Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

O

o :
kn sabawa mratelakake pangêsah, gumun lsp.
obag :
êngg. kn 1 umpak; 2 grobag.
obah :
n. ebah k owah saka ing kaanan mênêng; di-[x]-ake: digawe supaya obah (uga ent.); [x]-[x]-an êngg: ada-ada ngudi marang sawijining gêgayuhan; kc. mobah.
obah-osik :
kn br: tuwuhing gagasan, krêntêging ati.
obang-abing :
kn. ak senggotan.
(obar) :
di-[x] êngg. ak diobong; kc. kobar.
obar-abir :
1 kw. clèrèt, thathit, kilat; 2 kn. coraking gêndera mawa warna têlu (abang, putih, biru).
obat :
kn 1 campuraning sêndawa, arêng, wlirang lsp. dianggo isèn-isèning patrum, mriyêm, mêrcon lsp; 2 jasad-jasad ing ngèlmu pamisah kang dianggo rabuk, mangsak gula lsp; 3 êngg. pc. jamu,

--- 449 ---

(obat-abit) ~ (ogok).

tamba; kramas [x] br: pêrang campuh.
(obat-abit) :
di-[x]-ake kn diontang-antingake (tmr. barang kang dawa kyt. pêdhang lsp); kc. mobat-mabit.
(obèl) :
ng-[x] pc mubêng megal-megol (rodha lsp); [x]-an pc: 1 êngg. engkol bur dianggo ngubêngake sêkrup; 2 apa-apa sing dianggo pawadan (aling-aling): kc. obèng.
obèng :
I (ut. [x] -an) kn 1 lar (ing jantra): 2 engkol bur dianggo ngubêngake sêkrup; 3 senggotan dianggo mutêr rodha lsp; ng-[x]: mubêng megal-megol. II ng-[x] kn: buruh mbathik; di-[x]-ake: diburuhake (tmr. bathikan): [x]-an: opahaning bathikan kang digarap.
obèt :
pc kobèt.
obin :
kn 1 jobin; 2 ru pêsagi (14,19 m²); di-[x]: ditêksir sapira pamêtune (tmr. pamêtune sawah lsp); kc. ubin.
obyag :
êngg. kn gêdêr.
obyo :
êngg. kn saèm. cao.
obyog-obyog :
êngg. kn tayuban, janggrungan; [x]-an: padha bêbarêngan nggarap gawe; kc. ombyok.
(obyok) :
di-[x]-[x] êngg. kn dikumbah ing banyu (tmr. sukêt lsp).
(obyong) :
di-[x]-i pc diubyungi, diumbyungi.
obyor :
êngg. kn ubyar, gêbyar.
oblang, oblo :
ks palanyahan.
obli :
(W) kn ar. kuwih.
oblok-oblok :
kn sêga jangan lan lêlawuhan dicampur dadi siji; di-[x] pc: disrêngêni akèh-akèh.
obodan :
êngg. kn groboh (tmr. garapan); kc. ubud.
obong :
kn. ak mati nyêmplung ing gêni; [x]-[x] ngobong uwuh lsp; di-[x] n. dipunbêsmi k: 1 disulêd (dinyunyuk, dilêbokake) ing gêni; 2 dipanasi murih atos (tmr. bata, gêndhèng), dimatêngake sarana gêni (tmr. gamping); 3 pc. dibêbangus, digêgasah; [x]([x]-)an kn: 1 kang diobong, olèh-olèhane ngobong; 2 pc. amuk-amukan ênggone totohan; kc. kobong.
obor :
kn pring iratan, blarak lsp. disulêd dianggo colok; kêpatèn [x] pr: kelangan lacak tmr. alurane sêduluran, (ut. tmr. panitining prakara); gêdhe [x]-e br: sakèhing prakara dititipriksa kalawan adil (tmr. nêgara); di-[x]-i: 1 disuluh (dibrongot, dipadhangi) nganggo obor; 2 br. dipadhangake rêmbuge (prakarane).
obor-giring :
pc. ak Pamarentah Luhur.
(obos) :
[x]-[x]-an êngg. kn obrol-obrolan.
