasaru rawuhipun para widadari, parêpat tiga sami sumingkir. Para widadari pêpitu sami nandukakên asmara cipta, asmara turida, nanging botên tumama, sami merang kesah sadaya. Wontên widadari kalih, Bathari Supraba lajêng amindha warni Rêtna Sumbadra, Dèwi Wilutama amindha Rêtna Srikandhi, sarwi mêthik sêkar pudhak kapuja dados lare bayi gêgêdhongan pindha Radèn Abimanyu, punika sang bagawan lajêng angraga suksma, mila botên tumama sagunging panggodha, widadari kalih merang, lajêng Dèwi Lênglêng Mandanu dhatêng, mindha Rêtna Banowati, dhatêng matur amêlasasih, wasana malah kèrêm aningali warnaning sang tapa, malah botên kesah-kesah, Sang Hyang Narada prayitna, Dèwi Lênglêng Mandanu sinêndhal mayang.

Sigêg dhatêngipun Rêsi Padya wontên sukuning wukir Ngendrakila, badhe malêbêt ing guwa tansah kabuncang ing angin. Sang Rêsi Padya lajêng prasêtya botên badhe anggêndhak sikara, amung badhe pêpanggihan abawa rasa, punika Sang Padya lajêng sagêd malêbêt, Rêsi Padya tansah nênacad Sang Arjuna anggènipun tapa, inggih punika nyandhing dêdamêl. Bagawan Ciptaêning jawab, sanadyan taksih nyandhing dêdamêl, botên badhe adamêl rêgêding cipta. Rêsi Padya badhe anyobi pamawasipun Bêgawan Ciptaêning. Wêkdal punika Sang Hyang Endra dawêg punapa. Jawabing Bagawan Ciptaêning, Sang Hyang Endra dawêg lênggah wontên [wo...]

--- 29 : [5] ---

[Grafik]

Mamangmurka lajêng wujud waraha, badhe malêbêt ing guwa, lajêng dipun jêmparing.

--- 29 : 6 ---

[...ntên] ngarsanipun. Rêsi Padya lajêng babar Sang Hyang Endra, Sang Arjuna nyungkêmi pada, lajêng pinundhut putra, sinung pêparab Radèn Endratanaya. Sang Hyang Endra lajêng makahyangan. Kasaru sowanipun parêpat tiga, atur pariksa wontên rasêksa ngrusak patapan. Sang bagawan anabdakakên: ditya solahe kadi waraha. Sanalika Mamangmurka mukanira wujud waraha. Wijamantri kalihan Tejamantri sarêng ningali Mamangmurka sirahipun warni waraha, rumaos kenging bêbênduning dewa, tiyang kalih lajêng mantuk nêdya atur pariksa ing ratunipun. Dene Mamangmurka lajêng ngrisak pratapan, bagawan Ciptaêning anabdakakên têtêp solahing waraha, Mamangmurka lajêng wujud waraha, badhe malêbêt ing guwa, lajêng dipun jêmparing. Bagawan Ciptaêning sarêng badhe mêndhêt jêmparingipun, kasaru Bambang Keratarupa dhatêng ngèngêtakên, punika sanès jêmparingipun, inggih punika jêmparingipun Risang Keratarupa. Sang Arjuna krodha, prang. Sadanguning prang Sang Arjuna èngêt wêwentehan wêlingipun ingkang eyang sang Rêsi Abyasa, bilih tapanipun Sang Arjuna badhe karawuhan Sang Hyang Girinata, sanalika Sang Arjuna lajêng ngrangkul pada tansah sinungkêman, Bambang Keratarupa babar Hyang Guru. Sang Arjuna kaparingan pangangge caping basunănda, kotang ăntakusuma, talumpah padaka carma. Sang Hyang Guru kondur makahyangan. Sang Arjuna lajêng lênggah lawan parêpat tiga, kasaru utusanipun Hyang Endra, widadari kêkalih nama Bathari Bajra tuwin Bathari Erawana, Sang Arjuna tinimbalan dhatêng suralaya, lajêng pagkat, kerit lampahipun widadari kêkalih wau, lampahipun samargi-margi tansah pitakèn kawonatênanipun ing alam-alam, Bathari Bajra ingkang mangsuli sarta anêrangakên.

[Grafik]

Prabu Puntadewa.

6. Madêg ing Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa ingkang rayi Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Nakula, tuwin Radèn Sadewa. Kasaru rawuhipun Prabu Krêsna. Sasampuning lênggah satata, Prabu Puntadewa nyuwun pitêdah kadospundi tumuntênipun dhatêng ingkang rayi Radèn Arjuna. Ngandikanipun Prabu Krêsna, para kadang kaajak dhatêng Manimantaka. Sasampuning siyaga, lajêng bidhal sadaya.

7. Madêg ing Kaendran, Sang Hyang Endra, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa para putra: Sang Hyang Citragada, Sang Hyang Citrasena, Sang Hyang Citrarata. Kasaru dhatêngipun Sang Arjuna, Sang Hyang Endra lajêng

--- 29 : 7 ---

maringakên karaton Tejamaya. Sang Arjuna lajêng kautus dhatêng Manimantaka, amêjahi Prabu Niwatakawaca. Aturipun Sang Arjuna sandika, nanging nyuwun kanthi Dèwi Supraba. Dèwi Supraba lajêng dipun busanani lungsunganipun Bathara Anantaboga, sasampuning samapta, lajêng pangkat, samargi-margi ngrêmbag anggènipun badhe anandukakên sandi upaya. Sarêng dumugi Manimantaka, Sang Arjuna lumêbêt ing sêngkangipun Dèwi Supraba, lajêng manjing ing kadhaton.

