Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 27-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443o

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XVI.

Isi lampahan:

66. Partawigêna.

67. Wahyu cakraningrat.

68. Pêksi jawata.

69. Cocogan.

70. Srikandhi maguru manah.

71. Cakranagara.

Bale Pustaka - 1932 - Batawi Sèntrêm

--- 16 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No.600

--- 16 : [3] ---

66. Lampahan Partawigêna (Makutha Rama).

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, siniwi Pandhita Durna, tuwin Patih Arya Sakuni, saha para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi, Radèn Arya Durmagati. Ginêm: wisiking jawata dhinawuhan ngupadosi makutha agêmipun Sri Bathara Rama, sintên ingkang kanggenan sagêd nurunakên ratu ing tanah Jawi, sagêd jumênêng binathara. Sang nata dhawuh nimbali ingkang raka Sang Adipati Karna. Sowanipun Sang Adipati Karna lajêng mangarsa nata, lajêng dhinawuhan ngupadosi makuthanipun Sri Bathara Rama, sampuning winarah manggèn ing pratapan Swelagiri, Sang Adipati Karna lajêng mundur, Patih Arya Sakuni tuwin para kadang Korawa sami kadhawuhan ambiyantu, sang nata jêngkar ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa, kalêrês lèr wetan ngêntosi kondurira sri nata, ngiras amirsani sinaunipun bêksa badhaya tuwin sarimpi, ingadhêp putri nata Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan. Kasaru konduripun sang nata, lajêng pinêthuk ing garwa miwah putra, akêkanthèn asta, binêkta lênggah satata. Sang nata imbal wacana dhatêng garwa miwah putra, saking wangsiting jawata, manawi sagêd kanggenan makutha agêmipun Sri Bathara Rama, sagêd anurunakên ratu ing tanah Jawi, saha sampun utusan kang raka Sang Adipati Karna, miwah para Korawa, pramèswari nata langkung suka ing panggalih, sang nata lajêng tindak ing sanggar pamêlêngan.

3. Madêg ing paseban jawi, Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, tuwin para kadang Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi, Radèn Arya Durmagati. Ginêm: lampah ingutus ngupadosi makuthanipun Sri Bathara Rama, dhatêng ing Swelagiri, Patih Arya Sakuni dhawuh sami pradandan, sampun sami siyaga, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg pasanggrahan ing Duryapura, warganing Rêsi Kesawasidhi, Sang Anoman, tuwin wil Gajahwrêka, pêksi Mahambira, naga Kuwara, gajah Sindubănda. Ginêm: anggènipun puruhita Rêsi Kesawasidhi, kasaru dhatêngipun para Korawa ing Ngastina, pasulayaning rêmbag, dadya prang, wadya [wa...]

--- 16 : 4 ---

[...dya] Ngastina kasoran, Sang Adipati Karna lajêng amusthi jêmparing Wijayadanu, sarêng lumêpas dhatêng ing gêgana, lajêng sinaut dhatêng Sang Anoman. Ing pagêdhongan Sang Adipati Karna sêmadi, Sang Hyang Surya tumurun, duka dhatêng Sang Adipati Karna, dhawuh anênuwun sagêdipun wangsul jêmparingipun Kyai Wijayadanu. Sang Hyang Surya sasampuning wêwarah lajêng makahyangan, para Korawa lajêng sami masanggrahan, Sang Anoman minggah dhatêng ing Swelagiri.

[Grafik]

Pêksi Mahambira.

5. Madêg ing pratapan Gohkarna, Sri Bagawan Wibisana, manggihi patihipun nama Patih Padyanmastana, patih matur nyuwun puruhita kaparêng, lajêng winulang lampahing maratapa, kasaru rawuhipun ingkang raka Sang Arya Kumbakarna, sampun badan sukma, tuwi kang rayi Sang Wibisana, Sang Wibisana lajêng amulang Sang Arya Kumbakarna, ingaturan anitis dhatêng panênggaking Pandhawa, inggih Sang Arya Wrêkodara. Ing têmbe manggih swarga, ingkang raka Sang Arya Kumbakarna sasampuning winulang aji panitisan lajêng amit pangkat ngupadosi Radèn Arya Wrêkodara. Patih Padyanmastana dhinawuhan mantuk amomong kang putra Prabu Bisawarna, patih lajêng mundur. Sang Prabu Bagawan Wibisana lajêng anyipta napsu sakawan prakawis [prakawi...]

--- 16 : 5 ---

[...s,] mêdal wujud danawa: Kaladahana, Kalamaruta, Kalabumi, Kalamanusa, sami kadhawuhan baris wontên ing wana Duryapura, dhawuh ngawasakên satriya ingkang sagêd anyirnakakên sayêktos, badhe mulya para danawa sami sampurna. Sasampuning tampi dhawuh, nêpsu kawan prakawis ingkang wujud danawa lajêng pangkat.

6. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Rêsi Abyasa, lênggah ing pacrabakan, amanggihi ingkang wayah Radèn Arjuna, tuwin panakawan têtiga, Lurah Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sang rêsi andangu, Radèn Arjuna matur nyuwun idi badhe madosi makuthanipun Sri Bathara Rama, Sang Rêsi Abyasa dhawuh ingkang prayitna, sarta amanggihana Rêsi Kesawasidhi. Ingkang martapa ing rêdi Swelagiri, Radèn Arjuna matur sandika, lajêng amit linilan, lajêng pangkat ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahipun Radèn Arjuna kapapag ditya sakawan dados prang, para ditya pêjah, gêsang malih, sarêng jinêmparing pangruwatan, para danawa sami mantuk dhatêng asalipun, Radèn Arjuna lajêng minggah dhatêng Swelagiri.

[Grafik]

Dèwi Wara Sumbadra.

7. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, nuju miyos ing pandhapi, siniwi Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa. Ingkang rinêmbag: Sri Krêsna sampun dangu botên pinanggih para kadang Pandhawa, Sang Prabu Krêsna dhawuh arsa tindak dhatêng ing nagari Ngamarta. Sasampuning dhawuh, Sri Krêsna lajêng tindak miyos ing gêgana, wontên ing margi kapapag ingkang putra Radèn Arya Gathutkaca, Sri Krêsna andangu Radèn Arya Gathutkaca, matur badhe ngupadosi ingkang paman Radèn Arjuna, Prabu Krêsna dhawuh dhatêng Radèn Arya Gathutkaca, dhinawuhan angawat-awati ing nagari Madukara, lajêng sami sowang-sowangan.

8. Madêg ing nagari Madukara, Sang Dyah Dèwi Wara Sumbadra, tuwin Rêtna Wara Srikandhi, ginêm: salolosipun ingkang raka Radèn Arjuna. Sang Rêtna Dèwi Srikandhi dhinawuhan rêratêng dhatêng wingking, Sang Rêtna Dèwi Wara Sumbadra lajêng ngupadosi lolosipun ingkang raka Radèn Arjuna, miyos ing kori bêbutulan. Gara-gara.

Sigêg, ing Suralaya, Sang Hyang Naradha tuwin Sang Hyang Brama, lajêng sami tumurun manggihi Rêtna Wara Sumbadra [Su...]

--- 16 : 6 ---

[...mbadra,] sasampuning pêpanggihan, Sang Hyang Naradha andangu, Sang Rêtna Dèwi Wara Sumbadra matur badhe ngupadosi guru lakinipun, inggih punika Sang Arjuna. Sang Rêtna Dèwi Wara Sumbadra sinidhikara lajêng wujud jalêr, pinaringan nama Bambang Sintawaka, para jawata lajêng sami kondur dhatêng ing suralaya, Bambang Sintawaka sumbar-sumbar ngraosi Sang Arjuna, Radèn Arya Gathutkaca tumurun saking ing gêgana, takèn-tinakèn kalihan Bambang Sintawaka, pasulayaning rêmbag, dados prang, Radèn Arya Gathutkaca kasor lajêng têluk, dhinawuhan andhèrèkakên ngupadosi Sang Arjuna, Radèn Arya Gathutkaca pinundhut putra angkat, lajêng sami bidhalan.