(obrak-abrik) :
di-[x] kn dirusak nganti pating blengkrah.
obral :
ut. [x]-an kn mbudhalake barang-barang dagangan kanthi rêga murah; di-[x]-ake: diêdol kanthi rêga murah-murahan.
obrus :
kn panggêdhening saradhadhu.
obrog :
kn ar. dolanan bocah (nganggo gacuk watu totohane gendhongan); [x]-an pc: ora adèn-adèn (tmr. garapan).
obrol :
(-an) kn 1 pc. omong gêgorohan umuk-umukan; 2 êngg. paomongan, kandha; di-[x]-[x] êngg: didhudhah diudhal-udhal; di-[x]-ake pc: diomongake (kanthi umuk-umukan); ng-[x] pc: omong gêgorohan umuk-umukan.
(obrot) :
di-[x]-[x] êngg. pc diudhèt-udhèt wêtênge.
(odod) :
di-[x]-ake kn didudut diwêtokake saka sathithik (kêris saka ing wrangkane lsp); kc. modod.
odok :
êngg. pc rada.
(odor) :
ng-[x] êngg. kn adrêng, mrêdêng.
odrog :
êngg. kn bngs, jara.
ojat :
dadi [x] br dirêmbug (digunêm) ing akèh; kc. kojat.
(ojèh) :
di-[x] êngg. kn disuwèk-suwèk; kc. rojèh.
(ojèl) :
di-[x]-ake êngg. kn diucik-ucik, ditêtangi tmr. prakara sing wis sirêp; kc. kojèl.
ojit :
êngg. pc aja.
ojogan :
kn 1 (wong [x]) tukang nggawa gêgawan kang abot-abot; 2 (bakul [x]) bakul klithikan sing idêr mrana-mrana.
ojok :
I pc aja. II di-[x]-[x]-i kn: diajani sarta dibêbangus supaya mbangkang lsp.
ojolan :
êngg ijolan.
ojong :
diêmban [x], di-[x] kn: diêmban sikile karo pisan dislonjorake (tmr. bayi, kb. dipèkèh).
ojrat :
êngg. kn. ak slawatan nyritakake siksa lan ganjaran ing jaman ngakerat.
odhag-adhig :
kn. ak tansah obah oglak-aglik.
odhak :
êngg ora.
(odhal-adhil) :
di-[x] kn 1 didhudhah diadhul-adhul; 2 dikandhak-kandhakake (tmr. wadi).
(odhal-adhul) :
di-[x] pc diodhal-adhil.
(odhe) :
ng-[x] êngg. kn 1 lêgèh, nganggur; 2 buruh nggarap; diodhèkake êngg: diburuhake, diopahake.
odhèg :
(-an) kn lodhèg, oglak-aglik marga ora sêrêt anjing-anjingane; di-[x]-ake: dilodhègake, diogak-ogak.
(odhèt) :
di-[x]-[x] kn dicoblos sarta disuwèk wêtênge (dijupuki jêroane).
odhêg :
êngg. kn orêg.
odhil :
ora [x] ak ora nggawêr, ora mantra cukup.
odhol :
I kn para, groboh (tmr. bathikan lsp); di-[x]-[x]: diudhal-udhal, diudhèt-udhèt lan diwêtokake jêroane. II di-[x] pc: dikodhol.
ogah :
êngg. kn êmoh, wêgah.
ogak :
I êngg ora. II kn: oyag oklak-aklik (tmr. untu lsp); di-[x]-[x]: dioyag-oyag.
ogak-agik :
kn ogak.
ogal-agil :
kn ar. wot ing ngakerat kang tansah obah oyag-ayig.
ogèk :
pc ogak; di-[x]-[x] pc: diogak-ogak.
(ogèl) :
di-[x]-ake kn diobahake (tmr. ilat, buntut lsp); kc. mogèl.
oging :
êngg. kn êmoh, wêgah.
oglak-aglik :
kn oyag-ayig arêp copot (rubuh).
(oglèng) :
di-[x]-([x]-ake) kn disêngkêlit sêmu dicongatake (tmr. kêris); kc. moglèng.
(ogok) :
I di-[x]-[x] pc digosoki nganggo gèntèr lsp. (tmr. lèng). II di-[x]-[x]-ake pc: disèlèhake bae; kc. mogok.