8. Madêg Prabu Niwatakawaca, kaadhêp ing êmban, ginêm angajêng-ajêng Ditya Mamangmurka. Kasaru dhatêngipun Wijamantri, atur pariksa solahipun sadaya. Katungka sowanipun Dèwi Suprabasini, atur pariksa, bilih Dèwi Supraba dhatêng, nêdya nyèthi Sang Prabu Niwatakawaca, mila sampun nungkul rumiyin. Sang nata lajêng tindak ing kadhaton, Dèwi Supraba lajêng pinondhong kabêkta dhatêng ing jinêmrum, badhe andumugèkakên karsa. Dèwi Supraba ngoncati. Sang nata èsmu duka, Dèwi Supraba matur angarih-arih, rèhning sampun dadya garwa, botên badhe kacuwan ing sakarsanipun, nanging murih sagêdipun rumêksa dhatêng kaluhuranipun sang nata, dipun paringana uninga dununging pangapêsanipun. Saking adrênging karsa, sang nata tilar wêweka: awalèh, pangapêsanipun wontên ing cêthak. Sang Arjuna sarêng mirêng lajêng mêdal saking sêngkangipun Dèwi Supraba, sarta nguwuh-uwuh sêsumbar. Sang Prabu Niwatakawaca lajêng mêdal ing jawi, prang lawan Sang Arjuna, sami ngêdalakên pangabaran. Sang Arjuna ginêtak kantaka, Prabu Niwatakawaca gumujêng latah, Sang Arjuna awas tumingal, cêthakipun Prabu Niwatakawaca katingal mancorong, lajêng sinipat jêmparing Pasopati, tumanduk ing cêthak, Prabu Niwatakawaca pêjah. Kasaru praptanira para kadang Pandhawa. Para punggawa Manimantaka soroh amuk, kapapagakên Radèn Arya Wêrkodara, prang sampak. Punggawa Manimantaka pêjah sadaya. Prabu Krêsna, Prabu Puntadewa, tuwin para kadang Pandhawa sami lênggah satata. Para jawata tumurun anjumênêngakên nata Radèn Arjuna, jêjuluk Prabu Karithi.

126. Lampahan Partadewa.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi mungging ngarsa Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa pêpak kang sami anangkil, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Jayadrata, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ingkang rinêmbag sakesahipun para kadang Pandhawa, ing nagari Ngamarta dipun êjègi dening Bambang Partadewa, saking Argakelasa. Sang Rêsi Durna kadhawuhan mriksa dhatêng praja Ngamarta, sang rêsi sagah [sa...]

--- 29 : 8 ---

[...gah.] Sang nata lajêng nimbali ingkang raka Sang Adipati Karna. Sowanipun Sang Adipati Karna lajêng mangarsa. Sang Adipati Karna lajêng dhinawuhan andombani lampahipun Sang Rêsi Durna, sasampuning paring dhawuh, sang nata lajêng jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banuwati, pinarak ing prabasuyasa kalêrês ing pananggap lèr wetan, angêntosi kondurira sri nata, ngiras amirsani ajaring bêksa badhaya srimpi, ingadhêp ingkang putra Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan. Kondurira sang nata pinêthuk ing garwa miwah putra, lajêng kêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng ingkang garwa tuwin putra, bilih ing Ngamarta kaêjègan dening Bambang Partadewa, kang garwa èsmu sungkawa, sang nata lajêng tindak ing sanggar pamêlêngan.

[Grafik]

Rêsi Durna.

[Grafik]

Prabu Suyudana.

3. Madêg ing paseban jawi, Sang Rêsi Durna, Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Jayadrata, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ingkang rinêmbag Sang Rêsi Durna, lampah kautus mriksa dhatêng praja Ngamarta, arsa nuwèni [nu...]

--- 29 : 9 ---

[...wèni] kawontênanipun ing kadhaton Ngamarta. Sang Rêsi Durna lajêng pangkat rumiyin, arsa mampir ing Sokalima. Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, lajêng dhawuh dhatêng para putra sami kinèn pradandan, para Korawa sampun sami samêkta lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing pasanggrahan Sokalima, Sang Prabu Suryanggana ratu saking nagari Gumiwang, siswanipun Rêsi Durna, anuju miyos ing pandhapi agung, ingadhêp Patih Gajah Antisura. Ginêm kasmaran putri nata ing Ngastina nama Dèwi Lêsmanawati. Kasaru dhatêngipun Sang Rêsi Durna. Sasampuning lênggah satata, sang rêsi dhawuh dhumatêng Prabu Suryanggana, kadhawuhan tumut ambiyantu angêpung nagari Ngamarta, bilih Bambang Partadewa purun têluk, Prabu Suryanggana ginanjar putri nata Dèwi Lêsmanawati. Sang nata anyagahi. Rêsi Durna lajêng mundur. Sapungkuring sang rêsi, Sang Prabu Suryanggana lajêng nimbali punggawa ditya wasta Ditya Kalapradêgsa, sasampuning mangarsa dhinawuhan angêpang ing praja Ngamarta. Punggawa ditya sampuning tampi dhawuh lajêng amit mundur. Sang nata lajêng bibaran anangkil.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa yaksa, Ditya Kalapradêgsa, Ditya Kalapralêbda, Ditya Kalamikalpa, tuwin Kyai Togog, Sarawita. Ginêm: lampah ingutus angêpang ing praja Ngamarta, Kyai Togog lajêng andhawuhakên sami kinèn pradandan. Sasampuning sami siyaga, lajêng bidhalan.

6. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Anom Wisnubrata, anuju miyos ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi mungging ngarsa ingkang paman Radèn Arya Sêtyaki, tuwin ingkang rayi Radèn Satyaka, Patih Udawa. Sang nata ingkang rinêmbag lampahipun Radèn Adipati Karna anggènipun badhe angêpung kitha ing Ngamarta. Sang nata lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi Radèn Satyaka, kadhawuhan amanggihi Radèn Adipati Karna lampah sandi, sagêda sande anggènipun angêpung kitha ing Ngamarta, nanging mênawi Adipati Karna adrêng kadhawuhan nacak. Radèn Satyaka sasampuning dhinawuhan ingkang raka sri nata lajêng pangkat ingiring Patih Udawa.

Mangkana lampahipun Sang Adipati Karna wontên ing margi kapapag Radèn Satyaka. Pasulayaning rêmbag dados prang, Sang Adipati Karna sawadya sami kasor, wasana anyimpang margi. Radèn Satyaka, tuwin Patih Udawa lajêng sami kondur.

7. Madêg ing pratapan Kêndhalisada, Sang Anoman, pinuju lênggah ing pacrabakan, amanggihi Radèn Arya Gathutkaca. Dinangu matur nyuwun uninga dunungipun, salolosipun para kadang Pandhawa, Sang Anoman lajêng sajarwa dhatêng Radèn Arya Gathutkaca, kadhawuhan suwita dhatêng Bambang Partadewa, Radèn Arya Gathutkaca, matur sandika. Amit rinilan lajêng pangkat, lampahipun Radèn Arya Gathutkaca mêdal ing gêgana.

--- 29 : 10 ---

8. Madêg ing wukir Rêtawu, Saptaarga, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp ingkang wayah buyut, Radèn Ăngkawijaya, tuwin punakawanipun rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Ăngkawijaya, dinangu matur sakesahipun para kadang Pandhawa, nyuwun pitêdah wontên ing pundi mênggah dunungipun. Sang Rêsi Abyasa sajarwa dhatêng ingkang wayah Radèn Ăngkawijaya, kadhawuhan ngawula dhatêng Bambang Partadewa, ing nagari Ngamarta. Sasampuning pinaringan dhawuh, Radèn Ăngkawijaya amit rinilan lajêng pangkat dhatêng ing Ngamarta, ingiring punakawanipun rêpat tiga.

[Grafik]

Sang Anoman.

Mangkana lampahipun Radèn Ăngkawijaya dumugi ing wana talatahing Ngamarta kapapag para punggawa yaksa saking Gumiwang, pasulayaning rêmbag dados prang rame. Danguning prang Radèn Arya Gathutkaca uninga saking gêgana, bilih kang rayi Radèn Ăngkawijaya păncakara kalihan danawa, Radèn Arya Gathutkaca atêtulung cumlorot saking gêgana lajêng nalabung prang, para danawa sami pêjah sadaya. Radèn Arya Gathutkaca lajêng pêpanggihan kalihan Radèn Ăngkawijaya. Ginêm sami arsa suwita dhatêng Bambang Partadewa ing Ngamarta. Lajêng sami andumugèkakên lampah sowan dhatêng nagari ing Ngamarta, ingiring rêpatira tiga.

9. Madêg ing nagari Ngamarta, Bambang Partadewa, anuju miyos ing pandhapi agêng, lênggah amanggihi Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, tuwin rêpat tiga. Ginêm sami nyuwun suwita, Bambang Partadewa marêngakên, sarta sami pinundhut putra, lajêng kadhawuhan sami ngaso ing tênggan. Bambang Partadewa lajêng tindak dhatêng sanggar pamêlêngan arsa mangsah sêmèdi.

10. Madêg ing pasanggrahan jawi kitha Ngamarta, Sang Rêsi Durna, Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni,

--- 29 : 11 ---

tuwin para Korawa. Ginêm sami arsa manggihi Bambang Partadewa, lajêng sami bidhalan, dumugi nagari Ngamarta Sang Rêsi Durna pinanggih Bambang Partadewa. Ginêm, Bambang Partadewa tinimbalan Sang Prabu Suyudana ing Ngastina, Bambang Partadewa matur botên purun. Sang Rêsi Durna lajêng cangkriman kapurih ambatang Bambang Partadewa, bilih botên sagêd ambatang Bambang Partadewa kaladosakên sarana kabêsta. Wusana cangkrimanipun Sang Rêsi Durna, sampun kabatang dening Partadewa. Sang Adipati Karna tuwin para Korawa, mêksa sami majêng sêdya nyêpêng dhatêng Bambang Partadewa, nanging sadaya Korawa sami prang kalihan para kadangipun piyambak, wasana lajêng sami mantuk dhatêng praja Ngastina.

Bambang Partadewa lajêng nimbali ingkang putra angkat Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, sami kadhawuhan manggihi Dèwi Suryawati, kadangipun Sang Prabu Suryanggana, awit Sang Prabu Suryanggana, nate prang cidra kalihan para Pandhawa. Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, lajêng sami pangkat ingiring punakawanipun rêpat tiga.

11. Madêg ing pratapan Timbultaunan, Sang Bagawan Israwa, inggih punika pandhita danawa, lênggah ing pacrabakan, tuwin ingkang rayi Endhang Jiwati. Ginêm lampahing maratapa sagêdipun sêmadi. Sang rêsi lajêng sumêngka pangawak braja, tuwin ingkang rayi Endhang Jiwati, sumêdya minggah dhumatêng Tinjomaya, dumugi swarga pangrantunan uninga kathahipun yitma, sami rêmbag bab atma ingkang mulya tuwin ingkang asor, lajêng lumampah.

