Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 29-03-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

G

ga :
I (ngga) pc mangga, sumangga. II êngg. pc: bok-mênawa uga; kc. uga. III [x] sampeyan êngg. pc: duka sampeyan (êmbuh). IV [x] ..., [x] ... êngg. pc: gèk ..., gèk ... V êngg. pc: gawa; up. ga mrene!
gabag :
kn: bngs. 1 lêlara cacar; 2 êngg. bngs. gêdhèg nanging kasar panganame; ng-[x] êngg. 1 linggih uyêk-uyêkan; 2 nglayap; [x]-ên: nandhang lara gabag.
gabah :
I kn 1 las-lasaning pari; 2 (kopi [x]) kopi sing durung dioncèki; saga [x] arang: sêga sing kaworan gabah; kaya [x] diintêri br: uyêk-uyêkan rame méga bingung lsp; [x] sinawur: ar. bathikan; di-[x]: dipakani gabah; digêgabah br: digêgasah, dipurih murih kêndêl. II gêgabah êngg. pc: kêsusu.
gabar :
êngg. kn ngabar, ilang dayane, gonyèh.
gabên :
êngg. k gadhu.
gabêng :
kn garing kapês kapês tmr. têbu lsp.
(gabêr) :
ng-[x] kn 1 nywara bêr-bêr sarana lambe; 2 ngutahake mamahan sêmu kasêmprotake; di-[x]-ake: 1 diutahake sarana nggabêr; 2 disêpèlèkake, diêmohi.
gabês :
kn ampang tanpa banyu tmr. woh lsp; ng-[x] êngg. pc: ora lèrèn-lèrèn tmr. jajan, mêmangan; [x]-an: ringkih, apêsan.
(gabig) :
ng-[x] kn ngobahake êndhas ngêgèt tmr. kêbo, sapi lsp.
gabira :
(S) kw. ak 1 jêro; 2 bungah; kc. gambira.
(gabyêg, gabyês) :
ng-[x] êngg. kn tansah ngujêg.
(gablag) :
ng-[x] êngg. ks tansah omong.
gablêg :
êngg. ks duwe.
gablug :
1 kn swaraning barang tiba, ngêbluk lsp; 2 êngg. kêthul.
gablog :
kn 1 êngg. ora laras tmr. swara; 2 ar. panganan sing digawe bêras; 3 êngg. tukang kayu ing padesan; ng-[x]: saèm. nyablèk nanging sêru lan katamakake ing gêgêr.
gabu :
kn ar. gêdhang gêdhe-gêdhe.
gabug :
kn 1 kopong tanpa isi tmr. pari; 2 ora bisa manak; [x] aose: nyata lan orane; ng-[x]-i: nusoni nanging ora mêtu banyune susu.
gabul :
kn nggêdabul, gupak rêrêgêd.
gabus :
kn 1 ar. wit sing klikane êmpuk kapês-kapês digawe tutup gêndul lsp; 2 atèn-atène wit kêtela kaspa; 3 ar. iwak sêgara; ng-[x]: 1 ngosèk lading; 2 njagohi jago tarung; 3 nyêlani nyêkêlake kêrtune wong main.
gabrès :
kn gupak upa jangan lsp. ing cangkêm ut. brêngose; ora ng-[x] êngg: ora mèli-mèlu.
gabrug :
kn pêpindhan swarane wong tiba lsp; [x]-an êngg: apa-apa mung saolèhe bae.
(gabrul) :
êngg. pc: kc. gabro.
gabrus :
kn pêpindhan swarane tumbukan tiba lsp; di-[x]: 1 ditumbuk; 2 diabuk, diawur, digabro.
gabrut :
êngg. kn klumut gupak blêthok lsp. tmr. sandhangan.
(gabro) :
ng-[x] kn ngabuk, têtuku durung ndhuwit ngaku wis ndhuwit lsp.
gada :
(S) kn 1 bindi, pênthung cêndhak; 2 dhompolan rentenganing kolang-kaling lsp; 3 (ut. gadan) êngg. tumpukan krambil sing disunduki; di-[x]: digêbug ing gada.
(gadag) :
ng-[x] kn ngambar, minging.
gada-gitik :
wêruh [x]-[x]-e kn wêruh gêlaring mungsuh; ngêndêlake [x]-[x]: ngêndêlake gagah prakosane (panguwasane).
gadan :
kc. gada 2.
gadarena :
kn pitulungan; 2 jaga-jaga samangsa pêrlu; kcx. jagarbêna.
gadug, gaduk :
kn têkan pangranggèhe.
gadul :
kn katêranganing mêndal (mêndat); gumadul: mêndal.
(gadur) :
ng-[x] kn gunêman tanpa têgês.
gadri :
(W) kn èmpèr mêtu.
(gadrug) :
[x]-[x] êngg. kn gêdhe lêmu tmr. pawakane wong wadon.
gaja :
(S) kw gajah; cs. 8.
gajah :
n. liman k 1 ar. kewan mawa tlale sarta gadhing; 2 (êmpyak [x]) êmpyak sing têngah; kupu [x]: ar. kupu sing gêdhe; lambe [x]: peranganing kêris sandhing kêmbang kacang; sêmut ngadu [x] pr: wong cilik ngadu wong gêdhe; [x] ngidak rapah pr: wong sing nrajang pêpacuhe dhewe; kodhok nguntal [x] pr: prakara sing mokal; setan nunggang [x] pr: wong sing mung golèk kêpenake dhewe; bathang [x] pr: tilasan wong mulya (luhur) sênadyan dadi asor iya isih luwih rowa tinimbang liyane; ng-[x] êlar pr: sarwa gêdhe lan sêntosa kêkarêpane; di-[x]-i êngg: pari sing mêntas diênèni banjur diuntili lan diêpe ana ing sawah.
gajah-mati :
kn ar. gêgolonganing wong sing padha dêdunung ana ing sacêdhake Kartasura (kuna-kunane tawanan).
gajah-nguli (ngoling) :
kn 1 ar. sumping; 2 ar. oncèn kêmbang.
Gajah-oya :
kw nêgara Astina.

--- 127 ---

gajapati ~ gagang.

gajapati :
(S) kw ratuning gajah.
gajendra :
(S) kw (gaja + indra) ratuning gajah.
(gajêg) :
[x]-e n elingku; [x]-[x]: 1 capêt-capêt, rada eling; 2 (ut. gojak-[x]) rangu-rangu, ora têtêp pamikire.
gajih :
I kn jasad lênga rupane putih rumakêt ing daging; ng-[x]: 1 mawa gajih tmr. daging; 2 êngg. loh; di-[x]-i: dilêngani; pa-[x]: sawah pinggir kali, yèn katiga ditanduri yèn rêndhêng dadi kali. II kn: blanja, bayar; [x]-an: 1 bayaran (kanthi diblanja ajêg); 2 mangsa nampa gajih.
gajul :
I kn 1 sêsulih ing sawêtara mangsa; 2 pangganti, slundhingan; 3 êngg. tambahan, wuwuhan; [x] pangan: pangan sing dianggo slundhingan (saliyane sêga); ng-[x]-i: nyulihi, nylundhingi; kc. jagul. II ng-[x] kn: nêndhang sing katamakake pucuking dlamakan.
gadha :
(S) kw. ak bangêt.
gadhag :
I kn 1 tampar gêdhe; 2 (lawe [x]) êngg. bolah. II ng-[x] êngg. kn: ngrusakake mbarut.
gadhah :
k duwe.
gadhang :
ut. ng-[x] êngg. kn arêp, bakal; di-[x], digêgadhang: dicalonake, diarêpake supaya ing têmbe bisa dadi ..., up. di-[x] dadi bupati; [x]-an: 1 calon, bakal; 2 wis cumawis mung kari nanduri.
gadhe :
n. gantos k (ut. ng-[x]) ngutangi dhuwit nganggo cêkêlan barang; [x] pêtêng: gadhe sing ora nganggo idining nêgara; nggadhèkake: utang dhuwit nganggo nyêkêlake barang; [x]-an: 1 barang sing digadhèkake; 2 dhuwit olèh-olèhane nggadhèkake; 3 (ut. pa-[x]-an) omah sing dianggo nggadhe.
gadhèn :
n. gantosan k 1 barang sing digadhe; 2 sugiyan digadhèkake; 3 cêkêlan ing gadhean, up. jaritku isih ana ing [x]; kc. gadhe.
gadhêh :
êngg. k duwe.
gadhêl :
I kn ar. oyod bngs. jênu; ng-[x]: ngyiyid, ngêndhal ana ing têlak (ilat). II êngg. kn: cupêt; kc. dhagêl.
gadhil :
kn siyung cèlèng.
gadhing :
kn 1 siyung gajah; 2 barang dandanan sing digawe siyung gajah mau, up. ukiran [x]; 3 ar. pring lan krambil sing kulite kuning; 4 kêmbang cêpaka ut. kanthil sing durung mêgar; 5 ki. umbêl; gumadhing: isih kuning tmr. asêm.
gadhu :
kn (sawah [x]) sawah sing ditanduri ing mangsa katiga; [x] walikan: sawah sing kêna ditanduri ing mangsa katiga lan mangsa rêndhêng; panèn [x] walikan pr: olèh kabêgjan tundha-tundha; di-[x]: ditanduri ing mangsa katiga.
gadhug :
kn 1 pêpindhan swaraning têmpuk, kêjêglug lirih lsp; 2 êngg. gacuk; ng-[x]: 1 mèlu apa-apa ora nganggo mbayar; 2 êngg. tuku apa-apa sarana diutang.
(gadhuh) :
ng-[x] kn nduwèni apa-apa saka pawèhing liyan nanging mung diwênangake nganggo bae; ng-[x]-i: mènèhi apa-apa sing digadhuhake; diparingi [x]-an ent: duwe anak.
gadhul :
kn rêrêgêding untu; ng-[x]: akèh gadhule.
gadhung :
kn 1 bngs. uwi sing mêndêmi; 2 (ut. ijo [x]) ijo ênom; 3 ar. ula lan pêlêm warnane ijo; [x] mlathi: coraking ikêt warnane ijo têngahane putih; [x] cina: ar. oyod-oyodan sok dianggo tamba; [x] crobo: ar. têtuwuhan kêna dianggo tamba; ng-[x]: 1 ngêndêmi nganggo gadhung; 2 mblibuk (malsu), main ora barès; 3 ngijo bathikan; [x]-an: 1 ora barès tmr. main; 3 tiron. apus-apusan; macan [x] ak: macan malihaning wong.
(gadho) :
ng-[x] kn mangan lawuh iwak lsp. tanpa sêga; ng-[x] ati pr: tansah gawe susahing ati; [x]-[x] kn: bngs. pêcêl.
gadhog :
kn 1 pêpindhaning swara saèm. gadhug; 2 êngg. ora têkan, pantog; 3 êngg. wagu.
gadhon :
I kn 1 ar. lawuh sing digawe iwak daging cacahan; 2 klênèngan gamêlane mung sing prêlu-prêlu bae; kc. gadho. II (sawah [x]): sawah sing tinanduran ing mangsa katiga; kc. gadhu.
gae :
pc gawe.
gaèk :
, wis [x] êngg. ks wis tuwa; ng-[x] êngg: bola-bali nêmbung njaluk.
(gaèl) :
ng-[x]-ng-[x] kn mrênahake untu arêp nglêthak, kaya patrape asu yèn mêmangan.
(gaèng) :
ng-[x] kn 1 tansah ngalup; 2 tansah nangis, tansah njêjaluk tmr. bocah.
gaerut :
kn garut (ar. têtuwuhan sing oyode lajêr kêna dipangan).
gaga :
I kn 1 palêmahan sing ditanduri pari tanpa diêlêbi banyu; 2 (pari [x]) pari sing ditandur ing palêmahan tanpa diêlêbi; ng-[x]: nandur pari ing palêmahan tanpa banyu. II kw: gagak. III [x] ..., [x] ... êngg: gèk ..., gèk ...; kc. ga, uga.
gagah :
kn 1 (ut. [x] prakosa) gêdhe dhuwur lan sêntosa tmr. pawakan; pradhah, dhadhag, sarwa kêduga, bêcik bangêt; [x] kêjibah, mingkuh kêtêmpuh pr: kêpêksa kêjibah, marga maune wis saguh; gumagah: ambêg dhadhag ngêndêlake kakuwatane; ng-[x]-[x]: tumandang kanthi gumagah, ndhadhagi; [x]-an, [x]-ên êngg: gumagah.
gagak :
kn ar. manuk wulune irêng; [x] lincak pr: ngolah-ngalih panggonan; ng-[x], ng-[x]-i: 1 ngunjuk lan mangan sajèn; 2 ndhudhuk bangke sing wis pinêndhêm.
gagal :
kn 1 mrucut, ucul; 2 cabar, wurung ora dadi; pêrang [x]: pêpêrangan ing wayang wayah sore.
gagan-gagan :
kn ar. têtuwuhan kêna dipangan.
gagana :
(S) kw awang-awang, langit.
gagang :
kn 1 gantilaning godhong; 2 garan; 3 tangananing diyan lsp: 4 ([x]-pèn)

