Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

J

--- 76 ---

ja ~ jaga.

ja :
I (S) kw. ak wêtu, lair. II pc. aja. III êngg: jêr, pancèn.
jaa :
kn ar. woh; kc. jaha.
jab :
êngg. kn ijab, up. jab gêdhene.
jaba :
n. jawi k 1 dudu wêwêngkon ing jêro; 2 pc. kêjaba; 3 ing lahir; ratu [x]: Pakualaman; abdi-dalêm [x]: abdi-dalêm kang kabawah marang kapatihan; n-[x] n. njawi k: 1 ing jaba, ing lahir; 2 ing papan kang ora kauban wangon; 3 kêjaba, ngêmungake; ke-[x] n. kêjawi k: 1 ora katut kapetung; 2 ngêmungake, aliya saka; dikêjabakake: ora kapetung, diliyakake.
jaba-jêro :
n 1 jaba lan jêro; 2 lahir lan batin.
jabah :
I êngg. kn bngs. jêmbangan. II wc: ijabah.
jabal :
(A) kn. ak gunung.
jaban :
n. jawèn k 1 wêwêngkon ing jaba; 2 ut. [x]-[x]-an: mung ing jaba, cêthèk-cêthèkan.
jabaniyah :
(A) kn malaekat panjaga.
jabang :
kn bayi.
jabang-bayi :
kn bayi kang mêntas lair.
jabangan :
êngg. kn anak lele.
jabar :
(S) kn sandhangan ing sastra Arab, patah; ora ngrêti [x] jère: ora ngrêti kang dirêmbug.
jabarail :
(A) kn ar. malaekat.
(jabar) :
[x]-an kn 1 êngg. pangkat, panggawean; 2 [x]-an tangan: têtabikan, salaman; kc. jawat.
(jabêg) :
n-[x] êngg. kn 1 mêmblêng tmr. banyu; 2 nggêglêg, judhêg.
(jabêl) :
n-[x] kn 1 mbêdhol; 2 njabut, nyêlêd, njaluk bali.
jabing :
êngg. kn katon akèh akupêng; n-[x]-i: ngupêngi, njagani.
jabirah :
êngg. kn unthuk ing sêgara.
jablas :
êngg. kn enggal ilang (êntèk, mari); kc. bablas.
(jablog) :
n-[x] êngg. kn 1 nyaplok; 2 ks. mangan.
(jabud) :
n-[x] kn nyabut, mbêdhol; n-[x] nyawa: ngrucat nyawa.
jabung :
kn bngs. blêndok irêng sok kanggo nganjingake ukiran lsp; [x] kêmalo: jabung asal saka tlutuh sampang; [x] sêmut: bngs. lak asal saka sêmut; di-[x]: 1 dirakêtake sarana jabung; 2 diapusi; jinabung alus pr: diapusi karana alus.
jabur :
I (A) kn kitab masmur anggitane Nabi Dawud. II n-[x]-i kn mènèhi sidhêkah kanggo trawèh; [x]-an: ombèn-ombèn kang dianggo sadhêkah trawèh. III n-[x] êngg. kn: ngawur, ngawag.
jabon :
kn ar. wit.
(jabris) :
n-[x] êngg. kn kucêm; [x]-an: anak lele.
jadah :
I Prs) kn. ak anak; karam [x]: anak kang ora absah. II ut. juwadah kn: panganan kang digawe kêtan diêdang lan ditêtêl.
jadwal :
(S) kn. ak pratelan.
jaja :
I ki dhadha; [x] bang mawinga-winga br: nêpsu bangêt. II kn: bakul kang idêr-idêr; [x] rumat pr: ngrungokake warta, tumuli ditular-tularake; dijajakake: ditukokake panganan lsp; kc. jajan, jojo.
jajag :
kn 1 nggêpok ing dhasaring kali lsp; 2 dhadhag, pradhah; n-[x]-i: 1 nduga arêp nyumurupi sapira jêrone; 2 arêp nyumurupi kapintêran ut. kasugihaning liyan.
jajah :
kn 1 wis tau sumurup ingêndi-êndi; 2 akèh sêsurupane; n-[x]: 1 lêlungan ngambah ingêndi-êndi; 2 mbawahake; n-[x] desa milang kori pr: lêlungan saparan-paran; [x]-an: 1 wêwêngkon; 2 bawah; ngrupak [x]-aning rowang pr: nyahak panguripaning liyan.
jajah-lanat :
(A) kn setan; kc. jajal-laknat.
jajal :
kn coba;[x]-[x]: coba-coba, lagi wiwit ajar nindakake; n-[x]: nyoba.
jajal-laknat, jajal-lanat :
(S) kn setan.
jajan :
kn 1 têtuku panganan; 2 êngg. panganan kang diêdol; 2 êngg. pc. opahan (tukon jajan); [x]-pasar: pêpanganan, tukon pasar; n-[x]-i: sênêng jajan.
jajang :
êngg. kn pring.
jajap :
êngg. kn bisa; kc. cacap.
jajar :
kn 1 jèjèr lêlarikan; 2 sababag, padha pangkate; 3 pangkating priyayi ut. prajurit kang ngisor dhewe; n-[x]-i: ngampingi lumaku ana ingarêp; [x]-an: 1 prajurit lsp. kang njajari; 2 êngg: olèh-olèhane panèn rêsik sawuse diêlong bawon.
jajil :
(S) kn setan; kc. jajal-laknat, ijajil.
jadham, jadhêm :
kn blêndok asal saka wit bngs. ilat-baya.
(jadhe) :
êngg. kn badhe, bêdhèk, pêthèk.
(jadhêl) :
êngg. kn jabêl.
jadhêm :
kc. jadham.
jadhêm-parêm :
(W) kn ar. obat (Yodoform)
jadhi :
I kn kuwali gêdhe sing digawe têmbaga; kc. jèdhi. II (M) pc: dadi.
jadhug :
êngg. kn 1 kêdhot; 2 gêdhe arosa; 3 sing mênggêdhèni; kc. jêdhug.
(jadhul) :
n-[x] êngg. kn pêtêng ulate.
(jadhum) :
[x]-an êngg. kn lêlungguhan omong-omongan.
(jadhor) :
n-[x] êngg. kn kandêl lambene.
jae :
I kn ar. êmpon-êmpon rasane pêdhês. II êngg. pc: jajal bae, coba!
jaetun :
(S) kn ar. wit lan wohe digawe lênga, sing akèh ing tanah Palêstinah.
jag :
I kn sabawaning napak ambèn lsp; [x]-[x]-an: 1 lumaku ing ambèn; 2 dlajigan ora tata. II n-[x] iya êngg. pc: njarag iya, mula nyata.
jaga :
(S) n jagi k 1 rumêksa, tungguk; 2 ([x]-ne): sêdiyan kanggo; [x]-[x]: 1 sumadiya, [su...]

--- 77 ---

jaga-baya ~ jail.

[...madiya,] cumawis; 2 sediyan yèn ana gawe-parigawe; n-[x]: ngrêksa; njagani: 1 ngadhangi, ngrêksa; 2 nyudiyani, nyawisi; njagakake: ngêndêlake ut. mêsthèkake kasaguhaning liyan lsp.
jaga-baya :
êngg. kn pulisi desa.
jaga-bela :
kn. ak lêgojo, singa-nêgara.
jaga-bêngi :
êngg. kn wong kang jaga ing wayah bêngi.
jagad :
(S) kn bumi saisine; kc. jagat.
jaga-karya :
êngg. kn prajurit.
jaga-kêrsa :
êngg. kn 1 gandhèking bupati; 2 punggawa pulisi.
jagal :
kn tukang nyêmbêlèh raja-kaya; n-[x]: 1 nindakake pakaryan jagal; 2 ak. mbage-mbage banbjur diêdol.
jaga-lamatan :
kn. ak ar. prajurit jaman kuna.
jaga-latri :
êngg. kn jaga-bêngi.
jaga-malêm :
êngg. kn jaga-bêngi.
jaga-mungsuh :
kn: ar. mathining jaran.
jagan :
êngg. n 1 pajagan, gêrdhu; 2 sudhiyan, kc. jaga.
jagana :
(S) kw. ak bokong; 2 sing buri dhewe.
jagang :
I kn kalenan ut. jugangan ngubêngi bètèng lsp. di-[x]-i; didèkèki jagang. II kn: 1 congkog awujud cagak têlu ing pucuk gathuk; 2 sanggan, jagrag; andha [x]: andha kang dicongkogi; n-[x]-i: 1 nyongkogi; 2 (uga njagangi) êngg. nyoba bisane ngadêg (mlaku); pêdhèt n-[x]-i: pêdhèt kang lagi wiwit bisa mlaku.
jaga-pura :
kn ar. prajurit ing Surakarta.
jaga-praja :
kn: ar. prajurit ing Surakarta.
jaga-ripu :
kn ar. iwak kali.
jaga-runa :
kn sêdiyan yèn ana bêbaya ut. kêkurangan.
jaga-satru :
êngg. kn 1 èmpèr ngarêp tanpa jagak, têrusane êmpyak têngah; 2 pagêr pakarangan; 3 tataning baris ngungkurake ingkang Sinuhun.
jaga-sura :
kn ar. prajurit.
jagat :
(S) kn 1 bumi saisine; 2 alam donya; 3 ent. wêwêngkon, gêgêbêngan, laladan; [x] gêdhe, [x] cilik: isbating alam sawêgung karo badaning manungsa; nêgara padhang [x]-e: nêgara tata-têntrêm; rupak [x]-e: kêpatèn pasaban pangupa-boga; kaya [x] mung sagodhong kelor pr: isih bisa ngupa-boga ana ingêndi-êndi.
jagat-pamungkas :
kn swarga.
jagat-karana :
kn asaling jagat) Bathara Guru.
jagat-nata :
kn (ratuning jagat) Bathara Guru.
jagat-pramudita :
kw kabungahaning jagat.
jagat-pratingkah :
kw Bathara Guru.
jagat-saksana :
(S) kw. ak (pangrêksaning jagat) pangrèh.
jagat-raya :
(S) kw jagat têtêlu (Swarga, donya, naraka).
jagat-wèsthi :
êngg. kn pulisi.
jag-jagan :
kn dlajigan ora tata; kc. jag. I.
jag-jog :
êngg. kn 1 pating pêndhukul; 2 ora ajêg.
jagêr :
I kn ar. prajurit. II n-[x] êngg. kn ngadêg jêjêg; [x]-an: sanggan dianggo nggraji; kc. cagêr.
jagi :
k jaga.
jagir :
êngg. kn 1 gudèl nanang; 2 n-[x]: ngadêg mêndongong.
jagul :
kn 1 cagakan congkok tracuk grobag lsp; 2 pikulan mawa congkogan diangkat wong têlu; 3 êngg. nyulihi pakaryan.
jagung :
kn ar. pala-wija; prada [x]: ar. prada rupane kuning ênom; saumuring [x]: sadhela bangêt; [x]-[x]: ar. gêndhing.
jagur :
kn 1 kêpêlan tangan; 2 êngg. pring pranti nggusah manuk; n-[x]: njênggung, ngantêm sing ditamakake kêpêlan tangan kang pênêr jênthik.
jago :
n. sawung k 1 pitik lanang; 2 ent. apa-apa sing arêp diêdu: 2 wong sing pêng-pêngan, pinunjul; 4 wong sing diajokake ana ing pilihan (lurah, rad kawula lsp); [x] adon n. (sawung abênan k): jago sing diêdu; [x] bêlehan: 1 jago sing mung dianggo bêlehan; 2 ent. wong sing licik; [x] godhogan: ent. wong jirihan, wong licik; [x] mlite; jago sing ora wani babon; n-[x]-i: 1 mbotohi; 2 ngêjokake jago; [x]-an: jago isih ênom (ut. têtironing jago).
(jagong) :
n-[x] êngg. kn 1 linggih; 2 mara lêlinggihan mênyang ênggone wong duwe gawe; [x]-an kn.lênggahan ki: lêlinggihan nalikane duwe gawe (mantu, duwe anak lsp).
jagra :
(S) kw. ak mêlèk, tangi.
jagrag :
kn 1 sanggan cagak blabag panulisan; 2 sanggan diyan; 3 cagakan potrèt lsp; 4 têkên sanggan kanggo uwat-uwat mlaku (wong sing buntung sikile); 5 ([x]-mu) awakmu! n-[x] êngg. kn: mlaku ut. ngadêg jêjêg abrêgas.
jah :
I êngg. pc. wc: pêjah; [x] kula: pêjah kula (kanggo supata).. II dinjah-njah, diênjah-ênjah pc: didlajahi, ora diurutake.
jaha :
kn ar.wit wohe sok kanggo pulas irêng; jênênge yaiku: [x] kêling, [x] lawe, [x] tunjung.
jahanam :
(A) kn 1 naraka; 2 êngg. kanggo pêpisuh padhane kêparat.
jahat :
I kn 1 bênthèt, rêngka; 2 wis tau nglakoni ala; 3 wis tau lara dadi gampang kambuhane; 4 rêkasa larane. II (M) kn: ala; 2 ala watêke, culika.
jahidu :
(S) kn wong sing wis mungkur marang kadonyan..
jahnawi :
(S) kw 1 kali Gangga; 2 bêngawan, banyu; kc. jinawi.
jahnin :
kw. ak plutane têmbung jahnawi.
jahning :
kw. ak jahnawi.
jaib :
(A) êngg. kn ngeram-eramake.
(jaid) :
n-[x] kn wanguning mripat, ing cêdhak pilingan sêmu nyênthing munggah.
jail :
kn sênêng maeka ing liyan; [x] muthakil; ala atine lan sênêng maeka ing liyan; [x] mringkil pr: wong sing ala atine; n-[x]-i: 1 mialani, maeka; 2 êngg. ngapusi.

--- 78 ---

jais ~ jalma-manungsa.

jais :
(S) kn pêsthi, takdir; ke-[x]: wis pinêsthi ing lêlakon.
jait :
I kn garit, iris; n-[x]: nggarit, ngiris. II tukang [x] (M) êngg; grêji; mên-[x]: ndondomi; pên-[x]: grêji.
jaya :
(S) kw 1 mênang, kamênangan; 2 bêgja, kabêgjan; 3 kuwasa, kasêktèn; [x]-[x]: kamênangan, mêmuji supaya mênang; apês [x]-ne: kalah; sirnaning [x] pr: prakara sing jugar marga paturaning saksi sulaya; sura mrata [x] mrata: sêsumbare wong sing mênang (ing padhalangan).
jayah :
êngg. kn dilalah.
jaya-kawijayan :
kw aji sing njalari ora bisa kalah.
jayandaru :
kn ar.wringin kurung (Yg. Surakarta).
jayanti :
janti.
jaya-wijayanti :
kw aji sing njalari mêsthi mênang.
jayèng :
kw plutane jaya + ing.
jayengan :
kn ar. golonganing abdi-dalêm prajurit.
jayèng-astra :
kn ar. prajurit ing Surakarta.
jayèng-katong :
kn ar. lênga agêming para ratu ut. lênga sing njalari bisa wêruh lêlêmbut (ing padhalangan).
jayèng-sêkar :
kn ar. prajurit jêjaranan.
jak :
I [x]-[x] hir-hir êngg: sabawaning ngabani kêbo. II wc. ajak. III dinjak-njak êngg. pc: diinjak-injak, diidak-idak.
jaka :
kn (jaki êngg. k) 1 bocah lanang sing durung rabi (± umur 16 munggah); 2 sêsêbutane wong sing dadi jêjêring crita ing dongèng-dongèng; jumaka: lagi wayahe jaka.
jaka-bèlèk :
kn ar. lintang warnane abang.
jaka-blaro :
kn ar. manuk.
jaka-bolot :
kn ar. pari.
jaka-jêbug :
kn jaka sing wis tuwa.
jaka kumala-kala :
kn jaka cilik (± umur 15 taun).
jaka-lara :
[x]-rara kn bojo sing kawitan.
jaka-sawur :
kn: ar. sukêt.
jakat :
(S) kn: dana saperanganing barang darbe ut. pamêtune; n-[x]-i: mènèhi jakat.
jakat-badan :
êngg. kn pitrah (jakat ing sasi pasa).
jaka-tuwa :
kn ar. Manuk bngs. bèthèt.
jakat-pitrah :
(A) kn jakat ing sajroning sasi pasa.
jaka-wuru :
kn ar. manuk bangsane guwêg.
jak-jakan :
kn. wc ajak-ajakan (sêmayan); kc. jak, ajak.
jak-e :
êngg. pc jajal, ndang!
jakèt :
(S) kn ar. klambi.
jakim :
(S) kn sap-sapaning naraka sing kapindho.
jaksa, jêksa :
kn juru ngadili prakara; [x] pring sadhapur pr: jaksa sing tunggal kula-warga.
jal :
I [x]-e êngg. pc jajale, jajal. II njal ambêkan pc: unjal ambêkan.
jala :
I (S) kw banyu. II kn. (jambêt êngg. k): jaring sing mawa tampang; [x]-[x]: 1 tali lulang dianggo mbêndhèng kêlir; 2 rajut; 3 sing kaya jala.
jaladara :
(S) kw: (sing nggawa banyu) mêndhung, mega.
jalada :
(S) kw (sing awèh banyu) mêndhung, mega.
jaladri :
(S) kw sêgara.
jaladhi :
(S) kw: (tandhon banyu) sêgara.
jalaga :
kw. ak wadhah.
jalak :
I kn ar. manuk; jênênge: [x] kêbo, [x] mas, [x] urèn, [x] pênyu; kêmbang [x]: kêmbang plasa; [x] mêmpan (bênêre: unjal angêmpan) pr: nyambut gawe saka sathithik; [x] ampir pr: lêlungan mampir-mampir; n-[x] dhindhing: candraning lakune wong wadon; n-[x]-i: kêrêp ngising (tmr. bayi wiwit nusu). II ut. tunggang [x]-an kn: githoking jaran, sapi lsp.
jalak-ngure :
kn ar. dhapuring kêris.
jalal :
(A) kn kamulyaning Allah.
jalan :
(M) êngg. kn 1 dalan; 2 laku, mlaku; 3 payu; 4 sarana; 5 lapisan watu (têtêmbunganing tukang batu); [x]-[x]: mlaku-mlaku.
jalanidi :
(S) kw (tandhon banyu) sêgara.
jalantara :
êngg. kn talangan (bumbungan) dalan banyu sing nglumpati kalèn, dalan lsp.
jalang :
I êngg. kn wuli pari. II êngg. kn: palanyahan.
(jalar) :
I n-[x]-i kn nyêbakake, marakake; [x]-an: 1 mulaning kêdadean; 2 sêbab marga. II n-[x] êngg. kn: nular, mratah (tmr. lêlara).
jalasa :
(A) kn. ak linggih.
jalatarangga :
(S) kw. ak ombak, alun.
jale :
êngg. pc coba, ayo; kc. jajal.
jalèn :
ut. bambu [x] kn wilahan ing nam-naman.
jalêr :
I k lanang. II [x]-[x] êngg. kn: galêr-galêr, bilur.
jali :
I kn ar. têtuwuhan bngs. jagung; [x] kêtan: jali sing enak dipangan; [x] watu: jali sing atos ora kêna dipangan. II n-[x] êngg. kn: njalu mata; kc. jaling, jiling. III (A) kn: padhang, sumorot; impèn [x]: impèn wêdharaning Pangeran.
jalidra :
(S) kw wong asor.
jalidri :
kn bngs. kangkung tuwuh ing dharatan.
jaligêr :
kn ar. iwak loh.
jaling :
kn 1 balung saburining pilingan; 2 ([x]-an, jolang-[x]-an) balung thothoking êndhas kutuk; n-[x] ut.n-[x]-i: 1 nggitik lsp. ing jaling; 2 namakake têtêmbungan nganti agawe wirang (kalah padune lsp); ke-[x]-an: 1 kêtaton ing jalinge; 2 kêwirangan, kalah (ora bisa ngunggahi padune).
jalir :
êngg. ks bedhangan.
jalirih :
êngg. kn thikilan lêmpuyang.
jalisu :
kn ar. wit.
jalma :
kw wong, manungsa; kc. janma.
jalma-manungsa :
([x]-manungsya, [x]-manungswa) br manungsa

--- 79 ---

jalmi ~ jamur.