9. Madêg, Sang Arjuna, ingadhêp panakawanipun tiga, Lurah Sêmar, Nala Garèng, Petruk, ginêm: Sang Arjuna badhe tindak ing Swelagiri, lajêng pangkat, ingiring parêpat tiga, lampahipun Sang Arjuna sarêng dumugi ing rêdi Swelagiri, Radèn Arjuna amirsani isèn-isènipun ing pratapan lajêng minggah dhatêng pucaking wukir.

10. Madêg ing wukir Swelagiri, Sang Rêsi Kesawasidhi, nuju lênggah ing pacrabakan, ingadhêp Sang Anoman, saha ngaturakên jêmparingipun Sang Adipati Karna, awit sami prang kalihan para kadang siswaning Hyang Bayu, sinapih ing jawata, jêmparing Kya Wijayadanu kapundhut Sang Rêsi Kesawasidhi, kasaru dhatêngipun Radèn Arjuna, takèn-tinakèn, sang rêsi sajarwa, ingkang gadhah makutha Sri Bathara Rama, Sang Arjuna lajêng nyuwun makutha Rama, Sang Rêsi Kesawasidhi dhawuh, bilih makutha Rama sanès barang wujud, nanging kawruh anggèn-anggèn pambêganing ratu binathara, Sang Arjuna winulang sêsêrêpan panitisan. Sang Arjuna sampun tampi sadaya, jêmparingipun Sang Adipati Karna dhinawuhan maringakên wangsul jêmparing Wijayadanu, Sang Rêsi Kesawasidhi dhawuh, benjing ingkang jumênêng nata binathara karaton tanah Jawi, jêjuluk Prabu Parikêsit, kalêrês wayahipun Sang Arjuna, Sang Rêsi Kesawasidhi lajêng anitis dhatêng Radèn Arjuna, Sang Arjuna lajêng dhawuh dhatêng Anoman andumugèkakên anggèning tapa wontên ing Kêndhalisada, benjing jumênêngipun Prabu Jayapurusa, ing nagari Kadhiri, Anoman sagêd minggah swarga sampurna, lajêng sami kondur, Sang Arjuna mampir dhatêng pasanggrahan ing Duryapura, ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

11. Madêg ing pasanggrahaning para Korawa, Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni, tuwin Radèn Arya Dursasana, ingkang rinêmbag anggèning ngupados makutha Rama, kasaru Radèn Arya Citraksi matur, bilih Radèn Arjuna langkung ingiring panakawanipun têtiga, Sang Adipati Karna lajêng amurugi, sampun pinanggihan, Sang Adipati Karna pitakèn, Radèn Arya Dananjaya matur, bilih makutha

--- 16 : 7 ---

botên wontên wujudipun, sarta kula ngaturakên agêmipun jêmparing Kyai Wijayadanu, Sang Adipati Karna sêling panampi, pasulayaning rêmbag, dados prang, Radèn Arjuna kinêpung dening para Korawa, sadanguning prang lajêng kasaput ing dalu.

[Grafik]

Radèn Arya Citraksi.

12. Madêg i[1] nagari Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, miyos ing pandhapi, katamuan ingkang raka nata ing Dwarawati, Prabu Krêsna siniwi para rayi nata, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Nakula, Radèn Arya Sadewa. Sang nata kêkalih ingkang rinêmbag, sakesahipun ingkang rayi Radèn Arya Dananjaya, Sri Krêsna ngandika, bilih ingkang rayi Radèn Arya Dananjaya angupados makutha agêmipun Sri Bathara Rama, saha sampun angsal saking wukir ing Swelagiri, ingkang maringi Rêsi Kesawasidhi, Sang Arjuna samangke badhe dipun begal ing para Korawa. Sang Prabu Yudhisthira masrahakên dhatêng ingkang raka Sri Krêsna, wagêdipun ingkang rayi Radèn Arjuna mantuk, Prabu Krêsna nyagahi lajêng bidhal akanthi ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, lampahipun Radèn Arya Wrêkodara dumugi ing margi kapapag Sang Arya Kumbakarna, yitma lajêng prang, Sang Arya Kumbakarna lajêng nitis dumunung wêntisipun Radèn Arya Wrêkodara ingkang kiwa, ing têmbe kenging kangge nadhahi dêdamêl prang Bratayuda.

13. Madêg ing pasanggrahaning para Korawa, Sang Adipati Karna, pinanggih kalihan Bambang Sintawaka, ginêm: Bambang Sintawaka sinaraya sagah, lajêng pangkat, Bambang Sintawaka sampun panggih kalihan Sang Arjuna, lajêng prang, sadanguning prang, Sang Prabu Krêsna rawuh, Radèn Arjuna winangsit, bilih Bambang Sintawaka punika èstri, sarêng Bambang Sintawaka dipun arasi, Sang Arjuna ambabar Rêtna Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Arya Dananjaya langkung suka.

Sang Adipati Karna uninga Sang Prabu Krêsna rawuh, para Korawa dhinawuhan sami mangsah ing yuda, para

--- 16 : 8 ---

Korawa tuwin Sang Adipati Karna sampun sami majêng, lajêng jinêmparing angin dening Radèn Arya Dananjaya, para Korawa sami kabuncang ing samirana sadaya. Sri Krêsna Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arya Dananjaya tuwin garwa Rêtna Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Arya Gathutkaca, lajêng sami kondur dhatêng ing nagari Ngamarta, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên.

14. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Duryudana, nuju miyos ing pandhapi agêng, siniwi Rêsi Durna, kasaru sowanipun para Korawa, Sang Adipati Karna, Patih Arya Sakuni matur anggènipun kautus ngupados makutha agêmipun Sri Bathara Rama, sampun angsal, nanging dumugi ing margi rinêbut kalihan Radèn Arjuna, Sang Prabu Duryudana langkung duka, lajêng dhawuh sami dhinawuhan dhèrèk, sang nata lajêng tindak dhatêng ing Ngamarta, Sang Rêsi Durna tuwin para Korawa sami andhèrèk, Sang Rêsi Durna tuwin para Korawa sami andhèrèkakên sadaya, bidhalan.

15. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, miyos ing pandhapi, siniwi ingkang rayi Radèn Arya Nakula, Nadèn[2] Arya Sadewa, kasaru rawuhipun Sri Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, tuwin garwa Rêtna Dèwi Wara Sumbadra, Radèn Arya Gathutkaca, sasampuning lênggah satata, ginêm, anggènipun Radèn Arjuna angsal wahyu makuthanira Sri Bathara Rama, sami suka sadaya, katungka rawuhipun Sri Duryudana, ingiring para Korawa. Sampuning sinambrama lênggah satata, Sang Prabu Duryudana matur nyuwun makutha Rama. Sulayaning rêmbag, kalihan Radèn Arya Wrêkodara, dados prang, Prabu Duryudana kasor, lajêng oncat. Para Korawa angrubut Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Arya Gathutkaca krodha mangsah prang, para Korawa ingamuk lajêng bibar sadaya.

Madêg ing pandhapi Ngamarta, Prabu Yudhisthira, Prabu Krêsna, Radèn Arjuna, Radèn Arya Nakula, Radèn Arya Sadewa, sowanira ingkang saking ayuda, Radèn Arya Wrêkodara, tuwin putra Radèn Arya Gathutkaca, para kadang Pandhawa kalêmpakan sami suka, lajêng mangun bojana ăndrawina.