--- 128 ---

(gagap) ~ galêr.

piranti dianggo nulis (garan pèn); ng-[x] aking: kuru bangêt.
(gagap) :
[x]-[x] kn 1 nggêgrayangi ana ing pêtêngan; 2 isih kira-kira; ng-[x], ng-[x]-i: 1 nggêgrayang ana ing pêtêngan; 2 ngira-ira prakara sing durung cêtha; pêtêng-[x] êngg: pêtêng dhêdhêt; ng-[x] tuna nggayuh luput: kabèh sing dijangka ora ana sing kalêksanan.
gagap-gugupan :
êngg. kn nggragap, sarwa gugup.
gagar :
kn wukan, wurung, ora dadi, cabar; kc. gagal.
gagaran :
êngg. kn garan, cêkêlan.
gagar-mayang :
kn janur lan kêkêmbangan katata ing dêbog dianggo uba rampening layon (yèn sing mati jaka ut. prawan), ut. dianggo uba rampe kêtêmuning pangantèn, nanging lumrahe jênênge diêlih: kêmbar-mayang.
(gagas) :
di-[x] kn diangên-angên, dipikir; [x]-an: pamikir, angên-angên.
gagat :
kw wiwit, trêp, mêntas bae; [x]-bangun ([x] esuk, [x] rina): wiwit wayah esuk (pajar); ng-[x] êngg: miwiti.
gage :
êngg. pc. age, rikat.
gagi :
êngg. k gaga.
(gaglag) :
ng-[x] êngg. ks: mangan.
gagu :
êngg. kn celad, cedhal.
(gagut) :
ng-[x] êngg. pc: mêmpêng anggone mangan.
gagrag :
I kn cara sing kêlumrah; [x] anyar: cara anyar. II ng-[x] kn: gograk, wis rusak.
(gagrak) :
I ng-[x] êngg. cakrak, brêgas. II ng-[x] êngg. kn: sêdhela-sêdhela gumuyu sênêng.
gah :
êngg. pc êmoh! kc. wêgah.
gahana :
(S) kw: jurang, papan sing angèl ambah-ambahane.
gaib :
I (A) kn samar, wadi, winadi; kawruh [x]: kawruh bab ka-Allahan; gumaib: 1 ambêk wêruh ing gaib; 2 umuk, sêngguh. II (W) kn: (g.a.i.b.) ar. punggawa pangrèh praja sing olèh diploma.
gayahan :
êngg. kn garan siwur (timba).
gayam :
kn ar. wit wohe enak dipangan; [x]-an: ar. wanguning wrangka kiwa têngên papak.
(gayar) :
ng-[x] êngg. kn nyewa buruh (kuli); kc. bayar.
(gayas) :
ng-[x] êngg. kn ngira, ngawag.
gayat :
êngg. kn antara suwe; ora [x] suwe: ora antara suwe; [x] têmên: têka suwe têmên, isih suwe.
(gayêl) :
ng-[x] êngg. pc tansah mêmangan.
(gayêm) :
ng-[x]-i kn 1 mamah mangan sing wis dielêd tmr. sapi lsp.; 2 ks. mangan; wis ng-[x]-i ks: wis tuwa pikun; [x]-an ks: karêman, panganan.
gayêng :
(ut. ng-[x]) kn 1 mubêng giliran; 2 mubêng mingêr (nglungani utang lsp).
(gayêr) :
ng-[x] kn mbanjur bae, ora lèrèng-lèrèn[1]
(gayês) :
ng-[x] êngg. pc tanpa lèrèng-lèrèn[2] anggone mêmangan.
(gayuh) :
ng-[x] kn 1 ngranggèh; 2 njangka, ngarah prakara sing luhur; ora kêna di-[x] (ginayuh): ora kêna dicandhak (dingêrtèni, dijangka); [x]-an, gêgayuhan: apa-apa sing dijangka, idham-idhaman; ng-[x]-[x] luput pr: sabarang sing dijangka ora dadi; ng-[x] ing tawang pr: njangka prakara sing mokal.
gayuk, geyuk :
êngg. kn gadug.
gayung :
kn bngs. siwur.
gayur :
êngg. kn siyung mênjangan; kc. gayor.
(gayut) :
di-[x], di-[x]-ake kn digandhèng disangkutake; isih [x]-an (gêgayutan) sanak: isih rada sêdulur; gêgayutan karo: gêgandhèngan karo, magêpokan karo.
gayol :
êngg. kn pecok, wangkil.
gayor :
I kn canthèlan gong. II kn: siyung mênjangan.
gak :
I (nggak) êngg. n ora. II di-[x] êngg. pc: 1 dikira-kira; 2 disêpèlèkake; [x]-e êngg. pc: kirane, ayake; [x]-kêduga: mung waton kêduga. III di-[x]-ake pc: digawakake.
gal :
I (nggal) êngg. pc padha; kc. tunggal. II [x] dina, nggal dina êngg: sabên dina.
gala :
kn jabung lsp. dianggo isèn-isèn amrih atos. ut. krakêt: gêgala ([x]-[x]-)ning prang: gêgêdhug (senapati)-ning prang; 3 di-[x]: 1 diisèni gala; 2 diwêlêg ing kawruh, disêntosakake sarana kasêktèn lsp.
galah :
êngg. kn gèntèr, gèntèr mawa cantholan kanggo nyodhokake prau.
galak :
kn 1 wani marang manungsa ut. doyan mangsa padha kewan; 2 landhêp tmr. plerok; 3 mbêbayani tmr. lêlara lsp; nggêgalak racak pr: nênangi kêkarêpan ala.
galak-gathung :
kn mung njagakake bok mênawa ana bêgjane.
galan :
kn apa-apa sing digala; kc. gala.
galang :
I (ut. [x]-an) êngg. kn 1 tumpukan kayu; 2 andhan-andhan (plangkringan) yèn nuju gawe omah; 3 planggrangan prau ing pêntasan; 4 rêrakitaning balungan omah sing arêp diêdêgake; di-[x]: 1 digawa mêntas tmr. prau; 2 rakit tmr. ngêdêgake omah. II ng-[x] êngg. kn: nyêkêl ut. ndhaku raja-kaya sing ucul.
galap :
I kn kliru. II ng-[x] êngg. kn: ngalap; ng-[x] nggampar: nyêngkiwing jênênging wong disalini sasênênge dhewe sing maksude ngrèmèhake. III ng-[x] êngg. kn: mbalap; [x]-an: balapan.
galap-gangsul :
kn klèra-klèru lan salah.
galar :
kn pring diplupuh dianggo lèmèk; nganti krakêt ing [x] pc: mlarat bangêt.
galat :
êngg. kn ora cocog karo watone.
gale :
êngg. pc (nika le) kae lo!
(galès) :
ng-[x] kn 1 krakêt bangêt, ora gêtas; 2 jênak bangêt, karêm bangêt; 3 manjing tmr. warna; irêng ng-[x]: irêng ngganclêng.
galêng :
kn 1 galêr-galêr (bilur) tilas disambuki lsp; 2 (ut. [x]-an) tanggul êlêt-êlêtaning kothakan sawah; sabuk [x] pr: sugih sawah; ng-[x]: nggalêr bilur-bilur.
galêr :
kn garis cêcorekan ing tangan lsp; ng-[x]: katon ana galêre.

