Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

W

wa :
I pc. uwa. II pc: wah ! III êngg. kn: 12½ gèdhèng.
wab :
pc. uwab.
wabakda :
[x] saking punika br. lan sawise kang kasêbut (dianggo bêbukaning layang kiriman).
wada :
I kn. cacad, pêpoyok; mênêng [x] ulêrên pr: laire bêcik, nanging ngandhut karêp ala; dhêndha [x] br: pisrêngên; di-[x], diwadani: 1 diwaoni, dicacad; mada kawongan pr: nacad nanging sajatine isih dhêmên; wadanan: 1 poyok-poyokan; 2 jênêng pêpoyok. II (S) kw. ak: gunêm, têmbung, pangucap.

--- 652 ---

wadaka ~ wahèl.

wadaka :
(S) kw. ak. alangan, rêridhu, pituna; ka-[x]: 1 kêna ing alangan (rêridhu); 2 konangan, kawanguran.
wadal :
kn. 1 êngg. dhuwit minangka gêgêntine pagawean aradan; 2 ak. pajêg kang katur marang panjênêngare ratu; 3 apa-apa sing dianggo bêbantên (tawur) kawènèhake marang sing mbau-rêksa lsp; di-[x]-i: diwènèhi wadal.
wadana :
(S) 1 kw. cangkêm, rai; 2 pangarêp; 3 kn. pangarêp (panggêdhe) ning gêgolongane priyayi; 4 panggêdhening kadhistrikan; diwadanani: dipangarêpi.
wadari :
kw. ak. taman, patamanan.
wadad :
(A) kn. ora nglakoni bêbojoan.
wadata :
kw. ak. 1 endah, ayu; 2 kalangênan.
wade :
kn. jarit, ikêt lsp. sing isih dadi dagangan; dipun [x] êngg. k: diêdol; [x]-an êngg. k: dodolan; ka-[x]-an (kuwadean) kn: bakul wade.
wadêr :
kn. ar. iwak kali, arane warna-warna, kyt [x] pari, [x] cethul lsp.
wadêr bang :
kn. iwak mas.
wadi :
n. wados k. 1 êngg. kang sajati, kang baku (pêrlu dhewe); 2 êngg. dununging kaapêsan; 3 (prakara) dikêkêr ora diwêdharake marang liyan; di-[x]: dikêkêr, dianggo wadi.
waditra :
(S) kw. ak. gamêlan, têtabuhan.
wadu :
I (S) kw. wadon. II kw: prajurit, bala.
wadu aji :
kw. abdining ratu.
wadul :
kn. nyritakake ênggone dilarakake atine lsp. supaya dimrinani; di-[x]-i: dikandhani kaya kang kasêbut; di-[x]-ake: dikandhakake marang liyan; para [x]-an: sênêng wadul.
wadung :
kn. bngs. pêthèl gêdhe.
wado, wadwa :
kw. prajurit, bala.
wadok :
pc. wadon.
wadon :
n. èstri k. putri ki: kb. lanang; madon; royal sahwat; diwadokake: dianggêp wong wadon, dirèmèhake; [x]-an n. èstrèn k: 1 sing wadon (tmr. kewan sing dijodhokake); 2 pêpêthaning wong wadon ing wayang; 3 uliran sing dilêboni sêkrup.
wados :
k. wadi.
wadwa :
kw. prajurit, bala.
wadwan :
kw. ak. wadon.
wadya :
(-bala) kw. prajurit.
waja :
1 n. waos k. bngs. wêsi atos; 2 ki. untu.
wajah :
kn. ak. rai.
wajan :
kn. piranti panggorengan sing digawe waja (wêsi).
(wajang) :
di-[x]-i kn. dilakèni; [x]-an: lêlakèn.
wajar :
kn. tanpa dibumboni (diuyahi).
waji :
(S) kw. ak. jaran.
wajib :
(A) kn. 1 kudu nindakake (nglakoni); 2 prakara sing kudu ditindakake (dilakoni); 3 (sing [x]) sing duwe wêwênang (hak), sing kawogan (kêjibah); 4 dhuwit opahan marang wong sing ndongani; di-[x]-i: diwènèhi wajib, dipasrahi, ditanggênah; di-[x]-ake: dikudokake nglakoni (nindakake), dipatah.
wajik :
I kn. ar. panganan sing digawe kêtan karo gula; [x]-an: maju têlu. II 1 êngg. kn. sikil jaran; 2 kw. jaran.
wajir :
1 - e êngg. pancène, [x]-an: pêpancèn. II (A) kn. ak. patih.
wajra :
(S) kw. ak. 1 intên, 2 blêdhèg; 2 tumbak landhêpe lima; kc. bajra, braja.
wajraprakara :
(S) kw. ak. bètèng, cêpuri.
wadhag :
kn. 1 kasar, ora alus (lêmbut); 3 raga, awak.
wadhah :
kn. apa-apa sing dianggo rêrumat (simpên, nyèlèhake lsp); di-[x]-i: dilêbokake (disimpên lsp) ing wadhah.
wadhang :
kn. wayu (tmr. sêga); madhang n. nêdha k. dhahar ki: mangan sêga; di-[x]-ake: diwayokake (tmr. sêga).
wadhas :
êngg. kn. padhas.
wadhe :
êngg. kn. wadhèh.
wadhèh :
kn. 1 ngêblak (ora ditutup prêmati), wis kawêruhan ing akèh (tmr. wadi); 2 cêblèh, cêmplang; 3 jêlèh, bosên; di-[x]-ake: diwalèhake, diblakakake, diwiyak (tmr. wadi).
wadhih :
êngg. kn. jêlèh, bosèn; kc. wadhèh.
wadhu :
(h) pc. sabawa nelakake gumun lsp.
wadhuk :
kn. 1 wadhah (pangêjuran) pangan ing jêron wêtêng; 2 ks. wêtêng; 3 blumbangan lsp. tandhon banyu; [x] bêruk ks. ludhuk (akèh tadhahe).
wadhoh :
êngg. kn. wadhah.
wadhong :
êngg. kn. 1 bngs. wuwu (icir) gêdhe; 2 kranjang diisèni wêdhi (lêmah) dianggo mbêndung lsp; kc. badhong.
wae :
pc. bae.
waela :
kw. ak. wong wadon.
waelul-naraka :
kn. blêthoking naraka.
waerut :
êngg. kn. garut.
wafat :
(A) kn. ak. mati.
wagal :
kn. ar. iwak loh.
wage :
kn. ar. dina pasaran.
wagêd :
I êngg. kn. wakêd, têkan ing. II êngg. k: bisa.
wagêl :
kn. 1 pêpalang (kang ngêndhêg-êndhêgi); 2 êngg. cacading wêwatakane jaran; kc. magêl.
wagya :
br. wage.
wagu :
kn. 1 kêladuk gêdhe (tmr. wêwangunan, ora luwês); 2 êngg. pc: kau.
wagugên :
kw. kewuhan, susah.
wagus :
kw. ak. bagus.
wagra :
kw. ak. macan.
wah :
I pc. sabawa nelakake gumun, wêgah lsp. II 1 kw. wuwuh; 2 êngg. kn. tur, wuwuh-wuwuh. III kw. ak: woh. IV kw. ak: banjir; kc. wawahan.
waha :
(S) kw. ak. nunggang, tunggangan.
wahana :
(S) kw. 1 tunggangan; 2 katêrangan têgêsing impèn, ngalamat lsp; diwahanani: ditêrangake, ditêgêsi, dingalamati; mahanani: mratandhani yèn ...
wahdaniyat :
(A) kn. ak. sawiji (sipating Allah).
wahdat :
(A) kn. ora nglakoni bêbojoan.
wahèl, wahgèl :
(W) kn. dhuwit pêpancèn marang punggawa nêgara lsp. sing dilèrèni (isih ngêntèni lowongan); di-[x]: dilèrèni sawêtara mangsa (ngêntèni lowongan).

--- 653 ---

wahil ~ walak.

wahil :
kw. ak. pêpoyok, poyok-poyokan.
wahini :
I kw. ak. putri. II kw. ak: prajurit, wadya-bala.
wahing :
êngg. kn. waing.
wahiri :
kw. ak. mèri.
wahita :
(S) kw. ak. apus; di-[x]: diapusi.
wahya :
(S) kw. wêtu, wêdhar, kêlair; diwahyakake: diwêtokake, diwêdharake, dilairake.
wahyadyatmika :
(S) kw. ak. kang katon ing lair (wadhag) lan kang gaib (batin, alus).
wahyaka :
(S) kw. ak. lair, ing jabane, wadhag.
wahyu :
(A) kn. wêdharaning Allah mungguhing prakara gaib; 2 pulung nugrahaning Allah; kêtiban [x]: olèh pulung nugrahaning Allah (bakal dadi luhur lsp).
wai :
kw. ak. banyu.
waila :
kw. ak. wong wadon.
waing :
kn. sigra ki. nggêbrès (marga krasa kêri ing irunge).
waita :
kw. apus; kc. wahita.
way :
kw. ak. banyu.
wayah :
I n. wanci k: 1 wêktu (ing dina), up. [x] awan; 2 mangsa, wêktu, up. wis [x]-e mangan, wis [x]-e omah-omah. II ki: padu.
wayang :
I ([x]-an, wêwayangan) kn. rêrupan sing kêdadean saka barang lsp. sing kêtaman ing sorot (pêpadhang); wêdi ing [x]-ane dhewe pr: tansah ngandhut sumêlang marga duwe tindak sing ora bênêr. II n. ringgit k: 1 pêpêthaning wong lsp. sing digawe wlulang (kayu, dluwang) dianggo mujudi crita (lêlakon); 2 lêlakon sing diwujudi pêpêthan kang kasêbut (dianggo tontonan); 3 wong sing mung dadi piranti (satandang-tanduke dilakokake ing wong liya); mayang: nglakokake wayang; di-[x]-ake: dilakokake kaya wayang; [x]-an: nganakake (nanggap) tontonan wayang. III kn: daging ing gulu (tmr. sapi lsp).IV mayangi kn: 1 mubêng-mubêng apuyêngan; 2 solah tingkahe kaya wong edan (wong mbanyaki). V kn: ar. wuku kang kaping 27.
wayang bèbèr :
n. (ringgit - k). mori digambari wayang dipitongtonake sarana dibèbèr banjur dicritakake.
wayang gêdhog :
n. (ringgit - k): wayang sing nyritakake lêlakone Panji.
wayang golèk :
(-thêngul) n. (ringgit - k): wayang kang awujud golèk.
wayang klithik :
(-krucil) n. (ringgit- k): wayang sing digawe kayu diwangun saèm. wayang wlulang, nyritakake lêlakone Damarwulan.
wayang kulit :
(-wlulang) n. ringgit kulit (-wacucal) k: wayang sing digawe wlulang, nyritakake lêlakon ing jaman purwa (para Pandhawa).
wayang madya :
n. (ringgit - k): wayang kulit nyritakake lêlakon ing antarane jaman purwa karo crita anyar.
wayang purwa :
n. (ringgit - k): wayang wlulang.
wayang potèhi :
( - titi, - cina) n. (ringgit - k): wayang golèk nyritakake lêlakon Cina.
wayang-wuyungan :
kn. ora karuwan solah-tingkahe dening bingung lsp.
wayang wong :
n. ringgit tiyang k. wayang sing dadi wong (njogèd sarta digamêli).
wayawak :
kw. ak. mênyawak.
wayawya :
kw. ak. lor-kulon; kc. byabya.
wayu :
kn. 1 wis kêlêtan sawêngi ut. luwih (tmr. panganan lsp); 2 wis kasèp (lungse) tmr. kabar; diwayokake: diingu nganti wayu.
wayuh :
kn. duwe bojo (ent. guru, pagawean lsp) luwih saka siji; di-[x]: dirangkêp tmr. bojo (ent. guru, pagawean lsp).
wayungyang :
kn. bêlang (plonthang) tmr. ulêsing asu.
(wayungyung) :
di-[x] kw. ditlikung, diêrut.
wayoh :
êngg. kn. wayuh.
wayon :
I êngg. kn. wayuh. II kn: panganan lsp. sing wis wayu; kc. wayu.
wak :
I pc. wa, uwa. II kw: awak. III (S) kw. ak: gunêm, ujar.
wakaf :
(p) (A) kn. yêyasan sing dianggo dana-driyah (darma); di-[x]-ake: didanakake, didarmakake.
wakbajra :
(S) kw. ak. (landhêp têmbunge) saujare dadi.
wakêd, wakês :
êngg. pc. watês.
wakil :
(A) kn. 1 êngg. sêsulih, gêgênti; 2 sêsulih nindakake pagawean (kawajiban) ing liyan; di-[x]-i: 1 disulihi; 2 ditindakake kawajibane (pagaweane) minangka dadi wakil.
wakya :
(S) kw. ak: gunêm, têmbung.
wakul :
kn. cêthing gêdhe; dikêpung [x]: [x]:[1] dikêpung kanthi rapêt; katon cêpaka sa-[x] pr: disênêngi wong akèh.
waksa :
(S) kw. ak. dhadha, susu.
waksudha :
(S) kw. ak. bumi.
wakta :
(S) kw. ak. gunêm, têmbung; ma-[x]: clathu, gunêman.
waktan, waktanên :
kw. kocapa, kacarita.
waktu :
(A) n. wêktu.
waktra :
(S) kw. ak. 1 cangkêm, rai; 2 pangarêp.
(wakca) :
di-[x] êngg. kn. diblakakake, diwalèhake; kc. wêca.
wak-wakan, wak-wèkan :
pc. gunêman sarwa sêru.
wak-wik :
pc. uwak-uwik.
wal :
pc. uwal.
wala :
I êngg. kn. gaganging janjangan krambil. II (ut. walan) kn: pawèwèh (panganan lsp) marang lurah tabon (lurah patuh). III (S) kw: bocah; sabuk [x] kn: bêbêdan jarite sing saparo dianggo sabuk. IV kw. ak: bala.
walah :
I ([x] tobat) pc. sabawa nelakake ngungun lsp. II malahi kn: angèl diêrèh, ora miturut; kê-[x]-an (kuwalahan) rada kalah, wêgah dening rumasa rada kalah.
walahar :
kn. wlahar, lahar.
walaya :
(S) kw. ak. gêlang, kêlat-bau.
walak :
I êngg. kn. pêpacuh, wêwalêr. II [x]-[x] kn: sesa-sesa, mung gumantung marang.