67. Lampahan Wahyu Cakraningrat.

1. Jêjêr ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Dhahyang Durna, Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, ingkang rinêmbag, dènnya arsa ngupados wahyu cakraningrat. Sang Prabu Suyudana dhawuh animbali ingkang putra satriya ing kadipatèn, Radèn Lêsmana

--- 16 : 9 ---

Măndrakumara, sowanipun Radèn Lêsmana Măndrakumara lajêng mangarsa, kadhawuhan ngupadosi wahyu cakraningrat wau dhatêng wana Krêndhayana, kanthi para Korawa sawatawis. Sasampuning dhawuh sang nata lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap prabasuyasa iring lèr wetan, ngêntosi konduripun sang nata, ngiras mirsani ajaring badhaya srimpi, ingadhêp ingkang putra Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan cèthi, kondurira sri nata, ingkang garwa lajêng mêthuk akêkanthèn asta, binêkta lênggah satata, imbal wacana kawontênanipun ing panangkilan, lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Patih Arya Sakuni, saha satriya ing kadipatèn Radèn Lêsmana Măndrakumara, tuwin para Korawa: Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, tuwin para wadya sawatawis. Ginêm anggènira ingutus ingkang rama Prabu Suyudana, Patih Arya Sakuni lajêng dhawuh sami siyaga, para Korawa sampun sami samêkta, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Tunggulmalaya, Sang Prabu Dewasrani, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Jayasudarga, rawuhipun Sang Hyang Bathari Durga, sasampuning lênggah, Sang Hyang Bathari Durga lajêng dhawuh dhatêng ingkang putra Prabu Dewasrani, bilih Sang Hyang Guru badhe anurunakên wayuning karaton, ingkang putra dhinawuhan nyêngkêr ing wana Krêndhayana, Sang Prabu Dewasrani matur sandika, lajêng animbali Jaramaya, Rinumaya. Sowanipun Jaramaya, lajêng mangarsa, dhinawuhan anjagi ing wana Krêndhayana, matur sandika, amit linilan lajêng mangkat, sang hyang bathari lajêng kondur ngadhaton.

5. Madêg satriya ing kadipatèn, Radèn Lêsmana Măndrakumara, tuwin Patih Arya Sakuni, Radèn Kartamarma, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi, saha para punggawa, lampahipun dumugi ing margi kapapag baris saking Tunggulmalaya, pasulayaning rêmbag, dados prang. Wasana lajêng sami sêsimpangan ing margi.

6. Madêg ing nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp ingkang putra satriya ing kadipatèn, Radèn Sămba, tuwin Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa. Ginêm: Sri Krêsna awêwarah dhumatêng ingkang putra Radèn Sămba, sang nata angsal wangsiting jawata, bilih Sang Hyang Guru arsa nurunakên wahyuning karaton, Sang Prabu Krêsna dhawuh dhatêng ingkang putra Radèn Sămba ingutus dhatêng wana Krêndhayana, ngupadosi wahyuning karaton Jawi, Radèn Sămba matur sandika, lajêng pangkat, Patih Udawa kadhawuhan angiring, Sang Prabu Krêsna lajêng tindak dhumatêng praja Ngamarta, lajêng bidhalan.

--- 16 : 10 ---

7. Madêg ing pratapan wukir Rêtawu, Sang Bagawan Abyasa, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp ingkang wayah Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, miwah panakawan têtiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Ăngkawijaya dinangu matur, ingutus ingkang uwa Prabu Puntadewa, angaturi pisantun agêm-agêman, sang bagawan suka ing panggalih, Sang Bagawan Abyasa lajêng wêwarah dhumatêng Radèn Ăngkawijaya, saking wangsiting jawata kang linangkung, Sang Hyang Bathara Guru nurunakên wahyuning karaton Jawi, mila sang bagawan lajêng dhawuh dhatêng ingkang wayah Radèn Ăngkawijaya tuwin Radèn Arya Gathutkaca, dhinawuhan sami angupadosi dhatêng ing wana Krêndhayana, lajêng kadhawuhan pangkat, ingkang wayah kêkalih amit rinilan, lajêng bidhal ingiring panakawan têtiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Radèn Ăngkawijaya.

8. Madêg sajawining wana Krêndhayana, Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, ingiring panakawan têtiga, lampahira kapapag wadya danawa saking Tunggulmalaya, pasulayaning rêmbag, dados prang, punggawa ditya sami pêjah sadaya, kuwandanira tan katingal. Radèn Ăngkawijaya tuwin Radèn Gathutkaca, miwah Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, lajêng lampahipun malêbêt ing wana Krêndhayana.

9. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Bathara Guru, lênggah ing bale asmarakata, ingadhêp Sang Hyang Naradha, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Panyarikan, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Yamadipati, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Tamboro, pêpak para jawata, Sang Hyang Guru dhawuh animbali Sang Hyang Bathara Cakraningrat, saha ingkang garwa, dhinawuhan tumut tumurun dhatêng marcapada, anitisa dhatêng Radèn Ăngkawijaya, Bathari Widayat dhinawuhan nitis dhatêng putri Wiratha, Sang Dyah Kusuma Dèwi Untari, Sang Hyang Cakraningrat dalah kang garwa matur sandika, amit linilan, lajêng pangkat. Sang Hyang Bathara Guru lajêng kondur ngadhaton, para jawata sami sowang-sowangan.

10. Madêg ing nagari Tunggulmalaya, Sang Prabu Dewasrani, miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp Patih Jayasudarga, tuwin para punggawa. Ginêm: Sang Prabu Dewasrani andangu anggènipun dhawuh pacak [paca...]

--- 16 : 11 ---

[...k] baris wontên ing wana Krêndhayana, kasaru dhatêngipun Kyai Togog tuwin Sarawita, angaturakên tiwasing para punggawa ditya, ingkang sami kautus pacak baris rumêksa ing wana Krêndhayana, sami pinêjahan dening satriya ing tanah Jawi, nama Radèn Ăngkawijaya. Sang Prabu Dewasrani amiyarsa aturipun Kyai Togok, sang nata langkung duka yayah sinipi, lajêng dhawuh angundhangi para wadyabala, kinèn sami siyaga, Sri Dewasrani arsa nindaki dhatêng ing wana Krêndhayana, para wadya sampun sami samêkta, sang prabu lajêng bidhalan.

11. Madêg ing wana tarataban Krêndhayana, Radèn Sămba sawêg sêmadi, tumurunipun Sang Bathara Cakraningrat, Radèn Sămba dinangu, matur ingutus kang rama Prabu Krêsna dhinawuhan ngupados wahyuning karaton Jawi. Sang Bathara Cakraningrat sampun waspada tumingal, Radèn Sămba lajêng winangsit, sarta botên kaparêng cêlak wanodya salêbêting kawan dasa dintên, Radèn Sămba matur sandika, lajêng amit kondur, Sang Bathara Cakraningrat anglajêngakên lampahipun.

12. Sigêg, Radèn Sămba lampahipun dumugi ing margi kapapagakên dening Sang Bathari Widayat, Radèn Sămba èngêt ing panggalih, uninga wanodya endah warnanira, ngantos kalimput ing panggalih, Radèn Sămba lajêng matur pitakèn nama tuwin pinangkanira sarta ingkang sinêdya, Sang Bathari Widayat matur prasaja, bilih widadari saking suralaya, badhe dhatêng ing Wiratha. Radèn Sămba kakênan ing panggalih, lajêng gandrung asmara, Sang Bathari Widayat rinungrum botên purun, arsa cinêpêng datan kenging, sanalika jlêg, Sang Bathara Cakraningrat rawuh, Radèn Sămba sarêng uninga Sang Bathara Cakraningrat rawuh, lajêng andhêku rumaos kasiku dening jawata, awit ing ngajêng sampun winêca, dadya nyuwun pangaksama. Sang Bathara Cakraningrat dhawuh dhatêng Radèn Sămba sarta astanipun pinundhut, lajêng kaaturakên, èpèk-èpèkipun ingkang têngên lajêng karajah dening Sang Bathara Cakraningrat, sarta kadhawuhan mantuk, Radèn Sămba sandika lajêng pangkat, Sang Bathara Cakraningrat lajêng umêsat.