jalmi :
br jalma.
jalu :
I kn balung nyongat ing cakar jago; nyathak [x] watu pr: nênunggoni njogros. II kw: lanang.
jalu bung alang-alang :
kn jalu irêng ing cakar sing putih.
jalu-godhog :
kn kapal sing lancip.
(jaluk) :
n-[x] n. nêdha k. nyuwun ki (tmr. asor marang luhur) mundhut ki (tmr. luhur marang asor): nglairake pêpenginane arêp ndarbèni ut. arêp nglakoni; n-[x] lawang n. nêdha kontên k: njaluk supaya lawange diwêngakake; njêjaluk: 1 njaluk warna-warna; 2 ngêmis; [x]-an (pundhutan ki): 1 apa-apa sing dijaluk; 2 sênêng njêjaluk; [x]-an ora wewehan pr: gêlêm njaluk, êmoh gênti mènèhi.
jalu-lèpèk :
kn jalu papak (mung mêndhukul sathithik).
jalu-mampang :
kn ar. têtuwuhan bngs. simbar mênjangan.
jalon :
kn wilah gapiting wêlit (atêp).
jalwèstri :
br plutane jalu+èstri (lanang wadon).
jam :
(Prs) kn 1 ak. gêlas, bêling; 2 waktu, wayah; 3 waktu sing suwene 1/24 dina; 4 piranti kanggo nyumurupi waktu; ngê-[x]-i: ngetungi têkaning jam.
jamajuja :
(A) kn ar. setan awujud rasêksa sing diblênggu, ucule besuk kiyamat.
jamah :
I kn ulah lambang-sari; n-[x] ut. n-[x]-i: ndhêmêni; [x]-an: dhêmênan, sêlir. II êngg. kn: cukit wêsi kanggo nglêbokake apyun ing bêdudan.
jamak :
(A) kn lumrah, kaprah; ora [x]: 1 ora kaprah; 2 bangêt; wis [x]-e: wis lumrah; kê-[x]: kêlumrah ing akèh; kc. jêmak.
jamal :
(A) br kaendahan.
(jamala) :
n-[x] kw 1 nggitik, nggêbug; 2 nyêrikake.
jaman :
(S) kn 1 waktu, mangsa sing suwe; 2 abad; dhèk [x]-e: ing nalikane; ora [x], ora makam pr: 1 ora miturut kalumrahaning akèh; 2 ora karuwan asale; ora n-[x]: ora miturut kaananing jaman; n-[x]-i: miturut lakuning jaman.
jaman akir :
(A) kn 1 jaman sawuse urip ana ing donya; 2 ut. akiring [x]: wêkasaning jaman, jaman ing têmbe.
jaman langgêng :
[x] kalanggêngan kn jaman sabakdaning urip ing donya.
jaman pati :
[x] kêpatèn kn jaman nalikane wong wis mati.
jaman rame :
[x] karamean kn: jaman nalikane isih urip ing donya iki.
jamang :
kn 1 rêrêngganing sirah awujud blêngkêran êmas lsp; 2 gèmbèl kuping menco; [x]-an: 1 nganggo jamang; 2 têtironing jamang; 3 blêngkêr sêbulaning suling.
jamas :
ki kramas.
jamba :
kw. ak mbalang. mbuwang.
(jambak) :
n-[x] kn nêkêm rambut, banjur disêndhal; jumambak: lagi kêna dijambak tmr. rambut; jumambak manak, jumêmbêng mêtêng pr: kêrêp manak.
jambal :
I kn 1 iwak daging kaworan gajih; 2 ar. iwak kali; 3 ar. soga jarit Pêkalongan. II n-[x] êngg. kn: nggadho lawuh; dianggo [x]-an: dicamah.
jamban :
êngg. kn pakiwan (padusan ngiras kakus).
jambang, jambaran :
(an) êngg. kn jambangan.
(jambar) :
I [x]-an êngg. kn ngêdhèng, ngêblak; kê-[x]: kawêruhan ing akèh. II [x]-an êngg. kn: jambanagan.
jambat :
kw. ak nglantur.
jambe :
n. wohan k wohe wit pucang sing isih ênom; gêdhang [x]: ar. gêdhang; sêdulur [x] suruh: dudu sêdulur nanging wis manjing dadi sêdulur.; kaya [x] (nom) sinigar (loro, pinaro byak) pr: padha rupane.
jambeyah, jambiyah :
kn bngs. lading (kanggo gêgaman).
jam-bèkêr :
kn jam sing dianggo nggugah.
jambèl :
êngg. kn gombèl mêrak.
jambèt :
I êngg. k 1 jabung; 2 jala; 3 jalu; 4 jambu; 5 jamu; 6 jara; 7 jarak; 8 jaring; 9 jaro; 10 garu. II ma-[x] kw. ak: gumantung, nglawèr.
jamblang :
êngg. kn 1 woh dhuwêt; 2 ar. bathikan.
(jamblik) :
n-[x] êngg. kn 1 cêdhak bangêt; 2 nyangklêg.
jambu :
kn 1 ar. woh, jênênge warna-warna, up. [x] dêrsana, [x] wèr, [x] tlampok lsp; 2 ar. corak ing kêrtu Walanda; n-[x] ks. njindik.
jambuka :
(S) kw. ak asu ajag.
jambul :
kn rambut moprok ing êmbun-êmbunan; kongsi [x] wanên: nganti tuwa bangêt.
jambunada :
(S) kw. ak êmas.
jambon :
kn 1 abang ênom; 2 ar. wit; 3 ks: gêmblakan; kc. jambu.
(jambor) :
[x]-an êngg. kn campuran; kc. cambor.
jamjam :
I kw. ak sarèh, têntrêm. II (A) kn: banyu tuk ing Mêkah; kc. janjam.
jam-gantung :
[x]-teplok, [x]-tembok kn jam gêdhe digantungake ing tembok lsp.
jam-gêlang :
[x]-tangan kn jam cilik diêtrap ing ugêl-ugêl.
jamhur :
kn pinunjul ing kawruh.
jam-kandhutan :
[x]gembolan kn jam cilik sing dikandhut; kc. arloji.
jam-loncèng :
kn jam gêdhe sing mawa klinthing.
jam-manuk :
kn jam gêdhe sing muni: kuk-kuk!
jamu :
n. jampi k. loloh ki tamba sing panganggone sarana dipangan ut. diombe; mutah [x]-ne pepe pr: wong lanang sing ilang kadayane; jêjamu: migunakake jamu; njamoni: namakake jamu.
jamuga :
(S) kw. ak wasana, kêdadeyane.
jamur :
kn 1 bngs. têtuwuhan tanpa godhong uripe ngrusuhi barang liyane; 2 ent. êngg. pamêtu sajabaning blanjane sing mêsthi; [x] tuwuh ing waton pr:

--- 80 ---

jamus ~ (janthok).

kabêgjan sing ora kêna ginayuh; arêp [x]-e êmoh watange pr: arêp kapenake, êmoh rêkasane; n-[x], [x]-ên: kêtuwuhan jamur; [x]-an: 1 wangune kaya jamur (paku, topi, lsp); 2 dolanan bobah.
jamus :
kn lamus.
jampang :
I kn ar. bngs. sukêt rawa. II n-[x]-i kn: ngrêksa saka kadohan; jêjampangan êngg: brandon dêdagangan sêsidhêman.
jampès :
kn bngs. tumaning kewan.
jampêl :
I kn blêbêd dhêngkul. II kn: 1 satêngah reyal; 2 êngg. rupiyah.
jampêng :
ks 1 budhêg; 2 ora cumêngkling tmr. dhuwit.
jampi :
k 1 jamu; 2 tamba.
jamprah, jamprak :
kn 1 dawa sarta kêtêl tmr. wulu (rambut) ing buntut; 2 diingu nganti dawa tmr. rambut; kc. jlamprah.
jamprit, jamprut :
êngg. kn katon gagah abrêgas.
jamprong :
êngg. kn katon gagah abrêgas; kc. jlamprong.
jamrut :
kn bngs. intên warnane ijo; kc. jumêrut.
jam-wèsmistêr :
kn jam kaya lêmarèn diêdêgake.
jan :
êngg. kn 1 murni; 2 nyata, pancèn; [x]-e, sa-[x]-e, [x]-[x]-an: têrang-têrangan, sah-sahan.
jana :
I (S) kw wong, manungsa, cs. 1; n-[x]: nitis dadi manungsa. II pc. wc: aja ana.
janah :
I kn gênah, têrang. II kn. jênat.
janak :
kn kayu gilig dawane sakilan prabot dolanan bênthik.
janaloka :
(S) kw (panggonaning manungsa) jagat, donya.
janapada :
(S) kw 1 batur; 2 padunungan, donya.
janapriya :
ka-[x] (S) kw (tinrêsnan ing manungsa) misuwur.
janardana :
(S) kw Bathara Wisnu.
Janawari :
(W) kn sasi Walanda sing kapisan.
janawi :
kw kc. jahnawi.
jandika :
wc jêngandika (panjênêngan).
janjam :
(A) kn ar. tuk ing Mêkah; banyu [x]: banyu suci ing sumbêr janjam, kc. jamjam.
janjan :
[x]-kuning kn sêmu kuning tmr. ulêsing jaran.
janjang :
I kn 1 lêncir; 2 dawa tmr. gulu. II kn: dhompolaning krambil ut. salak.
janjean :
kn sêmayan, saguh-sinaguhan; kc. janji.
janjèhi :
di-[x] pc (dijanjèni) 1 disaguhi; 2 dikudokake nêtêpi janji; kc. janji.
janjèn-janjènan :
kn padha dene saguh arêp nêtêpi janji; kc. janji.
janji, jangji :
kn 1 (ut. pra-[x]) saguh arêp nêtêpi kasaguhane; 2 kasaguhan; 3 (ut. [x]-ne anggêre, watone; 4 pc. sabên; 5 watêsing urip; tumêka ing [x]: 1 têkan ing waktu kasaguhane; 2 mati; di-[x]: dikudokake nglakoni kasaguhane; [x]-an êngg: janggêlan tmr. têtuku; pra-[x]: kc. janji 1; pra-[x]-an: 1 bêdhamèn; 2 padha sarujuk arêp nêtêpi; 3 golonging rêmbug sing tinalèn ing kasaguhan.
janjras :
êngg. kn sarwa bêcik (tmr. rupa, pawakan).
jandhu :
kn bngs. kêndhêla.
jandhuman, jandhoman :
êngg. kn lungguh omong-omongan; kc. jadhum.
jandhon :
ut. [x]-an êngg. kn kalah nanging ora gêlêm mlayu tmr. jago tarung; 2 nglurug omong-omongan.
jane :
êngg. pc: 1 sanyatane, sabênêre; 2 pancène; kc. jan.
jani :
êngg. kn opah marang dhukun; kc. ujani, wêjani.
janma :
(S) kw manungsa, wong, cs. 1; kc. jalma; [x] mati murka pr: cilaka marga kamurkane; bisa tata [x]: bisa gunêman sacaraning manungsa; [x] mara [x] mati, sato mara sato mati: wingit bangêt; man-[x]: nitis dadi manungsa.
janu :
(S) kw panah, gêndhewa.
janur :
kn 1 blarak ênom; 2 (balung [x]) balung ênom êlêt-êlêt bolonganing irung; 3 (wêsi) [x] wêsi wilahan tipis sarta lêmês; [x]-an: 1 wêsi wilahaning graji; 2 kamus mawa cathokan, èpèk.
janur-gunung :
kn (wngs) kadingarèn.
Januwari :
(W) kn sasi Walanda kang kapisan.
jantaka :
(S) kw cilaka.
jantar :
êngg. kn janglar, bênthèt.
jantèn, jantènan :
kn jagung ênom.
jantên :
kn 1 payon eyub-eyube prau cilik; 2 êngg. k. jaro.
janti :
kn ar. têtuwuhan; kêmbang [x]: ar. ulês jaran saèm. dhawuk.
jantu :
kn bumbu (adon-adon) jamu lsp; njantoni: mbumboni jamu lsp.
jantung :
kn 1 peranganing jêroan sing dadi pusêr lakuning gêtih; 2 kêmbang gêdhang satlakupane; cinancang ing [x]: ditrêsnani bangêt.
jantur :
I ut. [x]-an kn bngs. ulapan, gêndaman; n-[x]: nyulap. II n-[x] kn: nggantung; 2 nggantung jangkrik sarana kasindhêt suthange; 3 êngg. nggantung godhong têmbako ing dholog pamepean; [x]-an êngg: dholog (pring) sing dianggo nyanthèlake godhong têmbako ing gudhang. III n-[x] kn: nyandra (nyritakake) sêsipataning wayang binarêngan gamêlan lirih (padhalangan); [x]-an: crita (candra) ing wayang sing lagi mêtu.
janton :
kn bumbu adon-adon; kc. jantu.
jantra :
kn 1 rodha, glindhingan, mêsin; 2 pangantihan; 3 uga jinantra: rodha sing diubêngake nganggo kakuwataning banyu; salaku (solah) [x]-ne: satindak-tanduke; ora ngubêngake [x] kêtêkan wong edan pr: kêdhayohan ing wong banjur ngujar-ujari.
(jantrung) :
n-[x] kn nggêglêg, mênêng bae tanpa krêkat.
(janthok) :
n-[x] êngg. kn lungguh ndhêpèpèl; kc. jathok.

--- 81 ---

jangan ~ (japlak).

jangan :
kn ar. lêlawuhan nganggo ampas sarta duduh; manis [x]: ar. wit klikane wangi lan lêgi; ula [x]: ar. ula ora mawa wisa; n-[x]: kêlan, olah jangan; n-[x]-i: nylamêti bayi; n-[x]-ake: adol barang mas-intên rêrikatan; [x]-an: 1 (ut. jêjanganan) sayuran, gêgodhongan sing kêna dipangan; 2 gudhangan, kuluban; 3 barang mas-intên sing dijanganake; bocah kurang [x]-an pc: kurang ganêp pikirane.
jangan-jangan :
(M) êngg. pc yèn kurang kêbênêran, ...
jangji :
kn kc. janji.
jangên :
êngg. kn jêr.
(jangês) :
n-[x] kn irêng gilap.
jangêt :
I kn tali lulang; kaya [x] kinatêlon: (jangêt dirangkêp têlu) sêntosa bangêt; n-[x]: 1 gawe jangêt; 2 nalèni nganggo jangêt; 3 mluku sawah wiwit ing têngah banjur mubêng.
jangga :
I kc gulu. II kw: gadhung.
janggal :
êngg. kn 1 wangkod, ora nurutan; 2 kau, wagu, kaku tmr. ukara; kc. banggal.
janggama :
(S) kw. ak dating urip, ngaurip.
janggan, jêjanggan :
kw saèm. cantrik.
janggar :
êngg. kn 1 kêtuwan nganti padha thikil tmr. pari; 2 jagoan (jago cilik).
janggelan :
kn ar. sukêt.
janggêl :
I kn 1 atèn-atèn jagung; 2 (ut. [x]-an) balung buntut tmr. jaran lsp; [x]-an êngg. k: jagung; ke-[x]-an: ngêthok buntut jaran nrajang ing janggêle. II n-[x]-ake: ngêdol isih nganggo janggêlan; [x]-an: durung têtêp, isih nganggo janji.
(janggêt) :
n-[x] êngg. kn krakêt, nèmplèk.
janggir :
êngg. kn gudèl lanang; kc. jagir.
janggitan :
kn: ar. mêmêdi (dhêmit).
jangglêng :
kn woh jati; n-[x]: ndêdêlêng ora obah-obah; [x]-an êngg: wit jati ênom (lagi mêntas ditandur).
janggut :
kn. kêthêkan ki: peranganing rai sangisoring cangkêm; asuku jaja, atêkên [x] pr: nggolèki apa-apa direwangi ngulandara mênyang êndi-êndi; n-[x]: 1 mênêt nganggo janggut; 2 ngêlus janggut; 3 cêdhak bangêt, nyangklêg.
janggol :
êngg. kn 1 kuli pancèn marang kalurahan, sing luput ing aradan liyane; 2 wong sing kawajiban nyambut-gawe gugur-gunung; dianggo [x] pc: mung dianggo lamis bae; n-[x]: lungguh (ngadêg) ora mingsêt-mingsêt (ngêngêntèni, ngadhang-adhang, ngrêrungokake wong rêmbugan); [x]-an: 1 sawah (têgal) pakulèn; 2 bngs. prau cilik; 3 kayu ing meja kêmasan dianggo landhêsan ngikir.
(janggrêng) :
n-[x] kn katon gêdhe; kc. jênggarang, jênggêrêng.
janggrung :
I (ut. [x]-[x] kn gêdhe lan sêntosa; kc. jlanggrung. II (ut. [x]-an) kn: saèm.nayuban, nanging tlèdhèke barangan, wong sing mbayar kêna ngibing; n-[x]: ngibing tlèdhèk ing janggrungan.
jangka :
kn 1 ar. piranti nganggo sikilan loro dianggo gawe cakran lsp; 2 êngg. piranti kanggo ngrajang têmbako; 3 sêdya, pangarah; 4 pêpêsthèning lèlakon; 5 wêwêcan: lambang [x]: wêwêcan awujud pralambang; n-[x]: 1 migunakake jangka (1,2); 2 mêngarah, duwe pangangkah; 3 mêsthèkake lêlakon; 4 mêca.
jangkah :
kn 1 antara tumapaking sikil; 2 ent. panjangka, pangarah; amba [x]-e: ent. 1 akèh sing dijangka; 2 bisa nuruti sing dadi jangkane; n-[x]: 1 ngayati mlaku; 2 njangka, ngarah; [x]-an; sikile njangkah tmr. wayang (dudu bokongan).
jangkang :
kn 1 woh kêpuh; 2 bngs. jamang wangune tanggalan; [x]-an: bngs. topi wangun tanggalan kanggo yèn nuju dhinês; rêmbulan jumangkang: rêmbulan tanggal nom.
jangkar :
I kn cawangan wêsi kanggo gondhèlane prau labuh; buwang [x]: labuh (tmr. prau); bêdhol [x]: mancal lêlayaran. II n-[x] kn: anggone ngundang (nyêbut) mung jênênge cilik ut. ora kapratelakake sêsêbutane.
jangkêp :
k ganêp.
jangkung :
kn 1 ar. manuk bngs. wulung; 2 êngg. lêncir; 3 ar. dhapuring kêris; n-[x], n-[x]-i njampangi, mêmanuki (ngrêksa saka ing kadohan).
jangkrik :
kn ar. kewan bngs. gangsir sok diêdu; kaya [x] mambu kili pr: muring waringutên.
jangkrik-genggong :
kn ar. gêndhing.
jangla :
kn 1 ora antêpan, ora tlatenan; 2 sênêng mbladhak mangan têtanduran tmr. raja-kaya..
janglar :
kn 1 bênthèt, rêngka; 2 ent. enggal pisah pamitrane.
janglaran :
engg. pc jalaran.
(janglêng) :
n-[x] êngg. kn njangglêng, mêndongong.
janglot :
kn ar. têtuwuhan.
(janguk) :
n-[x] êngg. ks thêthênguk nganggur.
(jangur) :
I n-[x] êngg. kn 1 ngrakit balungan omah sadurunge diêdêgake; 2 thêthênguk dhêlêg-dhêlêg; kc. janguk; di-[x]-ake: dilêmparake, dilêntharake. II kn: ar. dina ing sanga-wara.
(jangus) :
n-[x] êngg. ks njanguk, njagur.
jauh :
(M) êngg. kn adoh; kc. mêrjauh.
(jauk) :
n-[x] êngg. pc. njaluk.
(jaul) :
n-[x] êngg. kn mbathi, ngêlongi dodolan, olèh bathi saka kêkèrèning dodolan.
japa :
kn. (êngg. k. japi): donga dianggo nênambani lsp; dijapani: didongani supaya mari lsp.
japa-mantra :
kn donga dianggo nênambani lsp.
japan :
I kn kutha Majakêrta ing jaman biyèn; kênong [x]: kênong gêdhe. II kn: Jêpang.
japana :
kn ar. godhong kêna dianggo tamba êntup-êntupan.
japi :
êngg. k japa.
japit :
kn piranti dianggo mènèt; n-[x]: mènèt nganggo japit.
(japlak) :
n-[x] êngg. kn 1 mbêndhèng amba tmr. ikêt-ikêtan; 2 nyaprang tmr. brêngos;

--- 82 ---

(japlèk) ~ jasmani.