--- 450 ---

(ogrèg) ~ omah.

(ogrèg) :
di-[x]-[x] pc diogak-ogak (tmr. kunci lawang lsp).
(ogrok) :
di-[x]-[x] pc disogoki nganggo gèntèr lsp (tmr. lèng).
oyag :
kn obah miyut-miyut tmr. barang kang ngadêg; di-[x]-[x]: diobahake miyut-miyut (wit lsp).
oyag-ayig :
kn obah oglak-aglik arêp rubuh.
(oyah) :
di-[x]-ake kn dikon nyandêr lan nyakot (tmr. asu).
(oyak) :
di-[x](-[x]) kn 1 diblêdig, diburu; 2 tansah ditagih.
oyan :
(C) kn bngs. pulas irêng.
oyêg :
êngg. pc orêg.
oyod :
kn 1 peranganing wit sing tumancêb ing lêmah piranti nyêrot pangan; 2 witing têtuwuhan rambat; 3 (sa-[x]) samangsa panenan (6 sasi ut. 1 taun); 4 ak. woding têmbung; 5 pc. ula (diucapake ing wayah bêngi); ng-[x]: 1 mêtu oyode; 2 ent. wis bêbranahan akèh, wis lêlêmahên.
(oyog) :
di-[x](-[x]) kn 1 dicêkêl banjur diobah-obahake (nggugah wong turu lsp); 2 diobah-obahake supaya bisa bali jêjêg (tmr. cagak), supaya bisa amot akèh tmr. tenggok lsp.
(oyok) :
di-[x](-[x]) kn 1 êngg. dioyak-oyak; 2 pc. diujêg bae (têtakon lsp); 3 dikroyok ing akèh; [x]-[x]-an: 1 ak. lêlakèn (tmr. iwak); 2 pc. pêpadon; kc. koyok.
oyol :
I êngg. kn bngs. icir cilik. II di-[x]-[x] ks: diuyêl-uyêl.
(oyong) :
di-[x]-[x] êngg. pc digawa mrana-mrana; kc. uyang.
(oyos) :
di-[x] êngg. kn diwatun.
(oyot) :
di-[x](-i) êngg. kn diirati lan disisiki (tmr. pring).
okèh, okih :
êngg. pc akèh.
(okèr) :
di-[x]-[x] êngg. pc dicokèr-cokèr.
oklak-aklik :
kn oyag-oyag arêp putung (ut. arêp copot saka ing anjing-anjingane).
oklèk :
êngg. pc coklèk; di-[x]-[x] pc: dicoklèk-coklèk.
okol :
kn 1 mêthekol, kêncêng tmr. pawakan; 2 (ut. [x]-[x]-an) èngg. gêlut rukêt cêngkah-cêngkahan; di-[x]-i: digagahi, dipiyagah; [x]-[x]-an: piyagahan, èyèl-èyèlan, pêksa.
(olag-alig) :
di-[x](ake) kn diobahake diwolak-walik.
olah :
kn 1 nggarap; 2 (ut. ng-[x]) br. nggêgulang, marsudi; 3 (ut. [x]-[x]) gawe lêlawuhan; di-[x]: 1 êngg. ditandangi; 2 êngg. digarap (tmr. sawah); 3 diadoni (digawe) tmr. lêlawuhan; [x]-[x]-an: lêlawuhan, mangsakan; kc. ulah.
(olak-alik) :
di-[x] kn diwolak-walik.
olang-aling :
kn sindik ing cacadaning wluku (garu) dianggo nalèkake tambange; ng-[x]: nggoling-nggoling (marga lara bangêt); kc. oling.
olang-olang :
êngg. kn golèk; kc. ulang-ulang.
olan-olan :
kn 1 ar. kewan bngs. urèt; 2 wangune kaya ula; kc. ulan-ulan.
ole :
pc olèhe.
(olèd) :
di-[x]-ake pc diwêtokake (tmr. ilat).
olèh :
n. angsal k 1 entuk, bisa tampa (tmr. njaluk, nyambut-gawe, golèk); tampa, diwènèhi (pitulungan, bêrkah lsp); 3 êngg. pc: kêna nindakake, up. [x] mangan sêga; 4 êngg. pc: kêna ing, up. [x] walating wong tuwa: 5 lila, awèh, up. apa-[x] disilih?; 6 wis diambah (dialami, dilakoni, digarap) ing saperangan, (tmr. dalan, wêktu, pagawean), up. ênggone maca [x] saparo, lagi [x] têlung tahun; 7 digathukake karo (tmr. nêncang, masang lsp; 8 dijodhokake karo (tmr. laki-rabi); [x]-e: ênggone; sa-[x]([x]e¨miturut sapira ênggone olèh; di-[x]-ake; 1 diudi nganti bisa oleh; 2 digathukake karo (tmr. nêncang lsp); 3 dijodhokake karo (tmr. laki-rabi); kc. olèh-olèh, pakolèh.
olèhan :
n. angsalan k. êngg kêrêp olèh, kêrêp ngolèhake (tmr. piranti kyt. pancing lsp).
olèh aja :
êngg. br anggêre ora.
olèh ati :
n. angsal manah k rada disihi, ora dicêcênggring.
olèh dadi :
n. angsal dados k. êngg bisa kêlakon uga, bok-mênawa.
olèh gawe :
n. angsal damêl k bisa kalêksanan kang disêdya.
olèh-olèh :
n. angsal-angsal k apa-apa kang digawa mulih (mêdhayoh) bakal kawènèhake marang wong kang ana ing omah (wong kang didhayohi); diolèh-olèhi: diwènèhi olèh-olèh; diolèh-olèhake: 1 dianggo olèh-olèh marang; 2 diudi supaya bisa olèh; olèh-olèhan pc: bisa olèh apa kang disêdya.
olèh pêpati :
br bisa gawe patining mungsuh.
olèk :
[x] enggal, [x] wis êngg gèk enggal, gèk wis!
olèkku, olèkmu :
êngg duwèkku, duwèkmu.
olèng-olèng :
kn bngs. urèt (ing wit jati).
(olèr) :
di-[x]-ake pc diwêtokake nganti dawa; kc. molèr.
(olèt) :
di-[x] êngg digolèki.
olih :
êngg olèh.
oliya :
(A) kn wong suci (kêkasihing Allah).
oling :
I êngg. kn uling.II ng-[x] kn: nggoling, jêmpalikan.
(olod) :
ng-[x]-[x] êngg. kn kêpengin bangêt kumudu mêmangan.
(olok) :
di-[x]-[x] kn diundhat-undhat sarta dituduh-tuduhake pialane sing uwis-uwis.
olor :
I kn sungsum (kewan bêlèhan). II êngg. kn: kalenan (ing sawah). III di-[x] êngg. kn: diulur, didawakake; kc. molor, ulur.
olor-olor :
I êngg. kn kolor; kc. ulur-ulur. II êngg. pc: udud rokok.
omah :
1 n. griya k. dalêm ki. yêyasan mawa payon kang dianggo dêdunung ut. dianggo kaprêluan liyane; 2 n. griya k. padunungan, kang didunungi; 3 kn. wis gêlêm manggon (tmr. kewan ingon-ingon), krasan; [x] sadhuwuring jaran pr: sêkuthon nêdya mblela; ngêdêgake [x] ing pawêdhèn pr: pitaya marang wong

--- 451 ---

omahan ~ ondhe-ondhe.

