Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377

Judul
Sambungan
1. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 04), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 05), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 06), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 08), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 12), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
6. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 13), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
7. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 14), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
8. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 15), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
9. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 16), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
10. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 20), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
11. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 22), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
12. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 23), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
13. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 24), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
14. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 25), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
15. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 26), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
16. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 29), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
17. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 30), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
18. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 32), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
19. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 33), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
20. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 34), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
21. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 36), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
22. Padhalangan Ringgit Purwa (Jilid 37), Balai Pustaka, 1930, 1932, #377. Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 24-04-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 443s ... f. 0.24

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

[Grafik]

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XX.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 20 : [1] ---

Serie No. 443s

Sêrat Padhalangan Ringgit Purwa

Awit saking pitulungan dalêm Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII ing Surakarta.

Jilid XX.

Isi Lampahan:

86. Sumitra rabi.

87. Udanmintaya.

88. Sêtiwijaya.

89. Arjuna Sêndhang.

Bale Pustaka – 1932 – Batawi Sèntrêm

--- 20 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- 20 : [3] ---

86. Lampahan Sumitra Rabi.

1. Jajêr[1] ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing păncaniti, siniwi ingkang putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara tuwin Patih Arya Sakuni, para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksi. Kasaru rawuhira ingkang raka Sri Baladewa. Ginêm: Sri Suyudana, arsa miwaha putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, karsanira dhinaupakên kalihan putra nata ing Dwarawati, Dèwi Wisnuwati. Ingkang raka Prabu Baladewa sagah katuripun ingkang rayi Prabu Krêsna. Sang Prabu Suyudana lajêng pasrah ingkang raka Prabu Baladewa, sagêdipun kalêksanan bab dhaupipun ingkang putra wau. Sang nata lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Banowati, pinarak ing pananggap brabasuyasa, ingadhêp ingkang putra Dèwi Lêsmanawati, tuwin para parêkan cèthi. Ginêm: Arsa mikramakakên, ingkang putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara. Kasaru rawuhira sang nata, pinêthuk ing garwa putra, kinanthi binêkta lênggah satata, lajêng imbal wacana, mila dangu dènira sumewa, katamuan kang raka Prabu Baladewa, ingaturan maring Dwarawati, angrêmbag bab dhaupipun ingkang putra ing kadipatèn wau. Sampunipun imbal wacana, lajêng tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Wisatha, tuwin Patih Pragota, Patih Prabawa. Prabu Baladewa dhawuh siyaga dêdamêl, arsa tindak mring Dwarawati. Sampun samapta, lajêng bidhal kapalan, Prabu Baladewa nitih èsthi kyai puspadênta.

4. Madêg ing nagari Giyantipura, Prabu Tejamurti, miyos ing sitibêntar, ingadhêp Patih Pranatabasa, tuwin para punggawa ditya pêpak kang anangkil. Ginêm: Sang nata myarsa warta, bilih putri nata ing Dwarawati saklangkung endah warnanira: kadya gambar wêwangunan, sang nata gandrung asmara, arsa tindak piyambak. Patih Pranatabasa atur pamrayogi utusan rumiyin, bilih botên kaparêng kasuwun, inggih rinêbat prang. Sang nata panudyèng karsa, lajêng animbali punggawa ditya têtiga, sampun mangarsa. Sang nata lajêng dhawuh maring punggawa kinèn ngaturakên nawala panglamar maring praja Dwarawati, sandika, amit rinilan, lajêng bidhal.

5. Madêg ing paseban jawi, Ditya Kalakrêndha, Ditya Kalamingkalpa, Ditya Kalacuwiri. Ginêm: arsa ingutus mring Dwarawati, ngaturakên nawala panglamar, samya siyaga dêdamêl, sampun sami samapta [sa...]

--- 20 : 4 ---

[...mapta,] la[…] mugi ing margi kapapag baris wadya saking Ngastina, pasulayaning rêmbag, dadya prang […]. Giyantipura kasêsêr, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg […] nawan, sang yaksendra Prabu Kalawrêka, miyos ing pandhapi, ingadhêp Patih Ditya Kalakrêdhaka tuwin para punggawa ditya. Ginêm: Sang prabu supêna dhaup kalihan putri Nata Dwarawati, anama Dèwi Wisnuwati, dèrèng dumugi ing karsa sang nata gya wungu, gandrung asmara. Arsa tindak maring Dwarawati, pinambêng dening Patih Ditya Kalakrêdhaka. Sang nata suka ing galihira, ingaturan kinèn ngaturi nawala panglamar rumiyin. Sang nata lajêng nimbali punggawa ditya pinisêpuh, sampun mangarsa, lajêng dhinawuhan ingutus ngaturakên nawala maring praja Dwarawati, suraosing nawala nyuwun jodho ingkang putra Dèwi Wisnuwati, caraka sampun winêling saliring lampah, lajêng amit rinilan kinanthèn wulucumbu kêkalih, Kyai Wijamantri, Tejamantri, lajêng bidhal.

[Grafik]

Ditya Kalakrêndha.

7. Madêg ing Nagari Dwarawati, Sang Prabu Krêsna, miyos ing pandhapi, siniwi ingkang putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Satyaka, tusin[2] Radèn Arya Sêtyaki, miwah Patih Udawa. Pêpak para wadyabala kang anangkil. Ginêm: sang nata arsa miwaha putra Dèwi Wisnuwati, kasaru rawuhira ingkang raka Prabu Baladewa, lajêng lênggah satata, ingkang raka Prabu Baladewa angandika, ingutus ingkang rayi Prabu Suyudana, kinèn amundhut kang putra Dèwi Wisnuwati, arsa kadhaupakên kalihan Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara. Sri Krêsna matur, bilih sampun kêlajêng kasuwun kang rayi Radèn Arjuna, badhe kadhaupakên kalihan Radèn Sumitra. Sang Prabu Baladewa anjurungi, nanging kinèn mundhut kêkudangan: sangsam pêthak kang sagêd tata jalma, ingkang taracakipun waja, netra kumala. Sang Prabu Krêsna lajêng dhawuh mring putra Radèn Arya Sămba. Kautus andhawuhakên maring Madukara, lajêng pangkat, Prabu Baladewa lajêng amit wangsul maring Ngastina, lajêng sami bidhal.

--- 20 : 5 ---

8. Madêg ing nagari Ngamarta, Prabu Yudhisthira, miyos i[…] Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, tuwin Radèn Sadewa. Ginêm: arsa a[…] lajêng bidhal.