3 (ut. njaplèk) cêdhak bangêt; 4 (n-[x] êndhas) ngênêtake êndhas sarana kapênêt gulune.
(japlèk) :
êngg. kn kc. japlak 3.
(japrèt) :
n-[x] êngg. kn cingit-cingit (tmr. rambut, sukêt lsp).
(japrit) :
kc. japrèt.
(japrut) :
n-[x] êngg. ks mbêsêngut, pêtêng ulate.
jar :
I [x]-e, jarene pc ujare, kandhane; ma-[x]-ake br: ngandhakake, nyritakake; pa-[x]: wêwarah; pa-[x]-an br: pamulangan; di-[x]-ake êngg: diênêngake bae. II (S) kn: yat (Yard) = 0,9144 m.
jara :
I (S) kw tuwa. II kn: piranti kanggo nguncêgi, bur; di-[x]: diêbur.
jarae :
êngg. pc karêbèn, ya bèn.
(jarag) :
n-[x] kn 1 nêmaha, pancèn sinêdya; 2 (ut. [x]-an) kanthi sinêdya; 3 dhasar, mula wis mêngkono, up. aku mono n-[x] ([x]-an) wong mlarat.
jarah :
I kn kêsit, ora tutut. II di-[x] kn: dirêbut; di-[x] rayah: dirêbut lan dirayah; [x]-an: olèh-olèhane njarah. III n-[x] ut. njêjarah êngg. pc: jiyarah, tirakat mênyang papan sing kramat.
jarak :
kn ar. wit wohe ana sing kêna digawe lênga; tunggak [x] mrajak, tunggak jati mati pr: turune wong cilik dadi gêdhe, turune wong luhur dadi asor; ora karuwan [x]-e pc: ora karuwan alurane tmr. sêduluran; êntèk [x]-e: (êntèk lêngane) êntèk kasugihane ut. nalare; mati [x]-e: 1 mati rêjêkine; 2 turune padha dadi wong cilik; n-[x]-i: 1 milangi nganggo woh jarak; 2 mbincili, mêthèk bêgja-cilakaning wong; [x]-an: ar. ulêsing bèbèk.
jaran :
n. kapal k. titihan ki ar. kewan raja-kaya kalêbu kewan nusoni atracak wungkul; [x] kêrubuhan êmpyak pr: kanji marga wis tau ngalami sangsara; kaya nunggang [x] ebeg-ebegan pr: bungah bangêt; omah sadhuwuring [x] pr: ngraman; n-[x]-n-[x] kn: mlayu-mlayu kaya jaran; [x]-an: 1 têtironing jaran; 2 dolanan ngemba-emba jaran; 3 (ut. n-[x], jêjaranan) nunggang jaran.
jaran-dhawuk :
kn 1 ar. lintang; 2 ar. lurik warnane dhawuk.
jaran-guyang :
kn ar. aji dianggo nggunani wong wadon.
jaran-kepang :
kn têtironing jaran sing digawe kepang kanggo jathilan lsp.
jaran-panolèh :
kn ar. aji marahi ngolèhake kasugihan.
jarang :
êngg. kn 1 arang-arang; 2 panggarangan; 3 ar. wadhah sing digawe blarak; 4 wedang; n-[x]-i pitik: medangi pitik arêp dibubuti wulune.
jarapah :
(S) kn ar. kewan bngs. unta.
jarat :
(A) kn. ak kubur; [x]-an: kuburan, kramatan.
jare, jarene :
n. criyosipun k miturut kandhane; kc. jar.
(jarêm) :
n-[x] kn tansah krasa lara (mêntas diantêm lsp).
jari :
I kw driji. II êngg. kn: bngs. jaring cilik.
jariji :
kw driji.
jarijwa :
br: jariji (driji).
jariyah :
(S) kn. ak pandhêdhêran.
jarik :
êngg. pc jarit.
jaring :
kn 1 ar. piranti sing digawe rajut gêdhe dianggo golèk iwak, manuk lsp; 2 rajutan klamat kêmangga; n-[x]: migunakake jaring; bisa n-[x] angin pr: kc. angin; [x]-an: 1 usus; 2 ent. jêroan (watak).
jarit :
1 n. sinjang k. nyamping ki. bêbêd, tapih; 2 (ut. jêjarit, jaritan) êngg. gombal; 3 êngg. slendhang; [x] lungsêt ing sampiran pr: kapintêran sing ora diêcakake mêsthi ilang.
jarit-amba :
n. sinjang-wiyar k bêbêd ut. tapih.
jarit-kadèn :
n. sinjang-kadèn k jarit ciyut dianggo slendhang ut. kêmbên.
jarna :
êngg karêbèn, ya bèn.
jarnih :
kw bêning.
jaruh :
kn 1 wis wanuh bangêt; 2 kisruh, dadi giras; 3 kawruhan ing akèh; n-[x]-i: ngrigoni.
jarum :
kn 1 dom; 2 tudinging jam lsp; n-[x]-i: 1 ndondomi; 2 madokake rêmbug tmr. wong lanang karo wong wadon; [x]-an: 1 dondoman; 2 jomblang sing nggathukake wong lanang karo wong wadon.
jarupih :
kn. ak upih.
jaro :
kn 1 cagaking pagêr; 2 (pagêr [x]) êngg. pagêr pring ing pakarangan; 3 êngg. lurah desa.
jaroh :
êngg. pc: jaruh.
jarong :
kn ar. wit.
jarot :
kn 1 sêrating asêm, pêlêm lsp; 2 wulêd, kêngkêng tmr. badan.
jarwa :
kn 1 katêrangan têgêsing têmbung kawi; 2 (layang [x]) dudu kawi, kanggo basa Jawa sing lumrah; kurang [x]: kurang têrang (barès); matur sa-[x]: matur barès; [x]-ne: 1 têgêse; 2 gênahe, têrange; dijarwani, dijarwakake: ditêrangake, ditêgêsi.
jarwa-dhosok :
kn katêranganing têmbung kawi mung dipiyagah.
jarwa-suta :
kn jarwa-dhosok.
jarwi :
êngg. k jarwa.
jas :
(S) kn klambi lanang (potongan Walanda).
jas-bukak :
n. jas-bikak k jas sing ing dhadha bukakan.
jasa :
I (S) kn lêlabuhan, panggawe bêcik. II êngg. kn: bngs. wêsi putih; kc. rêjasa.
jasad :
(S) kn 1 badan; 2 kaananing maujud; ke-[x]: 1 (klêbu ing jasad) kêpangan; 2 manjing dadi sêdulur.
jasadi :
(S) kn mungguh ing badan.
jasbèn :
(W) kn jèsbèn, musikan.
jas-jis, jas-jus :
êngg. pc ora tumanja, ora tlatenan (tmr. panggawean).
jasêm :
kn ar. wit.
jasmani :
(S) kn 1 mawa badan; 2 wadhag; kb. rohani.

--- 83 ---

jas-tutup ~ jèjèr.

jas-tutup :
kn jas sing ing dhadha tutupan.
jat :
kn. ak dat.
jata :
kw gêni; cs. 3.
jatah :
êngg. kn 1 (ut. [x]-e wis dhasare; 2 mula dhasar nyata; 3 pancèn; 4 (ut. n-[x] wis kêbacut duwe kamanuhan (ala); di-[x]: dipatah.
jatarupa :
(S) kw êmas.
(jat-jêt) :
wis n-[x]-n-[x] pc wis duwe rasa arêp tumandang.
(jat-jit) :
n-[x]-n-[x] pc gonjit, obah gonjing.
jatèn :
ut. pêjatèn n alas jati; kc. jati.
jatên, jatêng :
êngg. kn pancèn kêbangêtên.
jati :
I (S) kn nyata, tulèn; sa-[x]: sanyata, satêmêne, tulèn; dijatèni: diblakani, ditêrangake nyatane. II n. jatos k: ar. wit kayune dianggo dandanan warna-warna; [x] kêtlusuban luyung pr: 1 kêlêbon têlik; 2 kabêcikan sing kêlêbon piala.
jati-ngarang :
kn naga sing rumêksa keblat; 2 bngs. jodhang pêsagèn kanggo wadhah ajat dalêm.
jatmika :
kn tansah nganggo tata-trapsila tmr. kalakuan.
jatu :
êngg. kn jantu.
jatuh :
I (M) kn (tiba) bangkrut, bobrok. II n-[x] êngg. kn: wis kêbacut duwe kamanuhan ala.
jatukarma :
kw. ak kc. jatukrama.
jatukrama :
kw bojo.
jatukrami :
kw bojo.
jatoh :
êngg. pc jatuh.
jatos :
k jati.
jatya :
(S) kw nyata, sajati.
jatha :
(S) kw 1 rambut, gimbal; 2 siyung, untu; pari jatha kn: 1 ar. têtuwuhan; 2 ar. lagu têmbang sinom.
jathadhara :
(S) kw (arambut gimbal) mêrtapa, matiraga.
(jathak, jathèk, jathêk) :
n-[x] êngg. pc njanggol.
jathara :
(S) kw 1 wêtêng.
(jathil) :
n-[x] kn njogèd nunggang jaran kepang; [x]-an: ar. tontonan jêjogèdan nganggo nunggang jaran kepang.
(jathuk, jathur, jathus, jathok, jathos) :
n-[x] êngg pc 1 njanggol; 2 nyangklêg, cêdhak bangêt.
(jathok) :
n-[x] êngg. kn 1 nglakoni ayahan jaga ing; 2 kc. janthok, jathuk.
jawa :
1 kw. juwawut; 2 n. jawi k. 1 ar. pulo (basa, bangsa) ing kapuloan Sundha-gêdhe; 2 dudu asal ngamanca (lumrah, para, kurang aji), up. gula [x], sabun [x] lsp; durung [x]: durung mangêrti karêpe; njawani: tindak-tanduke kaya wong Jawa; njawakake: nyalin ing basa Jawa; kêjawan: 1 tanah sing isih rada kawêngku ratu Jawa (Surakarta, Ngayogyakarta); 2 palêmahan desa sing durung kasewakake marang kabudidayan.
jawab :
(A) kn 1 wangsulan; 2 panêmbung; n-[x]: 1 mangsuli; 2 nêmbung; 3 ngrasani; tanggung {x}: nanggung ala-bêcike.
jawah :
k udan.
jawal :
êngg. kn rada edan, kurang ajar.
jawan :
I kn 1 ar. sukêt; 2 rêrêngganing kêris ing mêndhak.. II (ut. kêjawan): kc. jawa.
jawar :
kn ar. wit.
(jawat) :
n-[x] kn 1 nyêkêl, nggêpok; 2 nêmbung (mbalang sêmu) ngajak bedhangan; n-[x] tangan, [x]-an tangan: salaman, têtabikan; pan-[x]: 1 êlar ing pucuking suwiwi; 2 prajurit sing dumunung ing pinggiring barisan.
jawata :
(S) kw dewa.
(jawèl) :
n-[x] êngg. kn linggih (ngadêg) mêndongong.
jawèn :
I kn jaban; kc. jaba. II k: jawan (kêjawan); kc. jawa. III êngg. kn: sapi isih ênom; jawi III.
jawès :
kn rambut ing sangisoring lambe ngisor (têngah bênêr).
jawèh :
I k udan.
jawi :
I k jaba. II k: jawa. III (ut. jêjawi) kn: banthèng, sapi alasan.
(jawil) :
n-[x] kn 1 nyenggol nganggo driji (arêp nyasmitani lsp); 2 ngandhani, awèh wêruh; pidak sikil [x] mungkur pr: kêkêthikan, sêmayan; [x]-an: ulêman.
jawuh, jawoh :
êngg. k udan.
je :
I êngg. pc 1 jare, kandhane; 2 kanggo ngantêpake surasa, up. aku je! II (Prs) kn: ar. taun kang kapat ing windu.
(jèbèh) :
n-[x] êngg. kn mawa sinthingan dawa amba (ikêt-ikêtan); [x]-an: sinthingan njèbèh.
(jèbèr) :
di-[x] êngg dibèbèr.
jèbèt :
ut. [x]-an êngg. kn watêsing alas karo patêgalan.
(jèblèk) :
wêsi [x]-an êngg wêsi blebekan.
(jebung) :
[x]-an êngg. kn srawungan, mêmitran.
jebor :
kn siwur gêdhe garane dawa; n-[x]: 1 êngg. ngêjogi banyu supaya suda kênthêle; 2 nyampur malam sing arêp dianggo mbathik; [x]-an: malam sing wis dicampur.
jebot :
êngg. kn rêkasa, kangèlan.
(jèbrèng) :
n-[x] êngg. kn njèrèng, njèmbrèng.
jèbrès :
kn rambuting kewan ing cangkêm; n-[x]: 1 mawa rambut; 2 brêngos dawa mbêngkêluk.
(jebrot) :
n-[x] êngg. kn gêdhe bangkèkane tmr. bocah wadon.
jèd :
kn mati.
jèdèng, jêdêng :
ks mati
(jèjèg) :
I n-[x] kn. saèm. njojog tmr. lakuning jaran. II n-[x], [x]-an êngg. kn: pintêr.
jèjèr :
ut. [x]-[x] kn 1 nunggal salarik; 2 lêlarikan, jèntrèk-jèntrèk; n-[x]: nata lêlarikan; n-[x]-i: 1 nyandhing sarta jèjèr; 2 madhani, nimbangi.

--- 84 ---

jèjèr-wayang ~ jèpèt.

jèjèr-wayang :
kn jèjèr lêlarikan kaya wayang disimping.
jedok :
pc 1 wedok; 2 cupêt tmr. manah lsp.
jèdhèng :
êngg. kn ênom bangêt.
jèdhi :
êngg. kn jadhi.
jedhor :
I êngg. kn 1 bngs. bêdhug; 2 (ut. [x]-an) jêjogetan nganggo têtabuhan jedhor. II n-[x] êngg. kn: kandêl tmr. lambe.
jèg :
di-[x]-i kn diêsur ênggone (ut. pangkate).
(jegal) :
n-[x] kn 1 nibakake sarana nggèrèd sikil; 2 nyêngkolong ginêm, nyrekal.
jegan :
êngg kc. jegang.
jegang :
kn linggih sikile sing siji tumapak (klêbu murang tata).
(jègèg) :
n-[x] êngg. kn 1 gumun; 2 nggumunake.
(jègèn) :
n-[x] êngg. kn mbagèhi.
(jeglug, jeglok) :
n-[x] êngg. kn dheglog, pincang.
(jegung) :
di-[x] kn dijegal sarana tampar lsp.
(jegong) :
n-[x] êngg. kn linggih; kc. jagong.
jegos :
ks bisa.
jegrang :
kn kurang dawa (kêdhuwurên) tmr. bêbêdan ut. kathok; kc. jigrang.
(jègrèg) :
n-[x] êngg. kn ngadêg jêjêg; kc. jagrag.
jegros :
êngg. ks bisa; kc. jegos.
jèh :
I wc lènjèh; wong wadon [x] ks: palanyahan. II pc: isih; kc. jih. III ut. jehan êngg: jêrnèh, jênèh.
(jèhèh) :
n-[x] êngg. kn linggih ing papan sing dudu mêsthine; kc. jêgèl.
jèk :
I êngg. pc isih. II di-[x]-(i) êngg. pc: diajak. III di-[x]-ake êngg. pc: dipijèkake, dipilih. IV di-[x]-[x]-ake êngg. pc: diaji-aji. V wis [x]-e êngg. pc: wis mêsthi, pancèn mula mêngkono, kc. jèkman, jèk-mula.
jèkman, jèk-mula :
êngg. pc wis mêsthi, pancèn mula mêngkono.
jèlèh :
kn pinggiring tlapukan abang sarta ngêmu banyu (lêlaraning mata).
jèlès :
kn jèlèh.
jelung :
ut. [x]-an kn dolanan umpêtan; kc. jêmbelung, jethung.
jelung-èdhèr :
kn jelungan ora nganggo ndhêlik.
jelung-umpêt :
kn jelungan sarana ndhêlik.
jelok :
êngg. kn jengkol.
jèmbès :
kn rèmbès (lêlaraning mata).
jèmbèt, jembit :
êngg. kn 1 njaluk lèrèn sêdhela tmr. dolanan, main lsp; 2 (trima [x]) ora gêlêm, suthik, rumasa ora kêconggah; kc. jêmbelit.
jèmblèk :
kn 1 mblobok ngêmu banyu tmr. mata; 2 luluh lan krakêt ngênêg-ngênêgi; 3 êngg. kêntekan akal; 4 êngg. ora olèh gawe, ora dadi ênggone iksamên lsp.
(jèmblêm) :
n-[x] kn 1 sêsipataning praèn sing ora ramping; 2 mênêng bae tanpa omong-omong (kaya wong bodho bangêt).
jembrak :
kn rembyak-rembyak tmr. suri lsp.
(jèmbrèng) :
di-[x] kn dijèrèng (godhong têmbako lsp).
(jèmbrèt) :
n-[x] êngg. kn ngunèkake kèlèk sarana kalêbonan tangan banjur katangkêbake.
jèmèh :
kn 1. ar. mainan nganggo kêrtu cilik; 2 êngg. kalah, mati.
jèmèk :
êngg. pc jêmèk.
jèmpèr :
êngg. kn jimpe, cape.
jempo :
êngg. kn jêmpo.
jempor :
êngg. kn cape, epor; kc. jêmpor.
jendral :
(S) kn panggêdhening prajurit; Gupênur [x], Gurnadur [x]: pangkat sing luhur dhewe sing ngêrèh tanah jajahan; kêtela [x]: kêtela puhung.
jènjèk :
êngg. pc kalah.
jènjènan :
pc ijèn-ijènan.
jènjèt :
êngg. kn dhêdhaking jagung, kuliting jagung saglintir; n-[x] matane êngg: mêndêlik (amba) matane.
jendhol :
êngg. kn jêndhol.
jene :
êngg. kn jare, jarene.
(jènèd) :
n-[x] êngg. kn bagus.
(jèni) :
I di-[x] pc diajèni. II di-[x] pc: diajèni.
(jentol, jêntol) :
n-[x] kn abuh mêntas dicokot lêmut lsp.
jèntrèh :
kn kc. jlèntrèh.
jèntrèk :
ut. px]-[x]: thèrèk, jèjèr lêlarikan.
jènyèk :
êngg. kn kalah.
(jèngèk) :
n-[x] kn êndhase ndêngangak arêp ngungak lsp.
(jèngèr) :
n-[x] êngg. kn ndêngangak sêmu umuk (gumêdhe).
(jènggèl) :
n-[x] kn 1 mumbul (tangi) sêthithik êndhase; 2 eling tmr. sêmaput; golèk [x]: golèk yèn disèlèhake mêsthi njènggèl.
jènggèr :
êngg. kn jènggèr.
(jèngglèh) :
n-[x] êngg. kn katon cêtha (dièglèhake).
(jenggo) :
n-[x] êngg. kn mênêng ora gunêman.
jenggot :
kn. gumbala ki rambut ing janggut; [x]-an: nganggo jenggot.
jenggot-wêsi :
kn ar. têtuwuhan.
(jengkang) :
êngg. kn kc. jêngkang.
jèngkèl :
kn 1 mangkêl sarta grêgêtên; 2 êngg. nêpsu, muring.
jèngkèng :
kn 1 sikile nêkuk dhêngkule ditapakake; 2 êngg. ndhodhok (sikile jinjit).
jèngkèr :
êngg. kn kandha; di-[x]-ake: dikandhakake, dijlèntrèhake.
jèngklèk :
ut. [x]-[x], jengklak-[x] êngg. kn jêjogètan jingklak-jingklak.
jengkol :
kn ar. wit wohe mambu ora enak; [x]-ên: lara nguyuh (marga kakehan mangan jengkol).
jèpèk :
êngg. kn kc. jeple, jèplèk.
jèpèn :
kn bngs. jali kêtan.
jèpèt :
kn ar. iwak loh.

--- 85 ---

(jeple) ~ jêjêg.