kang ora kêna diandêl; di-[x]-i: 1 (n. dipun-griyani k); ditunggoni dening kang lanang (tmr. wong wadon); 2 (dipun-griyani k. didalêmi ki) diêdêgi omah, diênggoni; kang di-[x]-i (ingkang dipun-griyani k. kang didalêmi ki): omahe ing; di-[x]-ake n. dipun-griyakakên k: 1 dipapanake ing; 2 ditêtutut supaya omah (tmr. kewan); kc. omah-omah, pomahan, somah.
omahan :
kn diingu ing wong (tmr. kewan, uga dianggo ent.).
omah-omah :
n. gêgriya k. dêdalêm ki): dêdunung ing; 2 (griya-griya k. dalêm-dalêm ki) omah akèh; 3 (emah-emah k. krama ki) rabi ut. laki; diomah-omahake n. dipunemah-emahakên k. di(pi)kramakake ki: dirabèkake, dilakèkake; omah-omahan kn. (griyan k. ak); omah cilik, têtironing omah.
oman :
I êngg. kn damèn. II êngg. kn: uman.
omar-amèr :
êngg. kn jêmèk; kc. amèr.
omba :
ak amba.
ombak :
kn 1 obahing banyu gêgulungan (mêndhak mêndhukul); ent. ili, laku (tmr. lakuning wong bêbarêngan, gagasan lsp); ng-[x](-[x]): 1 wangune kaya ombak; 2 (ut. ng-[x] banyu) mêndhak mêndhukul kalawan tata (kaya ombaking banyu); 3 br. mlaku bêbarêngan akèh bangêt (tmr. lakuning prajurit); kc. kombak.
(ombal-ambil) :
di-[x] êngg. pc: diolok-olok.
(ombang) :
di-[x]-[x](i) êngg. kn saèm. diewani.
(ombe) :
di-[x] kn. diunjuk ki: dilêbokake ing cangkêm têrus diulu (tmr. barang cuwèr, banyu lsp); diombèni: 1 diwènèhi ngombe; 2 pc. diumpak, dialêm.
ombèn :
kn. unjukan ki 1 kanggo wilangane wong ngombe; 2 sêdhiyan diombe, up. banyu [x]; [x]-[x] kn. unjuk-unjukan ki: apa-apa kang diombe.
(ombèng) :
di-[x]-[x] êngg. kn saèm. diewani; kc. ombang.
ombèr :
kn 1 isih jêmbar papane (kobèt, ora sêsak); 2 ent. ora rupak (têbane, jajahane, wêktune); di-[x]-i: 1 diwènèhi papan; 2 dilunggèni wêktu.
ombyak :
[x]-ing wong akèh pc kalumrahane wong akèh; kc. ombak.
ombyog, ombyok :
êngg. kn tayuban; kc. obyog.
ombyok :
kn grombolaning jagung, kupat, bêsusu lsp. ditalèni gantilane; di-[x]-i: dikumpulake ditalèni gantilane (tmr. jagung, kupat lsp); [x]-an: êngg. dhompolan, grombolan; 2 êngg. grombolaning sêsanakan, krabat; 3 pc. caruk banyu (tmr. têtuku).
(ombyong) :
I di-[x]-i kn diubyungi. II [x]-[x] kn: sluwiran gêgodhongan lsp. kang dianggo pasrèn; diombyong-ombyong: disandhangi sarwa bêcik; diombyong-ombyongi: dirêngga nganggo ombyong-ombyong.
ombol :
kn nggrombol; di-[x] êngg: dicêmplungi wiji akèh (tmr. tanjan); [x]-[x]-an êngg: dhêdhompolan akèh, gêgrombolan akèh.
(ombrok) :
di-[x]-ake kn diumbrukake, dioprokake (tmr. sandhangan lsp); [x]-an: 1 têtêmbungan ora ditata; 2 campur ora ditata (tmr. dagangan).
(ome) :
ng-[x] êngg. kn ngomyang; di-[x]-i êngg: disrêngêni.
(omèl) :
ng-[x] ks gunêman tanpa têgês, grundêlan; di-[x]-ake ks: diobrolake, diomongake.
omês :
êngg. kn sêtiti; ora [x] êngg: ora prêduli.
(omyang) :
ng-[x] kn 1 ndlêming (marga lara); 2 ks. omong, gunêman; di-[x]-ake ks: diomongake, dikojahake.
(omyèh) :
ng-[x] êngg. kn criwis, sugih omong; kc. omèh.
omong :
êngg. pc 1 gunêman, kandha; 2 gunêman kang ora nyata; [x]-[x]-an pc: kêkandhan, gêgunêman.
omong kosong :
pc gêgunêman gêgorohan.
ompak :
pc umpak.
(ompyong) :
di-[x]-[x] pc: disandhangi sarwa bêcik; kc. ombyong.
ompod :
êngg. kn srêgêp.
ompok :
êngg. pc ampok.
ompol :
kn uyuh (ing nalikane turu); ng-[x]: nguyuh (ing sajroning turu).
ompong :
kn. gutuk-waja, daut ki coplok untune, tanpa untu.
(ompot) :
di-[x]-ake êngg. kn diumpêtake.
omprong :
êngg. kn rantang, panci rèntèng.
(omprot) :
di-[x]-[x] êngg. kn disêbar pating tlècèk.
onar :
êngg. kn sumêbar ingêndi-êndi (tmr. pawarta); gawe [x] êngg. pc: gawe gêndra (sarana pawarta); [x]-[x]-an êngg: nêdya agawe kagèting wong akèh.
ondêr :
(-dhistrik) (W) kn 1 (ut. ondêran) wêwêngkon peranganing dhistrik; 2 êngg. pc. asistèn-wadana; (ka-)[x]-an: omahe asistèn-wadana.
onjèt :
êngg. kn bawon.
onjo :
kn linuwih tinimbang pêpadhane; dionjoni ak: diungkuli (kèhe, kapintêrane lsp); onjo(n)-onjonan: rêbut unggul (rêbut mênang, akèh, pintêr lsp); kc. monjo.
onjot :
kn mulur manèh (tmr. wangênaning wêktu); di-[x]: 1 êngg. sawise lèrèn ngaso sadhela banjur ditutugake manèh ênggone nggêgawa (ngendhong[1] abot lsp); 2 diulur manèh wangênaning wêktune ing sawise mèh pundhat (tmr. kontrak, utang lsp); di-[x]-i: diwènèhi onjotan; [x]-an: 1 ak. dohing antarane pangasone wong mêmikul (nggêgawa abot); 2 ak. uluraning wêktu (tmr. kontrak, utang lsp); kc. pangonjot, ngonjot.
ondhal-andhil :
I êngg. kn anak ontang-anting. II pc: dêdagangan lsp. nganggo dhuwiting liyan. III kn. ak: ar. dhuwit têmbaga ing jaman kuna.
ondhan :
êngg. ak 1 sêla ing pagawean, ora ngrêkasa; 2 wêktu lèrèn (ngaso).
ondhang :
êngg. pc undhang.
ondhe-ondhe :
I kn. ak pêpindhan, upama kaya; kc. andhe. II kn: ar. panganan kang digawe glêpung (diglindhingi diusar wijèn).