--- 129 ---

galih ~ gamoh.

galih :
1 kn. atèn-atène kayu lumrahe warnane irêng; 2 ati; 3 ki. ati, pangrasaning ati; di-[x]: 1 ki. dipikir, dirêmbug, dikira; 2 êngg. k. dituku; pang-[x] ki: ati, pamikir; di-[x] ki: dipikir, dirêmbug; jamu [x]-an: ar. jamune wong wadon.
galiyung :
(W) kn (galyun) ar. prau.
(galik ) :
[x]-[x] kn swara cilik larase kaprungu saka kadohan.
galing :
kn: ar. têtuwuhan rambat; sawung [x]: ar. upa-cara kêprabon.
galu :
I êngg. pc kang katêlu (tmr. dolanan gathèng). II (S) kw: intên.
galuga :
kn 1 ar. wit bngs. sumba kêling; 2 bngs. gincu; [x] salusur sari pr: wis bêcik kawuwuhan bêcik; ng-[x]: abang sumringah.
galuh :
(S) kn 1 intên; 2 putri.
galungan :
kn ar. wuku kang kaping sawêlas.
galur :
kn 1 (ut. [x]-an) alur, lêgokan dawa; 2 dlujur sanggan dlikaning ambèn lsp; 3 kayu palanging sanggan tlundhak ut. gêdhèg; 4 kayu gilig dianggo sanggan supaya gampang disodhokake; ng-[x]: 1 katon dawa urut-urutan; 2 nglantrah dawa tmr. crita lsp.
galo :
I pc (nika lo) kae lo. II êngg. kn: gêdhêg; kc. balo.
(galok) :
[x]-[x] êngg. kn bêngak-bêngok, klongkang-klongkong.
galon :
I (W) kn très (pasêmèn) bênang êmas. II (W) kn: ar. takêran 4,54 litêr.
galong :
êngg. kn lêmpung; kc. ampo.
gama :
I pc agama. II II (S) kw. ak: dalan, laku.
gamam :
êngg. kn mamang, tidha-tidha.
gaman :
ut. gêgaman n. dêdamêl k: 1 piranti dianggo nglawan ut. nanggulang mungsuh; 2 piranti dianggo nyambut gawe kc. arit, wadung lsp; 3 br. wadya-bala, prajurit.
gamana :
(S) kw laku, sarana, reka.
gamar :
êngg. kn samar, sumêlang.
gambak, gambèk :
êngg. pc nganti, supaya nganti.
gambang :
kn ar. rêricikaning gamêlan nganggo wilahan kayu; ng-[x]: nabuh gambang; [x]-an: lêlarikan kaya wilahaning gambang tmr. panatane blabag lsp; igane gêgambangan: igane katon kabèh (kuru bangêt).
gambar :
kn 1 pêpêthan, têtironing maujud sing panggawene sarana corèking tulis ut. pulas; 2 kaanane ing lair; [x]-e êngg: contone, upamane; ng-[x]: mêtha, gawe gambar.
gambar-idhup :
(M) kn ar. piranti kang mawa surya-kantha lan sorot apa dene pèlêm gambar banjur nganakake gêgambaran ing kêlir.
gambar-sorot :
kn kc.gambar-hidhup.
gambas :
kn sêrat-sêrate bêstru digaringake dianggo lambaran teko lsp.
gambèn :
1 (ut. gêgambèn) kn. gêgêdhug, sing punjul dhewe; 2 êngg. ugungan.
(gambèr) :
ng-[x] kn nglèmbrèh, nglêmbèrèh.
gambir :
kn 1 ar. têtuwuhan godhonge diolah dadi gambir sing sok dianggo nginang; 2 ar. kêmbang ambune wangi; dara [x]: dara ulêse abang sêmu kuning.
gambira :
1 kn. mantêp bangêt, bungah bangêt; 2 (S) kw. ak. jêro.
gambiralaya :
(S) kw: (papan sing jêro) sêgara; cs. 4.
gambir-sawit :
kn ar. gêndhing.
gambyung :
êngg. kn kc. gambyong.
(gambyok) :
kn kc. gambyong I.
(gambyong) :
I ng-[x] kn onteh-ontehan tmr. woh; di-[x]-ake: digemblokake. II ng-[x] kn: njogèt ora ditayub tmr.. tlèdhèk; [x]-an: 1 tlèdhèkan; 2 golèk pêpêthan tlèdhèk ing wayang purwa.
gamblang :
kn cêtha lan têrang (tmr. pangêrti).
(gamblèh) :
ng-[x] kn 1 ndowèr, dawa gèmblèh-gèmblèh; 2 (ng-[x] lambene) ks. juwèh, pijêr gunêman; 3 ks. nangis.
(gamblèng) :
êngg. ks: sabawane maido ut. ngrèmèhake.
(gamblik) :
ng-[x] kn ngamplik, mung dumunung ing pinggir.
gamblis :
êngg. ks gambli.
gamblok :
kn (ut. [x]-an) gandhèng, up. sa-[x], rong [x]; ng-[x]: 1 nèmplèk, gêgandhèngan; 2 mèlu ut. nunut ing liyan; di-[x]-ake: digandhèng karo, ditèmplèkake, dipetung, diilokake.
gambuh :
I kn 1 kulina, pundhuh; 2 wis lantih, wis kêrêp nindakake; 3 ar. têmbang maca-pat; ng-[x]-i karo: pundhuh bangêt karo. II kn: bngs. tlèdhèk; walang-[x]: ar. walang sing wadon gêdhe sing lanang cilik; malang-gambuhi pr: bêbojoan sing lanang kalah gêdhe tinimbang sing wadon.
(gambul) :
ng-[x] kn: nyudhang, nggosok-gosokake sungu ing lêmah ut. ing wit lsp.
gambus :
ut. [x]-an êngg. kn ar. têtabuhan ut. dolanan nganggo trêbang binarêngan mênyanyi.
gambos :
êngg. kn kapês-kapês tmr. kêtela lsp. kc. glembos.
gambrèng :
êngg. kn gêmblèng (gampang nangise).
(gambrès) :
ng-[x] êngg. kn ngênèni, ani-ani.
gambrêng :
kn 1 kêtêl tmr. brêngos; 2 kutis; ng-[x]: 1 êngg. pc. grundêlan, gumrumung; 2 mambu ora enak.
gambrêt :
kn saèm. kênès; [x] singgang mêrkatak ora ana sing ngênèni pr: 1 prawan sing kênès ora ana kêdadeane; ng-[x] êngg: ngganda wangi.
gamêl :
I kn tukang ngrêksa jaran. II [x]-an n. gangsa k: ar. têtabuhan rêricikane akèh bangêt (saron, bonang, gêndèr lsp); di-[x]-i: dibarêngi unining gamêlan.
(gamêng) :
ng-[x] kn katon irêng lan pêtêng tmr. mêndhung lsp.
(gamês) :
ng-[x] êngg. kn tansah mêmangan kalawan sênêng.
(gamil) :
ng-[x] êngg. kn ndrêmimil, tansah gunêman.
gamoh :
kn 1 êmpuk, gampang digarap; 2 ora kukuh (kuwat).

--- 130 ---

gamol ~ gandhèng.