(jeple, jèplèk) :
n-[x] êngg. kn gampang kasumurupan.
jèr :
I (A) kn ar. sandhangan ing sastra Arab. II ngê-[x]: 1 ngluluh sarana diobong; 2 nyuwèrake barang kênthêl sarana banyu lsp; [x]-[x]-an: apa-apa sing wis diêjèr.
jèr-jèran :
kc. jèr.
jère, jèrèke, jèrèn :
êngg. pc jare, jarene.
(jèrèng) :
n-[x] kn 1 nggêlar, njèmbrèng; 2 ent. njlèntrèhake, mahyakake prakara sing kinêkêr; 3 ngubêtake pamêtune supaya bisa kêcukup kabutuhane.
jès :
kn pêpindhan swaraning rèk murub; ngê-[x]-ake: ngêrèkake.
jèsbèn :
kn musikan; kc. jasbèn.
jetun :
kn jaetun.
jèthêk :
êngg. kn lêthêk, rêgêd.
(jethung) :
[x]-an kn jelungan, jêmbelungan.
(jèwèr) :
n-[x] kn narik kuping.
(jêbabah) :
n-[x] kn 1 sumèlèh tangane dijênggarake; 2 katon rowa (gêdhe).
jêbad :
I (A) kn dhèdhès, wêwangi; di-[x]-i: diblonyo nganggo lênga jêbad. II êngg. kn: bêjad, bujad.
jêbag :
I êngg. kn bngs. layah; kc. jobag. II êngg. kn: jêplakan pasangan manuk. III êngg. kn: tuwa, kasèp anggone omah-omah; kc. jubag.
(jêbamblang) :
[x]-an êngg. pc akèh bangêt.
(jêbèbèh) :
n-[x] kn katon malang amba lan dawa.
jêbèng :
êngg. kn panyêbut marang bocah (thole, dhenok, ênggèr).
jêbèr :
kn 1 wêsi piringan kanggo êlêt-êlêt gathuking sêpur siji lan sijine; 2 n-[x]: mawa pinggiran amba lan mlêngkung (tmr. lambe, irung lsp).
(jêbêbêg) :
n-[x] kn 1 rasaning wêtêng kaya kêbak; 2 ent. mangkêl.
jêbên :
kn lagi sênêng-sênênge; [x] bêbêd: bocah lanang umur 8, 9 taun; [x] sruwal: bocah lanang umur 5-6 taun; [x] tapih: bocah wadon umur 6-7 taun.
jêbêng :
I kn 1 gombyokan lawe; 2 (lawung [x]) tumbak nganggo gombyok (cêmpol); 3 tumbak dianggo njogèd; jumêbêng: rambut sing ngarêpake jumambak. II kn: kc. jêbên.
(jêbibir) :
n-[x]; kêndho ut. mlêndhung marga kodanan, kadhêmên lsp.(tmr. lulang, lambe).
(jêmbimblik) :
n-[x] kn sipating praèn sêmu arêp nangis (marga kagèt, kêcuwan lsp).
(jêbir) :
n-[x] kn saèm. njêbèr.
(jêblang) :
n-[x] êngg. kn mênga ngêblak; di-[x]-ake: diêblakake.
jêblas-jêblès :
kn swaraning wong mbêbêntusake: kc. jêblès.
jêblas-jêblis :
kn swaraning wong nyêrèt.
jêblas-jêblus :
kn: mlêbu mêtu (ing lawang).
jêblès :
kn pêpindhaning swara kêbêntus; di-[x]-ake: dibêntusake.
jêbling :
kn nêrangake gampang panyopote.
jêblis :
kn sabawaning nyêrèt madat; a-[x] ks: nyêrèt: sa-[x]-an sasêretan (saakêpan).
(jêblung) :
n-[x] kn 1 pêcah kanthi swara sêru; 2 mblêdhos tmr. gunung; 3 muntab nêpsune; di-[x], dijêblog êngg: 1 digudag; 2 diapusi.
(jêblus) :
n-[x] êngg. pc. njêdhul; kc. jêbus.
jêblog :
I kn 1 akèh blêthoke tmr. dalan; 2 rêgêd, ora aji tmr. kaanan; 3 mati tmr. main jèmèh; [x]-an: 1 lêmah kang jêblog; 2 ks. palanyahan. II n-[x] êngg. kn mbijig, nyrudug; kc. jêblug.
(jêblong) :
êngg kc. jêmblong.
(jêblos) :
n-[x] kn 1 mblêdhos, njêblug; 2 ora dadi, cabar, ora olèh gawe; 3 kapitunan ênggone dêdagangan; 4 ora dadi iksamêne; 5 ora tanggon (ora tulèn) tmr. barang; ke-[x]: 1 kêblêsêk; 2 kêblusuk, kapusan tuku barang sing ora apik; 3 kapitunan ênggone dêdagangan; [x]-an: dalan butulan.
(jêbubug) :
n-[x] kn katon gêdhe ora ringkês.
jêbug :
kn jambe tuwa; sa-[x] têkan lambarane: cilik bangêt; jaka [x]: jaka sing wis tuwa; ora ketung [x]: ora ketung wong asor; n-[x]: katon blêndhuk, ora ramping, ora mêrit.
jêbul :
kn 1 (ut. [x]-an) têmbusan, bolongan (dalan) sing anjog ing; 2 anjog (têkan) ing: 3 sumbut, cocog karo kulakane; 4 (ut. [x]-e) dadine mung, pungkasane, up. dak-arani si Suta, [x] si Naya; ora ana [x]-e: ora ana kanyataane (tmr. kasaguhan, panggawean lsp); n-[x]: njêdhul, mêtu ing.
(jêbumbung) :
êngg. kn kc. jêbubug.
(jêbur) :
n-[x] êngg. kn njêgur, nyêmplung, ambyur.
jêbus :
êngg. kn kc. jêbul.
(jêbobog) :
n-[x] kn 1 ora ringkês; 2 ora ditata tmr. rambut.
jêbod :
êngg. kn bojod, bujad.
jêbol :
kn 1 botol ing dhasare; 2 suwèk amba tmr. jarit lsp; 3 bodhol, cêpot tmr. wit, rambut lsp; 4 cabar, ora katêkan sing dadi panjangkane; n-[x]: 1 mêtu ing lawang (bolongan lsp); kc. jêbul; 2 mbotol, nyuwèk nganti jêbol; 3 mbêdhol.
(jêbomblog, jêbombrot) :
n-[x] êngg. kn ora rêsik, ora macak.
(jêbos) :
n-[x] êngg. kn têmbus ing, anjog ing; kc. jêbus, jêbul.
(jêbrag) :
n-[x] êngg. kn mêlar njêgrag.
(jêbrèd) :
n-[x] kn pinggirane mêgar mundhak amba (tmr. lambe, bolongan, tatu lsp).
(jêbrig) :
n-[x] êngg. kn njêgrig.
(jêbring) :
pating [x] kn cêndhak-cêndhak sarta ora akèh tmr. rambut.
jêbrol :
kn katêranganing mêtu rikat; n-[x]: 1 lahir (mêtu) kanthi gampang; 2 (ut. n-[x]-i) mbêdholi.
(jêjak) :
n-[x] kn 1 saèm. ndhupak, mancal; 2 êngg. pc. bêcik bangêt; [x]-an: 1 pidakan ing obengan mêsin; 2 sing disêpèlèkake bangêt.
jêjêg :
kn 1 ora dhoyong; 2 awangun pojok 90º; 3 ora owah gingsir, adil; 4 trêp ganêp kaya mêsthine ora kurang ora

--- 86 ---

jêjêk ~ jêgur.

luwih; ora [x] pikirane: edan; di-[x]-ake: dibênêrake supaya jêjêg.
(jêjèk) :
êngg. kn: kc. jêjak.
jêjêl :
kn riyêl, kêbak bangét; n-[x], n-[x]-i: 1 nêsêli, nglêbokake apa-apa karêbèn kêbak; 2 ks. ngingoni, makani.
(jêjêp) :
n-[x], n-[x]-i kn ndingkik; kc. dhêdhêp.
jêjêr :
kb 1 adêg; 2 baku, sing dadi pokok; 3 bakuning crita; 4 peranganing ukara sing dadi baku lairing gagasan; 5 lagi madêg padha rêrêmbugan tmr. wayang; n-[x]: ngadêg jêjêg; n-[x]-i: 1 êngg. ngêpe pari diêdêgake; 2 masang ukiran; [x]-an: 1 êngg. cagak, pathokan; 2 êngg. pari lsp. sing isih ana ing sawah (têgal); 3 k. ukiran; 4 êngg. k. landheyan; 5 peranganing crita ing wayang miturut sing jêjêr; 6 êngg. pawitan.
jêjêt :
I kn irat-iratan pring (pênjalin) sing dianggo ngglamit wêngku lsp; di-[x]: diglamit ngango jêjêt. II anyêb n-[x] kn: 1 anyêb bangêt; 2 êngg. tanpa rasa.
jêdhag :
I ks bisa. II n-[x] êngg. kn: mlumah ngathang-athang.
jêdhar-jêdhèr, jêdhar-jêdhor :
kn swaraning bêdhil.
jêdhar-jêdhir :
kn wola-wali njêdhir tmr. lambe.
(jêdhe, jêdhèk) :
êngg. pc. bêdhe, badhe.
jêdhèr, jêdhèt :
kn pêpindhan swaraning bêdhil.
jêdhêg :
kn 1 pantog, ora bisa têrus; 2 judhêg, kêntèkan akal; n-[x]-ake: ngêtokake tmr. rêmbug ut. mriksa prakara (nglari barang colongan lsp); ke-[x]: 1 kêna ing dakwa marga dadi pantoging panglarining prakara; 2 kêpohan nyauri utange wong sing ditanggung; 3 kêntekan akal.
(jêdhidhig) :
n-[x] kn 1 kaananing rambut sing ora kopèn; 2 ikêt-ikêtan saèm.jêplakan; 3 kêmbang mlandhingan; kc. jêdhig.
jêdhig :
kn: 1 rambut pating krêmbyah ora kopèn; 2 (ut. n-[x]) ikêt-ikêtan saèm. jêplakan.
jêdhil :
kn jêbling, sabawaning nyopot n-[x]: 1 êngg. njêblis, nyêrèt; 2 nyêthil, nyopot untu lsp; [x]-an: êngg. main sarana umbuk, sing mênang njupuk sêthithik; sa-[x]-an: êngg. sajêblisan tmr. nyêrèt.
(jêdhindhil) :
n-[x] kn kêntekan kakuwatan marga kodanan ut. kasiram ing banyu.
jêdhing :
kn 1 wadhah gêdhe sing digawe wêsi; 2 êngg. wadhah banyu kaya kulah dianggo adus.
(jêdhir) :
n-[x] kn kêladuk maju tmr. lambe.
(jêdhit) :
I n-[x] êngg. kn njêblis, njêdhil. II n-[x] êngg. kn: gêlungan alus sarta tata.
(jêdhudhug) :
n-[x] êngg. kn mbêdhudhug.
jêdhug :
êngg. kn anjog ing, pantog ing;
jêjêdhug :
êngg gêgêdhug, bêbenggol; kc. jadhug.
jêdhul :
kn 1 katêrangane mêtu; 2 jêbul, anjog ing; n-[x]: mêtu, mêncungul, ngaton; jumêdhul: mêtu ngaton.
jêdhung :
kn ar. ulêr saèm. ulêr kèkèt.
jêdhur :
kn saèm. jêdhèr luwih sêru.
(jêdhodhog, jêdhodhot) :
n-[x] kn linggih tanpa tumandang ing gawe sarta ora mênganggo samêsthine.
(jêdhog) :
n-[x] êngg. kn njêdhodhog.
jêdhok :
êngg. kn andhok, dunung.
jêdhor :
kn pêpindhan swaraning bédhil; kc. jêdhur, jêdhèr.
jêdhot :
kn: 1 pêpindhan swaraning mrêcon lsp; 2 êngg. numbuk, mbêntus; 2 êngg. (ut. kê-[x]) kalah main.
jêg :
kn wc. ajêg; di-[x]-ake: diajêgake; sa-[x]-e: salawase; sa-[x] jumblêg; salawase urip.
(jêgadul) :
n-[x] kn ora sumèh polatane, njadhul.
(jêgagig) :
n-[x] kn bali sêmu kagèt.
(jêgèg) :
n-[x] kn ndêgèg.
(jêgègèk) :
n-[x] kn tansah ngguyu.
(jêgègèng, jêgènggèng) :
n-[x] êngg. kn mbêgènggèng (wis rada mari).
(jêgègès) :
n-[x] kn tansah ngguyu.
jêgèr :
isih [x] pc isih ênom bangét.
(jêgêdhag, jêgêdhêg) :
n-[x] kn katon gagah abrêgas.
(jêgidhêg) :
n-[x] kn ora gêlêm omong (tumandang, ngrungokake lsp).
(jêgigik) :
n-[x], [x]-an kn padha ngguyu lirih.
(jêgigis) :
n-[x] kn tansah ngguyu; 2 njêginggis.
(jêgil) :
n-[x] kn 1 tansah watuk ngikil; 2 linggih ing papan sing dudu mêsthine, njèhèh.
(jêginggat) :
n-[x] kn tangi kagèt.
(jêginggis) :
n-[x] kn katon kuru pucêt.
(jêglag) :
! n-[x] êngg. kn 1 linggih lèyèh-lèyèh; kc. dhêglag, jêglag; 2 êngg. kn. mangan. II [x]-jêglèg: tansah nywara jêglèg; kc. jêglèg.
jêglèg :
kn pêpindhan swaraning lawang gathuk, tênunan lsp.
(jêglêg) :
n-[x] êngg. kn nggêglêg, mênêng marga susah.
jêglig :
kn 1 katêranganing kêsandhung; 2 kandhêg; [x]-an êngg: gêjligan.
(jêglug) :
n-[x] kn mbêntus; kê-[x]: kêbêntus.
(jêglog) :
n-[x] êngg. pc: linggih ngenak-enak; [x]-an êngg: blebekan sungu ana lêgok-lêgokane dianggo cithakan bênik lsp.
(jêglong) :
[x]-an kn 1 luwangan, bolongan kanggo pasangan; 2 pc. srekalan. plesedaning ginêm; kê-[x]: 1 kêblusuk ing jêglongan; 2 kêsrekal ginême; 3 nandhang karibêdan.
jêgnèn :
êngg. pc gajêge, elingku.
(jêgutru) :
n-[x] êngg. kn suntrut.
(jêgug, jêgog) :
n-[x] kn nywara huk-huk tmr. asu.
jêgul :
kn 1 lawe (gombal, sêpêt lsp) digarani digawe ngêcèt, mopok bathikan lsp; 2 êngg. susur.
(jêgunggut) :
n-[x] ut. [x]-[x] kn: milang-miling tumungkul sêmu nggêgolèki.
(jêgur) :
n-[x] kn: 1 nyêmplung, ambyur; 2 ganti nindakake pagawean sing kurang pantês; wis jumêgur: wis misuwur; kê-[x]: kêcêmplung; kc. jêgur.

--- 87 ---

(jêgodhag) ~ (jêmblêng).

(jêgodhag) :
n-[x] kn ombèr, ngilak-ilak, ngênthak-ênthak.
(jêgodhah) :
n-[x] kn 1 amba tmr. bolongan lsp; 2 ombèr.
(jêgog) :
kc. jêgug.
(jêgogos) :
n-[x] kn mbêgogok, njêdhodhog.
(jêgogot) :
n-[x] kn ora gêlêm tumandang ing gawe; kc. jêgot.
(jêgogrog) :
n-[x] pc mbêgogok, njogrog.
jêgong :
kn 1 lêgok ing têngah, kb. cèpèr; 2 (ut. [x]-an) lêmah sing lêgok, jugangan, pluwang; 3 êngg. jugangan ing tanduran têbu; kc. lobang; 4 guthêkan ing prau sing lêgok; di-[x]: 1 dilêgok ing têngah; 2 êngg. dijugangi tmr. tanduran têbu.
(jêgos) :
n-[x] mbêgogok; kc. jêgogos.
(jêgot) :
n-[x] kn suthik tumandang ing gawe; kc. jêgogot.
(jêgrag) :
n-[x] kn ngadêg tmr. rambut (wulu) marga kagèt; kc. jêgrig.
jêgrèg :
kn kc. jêglèg.
(jêgrêg) :
n-[x] kn njêngêr, dhêlêg-dhêlêg; kc. jêglêg.
(jêgrig) :
n-[x] kn 1 ngadêg tmr. wulu (rambut); 2 pc. wêdi.
(jêgros) :
n-[x] ks mbêgogok.
(jêkangkang) :
n-[x] kn 1 tiba ngathang-atang; 2 (ut. njêkangkang) ks. mati.
jêkat :
pc jakat.
jêkèk :
êngg. kn 1 katêrangane tiba; 2 jiblès, plêk padha; santri [x]: santri têmênan.
(jêkekal, jêkèkèl) :
n-[x] ut. [x]-an kn krekalan arêp tiba (ngadêg).
(jêkengkang) :
n-[x] êngg. kn njêkangkang.
(jêkèthèk) :
n-[x] kn gampang katêmune.
(jêkêning) :
n-[x] kn sarwa bêcik lan rêsik; kc. jêkining.
(jêkênong) :
n-[x] kn pating klunthung, ora singsêt tmr. klambi lsp.
(jêkêthêt) :
n-[x] njênggirat kagèt.
(jêkêthut, jêkithut) :
n-[x] kn 1 mawa lêlêmpitan, rada nglunthung tmr. dondoman lsp; 2 êngg. nêkuk mêngkêrêt tmr. alis (marga nêpsu).
(jêkining) :
n-[x] kn 1 katon apik arêsik; 2 (kuning [x]) kuning arêsik.
(jêkithat, jêkithit) :
n-[x] kn pucuke nêkuk munggah tmr. brêngos ut. alis; kc. jlêkithat.
(jêkithing) :
n-[x] êngg. kn 1 saèm. kithing; 2 ora bisa nyambutgawe.
(jêkithit) :
kc. jêkithat.
(jêkithut) :
kc. jêkêthut.
jêklèk :
kn putung, coklèk; n-[x]: 1 tumangkêp (njêpat) nywara klèk; 2 mutung; 3 kandhêg, ora maju; rèk [x]-an: rèk gêrètan (nganggo batu).
jêkluk :
kn pêpindhaning swara mung si ... sing tansah diucapake mung si ...; n-[x]-i: nêkuki driji nganti muni jêkluk-jêkluk.
(jêkut) :
n-[x] kn adhêm bangêt.
(jêkutrut) :
n-[x] kn ora sumèh, sêmu mrêngut (marga kagol).
jêkrèk :
êngg. kn jêpitan (pasangan tikus); n-[x]-i karcis: mbolongi karcis nganggo gunting jêpitan.
jêksa :
pc jaksa.
jêl :
[x]-[x] kn katêranganing mangan; kc. jêjêl.
(jêlag) :
I n-[x] êngg. ks 1 mangan; 2 ngapusi. II an-[x] jk: 1 dumadakan; 2 ngêblak, mênga amba.
jêlah-jêlih :
kn bêngak-bêngok; kc. jêlih.
jêlak :
êngg.êlak, enggal-enggalan.
jêlèh :
I kn 1 kumudu mutah, umor: 2 bosên; n-[x]-i: njuwarèhi, ora nyênêngake. II êngg. pc: jêlih.
jêlèk :
êngg. ks wadon; kc. bêlèk.
(jêlih) :
n-[x] kn mbêngok.
(jêlir) :
n-[x]-n[x] kn mêlèh-mêlèh-ake, mblakakake, nêrang-nêrangake sêmu nuturi: kê-[x]: kêwêlèh.
(jêlit) :
di-[x] kn dicumpi, diirit-irit, up. n-[x] pangan.
jêlma :
êngg. pc jalma.
(jêlu) :
n-[x] êngg. kn 1 (anyêb n-[x]) anyêb bangêt; 2 tanpa rasa; 3 (atine n-[x]) mangkêl- anyêl.
(jêluk) :
n-[x] êngg. pc: nyêluk, mbêluk.
jêmah :
kw ing têmbe.
jêmahat :
êngg. kn Jumuwah.
jêmak :
êngg. pc kc. jamak.
jêmala :
kw gitik, gêbug; dijêmalani: digêbugi; kc. jamala.
(jêmamut) :
ora ana wong n-[x] êngg. pc: ora ana wong sing ngetok.
jêmbak :
kn ar. jêjanganan tuwuh ing jêjêmbêgan.
jêmbangan :
kn 1 pêngaron gêdhe; 2 wadhah tanduran ut. kêkêmbangan.
jêmbar :
kn 1 alang lan ujure ngluwihi samêsthine, up. palêmahane [x]; 2 amba, up. dhadhane [x]; 3 kobèt, ora sumpêk; 4 lumahing raèn, up. pêkarangan iki [x]-e sabau; 5 akèh têtêpungane (kawruhe, kupiyane); [x] atine (sêgarane): wêlasan, sugih pangapura; [x] polatane: akèh kawruhe, akèh kupiyane; [x]-a kubure: pamuji marang wong sing mati supaya oleha swarga.
jêmbaran :
êngg. kn saèm. pêngaron nanging cèpèr.
jêmbat :
êngg. k jêmbar.
jêmbatan :
(M) êngg. kn 1 krêtêg; 2 krêtêg ing pêlabuhan; 3 padusan.
jêmbelit :
êngg. kn njaluk lèrèn sadhela tmr. main; kc. jèmbèt, jembit.
(jêmbelung) :
[x]-an êngg. kn jelungan, jethungan.
(jêmbèng) :
n-[x] kn mbênggang nganti luwih amba.
(jêmbèwèk) :
n-[x] kn njêwèwèk (amba cangkême).
jêmbêg :
kn jêblog lan rêgêd.
jêmbêr :
kn 1 rêgêd sarta têlês; 2 jênês; 3 êngg. ngênêg-ênêgi, ora ngrêsêpake; 4 (ut. jêjêmbêr) lêlêthêk; n-[x]-i: 1 njênêsi; 2 ngênêg-ênêgi.
(jêmblang) :
n-[x] ks 1 gêdhe wêtênge; 2 mêtêng gêdhe.
(jêmblèk) :
kn kc. jèmblèk.
jêmblêg :
êngg. kn njomblong (gumun).