12. Madêg ing Tinjomaya, Sang Arjuna madêg nata, anama Prabu Karithi, kaladosan para widadari, Dèwi Supraba, tuwin Dèwi Wilutama, Dèwi Warsiki, Dèwi Surendra, Gagarmayang, Tunjungbiru, Lênglêng Mulat tuwin para widadari paminggir. Ginêm prênesan. Dhatêngipun yitma kêkalih, Sang Rêsi Israwa, tuwin Endhang Jiwati, sami arêmbag bilih Radèn Arjuna dhasaripun mulya, anamung kemawon kasupèn dhumatêng garwa tuwin putra.

Sang Prabu Karithi, miyarsa lajêng duka, ambujêng dhumatêng sang pandhita tuwin Endhang Jiwati sami mantuk, Sang Prabu Karithi nututi.

13. Madêg ing pratapan Timbultaunan, Sang Rêsi Israwa, tuwin Endhang Jiwati, sami wungu sare. Rawuhipun Sang Prabu Karithi. Ginêm, nyuwun Endhang Jiwati, Sang Rêsi Israwa botên suka. Dados prang, danguning prang, Sang Rêsi Israwa lajêng babar Prabu Krêsna, Prabu Karithi Babar Sang Arjuna, Endhang Jiwati babar Dèwi Wara Sumbadra, lajêng sami kondur dhumatêng ing nagari Ngamarta.

14. Madêg ing Sukalima, Sang Rêtna Dèwi Suryawati, pinuju lênggah ingadhêp êmban tuwin inya. Ingkang rinêmbag, Sang Rêtna Dèwi Suryawati, ing dalu supêna pinanggih Radèn Ăngkawijaya. Kasaru dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya, Sang Rêtna Dèwi Suryawati lajêng kapondhong, kabêkta kondur dhatêng

--- 29 : 12 ---

ing nagari Ngamarta, lampahipun kawuningan Sang Prabu Suryanggana lajêng anututi. Sang Prabu Suryanggana kapapagakên Radèn Arya Gathutkaca, dados prang. Dangu-danguning prang, Sri Suryanggana kenging kacêpêng kauncalakên, Sri Suryanggana dhawah ing palataran, wungu saking kantaka lajêng nimbali Patih Gajah Antisura. Sowanipun Patih Gajah Antisura lajêng mangarsa, kadhawuhan sami siyaga dêdamêling prang, sasampuning sami samêkta sang prabu lajêng bidhalan sawadyabala, anjujug ing nagari Ngastina.

15. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, ninuju[1] miyos ing pandhapi agêng, ingkang sumiwi munggèng ngarsa Rêsi Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, têtindhih Sang Adipati Karna. Ingkang rinêmbag lampahipun Sang Rêsi Durna, matur bilih kabuncang ing angin, sarta matur malih Sang Rêsi Durna taksih gadhah sawung kalêrês putra murid, raja ing sabrang nama Prabu Suryanggana. Botên dangu sowanipun Prabu Suryanggana ingiring wadyabalanipun, Sang Prabu Suryanggana sinêmbrama. Sasampuning lênggah satata, ginêm, Sang Prabu Suyudana matur dhatêng Sri Suryanggana, sagêdipun Bambang Partadewa kacêpêng, Sri Suyudana pasrah dhatêng Prabu Suryanggana. Sri Suryanggana anyagahi, sasampuning rêmbag Sang Prabu Suryanggana amit lajêng bidhalan sawadyabalanipun dhatêng ing nagari Ngamarta.

[Grafik]

Radèn Ăngkawijaya.

16. Madêg ing nagari Ngamarta, Bambang Partadewa, anuju miyos ing pandhapi agung, ingkang sumiwi mungging ngarsa Radèn Ăngkawijaya, tuwin Dèwi Suryawati, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin punakawanipun rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ginêm, Bambang Partadewa langkung suka miyarsa aturing putra Radèn Ăngkawijaya. Kasaru dhatêngipun Radèn Arjuna, dinangu Radèn Arjuna matur saparlunipun. Bambang Partadewa lajêng sajarwa, sayêktosipun Sang Hyang Kamajaya, lajêng sami rêrangkulan. Sang Hyang Kamajaya lajêng kondur makahyangan. Sang Prabu Krêsna lajêng dhawuh dhatêng ingkang rayi Radèn Arjuna, kadhawuhan anjêmparing ing patamanan Ngamarta. Radèn Arjuna lajêng anglêpasakên jêmparing, sarêng kenging ing patamanan lajêng babar Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, para kadang sami suka. Kasaru dhatênging parangmuka saking nagari Gumiwang Prabu Suryanggana, sawadyabalanipun. Lajêng pinapagakên dening Radèn Arya Wêrkodara, sampun pinanggih yun-ayunan, lajêng prang tandhing. Danguning prang, Sang Prabu Suryanggana kenging [ke...]

--- 29 : 13 ---

[...nging] kacêpêng cinublês ing kênaka lajêng pêjah. Prang sampak. Para wadyanipun sarêng sumêrêp ing gustinira palastra, lajêng sami angêbyuk sumêdya ambelani, lajêng pinapag dening Radèn Arya Gathutkaca, para wadya ing sabrang sami pêjah, sasirnaning mêngsah ingkang sami unggul ing yuda lajêng sami wangsul ing pasewakan.