--- 452 ---

(ondhok) ~ ongkloh-ongkloh.

(ondhok) :
ng-[x]-[x] êngg. kn mangkêl bangêt, susah bangêt nanging ora kêwêtu.
ondhol :
êngg. pc groboh, ora adèn-adèn; di-[x]-i êngg: didulêg brotole arêp didêlêng apa ngêndhog apa ora (tmr. bèbèk); [x]-an êngg. ks: palanyahan; kc. odhol, mondhol.
onêng :
kw prihatin dening kangên; [x]-[x]-an: kangên bangêt marang (kang tinrêsnan).
oni :
êngg uni.
onta :
kn. ak unta.
(ontal-antil) :
di-[x]-ake êngg. kn: diontang-antingake.
ontang-anting :
kn anak mung siji thil (tanpa sêdulur); di-[x]-ake: digantung lan diobat-abitake; kc. anting, montang-manting.
ontang-ontang :
êngg. kn pinituwa.
onte-onteyan :
kn dhêdhompolan rêrèntèngan.
ontèl :
kn kêmbang kluwih.
ontên :
k. pc ana; kc. wontên.
ontung, ontong :
êngg. kn untung.
(ontog) :
ng-[x](-[x]) êngg. kn mangkêl bangêt.
ontong :
kn 1 jantung (kêmbang gêdhang); 2 (sa-[x]) siji (tmr. jagung); kc. montong.
(ontor) :
I di-[x] êngg. kn: diglontor ing banyu. II ng-[x] êngg. pc: nêpsu bangêt.
ontrag :
kn 1 orêg (tmr. bumi); 2 kagèt banjur susah (tmr. ati); di-[x]-ake br: diorêgake; kc. kontrag.
ontran-ontran :
kn gegeran, prakara kang njalari rame.
oncat :
kn luput saka, lunga saka; di-[x]-i: disingkiri, dilungani; kc. koncatan.
(once) :
di-[x] kn. ak dironce, dikarang (tmr. kêmbang lsp); kc. ronce.
(oncèk) :
di-[x]-i kn 1 diilangi kulite (tmr. wowohan lsp); 2 ent. diudhar, dipriksa isine (prakara, panêmu lsp); kc. koncekan.
oncèn :
(-oncèn) kn kêmbang dironce (rêrêngganing ukiran lsp).
(oncèng) :
di-[x]-[x] pc 1 dioyak-oyak wong akèh; 2 tansah digêjêg ing pitakon; kc. goncèng.
oncèr :
I êngg. kn canthèl. II di-[x]-ake br: 1 diandharake nglantrah; 2 tinarbuka (tmr. nalar lsp); kc. koncèr, moncèr.
(oncèt) :
di-[x](-i) êngg. kn dioncèki.
(oncit) :
di-[x]-[x] êngg dioyak-oyak; kc. uncit.
(onclak) :
di-[x] êngg. ak dionclang(-onclangake).
onclang :
kn ar. dolanan bocah wadon (nganggo monte lsp. diumbul-umbulake banjur ditadhahi); digawe [x] pc: dianggo kongkonan; di-[x]([x]-ake) ak: diuncal-uncalake munggah banjur ditadhahi (gêgaman lsp).
onclong :
êngg. kb 1 gêbayan (ing desa); 2 (ut. rondha [x]) ak. rondha nganglang ing padesan; 3 ks. palanyahan; ng-[x]: mlaku rikat; [x]-[x]-ên êngg: lara ising-isingên.
(oncog) :
ng-[x] êngg. kn mlaku têrus ngênêr ing; di-[x]-i êngg: ditêkani, têrus dijujug.
oncom :
êngg. kn tempe bungkil.
oncong :
êngg. kn urubing obor lsp; kc. oncor.
oncor :
I kn colok kang digawe bumbung lsp. didokoki sumbu gêdhe; di-[x]-i: dipadhangi nganggo oncor. II di-[x]-i kn: 1 ak. diacungi ing tumbak; 2 diilèni banyu (tmr. s awah); 3 dijori; [x]-[x]-an: 1 ak. sodor-sodoran tumbak; 2 jor-joran, onjon-onjonan.
oncowe :
(C) kn pipa têmbako (Cina).
onthèl :
I (ut. [x]-[x]) kn cêkêlan ing obenganing jantra, mêsin mênjait lsp. II kn: bundhêlan gombal dianggo nyangar bocah kang arêp dicêkoki; di-[x](-i): disêsêli ing onthèl banjur dicêkoki.
(onthoh) :
di-[x]-[x] kn diêlus-êlus (dicêkêl-cêkêl lsp).
ontho-ontho :
kn ar. lêlawuhan sing digawe parudan krambil diglintiri.
onya :
êngg. ak sumingkir lunga saka; dionyani ak: dilungani, dioncati.
(onyog) :
ng-[x] êngg. kn mlaku ora nganggo tata-krama.
(onyok) :
di-[x]-[x]-ake kn ditawak-tawakake sarana diulungake (dituduh-tuduhake).
(onyol) :
di-[x]-[x]-ake pc dionyok-onyokake.
ongak-anguk :
kn tansah anguk-anguk.
onggal :
êngg sabên; kc. unggal.
(onggèr) :
di-[x] êngg. kn diunggar.
(onggo) :
ng-[x]-[x] kn (nangis lirih) jibêg bangêt atine.
onggok :
kn atine wit arèn (sok digawe pathi).
onggrag-anggrêg :
pc bola-bali mandhêg; kc. anggrêg.
onggrèh :
êngg. kn obah (mingsêd) sathithik; di-[x]-[x]: diowah-owah.
onggrok :
(mêng-)konok [x], sikothok [x] pc kang ala dhewe; di-[x]([x])-ake êngg. pc: disèlèhake bae (tanpa diopèni sathithik-sathithika).
(onggrong) :
di-[x] kn 1 ak. ditumpuk-tumpuk sarta diganjêl (supaya katon dhuwur ut. katon akèh); 2 diumpak, dialêm kanthi duwe pamrih; [x]-an ak: sênêng dionggrong (alêman).
ongkak :
êngg. kn krasa kêsêl baune.
(ongkak-angkèk) :
di-[x] pc 1 ditêkak-têkuk bangkèkane; 2 diêngkak-êngkuk, dikon tumandang mêngkene nuli mêngkono, diplêtêr ing gawe; kc. bongkak-bangkèk.
(ongkang) :
[x]-[x] kn linggih ing pinggir sikile gumantung; ng-[x]: 1 cêdhak bangêt lan ngarêpake ing, up. sawahe ng-[x] kali; 2 êngg. lowah, longkang; 3 (atine ng-[x]) êngg. gêla bangêt dening kêcuwan.
ongkèk :
I kn pikulan ing kiwa têngên nganggo sikilan ut. ambèn-ambènan (dianggo mikul gamêlan lsp). II di-[x]-[x] êngg. kn: diogak-ogak supaya rubuh.
(ongkèl) :
di-[x] êngg. kn diungkil.
ongklak-angklèk :
êngg. pc mlaku kanthi rêkasa.
(ongklèng) :
di-[x]-[x] pc diêngèl-êngèl.
ongkloh-ongkloh :
pc mlaku sêmu kêndho (ora sigrak).