--- 88 ---

(jêmbling) ~ jênêng.

(jêmbling) :
n-[x] kn 1 saèm. njêmbluk; 2 ks. mêtêng.
(jêmbluk) :
n-[x] kn 1 mblêndhuk tmr. wêtêng; 2 ks. warêg.
(jêmblung) :
n-[x] êngg. kn njêmbluk wêtênge; [x]-an: 1 (ut. wayang [x]) bngs.wayang golèk nyritakake lêlakone Umar-maya lan Marmadi (layang menak); 2 êngg. bngs. sêmangka cilik-cilik lan mblêndhuk.
jêmblok :
I kn 1 (ut.[x]-an) jêndhêlan (prongkolan) logam lsp; 2 wadhah mblêndhuk dianggo takêran lênga lsp. II n-[x] kn: mblèbèk, ndlêmok tmr. mangsi, malam lsp; kc. jêmblèk, jêmblèk; canthing [x]-an: cap bathikan sing dianggo pêngarak.
(jêmblong) :
n-[x] kn amblong tmr. lêmah; 2 suwung blung, ora diênggoni.
jêmblongan :
èngg. kn jêmbelungan, jelungan.
jêmbuk :
êngg. kn bngs. arit.
jêmbul :
êngg. kn jambul, bulu-bulu ing topi (cêmêthi).
jêmbung :
êngg. kn bngs. cuwo.
jêmbut :
kn rambuting wêwadi; 2 rambut jagung lsp.
(jêmbuwal) :
n-[x] êngg. kn mbuwêl, riyêl akèh (tmr. iwak loh).
(jêmbrang) :
abang n-[x] êngg. pc abang mbranang.
(jêmbrung) :
n-[x] kn rêgêd kêthukulan sukêt (kêbak uwuh lsp).
jêmèk :
kn ngêmu banyu, têlês mblêthok.
jêmika :
pc jatmika.
jêminul :
ut. n-[x] kn mênul-mênul, mêndat mêlar banjur kêmpêl manèh; [x] kaya kênul pc: ndablêg.
jêmu :
(M) êngg. kn bosên, jêlèh.
(jêmuk) :
n-[x] êngg. pc njupuk.
jêmun, :
esuk [x] êngg. pc esuk umun-umun.
jêmunak :
kn ar. panganan.
jêmur :
br ajur (asal saka jumur lingga jur).
(jêmut) :
n-[x] êngg, pc njupuk.
jêmuwah :
pc jumuwah.
(jêmok, jêmot) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
(jêmpalik) :
n-[x] kn 1 mbalik, malik; 2 tiba sing ngisor dadi ana dhuwur; [x]-an: tansah njêmpalik (turu sayah bangêt); direwangi nungsang n-[x]: dilabuhi rêkasa bangêt.
jêmpana :
kn bngs. tandhu gêdhe wujud omah-omahan.
jêmparing :
ki panah.
(jêmperok) :
n-[x] êngg. kn katon ayu (marga gêlungane ut. pacake sarwa apik).
jêmpina :
kn 1 ar. woh sabangsa suwêg; 2 bayi lair durung mangsa.
jêmpiring :
êngg. kn pacul tanpa bawak.
jêmpling :
lombok [x] kn lombok rawit; n-[x] ut. n-[x]-n-[x]: nangis njêrit.
(jêmput) :
n-[x] êngg. kn njumput.
jêmpo :
kn 1 tuwa bangêt lan sèkèng; 2 (ut. jêmpon) wong sing wis tuwa tmr. padesan wus ora kêna ing aradan.
jêmpol :
kn 1 driji sing gêdhe dhewe; 2 (ut. [x]-an) sing bêcik dhewe, sing pinunjul; ênggone njênthik, arêp di-[x] pc: ênggone njaluk, arêp gênti dijaluk.
jêmpon :
kn kc. jêmpo.
jêmpor :
êngg. kn jimpe, epor; kc. jempor.
jêmprit :
lombok [x] kn lombok rawit; n-[x]: njêmpling.
jêmrut :
êngg. pc jumêrut, jêmêrut.
jênak :
I kn tlatèn (krasan) nênunggoni. II di-[x]-ake êngg. pc: dijênêngake, diarani.
jênang :
kn bubur, jênênge warna-warna sarta akèh sing dianggo slamêtan, kyt: [x] abang, [x] baro-baro, [x] palang lsp; [x] salayah pr: wis golong pikir; [x] dodol tiba wêdhi pr: rêmbug wis golong banjur ana sing ngrêribêdi; n-[x]: 1 olah jênang; 2 ngêjuri gamping nganggo banyu; n-[x]-i: njangani, nylamêti; di-[x]-ake abang: dislamêti jênang abang yaiku dijênêngake; [x]-an: 1 têtironing intên, kaca lsp, up. mote [x]-an; 2 ([x] gaplèk, [x] karèt) sèlluloid; ( kertas [x]-an) mikah.
jênar :
kw kuning.
jênat :
(A) kn pirdus, swarga; wis [x]: wis mati; [x]-e si Suta: nalikane si Suta isih urip.
jêndika :
êngg jêngandika, ijêngandika.
jênjêm :
kn ayêm lan têntrêm (ora kakehan pikir).
jêndhela :
pc kc. cêndhela.
(jêndhêl) :
n-[x] kn 1 dadi atos (kênthêl); 2 êngg. pc. ora lunga-lunga, manggon; 3 êngg. pc. ora gathekan; ke-[x]-ên: bisa mlêbu nanging ora bisa mêtu; [x]-an: pringkilan (jêmblokan) êmas lsp.
(jêndhil) :
n-[x] kn 1 njêmbling wêtênge; 2 êngg. pc. diêlud (dikungkung) ora mêntas-mêntas tmr. dolanan.
jêndhul :
kêcik [x] kn kêcik sing kiwa têngêne mblêndhuk, kb. gêpak, lèmèt; jêjêndhul: gêgêdhug, jêjênggul; n-[x]: mblêndhuk, mbêndhul.
(jêndhol) :
n-[x] kn abuh mêntas diêntup tawon lsp; kc. jêndhol.
jêne :
k kuning, êmas; [x]-an k: kuningan.
jêne-jênenan :
pc. k mas-masan (mas palson).
jênèh :
pc jêr, jêrnèh (awit, mulane mêngkono jalaran).
(jênès) :
n-[x] êngg. kn kc. cêngès, jêngès.
jênèwêr :
(W) kn ar. minuman kêras.
jênêk :
I êngg. pc jênak. II kw: bungah, sênêng.
jênêng :
I kn adêg-adêg, peranganing gêdhèg (pagêr lsp) sing ngadêg; jêjênê: 1 wêwakiling wong sing wajib ngawat-awati pagawean; 2 wêwakiling pêngulu; 3 adêg-adêging lawang; [x] mara br: aku; jumênêng ki: 1 ngadêg; 2 madêg ratu, ngrênggêp pangkat; jumênêngan: riyaya nalika ndadèkake ratu; dijumênêngake: diangkat, didadèkake ratu lsp; n-[x] êngg: ngadêg; n-[x]-i 1 nunggoni prêlu ngawat-awati; 2 mèlu nunggoni ing parêpatan lsp; 3 ndèkèki adêg-adêg ing lawang, pagêr lsp; pan-[x]-an: 1 kn. adêg, pangkat, up.

--- 89 ---

(jênêng-cilik) ~ (jênggurêng).

pan-[x]-aning ratu; 2 kowe; 3 ki. têkên; pan-[x]-an dalêm (wc. nandalêm) ki: kowe; pan-[x]-an ingsun br: aku; pan-[x]-an kula (kawula) br: aku; pan-[x]-an sampeyan k: kowe; [x]-an dalêm ki: diasta (digawe) dhewe ing panjênênganing ratu). II n. nama k. asma ki: aran, pêparab; [x]-e pc: têgêse; di-[x]-ake: diarani, diwènèhi têtêngêr jênêng.
jênêng-cilik :
n. nama alit. k. asma timur ki jênêng nalika isih bocah.
jênêng-tuwa :
n. nama-sêpuh k. asma sêpuh ki jênêng sawise rabi (omah-omah).
jênês :
kn 1 jêmbêr; 21 ngênêg-ênêgi.
jêni :
(W) kn gudhang wadhah gêgaman ing bètèng.
jênis :
(M) êngg. kn warna, jinis.
jênitri :
kn ar. woh sok digawe bênik, têsbèh lsp.
jênu :
kn ar. wit oyode mawa wisa sok dianggo misaya iwak; [x] tawa wngs: tungkul; n-[x]: misaya iwak nganggo jênu.
(jêntung) :
n-[x] kn thêngêr-thêngêr marga kêcuwan ut. gêtun.
(jêntus) :
êngg kc. bêntus.
(jêntol) :
I n-[x] kn njentol. II di-[x], di-[x]-ake êngg: 1 dipêksa nyambut-gawe sing dudu mêsthine; 2 diêlud, dikungkung.
jêntrung) :
n-[x] êngg. kn. njêntung.
(jênthar) :
n-[x] kn katon dawa nyongat munggah tmr. buntut lsp.
(jênthara) :
n-[x] kn bagus asigrak tmr. jêjaka.
(jênthat) :
n-[x] êngg. kn njênthar.
jênthik :
kn driji sing cilik dhewe; n-[x]: njaluk sêthithik; ênggone n-[x] arêp dijêmpol: ênggone njaluk, arêp gênti dijaluk.
(jênthir) :
n-[x] kn saèm. njênthar nanging sêthithik (cilik).
(jênthit) :
n-[x] kn njênthir.
jênthu :
êngg. kn lêmu lan kiyêng tmr. pawakan.
(jênthok) :
n-[x]-i êngg. kn mrangguli.
jênthot :
I êngg. kn kc. jênthu. II n-[x] êngg. kn: nyêntèg nganggo kênèkêr (bendha, gangsingan lsp); [x]-an: ar. mainan nganggo kênèkêr disêntèg.
jêng :
I 1 kw sikilk; 2 wc. kangjêng.
jêngal-jêngil :
kn mung siji othal-athil tmr. untu lsp; kc. jêngil.
jêngandika :
br kowe; kc. ijêngandika.
(jêngat) :
n-[x] kn 1 nyongat dadakan (ngêgèt); 2 êngg. kagèt.
jêngat-jêngit :
kn bola-bali njêngat tmr. buntut lsp.
(jêngèk) :
I n-[x]: 1 njèngèk, ngumbulake sirah ngêgèt; 2 mbêngok ngêgèt, dadakan nywara sêru. II êngg. pc: kajênge (karêbèn, ya bèn).
(jêngèngèk) :
n-[x] kn njèngèk, sirahe diumbulake badane linggih ut. turon.
(jêngès) :
n-[x] êngg. kn nyêngès; kc. cêngès.
jêngên :
êngg: jênêng.
(jêngêr) :
n-[x] kn dhêlêg-dhêlêg marga gumun ut. kagèt.
jênggala :
kw kc. janggala.
jênggama :
kw kc. janggama.
jênggan :
I kw bngs. cantrik; kc. janggan. II êngg. kn: 1 janggêlan, durung têtêp (tmr. rêga, sêmayan lsp); 2 ringklih, sèkèng, ora sabaran.
jênggar :
êngg. kn 1 amba antarane; 2 amba, kobèt; di-[x]-ake: 1 diambakake antarane; 2 diêgarake (driji lsp).
(jênggarang) :
n-[x] kn katon gêdhe lan dhuwur tmr. omah.
jêngge :
I kn arak-arakan Cina padha nyandhang sing anèh-anèh; kc. jênggi. II n-[x]: êngg. kn: njênggle.
jênggèlèk :
kn katêranganing tangi têrus linggih; n-[x]: tangi sirahe têrus njènggèl.
(jênggèrèng) :
n-[x] êngg. pc katon gagah lan sigrak.
jênggèrèt-nong :
kn ar. kewan bngs. garèng-pung.
jênggêlêg :
pating [x] kn katon gêdhe-gêdhe lan mêncungul tmr. gunung, omah lsp.
jênggênêg :
êngg. kn pc. jênggêlêg.
(jênggêr) :
n-[x] ut. pating [x] kn katon gêdhe lan bêcik tmr. omah.
jênggêrêng :
kn blêgêr (sêsipatan) gêdhe; n-[x]: katon gêdhe.
jênggi :
I kn jêngge (aran-arakan Cina). II kn: 1 ar. têtuwuhan; 2 ar. pêlêm. III n-[x] êngg. kn: mondhong bocah.
(jênggigis) :
kc jêgigis.
jênggilêng :
kn wanguning mata amba lagi mêmandêng; n-[x]: mandêng nggêgolèki matane katon amba.
(jêngginggat) :
kc. jêginggat.
(jêngginggis) :
kc. jêginggis.
jênggirat :
kn katêranganing tangi (nolèh) marga kagêt ut. wêdi; n-[x] (nolèh) dadakan.
jênggiri :
kn ar. kewan rupane kaya macan nganggo sungu (mung ing crita ut. wayang).
(jênggit) :
n-[x] kn njimpit rambut katarik; jumênggit: lagi kêna dijênggit tmr. rambut.
(jênggle) :
n-[x] kn linggih nganthêng sarta mêmandhêng.
jêngglèng :
kn 1 pêpindhan swaraning wêsi ditumbukake; 2 ar. tawon bngs. tawon lêmah; 3 êngg. nyangklêg, gampang kasumurupan.
(jênggluk) :
êngg. kn jênggruk.
jêngglung :
kn pêpindhan swaraning gong lsp.
(jêngguk) :
di-[x] kn dijênggur, disotho.
jênggul :
kn 1 sing katon mêncungul; 2 (ut. jêjênggul) gêgêdhug, sing pinunjul dhewe.
jênggulêng :
pating [x] kn: gêgulungan tmr.ombak.
jênggung :
kn pêpindhan swaraning gong; n-[x] njagur sirah.
(jênggunuk) :
n-[x] kn katon gêdhe; kc. jênggênêg, jênggêlêg.
jênggur :
kn kc. jênggung.
(jênggurêng) :
n-[x] kn sêsipataning praèn sing mripate nggêrong alise têpung (wandane wong sing kêrêng ut. nêpsu).

--- 90 ---

(jênggut) ~ (jêrkêngkêng)

(jênggut) :
êngg. kc. sênggut.
(jênggodhag) :
pc. kc. jêgodhag.
jênggorong :
kn blêgêr (sêsipatan) sing katon gêdhe; n-[x]: katon gêdhe.
jênggrêng :
pc. kc. jênggêrêng.
(jênggrik) :
1 n-[x] pc. kn kuru nganggrik-anggrik (kêrêp lara, ngênês lsp). II n-[x] êngg. kn: maglik-maglik (dumunung ing papan sing dhuwur).
(jênggruk) :
n-[x] kn 1 linggih tumungkul ngêkêp dhêngkul (bantal); 2 ks. lara; 3 ks. nênunggoni (nyambutgawe) ing panggonane liyan ora lunga-lunga.
(jêngil) :
n-[x] kn 1 katon mênthingil ijèn; 2 linggih mênjila (ngijèn).
(jêngit) :
n-[x] nyongat sêthithik tmr. marang sing lêmbut-lêmbut; kc. jêngat.
(jêngkang) :
di-[x]-ake kn dijorogake katêpak ing dhadhane nganti tiba klumah; kê-[x]: tiba mundur klumah.
jêngkang-jêngking :
kn bola-bali tumungkul kaya mbrangkang; kc. jêngking.
jêngkar :
ki budhal, mangkat, lunga.
(jêngkelang) :
n-[x] kn tiba kêjêngkang, njomplang.
(jêngkenang) :
êngg. kc jêngkelang.
(jêngkêlit) :
n-[x] kn njungkir, nggulung sirahe ana ingisor.
jêngkêr :
êngg. kn gêdhe sarta rosa.
jêngkêrut :
kn jêkêthut, linthingan kulit lsp; pating [x]: padha njêkêthut tmr. kulit; n-[x]: nglinthing, njêkêthut.
(jêngking) :
n-[x] kn 1 mêngkurêb bokonge dijongakake; 2 ks. têturon ora tumandang ing gawe; 3 ks. mati.
(jêngklèk) :
kê-[x] êngg. kn kêsliyo sikile.
(jêngklok) :
ke-[x] êngg. kn kêpletre sikile kêtêkuk.
jêngku :
ki dhêngkul.
jêngkok :
êngg. kn 1 dhingklik; 2 buntêlan têmbako.
(jênguk) :
n-[x] êngg. pc linggih karo mandêng.
(jêngur) :
kc jênguk.
(jêngok) :
kc jènguk.
(jêngor) :
kc jênguk.
(jêngongok) :
n-[x] kn ndêngongok, gulune nglangak arêp ngungak.
Jêpan(g) :
kn ar. tanah sawetane nêgara Cina.
(jêpapang, jêpaplang) :
n-[x] kn ndhaplang (mbapang) tangane.
(jêpaplêm) :
n-[x] êngg. pc 1 njèplêm, linggih mênêng be (cangkême mingkêm); 2 ora mèlu-mèlu, ora oleh-olehan.
(jêpat) :
n-[x] kn 1 uwal saka ing gathukan ngêgèt; 2 oncat saka ing pangengeran; 3 mutung, nglungani marga kagol lsp; [x]-an kn: wilah ut. wilahan wêsi dianggo pêsatan ing pasangan lsp.
(jêpèplèk) :
n-[x] êngg. pc njèplèk, njeple.
jêpèt :
êngg. pc kc. jêpit.
(jêpiping) :
n-[x] kn 1 mringkus tmr. layangan; 2 mringkus lan njêgrag tmr. kuping; 3 pc. wêdèn, wêdi.
(jêpit) :
n-[x] kn 1 njapit, mlèpèt; 2 dumunung ing papan sing sumpêk; ke-[x]: 1 kêjapit, kêplèpèt; 2 kijènan, ora duwe têtêpungan; [x]-an: 1 japitan. piranti dianggo njêpit; 2 (ut. panjêpitan) papan sing njêpit (sasêla-sêlaning gêdhèg lsp).
jêplak :
kn katêranganing mêgar (mênga) ngêgèt; kala [x]: ar. kala manuk; n-[x]: mênga (mêgar) sêmu ngêgèt; [x]-an: 1 pêsatan ing kala ut. ing pasangan; 2 lawang (cêndhela) tangkêban mêngisor mêndhuwur.
(jêplih) :
putih n-[x] êngg. pc putih sêmu rêgêd.
(jêpluk) :
n-[x] kn 1 putung, coklèk; 2 mabur marga wis kalah tmr. gêmak; 3 cabar, ora dadi iksamêne, ora kêna diêndêlake; sakesuk n-[x] êngg: sasuwene wayah esuk.
(jêplok) :
êngg. pc kc. jêpluk.
Jêpun :
kn Jêpang; dluwang [x]: dluwang layangan; pitik [x]: pitik sing wulune lêmbut-lêmbut; têmbako [x]: têmbako sing rajangane lêmbut.
(jêpupung) :
n-[x] kn gumlethak ora kopèn tmr. mayit.
(jêput) :
sakesuk n-[x] êngg. pc sakesuk njêpluk.
(jêpot) :
lunga n-[x] êngg. pc lunga klepat ing sajroning rêrêmbugan.
(jêprah) :
n-[x] kn 1 ngêmbrah, ing êndi-êndi ana tmr. wowohan sing lagi ungsum; 2 pc. kaprah, lumrah ingêndi-êndi.
jêprak :
kn kêmbang jagung sing dhuwur (kêmbang lanang); n-[x]: mêgar tmr. bulu-bulu lsp.
jêprèt :
kn 1 pêpindhan swaraning wong nggêbiri, pêcut lsp; 2 katêrangan wêtuning panase srêngenge sing mêntas kasaput ing mêndhung; di-[x] êngg: digêbiri nganggo plepetan (ora kalingan mêndhung); [x]-an: êngg. plepetan piranti dianggo nggêbiri.
(jêprik) :
n-[x], pating [x] kn 1 padha katon njêgrig tmr. rambut, wulu lsp; 2 padha mlêkah cilik-cilik.
(jêpruk) :
sakesuk n-[x] êngg. pc sakesuk njêpluk.
jêprut :
mak [x] pc pêpindhan swaraning tali pêdhot lsp.
jêprot :
kn pêpindhan swarane nyuduk wêtêng lsp.
jêr :
kn 1 mula mêngkono, pancèn; 2 jalaran mêngkono.
(jêrak) :
n-[x] kn anjrak.
jêram :
k jêruk.
jêrang :
kw ak larangan, wêwalêr.
(jêrbabah) :
n-[x] êngg. kn njêpapang tangane (têturon); kc. jêbabah.
(jêbabak)[1] :
n-[x] kn katon abang raine marga muring.
jêrbasa :
pc juru-basa.
(jêrbèbèh) :
n-[x] êngg. kn njêbèbèh.
(jêrbèbès) :
n-[x] êngg. kn tansah ngêmu banyu, rèmbès tmr. mata.
jêrèh :
êngg. pc jêrih.
jêrih :
êngg. kn jirih.
jêring :
I êngg. kn jengkol. II n-[x] kn: sêngit (gêthing) bangêt.
(jêrkangkang) :
n-[x] kn gumlethak (mlumah ut. miring) sarta wis kaku tmr. mayit.