--- 654 ---

walaka ~ walon.

walaka :
(S) kw. 1 bocah; 2 blaka, barès, wantah.
walakang :
kn. wlakang, lakang.
walan :
kn. pawèwèh (panganan lsp) marang lurah tabon (lurah patuh); kc. wala.
Walanda :
n. Walandi k. wong Eropah asal saka Nedêrlan.
walanja :
êngg. kn. blanja.
walanjar :
kn. wlanjar, wulanjar, lanjar.
walantaga :
kw. ak. bêndera putih.
walantên :
(ut. pamalantên) kw. ak. tukang mutih (ngumbahi).
walang :
kn. ar. kewan gêgêlitan jinise warna-warna, kyt. [x] sangit, [x] godhong lsp; dadi sa-[x]-[x]: ajur, rêmuk; kutu-kutu [x] antaga br: sakèhing kewan gêgrêmêtan lan rumangkang; wêruh cos (gêcos) [x] tatune pr: nyipati raja-tatu.
walang-ati :
(-atèn) kn. sumêlang, kuwatir.walang gambuh kn. ar. walang sing wadon luwih gêdhe tinimbang karo sing lanang; malang gambuhi: bêbojoan sing lanang kalah gêdhe karo sing wadon.
walang-kadhak :
kn. ar. manuk bngs. trêmbayak; malang-kadhak: mêthènthèng.
walang-kayun :
(-kapti, -karêp, -kajêng, -tyas) br. walang-ati.
walang-kapa :
kn. bngs. bajing gêdhe mawa kulit kaya klarap.
walang sangit :
kn. ar. walang cilik-cilik dadi amaning pari.
walang-sangkêr :
kw. pakewuh, apa-apa sing ngrigoni.
walang-slênthikan :
kn. sikile kang buri kêjêng tmr. jaran.
walang slisik :
ora ana [x] br. nyênyêt bangêt (ora ana swara apa-apa).
walang-walang :
kw. mêlang-mêlang, sumêlang.
walat :
kn. daya sing njalari kacilakan (marga nyênyamah wong tuwa, panggonan suci lsp); malati: (yèn dicamah) njalari kacilakan; kê-[x] (kuwalat): kêna ing walat.
walatkara :
(S) kw. ak. ambêk siya, kaniaya.
wala-wala kuwata :
(ila bilah) kn. 1 Gusti Allah maha kuwasa! (dianggo sabawa, nyêbut); 2 êngg. muga pinaringana kuwat.
walèh :
I kn. blaka; di-[x]-ake: diblakakake; kc. wêlèh. II êngg. kn: bosên, jêlèh; kc. wadhèh.
walepa :
(S) kw. cênthula, ladak, umuk.
walêd :
I kn. nêb-nêban lêndhut sing katut ilining banyu; [x]-an: lêmah asal saka walêd. II (ut. [x]-an) kn: tandhêgan pambayaran; kê-[x](-an): kêtandhêg durung asok (mbayar).
walêk :
êngg. kn. mungkul, mligi, ngijèni.
walêr :
I (ut. wêwalêr, [x]-an) êngg. kn. larangan, pêpacuh; di-[x]-i êngg: 1 dilarangi, dipacuhi; 2 diwatêsi. II [x]-an kn: wêdêlan, jêroan iwak.
walês :
(ut. wêwalês, [x]-an) kn. gêgêntining tindak kalakuan sing wis dilakoni; di-[x]: diwènèhi wêwalês, gênti di ...
walêsan :
I kn. garan sing mêntul (pancing, kala lsp). II kn: 1 wêwalês; 2 êngg. jawaban, wangsulan; kc. walês.
walgita :
kw. layang, tulisan.
wali :
I êngg. kn. bali; [x]-[x]: kêrêp, bola-bali, ambal-ambalan. II kn: bngs. pangot cilik pucuke lancip (dianggo ngukir, nulis ing lontar lsp). III kn: sêsulihe pangantèn wadon ing nalikane diningkahake. IV (ut. waliyullah) (A) kn: wong suci, wong Islam sing mêncarake agama Islam (ing tanah Jawa).
walija, wlija :
êngg. kn. bakul pêpara.
walih :
êngg. k. manèh.
walik :
kn. 1 raèn (lumah) kang ana ing sisih liyane (ngisore); 2 (ut. di-[x]) sing ana ngisor (ing jêro) diingsêr gênti ana ing dhuwur (ing jaba); 3 kc. walik-dadah; di-[x]: diwluku sing kapindho: kc. malik, kuwalik.
walikat :
kn. balung enthong-enthongan (têrusane bau).
walik-dadah :
kn. ngurut kang mêntas duwe anak sing wêkasan (bakda sêlapan dina).
walik-dami :
(-damèn), walikan êngg. kn. nandur pari sing kapindhone (ing mangsa katiga).
walik gêrèh :
pc. diwalik barès bae (tmr. barang sêmbêt supaya katon anyar).
wali hakim :
kn. pangulu sing dadi wali (marga waline pangantèn wadon ora ana).
walimakukun :
kn. ar. wit.
walimah :
(A) kn. kêndurèn paningkah (sabakdane pangantèn kêtêmu).
wali mujbir :
kn. bapa ut. êmbah lanang (wênang ngomah-omahake sênadyana bocahe wadon ora gêlêm).
waling :
kw. panyana, panggagas; di-[x]: digagas, dipikir, dinyana.
walira :
kn. wlira, lira.
walirang :
kn. wlirang, lirang.
waliwis :
kw. ak. mliwis.
walya :
br. wali.
walyan :
kw. ak. dhukun.
walkala :
(S) kw. klikaning wit (sandhanganing para ulah tapa).
walkaladara :
(S) kw. ak. (nganggo klika) ulah tapa, pandhita.
walkali :
(S) kw. ak. pandhita tapa.
wallaba :
(S) kw. ak. sih, kêkasih.
wallahualam :
(A) kn. (lan Gusti Allah kang priksa) êmbuh.
walu :
I kw. ak. wrandha, dhudha. II kw. ak: bali; kc. waluya. III kw. ak: waluh.
waluh :
kn. ar. woh bngs. labu gêdhe, jinise warna-warna kyt: [x] kênthi, [x] bokor lsp.
waluya :
kw. 1 bali; 2 pulih, mari, waras; diwaluyakake: dipulihake, dimarèkake, dibênêrake.
waluka :
(S) kw. ak. wêdhi.
waluku :
kc. wluku.
walulang :
n. wacucal k. kc. wlulang.
walun :
kn. sêmbêt lèmèking bayi ing nalikane didadah (diguyang, didandani).
(walungsung) :
kn. kc. wlungsung.
walur :
kn. ar. têtuwuhan bngs. suwêg.
waloh :
êngg. kn. waluh.
walon :
êngg. kn. walun.

--- 655 ---

wal-wèlan ~ wangking.

wal-wèlan :
kn. wèl-wèlan.
wal-wèl :
pc. katêranganing mangan (ngêmplok) kêrêp.
wal-wil :
pc. jowal-jawil.
wama :
(S) kw. ak. kiwa.
wan :
pc. uwan.
wana :
k. alas.
wanadesa :
(S) kw. ak. wêwêngkoning alas.
wanadri :
(S) kw. (alas lan gunung) alas gêdhe.
wanah, wanêh :
kw. ak. warêg.
wanakirun :
(A. Nakir wa Nakirun). ar. malaekat kang tunggu kubur.
wanantara :
(S) kw. (têlênging alas) alas gêdhe.
wanara :
(S) kw. kêthèk.
wanari :
(S) kw. kêthèk wadon.
wanawasa :
(S) kw. 1 dêdunung ing alas; 2 alas gêdhe.
wanda :
1 kw. awak; 2 kn. sêsipatan wujuding wayang; 3 êngg. dhapur, wujud wangun; 4 (wanda) peranganing têmbung sing muni sakêcap.
wandawa :
kw. sanak sêdulur.
wande :
k. 1 warung; 2 êngg. wurung; 3 êngg. waru.
wandera, wandira :
kw. wringin.
wandita :
(S) kw. ak. pinunjul, endah bangêt.
wandu :
kn. ora lanang, ora wadon.
wandu-wandawa :
(-warga) kw. sanak sêdulur.
wandya, wandhya :
(S) kw. ak. wurung, kliru.
wanèh :
kw. seje, liya; kc. wênèh.
wanèn :
n. purunan k. kêndêl; kc. wani.
wanên :
pc. uwanên.
wani :
n. purun . 1 duwe kakêndêlan, ora wêdi; 2 ([x] karo, [x] marang) ora ngajèni marang; [x]-[x]: 1 kumêndêl, ambêk wani; 2 kn. ar. gêndhing; diwêwani: digêgasah supaya wani; kawanèn: kakêndêlan.
wani angas :
kn. katone wani nanging sajatine ora.
wanita :
(S) kw. (wong) wadon.
wanu, wano :
kw. ak. desa.
wanudya, wanodya :
kw. (wong) wadon.
wanuh :
kn. 1 wis têpung, wis pundhuh; 2 kulina; manuh: wis kulina, wis dadi padatan (marga kêrêp nindakake); di-[x]-ake: 1 ditêpungake karo; 2 (ut. diwêwanuh) dikulinakake; ka-[x]-an: têpungan, mitra karuh.
wantah :
kn. 1 tanpa kacampuran apa-apa; 2 barès, blaka, pasaja (tanpa disamun lsp); 3 (sa-[x]-e) kang salugu (sanyata); (wê) [x]-an: 1 tanpa nganggo campuran apa-apa; 2 katon kaya ing salugune.
wantawis :
pc. watawis.
wantèg :
kn. 1 kukuh, bakuh; 2 ora luntur (tmr. warna); 3 ora molah-malih.
wantèhan, wanteyan :
kw. têrang, wela-wela.
wantèn :
êngg. kn. wantèg.
wantèr :
êngg. kn. bêdhiyan.
wantêr :
kn. mêmpêng, kêndêl, bantêr.
(wanti) :
[x]-[x] n. wantos-wantos k. 1 kêrêp, wali-wali; 2 kanthi têmên-têmên tmr. piwêling ut. pitutur; di-[x]-[x] êngg: diwêling wanti-wanti.
wantilan :
kn. (saka) cêncangan gajah.
wanting :
(ut. wêwanting) kn. wisuh (tangan) dikipat-kipatake; di-[x]: 1 êngg. disabêt-sabêtake ing watu lsp. (tmr. kumbahan, wasuhan); 2 br. dibanting.
wantingan :
êngg. k. kêndhi.
wantu :
I [x]-[x] kw. kêrêp, ambal-ambalan; ma-[x]([x]): tanpa kêndhat, kêrêp; winantu br: winuwuhan, ditambahi; kc. wanti. II kn: (banyu [x]) wedang sing digênèni disandhingake dandang ing nalikane adang; diwantoni: disirami (diwuwuhi) banyu wantu (bêras sing diêdang). III kn: (watak [x]) watak sarta dhasaring wêwatakan; wantune: (kagawa saka watake ...) ing sarèhne. IV êngg. k: wani.
wantun :
êngg. k. wani.
wantos-wantos :
k. wanti-wanti.
wantya :
br. wanti.
(wancah) :
I di-[x](i) kn. 1 diwaoni, diwada; 2 dipaido. II di-[x] kn: ditugêl (dicêkak) tmr. têtêmbungan; [x]-an: (têmbung) tugêlan (cêkakan).
wancak :
kw. walang; mancak kn: golèk walang.
wancah-driya :
(-galih) kw. walang-ati (sumêlang).
wancak-suji :
kn. pancak-suji.
wancana :
kw. bêncana.
wanci :
I kn. lageyan sing dadi cacad tmr. jaran; ciri [x] lêlai ginawa mati pr: cacad ala ora bisa mari; diwancèni: diwancahi, dicacad, diwada. II wancine êngg: pancène, adate, lumrahe. III k: wayah; sa-[x]-[x] kn: samangsa-mangsa. IV n. wancos k. êngg: wadhah kinang. V êngg. kn: panci.
wanthèn :
êngg. pc. wanèn (kêndêl).
wanwa :
kw. ak. desa.
wang :
I kn. peranganing rai ing sangisoring pipi; [x] malang: wang sing mêlar ngiwa nengên (katon njêbèbèh). II kn: 1 êngg. pc. dhuwit; 2 10 dhuwit ( 8½ sèn ); sangang [x]: 75 sèn.
wangan :
kn. kalèn ing sawah, sidhataning kali.
wangbang :
kw. ak. bambang.
wangèn :
kn. dicampuri wêwangi, up. rokok [x]; kc. wangi.
wangên :
(ut. wêwangên, [x]-an) kn. wêwatêsing mangsa (wêktu); di-[x](i): diwatêsi wêktune (suwene).
wangi :
kn. 1 ambu kang sêdhêp (arum); 2 (ut. wêwangi) br. aran, jênêng.
wangkal :
kn. 1 wangkod; 2 ora gêlêm nggugu (miturut) marang pitutur bêcik.
wangkang :
kn. prau Cina.
wangkawa :
kw. teja, sorot, kluwung.
wangke :
kw. bangke.
wangkid :
êngg. kn. watês.
wangkidan :
(êngg. k) ki: kuluk.
wangkil :
kn. bngs. cethok dianggo matun lsp.
wangking :
kn. mêrit cilik (tmr. bangkekan); di-[x] ki: disêngkêlit; [x]-an: 1 êngg. bangkekan; 2 ki. kêris.

--- 656 ---

(wingkis) ~ warigagung.