17. Madêg ing pandhapi agung, Sang Prabu Yudhisthira, Prabu Krêsna, Radèn Arya Wêrkodara, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin para putra santana, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, pêpak para kadang Pandhawa, lajêng sami suka-suka, bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

127. Lampahan Arjunawibawa.

1. Jêjêr ing nagari Wiratha, Sang Prabu Maswapati, miyos ing păncaniti, siniwi putra Radèn Arya Seta, Radèn Arya Wratsăngka, Radèn Arya Untara, tuwin Patih Jayanirbita, Jayanirmala, pêpak para wadya kang sami nangkil. Ginêm: sang nata dhawuh dhatêng Patih Jayanirbita, tuwin Jayanirmala, pagêdhongan: sang nata mundhut putra angkat, sri narendra ing Sriwêdari, Prabu Arjunawibawa. Sang Prabu Maswapati eca anggènipun ngandika, kasaru sowanira caraka ing Ngastina: Patih Arya Sakuni, sampuning lênggah dinangu matur kautus ingkang wayah Nata Ngastina, ngaturakên nawala. Srat tinampèn Sri Maswapati, binuka: suraosipun ingaturan dhumatêng ing Ngastina, lajêng winangsulan kalayan sakeca, Patih Arya Sakuni lajêng mundur. Radèn Arya Seta lajêng ingutus dhatêng Sriwêdari paring uninga, bilih Prabu Maswapati kaaturan dhatêng ing Ngastina sawadyabalanipun, kaborongakên sri narendra ing Sriwêdari. Radèn Arya Seta pangkat, sang nata lajêng jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Rêkathawati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp putri nata Dèwi Utari, tuwin para parêkan, ngêntosi kondurira sang nata ngiras mirsani ajaring bêksa badhaya srimpi. Kasaru kondurira sang nata, pinêthuk ing garwa tuwin putra, lajêng kinanthi astanipun, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng garwa tuwin putra, mila dangu anggènipun amăncaniti, awit katamuan caraka Ngastina, ing samangke putra Radèn Arya Seta ingutus dhatêng Sriwêdari. Garwa putra sami suka, sang nata lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka, tuwin Kyana Patih Jayanirmala, Jayanirbita. Ginêm lampah ingutus dhatêng Sriwêdari, Patih Jayanirbita dhawuh dhatêng para punggawa: sami dhinawuhan siyaga, sampun sami samêkta, lajêng bidhal kapalan.

--- 29 : 14 ---

4. Madêg ing Bulukapitu sèwu nagari, Prabu Dêrgăngsa, pinuju miyos lênggah ing pandhapi agêng, ingadhêp Patih Puntalabau, tuwin para wadya. Ginêm pagêdhongan, sang nata mêntas tampi nawala saking Ngastina, suraosing nawala, sang nata kaaturan nyirnakakên sri narendra ing Wiratha, bilih sagêd angrampungi: badhe ginanjar nagari Ngastina sapalih. Prabu Dêrgăngsa lajêng nimbali wadya rasêksa, Ditya Kalarêtana, Ditya Kalapitaca, sampun mangarsa, lajêng winarah dhinawuhan yasa pasanggrahan ing talatah Wiratha. Para punggawa yaksa sampuning tampi dhawuh lajêng sami mundur.

[Grafik]

Radèn Untara.

[Grafik]

Prabu Maswapati.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa yaksa, Ditya Kalarêtana, Ditya Kalapitaca. Ginêm lampah ingutus karya pasanggrahan dhatêng talatahing praja Wiratha. Ing sasampuning sami samêkta lajêng bidhalan, ingkang dadya panganjuring lampah Kyai Togog tuwin Sarawita. Lampahipun dumugi ing margi kapapag wadya ing Wiratha ingkang dhatêng Sriwêdari, pasulayaning rêmbag: dados prang, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing nagari Sriwêdari, Prabu Arjunawibawa, pinuju miyos lênggah ing pandhapi agung, kaadhêp Patih Jayaprayitna, Jayakawawa. Ginêm: sang nata arsa sowan dhatêng ing praja Wiratha, kasaru rawuhipun Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka. Radèn Arya [Ar...]

--- 29 : 15 ---

[...ya] Seta andhawuhakên lamun ingutus ingkang rama nata ing Wiratha, paring uninga, bilih nata ing Wiratha kaaturan dhatêng Ngastina. Sang Prabu Arjuna sagah angêkahi, Radèn Arya Seta amit mundur. Sapêngkêring caraka ing Wiratha, Sri Arjunawibawa lajêng animbali Radèn Ăngkawijaya, kadhawuhan andhèdhèl siti Wiratha. Sampuning winêling sadaya lêlampahan lajêng pangkat, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Patih Udawa.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

7. Madêg ing madyaning wana talatahing Wiratha, para punggawa yaksa ing Bulukapitu, Ditya Kalarêtana, Ditya Kalapitaca, badhe damêl pasanggrahan, kapapag kalihan Radèn Ăngkawijaya, pasulayaning rêmbag: dadya prang, para punggawa yaksa sami pêjah sadaya, Kyai Togok tuwin Sarawita sami lumajêng sumêdya mantuk dhatêng ing prajanipun. Radèn Ăngkawijaya lajêng lampahipun, ingiring punakawan rêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

8. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos lênggah ing pandhapi agêng, ingadhêp putra Radèn [Radè...]

--- 29 : 16 ---

[...n] Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa. Ginêm: sang nata angrsa-arsa timbuling kang rayi panêngahing Pandhawa: Radèn Janaka. Sri Krêsna lajêng dhawuh pacak baris sajawining kitha, sang nata arsa tindak ing Ngamarta. Sampuning dhawuh lajêng ngadhaton, ngrasuk busana. Sasampunira samapta lajêng tindak anggêgana.

9. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing pandhapi, siniwi Rêsi Durna, tuwin para kadang Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, Radèn Durmagati, Patih Arya Sakuni, matur sampun ingutus ngaturakên nawala dhatêng kang eyang nata ing Wiratha, sampun katampi Sang Prabu Maswapati piyambak, sarta kang eyang paring wangsulan, ingkang sêrat binuka Sang Nata Sri Suyudana, suraosipun: kang eyang Sri Nata Wiratha kaaturan dhatêng Ngastina mopo. Sri Suyudana lajêng nodhi dhatêng Rêsi Kumbayana, Rêsi Kumbayana matur mrayogèkakên: ing Wiratha kalurugan. Sang nata lajêng dhawuh dhatêng para Korawa tuwin punggawa sawadyabalanipun sami dhinawuhan siyaga. Sasampuning sami samêkta lajêng bidhalan dhatêng ing Wiratha.

10. Madêg ing nagari Rajêgwêsi, Prabu Danumurti, miyos ingadhêp Patih Satyaraja, tuwin para wadyabala pêpak kang samya nangkil. Ginêm: ing pagêdhongan sang nata kèngêtan labêtipun narendra ing Sriwêdari, Prabu Arjunawibawa, dene wontên wartos kirang sakeca, sang nata lajêng dhawuh dhatêng Patih Satyaraja, sawadyabalanira sami dhinawuhan siyaga, sang nata arsa ambiyantu Sang Prabu Arjunawibawa. Para wadya sampun samêkta, lajêng bidhalan dhatêng ing nagari Sriwêdari, lampahipun sarêng dumugi ing margi kêpapag wadya Ngastina, pasulayaning rêmbag: dados prang kalihan para Korawa, Raja Rajêgwêsi sawadyanipun kasor sami têluk.

11. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, pinuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp ingkang rayi Radèn Wrêkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Ginêm: sang nata angarsa-arsa konduripun ingkang rayi Radèn Janaka. Kasaru rawuhipun ingkang raka Nata Dwarawati, Prabu Krêsna, sinêmbrama lajêng lênggah satata. Ginêm sami anggalih timbulipun ingkang rayi Radèn Janaka, Sang Prabu Puntadewa dhawuh dhatêng para kadang arsa tindak dhatêng ing Wiratha, sampun sami pradandan lajêng bidhal dhatêng ing Wiratha tuwin para rayi Pandhawa.

12. Madêg ing pratapan Kêndhalisada, Sang Bagawan Kapiwara, lênggah ing pacrabakan, sowanipun ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, dinangu matur sakesahipun ingkang paman: Radèn Janaka, nyuwun pitêdah sagêdipun kondur ingkang paman Radèn Janaka wau. Sang Bagawan Kapiwara dhawuh dhatêng Radèn Arya Gathutkaca, sasampuning winarah, dhinawuhan têtulung sri narendra Sriwêdari. Radèn Arya Gathutkaca pangkat dhatêng nagari Sriwêdari.

--- 29 : 17 ---

13. Madêg ing pasanggrahan Ngastina, Sang Prabu Suyudana, pinuju lênggah ingadhêp Rêsi Kumbayana, Patih Arya Sakuni, sowanipun para kadang Korawa, ngaturakên têlukan Raja Rajêgwêsi sawadyabalanipun, sampun panggih Sri Suyudana. Sang Prabu Rajêgwêsi dhinawuhan anggêpuk nagari Wiratha: sagah. Sang Prabu Danumurti sampun tampi dhawuh saking Sri Suyudana, lajêng dhawuh dhatêng wadyabalanipun ing Rajêgwêsi, kadhawuhan sami siyaga, sampun samêkta lajêng bidhalan dhatêng Wiratha. Lampahipun Prabu Danumurti sawadyanipun dumugi ing margi kêpapag Radèn Ăngkawijaya, pasulayaning rêmbag dados prang rame, Radèn Arya Gathutkaca sumêrêp lajêng biyantu pêrang, Sang Prabu Danumurti sawadyanipun sami kasor lajêng têluk, para Korawa dipun angsah Radèn Arya Gathutkaca, para Korawa sami sar-saran.

[Grafik]

Radèn Arya Wratsăngka.

[Grafik]

Radèn Arya Seta.

14. Madêg ing pasanggrahan Sriwêdari, Sang Prabu Arjunawibawa, pinuju miyos ingadhêp ingkang putra Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, tuwin para wadya pêpak kang samya anangkil. Sang nata animbali punggawa: Patih Jayaprayitna, Jayakawawa, sampun mangarsa, lajêng dhinawuhan angaturakên nawala dhatêng ing Wiratha. Sang Prabu Arjunawibawa bidhal dhatêng ing Wiratha, ingiring para wadyabalanipun sadaya. Para punggawa ingkang ingutus, anyarêngi tindakipun sang nata dhatêng ing nagari Wiratha.