gamol :
êngg. kn mêmêl, êmpuk tmr. daging.
gampang :
. gampil k 1 ora angèl; 2 (ut. [x]-an) nriman, ora kakèhan panjaluk; gumampang: ora nganggo dijaga pakèwuhe; nggêgampang, ng-[x]-ake: 1 nganggêp gampang; 2 nglirwakake (wajib), ngrèmèhake; ng-[x]-ake nalar: nganggêp gampang marang prakara sing pêrlu.
(gampar) :
I ng-[x] êngg. k nggaru. II ng-[x] êngg. kn: nêndhang, nguncalake watu sarana sikil; [x]-an: ar. dolanan, nganggo watu kauncalake. III [x]-an kn: bngs. thèklèk sing nganggo bungkul.
gampèng :
kn 1 song-songan ing lambunging jurang ut. kali; 2 ak. bêbaya sing ora kinawruhan; ng-[x]: ndhêlik ing gampèng.
gampil :
k gampang.
gamping :
kn lêmah (watu) putih yèn wis diobong kêna dianggo labur, ênjêt lsp.
gamplêng :
mak [x] kn katêrangan tumibaning jotos lsp; godhong [x]: godhong katès (yèn arêp dianggo jamu); di-[x]: dikamplêng, diantêm.
gampung :
kn arang ut. ngrêmya tmr. pari; ng-[x] êngg: 1 nugêl: 2 ngangsag pari; ng-[x]-i êngg. 1 nguthuti pari; 2 ngênèni.
gana :
I kn: 1 anak tawon sing isih gatra; 2 gatra, maujud, up. mbayar [x] dhuwit (arupa dhuwit); 3 gatraning jabang bayi (ut. kewan) sing isih cilik pêpêthaning manungsa, kewan lsp; diganani: digatrani, diwujudi. II (S) kw: mêndhung.
gana-gini :
kn bandha olèh-olèhane ênggone bêbojoan (dudu gawan), yèn pêgatan kudu diêdum miturut wujude, guna tumrap marang wong lanang, gini tumrap wong wadon.
ganal :
kn: 1 sêntosa tmr. pawakan; 2 agal, kasar; 3 cukat; 4 (ut. [x]-an) ora tata.
ganan :
kn ar. ukiran awujud pêpêthaning manungsa ut. kewan; kc. gana.
ganas :
kn 1 lantap, brangasan tmr. wong wadon; 2 yèn nganggo-anggo enggal rusake; 3 gampang suwèke tmr. sêmbêt lsp.
ganda :
kn 1 ambu; 2 wêwangi; ng-[x]: 1 ki. ngambu; 2 kn. mambu; nggandani: ngukup, ngratus amrih wangi; pagandan ki: brêsihan; panggandan kn: ar. aji dianggo ngambu barang sing arêp digolèki.
ganda-kusuma :
kw ar. têmbang gêdhe laku 26.
ganda-maru :
kn bngs. sambunganing blabak kang mangun pojokan.
gandan, gêgandan :
1 br. wêwangi; 2 apa-apa sing mambu; kc. ganda.
ganda-pura :
kn ar. wit godhonge wangi.
gandar :
kn 1 kayu sarunganing kêris; 2 sêsipatan ut. prejengan (sing bêcik); [x] iras: gandar karo wrangkane nunggal (ora sambungan).
ganda-riya :
kn ar. wit sarta wohe (dianggo jênênging lurik lan gêndhing).
ganda-rukêm :
kn bngs. damar dianggo nggêgosok ut. campuraning malam.
ganda-rusa :
kn ar. wit sok dianggo pagêr; gumanda-rusa: gêdhang sing lagi sêmu kuning.
gandarwa :
(S) kw:dewa awujud yaksa; kc. gêndruwo.
gandarwi :
kw gandarwa wadon.
gandarwo :
kw gardarwa.
ganda-suli :
kn ar. bathikan.
ganda-wida :
kn:dhèdhès lan borèh; ginanda-wida: diurap ing wêwangi.
gandêm :
êngg. pc:mirasa, nikmat, apik bangêt.
gandês :
kn:luwês, kèwês (tmr. solah-bawa).
(gandir) :
[x]-[x] kn:tansah obah ora mitayani; kc. gondar-gandir.
gandum :
(Prs) kn:1 trigu, bngs. pari; 2 êngg. k. jagung.
gandra :
ilang [x] êngg:tanpa daya; ng-[x] sapira?: sapira kêkuwatane? ora ng-[x]: ora mingsra.
gandri :
(W) kn:gadri.
gandrung :
kw:lagi kasêngsêm, nandhang brangta; [x]-[x] kapirangu: kasêngsêm sarta kapengin bangêt kêtêmu karo sing disihi.
ganja :
kn:1 dhasar pêsining kêris sing rumakêt karo wilahane; 2 sanggan ing pucuking pilar (saka); [x] iras: ganja karo wilahane tunggal (ora sambungan); [x] wulung: ganja karo wilahane rupane seje; ora [x] ora unus pr: tanpa pêpêthingan (rupane ala, watake iya ala).
ganjah :
êngg. kn:bosênan.
ganjak :
êngg pc:nganti.
(ganjar) :
ng-[x] kn:mêmènèhi minangka gêgantining kabêcikan ut. lêlabuhane; [x]-an: 1 apa-apa sing diganjarake; 2 lêlara lsp. saka pêparinging Allah.
ganjèk, ganjil :
êngg. pc:nganti.
ganjêl :
I kn:kayu lsp. sing disêsêlake murih mundhak dhuwur ut. aja oyag-ayig; ng-[x]: 1 nêsêlake kayu lsp. ing; 2 krasa kaya klilipên tmr. mata, mangkêl lan sêrik tmr. ati. II êngg. kn: janggêl.
ganjil :
kn:yèn dipara loro turah siji; [x]-an: turahan, luwihan.
ganjling :
êngg. pc:gampang.
ganjur :
kw:watang, tumbak; diganjur: ditumbak.
ganjras :
êngg. pc:bêcik tmr. panganggo; kc. janjras.
(ganjrêt) :
ng-[x] kn:1 mubêng mungsêr; 2 pc. kênès, digawe-gawe solah-bawane, tmr. wong wadon.
gandhang :
ut. [x]-[x] kn:cêtha lan sêru tmr. swara; ng-[x]: 1 mbêngok; 2 êngg. ura-ura; [x]an êngg: uran-uran, têmbangan.
gandhèk :
I ut. ng-[x] kn:abdi-dalêm kang pinatah nglantarake dhawuh (ajêg ngloro-ngloro). II kn: 1 ganthèt tmr. kêmiri; 2 woh kanthil ut. cêpaka.
gandhèn :
kn:saèm. palu gêdhe sing digawe kayu; êndhase ng-[x]: mèmpêr gandhèn (sing buri mbêndhul); kc. gandhi.
gandhèng :
kn:1 loro ut. luwih digayutake ut. digamblokake; 2 ora pisah-pisah tmr. mêmitran lsp; 3 gathuk, sambung; 3 [x] karo, (ut.gêgandhèngan karo) gêgayutan karo; ng-[x]: 1 nggathukake sarta

--- 131 ---

gandhewa ~ gancêng.

nggayutake; 2 nyambung; 3 nganthi tangan; [x]-an: 1 gayutan, gêgathukan; 2 kêkanthèn tangan.
gandhewa :
kn:piranti sing dianggo nglêpasake panah.
gandhi :
kw:palu.
gandhik :
kn:1 watu gilig dianggo nggêrus ut. mipis; 2 jêjodhoan tmr. kucing.
gandhu :
kn:1 bendha; 2 balung ing dhêngkul wangune mèmpêr bendha; 3 ar. tawon.
gandhul :
kn:1 gantung; 2 êngg. katela gantung, katès; ng-[x]: 1 gumantung ing, nggênteyong; 2 isih durung têrang tmr. rêrêmbugan; 3 êngg. main kalah ora gêlêm asok; ng-[x]-i: 1 mbandhuli, gumantung nggondhèli; 2 nggondhèli, ngelikake supaya aja nglakoni; 3 ngêngkoki (ngantêpi) sawijining panêmu; 4 mènèhi bêrkatan marang wong sing ora têka ing kêndhurèn; [x]-an: 1 gumantung ing. gendholan; 2 (ut. gêgandhulan) kaantêpan, panêmu sing diantêpi; 3 bêrkatan sing diêtêrake.
gandhok :
kn:1 gandhèng, jodho; up. sa-[x]; 2 êngg. ombyokan jagung sauntil 30-40 ontong; 3 êngg. omah ngarêp, èmpèr ngarêp; 4 êngg. (ut. [x]-an) omah ing sakiwa ut. ing satêngêne omah gêdhe; ng-[x]: nèmpèl, nggamblok; ng-[x]-ake: nggandhèng, ngombyokake, nggamblokake; [x]-an 1 jodho, sisihan; 2 êngg. bedhangan.
gandhon :
êngg. kn:1 dolanan bengkat; 2 saèm. wrangka gayaman; kc. gandhu.
(gandhong) :
I ng-[x] êngg. kn:nggêndhong. II ng-[x] êngg. kn: nggandhok, nggandhèng.
gandhor :
kn:êmpuk lan kropos marga lêlaranên tmr. pring; prawan [x]: prawan sing wis gêdhe (lungse).
gandhos :
kn:1 kênthosing krambil; 2 ar. panganan.
gandhowara :
kn:ar. wanguning sumping.
ganêngan si! :
êngg. pc:mêsthi bae!
ganêp :
n. jangkêp k: 1 ora kurang ora luwih; 2 ora ganjil tmr. cacah; wong ora [x]: rada owah pikirane; mung dianggo [x]-[x]: mung dianggo sarana supaya aja kurang; [x]-[x]-e: patut-patute; kc. gênêp.
ganita :
(S) kw. ak:wilangan, petungan.
ganitrikundha :
(S) kw. ak:tasbèh.
ganung, ganong :
kn: ati gori ut. nanas.
ganol :
êngg. kn:kêmbang kêtela; ng-[x] êngg: janggol.
gantal :
I kn:lintingan suruh (dianggo sajèn ut. sarat pangantèn). II êngg. kn: têmbe; [x]-an: antaraning wêktu; ora [x]-an: ora nganti kaliwat ing; up. ora [x]-an taun.
gantang :
I wis [x] êngg: wis kliwat. II kn: takêran bêras lsp, bobote ± 10 kati (Jawa-Têngah) ut. 5 kati (Jawa-Wetan). III ng-[x] kn: mepe manuk (jagung lsp) sarana kagantung; [x]-an: pamepean jagung lsp, kerekan manuk.
gantar :
êngg. kn:gèntèr.
gantas :
I êngg. pc:1 sêru, bantas; 2 êngg. lêncêng; [x]-an: ênêring mimis lsp. II ng-[x]-i êngg: natasi, ngrantasi.
gantèn :
I k: kinang; ng-[x] k: nginang; (pa)-[x]-an: wadhah kinang. II. êngg: gênti-gêntèn; pari [x]: pari tinandur mangsa kêtiga; kc. ganti, gênti.
(gantêr) :
ng-[x] I kn:bola-bali nywara bantas (sêru); 2 tansah mêlèk ora turu-turu pêrlu nglakoni.
ganti :
n. gantos k:1 salin, liru, ijol; 2 sulih, sêsulih; 3 liyêr, alihan, up. [x] sêpur ana ing Gundhi; di-[x]: 1 diijoli, dilironi; 2 disulihi; 3 diêlih panggonane; kc. gênti.
(gantil) :
ng-[x] kn:kumanthil ing; ng-[x]-i: ndèkèki tali ut. sindhêtan kanggo gantilan; [x]-an: 1 gaganging wowohan; 2 tali lsp. dianggo nggantil.
(ganting) :
ng-[x]-i, [x]-an êngg. kn: 1 ngulêmi (nyuruhi) nganggo tonjokan iwak daging lsp; 2 duwe gawe.
gantung :
kn:gandhul, up. jam [x]: ng-[x]: 1 nggandhulake ing; 2 ngukum (matèni) sarana dijirêt gulune banjur digandhulake; 3 (mati ng-[x] nglalu sarana nggantung; 4 nahan, durung kawènèhake, up. ng-[x] barang colongan; piagême isih di-[x]; 4 durung nindakake tmr. ningkah lsp.; 5 isih ana ing sajroning kawajiban caos, pasisiran lsp, up. Sapa sing ng-[x] pasisiran?; 6 (ng-[x] gong) duwe gawe nganggo ngunèkake gamêlan; 7 ngarêpake tiba gong panabuhe antal lirih tmr. gêndhingan; gumantung: 1 gumandhul; 2 bobot-timbang; up. prakara iki mung kari gumantung ana ing kowe dhewe; ng-[x]-i: 1 nggandhulake apa-apa ing; 2 nyaguhi ut. mènèhi ancaman (kasaguhan); up. di-[x]-i paukuman têlung taun; di-[x]-i ganjaran limang atus ripiyah; [x]-an: 1 (ut. pang-[x]-an) 1 piranti dianggo nggantung; 2 prakara ut. barang sing digantung; 3 paukuman ut. ganjaran sing dicadhangake.
gantung-boja :
kn:wis ningkahan nanging durung dikêpyakake kanthi karamean.
gantung-kawin :
(nikah) kn:wis dikêpyakake nanging durung ningkahan.
gantung-kêpuh :
kn:nganggo sandhangan ora tau salin-salin.
(gantung-laku) :
ng-[x] kn:isih ana ing sajroning tampa ayahan pasisiran lsp.
gantung-siwur :
kn:urut-urutaning turun munggah ut. mudhun pitung turunan.
gantos :
k:1 ganti; 2 gadhe.
gantya :
br:ganti.
gantyan :
br:gantèn.
(gancam) :
ng-[x] êngg. kn:gunêman tanpa têgês.
gancang :
kn:rikat, enggal; [x]-ing crita (kandha): enggal (cêkak)ing crita (kandha); gêgancangan: rêrikatan.
gancar :
I kn:urut-urutaning lêlakon lsp; [x]-ing crita: urut-urutaning lêlakon ing crita; ng-[x]-ake: nyritakake, njlèntrèhake urut-urutaning lêlakon; [x]-an: dudu têmbang tmr. layang. II êngg. kn: gancang.
gancèt :
kn:lêlakèn tmr. asu; kc. ganthèt.
(gancêng) :
ng-[x] kn:nancang (mbancang) tali kapanthèng.
ganclêng :
I mak [x] kn:katêrangan tumanduking wadung lsp. II irêng ng-[x] kn: irêng agilap.