(wingkis) :
di-[x] kn. ditrapi wlulang (tmr. kêndhang, lsp).
wangkong :
kn. tangkêpaning bokong; mbiyak [x] pc: ngandhakake wadining liyan; nggêpok [x] pc: omong-omongan nyandhak cacad (wadi)ne sing diajak omong.
wangkot :
kn. ora nurutan.
wangkring :
êngg. kn. pikulan nganggo cagakan (sikilan); kc. angkring.
wanglu :
kw. kêmiri sikil.
wangun :
kn. 1 sêsipataning wujud (tmr. omah lsp); 2 kaanan wujuding barang (kyt. bundêr, lonjong lsp); 3 kaanan sêsipataning pawakan; 4 cocog karo wandane (sing dipêtha, kaanane sing têmênan); [x]-e pc: ayake, èmpêre kaya, sêmu-sêmune kaya; di-[x]: 1 digarap (dicithak lsp) supaya wangun; 2 diwujudake (dipêtha) kaya; 3 ditata (digawe) tmr. nagara lsp; [x]-an: 1 pêpêthan, wêwujudan sing diwangun; 2 (ut. wêwangunan) omah, bale, yêyasan; kc. mangun.
wanguntur :
kw. papan (sing dhuwur) palênggahaning ratu yèn sinewaka; kc. manguntur.
wangur :
I kn. wêngur. II kê-[x]-an êngg. kn: konangan.
wangon :
kauban [x] kn. kauban omah (payon).
wangsa :
(S) kw. sanak sêdulur, brayat.
wangsaja, wangsajati :
(S) kw. ak. darahing wong luhur.
wangsal :
êngg. kn. bngs. kêpis.
wangsalan :
kn. têtêmbungan ing ukara sing disamun saèm. cangkriman, jawabe (batangane) kasêbut ing ukara candhake mung dicangking wandane bae, up. roning mlinjo ( = so) sampun sayah nyuwun ngaso (= nga-so).
wangsi :
kw. ak. suling.
wangsit :
kn. 1 pituduh, piwêling; 2 wêdharing dewa lsp. sing diwisikake; di-[x]: 1 diwêling, dikêthik; 2 diwènèhi wangsit (wisik); wêwangsitan: kêkêthikan.
wangsul :
I k. 1 bali; 2 êngg. balik; 3 êngg. walik. II di-[x]-i kn. disauri, dijawab, dibalêsi; [x]-an: jawaban, balêsan.
wangwa :
êngg. kn. mawa.
wangwang :
I di-[x] êngg. kn. disawang, ditamatake; kc. wawang. II kw: awang-awangên, gojag-gajêg. III kw: banjur, nuli.
wangwung :
I kn. kuwawung. II kn: suwung, tanpa isi apa-apa.
wau :
I k. mau. II êngg. kn: kau, wagu.
waudadi, waodadi :
kw. sêgara.
waung :
êngg. kn. baung.
wau ta :
br. kocapa (bêbukaning crita).
waon :
(ut. [x]-an) kn. sênêng mada (nacad); di-[x]-i: diwancahi, dicacad.
waos :
I k. 1 waja; 2 untu; 3 tumbak. II dipun [x] k: diwaca; [x]-an k: wacan.
wapat :
(A) kn. ak. mati.
wara :
I kn. gunêm; mung [x] bae: mung gunêm (têmbung) bae tmr. janji, totohan lsp; kc. biwara, wara-wara. II êngg: hara (dianggo ngantêpakae[2] surasaning ukara). III (S) kw: 1 linuwih, endah bangêt; 2 putri, sêsêbutane putri. IV (S) kw. ak: 1 pêpanthan, gêgolongan; 2 cacah, wilangan, petungan; 3 dina.
warabrata :
(S) kw. ak. bantêr tapane.
warada :
(S) kw. ak. sih.
waradin :
k. warata.
warajana :
(S) kw. ak. wong linuwih.
waragad :
kn. kc. wragad.
waragang :
kw. arak, tuwak, badhèg.
warah :
(ut. wêwarah) kn. pitutur, pituduh bab pratikêl nindakake; di-[x](i): 1 dituturi, dikandhani; 2 diwulang, diwuruki; 3 didhisiki ênggone pêpadon lsp; kc. marahi.
waraha, warahika :
(S) kw. cèlèng.
warayang :
kw. panah.
warak :
kn. ar. kewan akulit kandêl sarta nganggo cula.
warakanya, warakanyaka :
(S) kw. ak. prawan ayu.
warana :
kw. kêlir, slintru, aling-aling; kc. wrana.
warandha :
kn. randha.
warang :
I lara [x] êngg. lara panas. II êngg. kn: mara-tuwa. III [x]-an kn: ar. jasad sing bisa matèni sok dianggo ngumbah kêris lsp; di-[x](i): dikumbah (dipatèni) nganggo warangan. IV kw: pacangan; di-[x]-ake: dipacangake, dijodhokake.
waranggana :
kw. widadari.
warangka :
kc. wrangka.
warapsara, warapsari :
kw. dewa (widadari) linuwih.
waras :
I lêmah [x] êngg. palêmahan sing ora ditanduri; [x]-an: wantah, tanpa nganggo apa-apa. II n. saras k. sênggang ki: 1 pulih mari lara; 2 ora lêlaranên; ora [x] ks: edan.
warastra :
(S) kw. gêgaman, panah.
waras-wiris :
n. saras-siris k. ora lara apa-apa.
warata :
n. waradin k. kc. wrata.
wara-wara :
kn. 1 kandha-kandha marang; 2 undhang-undhang (awèh wêruh lsp); 3 adpêrtènsi.
wara-wiri :
kn. wira-wiri.
warda :
kw. kc. warada.
wardah :
kw. tuwa; kc. wrêdha.
wardaya :
kw. ati.
wardi :
kw. têgês, makna, katêrangan; kc. wêrdi.
warèh :
kw. banyu; kc. warih.
warèng :
I kn. turune pitik kate karo pitik lumrah. II kn: turun sing kalima (anaking canggah); êmbah [x]: wong tuwane êmbah canggah.
warêg :
n. tuwuk k. wis akèh (tutug) bangêt ênggone mangan; di-[x](ake): diingoni (dipakani) nganti warêg.
warga :
(S) 1 kw. gêgolongan, jinis; 2 kn. sanak-sêdulur; 3 kang nunggal jinis (golongan); 4 wong sing dadi gêgêlitaning pakumpulan.
wari, warih :
(S) kw. banyu.
warid :
kn. wirid, wêjangan ngèlmu gaib.
wariga :
kw. ak. kidang.
warigagung :
kn. ar. wuku sing kawolu.

--- 657 ---

warigalit ~ watêk.

warigalit :
kn. ar. wuku sing kapitu.
warigaluh :
kw. juru amèk iwak.
waril :
kn. 1 aral, alangan; 2 pêpacuh (pêpali) yèn ditêrak njalari kacilakan.
waring :
kn. 1 bngs. kadut alus (sok digawe jubah lsp); 2 bngs. jaring sing lêmbut pangêname.
waringin :
kn. ar. bngs. prih.
waris :
(ut. [x]-an) kn. (yèn nindakake pagawean lsp) tansah sêmpulur lan slamêt; ndhugal kê-[x]-an: sênadyan nindakake sing ora bêcik, ewadene tansah sarwa kêbênêran. II (A) kn: 1 wong sing wênang nampani tinggalane wong sing ajal; 2 anak sing wênang nggêntèni pangkate bapakne; 3 (ut. [x]-an) barang-barang tinggalane wong ajal; di-[x]: dibage (ditampani) tmr. barang tinggalan; di-[x]-i: diwènèhi warisan. III [x]-an êngg. k. lading; kc. marisan.
warya :
I (S) kw. ak. linuwih, gêdhe. II (S) kw. ak: mungsuh, prajurit.
warna :
n. warni k. 1 rupa; 2 coraking rupa (kyt. abang, kuning lsp); 3 jinis; 4 wujud, up. [x] dhuwit; [x]-[x]: rupa-rupa, beda-beda; di-[x]: 1 digambar, diwujudi, dipulas; 2 br. dianggit, dikarang, dicritakake; warnanên, kawarnaa br: kacarita, kocapa.
warnèn, warnèmên :
(W) kn: wakil, isih durung têtêp.
warni :
k. warna.
waru :
kn. ar. wit.
waruju :
êngg. kn. anak wragil.
warung :
n. wande k. 1 bango ing sapinggiring dalan; 2 papan sing dianggo dodolan (pasar cilik); marung: dodolan ing warung.
warok :
(ut. [x]-an) êngg. kn. wong sing kêdhot (jago kêrêngan).
warsa :
(S) kw. 1 taun; 2 udan.
warsajaloda :
(S) kw. ak. mêndhung.
warsaya :
kw. taun; kc. warsa.
warsaka :
kw. taun; pawarsakan: petungan taun lsp; kc. warsa.
warsi :
br. warsa (taun).
warsiki :
kn. kêmbang gambir.
warsita :
kw. piwulang, pitutur; kc. wasita.
warta :
n. wartos k. kabar, pakabaran; kulak [x] adol prungon pr: ngrungokake pakabaran saka ing kadohan; diwartani: diwènèhi kabar; diwartakake: dikabarake; ka-[x] br: misuwur, kondhang.
warti :
br. warta.
wartos :
k. warta.
warwang :
kw. ak. warung.
was :
I kn. sumêlang, kuwatir; kc. uwas, was-was. II di-[x]-ake pc: diawasake; kc. awas.
(wasa) :
[x]-[x] kw. kanthi pêksa; di-[x]-[x]: dipêksa-pêksa.
wasana :
kn. pungkasan, têmahane; kc. wusana.
wasantatilaka :
kw. ar. têmbang gêdhe.
wasata :
(S) kw. ak. panguwasa.
wasesa :
kw. 1 duwe wênang (panguwasa); 2 andharaning jêjêr (ing paramasastra); di-[x]: 1 dikuwasani, diwêngkoni; 2 dipilara, dipidana; kc. wisesa.
wasêh :
kw. ak. wasuh.
wasi :
(S) kw. pandhita tapa.
wasiyasat :
kn. ak. pamêksa, ambêk siya, kaniaya..
wasiyat :
(A) kn. 1 piwêlinging wong sing ajal sing kudu padha diestokake; 2 wêwarah tinggalane para lêluhur; 3 pusaka, tinggalan; di-[x]-i: ditinggali (diwènèhi) wasiyat.
wasir :
(A) kn. ak. patih.
wasis :
kn. 1 pintêr; 2 bisa; winasis br: wong pintêr.
wasita :
(S) kw. pitutur, wêwarah, kandha.
waskitha :
kw. awas, bisa wêruh marang prakara sing sinamar (batining wong lsp).
(wasuh) :
di-[x] kn. 1 dikumbah (tmr. barang sêmbêt); 2 pc. diujar-ujari, dipilara, diwêlèh-wêlèhake lsp.
wasundari :
(S) kw. ak. bumi.
waspa :
kw. luh.
waspada :
n. waspaos k. 1 awas; 2 kanthi weweka; 3 waskitha; diwaspadakake: diawasake, ditamatake.
wasta :
k. 1 aran; 2 jênêng.
wastu :
(S) kw. têmên, nyata; taun [x] kn: taun lumrah (dudu taun wuntu).
wastra :
(S) kw. sandhangan, jarit; [x] bêdhah kayu pokah pr: kêtaton nganti putung balunge; [x] lungsêd ing sampiran pr. kapintêran (niyat) sing ora ditindakake, lawas-lawas lali.
was-was :
kn. sumêlang, kuwatir; kc. uwas.
wat :
kn. uwat.
wata :
(S) kw. ak. angin.
watak :
kn. dhasaring bêbudèn; ora [x] pc: ora patut mungguhing ...; kc. watêk, wantu.
watang :
kn. 1 êngg. gèntèr; 2 êngg. kayu prêbatang; 3 sodor, tumbak tanpa lêlandhêp; 4 êngg. garan, gagang; lêbar [x]: wayangan ing kraton ing dina malêm Ngahad; urang [x]: urang gêdhe; arêp jamure êmoh [x]-e pr: arêp kamelikane (enake), êmoh kêsangkut prakarane (kangèlane); nggêntèni [x] putung pr: nggêntèni priyayi sing ora duwe waris; nyambung [x] putung pr: ngrukunake wong cêcongkrahan; di-[x]: ditumbak ing watang; matang bubukên pr: nggugat nanging ora ditêrusake panggugate; matang tuna numbak luput pr: 1 kliru pandakwane; 2 tansah jugar panjangkane (panggayuhe); [x]-an: 1 sodoran, tumbak-tumbakan; 2 garan tangananing traju lsp; 3 br. bêdudan.
watara :
I n. watawis k. 1 pangira-ira; 2 kira-kira, duga-duga; sa-[x]: sathithik, ora gumathok kèhe; di-[x]: dikira, dikira-kira, diduga. II n. watawis k. êngg. pc: antara.
watawis :
k. watara.
watêk :
I kn. 1 dhasaring bêbudèn (kyt. drêngki, wêlasan lsp); 2 sipat, kaanan; [x]-e: 1 lumrahe, adate; 2 nganti, supaya; kc. watak. II di-[x] kn: diucapake (tmr. mantra, aji lsp).

--- 658 ---

watês ~ wedya.

III [x]-an êngg. kn: tracuking wluku; kc. batêk. IV kw: 1 golongan, pêpanthan, para ...; 2 kn. mêngku surasa angka (tmr. candra-sangkala), up. gêni [x] 3.
watês :
kn. 1 kikis, kang dadi pungkasan (lêt-lêt, antara); 2 têkan ing, up. [x] dhadha; di-[x]-i: 1 dikikis, didokoki watês; 2 ditêtêpake pungkasane (êlêt-êlête); 3 diwangêni; [x]-an: 1 têtêngêr sing dianggo watês; 2 wangênan.
watêsan :
êngg. k. sêmangka.
watgata :
kw. tatu; ka-[x]: kêtaton.
wati :
kw. sanggama; di-[x]: disanggama.
watir :
n. watos k. pc. kuwatir.
watu :
n. sela k. barang atos kêdadean saka panjêndhêling wlahar lsp; mbêguguk ngutha [x] (waton) pr: mbangkang ing parentah; nyathak njalu [x] pr: ngadhêp marang bêndara lsp. tanpa diundang; matu kn: atos kaya watu; di-[x]: diurug (diwrata) nganggo watu; watunên kn: lara nguyuh ing impêse ana barange atos (saèm. krikil).
watu bêras :
n. sela uwos k. watu sing kropos (ora atos).
watu brani :
n. sela brani k. watu sing isi daya panggèndèng.
watu gêni :
n. sela api k. watu yèn dithithik bisa mlêtik.
watu-gunung :
kn. ar. wuku kang kaping 30.
watu itêm :
n. sela itêm k. watu irêng atos; ngêmpukake [x] pr: nggêgampang prakara sing angèl; ngêntèni timbule [x] pr: ngarêp-arêp prakara sing mokal.
watuk :
kn. cêkoh ki. lêlara ing gurung njalari sêrak sarta nywara cêkrah-cêkrèh; matuki: njalari lara watuk; jamu [x]-an: tamba watuk.
watu kambang :
n. sela kambang k. bngs. watu gropok yèn ana ing banyu kumambang.
watu karang :
n. sela karang k. bngs. padhas ing sêgara; watu karangên n. sela karangên k: saèm. busik-busik ing êndhas.
watu kumalasa :
n. sela kumalasa k. watu gedhe wrata.
watu lintang :
n. sela lintang k: bngs. watu gamping sing pating kêrlip..
(watun) :
di-[x] kn. dibubuti sukête lsp. sing padha thukul ing tanduran.:
watu sumbul :
n. sela sumbul k. watu sing lancip-lancip.
waton :
kn. 1 pinggiraning ambèn (lincak); 2 (ut. wêwaton) pathokan, paugêran, pranatan; 3 nganggo paugêran (ukuran) ut. cacah sing dianggo paugêraning pamilang, up. 36 [x] 9 = 33 ([x] 10); 4 anggêr, up. mung [x] ngucap; maton; gumathok, mawa katêrangan (paugêran) sing nyukupi; di-[x]-i: dipathoki (ditêtêpake wêwatone).
watos :
k. watir.
watsa, watsya :
(S) kw. ak. pêdhèt.
wat-wat :
pc. uwat-uwat.
(waca) :
di-[x] n. dipunwaos k. 1 diunèkake (tulisan, layang); 2 ditêmbangake (layang têmbang lsp); maca udrasa kw: nangis; wacan n. waosan k: layang crita, piwulang lsp. sing diwaca.
wacak :
pc. wancak.
wacaka :
kw. ak. têrang, têtela.
wacan :
n. waosan k. layang crita, piwulang lsp. sing diwaca; kc. waca.
wacana :
(S) kw. gunêm(-an), têmbung, ujar, clathu.
wacucal :
k. walulang, wlulang.
wathah-thithah :
pc. sabawa nelakake gumun, ngungun lsp.
wathuh :
pc. wadhuh.
wawa :
I êngg. kn. gêni mêngangah; kc. mawa. II kn: bngs. kêthèk gêdhe. III di-[x] kw: digawa; ka-[x]: 1 kagawa; 2 kuwat, kuwagang; kc. mawa.
wawah :
I kn. ombèr (tmr. papan, wêktu); kc. kawah. II [x]-an êngg. kn: banjir.
wawal :
I êngg. kn. 1 wangkil, cethok; 2 bngs. linggis dianggo nyongkèl; di-[x]: dibêjadi, dibujad. II di-[x]-i kn: dipadoni, ora disarujuki; [x]-an: pêpadon, tukaran; [x]-an banda pr. mêmungsuhan karo wong sing apês.
wawan :
kn. lawan, lêlawanan; [x] gunêm (padu): gêgunêman, rêrêmbugan, pêpadon.
(wawang) :
di-[x] kw. 1 disawang, didêlêng; 2 nganggo dièlingi; kc. wangwang.
wawar :
I kn. mawa rambut dawa (tmr. buntut); asu [x] êngg: asu alasan. II kn: (sa-[x]) cuwilan krambil sing wis dicukil saka ing bathoke; di-[x]-i: dicukili sarta diirisi tmr. krambil.
(wawas) :
di-[x] kn. dipandêng, ditamatake; [x]-an: 1 pandêngan; 2 panêmu, andharaning panêmu.
wawi :
êngg. k. ayo.
wawu :
kn. ar. taun kang kapitu (ing windu).
wawuh :
kn. 1 êngg. wanuh karo; 2 rukun (têpung) manèh tmr. jothakan lsp; di-[x]-ake: 1 êngg. diwanuhake; 2 ditêpungake manèh.
wawoh :
êngg. pc. wawuh.
wawrat :
I k. bobot. II k: mêtêng. III [x]-an k: ngising.
we :
I kw. banyu. II kw: srêngenge. III pc: bae. IV pc: sabawa nelakake cingak, kagèt lsp.
weda :
I (S) kw. 1 ngèlmu, kawruh; 2 layang pêpakêm, kitab suci.
wedana :
(S) kw. ak. lara.
wedang :
kn. 1 (-putih, -pitik, -antah) godhogan banyu; 2 (-tèh, -bubuk, -kopi lsp) adon-adon tèh, kopi lsp. karo banyu panas; di-[x]-i: 1 disirami lsp. ing wedang; 2 diwènèhi (disuguh) wedang tèh lsp; [x]-an: lêlinggihan sinambi ngombe wedang; [x]-ên: 1 padha mlonyoh pating plêmpung; 2 padha lodhoh tmr. tanduran.
wèdi :
kw. nyata, têmênan; sudara [x]: (mitra) sêdulur têmênan.
wedok, wedon :
pc. wadon.
wedya :
(S) kw. ak. dhukun; kc. widya.