--- 453 ---

ongklok ~ (orong).

ongklok :
[x] kênthang kn kênthang godhogan; di-[x]: diêntrog-êntrog (tmr. godhogan, wong manak lsp).
(ongkog) :
di-[x] kn. ak dijunjung sathithik; 2 diumpak, dionggrong; kc. mongkog, ngongkog.
(ongkok) :
di-[x] êngg. pc diêntol (rêgane); [x]-[x]-an: êntol-êntolan, padha dene ngukuhi panêmune; kc. êngkok.
(ongkong) :
di-[x]-ake pc dijongkèng bokonge; kc. pêkongkong.
ongkos :
(W) kn 1 wragad; 2 êngg. opahan, bayaran; di-[x]-i êngg: 1 diwragadi; 2 dibayari, diopahi.
ongkot-ongkot :
pc swaraning pikulan; di-[x] pc: dipikul, digotong.
ongkrag-angkrêg :
pc kêrêp mandhêg (ora maju-maju).
(ongkrah-angkrèh) :
di-[x] pc diêlihi lsp, pating blengkrah.
(ongkrong) :
di-[x]-ake pc dijênggarake pupune (ing nalikane ndhodhok); di-[x]-[x]-ake pc disèlèhake ing papan sing dhuwur; kc. mongkrong.
onglang-angling :
kn. ak gunêman (mangsuli) mung anggêr muni (ora karuwan dhong-dhinge, dianggo pawadan).
ongol-ongol :
kn ar. panganan.
(ongot) :
di-[x]-i kn disisiki (diirisi) pucuke.
(ongsêb) :
di-[x]-[x]-ake kn diungsêb-ungsêbake; kc. kongsêb.
opah :
(-an) n. epah(-an) k pituwasing kangelan (nggêgarap lsp); di-[x]-i: diwènèhi opah; di-[x]-ake: diburuhake, dikon nggarap ing liyan nganggo ngopahi.
opak-angin :
kn ar. panganan (yèn dibakar mlêmpung).
(opat-apit) :
di-[x]-ake kn diobahake kipit-kipit (tmr. buntut).
(opèl) :
di-[x]-i kn 1 dipipili (jagung); 2 diirisi sarta diwangun (tmr. cènggèr jago adon); 3 diunthêt, diênthêt (dibathi); 4 ks. ditêtaki.
opèn :
(-an) kn kêladuk ênggone sênêng migatèkake (njupuk lsp) barang kang cilik-cilik (kang kurang pangaji); di-[x]-i: 1 êngg. dirukti; 2 digumatèni.
opêr :
(W) kn 1 liyêran, ganti kang nyêkêl; 2 (ut. di-[x]) diêlih ing liya panggonan, pindah; 3 ganti sêpur (bis lsp); di-[x]: 1 diliyêr; 2 diêlih, digênti, digêntèni.
opêrkomplit :
(W) kn (dilèrèni) marga wis kêturahan punggawa.
opisiyil :
(W) kn atas (têrang) saka dhawuhing panggêdhe, wis têtêp.
opyak :
(-opyak) kn 1 alok kelangan (kêmalingan lsp); 2 enggal sumêbar lan kasumurupan ing akèh (tmr. pawarta); di-[x](-[x])-i: 1 didhawuhi lsp. sêru bangêt; 2 (ut. di-[x]-[x]) ditundhung dikon lunga (kanthi dibêngoki).
opyan-opyan :
pc ropyan-ropyan.
(opyok) :
di-[x] kn ditêlêsi nganggo kacu têlês lsp.
(opok) :
di-[x]-[x] kn. ak diopyok.
opor :
kn iwak panggang (bèbèk lsp); [x]-[x] bèbèk (mêntas awake dhèwèk): bisa kêlakon kang disêdya saka rekadayane dhewe.
(oprak) :