--- 132 ---

ganco ~ gaprus.

ganco :
êngg. kn:dhandhang (ar. piranti).
gantha :
kn: cêngkorongan, gêgambaraning rancangan sing arêp dilakoni; di-[x]: 1 dirancang-rancang; 2 dipêtha, diwangun.
(ganthèt) :
di-[x] kn:digandhèng, ditèmplèkake rakêt; kc. kanthèt.
(ganthêng) :
ng-[x] kn:1 katon ngganthêng lan kêncêng tmr. tali lsp; 2 êngg. gagah, brêgas.
ganthol :
kn:kayu ut. wêsi nylêkanthuk digarani dianggo piranti nggèthèl ut. nyènèng; ng-[x]: 1 nyènèng lsp. nganggo ganthol; 2 (ut.[x]-an) cumanthèl (sumangkut) sarana ganthol.
(ganyang) :
ng-[x] kn:mangan apa-apa sing isih mêntah; [x]-an: panganan kaya dene kêtela lsp.
(ganyuk) :
ng-[x] kn: ngadêg lsp. cêdhak bangêt; kc. anyuk, gonyak-ganyuk.
ganyong :
kn:puspa-nyidra.
gang :
I kn:1 êngg. sêla-sêla; 2 singgêtan ing antarane lubang têbu; 3 êngg. sênthongan, guthêkan; 4 pêpanthan golonganing wong nyambut-gawe lsp; di-[x]-[x]: 1 diguthêk-guthêk; 2 disinggêt-singgêt; 3 dipantha-pantha miturut golongane. II (W) kn: dalan cilik. III kw: rosa, sêntosa; adi [x] pr: ngêndêlake panguwasa ut. kasêntosane; dialap [x] pr: dirêbut kanthi pêksa.
gangga :
(S) kw: (ar. kali ing tanah Hindhu) kali, banyu.
ganggam :
kn:rada wêdi, ringa-ringa.
(ganggang) :
di-[x] êngg: dipisah tmr. wong padu ut. kêrêngan.
ganggarangan, ganggrangan :
êngg. kn:garangan.
ganggas :
êngg. kn:1 brêgas, kas, sigrak; 2 wis waras (bagas).
ganggêng :
kn:ar. têtuwuhan sing urip ing banyu.
(ganggu) :
ng-[x] kn:1 mbêbeda, ngrigoni; 2 agawe piala tmr. lêlêmbut.
ganggu-gawe :
n. ganggu-damêl k:mialani, nyalahi.
gangsa :
I 1 kn. prunggu sing digawe gamêlan; 2 k gamêlan; 3 êngg. k. gong; lidhah [x] kn: ilat sapi lsp. sing cringih-cringih; ng-[x]: mialani ing liyan sarana kikiran gangsa supaya aja bisa gunêman. II êngg. kn: banyak. III ng-[x] nggêgorèng apa-apa nganggo diulêt ing gula.
gangsal :
1 k. lima; 2 êngg. k. dlima.
gangsan :
kn:apa-apa sing digangsa, kc. êmping; kc. gangsa III.
gangsar :
kn:enggal katêkan sing sinêdya (payu, bêgja, olèh jodho lsp); kb. sêbêl.
gangsing :
I êngg. kn:garing, asat tmr. lêmah. II di-[x] êngg: dipilih. III [x]-an kn: ar. dolanan bocah awujud kayu bubutan lsp. diubêngake sarana uwêt.
gangsir :
kn:ar kewan bngs. jangkrik; mungkur [x] pr: wis ora mèlu cawe-cawe; di-[x]: dibabah; [x]-an: babahan.
gangsul :
kn:1 ora rampak (urut); 2 kliru; 3 songol tmr. ujar ut. wangsulan; kc. galap-gangsul.
(gangsur) :
ng-[x] kn:1 mbrangkang wêtênge kambah ing lêmah; 2 êngg. nggosok, ngurut-urut kaya dene mijêti.
(gau, gauk) :
ng-[x] kn:nywara mbaung (mbêngung).
gaul :
[x]-[x] kn:katêrangan pamangane bocah durung duwe untu ut. wong tuwa sing wis mèh ompong kabèh; jênang [x]: jênang sungsum diwori grêndul dianggo nylamêti bocah sing wiwit thukul untune; ng-[x]-[x]: mêmangan anggone mamah dibolan-balèni.
(gaup) :
ng-[x] êngg. pc:ngrauk.
gaok :
kn:1 pêpindhan unining gagak; 2 êngg. gagak; ng-[x]: muni gaok-gaok.
(gaol) :
êngg. pc. gaul.
gaong :
êngg. kn:song-songan ing sangisoring watu lsp.
(gaota) :
ng-[x] kn:nyambut-gawe, ngupa-boga; panggaotan: pakaryan.
(gapah) :
ng-[x] êngg. kn:ora nggape, ngrèmèhake.
gape :
I êngg. kn:1 cape; 2 ora gangsar tmr. pagawean. II ng-[x] kn: gêlêm nggatèkake, ngrèwès.
gapèt :
êngg. pc:gapit.
gapgapan :
pc:grayah-grayah, mêkmêkan; kc. gagap.
gapit :
kn: 1 wilah sing dianggo njapit gêdhèg, kepang lsp; 2 garan wayang, tepas lsp; 3 êngg. bngs. ukuraning kayu bong sing ditumpuk; lading [x]: pèmès; lawang [x]: regol ing kraton sing nomêr loro saka brajanala; (Baladewa) ilang [x]-e pr: ilang kaluhuran ut. panguwasane; ng-[x]: 1 mlèpèt nganggo gapit; 2 tumindak ora adil, nggithing.
gapit-rêmpah :
kn:gapit wayang sing kêna diingar-ingar; di-[x]: digapit mung ditalèni ing bongkot lan pucuke bae.
gapyak :
I kn:sumèh sarta sênêng aruh-aruh marang sok wonga; kc. grapyak. II kn: thèklèk, bakyak.
gapyuk :
kn:gathuk (têmpuk) kalawan sih trêsna, up. dirangkul [x], kêtêmu mak [x]; gumapyuk: sumanak, ora kumliya; di-[x]-ake: ditêpungake.
gaplah :
êngg. kn:tanpa guna.
gaplèk :
I kn:tela kaspa sing wis dioncèki sarta diêpe. II ng-[x] pc: ngamplik, nggaplik.
(gaplik) :
ng-[x] kn:1 ngamplik, nggawing; 2 mung sathithik bangêt.
gapluk, gaplok :
mak [x] kn: katêrangan tibaning panapuk lsp.
gapuk :
kn:1 gropok lan gabêng tmr. kayu, pang lsp. 2 ks. tuwa bangêt; 3 têtêmbungan ing dolanan gathèng yaiku yèn gathènge papat katumpuk banjur karaup.
gapuntên :
êngg. k:gapura.
gapura :
kn:1 gawangan ing lawang pakarangan; 2 regol; cs. 9.
gapruk :
mak [x] kn:katêrangan lan pêpindhan swaraning tumbuk lsp; di-[x]-ake: ditumbukake, dibêntusake.
gaprus :
mak [x] kn:katêrangan sarta pêpindhan swaraning barang pêcah lsp.