--- 659 ---

wedyarini ~ wêdhihan.

wedyarini :
(S) kw. ak. dhukun bayi.
wedha :
(S) kw. kc. weda.
we-dhe :
êngg. pc. saka cêkakan wd (waarnêmênd); kc. warnèn, warnèmên.
wega :
(S) kw. ak. rikat, kêsusu.
wèh :
I pc. we. II di-[x]-i n. dipunsukani k. diparingi, disaosi ki: 1 diwènèhi; 2 didokoki, ditrapi; di-[x]-ake: diwènèhake; kc. awèh, wènèh, wèwèh.
weya :
êngg. kn. kurang wêweka, sêmbrana.
(wèyan, wèyèn) :
di-[x] êngg. diwènèhi.
wèk :
pc. duwèk (darbèk).
weka :
(ut. wêweka, wiweka) kn. ngati-ati, prayitna; diwekani: diprayitnani, diati-ati ing sadurunge.
wela :
I [x]-[x] kn. ngegla, katon cêtha bangêt. II (S) kw. ak: 1 taman, patamanan; 2 mangsa, wêktu.
welan :
êngg. kn. wela-wela.
wèlèh-wèlèh :
pc. cêtha bangêt, wela-wela.
weloh :
êngg. kn. waluh.
wèl-wèlan :
kn. 1 ndhrodhog bangêt; 2 groyok bangêt.
(wèn) :
I di-[x]-i êngg. diwèhi. II sa-[x]-[x] pc: nganti suwe bangêt.
wendra :
kn. ar. iwak sêgara.
(wènèh) :
di-[x]-i n. dipunsukani k. diparingi, disaosi k. 1 dikon ndarbèni (ngêpèk); 2 didokoki, ditrapi; kc. wèh, awèh, wèwèh.
wèni :
(S) kw. rambut, gêlungan.
(wèntèh) :
[x]-[x], (wê) [x]-an kn. katon cêtha (maujud) kaya kaanane sing têmênan; kc. wantah.
wèntên :
êngg. k. ana.
wèntêr :
kn. bngs. nopal dianggo marna barang sêmbêt; di-[x]: diwarna nganggo wèntêr.
wèr :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning sêndarèn lsp; [x]-[x]-an: tansah gunêman (nyatur lsp) tmr. wong wadon.
wera :
kw. ak. bawera.
werage, weragya :
kw. susah, sêdhih.
wèri :
kw. mungsuh.
wèrêg :
kn. tukang golèk wong (didadèkake kuli kontrak); di-[x]: diapusi ing wèrêg.
weruh :
pc. wêruh.
weroh :
êngg. pc. wêruh.
wesa :
I kw. kc. wesya. II (S) kw. ak: 1 sandhangan, panganggo; 2 kang katon ing lair.
wèsêl :
(W) kn. 1 kiriman dhuwit ing pos (bang); 2 lembatan ing ril sêpur; salah [x] pc: salah tampa.
wesya :
(S) kw. gêgolonganing wong sing pakaryane dagang, têtanèn ut. kriya.
wèsma :
(S) kw. omah; kc. wisma.
wèsthi :
kw. bêbaya, alangan.
wèt :
I di-[x]-ake, di-[x]-[x] pc. diirit-irit (diêmi-êmi) supaya awèt; kc. awèt, uwèt. II (W) kn: anggêr-anggêr, undhang.
wetalika :
(S) kw. ak. pasindhèn.
wetan :
kn. keblat dununging plêthèke srêngenge; ngetan (ngwetan ak): ngênêr ing wetan; [x]-an: 1 kang kagolong (ing wêwêngkon) ing wetan; 2 (bangsa-) bangsa Asiyah.
wètbèt :
kw. ak. bèbèt.
wètbuk :
(W) kn. layang anggêr-anggêr.
wètèng :
êngg. kn. gèntèr; kc. watang.
wethethithe :
pc. wathathithah.
wewe :
kn. gêndruwo wadon.
wèwèh :
n. nyênyukani k. pêparing ki. mènèhi apa-apa marang; di-[x]-i: 1 diwènèhi, diwèhi; 2 diwènèhi ulih-ulih; [x]-an: 1 apa-apa sing diwènèhake; 2 ulih-ulih, bêrkatan sing diêtêrake; kc. wèh, wènèh.
weweka :
kn. ngati-ati, prayitna; kc. weka.
wêdaka :
kw. kc. wadaka.
wêdal :
I k. wêtu. II êngg. k: wêktu.
wêdana :
kc. wadana.
wêdani :
kn. ar. têtuwuhan.
wêdari :
kw. taman, patamanan; kc. wadari.
wêdèn :
n. ajrihan k. jirih; kc. wêdi.
(wêdêl) :
di-[x] n. dipuncêlêp k. diirêng (dibiru) nganggo nila (tmr. bathikan lsp).
wêdi :
n. ajrih k. 1 ora wani; 2 duwe pangaji-aji; mêdèni n. ngajrih-ajrihi k: njalari wêdi, nggêgilani; diwêdèni: 1 (dipunajrihi k) ora diwanèni; 2 diaji-aji; 3 (dipunajrih-ajrihi k) digêgiro (diketoki lsp) ing dhêmit; mêmêdi kn: apa-apa sing njalari wêdi (dhêmit lsp); wêwêdèn kn: mêmêdi sawah.
wêdi-asih :
n. ajrih-asih k. duwe pangaji-aji sarta trêsna.
wêdidang :
kn. 1 antarane dhêngkul karo dlamakan sikil; 2 êngg. kêncèt (otot ing tungkak).
wêdos :
êngg. k. wêdi.
wêdra :
(h) 1 kw. tuwa; 2 êngg. kn. uwa; kc. wrêdha.
wêdrug :
kn. limit marga kêrêp diambah.
wêdya :
br. wêdi.
wêjag :
êngg. kn. wêdrog.
wêjah :
kn. jamu uyub-uyub (tmr. wong mêntas duwe anak).
(wêjak, wêjêk) :
di-[x] êngg. kn. dipêrês, dipuh.
wêjani :
kn. opah marang dhukun.
wêjang :
(ut. [x]-an) kn. wulangan (prakara ngèlmu gaib); di-[x]: diprêjit-prêjit, dijuwing-juwing.
wêdha :
êngg. k. wudhu.
wêdhak :
kn. jurjuran glêpung dicampur wêwangi ut. tamba dianggo mblonyo awak; di-[x]-i: diblonyo ing wêdhak; [x]-an: nganggo wêdhak.
wêdhal :
êngg. kn. wêdhêl.
wêdhar :
kn. wêtu, wudhar; di-[x](ake) kn: 1 dibuka, diwêngakake; 2 diwudharake, dijugarake; 3 diwahyakake, diblakakake, diwalèhake; 4 dilairake, diandharake (crita lsp); mêdhar sabda br: sêsorah; [x]-an: 1 prakara sing diwêdharake; 2 sêsorah.
wêdhèn :
kn. panggonan wêdhi.
wêdhêl :
kn. plêmbungan ing wêtêng iwak; [x]-an êngg: jêroan.
wêdhi :
kn. lêmah agal (krikil lêmbut-lêmbut); mêdhi; mêmpur (tmr. salak); di-[x]: jugrug (dilapis lsp) ing wêdhi.
wêdhihan :
kw. ak. sandhangan.

--- 660 ---

wêdhi-kèngsêr ~ wênang.

wêdhi-kèngsêr :
kn. saèm. srisig (sêsirig) tmr. njogèd.
wêdhi krosok :
kn. wêdhi sing agal-agal..
wêdhi malela :
kn. wêdhi irêng pating kêrlip.
wêdhit :
kn. ar. ula.
wêdhung :
kn. pasikon ki. saèm. pangot gêdhe mawa wrangka (kalêbu kapraboning priyayi).
wêdhus :
n. menda k. ar. kewan asikil papat kalêbu wêwilangane kewan rajakaya, jinise warna-warna kyt. [x] gèmbèl, jawa lsp; [x] diumbar ing pakacangan pr: 1 wong kêkurangan diduduhake kamelikan; 2 wong wadon pingitan diumbar ing pakehan (mbungahi); [x]-an êngg. pc: ropyan-ropyan mbêlèh wêdhus.
wêdhusan :
kn. ar. têtuwuhan.
wêdhus prucul :
n. menda prucul k. wêdhus tanpa sungu.
wêdhon :
kn. ar. mêmêdi kang awujud mayit; banyu [x] êngg: banyu kang mêntas dianggo nucèni mayit.
wêg, wêk :
kw. ak. cèlèng.
wêgah :
kn. 1 êngg. krasa sêsêk (cêgèh) ing wêtêng (kaya kêwarêgên); 2 rumangsa ora kêconggah; 3 êngg. pc. sungkan tumandang; mêgahake: njalari wêgah; [x]-an: sungkanan, gampang wêgahe.
wêgang :
I tatah [x] kn. tatah sing dianggo mbubut kayu. II êngg. kn: wêgah.
wêgang-sulanjari :
kn. ar. têmbang gêdhe.
wêgig :
kn. 1 êngg. rongèh, gorèh; 2 pintêr, gathekan; 3 kw. kêndêl; 4 êngg. kurang ajar.
(wêgil) :
mêgil kw. ak. ngungsi, ndhêlik.
wêgung :
sa-[x] kw. kabèh, sakèhe; kc. gung.
wêka :
I kw. anak. II kn: 1 rêrêgêd sing ngintip ing teko, cèrèt lsp; 2 êngg. piala sing wis manjing; mêka: mêtu wêkane; kc. lêka.
wêkan :
kn. guwa-garba.
wêkas :
I (ut. [x]-an) kn: 1 wasana, pungkasan; 2 kang kari dhewe; tanpa [x](-an): 1 tanpa wasana; 2 ora ana jêbule (ora ana wohe); di-[x]: 1 dipungkasi, dirampungake nganti tutug; 2 br. dipatèni; mêkasi: solah bawane beda karo adat sabêne (kaya wis arêp ndungkap mati). II kn: 1 (ut. wêwêkas) wêling; 2 (ut. [x]-an) wêlingan; di-[x]-ake: diwêlingake dikon têka lsp.
wêkdal :
k. wêktu.
wêkêl :
kn. srêgêp sarta tumêmên.
(wêki) :
diwêkèni êngg. kn. dipênuhi, dilêksanani; kc. kêwêkèn.
wêktu :
(A) kn. (wêkdal k): 1 wayah (kang dipêsthèkake dianggo salat); 2 mangsa; 3 pc. salat, sêmbahyang; 4 êngg. wayah, 5 pc. ing nalika; nglakoni limang [x]: nindakake salat. II êngg: wêtu.
wêkca :
kn. kc. wêca.
(wêk-wêk) :
di-[x] pc. diuwêk-uwêk.
wêla :
êngg. kn. 1 sêla, êlêt; 2 lowong ora nicil lsp; diwêlani: 1 disêlani, diêlêti; 2 dilowongi ênggone nicil lsp; 3 diwènèhi wêlan; wêlan: dhuwit minangka dhêndhane ênggone nglowongi cicilane.
wêlad :
kn. bngs. lading sing digawe sesetan kulit pring (wilah); sêdulur tunggal [x]: sêdulur tunggal bapa biyung.
wêlah :
I kn. kayu ing pucuke mawa enthong-enthongan (kanggo nglakokake prau); di-[x]-i: dilakokake nganggo wêlah (prau). II êngg. kn: borang; kc. wlahan. III êngg. k: wuluh.
wêlahan :
kn. lêlahanan; kc. lahan, wlahan.
wêlak :
(ut. wêwêlak) kn. bêbênduning dewa (Allah) awujud kasangsaran lsp.
wêlan :
kn. kc. wêla.
wêlang :
kn. ar. ula ulêse putih sêling irêng; kc. bêlang.
wêlar :
I kn. amba jêmbar tmr. dhadha; kc. êlar, mêlar. II [x]-an êngg. kn: 1 ara-ara, pakêbonan; 2 lalahan, leleran.
wêlas :
I kn. rasa (kadunungan rasa) mêsakake marang liyan; mêlas, mêmêlas: mêsakake (pantês diwêlasi); di-[x]-i: disihi (marga mêmêlas); [x]-an: gampang wêlas. II sa-[x] kn: 11; [x]-an: 1 wilangan antarane 10 - 20; 2 lanjar (imbuh) sabên 10 olèh lanjar 1 kc. bêlas, las.
wêlas-arêp :
(-arsa, -ayun) kw. wêlas-asih.
wêlas-asih :
kn. duwe wêlas sarta asih; mêlas-asih: 1 mêmêlas, mêsakake; 2 ngrêrêmih njaluk diwêlasi (disihi).
wêlèh :
I (ut. wêwêlèh) kn. lêlakon minangka wêwalêse ênggone goroh (cumêri-cêri lsp); di-[x]-ake: dituduhake ênggone goroh (ora nêtêpi jangji lsp); kê-[x]: nêmahi wêwêlèh; kc. walèh. II (ut. wêle) êngg. kn: jêlèh; kc. wadhèh.
(wêlêg) :
di-[x] kn. diuja ing pangan.
wêlêk :
I êngg. kn. kêbul; kc. ulêk. II kw. ak: wêwêlak.
wêli :
kw. ak. tuku, bakul.
wêling :
I kn. wêkas; di-[x]: diwêkas. II kn: ar. ula saèm. ula wêlang nanging cilik.
wêlit :
kn. payon sing digawe alang-alang lsp. digapit; di-[x]: digawe wêlit.
wêlu :
kn. 1 surêm (tmr. warna, cahya); 2 êngg. katon lungkrah, aras-arasên; 3 êngg. saèm. wangkal, wangkod; kc. wêlon.
wêlug :
êngg. kn. pêthut (benggoling maling).
(wêlun) :
ma-[x], [x]-[x] kw. mulêk, uyêk-uyêkan.
wêlur :
êngg. kn. êlur, sêlur.
wêlut :
kn. ar. iwak loh wujude saèm. ula; kaya [x] dilêngani pc: pintêr bangêt padune; ênggon [x] didoli udhèt pr: wong pintêr diumuki kapintêran (sing luwih rèmèh).
wêlon :
kn. mung awujud sigaran (tanpa digraji ut. diprèjèngi) tmr. kayu lsp.
wêlwêlan :
pc. uwêl-uwêlan.
wênah :
I di-[x]-i êngg. kn. disingkir-singkirake dirumati; kc. bênah. II kw: warêg, bosên.
wênang :
1 kw. bisa, kêconggah; 2 (ut. wêwênang) panguwasa, hak; 3 duwe