13. Madêg ing wana tarataban, Radèn Lêsmana Măndrakumara, tuwin Patih Arya Sakuni, saha para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Durmagati, Radèn Citraksa, Radèn Citraksi. Ginêm: sampun dangu anggènipun wontên ing wana, dèrèng wontên antawisipun punapa-punapa, lajêng sami masanggrahan. Radèn Citraksa atur uninga, bilih putra ing Dwarawati, Radèn Sămba katingal lumampah, lajêng sami amurugi, sasampuning panggih Radèn Sămba, pasulayaning rêmbag, dados prang, para Korawa kalindhih lajêng sami mundur, sami nêdya atur uninga dhatêng Sang Prabu Suyudana, Radèn Sămba anglajêngakên lampahipun wontên ing wana tarataban.

--- 16 : 12 ---

14. Madêg ing wana Krêndhayana, Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, satriya kalih sami sare, rawuhipun Sang Bathara Cakraningrat, lajêng manjing dhatêng Radèn Ăngkawijaya, Sang Bathari Widayat lajêng umêsat arsa dhatêng ing Wiratha, arsa nitis dhatêng Dèwi Untari, putri nata ing Wiratha. Sapêngkêripun Sang Bathari Widayat, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca tuwin parêpat têtiga, sami wungu sare, ginêm arsa kondur dhatêng ing Ngamarta, kasaru dhatêngipun Prabu Dewasrani sawadyanira, arsa ngrabasèng prang, Radèn Ăngkawijaya prang, ramening prang lajêng katalabung Radèn Arya Gathutkaca, punggawa ing Tunggulmalaya sami bibar sarsaran, sami nêdya mantuk dhatêng ing prajanipun, Radèn Ăngkawijaya tuwin Radèn Arya Gathutkaca, lajêng kondur dhatêng praja Ngamarta, ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk.

[Grafik]

Radèn Arya Durmagati.

15. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Suyudana, miyos ing pandhapi, ingadhêp Pandhita Durna, Adipati Karna tuwin para Korawa sawatawis. Ginêm anggènipun utusan dhatêng wana tarataban, rawuhipun ingkang putra Radèn Lêsmana Măndrakumara, sarwi atawan-tawan tangis, Patih Arya Sakuni tuwin kadang Korawa ingkang mêntas andhèrèk sami matur sasolahing rèh dinuta, angsal damêl ananging karêbat ing putra nata Dwarawati Radèn Sămba, Sang Prabu Suyudana sarêng mirêng saking aturipun Patih Arya Sakuni langkung duka, Dhahyang Durna matur, bilih prayogi katututana dhatêng ing Ngamarta, awit para kadang Pandhawa sami ngalêmpak ing Ngamarta, Sang Prabu Suyudana lajêng dhawuh dhatêng ingkang raka Sang Adipati Karna, ingutus dhatêng ing Ngamarta, kinèn anganthi kadang Korawa, sasampuning sami samêkta lajêng bidhal, sang nata lajêng kondur ngadhaton.

16. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa, miyos ing pandhapi, amanggihi ingkang raka

--- 16 : 13 ---

Prabu Krêsna, ingkang sumiwi rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, tuwin para punggawa pêpak. Ingkang rinêmbag, Sang Prabu Puntadewa anggènira utusan kang putra Radèn Ăngkawijaya tuwin Radèn Arya Gathutkaca, dhatêng pratapan ing wukir Rêtawu, botên dangu kasaru dhatêngipun Radèn Ăngkawijaya tuwin Radèn Arya Gathutkaca, ingiring Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Ăngkawijaya dinangu, matur sasolahira dinuta sampun katur sadaya, katungka sowanipun Radèn Sămba, dinangu matur sasolahing dinuta dhatêng wana Krêndhayana botên angsal damêl, Sang Prabu Krêsna duka dhumatêng ingkang putra Radèn Sămba, awit botên angsal damêl, lajêng kasaru rawuhipun Sang Hyang Naradha, sasampuning lênggah satata, lajêng sami ngaturakên pangabêkti, Sang Hyang Naradha andhawuhakên timbalanira Sang Hyang Guru dhatêng Radèn Ăngkawijaya, ing têmbe sagêd anurunakên karaton nusa Jawa, sadaya matur nuwun sandika. Sang Hyang Naradha lajêng kondur anggêgana, kasaru gègèring jawi, Sang Adipati Karna tuwin para Korawa sami damêl rêrêsah, lajêng pinapagakên Radèn Arjuna, prang tandhing kalihan Adipati Karna, ramening prang lajêng sinapih Prabu Krêsna, Sang Adipati Karna mundur, arsa matur ingkang rayi Prabu Suyudana tiwasing lampah, para Korawa sami kaamuk dening Radèn Arya Wrêkodara, prang sampak, para Korawa sami sar-saran. Sasirnaning mêngsah, Radèn Arya Wrêkodara tuwin Radèn Arjuna lajêng sami wangsul marêk ing raka Prabu Yudhisthira.

[Grafik]

Sang Hyang Narada.

17. Madêg ing Ngamarta, Prabu Yudhisthira, Prabu Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Ăngkawijaya, Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Sămba, pêpak para putra pulunan. Lajêng amangun bojana ăndrawina, tancêb kayon.

68. Lampahan Pêksi Jawata.

1. Jêjêr ing nagari Pancalarêja, Prabu Drupada, anuju miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ingkang putra Radèn Drêsthadyumna, tuwin Patih Trusthakètu. Ingkang rinêmbag badhe dhaupipun ingkang putra

--- 16 : 14 ---

putri nama Rêtna Wara Srikandhi, kalihan Pandhita Durna, ananging nyuwun pêpanggil, manawi Pandhita Durna kawruhipun ngungkuli pêksi jawata, purun kadhaupakên. Radèn Drêsthadyumna lajêng kautus andhawuhakên dhatêng Ngastina, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Găndawati, pinarak pananggap dalêm prabasuyasa, kaadhêp ingkang putra Rêtna Dèwi Drupadi, tuwin Rêtna Dèwi Srikandhi, katungka konduripun sang nata, lajêng imbal wacana, anggènipun miyos ing păncaniti, lajêng têdhak ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Drêsthadyumna, kalihan Patih Trusthakètu, dhawuh mirantos ing lampah, badhe tindak dhatêng Ngastina, lajêng bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, pinuju miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi, Dhahyang Durna, tuwin Patih Sakuni. Ingkang rinêmbag badhe dhaupipun Dhahyang Durna, angsal Rêtna Dèwi Srikandhi. Kasaru dhatêngipun Radèn Drêsthadyumna, matur bilih ingkang bok ayu nyuwun bêbana, manawi Dhahyang Durna kawruhipun sagêd ngungkuli kawruhipun pêksi jawata, purun kadhaupakên, Dhahyang Durna sagah. Drêsthadyumna mundur, Adipati Karna kalihan Patih Sakuni kautus ngirid lampahipun Dhahyang Durna kanthi Sata Korawa, lajêng bidhalan. Lampahipun wontên ing margi, dipun cêgati danawa alasan.

5. Madêg ing pratapan Saptarga, Rêsi Abyasa, kaadhêp ingkang wayah Radèn Janaka, tuwin Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Ingkang karêmbag icalipun kadang Pandhawa, Radèn Pamade kadhawuhan ngupadosi dhatêng Pancalarêja, lajêng pangkat kalihan wulucumbu tiga.

6. Madêg ing têngah wana, laladan ing Pancalarêja, rasêksa tuwin rasêksi. Ingkang rinêmbag, rasêksi anggarbini nyidham ulam manusa, rasêksa sagah ngupados, lajêng pangkat, nêdya nyêgat ing margi. Lampahipun dugi ing margi kandhêg, kapapag Radèn Pamade, lajêng prang, danawa pêjah, rasêksi sumêrêp ambelani, prang, rasêksi pêjah, babar Sang Hyang Kamajaya lawan garwa Dèwi Ratih. Dèwi Ratih dhawuh dhatêng Radèn Janaka, manawi Rêtna Dèwi Srikandhi pinasthi jodhonipun. Radèn Janaka dipun busanani, santun nama Bambang Margana, jawata kondur makahyangan. Bambang Margana lumampah dalah panakawan tiga.

7. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, pinuju miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ingkang putra Radèn Sămba, tuwin Radèn Sêtyaka, ipe Radèn Wrêsniwira, Patih Udawa. Ingkang rinêmbag [ri...]

--- 16 : [15] ---

[Grafik]

Wontên samadyaning wana dipun pencoki pêksi jawata.

--- 16 : 16 ---

[...nêmbag:] sang nata badhe tindak dhatêng Pancalarêja, Patih Udawa ingkang andhèrèk, utawi Radèn Sêtyaka, lajêng bidhalan.

8. Madêg ing nagari Pancalarêja, Prabu Drupada, miyos ing păncaniti, amanggihi Prabu Krêsna. Kasaru dhatêngipun Drêsthadyumna, matur saliring dinuta, Prabu Krêsna nyuwun sumêrêp pêksi jawata, lajêng katimbalan. Prabu Krêsna sangêt gumun, kasaru dhatêngipun Adipati Karna ngaturakên Pandhita Durna, lajêng bantah kalihan pêksi jawata, Pandhita Durna kawon bantahipun. Pêksi jawata kacundrik lajêng mabur, Prabu Drupada nêmpahakên dhatêng Pandhita Durna, kengingipun kacêpêng. Adipati Karna kalihan Patih Sakuni kanthi Korawa sami ambujêng pêksi jawata.

9. Madêg Bambang Margana, wontên samadyanipun wana, dipun pencoki pêksi jawata. Kasaru dhatêngipun Adipati Karna, kanthi Sata Korawa, pêksi katêdha, Bambang Margana botên rumaos gadhah, lajêng prang, Korawa kasor sadaya, pêksi jawata mabur, Bambang Margana tuwin sata Korawa sami nututi, pêksi jawata mencok wontên ing ringin kurung.

10. Madêg ing nagari Pancalarêja, Prabu Drupada, miyos ing păncaniti, pinuju manggihi Prabu Krêsna, ingadhêp putra Radèn Drêsthadyumna, tuwin Dèwi Drupadi, kalihan Dèwi Srikandhi, matur kaanggea sayêmbara, sintên ingkang sagêd nyêpêng pêksi jawata, dadosa jodhonipun. Radèn Drêsthadyumna lajêng ngundhangakên ing jawi. Adipati Karna anjêmparing pêksi jawata, kenging wulunipun, Bambang Margana anjêmparing pêksi jawata, mencok jêmparingipun. Adipati Karna lajêng prang kalihan Bambang Margana, kinrubut kalihan Sata Korawa, Prabu Krêsna mitulungi pêrang tandhing kalihan Adipati Karna, Radèn Warsakusuma prang tandhing kalihan Radèn Sêtyaka, Patih Adimênggala prang tandhing kalihan Patih Udawa, Adipati Karna kasor saking tiwikramanipun Prabu Krêsna. Sri Krêsna ngracut tiwikrama, pêksi jawata pinanggih Dèwi Drupadi, pondhongan. Bambang Margana kapacangakên kalihan Dèwi Srikandhi. Bambang Margana lumêbêt ing kadhaton, sumêrêp pêksi jawata wontên ing kurungan, lajêng dipun jêmparing, babar Prabu Puntadewa, kurungan babar Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Pintèn Tangsèn, sami suka. Kasaru gègèring jawi, para Korawa angobongi paseban, kapapagakên kalihan Radèn Arya Wrêkodara, Korawa bibar. Prabu Drupada miyos, manggihi Prabu Krêsna, tuwin para Pandhawa, mangun bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

--- 16 : 17 ---

69. Lampahan Cocogan.

1. Jêjêr ing nagari Campalarêja, Mahaprabu Drupada, miyos ing păncaniti, amanggihi para nata têtamu: ing Dwarawati: Prabu Krêsna, ing Mandura: Prabu Baladewa, ing Ngamarta: Prabu Yudhisthira, ingadhêp putra, Arya Drêsthadyumna, lan Patih Trusthakètu, pêpak sagung punggawa kang nangkil. Ginêm: Prabu Drupada matur ing putra Prabu Krêsna, tuwin putra para nata sadaya. Angaturakên atur panangisira putra Rêtna Wara Srikandhi, anuwun kudangan minăngka pasanggirining krami, sintên-sintêna ingkang sagêd amulyakakên taman Maerakaca sami sadalu, punika têtêp jatukrama lan Rêtna Wara Srikandhi. Sri Krêsna miyarsa andikaning paman, suka jumurung sarwi matur: Paman prabu prayogi lajêng utusan maring praja Ngastina, sampun ngantos kacelik, andhawuhna punapa panuwunipun Rêtna Srikandhi. Sri Drupada kamantyan ing panggalih sigra dhawuh mring putra Arya Drêsthadyumna, anganthi Patih Trusthakètu, angradinakên kang sami darbe karsa mring Rêtna Srikandhi, Arya Drêsthadyumna sandika. Sri Drupada kondur, para nata masanggrahan.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Găndawati, pinarak ing prabasuyasa, ingadhêp putra Rêtna Wara Srikandhi. Ginêm: kang dadya panuwunira Dyah Wara Srikandhi, anulya rawuhira sri nata, pinêthuk ing pramèswari lan putra, lajêng kinanthi binêkta lênggah, Sri Drupada paring dhawuh mring garwa, manawi anggènipun amăncaniti, katamuan para nata, Sri Krêsna ing Dwarawati, Prabu Baladewa ing Mandura, Sri Yudhisthira ing Ngamarta, Kumbina, miwah Lesanpura. Dumugi gènnya utusan, amradinakên pasanggirining krami, sawarni sayêmbara. Pramèswari saklangkung suka, sang prabu sigra minggah ing sanggar palanggatan lan garwa.

3. Madêg ing paseban jawi, rajaputra ing Campalarêja, Arya Drêsthadyumna, lan Patih Trusthakètu, tuwin para punggawa kang pajang pasisiran. Ginêm, kasidaning lampah dènira dinuta maring praja Ngastina. Sasampunira samêkta sigra anêmbang têngara, bidhal kapalan.

4. Madêg ing nagari Jodhipati, mahraja pinandhita ing Manimantaka, ajêjuluk Sri Brahmanacari, ingadhêp Prabu Anom Supala, lan rayi Arya Prabu Supali. Sang Prabu Supala amit mring rama, Sang Brahmanacari: karsa maring praja Campalarêja, anglar praja amrih putri. Kang rama anjurungi, kang putra winangsit, kinèn anjujug pakuwon Mandura, andhustha hru pusaka: nênggala, alugora, manawi bangkit anggadhuh hru nênggala miwah alugora, kang pasthi bangkit angêpêl praja tanah Jawa. Kang putra sandika, gya pangkat. Mêsat anggêgana. Sri Brahmanacari animbali punggawa ditya têtiga,

--- 16 : 18 ---

kinon sumusul ing putra, anjêjampangi maring praja Campalarêja, lampah dhêdhêmitan. Punggawa têtiga sandika, kinanthèn Togog Sarawita, gya bidhal.

Lampahing baris raksasa, kapapag barisan ing Campala, dadya prang, ditya anyimpang margi.

[Grafik]

Lampahira Radèn Arjuna praptèng wana, kapapag barising raksasa, dadya prang.