--- 133 ---

gaprut ~ garoh.

gaprut :
pc:gubras.
gara :
I [x]-[x] kn:1 orêging jagad dening lindhu, prahara lsp; 2 peranganing crita ing wayang ngarêpake wêtune Petruk, Garèng, Sêmar; 3 orêg, rame dening ana lêlakon sing ora lumrah. II (S) kw. ak: garwa, bojo.
(garad) :
ng-[x] êngg. kn:njupuk kayu saka ing alas; kc. gèrèd.
garagaji :
êngg. kn:graji.
garagati :
kw:kêmlandhingan.
(garah) :
I ng-[x] êngg. kn:omong-omongan sêmbarangan, ngojahake. II ng-[x] apa êngg. pc: ngarah apa! kc. arah.
gara-ita :
kn:gêdhang.
(ng)gara-kasih :
pc:Anggara-kasih (Slasa-Kliwon).
garami :
kw:dêdagangan; kc. grami.
garan :
kn:1 kayu lsp. sing minangka dadi cêkêlane, up. [x] siwur, [x] lading lsp.; 2 (ut. gêgaran) sarana, piranti sing dianggo; 3 êngg. sarèhne, mulane.
garansi :
(W) kn:tanggungan.
garang :
I kn:katon gagah sarta sarwa bêcik; arêp [x] nanging garing ut. [x] garing pc: umuk ut. sumugih nanging dianggo nggarang.
garangan :
kn:ar. kewan bngs. rase.
garanggati :
êngg. kn:kêmlandhingan (bngs. kêmangga gêdhe).
garap :
(abdidalêm [x]) êngg. (Solo) kn:juru-tulis kantor kapatihan; ng-[x]: 1 êngg. nggrayang, nyandhak; 2 nindakake pagawean, up. ng-[x] sawah; 3 êngg. mbêbeda ut. nyêngèsi; [x]-an: 1 panindaking pagawean, kang digarap; 2 panggawean.
(garap-gawe) :
ng-[x] êngg:nyambut-gawe.
(garap-banyu) :
n. garap-toya k. ng-[x]: kêl.
(garap-sari) :
n. garap-santun k; ng-[x]: kêl.
garba :
(S) kw: 1 wêtêng; 2 sêsambungan, rêrangkèn; guwa [x] br: wêtêng, wadhah bayi; ng-[x] kn: 1 nggandhèng têmbung loro ut. luwih, up. kaloka ing rat dadi kalokèng rat; 2 nyêkak surasaning layang ut. têtêmbungan; 3 nêgêsi surasa mung dipirit larasane bae.
(garbini) :
ng-[x] kw: mêtêng.
garbis :
êngg. kn:labu.
garda :
(S) kw: pêpenginan.
gardaba :
(S) kw: kuldi.
gardaka :
kw:kurda, pangamuk.
garjita :
(S) kw:bungah bangêt; ng-[x]: ngunandika, gumun.
gardhèn :
(W) kn:1 klambu aling-alinging cêndhela lsp.; 2 layar ing tonil lsp.
gardhu :
(Prt) kn: omah cilik dianggo pajangan; kc. gardhu.
gareyan :
êngg. kn:gantilan krambil.
garèk, gari :
êngg. pc:kari.
garèng :
ut. [x]-pung kn: ar. kewan bngs. othe-othe yèn muni ing mangsa Marèng.
garènggati :
êngg. kn:kêmlandhingan; kc. garanggati, garagati.
garèt :
I kn:garit. II pc: sigarèt.
garêbêg :
kn:riyaya gêdhe ing sasi Mulud, Pasa lan Bêsar; kc. grêbêg.
garêm :
(M) êngg. kn:1 uyah; 2 rabuk sing rupane saèm. uyah; [x]-inggris: bngs. jamu urus-urus wujude saèm. uyah.
garêp :
êngg: arêp.
garês :
I kn:balung sikil ingarêp; ng-[x]: nêndhang sing ditamakake garèse. II kn: atos (akèh wêdhi lan krikile) tmr. palêmahan; ng-[x]: nandhês, bangêt agawe sêrik ut. laraning ati; kc. gêras.
garêt :
kn:gêrêt.
gar-gêr :
kn:bola-bali padha gumuyu; kc. gêr.
garini :
(S) kw. ak: somah.
garing :
kn:1 ora têlês, aking; 2 ora ndaging, kuru, tmr. awak; mati [x]: mati kalirên; di-[x]-ake: dipepe lsp. supaya garing; [x]-an: 1 ora nganggo ditêlêsi; 2 (ngèlmu [x]-an) kawruh sing asale saka kupiya.
garis :
kn:1 corètan nggalêr; 2 corèk galêran ing dluwang; 3 wates wêwaton; up. wis nyimpang saka [x]-ing kautaman; 4 pêpêsthèn, takdir; up. wis [x]-e kowe dadi wong kaya mêngkono; [x] sipat-gantung; garis lêncêng sing mangun pojok 900; [x] srèmpèdan: garis nyrèmpèd kubênging cakran; [x] têngah: garis sing nrajang pusêring cakran; di-[x]: 1 dicorèk nganggo garis; 2 diwatêsi, dipêsthi, tinakdir; di-[x]-i: dijidhari; [x]-an: jidharan.
garit :
kn: corèk sing nandhês; jagung gumarit: jagung ênom lagi katon garit-garit; di-[x]: dicorèk nganggo lêlandhêp; kaya di-[x] atine: ngêrês, mèlu sêdhih.
garningson :
(W) kn:bètèng, tangsi saradhadhu.
garu :
I kn:ar. piranti têtanèn awujud kayu palangan mawa unton-unton dianggo nglêmbutake lukon; 2 êngg. jungkat; 3 ar. lintang: mrojol sêlaning [x]: pr: linuwih, langka sing madhani; ng-[x]: 1 nggarap sawah nganggo garu; 2 êngg. njungkati; digarokake dilukokake: dikon nyambut gawe abot. II (kayu [x]): bngs. kayu cêndhana.
garudha :
kn:1 manuk titihane Bathara Wisnu; 2 bngs. manuk bidho gêdhe.
garudha-mungkur :
kn:gambar garudha ing rêrênggan songkoking wayang ut. kêlat-bahu.
garudha-nglayang :
kn. ak:ar. gêlaring baris.
garuh :
êngg. kn:1 cêmplang tmr. lêlawuhan; 2 kisruh; ng-[x]-i: ngisruhi, ngrigoni.
(garuk) :
di-[x] êngg. kn:dirauk, diraup.
garung :
êngg. kn:wis mari loh tmr. sawah lsp.
garut :
I kn:ar. têtuwuhan oyode kêna dipangan; kc. gaerut II ng-[x]-(i) kn: 1 nggraut; 2 nylonèhi, nyorèki.
garoh :
kn:1 ora dadi ut. ora ana santêne

--- 134 ---

(garok) ~ (gawa).

tmr. krambil; 2 êngg. ora kalawan absah (colongan, barang pêtêng lsp).
(garok) :
êngg. pc:garuk.
garon :
kn:1 bngs. sorok nganggo unton-unton; 2 êngg. jungkatan; kc. garu.
(garong) :
[x]-[x] kn:nangis sêru ora mênêng-mênêng.
(garot) :
ng-[x]-(i) kn:mbrakot, mbrakoti.
garpu :
(Prt) kn:1 porok; 2 êngg. garon.
garwa :
I ki: bojo (rabi) II kw: brangasan, nêpson.
garwa-ampeyan :
(ampil, paminggir) ki: sêlir.
garwa-padmi :
ki: bojo (rabi) sing baku.
garwita :
(S) kw. ak:nêpsu, nêpson, brangasan, umuk.
gas :
I (W) kn:1 sakabèhing jasad kang kaanane kaya hawa; 2 bngs. lênga patra sing kêras (lênga montor, lênga diyan); 3 (lênga [x]) êngg. lênga patra; diyan [x]: diyan sing lêngane kêras. II (W) kn: rangrangan sing bakal disongkèt lsp, rang-rangan kawat lsp. III di -[x] êngg: digatèkake, digêrtak; [x]-[x]-an: sarwa kêsusu ênggone mêmangan. IV kn. ak:ar. ukuran dawane ± 1 m.
gasab :
(A) kn:pandarbe sing ora absah; ng-[x]: ndhaku, ngêkaki[3] darbèking liyan.
(gasah) :
ng-[x] êngg. kn:1 nggosok, ngosok, ngasah; 2 (ut. nggêgasah) ngojok-ojoki murih muring.
(gasak) :
ng-[x] êngg. pc:1 ngêsur, nrêjang; 2 ndhaku darbèking liyan.
(gasang) :
ng-[x] êngg. kn:1 masang, nata; 2 nyumêd lampu; ng-[x]-i: masangi; [x]-an: 1 pasangan; 2 sêdhiyan; 3 pacangan; kc. basang, pasang.
gasèk :
êngg. pc:nganti.
gas-gasan :
kn:sarwa kêsusu ênggone mêmangan; kc. gas III.
gasiyus :
êngg. pc:banyu-landa.
gasik :
I kn:rêsik lan ora têlês tmr. pakarangan lsp. II êngg. kn: 1 ora kasèb malah kêpara ndhisiki ênggone têka; 2 enggal ênggone nyambut-gawe; kc. dhisik.
gasir :
êngg. kn:gangsir.
gasruh :
kn:kisruh; di-[x]: digawe kisruh tmr. petungan.
gata :
(S) kw. ak:laku, kêlakuan; cs. 5.
gataka :
(S) kw. ak: pati, sangsara.
gatèn :
êngg. kn:wigati, têmên-têmên; kc. gati.
gatêl :
kn:1 rasa kaya dene rasane kêna ulêr, gudhigên lsp; 2 ([x] cangkême) dhêmên ngrasani; gumatêl: wis wiwit krasa panas tmr. srêngenge ± jam l0; ng-[x]-i:njalari gatêl; [x]-ên: 1 kadunungan rasa gatêl; 2 pc. tansah kadunungan rasa rumangsa.
gatêng :
kn:ar. iwak loh.
galês :
êngg. kn:watês.
gati :
I n. gatos k: 1 kanthi têmên; 2 wigati, pêrlu bangêt; 3 êngg. wangkal, wangkod; [x]-[x]: gita-gita, enggal-enggalan; gumati: ênggone ngopèni (miyara) kanthi têmên-têmên; digumatèni: diopèni kanthi gumati; nggatèkake: nilingake (ngrêmbug, namatake) kanthi têmên-têmên. II (S) kw: 1 laku, tindak, kalakuan; 2 kaanan, sarana; cs. 5; kc. gati.
gatos :
k:gati.
gatra :
(S) kn:1 awak, pawakan, peranganing awak; 2 blêgêr, maujud, wêwujudan; 3 peranganing ukara sing wis madêg; durung [x]: durung maujud (lagi blêgêr cêngkorongan); di-[x]: diwangun; digatrani: diwujudi, dianani.
(gacar) :
di-[x] êngg. kn:dioyak, diblêdig.
gaclêng :
kn:ganclêng.
gaclok :
mak [x] kn:katêrangan ut. swaraning wadung ditamakake lsp.
gaco, gacuk :
êngg. pc: 1 apa-apa sing dianggo nuju tmr. dolanan dhir-dhiran, obrong lsp; 2 (ut. gacon) kabutuhan (dhuwit); 3 panulung, pambantu.
gacos :
mak [x] kn:katêrangan ut. swarane tumamaning barang landhêp.
gacruk, gacrok :
mak [x] kn:pêpindhaning swara ut. katêranganing pambacuk lsp.
gatha :
(S) kn:wadhah, wadhah banyu.
gathak :
I kn:lêmbung sing atos. II di-[x] êngg: digêthaki. diênggêt-ênggêti. III êngg: pring lsp. dianggo pêpalang ut. êlêt-êlêt; di-[x]-i: diêlêt-êlêti (dipalangi) ing gathak.
gathekan :
kn:lantip, gampang mangêrtine.
gathèl :
ks:êndhasing palanangan.
gathèng :
kn: ar. dolanan bocah nganggo krikil lima ana sing diumbulake lan ana sing dirauk.
gathèt :
kn:ganjil tmr. cacah; kc. ganthèt.
(gathêng) :
ng-[x] êngg. kn: mêrêm dhipêt.
gathi :
(S) kw. ak:têngaraning waktu (jam).
gathik :
kn: 1 gathuk sathithik tmr. bala-pêcah lsp; 2 gathèl.
gathita :
(S) kw. ak:têngaraning waktu (jam); kc. gathi.
gathuk :
kn:1 têmpuk lan nggêpok; 2 têpung, kêtêmu; 3 katêranganing têmbung kêpêthuk ut. kêtêmu; 4 rujuk, ora sulaya; ng-[x]-ake: 1 nêmpukake nganti nggêpok, ngêtrêpake; 2 nêpungake, nêmokake; 3 nocogake, ngrujukake; 4 pc. madhakake; [x]-an: têmpukan, sambungan, anjing-anjingan sing digathukake.
gathul :
ks: gathèl.
gathok :
kn:gaclok; gumathok: 1 wis têtêp ut. wis manjing; 2 maton, wis bênêr (têtêp); ng-[x]: 1 nganjingake pantèk, nuthuki pipitan lênga lsp; 2 gumathok, maton; mipit, ngênêtake; [x]-an: pipitan.
(gathok-lèh) :
di-[x] êngg: diwêlèhake, dicog-gêmol.
(gawa) :
ng-[x] n. mbêkta k. ngampil ki:1 lajêring panindak manut patrap lan saranane banjur nganakake têmbung: nyangking, nyunggi, ngusung lsp; 2 saka ing kadohan nyangking lsp. apa-apa; 3 njupuk; up. Si sastra kêmalingan, panganggone di-[x] kabèh; di-[x]-[x]: dièmbèt-èmbèt, dikatut-katutake; nggawani n. mbêktani k: 1 nggawa mawali-wali; 2 mènèhi pasangon awujud barang-barang [ba...]