--- 661 ---

wêndera ~ wêtu.

panguwasa (hak); di-[x]-ake: diwènèhi hak (kuwasa); ka-[x], winênang kw: diwênangake, duwe wêwênang; sa-[x]-[x]: ambêk siya, siya-siya; kc. mênang.
wêndera, wêndira :
kw. wit wringin.
wêndra :
kn. (sa-[x]) 10 yuta; wêndran: pirang-pirang wêndra.
wênèh :
kn. liya, liyane; sa-[x]: liyane (ana kang), sawatara ana (nêrangake kang ora gumathok).
wênês :
kw. 1 rêsik sumringah (warna); 2 pucêt.
wêning :
kn. 1 bêning; 2 rêsik ora kacampuran apa-apa (tmr. pamikir, gagasan lsp).
wêninga :
êngg. wêruh; kc. wuninga.
wêntala :
kn. 1 bisa tahan (kalis) ing gêgaman, lêlara lsp; 2 (ut. mêntala, mêntalan, wêntalan) têgêlan, ora wêlasan.
wêntar :
kn. suwur; kê-[x]: kêsuwur, misuwur.
wêntara :
n. wêntawis k. êngg. watara.
wêntis :
1 ki. pupu; 2 pc. kempol.
(wênga) :
mênga kn. 1 ora tumutup; 2 ora sigêg tmr. wanda; diwêngani: dibukak supaya bisa mlêbu, diwènèhi lawang; diwêngakake: dibukak, ora ditutup, wêwêngan: pêpadhanging ati, pangrêti.
wêngi :
n. dalu k. 1 wayah wiwit surup tumêka plêthèke srêngenge; 2 wis kêliwat jam 12 bêngi; kêwêngèn n. kêdalon k: kêtungka (tumêka) ing wayah wêngi; kc. bêngi.
wêngis :
kn. sêrêng bangêt, katon sumêngit; kc. bêngis.
(wêngkang) :
di-[x] êngg. kn. dibênggang kanthi karosan.
wêngkêlan :
êngg. ki. kempol.
wêngkêlang :
kn. sêsukêr sing atos; kc. mêngkêlang.
wêngku :
kn. blêngkêr (pinggiran) minangka pikukuh; di-[x]: 1 diubêngi (kaya wêngku); 2 dikuwasani, dibawahake, dirèh; 3 (ut. diwêngkoni) diêmong, diêmbani; 4 dirêngkuh kalawan sabar (pangapura); diwêngkoni: 1 ditrapi (dipasangi) wêngku, ditrapi blêngkêr; 2 dikuwasani, dierèh, diêmbani; ngêgungna pamêngku br: ngêgungna pangapura; wêwêngkon: 1 kang diwêngku (dikuwasani lsp); 2 gêgêbêngan, tlatah, kukuban.
wêngur :
kn. ambu kaya dene ambuning ula.
wêrak :
(ut. [x] arèn) kn. 1 lêgèn arèn; 2 cokak Jawa.
wêrat :
êngg. k. abot.
wêrda, wêrdha :
kw. tuwa; kc. wrêdha.
wêrdaya :
kw. ati; kc. wardaya.
wêrdèn :
kn. sugih anak tmr. kewan; kc. wêrdi, wrêdi.
wêrdi :
I kn. têgês, makna; diwêrdèni: ditêgêsi, ditêrangake têgêse; kc. wardi. II kw: mundhak-mundhak, mundhak akèh; kc. wrêdi.
wêrdu :
kw. ulêr.
wêrdu-angga :
kw. lintah; yayah [x] sasra: uyêk-uyêkan akèh bangêt.
wêrjit :
kw. cacing.
(wêrêg) :
di-[x] êngg. kn. dibêrêg.
wêrêh :
I kw. ak. umpluk; kc. wuruh. II kw. ak: mêndêm; kc. wuru.
wêrêng :
kn. ar. kewan gêgrêmêtan (dadi ama pari).
wêrga :
pc. warga.
wêrgul :
kn. ar. kewan bngs. wlingsang.
wêrhaspati :
kw. Kêmis; kc. wrêhaspati.
wêri :
kn. wong sing tansah gawe rusuh (nyênyolong lsp).
wêrit :
kn. 1 wingit, angkêr; 2 gaib (gawat) tmr. surasaning ngèlmu kasampurnan; 3 umpêtan, ora ngêdhèng tmr. bêburon; 4 êngg. kêncêng (kêras) tmr. paprentahan (pangrèh).
wêrna :
n. wêrni k. êngg. warna.
wêru :
kn. ar. wit.
wêruh :
n. sumêrêp k. priksa ki. 1 bisa migunakake pandêlênge; 2 sumurup kang ora kanthi njarag; 3 nyipati (mênangi, ngalami); 4 mangrêti; 5 ngrêmbug marang, up. [x] marang wong tuwane; [x]-[x]: 1 barêng, wêruh; 2 êngg. dumadakan; di-[x]-i:1 disumurupi, dingêrtèni; 2 dirêmbug (digatèkake), dipêrduli; di-[x]-ake: dituduhake, diwènèhi wêruh, dingêrtèkake; kc. kawruh.
wêrut :
kn. kasar sêrate (tmr. kayu), pating jêngkêrut (tmr. kulit).
wêrta :
n. wêrtos k. pc. warta.
wêrti :
pc. warti.
wêrtos :
k. wêrta.
wêrcita :
kw. cacing.
wêsana :
pc. wasana, wusana.
wêsi :
n. tosan k. ar. logam atos digawe dandanan warna-warna; mêsi: kaya wêsi, atos bangêt.
wêsi-aji :
kn. gêgaman kang awujud lêlandhêp kaya dene kêris, tumbak lsp.
wêsi bang :
kn. wêsi diobong mêngangah.
wêsi brani :
n. tosan brani k. wêsi sing duwe daya panggèndèng.
wêsiyasat :
kw. pêksa, kanthi pêksa; di-[x]: disiksa,m dipilara; kc. siyasat, wasiyasat.
wêsiyat :
pc. wasiyat.
wêsisan :
êngg. pc. babar-pisan; di-[x]-i: dirampungi, dirampungake babar pisan.
wêspada :
pc. waspada.
wêsta :
pc. wasta.
wêtah :
k. wutuh.
wêtara :
pc. watara.
wêtêh :
kw. ak. wutuh.
wêtêng :
kn. padharan ki. pêprincèning awak sing dadi dununging wadhuk lan usus; mêtêng: 1 (wawrat k. mbobot ki) ngandhut jabang bayi; 2 wis diisèni patrum (tmr. bêdhil), mblêndhuk arêp thukul untune (tmr. gusi), wis mèh mêtu wohe (tmr. pari); di-[x]-i ks: digawe mêtêng; di-[x]-ake: dikandhut ana ing guwa-garba; [x]-an: 1 bayi sing isih dikandhut ing guwa-garba; 2 sajroning mêtêng, ing nalikane mêtêng; kc. êtêng.
wêtu :
I n. wêdal k. wiyos k. 1 saka ing jêro mênyang ing jaba; 2 plêthèking rêmbulan lsp; 3 dhuwit lsp. sing ditanjakake (dipigunakake); mêtu: 1 mênyang ing jaba; 2 lair tmr. bayi lsp; 3 bisa awoh tmr. pari lsp; 4 liwat ing, alantaran; [alan...]

--- 662 ---

wêca ~ wiji.

[...taran;] 5 ngaton ing pasamuwan (kalangan lsp); 6 lèrèn ênggone nyambutgawe (sêkolah lsp); mêtoni: 1 mêtu ana ing (pasamuwan lsp); 2 duwe anak, up. ora mêtoni lanang: diwêtoni: 1 dipêthukake (diungak lsp) saka ing jêro mênyang ing jaba; 2 diliwati, diambah; diwêtokake: 1 digawa (dikon lsp) mêtu; 2 dipitongtonake; 3 dilairake; 4 dilèrèni ênggone cêkêl gawe (sêkolah lsp); 5 ditanjakake (dipigunakake) tmr. dhuwit lsp; 6 dibabar (dicap sarta diêdol) tmr. buku; 7 diwêdharake, diwahyakake; kê-[x]: kêlair têmbunge; kêmêton kn: 1 ngêtokake woh akèh tmr. tanduran; 2 ora dijarag mêtu; pamêtu: 1 wulu-wêtuning palêmahan lsp; 2 dhuwit olèh-olèhane nyambut gawe; wêton: 1 asal saka ing; 2 dina kalairan; 3 mangsa ênggone mêtu (dianggo wilangan, kyt. sawêton, rong wêton). II n. wêdal k. pc: wêktu.
wêca :
kn. 1 kandha blaka; 2 kandha bab bakal ananing lêlakon (kang durung kêlakon); di-[x]: 1 êngg. diblakakake, diwalèhake; 2 dikandhakake yèn bakal ana lêlakon (kang samêngko durung kêlakon); wêwêcan: lêlakon sing diwêca.
wêcana :
kw. kc. wacana.
wêcucal :
k. pc. wlulang.
wêwah :
k. wuwuh.
wêwêdhe, wêwêdhèh :
êngg. kn. nglarani (arêp nglairake bayi).
wêwêdèn :
kn. mêmêdi sawah; kc. wêdi.
wêwêg :
kn. lêmu ètêl (tmr. pawakan).
wêwêh :
kw. ak. wuwuh.
wêwêngan :
kn. pêpadhanging ati, pangrêti; kc. wênga.
(wêwêr) :
di-[x] kw. digulung, dilinting; [x]-an kw: pingitan, kêkêran; kc. uwêr.
(wêwês) :
di-[x] êngg. kn. dipêksa.
wi :
I kn. uwi. II êngg. pc: ênya, ayo; kc. wawi, suwawi.
wibawa :
(S) kw. kaluhuran, kamulyan, kasêktèn, kuwasa; mukti [x]: ngrasakake kaluhuran (kamulyan lsp), mukti bangêt.
wibên :
êngg. k. wido.
wibi :
kw. biyung.
wibuh :
(S) kw. ak. rosa, sêntosa.
wibuti :
(S) kw. ak. kaluhuran, kamulyan, kuwasa.
wibrama :
(S) kw. ak. 1 kisruh, bingung; 2 nêpsu.
wida :
I (ganda [x]) kw. borèh, wêwangi. II kw. ak: siksa.
widada, widadi, widadya :
kw. tulus slamêt, lêstari slamêt.
widadara :
(S) kw. bngs. dewa.
widadari :
(S) kn. dewa wadon; midadarèni: lèk-lèkan ngarêpake katêmuning pangantèn.
widagda, widagdya :
(S) kw. pintêr.
widayaka :
(S) kw. 1 wong kang mranata, wong pintêr; 2 (widayakèng praja) ratu.
widayat :
(A) kn. sih pitulunganing Allah.
(widak) :
sa-[x] kn. 60.
widara :
kn. ar. wit sarta wohe, jinise kyt. [x] upas, [x] putih; mênêng [x] ulêran pr: laire bêcik, nanging batine ala.
widara-gêpak :
kn. ar. wanguning omah awujud omah kampung nganggo èmpèr mubêng.
widaran :
kn. ar. panganan sing digawe glêpung kêtela diglintiri.
widasari :
1 kw. borèh wangi; 2 kn. ar. têtuwuhan sarta kêmbange.
widi :
I di-[x] kw. dipilih; diwidèni êngg. kn: diwilang manèh (dicocogake). II diwidèni êngg. pc: diidèni, dililani; kc. idi, idin. III (S) kw: 1 pranatan, anggêr-anggêr; 2 takdir, pêpêsthèn; Hyang [x]: Dewa kang linuwih (Allah); di-[x], diwidèni kw: pinaringan sihing dewa.
widigda, widigdya :
kw. pintêr; kc. widagda.
widik :
I di-[x]-[x] kn. dikira-kira (diduga-duga) sarana ditamatake. II (ut. [x]-[x]) kw. ak: langit, awang-awang; cs-0.
widita :
(S) kw. ak. misuwur.
widu :
kw. ak. pasindhèn; amidu-midu kw: têtêmbangan.
widura :
(S) kw. ak. pintêr, wicaksana.
widuri :
I kn. ar. têtuwuhan wohe ngêtokake kapuk alus. II kn: bngs. intên.
wido :
kn. wulune ing gêgêr mawa pinggiran ijo (tmr. ulêsing jago).
widya :
I kw. kc. wida. II (S) kw: kawruh (kawicaksanan).
widyadara, widyadari :
(S) kw. kc. widadara, widadari.
widyastuti :
kw. pangabêkti, pêpuji.
widyuta :
kw. kilat, blêdhèg.
widyutmala :
kw. kilat, blêdhèg.
wija :
(S) kw. 1 wiji; 2 anak.
wijah :
I êngg. kn. 1 (pitik [x]) pitik lumrah, dudu kêbirèn; 2 (wong [x]) wong lumrah, urakan. II [x]-[x] kw: pilah-pilah, pêpanthan; di-[x] êngg: diwilang, dietung. III [x]-[x] kw: bungah-bungah, sênêng-sênêng; mijah kn: nggrombol tmr. iwak loh.
wijaya :
(S) kw. 1 mênang, kamênangan; 2 kasêktèn; kc. jaya.
wijaya-kusuma :
kn. ar. kêmbang diagêm sarat panjênênganing ratu kang mêntas jumênêng.
wijayanti :
(S) kw. mênang.
wijana :
I (S) kw. darah luhur. II (S) kw. ak: panêpèn, sanggar palanggatan.
wijang :
I 1 (ut. [x]-[x]) kn. katon pilah-pilah; 2 kw. sarwa turut sarta apik tmr. bau; 3 kw. bau; di-[x]([x]): dipilah-pilah, diprinci-princi; [x]-an: perangan, pêprincèn. II di-[x] êngg. kn: diwulang; kc. wêjang.
wijèn :
kn. ar. têtuwuhan sing wijine digawe lênga lsp; kc. wiji.
wiji :
kn. 1 isining woh kang calon dadi wit; 2 winih, bibit, uritan; 3 br. turun; 4 êngg. dhadhakan, sing dadi jalaran; nandur [x] kèli pr: ngopèni turune wong

--- 663 ---

wijik ~ wilis.