9. Madêg ing Pulo Rajapêthi, Sang Prabu Sasrasumarda, lênggah ingadhêp […] dêksana, kasaru sowanipun ingkang wayah Radèn Sumitra ingiring parêpat tiga, sampun mangarsa, dinangu matur, angaturi uninga ingkang eyang, bilih arsa krama. Kang eyang ingaturan, Sang Prabu Sasrasudarma sagah rawuh, kang wayah Radèn Sumitra lajêng dhinawuhan mantuk, sarta winêling saliring lampah. Amit rinilan lajêng pangkat, ingiring Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Lampahira dumugi ing wana kapapag baris ditya saking praja Jurangpênawan, sulayaning rêmbag, dadya prang, danawa pêjah sadaya, Radèn Sumitra lajêng lampahira kalihan parêpat tiga.

10. Madêg ing nagari Madukara, Radèn Arjuna, lênggah tuwin ingkang garwa Rêtna Wara Sumbadra, miwah Dèwi Srikandhi, Dèwi Găndawati, tuwin Radèn Arya Gathutkaca, jajar kalihan kang rayi Radèn Ăngkawijaya. Kasaru dhatêngipun Radèn Arya Sămba, dinangu matur, ingutus kang rama Sri Krêsna, andhawuhakên mundhut kêkudangan: sangsam pêthak kang sagêd tata jalma, taracak waja, netra kumala. Sang Arjuna mèsêm sagah, Radèn Arya Sămba amit mundur rinilan lajêng bidhal, kasaru dhatêngipun ingkang putra Radèn Sumitra, sampun ngabêkti mring rama, dinangu matur, amiwiti dumugi amungkasi, lajêng kadhawuhan angupaya sasrahan, pamundhutira Sri Krêsna, Radèn Sumitra sandika, amit rinilan lajêng pangkat, kadhèrèkakên Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Radèn Arya Gathutkaca dhinawuhan mêmanuki, sandika lajêng mangkat, lampahira mêdal ing gêgana.

11. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, lênggah, ingadhêp ingkang raka Sang Adipati Karna, tuwin Patih Arya Sakuni, para Korawa: Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, tuwin Radèn Arya Citraksi. Ginêm: sang nata angarsa-arsa ingkang raka Prabu Baladewa, dènira maring Dwarawati. Kasaru rawuhira Nata Mandura, lajêng lênggah satata, sampun bagya-binagya raharja. Sang Prabu Baladewa angandika sasolahira dinuta, ingkang rayi Sri Krêsna, amundhut sasrahan, awarni sangsam pêthak kang sagêd tata jalma, taracak waja, netra kumala. Sri Suyudana, sigêg, lajêng dhawuh dhatêng kang Paman Patih Arya Sakuni, kinèn angupaya, kanthi kadang Korawa. Radèn Arya Dursasana, Radèn Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi. Patih Arya Sakuni sandika, lajêng amit rinilan bidhal dalah para putra Korawa.

12. Madêg ing Candhi Purnama, Wasi Anantasena, lênggah ingadhêp sangsam pêthak, ataracak waja,

--- 20 : 6 ---

netra kumala […]stoba. Sang wasi sampun angsal dhawuhing eyang, dhinawuhan mitulungi pi[…] Sumitra, putranira kang paman Radèn Arjuna. Datan dangu kasaru dhatêngipun Radèn Sumitra kairing parêpat tiga, Lurah Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Sampun bagya-binagya raharja, Radèn Sumitra matur, bilih tinundhung ingkang rama, kinèn angupaya sasrahan, awarni sangsam pêthak, kang sagêd tata jalma, taracak waja, netra kumala. Sang Wasi Anantasena gumujêng suka, sarwi angrangkul kang rayi Radèn Sumitra, sang wasi lajêng angandika sagah sarta darbe priyăngga. Jaka Kastoba katimbalan, sampun mangarsa. Sang wasi andangu rencangipun sintên. Radèn Sumitra matur: Rayi sampeyan kakang mas Radèn Arya Gathutkaca, ngêntosi wontên luhur. Sang Wasi Anantasena, dhawuh dhatêng Jaka Kastoba kinèn umiring Radèn Sumitra, sarta winêling saliring lampah. Radèn Sumitra sampuning pinaringan sangsam, lajêng amit rinilan, Jaka Kastoba umiring, kadhèrèkakên parêpat tiga, lajêng bidhal.

[Grafik]

Sangsam pêthak.

13. Madêg samadyaning wana, Sang Patih Arya Sakuni, tuwin para Korawa, Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, Radèn Arya Citraksa, saha Radèn Arya Citraksi. Ginêm: sampun dangu wontên ing wana, dènira angupaya sangsam datan angsal. Wasana sumêrêp jalma langkung, dangu-dangu lajêng katingal cêtha, bilih Radèn Sumitra ambêkta sangsam pêthak, lajêng sangsam pinundhut, Radèn Sumitra datan suka, dadya prang. Korawa samya angrubut, sangsam lajêng ngamuk, Radèn Arya Gathutkaca saking antariksa uninga, bilih kang rayi dipun karubut, lajêng mangandhap têtulung, Korawa ingamuk lajêng kasor, sami sar-saran. Radèn Sumitra tuwin rêpat tiga, dalah sangsam pêthak, lajêng lampahipun, Radèn Arya Gathutkaca mêdal ing gêgana.

14. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ing Pandhapi, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, Sang Adipati Karna, ingadhêp putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, tuwin para wadyabala. Ginêm: Sang nata angarsa-arsa para kadang Korawa, ingkang sami ngupaya sangsam pêthak ingkang badhe kangge sasrahan. Datan dangu dhatêngipun Patih Arya Sakuni, dalah para ari Korawa,

--- 20 : 7 ---

dinangu matur tiwasing lampah, dènira dinuta angupaya sangsam […] wontên ing margi kabegal Radèn Sumitra, tuwin Radèn Arya Gathutkaca. Sang […] arsa aturira patih Arya Sakuni tuwin para ari Korawa, saklangkung duka, lajêng nyuwun kang putra Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, kabêkta ngarak dhumatêng ing Dwarawati, para Korawa dhinawuhan angiring, lajêng bidhal.

[Grafik]

Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara.

15. Madêg ing Madukara, Radèn Janaka, siniwi ing para garwa, tuwin putra, kasaru rawuhipun kang raka, Prabu Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa, miwah Patih Tuhayata, pêpak wadyabala kang anangkil. Ginêm: samya angarsa-arsa ingkang ngupaya sasrahan. Kasaru dhatêngipun Radèn Sumitra tuwin Radèn Arya Gathutkaca, kairing parêpat tiga, ambêkta sangsam pêthak kang sagêd tata jalma, taracak waja, netra kumala. Radèn Sumitra dinangu matur, purwa madya wasana. Sri Yudhisthira lajêng dhawuh kinèn sami pradandan, sampun samapta. Radèn Sumitra lajêng binêkta ngarak dhumatêng ing Dwarawati, lajêng bidhal dalah para wadyabalanira.

16. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, lênggah ingadhêp ingkang putra Radèn Arya Sămba, tuwin Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Sêtyaki, miwah Patih Udawa. Kasaru rawuhira ingkang raka Sri Baladewa, ngarak, ambêkta pangantèn Radèn Arya Lêsmana Măndrakumara, ingiring para ari Korawa. Sasampunira lênggah satata, Prabu Baladewa paring pratela purwa madya wasana. Katungka rawuhira Sri Yudhisthira miwah para ari Pandhawa, ambêkta sasrahan sangsam pêthak, tuwin pangantèn Radèn Sumitra, Sri Krêsna paring urusan, Sri Yudhisthira sakadang Pandhawa, matur: rèhning punika sangsam sagêd tata jalmi, mugi kadangua, măngka punika saksi pratăndha, utawi ingkang gadhah. Sri Krêsna suka ngandika: Hèh, sangsam, sira tutura kang sabênêre. Sangsam umatur: Awit dhatêng kula [ku...]

--- 20 : 8 ---

[...la] binêkta ra[…] wana lajêng binegal para Korawa, kawula wêlas aningali dhatêng Radèn […] rinêbat ing kathah, wasana kula amuk bibar. Para Korawa miyarsa aturing sangsam sami merang, lajêng sami ambolos. Sri Krêsna saklangkung suka ing panggalih, Prabu Baladewa kèndêl sarwi sidhakêp. Kasaru rawuhira Sri Pulo Rajapêthi, Prabu Sasrasudarma, sampun sinung pambagya, lajêng ngrêrakit pakartining pangantèn, sampun rampung, pangantèn lajêng kadhaupakên, pondhongan.

17. Madêg ing nagari Giyantipura, Prabu Tejamurti, ingadhêp Patih Pranatabasa. Ginêm: sang prabu angarsa-arsa punggawa kang dinuta maring Dwarawati, dangu dèrèng dhatêng. Kasaru dhatêngipun Sang Yaksendra Jurangpênawan, Prabu Kalakrêndha, tuwin para wadya. Ginêm: sami arsa, anggêpuk praja Dwarawati, lajêng kasaru dhatêngipun Patih Arya Sakuni miwah Korawa, angumpul para ratu ing sabrang. Korawa sagah ambiyantu, tuwin suka margi, lajêng sami bidhalan, kêbut sawadyabalanira.

18. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos lênggah ing pandhapi, tuwin ingkang raka Prabu Baladewa, Prabu Sasrasudarma, tuwin Prabu Yudhisthira, saha para ari Pandhawa. Ginêm: samya badhe kondur maring prajanira sowang-sowang, katungka lêbêtipun Patih Udawa, atur uninga mêngsah agêng andhatêngi tigang nagari. Sri Krêsna sumanggèng raka Prabu Baladewa sagah. Radèn Arya Wrêkodara, tuwin Radèn Arjuna, kinanthi amapag prang Radèn Arya Gathutkaca. Miwah kang rayi Radèn Ăngkawijaya, tuwin Radèn Arya Satyaka, Radèn Arya Sêtyaki, miwah Patih Udawa, sami umiring amapag prang, lajêng mêdal ing jawi. Dumugi ing jawi Prabu Baladewa prang kalihan Prabu Tejamurti, danguning prang, Prabu Baladewa jinêmparing kantaka, Radèn Arjuna mangsah prang kalihan Prabu Tejamurti, Prabu Tejamurti jinêmparing dening Sang Arjuna pêjah. Yaksendra Prabu Kalakrêndha dupi miyarsa Sri Tejamurti pêjah, lajêng krodha, pinapag Radèn Arya Wrêkodara, prang rame, Prabu Kalakrêndha pêjah cinublês kuku păncanaka. Radèn Arya Gathutkaca tuwin Radèn Arya Sêtyaki, prang kalihan patih Pranatabasa, danguning prang, patih pêjah, sirna gêmpang tan măngga puliha, prang sampak. Para Korawa sami malajêng sadaya, sami mundur saking paprangan. Wusana ingkang unggul ing yuda lajêng sami wangsul lênggah mring pandhapi, mangun bojana ăndrawina, bibar. Tancêb kayon.

87. Lampahan Udanmintaya.

1. Jêjêr Prabu Krêsna ing praja Dwarawati, miyos siniwi para wadya mungging sitinggil binata rata, ingkang

--- 20 : 9 ---

mungging ngarsa, putra Radèn Sămba, santana ipè Radèn Sêtya[…]. Ingkang ginunêm: sang nata sampun dangu dènira datan martuwi ingkang rayi kadang Pandhawa […] praptanira Radèn Arya Nakula, matur sri nata, lamun ingutus ingkang raka nata ing Ngamarta Prabu Yudhisthira, ngaturi pariksa, ing praja Ngamarta kasatan tirta sawêwêngkonira sadaya, anjalari kirang têdha, kathah para kawula ingkang nandhang roga. Sri Krêsna dipun aturi rawuh dhatêng Ngamarta. Dhawuhira Sri Krêsna arsa tindak, lajêng bibaran.

2. Madêg ing kadhaton, pramèswari nata Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami lênggah ing prabasuyasa, ngêntosi kondurira sri nata. Dèrèng dangu sri nata kondur ngadhaton, lajêng lênggah satata. Imbal wacana kawontênanipun măncaniti, lajêng tindak ing pambojanan, sasampuning bojana, sri nata lajêng ngrasuk busana kawacaning prajuritan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Sămba, Radèn Sêtyaki, Patih Udawa, sami sawega ing dêdamêl. Lajêng angundhangi para wadya. Sasampuning samapta, katungka sri nata miyos nitih rata, para wadya lajêng sami bidhal numpak turăngga, anggarubyug wurinira sri nata.

4. Madêg ing praja Mêndhangputihan, Prabu Udanmintaya, miyos siniwi para wadya, ingkang mungging ngarsa, Patih Kumalasêkti, punggawa Udanagung. Rêmbag, sri nata langkung kasmaran dhatêng Dèwi Supraba, karsanira sri nata arsa minggah mring suralaya piyambak andhustha Dèwi Supraba, para wadya ditya sami kadhawuhan pangkat ngêpung suralaya, lajêng bibaran.

5. Madêg paseban jawi, para punggawa ditya, Kalaparigi, Kalapuraga, rêmbag siyaga ing damêl, sasampuning samapta, lajêng bidhal sawadyanira, Kyai Togog Sarawita datan kantun, lampahira dumugi ing margi kapapag wadya ing Dwarawati, sulayaning rêmbag dadya prang, wasana sami sêsimpangan margi.