5. Madêg ing Cakrakêmbang, Hyang Bathara Kamajaya, lênggah lan garwa Dèwi Ratih, amanggihi ingkang rayi satriya ing Madukara, Radèn Arjuna. Ing ngriku Hyang Kamajaya andangu: Apa mulane, adhi, sira agung angalosod anèng ngarsane pun kakang. Radèn Arjuna matur: Inggih walèh-walèh punapa, kakang, kula punika dhapur prihatin, awit tinampik dening putri Campala, amargi pikramanira ngangge pasanggiri. Ingkang punika kula amung nyuwun dhawuh, kaparêngipun jawata linuwih. Hyang Kamajaya mèsêm ngandika. O, adhi, wruhanira, Rêtna Srikandhi iku wus pinasthi dening Hyang, dadi jatukramanira [jatukra...]

--- 16 : 19 ---

[...manira,] awit iku panuksmaning Ambika, anggone arêp nagih mring lakine Sang Rêsi Bisma (Dewabrata), benjang prang Bratayuda Jayabinangun. Si adhi aja sumêlang, pintanên maring jawata luwih, pun kakang amung bisa manjurung pujabrata saka kahyangan kene. Wus, yayi, sira tumuli pangkata, iki wus têka kalamangsane, Radèn Arjuna sandika, mundur, Sêmar, Nala Garèng, Petruk tan pisah.

Lampahira Radèn Arjuna praptèng wana, kapapag barising raksasa dadya prang, punggawa ditya pêjah sadaya, Radèn Arjuna lajêng lampahipun.

[Grafik]

Prabu Drupada.

6. Madêg ing nagari Ngastina, Sang Prabu Duryudana, lênggah lan Sang Bagawan Sokalima, tuwin Patih Arya Sakuni, lan para kadang Korawa pêpak. Ginêm dènira badhe angarak maring Campalarêja. Kasaru dhatêngipun Arya Drêsthadyumna, tuwin Patih Trusthakètu, sang kalih wus sinung lênggah, pinaring sabda pambagya. Duta dinangu matur, kautus andhawuhakên ing timbalan maring Sang Rêsi Kumbayana, manawi samangke kangbok Rêtna Wara Srikandhi, anuwun kêkudangan minăngka pasanggiri tiba sampiring krami, liripun anuwun mulyanira taman Maerakaca, sami sadalu. Manawi botên kalaksanan, praptèng pêjah dipun têmah. Têlas aturira Arya Drêsthadyumna, Sang Prabu Suyudana dupi miyarsa anjêgrêg. Dhahyang Durna sru merang ing driya anyagahi, duta lajêng amit mundur, sampun rinilan. Sri Suyudana apradandan pikir, sang rêsi ginêwêg sampun nyagahi. Sang prabu dadya budhal maring Campala saha wadyabala kadang Korawa.

Madêg ing pasanggrahan Mandura, Sang Prabu Baladewa, anuju sare, ingkang wontên Patih Pragota, mungging dagan sami tilêm. Sajawining kamar, para parêkan ugi sami tilêm sadaya, tan wontên walang alisik. Anulya Prabu Supala prapta andhustha hru pusaka alugora, prêlu kangge malês ukum, amêjahi Radèn Arjuna.

Kacarita pagêdhonganira, Prabu Supala andhustha hru pusaka wasiyat Mandura, sampun kabêkta.

7. Madêg ing Campalarêja, Prabu Drupada, amanggihi putra Prabu Suyudana, nata ing Ngastina, ngaturakên sagahipun Rêsi Kumbayana, saha lajêng nyuwun rilah maring Maerakaca, arsa amurwani.

--- 16 : 20 ---

Sang Prabu Drupada mangayubagya anjurung karsanira Rêsi Drona, sang rêsi gya mring taman Maerakaca.

8. Madêg Sang Arjuna, mungging taman Maerakaca, asru dènnya pujabrata, maladi sêmadi êning. Ing ngriku katarima subratanira Radèn Arjuna, karya gègèring suralaya, anulya Hyang Siwah andhawuhakên para widadara-widadari, busêkan sami ambêkta pêpêthetan maring Maerakaca.

9. Madêg Sang Rêsi Kumbayana: amêsu brata nèng taman Maerakaca, andhatêngakên kang garwa Dyah Wilutama, saking sruning bratanira, katarima ing jawata, Dyah Wilutama prapta, Sang Maha Rêsi Druna ngandika: He, he, êmbokne Swatama, marma sira sun undang, yayi, manira iki rabèkna, rewangana ambangun Maerakaca. Dyah Dèwi Wilutama umatur: O, inggih, kauningana, kyai, kula punika sampun tampi parentahe Sang Hyang Girinata, kadhawuhan mulyakakên Maerakaca, saking panuwunipun Radèn Arjuna, kula lajêng kalilana angêmpal para prikănca nyambutdamêl.

10. Madêg Radèn Arjuna, karsa angubêngi taman Maerakaca, anulya ing lampahira kapapag Prabu Supala, sang prabu têtanya, Radèn Arjuna angakên juru taman, anama Margana. Sang Prabu Supala ngandika malih: Apa sira wêruh, kang aran Janaka, prajane ing ngêndi, Margana matur wontên ing praja Samakaton, dhusunipun Sapakatingal. Prabu Supala ngandika: Samêngko ana ngêndi, lan lagi apa. Margana matur: Dawêk Samajagong. Prabu Supala kagyat, dadya prang, Radèn Arjuna kataman alugora tansah dipun endhani. Dangu-dangu Prabu Supala kasliring, alugora kenging karêbat, lajêng katamakakên ing jajanira Prabu Supala, pêjah, bangke kabucal narmada, Radèn Arjuna lajêng sowan maring pasanggrahan Ngamarta, sêdya ngaturi uninga ingkang raka.

11. Madêg ing pasanggrahan Mandura, Sang Prabu Baladewa, wungu dènira sare, kagyat ing panggalih: pusaka alugora tan katingal, ingupadosan tan panggih, sigra mijil sarwi dhawuh nêtêg titir: mawurahan, ing ngriku Sang Arya Drêsthadyumna, anyarêngi nganglang, lajêng layat maring pasanggrahan Mandura. Prabu Baladewa nganthi kang rayi, sêdya pados titik, lajêng sami lumaksana.

12. Madêg ing pasanggrahan Ngamarta, Sang Prabu Yudhisthira, ingadhêp ingkang rayi Arya Sena, tuwin rayi kêmbar: Arya Nakula, miwah Arya Sadewa. Ingkang ginunêm dènira prihatin, ngupaya Radèn Arjuna tan panggya. Mangkana dèrèng dumugi dènnya ngandika, kasaru praptanira Radèn Arjuna, lajêng angrungkêbi ing padanira kang raka kêkalih, aganti-ganti, Radèn Arjuna agung rinangkul. Sasampunira satata lênggah, sinung pambagya raharja, anulya dinangu ing kesahira. Radèn Arjuna matur, angaturakên ing purwa madya wasana, lêlampahanira ingandhar sadaya, dumugi mulyanira Taman [Ta...]

--- 16 : 21 ---

[...man] Maerakaca, kantos dumugi panggihira lan Prabu Supala, satêmah dadya prang, wus ingandhar sadaya, wiwitan wêkasanira. Sri Yudhisthira saklangkung suka, angungun. Dangu-dangu tumuwuh osiking panggalih, mèsêm sarwi ngandika: Dhuh, dhuh, ariningsun Arjuna, kaya ngapa warnane gêgamanira kang sira anggo matèni Prabu Supala, lan bangkene sira buwang ing ngêndi. Radèn Arjuna matur: Kula bucal narmada. Sanjata sigra pinundhut. Dupi tiningalan wus datan samar, punika pusaka Mandura. Sami sanalika Prabu Yudhisthira kumêpyur ciptanira, alugora kapundhut, kang rayi Radèn Arjuna sigra cinocog ing alugora niba palastra.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

Mangkana Sang Arya Sena, dupi aningali karsaning raka, dahat bramantya, kang raka cindhak[3] dèn obat-abitakên. Arya Sena matur angèngêtakên janjining Pandhawa: pêjah satunggal, pêjah sarêng. Sri Yudhisthira ngandika: Dene trah Ngrêtawu têka landhêp dhêngkul, Arya Bratasena sangsaya bingung. Kang raka ngandika malih: Para kadang têtiga kinon atitir, lamun tinanya: Radèn Janaka pêjah kênèng cidra, gêgamaning duratmaka kantun. Sanalika para ari têtiga, sampun sami tampi sasmita, nulya sami mêdal ing jawi, lajêng titir, sapraja Campala kèbêkan titir kêkalih.