--- 91 ---

jêrlih ~ jih.

jêrlih :
pating [x] kn padha njêlih.
Jêrman :
kn ar. tanah ing Eropah uga karan Dhitslan.
(jêrmumuh) :
n-[x] êngg. kn tansah njêjaluk.
jêrnèh :
kn jênèh, jêr.
jêrnih :
kw bêning.
jêruk :
n jêram k ar. wit sarta wohe, bangsane warna-warna kaya ta: [x] bali, [x] gulung, [x] macan, [x] krenggotan, [x] kêprok, [x] pêcêl (nipis) lsp; [x] saajar: wanguning kalung (jungkat) saèmpêr tanggalan.
jêrum :
I n-[x] kn ndhêkêm tmr. sapi ut. kêbo. II n-[x] ut. n-[x]-i kn: 1 mbêbolèhi (ngrimuk) nganti murungake sêdyane sing bêcik; 2 mbêbolèhi amrih wurung ing pangantèn; ke-[x]: kêna ing krenah (bêbolèh).
jêro :
n lêbêt k adoh têkane ing dhasar, kb cêthèk; 2 kb. jaba, up. ing [x] omah; 3 lirih lan rêkasa tmr. swara (wong lara bangêt); 4 ora enggal awoh tmr. pari lsp; 5 ora enggal olèh jodho tmr. prawan; 6 ora enggal duwe anak tmr. wong wadon; 7 têrus ing batin, dirasakake têmênan, up. têmbungku mau aja kotampa [x]; 8 êngg. dalême priyayi gêdhe; [x] gêdhe êngg: dalême priyayi luhur; mantri [x]: ar. prajurit ing Ngayogyakarta; pari [x]: pari sing ênggone awoh suwe; kb. pari genjah; nandur pari [x] pr: wèwèh sing ora ngarêp-arêp wêwalês; mikul dhuwur mêndhêm [x] pr: agawe kuncarane wong tuwa; tinggal tapak [x] pr: mblenjani jangji (kasaguhan); mên-[x]: mlêbu ing jêro; njêroni: muwuhi nganti luwih jêro; njêrokake: agawe luwih jêro; ing jêron omah: ing jêro omah; sajêroning: 1 ing dalêm, up. sajêroning patang taun; 2 ing laladan, ing wêwêngkon; [x]-an kn: 1 peranganing badan sing ana ing jêron wêtêng; 2 ks. watak, atèn-atèn.
(jêron) :
kc. jêro.
jêrowan :
pc jêroan, kc. jêro.
(jêrpupung) :
n-[x] kn gumlethak ora kopèn; kc. jêpupung.
jêrtulis :
êngg. pc juru-tulis.
jêrthèk :
pating [x] êngg. pc katon lêthêk (rêgêd); kc. jêthêk.
jêrthut :
pating [x] pc padha muni jêthut; kc. jêthut.
jêrthot :
pating [x] pc padha muni jêthot; kc. jêthot.
jêsa :
pc jêksa, jaksa.
jêsmani :
pc jasmani.
jêt :
mak [x] kn katêranganing oyag ngêgèt; sa-[x]-an: saoyagan.
jêtmika :
pc jatmika.
(jêtung) :
n-[x] kn kc. jêntung.
(jêthathus) :
n-[x] kn njathus, ndomble.
(jêthathut) :
n-[x] pc mrêngut.
jêthèt, jêthit :
kn pêpindhan swaraning ngancing lêmari lsp; n-[x]: 1 ngancing sarana kunci; 2 mutêr uliran listrik lsp.
jêthut :
mak [x] kn pêpindhan swaraning driji ditêkuki, kawat (tali) dipanthêng pêdhot lsp; n-[x]-i: nikêli (nêkuki) driji.
(jêthuthut, jêthothot) :
n-[x] pc 1 katisên, kadhêmên; 2 mrêngut, mbêthuthut (pêtêng ulate).
jêthot :
kn pêpindhaning swara saèm. jêthèt; n-[x]: 1 nikêli, nêkuki nganti muni jêthot; 2 pc. lunga (lèrèn) sanalika.
(jêthothor) :
n-[x] pc njathur, njathus.
(jêwawut) :
pc juwawut.
(jêwèwèk) :
pc juwèwèk. pc juwowol.
ji :
I n wc. siji (dianggo ngetung); sapisan [x] iki: mung sapisan iki bae. II êngg: aji; [x] têlu: (tuku) têlung sèn. III pc: wc. kaji, up. pak [x], wak [x].
(jib) :
di-[x]-ake êngg. pc: dipêsthèkake.
(jibah) :
di-[x]-ake marang: diwajibake marang, dipasrahake marang; ke-[x]: kêpopoh, kêwajiban.
jibar-jibur :
kn banjur gumampang marga wis têpung bêcik lsp.
jibêg :
kn 1 kêbak bangêt, pantog; 2 judhêg, susah bangêt.
jibêng :
êngg. kn kc. jibêg.
jibir :
kn congor babi; kc. jêbèr.
jiblèng :
êngg. kn kc. jiblès.
jiblès :
kn plêk kaya, rupane padha trêp.
(jiblêg) :
n-[x] êngg. kn mênêng ora omong (mangsuli); kc. jublêg.
(jibung) :
[x]-an êngg. kn jadhuman, kêkumpulan.
jibur :
kn pêpindhan swarane wong adus byar-byur; kc. jibar-jibur.
(jibus) :
di-[x] ks dituroni.
(jibris) :
n-[x] kn 1 alambe kandêl; 2 ks. criwis, tansah omong.
(jidar) :
kc. jidhar.
jidêng :
ks mati.
(jidik) :
[x]-an ks gêmblakan.
(jidun) :
di-[x] kn dicêthot nganggo driji panuding lan panunggul katêkuk.
(jijal) :
êngg. pc jajal.
jiji :
(h,k) kn gigu, ênêg; n-[x]-i: ngênêg-ênêgi, nggigoni.
(jidhar) :
di-[x]-i kn digarisi; [x]-an: 1 garisan, garis kêncêng; 2 piranti dianggo njidhari.
jidhèt :
ks mati.
jidhêg :
êngg. kn jibêg, judhêg.
jidhul :
ks palanangan; n-[x]: 1 kn. njêdhul; 2 ks. sanggama.
jidhur :
ut. [x]-an kn bngs. tambur gêdhe, musik.
jidhor :
êngg. kn 1 jidhur; 2 ora [x] êngg. pc. ora prêduli.
jigalan :
êngg. kn gêdibal.
jiglug, jiglog :
êngg. pc dheglok, pincang.
jiglok :
êngg. kn rigol, gigol, tiba.
jiguh :
kn pakewuh, angèl; di-[x]-ake êngg: diiguhake.
(jigung) :
I n-[x] êngg. kn: jujur; bisa n-[x]: bisa kobèt. II kc. jegung.
jigur :
êngg. kn ampas wedang bubuk lsp; di-[x]: diêgongi sing ping pindhone.
jigrang :
êngg. kn kêdhuwurên tmr. bêbêdan, kêcêndhakên tmr. kathok; n-[x]: nggluyur.
jigol :
êngg. kn jiglok.
jih, jik :
êngg. pc isih.

--- 92 ---

jih ~ (jipuk).

jih :
(njih. ênjih, injih) êngg. pc inggih.
jiha :
br jiwa.
jihma :
(S) kw cidra, goroh.
jihmaga :
(S) kw ula; cs. 8.
jihmayuda :
(S) kw pêrang cidra.
jihwa :
(S) kw ilat.
jiit :
(C) êngg. kn sêlikuran (main).
jiyad :
(A) kn dhawuh; di-[x]: dipêksa, diprusa.
jiyarah :
(A) kn sujarah mênyang papan sing kramat.
(jiyut, jiyot) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
jik :
I êngg. pc isih. II êngg. pc: sing. III êngg. pc: gèk mangsa.
(jikik, jikuk) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
(jikut, jikot) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
jilak :
êngg. pc selak.
(jilat) :
di-[x] êngg. kn didilat.
jilêp, anyêb :
n-[x] êngg. kn anyêb njêjêt.
jilid :
I (A) kn 1 walulang samak layang; 2 peranganing layang sing urut-urutan sabuku-sabuku; 3 (ut. [x]-an) dondoman ing layang; n-[x]: nganthèt buku sarana dondoman; [x]-an: 1 dondomaning layang; 2 bngs. plipidan gilig; 3 êngg. nganggo wiron sing apik tmr. ikêt-ikêtan.
jiling :
kn jaling.
jilma :
kw jalma, janma; n-[x]: 1 kw. manjalma, dadi manungsa; 2 kn. (wis kaya manungsa) tutut, ora galak.
jim :
(A) kn bngs. roh sing duwe bêbudèn kaya manungsa; ka-[x]-an: alam (jagat) ing jim; kê-[x]-an: kêsurupan ing jim; kc. jin.
jimak :
kc jamah.
jimakir :
(A) kn ar.taun kang kawolu ing windu.
jimat :
(A) kn barang-barang sing dianggêp duwe daya sing ngungkuli kodrat.
jimawal :
(A) kn ar. taun kang katêlu ing windu.
jimbit :
êngg. kn kc. jembit.
jimbun :
kn pikun, tuwa bangêt.
Jimbung :
kn ar. sêndhang sakidul Klathèn ana buluse sing sok kanggo golèk pasugihan.
jimlêng :
mênêng [x] êngg mênêng tanpa cumuwit.
(jimuk, jimot) :
n-[x] êngg: njupuk.
jimur :
ut. truna [x] kn ar.ula mandi saèm. wêlang.
jimpe :
kn pêpês tanpa daya tmr. tangan lsp.
jimpit :
kn wilanganing barang lêmbut sajupukan pucuking driji, up. bêras sa-[x]; sa-[x] sakojong pr: ora adil; di-[x]: dijupuk nganggo pucuking driji.
jimpo :
êngg. kn kacu.
(jimprak) :
[x]-[x] êngg. kn jingklak-jingklak.
jimrah :
êngg. kn kaprah, lumrah ing akèh.
jin :
(A) kn jin.
jina :
(h) (A) kn laku sahwat.
jina :
(S) kw jêjuluke Sang Buda.
jinabat :
(S) kn mêntas sanggama durung rêrêsik; adus [x]: sêsuci sabakdane sanggama.
jinada :
kw tikus.
jinajah :
kc jinasah.
jinah :
I kn sapuluh iji tmr. wowohan, êndhog lsp. II kn laku sahwat; kc. jina.
jinah-kêthèk :
kn kêthèkan, cipowah.
jinak :
êngg. kn tutut.
jinantra :
kn rodha mêsin, rodha gêdhe diubêngake sarana banyu; kc. jantra.
jinasah :
(t) (A) kn layon, panguburing layon.
(jindik) :
di-[x] ks digêmblak.
jinja :
kn kanji, kapok (êmoh mara).
jinjang :
kn oyag-ayig, ora têtêp; [x] api goyang pr: api-api ngandêl bangêt, sajatine ora.
jinjing :
I kn jinjit. II n-[x] alis kn: njêngkêrutake alis (mripate diblalakake).
jinjit :
kn ngadêg sing tumapak mung pucuking dlamakan.
jindhul :
êngg. kn bintul.
jinêm :
kn antêng, jatmika, samun; [x] arum, [x] mrik, [x] sêkar, [x] sari pr: paturon; ka-[x]-an: 1 pulisi sandi, pulisi kapêtêngan; 2 panjaga ing tanah persil lsp.
jinis :
(A) kn bangsa, golongan sing nunggal kaanan.
(jintêl) :
n-[x] kn turu ngringkêl.
jintên :
kn ar. têtuwuhan wohe dianggo tamba (jamu) ana warna loro: [x] irêng, [x] putih.
jintul :
êngg. kn bintul.
jinthêngan :
êngg. kn jingkêngan tmr. ikêt-ikêtan.
jing :
I 1 êngg. pc sing, kang; 2 (ut. [x]-an) pancèn, layak. II njing pc: benijng. III dinjingake pc: dianjingake (dipetung).
jingga :
1 (ut. [x]-loka) kn: abang tuwa; 2 êngg. sêmbagi rupane abang; mirong akampuh [x] pr: nêdya mblela[2] (ngraman).
(jingglang) :
padhang n[x] kn padhang lan ora kasaput ing mêndhung tmr. rêmbulan.
(jingglêng) :
n-[x] kn mandêng (namatake) kanthi têmên-têmên.
jinggring :
kn mawa sikilan dawa, up. gêlas [x]; n-[x]: 1 katon dhuwur (marga dawa sikile, sikilane, cagake); 2 êngg. mangklik-mangklik ana ing dhuwur.
(jingkat) :
n-[x] njumbul marga kagèt.
jingkêng :
kn kêju; n-[x]: ora mingsêt-mingsêt tumandang ing gawe; [x]-an: ikêt-ikêtan katata mlipis.
(jingklak) :
[x]-[x] kn lincak-lincak.
jingklong :
kn lêmud gêdhe.
jingkol :
êngg. kn jengkol.
(jingkruk) :
n-[x] kn linggih ngrungkuk; kc. jungkruk.
(jingkrung) :
n-[x] kn turon gêgêre mbungkuk sikile nêkuk.
(jinguk) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
jipang :
kn 1 ar. waluh; 2 ar. panganan.
(jipik) :
I di-[x] êngg dijupuk. II n-[x] êngg. kn: njèplèk, gampang kasumurupan.
(jipuk) :
di-[x] pc dijupuk.

--- 93 ---

jipun ~ jlemprak.

jipun :
kn ar. wit.
(jiput) :
di-[x] pc dijupuk.
jipro :
(W) kn nyonyah Walanda (guru).
jira :
(S) kw jintên.
jirak :
kn 1 ar. wit sarta woh; 2 ar. dolanan, kc. cirak.
jirap :
kn katon uyêk-uyêkan sarta mratani.
(jirat) :
n-[x] êngg. kn ngetung, milang.
jirèh :
êngg. kn jirih.
jirêt :
kn tali sing dianggo ngala (ningsêti); n-[x]: 1 ngala nganggo jirêt; 2 nalèni, ningsêti; jumirêt: umur-umurane pari sing godhonge wis kuning mlêngkung.
jirih :
I kn wêdèn, ora kêndêl. II di-[x] êngg. kn: disigar.
jirika :
(S) kw. ak gangsir, jangkrik.
jirim :
êngg. kn bagean; n-[x]-[x]: mbage-mbage, minta-minta; n-[x]-i: mbagèhi.
jiring :
I kn nglingir; n-[x]: ngiris, nyigar. II kw: ngêdêgake, nangèkake.
jirna :
(S) kw ringkih, sèkèng, rusak.
jiro :
1 wc. siji-loro; 2 siji mungsuh loro.
jis :
êngg. pc wc. najis (sabawane ngêmohi, nyêpèlèkake); [x]-[x]-an: jothakan, nêng-nêngan.
jisin :
êngg jisim.
jit :
I êngg. pc aja. II ngê-[x] êngg. kn: ngiyat (mbukak) kêrtu.
jitah :
kn nanah.
jitu :
êngg. kn pêng-pêngan, mitayani.
(jitun) :
êngg kc. jidun.
jitus :
wc siji satus (sabên satus siji).
jicing :
kn klèlèting bêdudan.
jithêk :
êngg. kn lêthêk.
jithêt :
kn bithêt; n-[x]: nyulam (ndondomi) jarit lsp. sing suwèk.
jithok :
êngg. kn githok.
jiwa :
(S) kn 1 nyawa, sukma; 2 wong tmr. pangetung kèhing wong ing nêgara; 3 (ut. [x]-ku, [x]-ningsun) têtêmbungan marang kêkasih; anglong [x] br: pucêt marga sêdhih; lali [x]: ar. pêlêm; suduk [x]: nglalu sarana nyuduk; padu [x] dikanthongi pr: pintêr bangêt padu (nganti kaya Kyai Jiwa).
jiwagra :
(S) kw pucuking ilat; kc. jihwa, arga.
jiwana :
(S) kw urip.
jiwandana :
(S) kw 1 ar. têmbang gêdhe; 2 ar. gêlaring baris.
jiwang :
pc. wc siji ewang (siji edhang).
jiwangga :
(S) kw jiwa lan angga (jiwa raga).
jiwarêtna :
(S) kw ar. têmbang gêdhe.
jiwatma :
(S) kw (jiwa atma) urip lan sukma, têtêmbungan marang kêkasih.
(jiwêl) :
êngg. kn ciwêl.
(jiwir) :
n-[x] êngg. kn njèwèr.
(jiwit) :
di-[x] kn dipijit nganggo pucuking driji; jiniwit katut pr: yèn sanak sêdulure nandhang sangsara (utawa dirasani ala) awake dhewe katut krasa.
jiwita :
(S) kw. ak urip, nyawa.
(jiwut) :
[x]-[x] kn dhiwut-dhiwut.
(jiwo) :
n-[x] êngg. pc njupuk.
jlaburan :
êngg. kn pacitan; kc. jabur(an).
jladrèn :
kn jur-juran glêpung arêp digawe roti lsp.
jladri :
(W) kn gadri.
(jlajah) :
n-[x] kn njajah ingêndi-êndi, mratani.
jlajat :
I kn ngalamat bakal anane kacilakan lsp. n-[x]-i: awèh ngalamat.
jlag-jlig :
kn 1 bola-bali anjlog; 2 bola-bali têka.
jlag-jlog :
kn 1 munggah mudhun; 2 ora ajêg, mungguh[3] mudhun tmr. rêrêgan.
jlagêr :
pating [x] kn katon gêdhe-gêdhe lan dhuwur-dhuwur.
jlagur :
pating [x] kn padha ngadêg lan katon gêdhe-gêdhe.
jlagra :
I ki riyak. II tukang natah watu.
jlalat :
mak [x] kn owah pamandênge rêrikatan; [x]-an: mulat ngiwa nêngên (sêmu kêsusu ut. ora barès).
jlamun :
êngg. kn suwung tmr. pasar lsp.
(jlampar) :
n-[x] kn nlasar, nlèsèr, wrata (lakune, ênêre).
jlamprah :
kn ngingu rambut dawa, dawa buntute; kc. jlamprah.
jlamprang :
êngg. kn 1 jlamprah; 2 ar. kêmbang cêpaka alasan.
jlamprong :
kn 1 wulu buntut mêrak; 2 êngg. anak sing pêthingan.
(jlanah) :
n-[x] êngg. kn ngêmbrah, ingêndi-êndi ana.
jlantah :
kn 1 (lênga [x]) lênga sing wis dianggo nggêgorèng; 2 kayu [x]) êngg. arêng; n-[x] êngg: 1 njajah, njlajah papan ingêndi-êndi; 2 wis matuh nglakoni ala; ke-[x]: wis kêcirèn anggone nglakoni ala.
(jlanthir) :
n-[x] êngg. kn bagus tmr. jêjaka.
jlang-jlangan :
êngg. pc: 1 jag-jagan; 2 gluyaran, lunga nggugu karêpe dhewe.
jlang-jlong :
pc katêranganing lumaku jangkahe amba.
(jlanggrung) :
[x]-[x] kn gêdhe dhuwur tmr. pawakan.
(jlaprat) :
n-[x] kn nyaprang tmr. brêngos.
jlarang :
kn bngs. bajing gêdhe.
(jlarat) :
n-[x] êngg. kn: njonèt.
(jlarèh) :
n-[x] kn nggalêr, mawa galêran rada kandêl.
jlathêk :
êngg. kn lêthêk, rêgêd.
(jlèbèk) :
n-[x] êngg. kn njêbèbèh peyok.
jlèbèr :
kn jêbèr.
jlebrah :
timang [x] kn timang nganggo rêrênggan intên; n-[x] katon amba.
jlèdêng, jleding :
ks mati.
jlèg :
kn pêpindhan swaraning gêjlig lsp; di-[x]-i: êngg. dijègi.
jlèg-èlèr :
pc wira-wiri (bola-bali) têka; kc. èjlèg.
jlegor :
kn godhong kêtela pêndhêm.
jlembrak :
pating [x] êngg. kn kabèh nganggo rambut dawa, pating krêmbyah; kc. jembrak.
jlemprak :
pating [x] kn pating glidrah; kc. jimprak.