di-[x]-[x] kn 1 digusah supaya mêtu (lunga) tmr. pitik lsp; 2 dipêksa-pêksa dikon nyambut gawe lsp.
oprup :
(W) kn. ak sêbutaning panggêdhe jaman kumpêni.
oprokan :
pc: ombrokan; kc. ngoprok, ombrok.
opsinêr :
(W) kn 1 (pulisi [x]) lêlurahing pulisi (tukang mriksa pakaryane para pulisi); 2 (sêkul [x]) punggawa nêgara kang tinanggênah mriksa pamulangan.
ora :
n. botên k 1 kosok balèn ut. sulaya karo kang kasêbut, up. [x] larang; 2 wangsulan surasane selak, kb. iya; [x]-[x]: 1 (sing [x]-[x]) kang anèh-anèh, kang ora pantês (ut. tanpa têgês), up. aja ngucap sing [x]-[x]; 2 sênadyan ora mêksa ... up. [x]-[x] diarani; orane: yèn ora ...; ora-orane: mêsthi ora bakal ...; saora-orane: sênadyana ... mêsthi ...; aja tan [x] br. [x] kêna [x]: kudu, mêsthi kudu; diorani: diwangsuli ora; diorakake: dipaido, dianggêp ora ana.
(orag) :
di-[x]-[x] êngg. kn diorog-orog, diobahake kêrêp.
orak :
pc ora.
(orak-arik) :
di-[x] kn dicokèr-cokèr.
oran :
êngg. kn rak (iya ta).
oranana :
pc ora ana.
ore :
I kn sabawaning surak. II di-[x] kn: ora digêlung tmr. rambut; kc. ure.
(orèh) :
I di-[x]-ake êngg. kn diandharake; kc. ure. II di-[x]-[x] êngg. kn. dirèngrèngi (tulisan).
oreyan :
I kn 1 ak. rambut kang diore; 2 êngg. ak. wulèn, wuli; 3 êngg. isih aluran sanak karo; 4 andharan; kc. ore. II pc: 1 êngg. rèmèh, sapele; 2 cathêtan; kc. orèh.
(orèk) :
di-[x]-[x] pc dicorèk-corèk.
orèn :
kn 1 panggonan pring ori.
orêg :
kn 1 obah gêtêr tmr. bumi; 2 br. gègèr, rame bangêt tmr. pawarta lsp; di-[x]-ake br. diobahake gêtêr; [x]-[x]-an: gegeran, ontran-ontran.
orêm :
kw angluh dening bangêting prihatin (sêdhih).
organ :
(W) kn layang kabar bale swaraning pakumpulan.
organisasi :
(W) kn tatanan, dhapukaning pakumpulan lsp.
orgêl :
(W) kn ar. têtabuhan Eropah.
ori :
kn ar. pring (mawa ri).
orkès :
(W) kn mungsikan.
orloji :
(W) kn. ak jam kandhutan.
ormat :
êngg. kn urmat.
ornamèn :
(W) kn gambar rêrênggan.
orod :
êngg. kn surud tmr. banyu; di-[x]-ake êngg. pc. dilorodake (sandhangan lsp); kc. morod.
(orog) :
[x]-[x] kn ar. panganan bngs. thiwul; di-[x](-[x]): 1 êngg. dioyag-oyag (tmr. wit lsp); 2 diobahake wali-wali tmr. wadhah lsp.
orok :
I ng-[x] kn 1 turu napase nywara sênggur-sênggur; 2 ks. turu; 3 pc. ora dianggo (disèlèhake bae); di-[x]-ake pc: dianggurake bae, ora dipigunakake. II [x]-[x] kn: 1 ar. têtuwuhan; 2 êngg. sosog, songgom.
(orong) :
I ng-[x] kn ngêlak bangêt.

--- 454 ---

(orot) ~ pada.