luhur; diwijèni: 1 didokoki wiji; 2 (ut. diwijèkake) diturunake; kc. sawiji.
wijik :
ki. wisuh.
wijil :
I 1 êngg. kn. wiji; 2 kw. turun; [x]-ing amaratapa: turune wong tapa; [x]-ing andanawarih: turuning satriya (wong luhur). II kw: regol, gapura, lawang. III kw: wêtu; mijil: mêtu.
wijuk :
êngg. kn. wisuh.
wijung :
êngg. kn. cèlèng gêdhe.
wijowan palowanu :
kw. dhampar.
widhala :
(S) kw. kucing.
widhe :
I kn. 1 iratan pring dirèntèngi ditata kaya gribig dianggo ngurung iwak lsp; 2 êngg. gribig, kêre. II midhe kn: tuku iwak daging akèh (arêp kanggo duwe gawe); widhèn: iwak daging tukon (ora mbêlèh dhewe).
widhêng :
kn. 1 bngs. yuyu; 2 (mata [x]) lunglungan rêrêngganing wrangka.
widhig :
kn. nam-naman blarak saèm. blêkêtepe.
widhung :
êngg. kn. kidhung.
widhungan :
kn. anaking kewan sing isih ana ing wêtêngan.
wigar :
I kn. 1 ilang dayane, ngabar, kalah; 2 jugar, ora dadi; 3 nggègrègi sarta alum; kc. gagar. II kw: bigar, bungah.
wigati :
n. wigatos k. 1 pêrlu bangêt, kanthi têmênan; 2 têgês, surasa.
wigêna, wigna :
(S) kw. 1 alangan, rêribêd; 2 susah, sêdhih; 3 lara gandrung.
wigih :
(ut. [x]-[x]) kn. 1 rada rikuh, jiguh; 2 ora pati rahab.
wignya :
(S) kw. pintêr, wasis.
wignyan :
kn. ar. sandhangan ing aksara Jawa (...).
wignyana :
(S) kw. kapintêran.
wiguh :
kn. ak. wigih.
wiguna :
I (S) kw. 1 ak. tanpa kautaman, nistha, bodho; 2 pintêr, wasis.
wigraha :
(S) kw. ak. congkrah, pêrang; di-[x]: dipidana, disiksa.
wihaga :
(S) k.ak. manuk.
wihaya :
(S) kw. ak. awang-awang, langit.
wihantên :
kw. (k) wihara.
wihang :
kw. mopo, lênggana, êmoh; kc. wiyang.
wihanggama :
(S) kw. ak. manuk.
wihara :
(S) kw. patapan, pasraman.
wihikan :
kw. ak. wêruh; kc. wikan.
wiya :
kn. ak. weya.
wiyadi :
(S) kw. susah, prihatin.
wiyaèn :
kn. ora manutan, kakehan santolan.
wiyaga :
êngg. kn. niyaga.
(wiyagah) :
di-[x] kn. ditindakake (ditêgêsi lsp) mung kalawan tekadan bae; ora [x] êngg: ora bakal bisa.
wiyagon :
kw. anyaran.
wiyagra :
kw. macan.
wiyah :
kn. lumrah, sêmbarangan, sadhengah; [x]-e: lumrahe; kc. sawiyah.
(wiyak) :
di-[x] kn. 1 dibukak sarana disisihake ngiwa nêngên; 2 diwêdharake tmr. wadi; kc. biyak.
wiyana :
kn. ak. panggah.
wiyang :
1 êngg. kn. lunga; 2 kw. mopo, lênggana, êmoh; kc. miyang, tar-wiyang, wihang.
wiyangga :
(S) kw. kodhok.
wiyar :
k. 1 amba; 2 êngg. jêmbar.
wiyara :
kw. patapan, pasraman.
wiyat :
(S) kw. awang-awang, langit.
wiyata :
I kw. piwulang; pawiyatan: pamulangan. II miyatani kn. kêna diêndêlake, ora bakal kalah.
wiyati :
kw. awang-awang, langit.
wiyoga :
kw. sêdhih.
wiyos :
I ki. wêtu; [x]-e (-ipun k): kanggo bêbuka wiwit ngandhakake surasaning layang. II êngg. k: 1 wiji; 2 lawang, regol (wijil); 3 wang (10 dhuwit); 4 seje.
(wik) :
di-[x]-[x] pc. diuwik-uwik.
wikan :
1 kw. wêruh; 2 êngg. (tan [x]-a) ora wêruh, êmbuh.
wikana :
êngg. êmbuh.
wikara :
(S) kw. 1 owah (kaanane); 2 lara; 3 nêpsu, muring; tan [x]: ora owah, panggah; wikarane êngg: kang dadi jalarane; di-[x]: dipilara.
wiki :
kn. kikrik (ora gampangan).
wiku :
kw. pandhita tapa.
wikrama :
I (S) kw. 1 jangkah; 2 kêkêndêlan. II diwikramakake br: diomah-omahake; kc. pikrama, krama.
wikridita :
(S) kw. ak. dolanan, sênêng-sênêng.
wil :
kw. buta.
wila :
I kw. maja. II (S) kw. ak: bolongan, lèng, guwa; cs. 9.
wilada :
kn. ar. têtuwuhan.
wiladab :
(A) kn. (adus [x]) adus sêsuci sabakdane duwe anak (lêt 40 dina).
wilah :
kn. 1 sêbitan pring; 2 (ut. [x]-an) wêsining kêris lsp; 3 (ut. [x]-an) wijanganing gèntèr (saron, gambang) sing ditabuh; di-[x]: dilolos wilahane tmr. kêris (dicolong).
wilayat :
(A) kn. 1 tlatah wêwêngkoning wali (sing pinarentah ing priyagung); 2 pangkat luhur.
wilalat :
br. walat.
(wilang) :
I di-[x] n. dipunwical k. êngg: 1 dietung; 2 digolongake, diewokake; [x]-an: 1 petungan; 2 cacah. II êngg. k. wulang.
wilangun, wilangon :
kw. (kê-) sêngsêm; milangoni: nêngsêmake.
wilapa :
(S) kw. 1 (kidung) pasambat; 2 layang, kêkidungan.
wilasa :
(S) kw. 1 ngenggar-enggar, dolanan; 2 (sih-[x]) sih kawêlasan.
wilasita :
(S) kw. ak. ngenggar-enggar, dolanan.
Wilatikta :
kw. Majapait.
wilêt :
I kn. wasis ubêd (tmr. pêpadon), rame nyênêngake (tmr. paomongan); milêt: nggubêd, nggulêt, mulêt; ma-[x]-an kw: pêpulêtan, gêgubêdan.. II kn: 1 sarwa laras (tmr. gêndhing); 2 wirama antaraning thuthukane panabuh.
wilis :
I kn. ijo tuwa.

--- 664 ---

wilisan ~ wiraos.

II êngg. k: wilang; [x]-an êngg: wilangan.
wilisan :
kw. bngs. tandhu.
wilujêng :
k. slamêt.
wiluma, wiloma :
(S) kw. kliru, jugar.
wilut :
I kn. (idu [x]) iduning dhukun sing disêmburake dianggo nênambani. II di-[x] kn: 1 dipuntir; 2 disindhêt, dikala.
wil-wa :
kn. (dijawil digawa) ar. setanan ing padhalangan.
Wilma :
(S) kw. maja.
Wilwatikta :
kw. Majapait.
wimala :
(S) kw. tanpa rêrêgêd, rêsik, suci.
wimana :
(S) kw. kreta, tunggangan.
wimardana :
(S) kw. ak. pêrang.
wimba :
I kw. wêtu; [x] ning lèk: wêtuning rêmbulan (sasi). II kw: 1 pêpêthan, rêca; 2 èmpêr, kaya; mimba: mèmpêr; di-[x]: dipêtha, dièmpêr, diwangun; kc. emba.
wimbasara :
kn. palaku (kongkonan), pulisi.
wimbuh :
I kw. wuwuh, imbuh. II kw: kuwur, pêtêng atine.
wimudha :
(S) kw. ak. bodho, gêndhêng.
wimurca, wimurcita :
(S) kw. ak. sumaput, ora eling.
wimoha :
(S) kw. ak. bingung, kuwur atine.
wimohita :
(S) kw. ak. kc. wimoha.
winadi :
n. winados k. dikêkêr, dianggo wadi; kc. wadi.
winantu :
kw. binarêngan ing; kc. wantu.
winarah :
kn. dikandhani, diwarah; kc. warah.
winardi :
kw. ditêrangake, ditêgêsi; kc. wardi, wêrdi.
winarna :
kw. dicritakake, dikocapake; kc. warna.
winasa :
I kw. dipêksa; kc. wasa. II (S) kw. ak: rusak, ilang, sirna.
winasis :
kn. (wong) wasis.
winastha :
(S) kw. ak. rusak, sirna.
windasa :
kw. rusak, lêbur.
windu :
I kn. lambe (tembok) ing sumur; di-[x], diwidoni:[3] ditrapi windu. II kn. petunganing wêktu sing lawase 8 taun (jênênging taun mau: Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu, Jimakir); diwindoni: dislamêti ing nalikane umure ganêp sawindu (8 taun); windon: 1 ênggone ngetung nganggo windu; 2 pirang-pirang windu; 3 slamêtan mbênêri umur sawindu. III kw. ak: titik, cêcêk; cs. 0.
winèh :
I êngg. pc. winih. II br: diwènèhi, diwèhi, didokoki; kc. wèh.
winênang :
br. diwênangake, dikuwasakake; kc. wênang.
wini-biting :
kn. ar. tamba mata.
winidada :
kw. dilulusake, dilêstarèkake, dilêksanani; kc. widada.
winih :
kn. 1 wiji pari; 2 bibit; 3 êngg. kewan sing dipurih nurunake; 4 dhadhakan jalaraning pêpadon lsp.
winisudha :
kw. dijunjung pangkate; kc. wisudha.
winituwa :
êngg. pinituwa.
winicara :
kw. digunêm, dirêmbug; kc. wicara.
winursita :
kw. dicritakake, kocap; kc. warsita, wursita.
winong :
I kn. ar. wit. II kw: diêmong, dijangkung; kc. winongwong.
winor :
br. diêwor, dicampur; kc. wor.
winot :
kw. diêmot; kc. wot.
wintang :
kw. lintang.
wintêr :
kn. wèntêr.
(winga) :
ma-[x]-[x] kw. abang mêngangah (marga nêpsu).
wingi :
kn. 1 dina sing mêntas kêpungkur; 2 (ut. [x]-uni) êngg. pc. biyèn; wingine: dina sing wis kêpungkur; wingènane: dhèk êmbèn.
wingit :
kn. 1 angkêr, wêrit tmr. panggonan; 2 tajêm mawa prabawa tmr. praèn; 3 kw. sêdhih, susah.
wingka :
kn. pêcahan grabah; gandhos [x]: ar. panganan.
wingking :
k. buri.
(wingkis) :
di-[x] 1 kw. dibukak, diwiyak; 2 kw. diwêngakake sathithik tmr. lambe; 3 êngg. kn. dicalikake, dicancutake (tmr. lêngênan); 4 êngg. dilêmpit, ditêkuk, dilangkip.
wingkisan :
êngg. ki. gusi.
wingsati :
(S) kw. ak. 20.
wingsilan :
êngg. kn. pringsilan.
wingwal :
ora [x] êngg. ora gèsèh, padha.
wingwang :
kn. gèsèh, beda; ora [x]: 1 padha; 2 trêp, cocog.
wingwing :
kn. cilik aramping, ringkih (tmr. pawakan).
wingwrin :
kw. miris, wêdi.
wipala :
(S) kw. ak. tanpa guna, rèmèh.
wipata :
(S) kw. ak. 1 luput, kliru, ala; 2 tiba.
wipati :
(S) kw. ak. cilaka.
wipula :
(SI kw. ak. akèh bangêt, amba, jêmbar.
wipra :
(S) kw. pandhita.
wira :
(S) kw. 1 wong lanang, prajurit; 2 kêndêl.
wiradat :
(S) kn. karêp; di-[x]-i: disranani.
wiraga :
kn. solah-bawa sing nêngsêmake (digawe-gawe).
wirage, wiragya :
kw. sêdhih, kêsêngsêm, gandrung.
wiraha :
(S) kw. ak. pisah, pêgat.
wirasha :
kw. kaol, dêdongengan.
wiralalita :
kw. ar. têmbang gêdhe.
wirama :
(S) kn. 1 ukuran kêndho kêngcênging panabuhing gamêlan (gêndhing); 2 andhêging napasan ing têmbang maca-pat; 3 panganggoning unggah-ungguhing basa; 4 gilir-gumantining swara (pratingkah) sing mawa laras.
wirandhungan :
kw. 1 alon; 2 mandhêg tumolih.
wirang :
kn. isin kang kawêruhan ing akèh; diwêwirang, di-[x]-ake: digawe wirang; kê-[x]-an: nandhang wirang.
wirangrong :
1 kw. sêdhih marga kêsêngsêm; 2 kn. ar. têmbang têngahan.
wiraos :
k. wirasa.

--- 665 ---

wirasa ~ witir.