Kocapa ingkang sawêg lêlampah, Sang Prabu Baladewa, tuwin Arya Drêsthadyumna, Patih Trusthakètu. Sarêng ngancik watês pasanggrahan Ngamarta, sami kagyat myarsa titir, dadya ngandika mring rayi: He yayi Arya Drêsthadyumna, iki titir apa, dene têka bandhung swarane. Patih Trusthakètu matur: Pamirêng kula kadi pasanggrahan Ngamarta. Sri Baladewa sigra têdhak, ingiring Drêsthadyumna, lan Patih Trusthakètu. Dupi rawuh pasanggrahan Ngamarta, anguningani kang dadya sababing titir, Prabu Yudhisthira matur: Punika kang darbe dêdamêl sintên, mugi kapriksaa kang têrang. Prabu Baladewa duk aningali kang pusaka, anjêgrêg tan ngandika. Arya Sena sinasmitan, Prabu Baladewa lan Arya Drêsthadyumna, pinikut kabănda, Rêkyana Patih Trusthakètu kinèn lapur.

13. Madêg Sang Prabu Drupada, tuwin putra Sri Krêsna, samya kagyat ing panggalih, duk myarsa titir kaworan [ka...]

--- 16 : 22 ---

[...woran] tangis, anulya praptanira Patih Trusthakètu, dinangu matur ing purwa madya wasana, Sri Drupada, matur mring Prabu Krêsna, Sri Krêsna sampun tampi cipta sasmita, lajêng sami tindak.

14. Madêg ing pasanggrahan Ngamarta, Prabu Yudhisthira, tuwin ari Arya Sena: sarwi ngrakêti bêbandan. Sri Darmaputra angrangkul layoning Radèn Arjuna, arya kêmbar kontrang-kantring, anulya rawuhira Sri Drupada, tuwin Prabu Krêsna. Prabu Drupada kagyat aningali, kang binasta Prabu Baladewa tuwin Arya Drêsthadyumna, Prabu Drupada andangu urusan, Sri Yudhisthira matur: Putra sampeyan pun Parta pêjah kenging cidra dêdamêlipun taksih kantun. Punika kawarti pusaka Mandura, wasana kakang Prabu Baladewa dalu-dalu rawuh ing ngriki, lan Drêsthadyumna, ngakên angluru pandung, pramila lajêng kula cêpêng kalih pisan. Sri Drupada sigêg, sidhakêp astanira, ginagas sampun tan bangkit mingkuh ing nalar, kêdah katêtêp, wasana Prabu Drupada, asrah mring putra Prabu Padmanaba. Sri Krêsna sidhakêp sarwi manthuk-manthuk. Wasana Sri Krêsna ngandika: Paman prabu: kula sagah anggêsangakên Arjuna, nanging kula nyuwun luwaripun kakang prabu. Prabu Drupada andhawuhakên. Sri Yudhisthira sumăngga sakarsa. Radèn Arjuna sigra ingusap wijayamulya, sami sanalika gumregah wungu, ngaras padaning rama, tuwin raka Prabu Krêsna, Prabu Baladewa linuwaran, sigra-sigra ngrangkul jangganira Radèn Arjuna, saking dahat wulangun. Arya Drêsthadyumna arsa linuwaran, Arya Sena tan suka, Prabu Krêsna andangu: Apa mulane, Arya Sena tan awèh, Arya Drêsthadyumna linuwaran. Arya Sena matur: O, iya, kakang prabu, marmane Arya Drêsthadyumna, ora tak luwari, manira miturut dhawuhing pangadilan, paman prabu andhawuhake, luware kakang Prabu Baladewa, uripe Si Parta, mungguh luware Arya Drêsthadyumna apa têtimbangane, aku nyuwun katrangan. Sri Krêsna gumujêng latah, Arya Sena matur malih: Anjaba kang iku, kakang, aku nyuwunake ganjaran Si Parta, amarga taman Maerakaca wus mulya, malah-malah Si Arjuna nyêkêl maling, malinge mati, samêngko bangkene banjur binuwang. Sri Padmanaba dupi miyarsa aturing Arya Sena, kang makatên wau saya gumujêng suka, sadaya kang pariksa datan sagêd andugi. Wasana Sri Drupada, ngandika: Kaki Sena mungguh luware arinira Arya Drêsthadyumna, lirune ingsun wus anêtêpake dhaupe Rêtna Wara Srikandhi lan Radèn Parta. Anak Prabu Krêsna, kasêksia atur prasêtya kula dhatêng Pandhawa, ngantos ing benjang dumugining prang Bratayuda Jayabinangun, kula dadosa bêbantêning adilaga. Nulya gumlêgêr sinauran dening gêtêr-patêr. Amung panggihira kula nyuwun sumêne wulan wingking. Awit badhe miranti rumiyin. Sri Krêsna miwah Prabu Baladewa saklangkung sukaning galih, samya asêksi ing sabdanira Sri Drupada. Mangkana kasaru praptanira Patih [Pa...]

--- 16 : 23 ---

[...tih] Trusthakètu, atur uninga ing gusti, ing jawi wontên mêngsah agêng andhatêngi, Sri Brahmanacari, ing Manimantaka, angirid wadyabala ing Jodhipati, têtungguling Jodhipati, Arya Prabu Supali, wadyanira kadya samodra. Sri Drupada matur ing putra Sri Harimurti, nyumanggakakên dhatêngipun parangmuka. Sri Krêsna sagah, sigra matur ing raka Prabu Baladewa, kang raka sagah, Arya Sena kinanthi, lawan Sang Arjuna, sigra mêdal, Sri Krêsna anjênêngi, Arya Trusthadyumna, tuwin Patih Trusthakètu kinon umiring Sang Prabu Krêsna.

Anênggih ta dupi prapta ing pabaratan, lajêng campuh ing ajurit, Brahmanacari angabên kasantikan lawan Radèn Arjuna. Dangu-dangu Sang Brahmanacari jinêmparing Pasopati, pagas jangganya ngêmasi. Arya Prabu Supali prang lan Arya Sena kasor, têluk, punggawa satriya mantri ambyuk ambêk pêjah, tinadhahan Arya Sena, sampak. Sri Krêsna sasmita mring Radèn Arjuna, ponang mêngsah binarap dening Sang Parta sirna. Arya Prabu Supali têluk sawadyanira mring Arya Sena, lajêng undhang kondur ngadhaton. Sang Prabu Drupada mêthuk, binêkta mring pura, lajêng mangun bojana, lêlangên nayub, bibar tancêb kayon.

70. Lampahan Srikandhi Maguru Manah.

1. Jêjêr ing nagari Pancalarêja, Prabu Drupada, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Trusthadyumna, tuwin Patih Trusthakètu. Ingkang rinêmbag: icalipun ingkang putra putri nama Rêtna Wara Srikandhi. Kasaru sowanipun caraka saking Paranggumbarja, nama Patih Jayasudarga, ngaturakên nawala saking ratunipun jêjuluk Prabu Jungkungmardeya, suraos nyuwun Rêtna Wara Srikandhi. Winangsulan putri nata Dèwi Srikandhi murca. Caraka mundur, Prabu Drupada utusan Radèn Trusthadyumna, maringakên nawala dhumatêng nagari Ngamarta, suraos paring priksa, murcanipun Rêtna Dèwi Wara Srikandhi, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Găndawati, pinarak ing prabasuyasa, kaadhêp para cèthi. Katungka konduripun sang nata, imbal wacana anggènipun miyos ing păncaniti, lajêng têdhak ing sanggar palanggatan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Trusthadyumna, tuwin Patih Trusthakètu, dhawuh mirantos ing lampah, lajêng bidhalan dhumatêng ing Ngamarta kapalan.