II [x]-[x] kn: ar. kewan kalêbu bngs. jangkrik; [x]-[x] njunjung gênthong pc: njangka prakara sing mokal; kaya [x]-[x] dipidak: sanalika têrus mênêng.
(orot) :
di-[x]-[x] kn. ak diêntèk-êntèkake, dibêboros; kc. borot, orod.
(osak-asik) :
di-[x] kn dibiyaki lsp. arêp nggêgolèki (tmr. pawuhan, uwuh lsp).
osar-asir :
êngg. kn. ak pulisi sandi (rêsisir).
ose, osèn :
kacang lsp. [x] êngg. pc kacang lsp. oncèkan; kc. wose.
(osèr) :
di-[x]([x]-i) kn diusar, diusar-usari.
osik :
(-ing ati) br tuwuhing gagasan, krêntêging ati; di-[x]-ake br: dielingake (dening kang kawasa); kc. mosik.
osit :
kn ar. wit.
(oso) :
ng-[x] kn sarwa sêntak sarta sêrêng wêtuning gunême; di-[x]-[x]: disrêngêni nganggo têmbung sêrêng sarta sêntak.
(osog) :
di-[x] êngg. kn diusug.
osog-osog :
kn. ak garuk-garuk rambut.
otah :
êngg. pc wutah.
otak :
êngg. pc utak.
oto-oto :
êngg. kn sarwa groboh lan kêsusu tmr. garapan.
otèk :
kn 1 bngs. juwawut; 2 êngg. jala cilik.
otèng-otèng :
kn ar. kewan bngs. urèt.
otêr :
kn 1 êngg. klintêran; 2 br. gègèr, orêg.
oto :
I kn sandhangan bocah dianggo tutup dhadha. II (ut. otomobil) (W) kn: kreta montor.
otonomi :
(W) kn prentah bawa dhewe.
(otong) :
di-[x]-[x] pc digotong wong akèh.
otot :
kn 1 klumpukaning sêrating daging kang gandhèng karo balung; 2 urat, bayu dalan gêtih; ng-[x]: 1 kêncêng marga ana otote; 2 pc. rosa bangêt.
(ocak) :
di-[x]-[x] kn diobahake mawali-wali (tmr. gêndul isi banyu, krambil lsp); kc. kocak.
ocal :
êngg. k olah.
(ocar-acir) :
di-[x] kn. ak diawut-awut; kc. kocar-kacir.
ocèh :
kn unining manuk, gunêmaning bocah cilik; ng-[x]: 1 muni tmr. manuk (lmr. kang mawa lagu); 2 gunêman tmr. bocah cilik; 3 ks. gunêman, ngandhakake wadining liyan lsp; [x]-[x]-an: 1 manuk kang bisa ngocèh; 2 êngg. wong sing dikon badhutan, omong-omongan lêlucon.
(ocèk) :
di-[x]-i êngg. kn dioncèki.
(ocok) :
di-[x]-[x] êngg. pc diolok-olok.
(ocor) :
di-[x](-ake) êngg. kn dioncorake (diilèkake) ing; di-[x]-i êngg: dioncori. dilêbi; kc. oncor.
(othak) :
I di-[x]([x]-i) êngg. kn 1 dicopoti (tmr. abah-abah jaran lsp); 2 dirucati, dibukaki (tmr. sandhangan). II [x]-[x] kn: têkêning wong picak; di-[x]-[x]: disogoki (diogrok-ogrok lsp) nganggo gèntèr lsp.
othak-athik :
I kn oklak-aklik arêp copot; [x] didudut angèl pc: katone gampang dijêjaluki, nanging sajatine angèl. II di-[x](ake) pc: digathuk-gathukake; kc. athik.
othe-othe :
I êngg. kn ora klambèn. II kn: ar. kewan bngs. garèng pung.
(othèh) :
di-[x]-[x] êngg. kn dicidhak-cidhuk (tmr. jangan lsp).
othèk :
I kn ora sêrêt anjing-anjingane (tmr. garan lsp). II [x](-ku, -mu, -e) êngg: duwèk(-ku, -mu, -e); di-[x] êngg: dituku saka sathithik (tmr. kabutuhan padinan).
othèng-othèngan :
kn main kêrtu tanpa totohan (ut. mung nganggo totohan sathithik).
(othik) :
di-[x]-[x] êngg. pc diuthik-uthik.
(othong) :
di-[x]-[x] kn 1 digawa sarana disangga ing tangan loro kang dilumahake; 2 êngg. pc. diêla-êla.
othot :
I êngg. kn bngs. keseran, grobag cilik. II di-[x]-[x] pc: dicêkêl lsp. diènèng-ènèng (kaya dene mangan iwak alod); kc. kothot.
owah :
n. ewah k 1 salin kaanan, malih dadi beda karo sakawit; 2 ([x] adate) edan; [x] gingsir: molah-malih kaanane, ora lêstari; di-[x](-[x]) êngg. di-[x]-i: 1 diganti (disalini, diwangun lsp) nganti beda karo sakawit; 2 dibênêrake tmr. tulisan lsp.
owal-awil :
kn oklak-aklik arêp pothol (tmr. untu lsp).
owe, owèn :
êngg. kn mbênêri awoh.
(owèh) :
ng-[x] êngg. kn tansah ngilêr.
owêl :
kn 1 ora sênêng yèn nganti ilang (diwènèhake ing liyan lsp); eman; di-[x]: dieman.
(owol) :
di-[x]-[x] êngg. pc dicêmol banjur diudhal-udhal.

 


nggendhong. (kembali)