wirasa :
n. wiraos k. 1 surasa, têgês (karêp) ing layang lsp; 2 gunêm, wêtuning pangrasa; mirasa: enak bangêt; di-[x]: 1 disurasa, digolèki têgêse (karêpe); 2 dirêmbug, digunêm.
wirasat :
kn. titikaning wêwatakan sarana ndêlêng wujuding praèn lsp; kc. firasat, pirasat.
wiratara :
(S) kw. ak. kêndêl bangêt.
wirati :
(S) kw. ak. 1 lèrèn, ngaso; 2 sêsirik, pasa.
wira-wiri :
kn. mlaku bola-bali.
wire :
kn. cilik sarta apik tmr. pawakan.
wirèng :
(ut. [x]-an) kn. jogèd wayang wong entra-entraning pêrang tandhing.
wirid :
kn. wêjangan; di-[x]: diwêjang; kc. warid.
wiring :
I têpis [x] kn. watêsing nêgara. II [x] galih kn: ulês abang sikile irêng tmr. jago (pitik); [x] kuning: jago sing sikile kuning.
wirya :
(S) kw. 1 kêndêl, kuwasa; 2 mulya, luhur (tmr. trah).
wiryawan :
(S) kw. kêndêl, kuwasa, mulya; kc. wirya.
wiru :
I di-[x] kn. dilêmpit têtumpukan tmr. jarit, ikêt lsp; wiron: lêmpitan têtumpukan tmr. jarit, ikêt lsp. II êngg. k: klobot.
wiruda :
(S) kw. 1 congkrah; 2 nêpsu bangêt; miruda: bangga banjur oncat (minggat).
wiruh :
êngg. pc. wêruh.
wirun :
kw. ak. panêngah.
wiroda, wirodra :
kw. nêpsu bangêt; kc. wiruda.
wirog :
kn. ar. tikus (gêdhe).
wiron :
kn. lêmpitan têtumpukan; kc. wiru.
(wirong) :
mirong. 1 kw. sêdhih, susah; 2 (ut. mirong-mirong) kn. klepat lunga marga isin (ora sênêng); mirong kampuh jingga pr: sumêdya mbalela.
wirota :
kw. nêpsu bangêt, ambêk siya bangêt.
wirotama :
(S) kw. (wira utama) kêndêl bangêt.
wis :
n. sampun k. 1 rampung (kêpungkur) ênggone tumindak (nglakoni, nindakake); 2 tau nglakoni (nindakake); 3 êntèk, tamat, têkan ing pungkasan; durung [x]: durung rampung (êntèk); sing (kang) [x]: sing kapungkur, sing dhisik; sing [x]-[x]: sing biyèn, sing wis kapungkur; ora [x]-[x]: ora rampung-rampung, ora lèrèn-lèrèn; wis ora: 1 (-yèn) ora babar pisan; 2 mari (lèrèn) ênggone; di-[x]-i: 1 dilèrèni, dirampungi; 2 dipatèni; kc. wisan, uwis.
wisa :
kn. 1 upasing ula lsp; 2 apa-apa kang njalari ora bêcik; diwisani: diupasi, diracun.
wisada :
kw. tamba, jamu; kc. usada.
wisaya :
(S) 1 kw. pirantining pancadriya, piranti, karêp; 2 kn. piranti kang dianggo maeka (kala, pasangan lsp); di-[x]: dipasangi, dipaeka; misaya iwak: golèk iwak (loh).
wisala :
(S) kw. ak. jêmbar, amba.
wisama :
(S) kw. ak. pakewuh.
wisan :
êngg. pc. wis.
wisan gawe :
n. wisan damêl k. wayah esuk ± jam 11.
wisana :
I êngg. kn. wasana, wusana. II (S) kw. ak: cula, sungu.
wisangsaya :
(S) kw. ak. tanpa rêringa (kuwatir).
wisapaha :
(S) kw. ak. panawaring wisa.
wisarja :
(S) kw. ak. nggusah, nundhung.
wisarga :
(S) kw. lèrèn, mandhêg, pungkasan; 2 kn. ak. sandhangan wignyan.
wisata :
I (S) kw. lunga, lêlungan. II (S) kw. ak: têntrêm. mantêp.
wisatakandhêh :
kn. ar. têmbang gêdhe.
wiseka :
kw. ak. jênêng, jêjuluk; kc. biseka.
wisesa :
(S) kn. 1 kuwasa luhur, kang nguwasani, kang duwe wêwênang linuwih; 2 wasesa (andharaning jêjêr ing paramasastra); di-[x]: 1 dikuwasani, diwêngkoni; 2 dipêksa, dikaniaya.
wisêl :
(W) kn. 1 kiriman dhuwit ing pos; 2 lembataning ril sêpur; di-[x]-ake: dikirimake mêtu ing pos tmr. dhuwit.
wisik :
ut. [x]-an kn. pituduh, (wêwarah) gaib; di-[x]: 1 diwarah, olèh wisik; 2 ak. diingu wiwit cilik; 3 disanggama; [x]-an:1 angin ing wayah bêngi; 2 jênêng; kc. bisik.
wisya, wiswa :
br. wisa.
wiskira :
(S) kw. ak. bèbèk.
wisma :
(S) kw. omah.
wismaya :
(S) kw. ak. gumun, ngungun.
wismrêti :
(S) kw. ak. kali.
wisudha :
(S) kw. rêsik, murni; di-[x]: diunggahake pangkate, dijunjung ing aluhur.
wisuh :
kn. wijik ki: rêrêsik tangan ut. sikil (nganggo banyu); di-[x]-i: dirêsiki tangan ut. sikile; (pa) [x]-an kn. (pa)-wijikan ki: 1 banyu kang dianggo wisuh; 2 bokor dianggo wisuh (tangan).
wisuna :
kw. ak. para-wadulan; gawe [x]: agawe ora kapenaking ati (kasusahan, kacilakan lsp).
wistara :
kw. ak. andharan, crita; diwistarakake: diandharake, dicritakake; ka-[x]: 1 kacaritakake; 2 kacêtha, katon saka.
wisthi :
(S) kw. ak. pagawean; 2 pakewuh, kangelan.
wit :
kn. 1 lajêr, pokoking têtuwuhan; 2 têtuwuhan sing mawa kayu; 3 asal, mula-buka; 4 kang njalari; 5 br. sabab, jalaran; witne, witning: jalaran, sarèhne; wite êngg. pc: 1 luwih-luwih; 2 lah kapriye manèh; kc. awit, wiwit, kawit.
witadesa :
(S) kw. ak. ninggal padunungan, alihan ênggon.
witana :
(S) kw. bale (palungguhan) kang pinajang-pajang.
witaradya :
kw. 1 alihan nêgara; 2 kang pinunjul (linuwih); trahing [x]: darah luhur, turune wong pinunjul.
witaraga :
(S) kw. ak. luwar saka kasêngsêman, rêsik, suci.
witikna, witikne :
pc. 1 luwih manèh; 2 lah kapriye manèh ?
witir :
salat [x] kn. sêmbahyang mirunggan bakda ngisa.

--- 666 ---

witne ~ wudun.

witne, witning :
1 br. sarèhne, jalarane; 2 êngg. pc. witikna, witikne.
wicaksana :
(S) kn. 1 awas, waskitha; 2 bisa nganggo budine kalawan bênêr; Ingkang Wicaksana: sêsêbutane Gupêrnur Jendral.
wicaksuh :
(S) kw. wicaksana.
wical :
1 k. wilang; 2 êngg.k. wulang.
wicantên :
k. 1 catur, clathu.
wicara :
(S) kn. 1 gunêm, ujar; 2 pangrêmbug; ahli [x]: pintêr gunêman (rêrêmbugan); micara: pintêr gunêman; di-[x]: digunêm, dirêmbug.
wicarita :
kw. pintêr ndongèng.
wicikitsa :
(S) kw. ak. mamang, tidha-tidha.
wicitra :
(S) kw. 1 endah bangêt; 2 ak. warna-warna.
withangka :
(S) kw. ak. gupon.
wiwaha :
(S) kw. 1 pikrama, dhaup; 2 bawahan (pista) katêmuning pangantèn; di-[x]: 1 didhaupake, ditêmokake kalawan pista gêdhe.
wiwaksa, wiwaksita :
(S) kw. ak. gunêm, ujar, clathu.
wiwal :
kn. uwal, pisah, oncat; [x] nalare: rada owah (edan); ora [x] êngg: ora wingwang, padha trêp; di-[x]: dipisah, dipêgat; pamiwal: dhuwit kanggo srana njaluk pêgat.
wiwandha :
(S) kw. ak. pêpalang, alangan, pakewuh.
wiwang :
kc. wingwang.
wiwara :
(S) kw. bolongan, lawang; cs. 9.
wiwarjita :
(S) kw. ak. uwal, oncat, muksa.
wiwarna :
(S) kw. ak. pucêt.
wiwaswan :
(S) kw. ak. srêngenge.
wiweka :
kn. pangati-ati, ngati-ati, prayitna; kc. wêweka.
wiwi :
êngg. pc. suwiwi.
wiwing :
kn. 1 dijèrèng diêgarake tmr. suwiwi, sampur lsp; 2 dijupuki saka sathithik sarta dijèmbrèng tmr. têmbako.
wiwit :
kn. 1 (ut. [x]-an) kang dhisik dhewe (pêpucuk); 2 lêkas (ngayati) tumindak; 3 saka ing, saka dhèk (nalika); di-[x]-i. dilêkasi, diayati ditindakake.
wiwuda :
(S) kw. ak. dewa.
wiwrin :
kn. kc. wingwrin.
wya :
kw. aja; kc. awya.
wyabicara :
(S) kw. ak. kliru, salah.
windhaya :
(S) kw. ak. lara, lêlara.
wyadi :
kw. kc. wiyadi.
wyaèn :
kn. wiyaèn.
(wyagah) :
di-[x] kn. diwiyagah.
wyagra :
(S) kw. macan.
wyaya :
(S) kw. ak. rusak, lêbur.
wyakarana :
(S) kw. paramasastra.
wyakin, wyakil :
(S) kw. nyata, yêkti, têrang, cêtha.
wyata :
(S) kw. ak. ula, naga.
wyalapuspa :
(S) kw. nagasari.
wyamoha :
(S) kw. ak. bingung, judhêg, sêdhih.
wyanjana :
(S) kn. aksara kang dudu aksara swara; dênta [x]: (bênêre aksara untu) urut-urutane aksara Jawa (hanacaraka); sandhangan [x]: sandhangan cakra, kêrêt lan pengkal.
wyangga :
kw. kodhok; kc. wiyangga.
wyapara :
(S) kw. ak. gawe, pagawean.
wyarta :
(S) kw. ak. 1 tanpa guna; 2 cabar, wurung.
wyasa :
(S) kw. ak. tatanan.
wyasana :
(S) kw. ak. nglakoni duraka.
wyati :
kw. kc. wiyati.
wyatita :
(S) kw. wis kêpungkur, sigêg; kc. byatita.
wyawasta :
(S) kw. ak. katêtêpan, kaanan.
wyustha :
(S) kw. ak. dina.
wlajar :
êngg. k. wluku.
wlagang :
kn. enggal gêlis gêdhe.
wlagar :
1 di-[x] êngg. kn. diobong tmr. alas; kc. lagar. II [x]-an êngg. kn: 1 ora nganggo lapak; 2 tanpa sandhangan (prabot); kc. lagar.
wlaha :
kn. ora nganggo apa-apa; kc. lahan, wêlahan.
wlahar :
kn. 1 êndhut panas saka ing gunung gêni; 2 êngg. palêmahan jêjêmbêkan; kc. lahar.
wlaka :
kn. barès; kc. blaka.
wlakang :
kn. pungkasaning pupu kang jêro; kc. lakang.
Wlanda :
n. Wlandi k. kc. Walanda.
wlandang :
êngg. kn. lêlurahing mainan.
wlanjar :
I kn. randha ênom (durung duwe anak); kc. lanjar. II êngg. kn: imbuh tmr. wong tuku; kc. lanjar.
(wlantên) :
di-[x] êngg. kn. dikumbah, dikathèl tmr. sandhangan.
wlangat :
êngg. kn. glogoring kluwat.
wlangsang :
kn. bngs. wêwadhah kang digawe godhong gêdhang lsp.
wlija :
êngg. kn. bakul.
wlikat :
kn. balung enthong-enthongan (ing buri pundhak.
wlingi :
kn. bngs. sukêt.
wlingsang :
kn. ar. kewan bngs. wrêgul.
wlira :
kn. kayu dianggo madhêtake tênunan.
wlirang :
kn. jasad kuning saka ing gunung gêni.
wludung :
êngg. k. wluku.
wluku :
kn. piranti dianggo malik lêmah awujud singkal mawa kêjèn nganggo cacadan; di-[x]: digarap nganggo wluku; diwlukokake: dianggo mluku; diwlukokake digarokake: dikon nyambut gawe abot.
wlulang :
n. wacucal k. kuliting kewan; kc. lulang.
wlulèn :
êngg. kn. tulèn.
(wlungsung) :
di-[x] kw. diwènèhi panganggo anyar; mlungsungi kn: ganti kulit; [x]-an: klothokaning kulit kewan kang mlungsungi.
wuda :
kn. lukar ki. ngliga, tanpa awêr-awêr; diwudani: diblèjèti.
wudêl :
kn. undêran ing wêtêng (tilasing usus kang gandhèng karo êmbing-êmbing); ora duwe [x] ks: ora duwe nalar.
wuduk :
kw. gajih; sêga [x] n. sêkul [x] k: sêga gurih (disantêni).
wudun :
kn. untar ki. ([x] brama, [x]

--- 667 ---

wujang ~ (wungkus).

sêmat) ar. lêlara kulit saèm. gudhig nanging atos ngêmu nanah sarta ana matane; [x]-ên kn. untarên ki: nandhang lara wudun.
wujang :
kn. 1 êngg. durung bêbojoan (jaka, prawan); 1 kw. wong kang digadhe (dianggo cêkêlan utang); kc. bujang.
wujil :
kw. cebol, bajang.
wujud :
(A) kn. 1 blêgêring kaanan; 2 mawa blêgêr (kêna digrayang ut. didêlêng); 3 wangun ut. rupa kang katon; 4 arupa; di-[x]-i: 1 dianani, dikatonake wujude; 2 disauri nganggo barang dandanan lsp; di-[x]-ake: dianakake têmênan, dirupakake; wêwujudan: rêrupan.
(wujuk) :
di-[x] kw. dibujuk.
wudhar :
kn. udhar.
wudhu :
I êngg. kn. 1 ora ana sing nandhingi (ngancani, nglawan lsp); 2 sêbêl ênggone dêdagangan lsp; 3 ora payu tmr. barang dagangan; wudhon: apa-apa sing wis wudhu. II kn: 1 dhuwit kang dianggo totohan; 2 masang (ngajoni) toh; 3 urun, urunan; urun [x] pr: mèlu rêrêmbugan; diwudhoni: 1 dipasangi (diajoni) ing wudhu (toh); 2 diuruni; 3 diuruni rêmbug lsp; wudhon: nganggo wudhu, totohan; loro sawudhon, têlu saurupan pr: (loro ut. têlu mung ditandhingi siji) wong sing tanpa aji.
wugu :
kn. ar. wuku kang kaping 26.
wuh :
pc. uwuh.
wuhaya :
kw. baya.
wuye :
kn. ar. wuku kang kaping 22.
wuyung :
kw. 1 muring, nêpsu; 2 sêdhih, kêsêngsêm.
wuk :
I kn. wurung, ora dadi, jugar; kc. uwuk. II kw. bosok; êndhog [x] ([x]-an): êndhog sing wis diêngrêmi nanging ora dadi (kang lumrah mambu bangêr). III linggane têmbung amuk.
wukir :
1 kw. gunung; 2 kn. ar. wuku kang katêlu.
wuku :
I kn. 1 klênthêng isining kapas; 2 glintiran, pringkilan. II êngg. kn: ros-rosaning pring ut. pênjalin. III kn: wêktu lawase 7 dina (kèhe ana 30); pawukon: petungan bab wuku apadene katêrangan ngangsare tmr. marang bêgja cilakane wong (wêwatakane lsp).
wukon :
kn. ukon (satêngah rupiyah); kc. wuku.
wul :
êngg. pc. wudhu, imbuh; kc. wuwul.
wulakan :
kw. ak. pancuran, grojogan.
wulan :
1 êngg. rêmbulan; 2 êngg. k. rêmbulan; 3 k. sasi; 4 êngg. k. tanggal.
wulanjar :
kn. warandha ênom durung duwe anak.
wulang :
kn. (ut. piwulang) wuruk, pitutur; di-[x]-(i): diajar, dituturi, diwuruki; pamulangan: sêkolahan.
wulangun :
kw. kangên bangêt, sêdhih, kêsêngsêm.
(wulat) :
mulat 1 kw. ndêlêng, nyawang; 2 kn. tansah namatake (ngati-ati); kc. ulat.
wulèn :
kn. dhompolaning pari sagagang; kc. wuli.
wulêd :
kn. ora gampang pêdhot (suwèk); [x] kulite: ora pasah ing gêgaman; [x] umure: takad, ora mati-mati; ngadu [x]-ing kulit, atosing balung: adu kadigdayan.
wuli :
kn. (sa-[x]) sadhompolan pari sagagange.
wulinga :
kw. berag.
wulya :
kw. ak. waluya.
wulu :
I kn. 1 rambuting kewan ut. manungsa kang thukul ing awak; 2 êlar sing nasabi awaking kewan iwèn. II kn: ar. sandhangan ing aksara Jawa (...); [x] dirga (mêlik): (...). III (A) kn: raup lan wisuh ngarêpake salat; diwuloni: disucèni sacarane wong wulu tmr. mayit.
wuluh :
kn. 1 (pring [x]) ar. pring kang cilik-cilik; 2 lup bêdhil lsp; 3 (ut. [x]-an) êngg. pipa wêsi, sêmprong diyan; bêras [x]: bêras rupane sêmu abang (durung rêsik ênggone nutu); blimbing [x]: blimbing cilik-cilik; lintang [x]: ar. lintang; terong [x]: terong wungu; di-[x]: digosok nganggo pring wuluh.
wulu kalong :
(-langsêb) kn. wuluning awak kang lêmbut sarta lêmês.
wulung :
I êngg. kn. irêng sêmu biru; ikêt [x]: ikêt irêng byur; pring [x]: pring irêng. II kn: ar. manuk bngs. bidho, ulêse irêng.
wulu-pamêtu :
(-wêtu) n. wulu pamêdal, (-wêdal) k. wowohan lsp. pamêtuning palêmahan.
wulu puhun :
kn. wulu ing jêmpol sikil.
wulusan :
kw. ilining banyu.
wulu setan :
kn. wulu sing mêncil (thukule nylênèh).
wulon :
kn. (nganggo) sandhangan wulu.
wun :
êngg. kn. wurung.
wuni :
kn. ar. wit wohe bundêr cilik-cilik rasane kêcut.
wuninga :
êngg. wêruh; kc. uninga.
wunu :
kn. kècèran pari ut. gabah ing sawah.
(wunuh) :
di-[x] kw. dipatèni.
wunut :
kn. ar. wit.
wuntat :
kw. buri, wuri.
wuntêl :
kw. buntêl, untêl; wêwuntêlan: untêl-untêlan.
wuntu :
kw. buntu; taun [x] kn: taun sing umure luwih sadina tinimbang taun lumrah (wastu).
wunwunan :
kw. 1 êmbun-êmbunan; 2 pucuk, puncak.
wungkal :
kn. watu padhas sing atos dianggo pangasahan; kc. ungkal.
wungkuk :
kn. bêngkuk mlêngkung tmr. gêgêr ut. timun.
wungkul :
kn. 1 isih wutuh (durung digosok tmr. intên, durung digarap); 2 ora sigar, ora bêlah tmr. tracak, wiji lsp; 3 êngg. pasaja, barès, wantah.
(wungkus) :
di-[x] kn. dibuntêl ing