--- 94 ---

jlèntèh ~ jujug.

jlèntèh :
êngg. kc. jlèntrèh.
jlèntrèh :
kn rowa lan têrang tmr. andharan; di-[x]-ake: diandharake kanthi têrang.
jlèng :
kn 1 pêpindhan swaraning wêsi dipalu lsp; 2 kc. jrèng.
(jlethok) :
di-[x]-i êngg. kn dilethoki.
jlèwèhan :
êngg. kn clèwèhan, blewehan.
jlèwèr :
êngg. kn dlèwèr.
jlêbuk :
êngg. kn bngs. kranjang.
(jlêbud) :
n-[x] kn 1 mawa wulu cilik-cilik; 2 ora alus tmr. kayu sing dipasah lsp; 3 ora nganggo sandhangan sing rêsik.
jlêg :
kn pêpindhaning swarane (ut. katêrangane) anjlog, mudhun.
(jlêgedhag) :
n-[x] êngg. kn ngglebag, nggêblag.
(jlêgêdhag) :
n-[x] kn njêgêdhag.
(jlêgêdhêg) :
n-[x] kn njêgidhêg.
(jlêgid) :
n-[x] êngg enak, kêpenak.
(jlêgidhêg) :
n-[x] kn njêgidhêg.
jlêgur :
pating [x] kn padha nyuwara jêgur-jêgur.
(jlêgut) :
n-[x] kn njlênggut, mêmpên tumandang ing gawe.
(jlêgodhah) :
n-[x] kn amba lan jêmbar (kobèt) kc. jegodhah.
jlêgong :
pating [x] kn akèh jêglongane tmr. dalan lsp; [x]-an: jêgongan, jêglongan.
(jlêkèthèk) :
n-[x] kn gampang bangêt kêtêmu, njipik; kc. jêkèthèk.
(jlêkèthèt) :
n-[x] kn njlêkèthèt, njêkithat.
jlêmpah :
pating [x] kn pating blengkrah ora katata.
jlêmprak :
êngg. kn kc. jlêmpah.
(jlêntêr) :
n-[x] êngg. kn lêmês tanpa daya.
(jlênthar, jlênthir) :
kn kc. jênthar, jênthir.
(jlêthot) :
n-[x] êngg. kn lêmu kiyêng; kc. jênthu.
jlênggur :
pating [x] kn padha nyuwara jênggur-jênggur.
(jlênggut) :
n-[x] kn mêmpên (tumungkul) tumandang ing gawe.
(jlêngut) :
êngg. kc jlênggut.
jlêprak :
pating [x] kn padha njlêprak-njlêprak.
jlêprik :
pating [x] kn padha njêprik.
jlêrit :
pating [x] kn padha njêrit.
jlig :
1 mak [x] kn dumadakan têkan ut. mudhun; 2 êngg. gêjlig.
jligêr :
pating [x] kn pating glidrah, pating jligut.
jligur :
êngg. kn ampas, ampas wedang bubuk; kc. jigur.
jligut :
pating [x] kn katon akèh sarta padha ngodag-ngadêg.
(jlimêt) :
n-[x] kn namatake (nggolèki, milihi) kalawan titi bangêt; pêtêng n-[x] êngg: pêtêng dhêdhêt.
jlimprak :
pating [x] kn pating glidrah, pating jlemprak.
jling :
kn saèm. jlèng, jrèng.
(jlinggring) :
n-[x] kn katon dhuwur marga dawa sikilane; kc. jinggring.
jliring :
êngg. kn dliring.
(jlirit) :
n-[x] kn katon nggalêr cilik tmr. alis lsp.
jlithêng :
kn irêng agilap.
jlithêt :
pating [x] kn padha jithêt-jithêt.
(jlujur) :
pc. kc. dlujur.
jlugur :
pating [x] kn padha ngadêg (linggih) ngêbaki ngêndi-êndi.
(jlumat) :
di-[x] ut. di-[x]-i kn didondomi jarit lsp. sing wis suwèk; kc. jrumat.
jlumprit :
pating [x] kn pating jêmprit.
(jlungup) :
di-[x]-ake kn 1 dijorogake supaya kêcêmplung; 2 diloropake agawe cilaka; ke-[x]: tiba kêcêmplung.
jlurung :
êngg. kn dlurung.
jluwag, jluwêg, jluwog :
pating [x] kn akèh jêglongane, ora rata.
jlog, jlug :
kn sabawa (katêrangan) ing tiba, têka, mudhun lsp.
(jlomprong) :
n-[x]-ake kn mblasukake, nasarake; kê-[x]: kêblasuk, kêsasar, kapusan.
jlonèt :
êngg. pc bagus.
jlong-jlong :
kn 1 katêrangane lumaku (njangkah); 2 pêpindhaning swara saèm. jlèng.
(jlonggrong) :
[x]-[x] kn gêdhe lan gagah tmr. pawakan.
jlorah-jlarèh :
kn pating jlarèh; kc. jlarèh.
ju :
pc. wc. maju.
(jubad) :
pc. kc. bujad.
jubag :
êngg. kn jêmpo, jêmpon.
jubah :
(A) kn klambi dawa tumêka ing sikil.
jubak :
êngg. kn cubak, buk.
(jubar) :
n-[x]-i êngg. kn njugari.
jubêg :
pc judhêg, jibêg.
jubêl :
kn 1 cupêt, kurang dawa; 2 bujêl.
jubin :
kn lapisaning jrambah (bata, sêmèn lsp); n-[x]: nglapis jrambah nganggo jubin; kc. jobin.
jublang :
ut. [x]-an êngg. kn bêlik gawean.
jublêg :
I êngg. kn lêsung. II ut. n-[x] êngg. kn: njulêg. III n-[x] êngg. kn: mêndongong, mênêng bae, njênggidhêg. kc. jumblêg, jumlêg.
jublig :
êngg. ks bangsat.
jubung :
kn bngs. cangkir cilik; n-[x] ut. n-[x]-an: 1 lintingan dhuwit lsp; 2 kepang lsp. kadèkèk ing lambening tenggok supaya amot akèh; 3 êngg. payon cilik-cilikan.
jubur :
kn dubur.
jubriya :
(A) kn umuk, kibir; kc. ujubriya.
jubris :
êngg. kc jabris.
jubrisa :
kw. ak batur wadon.
(jud) :
di-[x]-i pc wc. diwujudi.
(jujag) :
[x]-an êngg. pc: bêjujagan.
(juju) :
di-[x] kn didulang (diloloh, dipakani) têrusan bae.
jujug :
kn papan sing diênêr tmr. lêlungan; n-[x]: 1 ngênêr ing papan; 2 têrusan anjog ing; n-[x]-i êngg: marani; [x]-an: 1 papan sing dijujug: 2 adhakan, gampang kêtêmu.

--- 95 ---

jujul ~ jumuntên.

jujul :
I kn 1 ora sêdhêng marga barange sing disèlèhake kêdawan; 2 susuk, dhuwit turahaning pambayar; n-[x] êngg: njaluk jujul; n-[x]-i: mènèhi jujul. II n-[x] kn: nusul; n-[x] wuwul pr: prakara sing muwuh-muwuhi rêkasa.
jujur :
kn 1 lêncêng, pênêr, lurus; 2 ngênggoni sabênêre, ora nakal tmr. wêwatakan; n-[x]-ake: diujurake, diênêrake sing bênêr.
(jujut) :
di-[x] kd kapas.
judha :
kw. ak diyan.
judhag :
kn jurang jêro; n-[x]: 1 njungupake ing jurang; 2 ent. sênêng agawe piala ut. karusakaning liyan.
judhas :
kn 1 ringas, giras; 2 lantap, sênêng njaili.
judhêg :
kn 1 wis pantog; 2 kêntekan akal, wis ora bisa mikir.
judhêl :
kn 1 pantog, wis ora ana banjure; 2 judhêg.
judhi :
I (S) kw pêrang, prajurit. II êngg. kn: main, ngabotohan.
jug :
kn katêranganing têmbung têka, têkan; kc. jujug.
juga :
kw mung, dhewe, ijèn, bae: sa-[x]: siji.
jugag :
kn jugag; di-[x]: dipunggêl, dicêkak.
jugah :
kn pacêt tmr. dolanan bengkat; jumugah: kêturutan, kêtêkan.
jugala :
(S) kw jodho, tandhing, bojo.
(jugang) :
n-[x]-i kn gawe pluwang; [x]-an: luwangan kanggo pawuhan lsp.
jugar :
I kn ora dadi, wurung; di-[x]-ake: diwurungake. II kn: jugrug, ambrol; n-[x] ut. n-[x]-i: njugrugi lêmah.
jug-jug :
êngg tibat-tobat![4]
jugil :
kn bngs. linggis gèpèng dianggo mbabah ut. nyongkèl.
(jugug) :
n-[x] kn nywara sêru ambal-ambalan tmr. asu; kc. jêgog, jêgug.
jugul :
I êngg. kn sêsulih, pangganti; di-[x]-i: disulihi; kc. jagul. II kn: bodho.
(jugur) :
n-[x] êngg. kn mbêgogok tanpa tumandang ing gawe.
jugrug :
kn ambrol tmr. gunung lsp; n-[x]-i: jugrug nibani; [x]-an: lêmah lsp. sing wis jugrug; kê-[x]-an: kêbrukan lêmah lsp. sing jugrug.
(jugrog) :
n-[x] êngg. pc mbêgogok, njugur.
(juh, joh) :
ora n-[x] pc ora bisa; kc. enjoh.
juk :
I pc wc. rujuk. II pc: wc. munjuk (ngunggahake). III n-[x] êngg. pc: banjur. IV n-[x] êngg. pc: njaluk.
juku :
êngg. pc 1 kiraku, tak-kira; 2 kok.
(jukuk, jukok) :
di-[x] pc: dijupuk.
jukung :
kn prau cilik (saèm. prau lêsung nganggo palang-palang).
jukur :
êngg. kn abuh.
jukut :
I kw jêjanganan; kc. dhukut. II (ut. jukol) di-[x] pc: dijupuk.
jul :
pc jujul (susuk).
julalat :
kn kc. jlalat.
(julêg) :
n-[x] kn jêro bangêt lan ndêdêr tmr. jurang lsp.
Juli :
(W) kn ar. sasi kang kapitu.
julig :
kn pintêr tmr. nindakake piala.
juluk :
I ut. jêjuluk kn jênêng, pêparab; di-[x]-i: diparabi, dijênêngake. II ut. [x]-an ki: githok. III mên-[x] kn: mingsêt munggah tmr. wong têturon; di-[x] êngg: diranggèh; di-[x]-ake: diingsêt munggah.
julung :
kn penêsthi bakal nandhang kacilakan marga laire mbênêri waktu sing dianggêp ora bêcik.
julung-kêmbang :
kn (bocah) sing lair mbarêngi plêthèking srêngenge (bakal nêmoni kewan galak).
julung-pujut :
kn kn 1 ar. wuku sing kaping lima-las; 2 (bocah) sing lair sajroning wuku kasêbut.
julung-sarap :
kn (bocah) sing lair ngarêpake surup srêngenge.
julung-sungsang :
kn (bocah) sing lair wayah bêdhug awan.
julung-caplok :
kn (bocah) lair mbarêngi suruping srêngenge (bakal dicaplok macan).
julung-wangi :
kn 1 ar. wuku sing kasanga; 2 (bocah) sing lair mbênêri wuku kasêbut.
(jum) :
di-[x], di-[x]-[x], di-[x]-i kn ditata, dipilihi banjur diklumpukake katata.
Jumadilawal :
(A) kn ar. sasi kang kalima.
Jumadilakir :
(A) kn ar. sasi kang kanêm.
jumagar :
kn isih cilik lan ênom (gênjik lsp).
Jumahat :
êngg. kn Jumuwah.
jumantara :
kw langit, awang-awang; cs. 0.
jumantên :
kw jumêrut; kc. jumara, jamrut.
jumara :
kw jumêrut.
jumlah :
(A) kn 1 gunggung, kèhe; 2 ora [x] êngg: ora cocog tmr. gunggungan (petungan).
jumblang-jumblêng :
êngg. kn pating jlêgong.
(jumblêg) :
n-[x] êngg. kn mênêng bae; kc. jubêg, jumlêg; sajêg [x]: sajêg jumlêg (salawase urip).
jumblêng :
kn kakus.
jumblo :
êngg. kc. jomblo.
jumbuh :
kn 1 padha rupane (wangune); 2 dhumpyuk; 3 rujuk, padha nunggal karêp.
(jumbul) :
n-[x] kn njola, nyumêd.
jumênêng :
kc. jênêng.
jumêrut :
(A) kn bngs.intên warnane ijo.
jumlah :
(A) kn gunggung, kèhe.
jumlêg :
sajêg [x] kn salawase urip.
(jumuk) :
di-[x] êngg. pc: dijupuk.
Jumuntên :
kd jumuwah.

--- 96 ---

Jumungah ~ jurnalis.

Jumungah :
êngg. kn Jumuwah.
jumurung :
kn nayogyani; kc. jurung.
(jumut, jumot) :
di-[x] êngg. kc dijupuk.
Jumuwah :
(A) kn dina kang kaping nêm; sa-[x]: saminggu (7 dina); [x]-an: sêmbahyang mênyang Mêsjid ing dina mau.
(jumpalik) :
n-[x] kn kc. njêmpalik.
jumput :
kn `1 sapit cilik dianggo njupuk barang sing lêmbut; 2 saèm. jimpit; n-[x]: 1 njimpit, njupuk nganggo pucuking driji; 2 (ut. n-[x]-i) mbubuti nganggo jumput; [x]-an: (ikêt, kêmbén lsp) sing mawa gambaran pating plênik putih (panggawene sarana dibundhêli).
jumrah :
êngg. kn lumrah.
jumrunuh :
kn tansah njêjaluk; kc. jêrmunuh.
jumrut :
êngg. pc. jumêrut.
jumrojog :
kn dumadakan têka (mlêbu).
jun :
kn klênthing gêdhe; pan-[x]-an br: kundhi (tukang gawe grabah).
junjang :
êngg. kn 1 cagak sanggan, jêjênêng; 2 ut. [x]-krawat: ar. punggawa kalurahan ing desa; kc. jonjang.
junjunan :
kn ar. iwak loh.
(junjung) :
n-[x] kn 1 ngumbulake, ngangkat diumbulake; 2 ngunggahake pangkat; 3 mundhi-mundhi, ngurmati; 4 ngalêmbana, ngompak; n-[x] ngantêbake pr: ngalêmbana nanging karêpe ngasorake (ngrèmèhake); n-[x] pundhak: ngobahake pundhak nyasmitani yèn ora wêruh (ngrêti); [x]-an: 1 êngg. urugan; 2 angkatan, unggah-unggahan pangkat; 3 êngg. pamarentah, panggêdhe.
june :
pc tujune (bêgja dene ...)
Juni :
(W) kn ar. sasi Walanda kang kanêm.
junub :
(A) kn jinabad.
junun :
kn ayêm, têntrêm, tata; ora [x]: 1 nganèh-anèhi; 2 ora tata, ora urus; kc. majênun.
juntrung :
ora [x] êngg ora urut, ora tata.
(junthit) :
n-[x] êngg. kn sikile buri diunggahake tmr. jaran.
jung :
kn 1 ukuran jêmbaring sawah ( 4 bau = ± 28386 m2); 2 (sawah [x]) êngg. sawah duwèke wong akèh.
(jungjung) :
n-[x] êngg. kn njunjung.
junggêl :
I êngg. pc jungkêl. II êngg. pc: janggêl.
(junggla) :
n-[x] êngg. kn njola.
jungkang :
n-[x] êngg. kn njongkèng, ngangkat diumbulake; krêtêg [x]: krêtêg gantung (kêna dijêplakake); kc. jongkang.
jungkar-jungkir :
kn jêngkang-jêngking; kc. jungkir.
jungkas :
êngg. kn 1 têkên dianggo mlaku; 2 jungkat.
jungkat :
I sêrat k. pêthat ki ar. piranti dianggo natasake lan ngêlus rambut, arane warna-warna up: [x] plêngkung, [x] suri, [x] cênthing lsp; n-[x]-i: ngêlus rambut nganggo jungkat. II êngg. kn: têkên.
(jungkêl) :
n-[x] kn tiba saka ing dhuwur êndhase ana ing isor; n-[x]-ake: 1 nibakake nganti njungkêl; 2 njungkir gêndul lsp. supaya kothong; kê-[x]: tiba njungkêl.
(jungkir) :
n-[x] ut. n-[x] walik kn 1 kang pancèn ana ing dhuwur kawalik ana ing isor; 2 êndhase ana ingisor, sikile ana dhuwur; mbalik [x]: 1 jêngkêlitan; 2 rêkasa bangèt.
(jungkit) :
kn kc. jongkit.
(jungklang) :
n-[x] êngg. kn njulêg.
jungkung :
êngg. kn jukung.
(jungkur) :
n-[x] êngg. kn jugrug.
(jungkrah) :
n-[x]-i êngg. kn ndhungkrahi.
jungkrug :
êngg. kn jugrug.
(jungkruk) :
n-[x] kn ndhungkluk, tumungkul.
(jungla) :
n-[x] êngg. kn njola.
(junguk, jungok) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
jungut :
ut. (pa)-[x]-an kn sênthong mawa padusan; dhampar [x] br: pajungutan.
(jungok) :
n-[x] êngg. kn njongok.
(jupuk) :
n-[x] n. mêndhêt k. mundhut ki: 1 nyêkêl apa-apa banjur digawa; 2 têgêse entar akèh bangêt, up. n-[x] bathi limang sèn; n-[x] punggawa anyar lsp.
(jupot) :
n-[x] êngg. pc njupuk.
jur :
I êngg. pc. wc. kojur. II kn linggane têmbung ajur, êjur; [x]-[x]-an: barang sing wis diêjur. III (njur) pc: banjur. IV di-[x]-ake pc: diujurake.
(jurag) :
n-[x] kn ngoyak, mburu; wong [x]: tukang misaya iwak.
juragan :
êngg. kn 1 sudagar gêdhe; 2 lêlurahing pakaryan; 3 lurah; 4 tuwan tanah; [x] dharat: juragan sing nyêdiyani kabutuhane prau misaya iwak; [x] laut: lêlurahing prahu misaya iwak.
(jurak) :
êngg. kn kc. jurag.
juran :
êngg. pc ujuran.
jurang :
kn lêdhokan jêro ing antaraning gunung ut. kali; [x] grawah ora mili pr: katone loma, nanging sajatine cêthil; n-[x]-ake: 1 nyêmplungake ing jurang; 2 ngloropake, mblasukake; kê-[x]: kêcêmplung ing jurang; ke-[x]-[x]: tansah nandhang cilaka.
(jure) :
n-[x] êngg. kn mbênakake (nyulami) jala, jaring lsp.
juri :
I ut. n-[x] kn kêkêr lan alus pangêname. II (W) kn: juru pamriksa lan panimbang tmr. sêtelingan, bal-balan lsp.
juring :
kn sigaran godhaganing durèn ut. sêmangka; n-[x]: ngiris (merang-merang) bisane saperang-perangane kaya juring, up. n-[x] tumpêng: (sungu) pan-[x]-an: sungu diwangun kaya lading dianggo njuring.
juris :
êngg. kn kêthèk, munyuk.
jurit :
kw pêrang, papêrangan.
jurnal :
(W) kn buku cathêtan padinan.
jurnalis :
(W) kn juru ngarang ing layang kabar.