--- 16 : 24 ---

4. Madêg ing nagari Paranggumbarja, Prabu Jungkungmardeya, miyos ing păncaniti, dhatêngipun Patih Jayasudarga, dinangu matur, bilih Rêtna Wara Srikandhi murca saking pagulingan. Sang nata lajêng nimbali punggawa ditya, kinèn ngupaya murcanipun Rêtna Wara Srikandhi, punggawa ditya sandika mêdal ing jawi, Sang nata kondur ngadhaton.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya, dalah panêkaripun tampi dhawuhing nata, angupadosi murcanipun Rêtna Wara Srikandhi, lajêng siyaga bidhal sakănca sadaya, ingkang dados pangajênging lampah Kyai Tejamantri, lampahipun kapapag barisan prajurit ing Pancalarêja. Pasulayaning rêmbag, dados prang, danawa sami oncat lajêng sêsimpangan margi.

[Grafik]

Radèn Drêsthadyumna.

6. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, miwah Radèn Sadewa, dhatêngipun Radèn Drêsthadyumna, ngaturakên nawala katampèn. Suraosipun paring priksa, bilih Rêtna Wara Srikandhi murca, Radèn Drêsthadyumna pamit mundur kalilan. Prabu Puntadewa kondur ngadhaton. Kapanggih ingkang garwa, sang nata paring priksa, suraosing nawala, Dèwi Srikandhi murca, garwa nata Drupadi pamit madosi dhatêng Madukara, mêdal ing bêbutulan anjujug ing taman Madugănda.

7. Madêg ing taman Madugănda, Radèn Janaka angajar anjêmparing Rêtna Wara Srikandhi, anjêmparing tigan êmprit utawi rambut sagêd kenging, patrapipun mawi dipun pangku. Kasaru dhatêngipun Dèwi Drupadi, Radèn Janaka kaumpêtakên, Rêtna Wara Srikandhi dipun rangkèt ingkang bakyu Dèwi Drupadi, Rêtna Wara Srikandhi kantaka, lajêng katilar, Dèwi Drupadi kondur. Rêtna Wara Srikandhi wungu kantaka lajêng kesah, Radèn Janaka badhe nulungi kalèntu, Rêtna Wara Sumbadra pinondhong, lajêng pabên. Dèwi Sumbadra lajêng kondur, Radèn Janaka nututi Rêtna Wara Srikandhi botên pinanggih, Rêtna Wara Srikandhi kapapag danawa saking Paranggumbarja, prang, danawa pêjah sadaya. Rêtna Wara Srikandhi lajêng mantuk dhumatêng ing Panjalarêja,[4] Radèn Janaka wangsul dhatêng ing Madukara.

--- 16 : 25 ---

8. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing păncaniti, dhatêngipun ingkang garwa, matur sasolahipun Rêtna Wara Srikandhi. Prabu Puntadewa mêdal ing jawi, manggihi ingkang rayi Rade[5] Arya Wrêkodara, Radèn Nakula miwah Radèn Sadewa. Radèn Nakula kautus nimbali Radèn Janaka.

9. Madêg ing Madukara, Radèn Janaka, kaadhêp ing parêpat tiga, dhatêngipun Radèn Nakula, Radèn Janaka katimbalan sandika, lajêng bidhalan dalah garwa, Rêtna Wara Sumbadra tuwin Rarasati andhèrèk.

[Grafik]

Radèn Nakula.

10. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing păncaniti, katamuan Prabu Krêsna, ingkang sumiwi ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, miwah Radèn Sadewa. Dhatêngipun Radèn Janaka dalah garwa. Prabu Krêsna dhawuh Radèn Janaka kaladosakên dhatêng ing Pancalarêja, lajêng bidhalan kairid Prabu Krêsna.

11. Madêg ing nagari Pancalarêja, Prabu Drupada, miyos ing păncaniti, dhatêngipun ingkang putra Radèn Drusthadyumna. Kasaru dhatêngipun Rêtna Wara Srikandhi, sang prabu langkung bingah ing galih. Rêtna Wara Srikandhi ngadhaton. Kasaru dhatêngipun Prabu Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Janaka. Radèn Janaka kasuwunakên dhaupipun, kalawan Rêtna Wara Srikandhi, Radèn Drêsthadyumna kadhawuhan nantun Rêtna Wara Srikandhi, kadugi manawi sagêd ngawonakên sagêd lan pratitisipun anjêmparing. Radèn Janaka sagah, sêsulih Rêtna Dèwi Rarasati. Lajêng sami ngabên jêmparing, Rêtna Wara Srikandhi kawon, lajêng kadhaupakên kalihan Radèn Janaka.

12. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Puntadewa, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Gathutkaca. Radèn Arya Gathutkaca kadhawuhan nusul dhatêng nagari Pancalarêja, lajêng bidhalan.

13. Madêg ing nagari Paranggumbarja, Prabu Jungkungmardeya, miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi Patih Jayasudarga. Patih matur tampi aturipun Togog Sarawita, bilih caraka danawa sami [sa...]

--- 16 : 26 ---

[...mi] pêjah dening Rêtna Wara Srikandhi. Prabu Jungkungmardeya kanthi gurunipun nama Dhahyang Tunggulmanik, sawadyabala sami nglurug dhatêng ing nagari Pancalarêja.

14. Madêg ing nagari Pancalarêja, Prabu Drupada, miyos ing păncaniti, amanggihi Prabu Krêsna, ingkang sumiwi Radèn Drêsthadyumna. Kasaru dhatêngipun Radèn Gathutkaca, jinarwan Radèn Janaka sampun kadhaupakên kalihan Rêtna Wara Srikandhi, sami suka. Kasaru gègèring jawi, dhatênging mêngsah saking Paranggumbarja, sami mêdal ing jawi, Radèn Janaka prang kalihan Prabu Jungkungmardeya, Prabu Jungkungmardeya pêjah, Patih Jayasudarga pêjah dening Radèn Gathutkaca, Dhahyang Tunggulmanik pêjah dening Radèn Arya Wrêkodara. Para wadya Paranggumbarja sami dhadhal larut sadaya, Rade Arya Wrêkodara, Radèn Janaka, Radèn Gathutkaca, sami wangsul ing ngarsa nata.

15. Madêg ing Pancalarêja, Prabu Drupada, miyos ing păncaniti, tuwin Prabu Krêsna, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Janaka miwah Radèn Gathutkaca sami sowan, bojana ăndrawina.

71. Lampahan Cakranagara.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sêtyaka, Radèn Arya Wrêsniwira tuwin Patih Radèn Udawa. Ingkang rinêmbag, kesahipun ingkang rayi Dèwi Wara Sumbadra, tuwin ingkang putra Radèn Arya Sămba. Kasaru rawuhipun ingkang raka Nata Mandura, Prabu Baladewa, mundhut ingkang rayi Rêtna Wara Sumbadra, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Arya Burisrawa. Aturing rayi Nata Krêsna, Dyah Wara Sumbadra dèrèng mantuk, Prabu Baladewa sagah madosi, lajêng bibaran.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, tuwin Dèwi Sêtyaboma, sami lênggah ing prabasuyasa, kasaru sri nata kondur ngadhaton, lajêng lênggah satata. Ginêm kawontênanipun ing păncaniti, wasana tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, ingadhêp Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa, patih ing Ngastina Arya Sakuni, tuwin para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa, kanthi Korawa sadaya, kadhawuhan ngupadosi Dèwi Wara Sumbadra tuwin Radèn Arya Sămba. Sasampuning siyaga, lajêng bidhal kapalan.

 


ing. (kembali)
Radèn. (kembali)
cinandhak. (kembali)
Pancalarêja. (kembali)
Radèn (dan di tempat lain). (kembali)