6. Ing kahyangan Tambaksagara, Dèwi Srimêndhang, kaadhêp ingkang putra patutan saking panêngah Pandhawa, nama Bambang Srigati, tuwin parêpat tiga: Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami mungging ngarsa. Bambang Srigati takèn sudarma, winarah dening kang ibu, lamun Bambang Srigati punika atmajanira Radèn Dananjaya, satriya Madukara. Sasampuning jinatenan, Bambang Srigati pamit ingkang ibu, arsa dhumatêng praja Ngamarta, nêdya martuwi ingkang rama, lajêng linilan pangkat kanthi parêpat tiga. Lampahira dumugi ing margi kapapag para wadya danawa, sulayaning rêmbag, dadya prang, danawa sami pêjah [pê...]

--- 20 : 10 ---

[...jah] jinêmparing […] mawur asar-saran. Bambang Srigati lajêng lampahipun tuwin parêpat tiga.

7. Madêg ing kahyangan Ngendrabuwana, Sang Hyang Endra, Rêsi Narada, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Citragada, Citrasena, Citrarata, para dewa pêpak. Rêmbag ing suralaya kasatan toya, para widadari sami sowan mangarsa, matur ing Hyang Endra, bab asating toya, para widadari pamit arsa tumurun mring ngarcapada, ngupaya sêndhang tuwin talaga, prêlu kangge adus. Dhawuhing Hyang Endra lajêng sami kalilan pangkat. Kairing para jawata. Sarêng dumugi tlaga, kandhêg lampahipun. Para apsari lajêng sami mêntas. Wasana Dèwi Supraba ical musna tanpa karana. Wasana para apsari lajêng mêntas. Para jawata sami nyêgur tlaga kaubyag. Sanalika toyanipun asat, lajêng katingal Prabu Udanmintaya, lajêng prang kalihan jawata sadaya kawon. Dèwi Supraba kabêkta Prabu Udanmintaya.

[Grafik]

Bambang Srigati.

[Grafik]

Dèwi Sri Mêndhang.

8. Madêg ing kahyangan Ngendrabawana, Sang Hyang Endra, Rêsi Narada, dhatêngipun para jawata, atur uninga icalipun Dèwi Supraba. Sang Hyang Endra, tuwin Sang Hyang Narada sami kawêkèn. Wasana Sang Hyang Narada lajêng tindak dhatêng Jonggringsalaka.

9. Madêg ing Jronggringsalaka,[3] Sang Hyang Girinata, miyos mungging bale murcukundha,[4] pêpak para jawata [ja...]

--- 20 : 11 ---

[...wata] kang samya nangkil. Praptanira Rêsi Narada, lajêng matur dhu[...] bab icalipun Dèwi Supraba wau, dhawuhira Sang Hyang Girinata, Rêsi Narada [...] matêng Pandhawa, Rêsi Narada lajêng pangkat.

10. Madêg ing Ngamarta, Prabu Yudhisthira, pêpak para rayi Pandhawa sadaya. Rawuhipun Prabu Krêsna, rêmbag bab kiranging toya. Kasaru dhatêngipun Bambang Srigati, tuwin parêpat tiga, lajêng sowan mangarsa, dinangu nama miwah sêdyanira, lamun Bambang Srigati putranipun Radèn Janaka. Radèn Janaka tan lênggana. Dèrèng watawis dangu, rawuhira Sang Hyang Narada, ngandika lamun dèn utus andhawuhakên timbalanipun Sang Hyang Girinata, minta saraya maring Sang Dananjaya, supados sagêda amanggihakên icalipun Dèwi Supraba, Dananjaya matur sandika, Rêsi Narada lajêng pangkat kalihan Radèn Janaka, kang putra Bambang Srigati kaajak. Parêpat tiga kantun.

11. Madêg ing salêbêting kadhaton Mêndhangputihan. Dèwi Supraba, kaadhêp êmban tuwih parêkan, dhatêngipun Radèn Janaka, Dèwi Supraba, kaajak wangsul dhatêng kahyangan purun. Lajêng kalêbêtakên ing sêsupe. Êmban mêdal atawan tangis.

12. Madêg Prabu Udanmintaya, Patih Kumalasêkti, punggawa Udanagung. Ginêm: sang prabu sagêd andhustha Dèwi Supraba. Patih atur pariksa, saking aturipun Kyai Togog, Sarawita, bilih para wadya ditya sami pêjah wontên margi dening Bambang Srigati, putra ing Madukara. Sri nata langkung duka, kasaru êmban dhatêng tawan tangis, atur pariksa, bilih Dèwi Supraba kabêkta duratmaka. Prabu Udanmintaya enggal malêbêt kadhaton. Kapapag Radèn Janaka, dadya prang. Prabu Udanmintaya pêjah jinêmparing, kuwandanira musna dadya tuking toya. Udanagung kapapag Bambang Srigati, Udanagung pêjah sinuduk kuwandanira musna, dadya cupu ing ngriku para punggawa ditya ing Mêndhangputihan sami labuh ing gustinira, ngêbyuk prang ngarubut Bambang Srigati, kasarêngan dhatênging Bathara Bayu tumurun bêbantu prang, sampak. Para punggawa ditya sami sirna, ingkang taksih sami lumajêng sar-saran. Lajêng pêtêng dhêdhêt jawah dêrês kadya pinusus, maratani sabawana. Radèn Janaka, Bambang Srigati lajêng minggah dhatêng kahyangan.

13. Madêg kahyangan ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Girinata, ingadhêp para jawata, dhatêngipun Radèn Janaka kalihan Bambang Srigati, ngaturakên Dèwi Supraba, Bambang Srigati ginanjar busana, lajêng kalilan wangsul dhatêng Ngamarta. Tancêb kayon.