--- 97 ---

jurnalistik ~ jodho.

jurnalistik :
(W) kn babagan (prakara) jurnalis.
juru :
kn wong sing nindakake pakaryan, tukang; kêmiri [x]: kêmiri gêdhe gêgêre nglingir; abdi-dalêm [x]: abdi-dalêm juru nujum; sa-[x]-[x]: ditata pêpanthan miturut pêpangkatane.
juru-basa :
kn 1 wong sing nglantarake pagunêmane wong loro sing padha dene ora mangêrti basane; 2 tukang njarwakake basa ngamanca; njuru-basani: dadi (minangka) juru-basa.
juru-dang, juru-padang :
kn tukang adang.
juru-jalir :
kw lurah palanyahan.
(jurug) :
di-[x], di-[x]-i êngg. kn diurug, diurugi.
juru-gusali :
kw lurah pandhe.
juruh :
kn jèr-jèran gula rada cuwèr.
juru-kunci :
kn wong sing pinatah ngrêksa pakuburan ut. papan sing kramat.
juru-mudhi :
kn tukang ngêmudhèni prau.
juru-nujum :
kn wong sing pintêr mêmêthèk (mêmêca) sarana palintangan.
(jurung) :
n-[x]-i kn 1 ngrewangi, mitulungi, nyumbang; 2 nayogyani, mèlu mujèkake bisane kêlakon sing sinêdya; jumurung: nayogyani, mupakati; pan-[x]: pasumbang; [x]-an: sumbangan, pitulungan.
jurus :
êngg. kn 1 lurus, lêncêng; 2 burus; 3 ar. tandang-tanduk ing ulah pêncak.
juru-tambang :
kn tukang nambangake.
juru-tulis :
kn carik.
jus :
I (A) kn perangan bab ing kur'an (1/30). II mak [x] kn: sabawaning mêrcon lsp.
justak :
êngg. kn goroh.
jut :
I (njut, njutan) pc banjur. II kn: katêranganing obah saèm. gênjut.
juti :
I kw ala, piala. II (S) kw. ak: rikat bangêt.
(juthil) :
n-[x] êngg. kn nguthil.
juwa :
êngg. kn gorengan mlinjo (klathak).
juwadah :
kn ar. panganan sing digawe kêtan; kc. jadah.
(juwal) :
(M) êngg. pc adol; [x] blanja (gajih) pc: utang nganggo tanggungan bayar; [x] mula (mulak): adol sing kawitan (dudu kulakan); [x] dhuwa kali: adol sing wis kulakan.
(juwara) :
ka-[x] kn misuwur, kondhang.
(juwarèh) :
n-[x]-i êngg. kn 1 mbosêni tmr. pangrungu; 2 ngandhakake prakara sing ora pantês dirêmbug.
juwas-juwas :
êngg. kn wis êmoh nglanggati.
juwata :
kw dewa; kc. jawata.
(juwawah) :
n-[x] kn amba cangkême lan kandêl lambene.
(juwawul) :
n-[x] kn ora alus tmr. rambut.
juwawut :
kn ar. têtuwuhan lan wohe bngs. otèk.
juwèh :
kn tansah ginêman, tansah mêmaoni.
(juwèk) :
di-[x] êngg. pc: dijupuk.
(juwèwèh) :
n-[x] kn 1 saèm. njuwawah; 2 juwèh.
(juwèwèk) :
n-[x] kn amba cangkême.
juwêt :
I kn bola-bali (tansah) nênuturi, maoni lsp; n-[x]-i anake: tansah juwêt marang anake. II êngg. kn: dhuwit.
juwi :
I kn ar. kewan sêgara bngs. srotong. II êngg. pc: mangsa! aku ora ngandêl!
(juwing) :
di-[x]-[x] kn disuwèk-disuwèk[5] (dicuwil-cuwil) nganti ajur.
(juwis) :
n-[x] kn cangkême ciyut lambene tipis.
(juwit) :
n-[x]-i êngg. kn ngumêd-umêdi.
juwita :
kw putri.
(juwiwig) :
n-[x] kn sêthithik tur ora diêlus tmr. rambut.
(juwiwis) :
n-[x] kn juwèh.
(juwut, juwot) :
di-[x] êngg. pc dijupuk.
juwog-juwog :
kn pating krêmbyah ut. madhul-madhul tmr. rambut; kc. juwowog.
(juwowog) :
n-[x] kn njêbobog madhul-madhul tmr. rambut.
(juwowol) :
n-[x] kn madhul-madhul mêtu tmr. kapuk ing bantal lsp.
(juwowos) :
n-[x] êngg. kc dhêlêg-dhêlêg sarta suntrut.
joane :
êngg. pc wc. ijoane (têgêse, jarwane).
jobag :
êngg. kn jêbag.
(jobar) :
n-[x]-i êngg. kn njugari.
jobin :
êngg. kn kc. jubin.
jobong :
êngg. kn 1 bngs. kranjang; 2 (ut. [x]-an) guthêkan lêgokan ing sênthong; 3 ks. palanyahan; kc. jubung.
(joblêg, joblog) :
n-[x] êngg. kn mênêng tanpa sumaur; kc. jublêg.
joblig :
êngg. ks bangsat.
jojo :
I kn ar. têtuwuhan rumambat. II [x]-[x] êngg. kn: idêr-idêr; kc. jaja.
(jojog, jojrog) :
n-[x] kn lumayu ora pati bantêr tmr. jaran.
jojoh :
kn barang sing dawa lancip dianggo nyogok; di-[x]: 1 dicocog nganggo jojoh; 2 dilêmbutake tmr. jadah lsp. nganggo jojog; di-[x] ing ujar: diujar-ujari.
jodhang :
kn ar. wadhah wangun pêsagi dawa nganggo pikulan dianggo nggawa panganan, ambêngan, kiriman lsp.
jodhas :
kn judhas.
jodhèh :
kn ora prêmati anggone nutupi wêwadine; n-[x]-i: 1 mudani; 2 njodhèri, ngonangi.
(jodhèr) :
njêjodhèri kn miyak wadi, ngonangi wadi; kê-[x]-an: kêwiyak wadine, konangan.
(jodhi) :
ka-[x] kalah, tiwas, kawasesa ing mungsuh.
jodho :
kn 1 cocog, bisa gathuk (runtut); 2 kang dadi rakitane (têtimbangane); 3 rêrakitan lanang wadon; 4 mustajab, bisa ndayani tmr. tamba lsp; 5 rujuk, nunggal karêp; dijodhokake: dirakitake, diomah-omahake, sa-[x]: sarakit, sapasang; jêjodhoan: bêbojoan.

--- 98 ---

jodhog ~ (jongkot)

jodhog :
êngg. kn 1 dhingklik cilik, cagak sanggan; 2 ajug-ajug diyan.
jodhong :
êngg. kn 1 bngs. sênik gêdhe; 2 bngs. lumbung cilik-cilikan.
jog :
kn 1 katêrangane têka; 2 êngg. anjog ing, têkan ing; 3 apa-apa sing dianggo ngganêpi kêkurangane, wedang sing dianggo muwuhi; ngê-[x]-i: 1 muwuhi apa-apa sing wis êntèk (kurang): 2 nambêli, mbayari dhisik: ka-[x]: kêcuwan, kayata maune sugih dadi mlarat bangêt.
jogah :
kn ar. dolanan saèm. jelungan sing mêntas ora kêna ngambah lêmah.
jogan :
kn jrambahing omah.
(jogang) :
êngg. pc jugang.
jog-jogan :
kn apa-apa sing diêjogake; kc. jog.
jogèd :
êngg. kn. tlèdhèk; 2 kn. bêksa ki. solah bawa sing tinata manut wiramaning gêndhing; n-[x]: nindakake jogèd.
jogi :
kn têmpaos; rokok [x]: rokok nganggo wur têmpaos.
joglo :
kn ar. wanguning omah (mawa saka guru, brunjung lan tumpang).
(joglog, jogrog, jogros) :
n-[x] êngg. ks mbêgogok ora tumandang ing gawe.
(jogol) :
n-[x] êngg. kn nggêlut.
joh, jok :
pc aja.
johan, jowan :
kn ar. manuk bngs. dhêruk.
johar :
I (A) kn 1 ar. lintang; 2 ar. intên. II (ut. jowar) kn: ar. wit.
(johoh) :
n-[x] kn njèhèh.
jok :
1 pc aja; 2 (ut. njok) pc: sok; di-[x]-ake pc: diajokake.
jokal :
(A) kn ar. lintang.
joki :
(W) kn tukang nunggang jaran balapan; kc. jongki.
jol :
mak [x]: katêrangane nronjol.
(jola) :
n-[x] kn njumbul marga kagèt.
jolang :
kn joli gêdhe.
jolang-jalingan :
kn thothoke êndhas kutuk; kc. jaling.
jolèn :
kn bngs. tandhu, kc. joli.
joli :
kn bngs. tandhu.
joluk :
êngg. pc jêjuluk.
jolok :
ut. [x]-an êngg. kn adhakan, gampang kêtêmune.
(jolor) :
n-[x] êngg. kn nlosor, mrambat; kc. jalar.
jomblah :
pc jumblah.
(jomblak) :
n-[x] ut. [x]-[x] êngg. kn bungah (susah) dadakan, kagèt.
jomblang :
kn lêlurahing palanyahan.
jomblo :
êngg. kn 1 kothong sarta bosok tmr. krambil; 2 kurang pintêr, bodho.
(jomblong) :
n-[x] kn mlongo marga gumun lsp.
jombok :
ut. [x]-an êngg. kn sawah lsp. sing kakêndhong ing banyu, jêjêmbêkan; kc. jombor.
jombor :
kn jombok; sukêt [x]: ar. sukêt sing urip ing jêjêmbêkan.
(jombrèt, jombrit) :
êngg. pc jimbit.
jombrètan :
êngg. kn jelungan.
(jombros) :
n-[x] êngg. kn rêgêd lan ora alus tmr. rambut, brêngos.
jombrot :
êngg. kn bobrok, jatuh tmr. dêdagangan lsp.
(jomplak) :
êngg. kn kc. jomblak.
(jomplang) :
n-[x] kn 1 njêngat sasisih marga ora timbang; 2 ndhoyong, ora adil.
jompo :
êngg. kn jêmpo.
jompong :
I kn balung mblêndhuk sacêdhake kuping tmr. jaran. II êngg. kn: godhong jati ênom. III êngg. kn: kuncung. IV êngg. ks: ompong lan kêmpot.
jonjang :
I kn. ak ar. ukuman sarana dikêthok tangan lan sikile; di-[x]: diukum kakêthok tangan lan sikile. II ut. jonjing, jonjit kn: oglak-aglik marga sikilane dawa cêndhak, pincang marga sikile dawa sisih; [x]-an: ora ajêg.
jonjong :
kn kc. jonjang II.
jonjit :
kn kc. jonjang II.
jonjong :
I kn dawa (ora timbang pawakane); kc. lonjong. II di-[x] ut. dijongjong pc: diêjong-êjong, diugung bangêt.
jondhang :
êngg. kn jodhang.
(jondhit) :
n-[x] kn sikile buri diumbulake tmr. jaran lsp.
jondhol :
êngg. kn rondha ing padesan.
(jontong) :
n-[x] kn anyêl, mangkêl.
jontrot :
kn 1 manuk sing dianggo mikat; 2 apa-apa sing dianggo mêmengin; n-[x]: 1 mikat manuk nganggo jontrot; 2 mêmasangi karêbèn kêpencut; 3 êngg. njogros, mbêgogok tanpa tumandang ing gawe.
(jonthit) :
n-[x] êngg. kn njondhil.
(jonthok) :
n-[x] êngg. kn njanthok.
jong :
I kw payung, tutup; a-[x]: pêpayungan, tutupan. II kn: bngs. prau gêdhe; ngê-[x]: nunggang jong.
(jonggala) :
n-[x] êngg. kn njola.
jonggol :
I êngg. kn janggol, jagul; dianggo [x]: mung dianggo lamis; [x]-an êngg: tanggungan; kc. janggol. II n-[x] êngg. kn: 1 katon gêdhe dhewe; 2 njanggol, mbêgogok.
(jonggrang) :
n-[x] ut. [x]-[x] kn kêladuk lêncir tmr. dadêg[6] piadêg.
jonggring-sêlaka :
kw kayangane Bathara Guru.
(jonggrong) :
[x]-[x] kn gêdhe dhuwur tmr. pawakan; kc. jonggrang.
jongkang :
I kn bngs. jangkrik. II n-[x] kn: rada miring, ora wrata lumahe; di-[x]: diunggahake (diangkat) sêthithik; ks. jongkèng, jongkèt, jongkit.
(jongkèng) :
di-[x] êngg. kn dijangkang.
jong-kèri :
kn ar. gêndhing.
(jongkèt) :
di-[x] êngg. kn dijongkang.
jongki :
(W) kn tukang nunggang jaran balapan; kc. joki.
(jongkit) :
n-[x] êngg. kn njongkang.
jongkla :
êngg. kn ora jênak.
(jongkok) :
n-[x] êngg. kn ndhodhok.
(jongkong) :
I di-[x]-ake kn 1 dijorogake amrih tiba krungkêb; 2 diloropake amrih sangsara. II kn: ar. panganan; [x] inthil: jongkong karo inthil dianggo slamêtan.
(jongkot) :
n-[x] êngg. kn njoggrog,[7] mbêgogok.

--- 99 ---

(jongla ) ~ jrojos.

(jongla, jonglok) :
n-[x] êngg. kn njola.
jongok :
I êngg. kn ajug-ajug, jodhog. II n-[x] kn: 1 linggih gulune manglung tangane (sikile ngarêp) napak; 2 ks. linggih; kc. jêngongok, dêngongok.
jongor :
I kn congor; n-[x]: kandêl lan njêbrèt tmr. lambe. II di-[x]-ake kn: dijorogake nganti raine kongsêp; ke-[x]: tiba raine kongsêb. III n-[x] êngg. kn: njongok.
jongos :
(W) kn 1 batur Walanda; 2 paladèn ing hotèl lsp.
jor :
I [x] bae pc diêtogake bae; di-[x] kn: diuja sakarêpe; ngê-[x]-i: ngudi amrih bisa ngungkuli (luwih laris, luwih murah lsp); [x]-[x]-an: onjon-onjonan. II an-[x], man-[x] kw: nrajang, mangsah.
jorak-jarikan :
êngg. kn gombal; kc. jarik.
(jorang) :
jêjorangan êngg. kn sêmbranan.
jorang-jaringan :
êngg. kn jaringan.
jorètan :
êngg. kn jelungan.
jori :
kn ar. têtuwuhan kêna digawe tamba.
jorna :
êngg. pc katogna, karêbèn; kc. jor.
jorog :
kn 1 pawèwèh murih katurutan sêdyane; 2 pawèwèh marang calon bojo; di-[x]-i: diwènèhi apa-apa sadurunge dadi pangantèn; di-[x]-ake: disodhokake maju, dijongkongake.
(jorong) :
I di-[x]-ake kn dijongorake; ke-[x]: kêjongor; [x]-ên: kumudu arêp tiba krungkêb. II [x] pancur kn: lara nggrajag gêtih; di-[x]-i êngg: diilingi, diisèni sarana diêcuri; [x]-an êngg: bngs. ilèn-ilèn banyu.
jos :
kn pêpindhaning swara saèm. jus.
jot :
mak [x] kn katêranganing kagèt; kc. kêjot.
(joto) :
n-[x] kn 1 (ut. mênjoto) mênyonyo, abuh (mlêmpung) mêncungul; 2 njomblong, mênêng bae sêmu gumun.
(jotos) :
n-[x] kn ngantêm ing rai (êndhas).
(jothak) :
n-[x] kn êmoh ngaruh-aruhi, ngênêngake; [x]-an: nêng-nêngan.
jothok :
êngg. kn têtêp ora ngalih-ngalih, ajêg.
jowal-jawil :
kn tansah njawil.
jowan :
I kc. johan. II êngg. kn bngs. pacul.
jowane :
êngg. pc ijoane, karêpe.
jowar :
kn johar (ar. wit).
jra :
kw jrah, anjrah.
jrabang :
kn abang tmr. ulêsing jangkrik.
jrabing :
pating [x] kn katon rubung, jirap.
jraga :
êngg. kn bêdudan.
jragan :
êngg. pc juragan.
jragêm :
êngg. kn dragêm (ulêsing jaran).
jrah :
an-[x] kw: sumêbar wrata.
jrak :
wis [x] pc wis anjrak; an-[x]: manggon ing, andhok ing.
jrakah :
kn ar. wit.
(jranthal) :
n-[x] kn mlayu rikat tmr. tikus lsp.
jrambah :
kn jogan ing omah têngah (kanggo linggihan).
jranggol :
pating [x] padha njanggol. jrangking kn 1 garing, aking; 2 ar. panganan lempengan kêtan dipanggang; n-[x]: 1 nggaringake, mepe jagung lsp; 2 ngêngurangi pangan supaya kuru; 3 anggone makani (ngingoni) dikurangi.
jrangkong :
kn 1 bêbalungan raganganing manungsa ut. kewan; 2 ar. mêmêdi awujud raganganing manungsa; kewan jêjrangkongan: kewan sing mawa balung ragangan.
jras :
kn pêpindhaning swara (katêrangan) macul, nyuduk lsp.
(jrèjès) :
n-[x] kn nyuwara jès (jrès).
(jrèg) :
di-[x]-i êngg. pc dijègi.
jrèndhol, jrêndhol :
pating [x] kn padha mlêmpung (abuh); kc. jèndhol.
jrèng :
kn pêpindhan swaraning dhuwit diêsok; mbayar [x]: têrus mbayar kabèh (ora utang).
jrès :
kn pêpindhan swaraning rèk digaritake.
jrèt :
kn 1 pêpindhan swaraning bêdhil angin lsp; 2 dumadakan mêcothot mêtu.
jrèwès :
pating [x] kn pating dlèwèr.
jrêg :
kn jlêg.
jrêngki :
êngg. kn drêngki.
jrêp :
mak [x] kn dumadakan tumancêb.
jrêthot :
pating [x] kn padha nywara jêthot-jêthot.
jriji :
êngg. kn driji.
jrijis :
êngg. kn cêthil, kumudu njêjaluk.
jrih :
kw wêdi; kc. ajrih.
(jrinêt) :
n-[x] êngg. kn njlimêt.
jrinjing :
êngg. kn trincing.
jring :
êngg. kn jêring (jengkol).
jrithêt :
pating [x] kn 1 padha bithêt-bithêt; 2 akèh dondomane.
jrubasa :
pc wc. juru-basa.
jrug, jrog :
mak [x] kn dumadakan tiba (têka); kc. jlog.
jrukunci :
pc juru-kunci.
jrum :
kw pitênah, paeka; an-[x]: mitênah maeka; kc. jarum.
(jrumat) :
n-[x], n-[x]-i kn ndondomi jarit lsp. sing wis suwèk (bolong).
jrumpul :
êngg. kn dhêmpêl (lawang, cêndhela).
(jrunthul) :
n-[x] kn mlayu bantêr êndhase ndhungkluk.
(jrungup) :
di-[x]-ake êngg dijlungupake; kc. jlungup.
jrus, jros :
mak [x] kn dumadakan tumancêb.
jrut, jrot :
mak-[x] kn dumadakan mêcothot (mancur).
jrutulis :
pc juru-tulis.
jro :
wc jêro.
jrobong :
êngg. kn tobong, pangobongan gamping.
(jrojog) :
n-[x] kn têka dadakan; [x]-an êngg: grojogan.
(jrojos) :
n-[x] kn nywara jos-jos.

--- 100 ---

jrog ~ dhayang

jrog :
kn jrug, jlog.
jrogjrogan :
êngg. kn omah ngarêp sing dianggo jujugan.
jromah :
êngg. pc 1 ing jêro omah; 2 (ut, [x]-an) sênthong ut, peranganing omah sing jêro.
jromblong :
pating [x] kn padha ndomblong (njomblong).
(jronthol) :
n-[x] êngg. kn njrunthul.
jrong :
mangsa [x] êngg. kn pagêblug.
jrongan :
êngg. kn jurang.
(jrongkong) :
di-[x]-ake êngg. pc dijongkongake.
jrot :
kn kc. jrut.
jrowan :
pc jêroan.
jwah :
kw ing têmbe, besuk.
jwala :
(S) kw sorot, gêbyar, urub.
jwalana :
(S) kw gêni; cs 3.
jwalita :
(S) kw sumorot, gêmêbyar, murub.
jwawut :
pc juwawut.
jyar :
kw wulang, ajar.
jyut :
pan-[x] kw diyan, sorot.
jyoti :
(S) kw sorot, pêpadhang.
jyotisa :
(S) kw. ak ngèlmu palintangan.

 


jêrbabak. (kembali)
mbalela. (kembali)
munggah. (kembali)
tobat-tobat. (kembali)
disuwèk-suwèk. (kembali)
dêdêg. (kembali)
njogrog. (kembali)