--- 668 ---

wungli ~ wohan.

godhong sarta disindiki biting; [x]-an: ênggone (olèh-olèhane) mungkus, apa-apa kang diwungkus; kc. bungkus.
wungli :
kn. ar. wit.
wunglon :
kw. rambutan.
wungu :
I kn. warna abang campur biru. II ki: tangi; 2 mêlèk; di-[x] ki: digugah; wungon ki: lèk-lèkan.
wungsu :
kw. wuragil.
wungwang :
kn. (bumbung [x]) bumbung sisihe karo pisan bolong.
wungwung :
êngg. kn. wuwung.
wur :
I kn. bubukan klêmbak lsp. dianggo nyampuri rokok; kc. uwur, wuwur. II kw: abur, ibêr.
wuragil :
kn. anak kang ênom dhewe.
(wurah) :
(a-, ma-) [x]-an kw. umyung arame.
wurandhungan :
kw. wirandhungan.
wurda, wurda[4] :
kn. satus èwu yuta.
wuri :
kw. buri; ing [x]-[x] kw: ing têmbe; ka-[x]: kêpungkur; diwêwuri, di-[x]-[x] kw: dilêluri.
wurik :
êngg. kn. blirik tmr. ulêsing pitik.
wuryan :
I kw. wêtu, pancungul (katone); di-[x]-i: 1 ditonton; 2 diwiwiti, didandani, ditata; kawuryan; katon. II [x]-ing kikir kw: tilasing kikir (gêgaman); kawuryan: kêpungkur, kèri, kêkèrèn; kc. wuri.
wuru :
ki. mêndêm; wong [x] dawa kn: wong kang dhêmên mêndêm; diwuroni ki: diêndêmi.
wuru gêtih :
br. ngamuk ora eling apa-apa (ing paprangan).
wuruh :
êngg. kn. umpluk; muruh: mumpluk; kc. uruh.
wuruk :
I kn. 1 tukang nglakokake kreta ut. grobag; 2 kw. kreta. II kw: pêdhèt. III kn: piwulang, pitutur; di-[x](i): diwulang, dituturi; [x]-an: 1 wulangan; 2 êngg. pc. tlèdhèk blajaran; 3 êngg. pc. kalakuan (kamanuhan) ala. IV [x] sudi gawe kn: agawe gègèr.
wuruk-wuruk :
kn. walak-walak.
wurukung :
kn. ar. dina paringkêlan kang kapitu.
wurung :
n. sande k. ora sida, ora dadi; ora [x]: mêsthi bakal ...; [x] abahan (-dandanan, -wong) pc: ora dadi apa-apa, ora kalêksanan kang sinêdya; di-[x]-ake: 1 ora didadèkake (disidakake); 2 dicêlêd, dijugarake.
wurus :
kn. ak. urus.
wuruwuru :
kw. dara alasan (dêruk lsp).
wursita, wurcita :
kw. gunêm, crita, rasa-pangrasa; di-[x]: digunêm, dikandhakake; diwursitani: dikandhani, diwulang.
wurwur :
kn. ar. têtuwuhan ing sêgara; kc. uwur.
wus :
kc. wis.
wusana :
kn. wasana.
wusantên :
êngg. k. wusana.
wusdene :
n. wusdèntên k. karo manèh, luwih-luwih.
wusu :
kn. 1 piranti dianggo ngrêsiki kapuk wujude saèm. gêndhewa; 2 êngg. wungkuk sarta bucu, tmr. gêgêr; diwusoni: dirêsiki nganggo wusu.
wut :
pc. sabawa nelakake kagèt lsp.
wuta :
kn. picak.
wutah :
kn. mawut (nuntak) saka ing wadhah, mili anjog ing (tmr. kali); mutah: 1 ngêtokake kuwaya lsp. saka ing cangkêm; 2 luntur tmr. warna; di-[x]-ake: 1 disokake saka ing wadhah; 2 diwêtokake saka ing cangkêm; [x]-[x]-an: apa-apa kang diwutahake saka ing cangkêm; kc. utah.
wutuh :
n. wêtah k. 1 ora owah kaanane, ora kalong (suda, gêmpil lsp); 2 dudu pêcahan tmr. cacah; 3 (dhuwit [x]) dhuwit slaka ut. kêrtas; di-[x]-ake: digawe wutuh, ora diowah-owah (diêlongi lsp); [x]-an: apa-apa sing isih wutuh.
wutuh-ayam :
kn. ora owah (tatu lsp) babar pisan.
wutun :
êngg. kn. 1 pasaja; 2 utama, wêkêl; kc. yutun.
wuwa :
kn. wilangan pari ana ½ amêt ( 12½ gèdhèng); kc. wa.
wuwu :
I kn. ar. piranti dianggo misaya iwak bngs. icir. II (ut. [x]-rawa) kn: ar. manuk bngs. alap-alap.
wuwuh :
n. wêwah k. mundhak, tambah; [x]-[x] êngg: 1 tansah wuwuh; 2 luwih-luwih; di-[x]-i: ditambahi, diundhaki, diimbuhi.
wuwul :
êngg. pc. 1 toh, wudhu; 2 urunan.
wuwung :
kn. 1 (ut. [x]-an) gêndhèng (atêp lsp) sing ditrap ing têmpukaning payon kang dhuwur (sadurunge molo); 2 (adus [x]) adus êndhase digêbyur (disiram); 2 ak. dithuthuki (dijotosi) êndhase; 3 (ut. di-[x]-i) disiram banyu êndhase.
wuwur :
êngg. kn. uwur, wur.
wuwus :
kw. clathu, ujar; muwus: clathu, gunêman; di-[x]: digunêm, dicritakake.
wo :
pc. sabawa nelakake gêla, kagol, cuwa lsp.
wod :
1 kw. oyod; 2 kn. asaling têmbung (ing paramasastra); 3 kn. (nggolèki) cacah kang dirambangake (ing ngèlmu etung); [x]-ing ati pr: kang bangêt ditrêsnani.
(wodha) :
amodha (S) kw. ak. nuturi.
(wodhana) :
amodhana (S) kw. ak. nggugah, nênangi, ngaruh-aruhi.
wogan :
1 kn. ulêr lêmah; 2 ar. dina padangon kang kaping nêm.
woh :
kn. 1 pêntil kang wis tuwa; 2 pikolèh (pituwas); 3 kulit sing mbêndhol (nggligir) tilas mêmala; udan [x]: udan kaworan ès; nyawat abalang [x]-e pr: mialani ing liyan alantaran sanak sêdulure; suwe mijêt [x]-ing ranti pr: sadhela (gampang) bangêt; awoh: mêtu wohe.
wohan :
êngg. k. jambe; pawohan: wadhah kinang; kc. woh.

--- 669 ---

wok ~ wrêsthi.

wok :
I kn. 1 godhèg sangisoring janggut; 2 wulu ing iringaning êndhas tmr. pitik lsp; 3 suluring wringin kang pating krêmbyah. II (ut. [x]-an) kn: cluwokan ing lêmah (dianggo dolanan cirak lsp). III di-[x]-ake pc: diewokake.
wokan :
êndhog [x] êngg. pc. êndhog wukan; kc. wuk.
wol :
I mak [x] pc. mak cêmol. II (W) kn: wulu wêdhus gibas kang digawe bakal lsp. III kw. ak: cebol.
wola-wali :
kn. ak. bola-bali, kêrêp; kc. wali.
wolak-walik :
kn. ing sisih ngisor (jêro) ana ing dhuwur (jaba); kc. walik.
wolu :
kn. 8.
wondene, wondening :
k. ana dene.
wondèntên :
êngg. k. ana dene.
wontên :
k. ana.
wong :
I n. tiyang k. 1 titah kang pinaringan budi; 2 manungsa; 3 bangsa, karerehan (andhahan), up: [x] Jawa, iki [x]-e sapa; 4 wis gêdhe (dudu bocah); 5 jêr, jênèh, awit. II among kw: 1 momong; 2 ulah; kc. mong, mongmong, momong.
wong asing :
n. tiyang asing k. bangsa ngamanca.
wonga-wonga :
kw. sêla-sêlaning susu.
wong blabag :
n. tiyang blabag k. kang baku (dêdunung lsp).
wong bumi :
n. tiyang siti k. wong kang dêdunung ana ing kono.
wong lanang :
n. tiyang jalêr k. 1 wong sing lanang; 2 pc. bojo (lanang).
wong liya :
n. tiyang sanès k. 1 wong seje; 2 dudu sanak.
wong tani :
n. tiyang tani k. wong kang ulah têtanèn.
wong tuwa :
n. tiyang sêpuh k. 1 wong sing wis tuwa; 2 bapa biyung; 3 dhukun, guru ngèlmu.
wong cilik :
n. tiyang alit k. kawula, karerehan, dudu darah.
wongwa :
êngg. kn. mawa; nyaruk [x] pr: nyanak marang mungsuh.
wong wadon :
n.tiyang èstri k. 1 wong kang wadon; 2 pc.somah.
wongwang :
kn. wungwang.
wongwongan :
n. tiyang-tiyangan k: têtironing wong; 2 têtiyangan k. sêsipataning pawakan (dêdêg-piadêg lsp).
wor :
kw. campur, têtunggalan; di-[x]-(ake) kn. dicampur, ditunggalake; di-[x]-i: dicampuri, ditunggali; kc. awor, amor, wowor.
wora-wari :
kn. kambang[5] sêpatu.
worsuh :
kn. carub ora karuwan pêpilahane.
wos :
I kn. pathining surasa tmr. layang, têtêmbungan lsp. II k: bêras.
wose :
kn. (kopi, kacang lsp) sing wis dioncèki; wosèn: wis oncèkan.
wot :
I di-[x] êngg. digawa, dimomot; kc. mot, momot. II kn: pring (glugu lsp) disladhangake ing kali (kalèn) dianggo liwat; ngêwot: mlaku ing wot. III kw: awèh.
wotsari, wotsantun, wotsêkar, wotsinom :
kw. nyêmbah.
wotwotan :
kn. dolanan ngêwot; kc. wot.
(wowog) :
kê-[x]-ên kn. wêgah dening kakèhan bangêt.
wowohan :
kn. woh warna-warna; kc. woh.
(wowor) :
di-[x]-i kn. dicampuri, dicarubi; [x]-an 1 campuran, caruban; 2 têtunggalan.
wowotan :
êngg. kn. momotan; kc. wot.
wra :
kw. wrata, sumêbar, anjrah.
wradin :
k. wrata.
wragad :
kn. dhuwit kang dianggo sarana nindakake (nggêgarap) apa-apa; di-[x]-i: dikanthèni wragad.
wragang :
I êngg. kn. wlagang. II kn: tuwak.
wragil :
kn. anak kang ênom dhewe.
wrah :
kw. kc. wra.
wraha :
êngg. cèlèng.
wrayang :
kw. panah.
wraksa :
kw. ak. kayu, wit; kc. wrêksa.
wran :
kw. wong.
wrana :
kn. 1 aling-aling, slintru; 2 kw. sêsulih.
wrandha :
kn. randha.
wrangas :
kn. bngs. rayap rupane abang.
wranggana :
kw. kc. waranggana.
wrangka :
I (ut. wrangkan) kw: kunjara. II n. sarungan k: kayu urunging kêris (tumbak lsp); [x]-ning ratu: patih; diwrangkani: 1 ditrapi wrangka; 2 disratèni, diêmong satindak-tanduke; diwrangkakake: dilêbokake ing wrangka.
wrasan :
êngg. (durung [x]) durung ngalami (nyoba).
wrat :
kw. abot, bobot; awrat k: abot; dipun-[x] k: 1 diêmot, dimomot; 2 diêmot (ing layang lsp).
wrata :
n. wradin k. 1 ora mêndhak mêndhukul; 2 rampak, kabèh padha, kabèh kêpanduman; 3 êngg. sumêbar, sumrambah; kc. rata.
wratsangka, wratsari :
kw. kêmbang cêpaka.
wre :
kw. kêthèk.
wrêda, wrêdha :
(S) kw. tuwa.
wrêdaya :
kw. ati.
wrêdi :
I (S) kw. tulus, ndadi, mundhak-mundhak; kc. wêrdi, wêrdèn. II kn: têgês, makna; kc. wardi, wêrdi.
wrêdu :
kw. alus, sarèh, lêmês; kc. wêrdu.
wrêjit :
kw. cacing.
wrêgu :
kn. ar. têtuwuhan bngs. pênjalin (nanging ora lêmês).
wrêgul :
kn. ar. kewan bngs. wlingsang.
wrêhaspati :
(S) kw. dina Kêmis.
wrêksa :
(S) kw. kayu, wit.
wrêna :
kn. ar. kewan saèm. klabang cilik.
wrênda :
(S) kw. ak. gêgolonganing wadyabala.
wrêngêt :
kn. ak. rêngêt.
wrêngkang, wrêngkêng :
kn. puguh, ora gêlêm manut.
wrêsaba :
(S) kw. ak. sapi.
wrêsah :
kn. ar. têtuwuhan.
wrêsni :
kw. ipe, pripean.
wrêsthi :
(S) kw. udan.

--- 670 ---

wrêsthipata ~ zina.

wrêsthipata :
(S) kw. ak. udan dêrês.
wrêta :
(S) kw. 1 warta; 2 têmbang, kidung.
wrêcita :
kw. cacing.
wri, wrin :
kw. wêdi, miris; kc. wingwrin.
wrin :
kw. wêruh.
wringin :
kn. ar. wit bngs. prih; [x] kurung: wit wringin kang dipagêri mubêng ing têngahing alun-alun.
wringutên :
êngg. kn. muring bangêt.
wringsilan :
êngg. kn. pringsilan.
wruju :
êngg. kn. wragil.
wruh :
kw. wêruh.
wruhanamu :
n. sampeyan sumêrêpa k. kauningana ki. wêruha (mangêrtia yèn).
wruyung :
kn. kayu arèn; kc. ruyung.
wwad :
kw. ak. oyod; kc. wod.
wwah :
kw. woh.
wwal :
kw. ak. wong cebol.
wwalu :
kw. ak. wolu.
wwang :
kw. ak. wong.
wwantên :
kw. ak. ana; kc. wontên.
wwara :
kw. ak. ana.

 


[x] cukup satu. (kembali)
ngantêpake. (kembali)
diwindoni. (kembali)
wurdha. (kembali)
kêmbang. (kembali)