--- 20 : 12 ---

88. Lampahan Sêtiwijaya.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, katamuan ingkang raka Nata Mandura, Prabu Baladewa, ingkang sumiwi putra Radèn Arya Sămba, Radèn Arya Sêtyaka, Radèn Arya Partajumêna, Radèn Arya Wrêsniwira, tuwin Patih Udawa, pêpak kang samya anangkil. Kasaru rawuhira kang rayi Prabu Yudhisthira, tuwin para rayi Pandhawa. Ginêm: Sri Krêsna lagya anggalih putri nata Rêtna Subrăntawati. Botên watawis dangu kasaru dhatêngipun duta saking sabrang ing Tabêlarêtna, ingkang dinuta Patih Endrabau, sêsarêngan duta saking sabrang Simbarmanyura, sami dinuta ngaturakên nawala panglamar, saking ratunipun, suraos anyuwun jodho putri nata Dèwi Subrăntawati, Sri Baladewa kang amangsuli, mundhut sasrahan sirah yaksa narendra. Caraka kalih sami amit mundur sadaya. Sapêngkêring duta, Sri Krêsna dhawuh kinèn prayitna pacak baris sajawining praja, Patih Udawa matur sandika. Sri Krêsna kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, sang padniwara Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa, ingadhêp para parêkan cèthi. Ginêm: angarsa-arsa sang nata, kasaru rawuhira Sri Krêsna, pinêthuk ing garwa têtiga, kinanthi binêkta lênggah satata, sang nata imbal wacana mring garwa têtiga, mila dangu dènira amăncaniti, katamuan kang raka Prabu Baladewa, tuwin duta saking sabrang ratu sèwu nagara, sami nyuwun jodho Rêtna Subrăntawati. Winangsulan mring raka prabu Baladewa, mila dèn prayitna, tamtu kadhatêngan mêngsah saking sabrang. Kang garwa sami èsmu sungkawa, sang nata tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Prabu Baladewa, ingadhêp kang putra Radèn Arya Wisatha, Patih Pragota, tuwin Patih Prabawa. Sri Baladewa dhawuh mring putra Radèn Arya Wisatha, kinèn maring Ngastina, ngaturakên nawala dhumatêng kang rayi Prabu Suyudana, sampun winêling saliring lampah. Kang putra sandika, sampun siyaga, lajêng bidhal.

4. Madêg ing nagari Simbarmanyura, Prabu Kalasubandha, miyos ingadhêp Patih Ditya Kalakarêndha, tuwin para punggawa ditya pêpak kang anangkil. Ginêm kasidaning lampah, tuwin angrakit-rakit rajabrana, kang kangge pisungsung mring praja Dwarawati. Sasampunipun karakit, Prabu Kalasubandha, dhawuh maring punggawa ditya pinisêpuh. Sasampun winêling saliring lampah, punggawa ditya amit bidhal.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa ditya Kalapracima, ditya Kalamandhala, ditya Kalapralêmpa [Kala...]

--- 20 : 13 ---

[...pralêmpa.] Ginêm kasidaning lampah, dènira ingutus sang nata [...] rajapèni dhatêng praja Dwarawati. Sampun samêkta lajêng bidhal, kang dados cucuking [...] Togog, tuwin Sarawita. Lampahira dumugi margi kapapag baris ing Mandura, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa kasêsêr, wasana sisimpangan margi.

6. Madêg ing nagari Tabêlarêtna, Prabu Endramurti, miyos ingadhêp Patih Endrabau, tuwin kang rayi Radèn Endrasaraya, pêpêk sagung senapati. Ingkang ginusthi dènira arsa maring Dwarawati, atur-atur pèni-pèni rajapèni, guru bakal guru dadi, minăngka pisungsung katur Sri Krêsna. Punggawa ditya kêkalih dhinawuhan maring praja Dwarawati angaturakên nawala tuwin pisungsung rajapèni, ditya kêkalih sandika, amit rinilan bidhal.

[Grafik]

Rêksasa saking Simbarmanyura.

[Grafik]

Bambang Sêtiwijaya.

7. Madêg ing pratapan Ngargatilasa, Sang Bagawan Jatimulya, ingadhêp kang wayah Bambang Sêtiwijaya, tuwin kang rayi Bambang Sêtiwigêna. Kang wayah Bambang Sêtiwijaya tuwin Bambang Sêtiwigêna, amular pitakèn ing sudarma, sang bagawan angandika, bilih putranipun Radèn Arjuna, pamadyaning Pandhawa, sang wiku ngandika malih: Yèn sira arsa katêmu, anjujuga ing Dwarawati, iki kêbênêran. Sira antuk karya [kar...]

--- 20 : 14 ---

[...ya,] mandar tumu[...] bambang kêkalih sandika, nêmbah lajêng pangkat. Kang rayi Bambang Sêtiwigêna katila[...] ma, Nala Garèng, Petruk, sami andhèrèkakên Bambang Sêtiwijaya.

Madêg samadyaning wana, lampahira punggawa ditya ing Simbarmanyura, kapapag Bambang Sêtiwijaya, pasulayaning rêmbag, dadya prang, danawa jinêmparing pêjah sadaya. Bambang Sêtiwijaya lajêng lampahipun, ingiring parêpatira têtiga.

8. Madêg ing nagari Ngastina, Prabu Suyudana, miyos ingadhêp kang putra Radèn Arya Lêsmana, tuwin patih Arya Sakuni, para Korawa: Radèn Arya Dursasana, Radèn Arya Kartamarma, Radèn Arya Durmagati, tuwin Radèn Arya Citraksa, Radèn Arya Citraksi, kang mungging ngarsa Nata Dhahyang Durna, tuwin kang raka Adipati Karna. Ginêm: sang nata angarsa-arsa ingkang raka Prabu Baladewa, botên watawis dangu, kasaru dhatêngipun kang putra Radèn Arya Wisatha, angaturakên nawala, sampun tinupiksa wiwitan dumugi wêkasan. Lajêng ginêm sêdya anglajêngakên lampah, angêmpal mitranira Narendra Tabêlarêtna, sang nata lajêng dhawuh mring paman Patih Arya Sakuni, kinèn bidhal maring Tabalêrêtna,[5] kanthi para kadang Korawa, lajêng bidhal.

9. Madêg samadyaning wana, Bambang Sêtiwijaya, lagya ngaso soring mandera, kasaru dhatêngipun kang rayi Bambang Sêtiwigêna, anusul sarwi karuna, sêdya tumut maring Ngamarta, kang raka angarih-arih, kang rayi ingêmban sinirêpan sare, lajêng dipun sarèkakên. Lajêng dhawuh dhatêng sima kombang jalêr tuwin èstri, kinèn têngga kang rayi, Bambang Sêtiwijaya, lajêng lampahira.

10. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna, miyos amanggihi kang raka Prabu Baladewa, Sri Yudhisthira tuwin ari Pandhawa, pêpakan. Botên sanès ingkang rinêmbag amung anggènipun badhe kadhatêngan mêngsah sangking sabrang kalih nagari. Sri Krêsna andhawuhakên pacak baris têpis wiringing praja, saha sami sinung pakuwon sowang-sowang, ing Mandura, Ngamarta, pakuwon angapit-apit. Sasampunira Sri Krêsna nulya kondur ngadhaton.

