Z
- zabur :
- (A) kn. kitab suci anggitane Nabi Suleman.
- zaetun :
- (A) kn. ak. jaetun.
- zakat :
- (A) kn. ak. jakat.
- zaman :
- (A) kn. ak. jaman.
- zamrut :
- (A) kn. ak. jumêrut.
- zamzam :
- (A) kn. ak. banyu janjam.
- ziyarat :
- (A) kn. ak. mênyang ing papan suci; kc. jiyarah.
- zina :
- (A) kn. ak. jina.
--- 671 ---
INGKANG NGÊDALAKÊN J. B. WOLTERS - GRONINGEN, BATAVIA Dr. TH. PIGEAUD
JAVAANS - NEDERLANDS HANDWOORDENBOEK
Sêrat Bausastra punika panyêratipun mawi aksara Latin, urut-urutaning aksara inggih kalugokakên miturut sastra wyanjana Latin. Têmbung-têmbung ingkang atêr-atêr kenging dipun padosi ing golongan aksaranipun wiwitan atêr-atêr wau, upaminipun kacilakan kenging dipun padosi ing golongan aksara k, pamemean kapadosana ing golongan aksara p lsp. Ingkang makatên wau nggampilakên anggènipun madosi têmbung punapa kemawon ingkang kêsrambah ing sêratan utawi ing pawicantênan, botên susah madosi lingganipun rumiyin.
Kajawi punika, dhapukanipun Bausastra enggal punika wontên bedanipun kaliyan bausastra-bausastra ingkang sampun-sampun. Ingkang kawrat ing Bausastra enggal, inggih punika:
1e. têmbung ênggèn-ênggènan (dialèkt.);
2e. têmbung-têmbung ingkang asring kêsrambah wontên ing hukum adhêdhasar adat, pranatan pangrèh praja, agami lsp;
3e. têmbung-têmbung enggal ingkang sampun kalimrah kangge ing sêsrawungan umum sapunika sarta ing kalangan politiek;
4e. têmbung-têmbung "kawi".
Mênggah agêngipun sêrat Bausastra wau sami kaliyan bausastra-bausastra sanès ingkang kula wêdalakên; kandêlipun 624 kaca. Kathahing têmbungipun wontên 40.000; kajawi punika ugi wontên katêranganipun têmbung-têmbung andhahan sarta paribasan.
RÊGINIPUN NAMUNG ... F 5.--
(Manawi ngrêsakakên, kula aturi kintun postwissêl rumiyin. Wragad kangge ngintunakên botên kaetang.
NEDERLANDS - JAVAANS HANDWOORDENBOEK
sawêg dipun cap
ZAKWOORDENBOEKJE NEDERLANS-JAVAANS
JAVAANS-NEDERLANDS
sawêg dipun cap
INGKANG NGÊDALAKÊN J. B. WOLTERS - GRONINGEN, BATAVIA.