15. Madêg ing nagari Wiratha, Sang Prabu Maswapati, pinuju miyos ingadhêp para putra: Radèn Arya [Ar...]

--- 29 : 18 ---

[...ya] Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka, matur sasolahira dinuta katur sadaya. Rawuhipun Prabu Krêsna, tuwin Sri Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nangkula, Radèn Sadewa. Sasampuning satata, ginêm: Sri Yudhisthira matur nuwun timbulipun ingkang rayi Radèn Janaka. Kasaru dhatêngipun wadya Sriwêdari, wontên ing jawi soroh amuk, pinapag wadya Wiratha, prang, wadya Wiratha kasor. Sri Krêsna sarêng mirêng gègèring jawi lajêng amit mêdal ing jawi, Prabu Krêsna dumugi ing jawi sampun panggih Sri Arjunawibawa, Sri Krêsna dhawuh ngrucat busananing narapati, awit dèrèng wancining prang Bratayuda. Sang Prabu Arjunawibawa sarêng santun busana babar Radèn Janaka. Kasaru dhatêngipun raja ing Bulukapitu, Prabu Dêrgăngsa sawadyabalanipun sami soroh amuk, lajêng pinapag Radèn Arya Wrêkodara, prang tandhing kalihan Prabu Dêrgăngsa kenging cinêpêng Radèn Arya Wrêkodara, cinublês ing kanaka: pêjah. Patih Puntalabau umangsah, pinapag Radèn Arya Gathutkaca, prang rame. Patih Kuntalabau sarêng kenging cinêpêng jangganipun: inguntir Radèn Arya Gathutkaca, lajêng pêjah, prang sampak. Wadya ing Bulukapitu sarêng sumêrêp gustinipun seda, lajêng sami ngêbyuk sumêdya bela gustinipun, pinapag Radèn Arya Wrêkodara, lajêng sami pêjah sadaya, sasirnaning mêngsah lajêng sami wangsul ing pasewakan.

16. Madêg ing Wiratha, Prabu Maswapati, Prabu Krêsna, Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Arya Seta, Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka, pêpak para kadang Pandhawa. Ginêm ingkang mêntas saking ayuda, sami suka, lajêng mangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

128. Lampahan Gêndrèh Kêmasan (Yudanagara).

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Dhahyang Durna, tuwin Patih Arya Sakuni, Sang Adipati Karna, miwah para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Ingkang rinêmbag arsa ambêdhah prajanipun para nata măncapraja, ingkang raka Nata Mandura tuwin Adipati Karna kang kaaturan supados anindhihi pangluruging wadya, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, risang padniwara Dèwi Banuwati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan. Kondurira sang nata pinêthuk ing garwa kinanthi binêkta lênggah, kang garwa [gar...]

--- 29 : 19 ---

[...wa] winartan. Èngêt nawala kantun lajêng pinaringkên parêkan kinèn maringakên Sang Adipati Karna, dhinawuhan maringakên kang raka Prabu Baladewa, sang nata lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Sang Adipati Karna, tuwin Patih Arya Sakuni, miwah para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Dhatêngipun parêkan ingutus sang nata maringkên pustaka dhatêng Sang Adipati Karna, kinèn angaturakên dhumatêng kang raka Sri Baladewa, ing Mandura. Parêkan mundur. Sasampuning sami samapta lajêng sami bidhal sumusul kang raka Prabu Baladewa, mring Randhugumbala. Bidhalan.

[Grafik]

Adipati Karna.

4. Madêg ing Randhugumbala, Prabu Baladewa, ingadhêp Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa. Ginêm arsa ambêdhah ing praja Wiratha, kasaru sowanipun Sang Adipati Karna, tuwin para Korawa, ingutus kang rayi Sang Nata Ngastina ngaturakên nawala, suraos anyuwun biyantu mring Dwarawati, Sri Krêsna ingaturan ambêdhah ing Wiratha, kinanthèn Sang Adipati Karna tuwin kang para Korawa, lajêng samya bidhalan dhumatêng ing Dwarawati.

5. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, lênggah ingadhêp kang putra Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Arya Satyaka, miwah Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa. Ingkang ginunêm, angraosi rayi para Pandhawa, kasaru rawuhira kang raka Prabu Baladewa, kanthi Sang Adipati Karna, miwah para Korawa, ingandikan, Sri Krêsna kinèn ambêdhah ing Wiratha kinanthèn Sang Adipati Karna, miwah para Korawa. Lajêng pangkat. Sri Baladewa ingkang têngga ing kitha, Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, dhuwungira kapundhut kapirsanan, Radèn Arya Sêtyaki dèn kunjara, Patih Udawa cinêpêng dening Patih Pragota, binêkta dhatêng ngarsaning Sri Baladewa. Patih Udawa ngamuk Sri Baladewa jinagur klêmpêr, Patih Pragota miwah Patih Prabawa lumajêng. Prabu Baladewa lajêng kesah, Patih Pragota miwah Patih Prabawa dhinawuhan anêlik bilih wontên tiyang jalêr malêbêt ing kadhaton dhinawuhan amêjahi.

6. Madêg ing Dwarawati, Radèn Abimanyu tindak ing patamanan, tuwin Sêmar Nala Garèng Petruk [Pe...]

--- 29 : 20 ---

[...truk.] Ginêm, sêngkêling panggalih saking kapacangakên Dèwi Siti Sêndari. Kasaru parêkan sowan ingutus kang ibu, Radèn Abimanyu katimbalan. Lajêng pangkat.

7. Madêg ing gupit măndragini, Sang Dyah Wara Sumbadra, tuwin Rêtna Wara Srikandhi, ingadhêp putra Dyah Siti Sêndari, Sang Rêtna Siti Sêndari amit mundur. Dhatêngipun Radèn Abimanyu, Sang Dyah Siti Sêndari kasusul kang ibu Rêtna Srikandhi, pinanggihakên kalihan Radèn Abimanyu.

[Grafik]

Patih Pragota.

8. Madêg ing pêngkêraning pura, Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa. Sumêrêp bilih Radèn Abimanyu wontên ing pura, kaemutakên botên kenging, dadya prang, Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa kasor lumajêng.