11. Madêg ing nagari Simbarmanyura, Prabu Kalasubandha, miyos ingadhêp para punggawa ditya, pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata angarsa-arsa, punggawa ditya kang dinuta maring praja Dwarawati, botên watawis dangu, dhatêngipun punggawa ditya kang saking Dwarawati, ngaturakên wangsulanipun. Sang yaksendra saklangkung duka. Katungka dhatêngipun Kyai Togog tuwin Sarawita, matur pêjahing para punggawa ditya,

--- 20 : 15 ---

pêjah dening putranira Radèn Arjuna. Sang prabu saya duka ni[...] ngrabasèng prang. Sampun sami siyaga, lajêng bidhal maring praja Dwarawati, kêbut sa[...].

12. Madêg ing nagari Tabêlarêtna, Prabu Endramurti, miyos ingadhêp Patih Endrabau, tuwin para punggawa pêpak kang anangkil. Kasaru dhatêngipun patih Arya Sakuni kanthi para Korawa, amitêmbung minta sraya sêdya bela prang. Narendra Tabêlarêtna suka ing driya, lajêng dhawuh dhatêng Patih Endrabau, kinèn angundhangi, sang nata arsa ngrabasèng prang maring Dwarawati, sampun siyaga lajêng bidhal.

13. Madêg ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna lênggah tuwin kang raka Prabu Baladewa, Sri Yudhisthira, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, miwah Radèn Sadewa, para putra sadaya pêpak kang anangkil. Kasaru dhatêngipun Bambang Sêtiwijaya, dinangu matur, putranira Radèn Arjuna, sampun tinampèn, sagah ingabên prang. Katungka dhatêngipun caraka saking Simbarmanyura, tuwin ing Tabêlarêtna, angaturakên pustaka, suraos angantêp Sri Krêsna manawi tan angsal ginêpuk prang. Prabu Baladewa mangsuli sagah, sarta angajêng-ajêng, duta wangsul.

14. Madêg ing pasanggrahan kitha Dwarawati, narendra yaksa, Prabu Subandha, ingadhêp patih Ditya Karêndha. Kasaru rawuhira Prabu Endramurti, tuwin kang rayi Radèn Endrasaraya, Patih Endrabau, dalah para punggawa ditya, miwah patih Arya Sakuni kanthi para Korawa, sampun sami kêmpal rêmbag, sadaya lajêng akarya pasanggrahan satêpining praja Dwarawati, kasaru dhatêngipun duta kêkalih, kang saking Dwarawati, ngaturakên wangsulanipun Prabu Baladewa, sang narendra kêkalih saklangkung duka, lajêng angirapakên wadyabala, ambêsmi talatah têpis wiring praja Dwarawati, sami kagegeran, angungsi salêbêting praja.

15. Madêg ing pasewakan Dwarawati, Prabu Krêsna, Prabu Baladewa, Sri Yudhisthira, pêpak para kadang Pandhawa, kasaru lêbêtipun Patih Udawa, atur uninga dhatênging mêngsah, ambêbahak ngrisak wadya têpis wiringing praja Dwarawati. Sri Krêsna pasrah ing raka, Prabu Baladewa sagah, mêdal ing jawi tuwin kang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, miwah kang putra Radèn Arya Gathutkaca, Radèn Arya Sêtyaki, Radèn Arya Sêtyaka, Patih Udawa, tuwin Patih Pragota, wadya Mandura kêbut. Sampun sami mêdal ing jawi, dumugi ing jawi panggih ayun-ayunan.

Prabu Baladewa mangsah prang, mapagakên Narendra Tabêlarêtna, Prabu Baladewa jinêmparing kantaka, Radèn Arjuna sasmita ing putra lajêng mangsah, pinarbutan mêngsah kathah. Anulya dhatêngipun Bambang Sêtiwigêna [Sêtiwi...]

--- 20 : 16 ---

[...gêna,] panggih ka[...] nuduh pitakèn mring yaksa raja, lajêng pangkat. Kapanggih yaksa raja têtanya [...]gêna pinala lumajêng, wangsul kapanggih Sêmar malih, lajêng kapurih nyakot sang raja yaksa, Bambang Sêtiwigêna wangsul panggih yaksa raja prang, narendra yaksa cinakot dening Bambang Sêtiwigêna pêjah.

[Grafik]

Prabu Baladewa.

[Grafik]

Sri Yudhisthira.

Mangkana Sri Krêsna adhawuh mring Radèn Arjuna, kêmating mêngsah kasirnakna. Radèn Arjuna anglêpasakên sarotama, Bambang Sêtiwigêna kenging lajêng pêjah, Bambang Sêtiwijaya gurawalan angrangkul kuwandanira kang rayi, sarwi karuna kadi wanodya, Radèn Arjuna anyêlaki andangu, Bambang Sêtiwijaya dangu-dangu matur prasaja: punika rayi kula. Radèn Arjuna lajêng anêmpahakên maring raka Sri Krêsna, Sri Krêsna gumujêng ngandika, dhawuh kinèn ambêsmi, Radèn Arjuna tanggap, lajêng sidhakêp, angêdalakên [angêda...]

--- 20 : 17 ---

[...lakên] prabawa agni, ambêsmi kuwandanira Bambang Sêtiwigêna, [...]ripurna, awarni bagus, kêmbar warna tuwin kang raka Bambang Sêtiwijaya, sang kêkalih dina[...].

16. Madêg pakuwoning mêngsah, para wadyabala ing sabrang, tuwin patih sapunggawanira pakêmpalan. Ginêm: samya labuh ing gustinira, sampun botên sêdya mantuk. Sampun sagolong rêmbag. Lajêng ambyuk soroh amuk. Pinapagakên Radèn Arya Wrêkodara, tuwin putra Radèn Arya Gathutkaca, prang sampak, para wadya saking sabrang sami pêjah, kang alit lumajêng ngungsi papan. Ingkang unggul ing yuda sami marêk ngarsanira Prabu Krêsna lênggah satata para kadang Pandhawa, bojana ăndrawina, tancêb kayon.

89. Lampahan Arjuna Sêndhang.

1. Jêjêr ing nagari Dwarawati, Prabu Krêsna miyos ing păncaniti, ingkang sumiwi mungging ngarsa ingkang putra Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, tuwin para punggawa pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata sampun dangu botên pinanggih kalihan para kadang Pandhawa, langkung onêng ing panggalih, kasaru sowanipun ingkang rayi Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Sasampuning lênggah ing ngarsa nata, dinangu matur ing raka Sri Krêsna bilih kautus kang raka nata ing Ngamarta Prabu Puntadewa, atur uninga, ingkang rayi Radèn Arjuna kesah botên kantênan purugipun, saha Sri Krêsna ingaturan tindak dhatêng ing praja Ngamarta, Prabu Krêsna sagah, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, lajêng amit mundur. Sang nata arsa tindak ing Ngamarta, Radèn Sămba, Radèn Sêtyaki tuwin Patih Udawa, dhinawuhan sami andhèrèka têdhakira sang nata, sasampuning dhawuh lajêng kondur ngadhaton.