--- 135 ---

gawan ~ geying.

[...rang-barang] marang pêngantèn wadon; ka-[x] saka n. kabêkta saking k: jalaran saka: gawan: 1 apa-apa sing digawa; 2 barang-barang sing disangokake marang pangantèn; 3 momotan; 4 (anak [x]) anak kuwalon sing digawa ing bojo.
gawan :
n bêktan k: kc. gawa.
gawang :
I kn:1 kayu lsp. adêg-adêg loro ing dhuwur mawa palang; 2 jêjênênging lawang ut. cêndhela; 3 (ut. [x]-an) kayu ut. pring mawa palangan piranti kanggo mbathik lsp; 4 êngg. bngs. ukuran kayubong sing ditumpuk. II [x]-[x] ut. [x]-[x]-an kn: katon cêtha wela-wela; gumawang br: cêtha wela-wela.
gawar :
kn:tali dipanthêng (didèkèki janur kuning) kanggo têtêngêr yèn ora kêna mlêbu ut. liwat; nrajang (lumumpat)ing [x]: nrajang anggêr; di-[x]-i: didèkèki gawar.
gawat :
kn:mbêbayani, angèl ambah-ambahane; angkêr.
gawe :
n. damêl k:1 pakaryan, kawajiban sing ditindakake; up. adol [x] (ngumuk-umukake kasrêgêpane); wis mêtu [x]-ne (wis bisa têtulung makarya); andum [x] (mbage kawajiban sing arêp ditindakake); dadi [x] (njalari kêpêksa nindakake apa-apa, nusahake); kèri ing [x] (kèri ênggone tumandang, kèthèr); tumandang ing [x] (nindakake pakaryan); dudu [x]-ne (dudu kawajibane); 2 prakara sing pêrlu ditindakake, up. ana [x] parigawe; yèn ana [x] kabèh diwajibake dadi prajurit; 3 guna paedah, kapêrluan; up. ora ana [x]-ne (gunane); bisa olèh [x] (bisa kêlakon kang disêdya); 3 ewuh mantu, têtakan lsp; up.si Suta lagi duwe [x]; 4 (ut. a-[x]) tumandang nganakake apa-apa, up.[x] omah; ma-[x]: nggarap sawah ut. têgal; [x]-[x]: ethok-ethok, tmr. patrap; di-[x]-[x]: tumindak kalawan ora pêsaja; di-[x]: 1 dianakake nganti dadi barang lsp; 2 diadoni tmr. tèh ut. kopi; 3 (sing di-[x]) asale, up. lêmari iki sing di-[x] wêsi; 4 dianggêp, dianggo; up. di-[x] gêguyon, di-[x] pêpundhèn; 5 pc. kanggo, up. cèt iki arêp di-[x] ngêcèt lawang; 6 dipigunakake kanggo; up. yèn mung rong kêthip digawe apa! [x]-an: 1 tiron, ora sanyatane; 2 (ut. gêgawean) gawe apa-apa; 3 sing wis digawe, garapan; 4 (ut. pa-[x]-an) pakaryan, panggaotan; pang-[x] n. pandamêl k: 1 cara anggone gawe; 2 solah tingkah (patrap) kang linakonan, up. pang-[x] ala; dipanggawe: disalahi sarana donga, tuju lsp; pang-[x]-an: pakaryan.
gawèl :
I êngg. kn:gampang mrucute; kc. grèwèl. II ng-[x] kn: nyakot, nyawèl; kc. cathok-gawèl.
(gawêng) :
ng-[x] kn:katon irêng; kc. gamêng.
(gawêr) :
ng-[x] kn:katon njlirit; ora ng-[x]: ora nggandra sapira (tmr. mêmangan lsp); mangsa ng-[x]-a: ora nggandra sapira.
(gawil, gawir) :
ng-[x] kn:wis mèh copot (mrucut); kc. gowal-gawil.
(gawing) :
ng-[x]. kn: ngamplik, mung dumunung ing bambing gampang tibane.
gawok :
kn: ngungun, gumun bangêt: [x]-[x], [x]-an.êngg. pc:1. nggumunake bangêt; 2. ora langka, gampang kêlakon; up. iyang [x]-[x] wong leson mêngko kêsorèn têkane nêgara.
ge :
êngg. pc: digawe (kanggo) up: [x] apa?
(gebang) :
ng-[x] kn: nglêleda, nglêlèdhèk.
(gèbèg) :
[x]-[x] kn: gèdhèg-gèdhèg, gobag-gabig.
gèbèl :
êngg. kn: gèmbèl (glambir sapi).
gèbèr :
êngg. kn: gèmbèl, gèbèl (glambir)
gèbès :
kn: gèdhèg, nandhakake ora jodho [x]-[x]: 1. gèdhèg-gèdhèg; 2. êmoh, nampik; di-[x]-ake: ditampik, diêmohi.
(gèblèg) :
ng-[x] êngg. kn: rubung padha nonton; kc. dèblèg.
(gebog) :
di-[x] êngg: ditalèni singsêt, diêrut; ng-[x]: wangkal, wangkod.
gèbrèh :
kn: 1. jodhèh, wuda; 2. gunêman ngudhar wadi.
gedug :
(k) êngg. kn: gadug.
(gèjèg) :
[x]-an êngg. kn: bêgajagan.
(gèjès) :
êngg. pc: enak, kêpenak.
(gejog) :
ut. [x]-an kn: kothekan (padha têtabuhan nganggo lêsung).
gèdhèg :
ut. [x]-[x] kn: ngobahake êndhas (nyasmitani yèn ora cocok ut. gumun); si [x] lan si anthuk pr: wong sing wis padha sêkaitan.
gèdhèng :
kn: untilan pari ana rong bêlah ± 10 kati; ng-[x]-i: diuntili.
gege :
banyu [x] n. toya gege k: banyu sing dianggo ngêdusi bayi supaya enggal gêdhe; ng-[x] (mangsa): ngenggalake wêktu (njaluk supaya enggal).
(gègèk) :
I. ng-[x] êngg kn: (njêjaluk) ngujêg. II. ng-[x] êngg. kn: tansah gumuyu; kc. gigik III. ng-[x] êngg. kn: cêgukên, sêgunên; kc. glègèk.
gègèl :
[x]-[x] êngg. kn: tansah kumudu guyu; kc. gigil.
gègèn :
êngg. kn: rikat, enggal; kc. gage.
gègèr :
kn: 1. orêg arame; 2. (ut. [x]-an) dahuru, pêrang ut. kraman; ng-[x]-ake: 1. ngorêgake; 2. agawe dahuru.
(gègès) :
ng-[x] kn: 1. tansah watuk (njugug bae); 2 êngg. pc. jênak lan sênêng.
gègèt :
pc. rukêt bangêt (ora bisa uwal) tmr. kêrêngan lsp; kc. gogèt, kèkèt.
gegoh :
êngg. kn: usrêk, rame: ng-[x]-i: ngrigoni.
gègrèg :
kn: gogrog, padha mbodhol.
gègrèk :
ng-[x] kn: tansah gumuyu, gegroh kn: wis tuwa bangêt.
gèh :
nggèh êngg. k: inggih.
geyal-geyol :
kn: mêmamah apa-apa sing alot; kc. geyol.
geyan :
êngg: enggal! kc. gage.
geyang-geyong :
kn: gondhal-gandhul; kc. geyong.
gèyèt :
êngg. kn: sènggèt; gèthèl.
geying :
(ge-ing) êngg. pc: ora timbang (cocog).