9. Madêg ing kadipatèn ing Dwarawati, Prabu Baladewa. Eca dènira lênggah, kasaru dhatêngipun Patih Pragota, miwah Patih Prabawa, atur uninga, bilih Radèn Abimanyu wontên ing pura panggihan kalihan Rêtna Siti Sêndari, patih matur dadya prang, kasor. Prabu Baladewa dupi miyarsa aturing patih kêkalih, duka, lajêng mangsah prang. Radèn Abimanyu sinapih dening Sêmar lajêng kesah. Ingkang uwa Prabu Baladewa miduwung ing galih. Radèn Ăngkawijaya pamit ingkang garwa Dèwi Siti Sêndari, cinandhêt botên kenging, kang garwa lajêng kantaka. Prabu Baladewa rawuh angusadani, Dèwi Siti Sêndari waluya. Ingkang bibi Rêtna Sumbadra tuwin Rêtna Srikandhi kesah botên mawi pamit ingkang raka Sri Baladewa. Putri kêkalih wau dumugi ing jawi pinanggih kang putra Radèn Abimanyu lajêng sêsarêngan.

10. Madêg madyaning wana, Prabu Krêsna tuwin Adipati Karna, miwah para Korawa. Prabu Krêsna cinêpêng dening Dipati Karna dalah para Korawa arsa riningkês, wasana Sri Krêsna tiwikrama awarni ditya agêng aluhur, Adipati Karna saha para Korawa, sami lumajêng sar-saran.

Sigêg lampahipun Radèn Ăngkawijaya, tuwin ingkang ibu Rêtna Sumbadra, miwah Rêtna Srikandhi dumugi [du...]

--- 29 : 21 ---

[...mugi] ngarsanipun Sang Prabu Krêsna, kasaru dhatênging Patih Udawa kang nandhang kanin. Lajêng ingusadan Sri Krêsna, Patih Udawa waluya lajêng pinurih wangsul maring Dwarawati, Radèn Ăngkawijaya tinuduh suwita maring Wiratha, lajêng pangkat, tuwin rêpat tiga. Prabu Krêsna kesah sapurug-purug, ingkang rayi Rêtna Sumbadra tuwin Rêtna Srikandhi binêkta.

[Grafik]

Prabu Baladewa.

11. Madêg ing nagari Wiratha, Prabu Maswapati, miyos siniwi, ingkang mungging ngarsa Radèn Arya Seta, tuwin Radèn Arya Untara, Radèn Arya Wratsăngka. Radèn Arya Seta ngaturakên Radèn Abimanyu, nyuwun suwita tinampèn, lajêng kapasrahakên Radèn Gêndrèh Kêmasan (Janaka) lajêng bibaran.

12. Madêg Radèn Gêndrèh Kêmasan, Radèn Arya Seta rawuh kanthi Radèn Ăngkawijaya. Kapasrahakên, pinurih mardi pandamêlan lan tataning praja. Sasampuning tinampèn lajêng bibaran. Radèn Ăngkawijaya kapurih dhatêng taman.

13. Madêg Rêtna Dèwi Untari, pinarak ing taman arsa siram, ingadhêp para parêkan. Katungka dhatêngipun Radèn Abimanyu. Sasampuning sami lênggah satata sarta takèn-tinakèn, sami kasmaran, lajêng pondhongan binêkta dhatêng bale wêwangunan. Parêkan satunggal lumajêng nêdya atur wuninga ing sri nata.

Sigêg, Prabu Maswapati. Nuju lênggah kasaru dhatênging parêkan atur pariksa kawontênanira jroning udyana. Sri nata duka lir sinipi, sigra lajêng nimbali Radèn Gêndrèh Kêmasan, lajêng sowan mangarsa dhinawuhan anyirnakna Radèn Abimanyu. Radèn Gêndrèh mopo rèhning sampun trêsna, wantu-wantu dinangu wasana matur bilih pun Radèn Abimanyu anakipun sayêktos. Radèn Gêndrèh matur dhatêngipun ing Wiratha pun Radèn Abimanyu amargi saking risaking praja Dwarawati, katur purwa madya wasananira,

--- 29 : 22 ---

lajêng pinaringan pangaksama, sarta kadhaupakên pisan. Radèn Abimanyu lajêng jinunjung lênggah dadya senapatining wadyabala, jêjuluk Prabu Anom Radèn Wirabadana, Radèn Arya Seta dinuta maring Dwarawati, ambêkta wadya dhinawuhan ngluwari Radèn Arya Sămba.

14. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Baladewa. Dhatêngipun Adipati Karna, ngaturakên sadaya lêlampahan. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Seta sawadyabalanira, ngamuk wontên ing alun-alun, Prabu Baladewa tuwin Adipati Karna, mapag ing rana, jinêmparing Radèn Arya Seta, Sri Baladewa tuwin Adipati Karna kabuncang angin, para Korawa kasor malajêng. Radèn Arya Sămba tuwin Radèn Arya Sêtyaki linuwaran saking kunjara dening Radèn Arya Seta. Radèn Arya Sămba jinunjung madêg nata ing Dwarawati, jêjuluk Prabu Wisnubrata, awit Radèn Seta mirêng pawartos, bilih Prabu Krêsna seda wontên wana karingkês para Korawa. Radèn Arya Sêtyaki dadya parampara, Patih Udawa dhatêng mangarsa, ugi têtêp dadya warangkaning nata. Lajêng bojana ăndrawina, tancêb kayon.

[Grafik]

__________

--- 29 : [0] ---

[2 halaman kosong]

 


pinuju. (kembali)