2. Madêg ing gupit măndragini, pramèswari nata têtiga, Dèwi Jêmbawati, Dèwi Rukmini, Dèwi Sêtyaboma, sami pinarak ing pananggap prabasuyasa, kalêrês lèr wetan, ingadhêp para parêkan cèthi, angêntosi kondurira Sri Krêsna, ngiras amirsani ajaring bêksa Badhaya Sarimpi, rawuhira sang nata pinêthuk ing garwa têtiga, lajêng akêkanthèn asta, binêkta lênggah satata, ingkang dados imbal wacana kawontênanira ing păncaniti, tuwin sakesahira kang rayi Radèn Arjuna, sang nata mundhut busana kaprajuritan, arsa tindak ing praja Ngamarta, lajêng sami tindak ing pambojanan.

3. Madêg ing paseban jawi, Radèn Sămba, Radèn Arya Sêtyaki, Patih Udawa, tuwin [tuwi...]

--- 20 : 18 ---

[...n] para punggawa. [...] arsa andhèrèk têdhakira sang nata, sampun sami samêkta, amung anganti miyos [...] miyosira Sri Krêsna lajêng anitih rata, para putra santana anitih turăngga, lajêng bidhal kapalan.

[Grafik]

Patih Udawa.

[Grafik]

Radèn Arya Satyaki.

4. Madêg ing nagari Paranggubarja, Sang Prabu Jatikusuma, anuju miyos ing pandhapi agêng, ingadhêp Patih Jayadhêndha, tuwin para ditya. Ingkang rinêmbag sang nata panyuwunipun supados dados lananging jagad, kaparingana jodho widadari sadaya, salêbêting wardaya mèri maring Radèn Arjuna, dene kinasih ing dewa. Wasana Prabu Jatikusuma nimbali punggawa ditya nama Kalagrêdhaksa, dhinawuhan pangkat sakancanira punggawa, adamêl pasanggrahan sajawining kitha. Punggawa ditya matur sandika, lajêng mêdal ing jawi, bibar tinangkil.

5. Madêg ing paseban jawi, para punggawa yaksa, ditya Kalagrêdhaksa, Kalagrêndaka, Kalagrêdhana [Kala...]

--- 20 : 19 ---

[...grêdhana,] sami rêmbag dènira arsa nglampahi pakaryaning nata. Sasa[...] jêng bidhal, ingkang dadya panganjuring lampah Kyai Togog, Sarawita. Lampah [...] wa dumugi margi kapapag para wadya ing Dwarawati, pasulayaning rêmbag, dadya prang, wasana sêsimpangan margi.

6. Madêg ing wana Krêndhayana, Radèn Arjuna, lampahipun kèndêl, sariranira karaos lêsah, awit gadhah panyuwun dados kêkasihing bathara, botên kalilan dening Sang Hyang Girinata, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sami angaturi kondur kemawon, Radèn Arjuna botên karsa, lajêng kapapag wadya yaksa saking Paranggubarja, pasulayaning rêmbag, dados prang, punggawa ditya sami pêjah, wadya ditya alit sami bibar ngungsi gêsang, Kyai Togog, Sarawita, mantuk ing prajanira. Radèn Arjuna maksih wontên ing wana, kaadhêp panakawanipun têtiga.

7. Madêg ing nagari Paranggubarja, Sang Prabu Jatikusuma, miyos ing pandhapi, ingadhêp punggawa. Ginêm: sang nata angarsa-arsa punggawa kang dinuta iyasa pasanggrahan, sampun watawis satêngah căndra botên dhatêng, kasaru dhatêngipun Kyai Togog, Sarawita, atur uninga tiwasing margi, punggawa ditya kang kautus iyasa pasanggrahan pinêjahan dening Radèn Arjuna, samangke taksih wontên ing wana. Sang Prabu Jatikusuma langkung duka, lajêng dhawuh dhatêng Patih Jayadhêndha, tuwin para punggawa dhinawuhan sami siyaga, sang nata arsa ngrabasèng prang, para wadya sampun sami samêkta, lajêng bidhal sawadyabalanira.

8. Madêg samadyaning wana, Radèn Arjuna, lênggah sangandhaping wit cêmara sarwi sidhakêp, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, sarwi matur ing bandaranipun, ingaturan kondur dhatêng ing Madukara, Radèn Arjuna botên karsa, kasaru rawuhipun Sang Nata Paranggubarja Prabu Jatikusuma, sawadyabalanipun. Pasulayaning rêmbag, dadya prang, rame, Prabu Jatikusuma kasor, wangsul kaping kalih, lajêng sinumbaran dening Radèn Arjuna: lêlananging jagat, sang nata lajêng mundur sawadyabalanipun sêdya atur uninga dhatêng ingkang ibu, lajêng bidhal.

9. Madêg ing kahyangan Krêndhayana, miyos lênggah ingadhêp para pawonganipun, kasaru sowanipun ingkang putra Prabu Jatikusuma, dinangu matur sarwi muwun, awit Radèn Arjuna nglela sumbar dados lananging jagad, matur malih nyuwun sirnanipun Radèn Arjuna, kang ibu nyagahi, Sang Hyang Pramuni lajêng mêsat anggêgana, arsa dhatêng ing suralaya, nêdya atur uninga Sang Hyang Jagatnata.

10. Madêg ing suralaya, Sang Hyang Guru, anuju miyos lênggah ing bale marcukundha, ingadhêp Sang Hyang Naradha, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Yamadipati, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Tamboro,

--- 20 : 20 ---

pêpak para jawata [...] sowanipun Sang Hyang Pramuni lajêng mangarsa, dinangu Sang Hyang Pramuni matur nyuwun sirnanipun Radèn Arjuna, awit Radèn Arjuna purun sêsumbar lêlananging jagat. Sang Hyang Guru lajêng mêsat dhatêng ing marcapada, lajêng bibaran nangkil.

[Grafik]

Para widadari.

11. Madêg ing wana Krêndhayana, Radèn Arjuna, lênggah wontên sangandhaping uwit cêmara, ingadhêp parêpat tiga, Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk. Rawuhipun Sang Hyang Guru andukani dhatêng Radèn Arjuna, kanthi anyabdakakên, Radèn Arjuna dados sêndhang, sanalika Sang Arjuna dados sêndhang, Sang Hyang Guru lajêng kondur dhatêng kahyangan. Ing nglêbêting sêndhang, Radèn Arjuna tinangisan Kyai Sêmar, Nala Garèng, Petruk, Radèn Arjuna lajêng angêningakên cipta, nyuwun anglêmpakakên toya sabuwana, kaparêng ing panyuwunipun, lajêng apêparab Bagawan Banyurasa. Ing suralaya gonjing, para jawata tuwin para widadari sami kagegeran. Gara-gara botên kèndêl, awit toya sami nglêmpak dhatêng ing sêndhang Banyurasa sadaya.

12. Madêg ing suralaya, para widadari, sami karaos bêntèr, awit botên wontên toya, lajêng sowan ngarsanira Sang Hyang Guru, Sang Hyang Guru pinuju lênggah, ingkang ngadhêp mungging ngarsanira Sang Hyang Naradha, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Brahma, Sang Hyang Panyarikan, pêpak para jawata kang sami anangkil. Ginêm: gègèring suralaya, Rêsi Naradha matur, awit sadaya toya sami nglêmpak dhatêng ing sêndhang Banyurasa,

--- 20 : 21 ---

ing wana Krêndhayana, katungka sowanipun para widadari, matur [...] toya, Sang Hyang Guru lajêng dhawuh dhatêng Sang Naradha, dhinawuhan angiringakên para widadari [...] ngarcapada, ngupados toya ing sêndhang Krêndhayana, lajêng bidhal.

[Grafik]

Sang Hyang Yamadipati.

[Grafik]

Sang Hyang Endra.

Ing sêndhang wana Krêndhayana, toyanipun akimplah-kimplah, dhatêngipun para widadari, tuwin Sang Hyang Naradha, para widadari sumêrêp sêndhang toyanipun bêning, para widadari langkung suka, para widadari sami dhatêng têpining sêndhang, sawênèh wontên ingkang adus, botên dangu para widadari ical sadaya, Sang Hyang Naradha anjêgur ing sêndhang, salêbêting sêndhang Sang Bagawan Banyurasa, para widadari sami anggubêl dhatêng sang bagawan. Para widadari sami ingajak wangsul Sang Hyang Naradha: botên purun. Sang Hyang Naradha wontên ing sêndhang dangu-dangu sariranipun karaos sênêp, lajêng wadul ing Bathara Guru, kesah botên mawi pamit makahyangan.

--- 20 : 22 ---

13. Madêg ing [...] Bagawan Anoman, lênggah ing pacrabakan, ingadhêp Radèn Arya Gathutkaca, [...] matur pitakèn, mênggah kesahipun ingkang rama Radèn Arjuna saking praja, sapunika wontên ing pundi dunungipun, Radèn Arya Gathutkaca nyuwun pitêdah. Sang Bagawan lajêng awêwarah, Radèn Arya Gathutkaca dhinawuhan dhatêng ing sêndhang Banyurasa, ing wana Krêndhayana. Radèn Arya Gathutkaca lajêng amit anggêgana, lampahipun Radèn Arya Gathutkaca lajêng tumurun anjujug ing sêndhang, pinanggih ingkang paman Radèn Janaka.

14. Madêg ing nagari Ngamarta, Sang Prabu Puntadewa, miyos ingadhêp ingkang rayi Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa. Kasaru rawuhipun ingkang raka nata ing Dwarawati, Prabu Krêsna, ingkang rinêmbag sakesahipun ingkang rayi Radèn Arjuna, para kadang Pandhawa badhe nyuwun bela, dhawuhipun Prabu Krêsna: para rayi Pandhawa pinurih sarănta sarta paring pitêdah wasitaning jawata, sami anglêluria sêndhang Banyurasa ing madyaning wana Krêndhayana, lajêng sami tindak dhatêng sêndhang Banyurasa.

15. Madêg ing Jonggringsalaka, Sang Hyang Bathara Guru, anuju lênggah, ingadhêp Sang Hyang Brama, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Panyarikan, Sang Hyang Yamadipati, Sang Hyang Patuk, Sang Hyang Tamboro, pêpak para jawata. Sowanipun Sang Hyang Naradha atur uninga, bilih para widadari wontên ing sêndhang sami karaos sakeca, botên purun mantuk dhatêng ing suralaya, sadaya sami wontên ing sêndhang kemawon, amargi pun Arjuna wontên ing lêbêt sêndhang nama Banyurasa. Sang Hyang Guru duka, lajêng têdhak kalihan para jawata.

16. Madêg ing Paranggubarja, Prabu Jatikusuma, miyos ing pandhapi agung, ingadhêp para punggawa ditya pêpak kang anangkil. Ginêm: sang nata angajêng-ajêng dhawuhing sang bathari. Sang prabu lajêng dhawuh dhatêng para wadyabala, sami kadhawuhan siyaga, sang nata arsa tindak dhatêng sêndhang Banyurasa arsa ngrisak sêndhang. Sasampuning samapta lajêng bidhal.

Ing têpining sêndhang, wontên tiyang èstri kêkalih, nama Dèwi Nilawati tuwin Dèwi Suwarsi, badhe anyèthi Sang Tagawan[6] Banyurasa, Radèn Arjuna dhatêng, sang dèwi lajêng binêkta arsa sinambut, Sang Dyah Dèwi Nilawati babar Sang Hyang Guru, Dèwi Suwarsi babar Sang Hyang Naradha. Radèn Arjuna ngaturakên pangabêkti sarta nalăngsa nyuwun pangaksama. Sang Hyang Bathara Guru lajêng makahyangan kadhèrèkakên para jawata.

Rawuhipun Sri Krêsna, Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, sampun sami kapanggih kalihan Radèn Arjuna. Katungka rawuhipun Prabu Jatikusuma, ngamuk [ngamu...]

--- 20 : [23] ---

[Grafik]

Wadya ditya.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

--- 20 : 24 ---

[...k] arsa ngobrak[...] Radèn Arjuna mapag, dados prang rame, Prabu Krêsna ambombong Prabu Jatikusuma, prangipun mèh kasor, lajêng binêkta oncat Sang Hyang Pramuni, para wadyanipun sami mangsah prang, sampak, tinadhahan dhatêng Radèn Arya Gathutkaca, wadya ditya sami pêjah sadaya. Sasirnaning mêngsah lajêng sowan Sri Krêsna.

17. Madêg Sang Prabu Krêsna, Prabu Puntadewa, Radèn Arya Wrêkodara, Radèn Arjuna, Radèn Nakula, Radèn Sadewa, Radèn Arya Gathutkaca. Ginêm sami suka, kalêmpakan, bojana ăndrawina. Tancêb kayon.

[Grafik]

 


Jêjêr. (kembali)
tuwin. (kembali)
Jonggringsalaka. (kembali)
marcukundha. (kembali)
Tabêlarêtna. (kembali)
Bagawan. (kembali)