--- 136 ---

geyuk ~ gèrèd

geyuk :
êngg. pc:gadug.
geyol :
salak [x] kn:salak sing ênom (kênthose isih putih).
(geyong) :
[x]-an kn:1 gandhulan; 2 (ut. gegeyongan) panêmu kang diantêpi.
geyor :
êngg. pc:gayor.
(geyot) :
ng-[x] pc:mbêndheyot (nggandhul abot).
gèk :
I pc: 1 enggal, age; up. [x] mangkat ta !; 2 banjur, sawise iku banjur, up. nèk wis mangan, [x] manyanga[4] pasar.II pc.: 1 têmahane bok-mênawa, up. mêngko [x] ora kêtêmu; 2 (ut. [x] mangsa, mangsa [x]) bok-mênawa ora (pamaido). III êngg. pc: 1 lagi, up. Si Amat [x] maca layang kabar; 2 dhèk, nalika. IV [x]-e êngg. pc: duwèke. V di-[x]-ke êngg. pc: digawèkake. VI nggèk, nggik êngg. pc: ing; up. sing lara nggèk êndi ?
gèl :
êngg. kn:1 mligi, ngêmungake; 2 padha trêp; 3 tulèn, murni.
gela-gelo :
kn:menglang-mènglèng; kc. gelo.
gelang :
I êngg. kn:bngs. krokot. II êngg. kn: pondhoh arèn.
gèlèh-gèlèh :
kn:katon cêtha ngegla.
gèlèng :
sa-[x] kn:saglintir tmr. tike; ng-[x]-i: ngglintiri tike.
gelo :
I n. gèntên k. èngg: rupiyah. II [x]-[x] kn: bola-bali ngobahake êndhase.
gèmbèl :
kn: 1 kulit (daging) sing saèm. glambir; 2 pating kluwêr sarta bundhêt tmr. rambut ut. wulu.
gèmbyok :
êngg: gombyok, ombyok.
(gembyong) :
di-[x] êngg: dirêngga-rêngga nganggo gombyok lsp.
(gembyor) :
[x]-[x], gembyar-[x] kn:kuru lan lêmês marga lêlaranên.
(gèmblèh) :
[x]-[x] kn:gumantung kawèr-kawèr tmr. glambir, gèmbèl lsp.
(gemblok) :
ng-[x] kn:nggamblok.
(gembol) :
I ng-[x] kn:1 nggêgawa apa-apa kalêbokake ing tapih ut. kêmbên; 2 duwe apa-apa sing winadi; ng-[x] watu pr: duwe niyat sumêdya mialani ut. malês; [x]-an: 1 apa-apa sing digembol; 2 buntêlan; 3 (dhuwit [x]-an) dhuwit cêkêlan; 4 apa-apa sing ginawe wadi; 5 kawruh lsp. sing diantêpi ut. sing diaji-aji. II êngg. kn: socaning kayu sing mêndhukul.
gembong :
ut. gegembong kn:gêgêdhug, jêjênggul; macan [x]: macan lorèk.
(gèmèl) :
di-[x]-i êngg. dicêkêli, dicandhêt.
(gêmos) :
ng-[x] êngg, pc: mangan tmr. raja-kaya.
(gempar, gempor) :
di-[x] êngg: ditepang; kc. gampar.
gempo :
êngg. kn:kacu.
gèn, nggèn :
pc:ènggèn (k. ênggon).
genan :
êngg. pc:karêbèn.
(gèndèng) :
[x]-ginèndèng kn:tarik-tinarik; daya-dinaya; ng-[x]: narik-nyènèng; ng-[x] gèrèt cènèng cèwèng pr: gênti-gêntèn mènèhi (tulung-tinulung).
genjah :
kn:1 êngg. nyimpang, sulaya; 2 (ut. [x] budi) ora antêpan, ora kêna dipitaya; 3 enggal awoh tmr. pari lsp; 4 êngg. pc. enggal duwe anak; ng-[x]: 1 nandur pari sing genjah; 2 ngenggalake apa-apa sing durung mangsane; ngêmping lara ng-[x] pati pr: nêmaha marang sangsara ut. pati.
genjong :
kn:ar. pêndhing.
(genjor) :
[x]-[x] kn:gênjuk-gênjuk, êmpuk mêmbut.
(genjot) :
ng-[x]-i êngg. pc:nggondhèli, nggandhuli.
gèndhèl :
I (ut. gêndhêl) sa-[x] êngg. kn: 1 untingan, bêngkêkan lawe lsp; 2 buntêlan gula Jawa. II di-[x] êngg: digandhulake (digayutake) ing tali; kc. èndhèl. III kn: abuh ing kuping sing mêntas ditindhik lsp; [x]-ên: kadunungan gèndhèl.
gèndhêl :
kn:katêrangan panjunjung lsp. sing krasa abot; gumèndhêl: krasa abot.
gèndhol :
[x]-[x] kn:katon gandhul-gandhul; ng-[x]: nggubêl, tansah gumandhul; ng-[x]-i: 1 nggandhuli, nyêkêli lan nyandhêt; 2 ngelikake aja nglakoni (ora olèh mulih lsp); kc. gondhèl.
gendhong :
êngg. kn:1 bakul; 2 ambên kanggo nalèni lapak, wlulang dianggo nggêgawa ing gigir, sangkutan bêdhil; ng-[x]; nggêgawa apa-apa kadèkèk ing gêgêr (nganggo slendhang lsp. ut. ora); ng-[x] mikul: anak lanang tampa 2 bagean, anak wadon 1 bagean (tmr. pangêduming warisan).
gendhor-gendhor :
kn:genjor-genjor.
gene :
I êngg. pc:1 mokal yèn; up. [x] ana, wong mati bali nèng donya; 2 nanging, jêbul; up. jare kowe lunga nyang Sala, [x] ki sih thênguk-thênguk! kc. dene. II kêna nggene n. kenging punapa k. êngg: kêna apa; ya-gene n. gene-ya n. (gene lèh, gene si êngg) wontên punapa k: ana apa, sêbab apa.
gèntên :
êngg. k:gelo.
gèntèr :
kn:pring dawa dianggo mepe lsp.
gence :
êngg. kn:1 ora padha; 2 anèh.
gèncèl :
kn:1 mawa turahan yèn dipara; 2 ora ganêp saprangkat; 3 (ut. [x]-an) turahan, ganjilan; di-[x]-(i): digawe gèncèl; kc. gecol.
gèncêng :
kn:kateranganing pamanah lsp. kang ngênani.
(gènthol) :
ng-[x]-i êngg. pc:nggantholi.
gènyèh :
êngg. kn:gonyèh.
genggong :
kn. ak:gêdhe; jangkrik [x] ws: gangsir.
gengsot :
êngg. kn:ndhoyong; kc. gesot.
(gepak) :
ng-[x] êngg. kn:nyimpang, sumingkir.
gèpèng, gêpèng :
kn:pèndèng (ora mblêndhuk).
gepor :
êngg. pc:epor, sayah bangêt.
gèr, nggèr :
kn:anggèr (panyêluk marang bocah cilik).
gèrang-gèrêng :
kn:katêranganing tumandang kang cak-cêk, kêna lsp. kc. gèrêng.
(gèrèd) :
ng-[x] kn:narik, nyèrèd; [x]-an: adu jago lsp. tanpa totohan, mung sing kalah jagone diepèk.

--- 137 ---

gèrèk ~ gêblag.

gèrèk :
I êngg. kn:bungah. II êngg. pc: kari.
(gèrèng) :
ng-[x] gèntèng kn:ngujêg njêjaluk.
gèrêng :
mak [x] kn:katêranganing kêna, tumanduk, nyêkêl lsp.
gèrodan :
êngg. kn:yun-yunan.
gèroh :
èngg. kn:goroh.
(gèrong) :
I (ut. [x]-an): têtêmbangan barêng karo gamêlan; ng-[x]-i: nêmbang mbarêngi laguning gamêlan. II kn: ar. waluh.
(gerot) :
ng-[x] êngg. kn:nggêgêt, nyakot.
gès :
kn:1 katêranganing pangiris; 2 êngg. têtak; kc. grès.
gèsèh :
kn:sulaya, ora cocog, beda; ng-[x]-i: nyulayani.
gèsèk :
kn:iwak sing disigari diêpe sarta diasin.
(gesor) :
ng-[x] êngg. pc:jênak, tlatèn.
gesot :
kn:mèncèng, pencong.
gèspêr :
(W) kn:timangan cathokan cilik.
gèsrèk :
kn:1 nggêpok gêgosokan; 2 êngg. sulaya, crah; ng-[x]: 1 nggêpok sarta gêgosokan; 2 nyangkut tmr. layangan supaya bisa tatas.
(gèt) :
I ng-[x] kn:ora nganggo antan-antan (dadakan) salin kaanan; ng-[x]-[x]-i: njalari kagèt; 2 ora gumunan. II di-[x](i) êngg: digolèki.
(gètrèh) :
di-[x]-ake êngg:dijlèntrèhake.
(gècèk) :
di-[x]-i êngg: digocèki.
gècèl :
êngg. kn:1 ora rampak (urut); 2 penjol, benjo; kc. gecol.
gecol :
kn:1 ora rampak (runtut); 2 penjol, benjo; 3 êngg. gèncèl.
gecot :
kn:gesot, pèncèng.
gethang :
êngg. k:gothang.
gèthèk :
I kn:1 êngg. gèntèr; 2 amben-ambenan sing digawe pring digapit; 3 (prau [x]) prau cilik sing nganggo gèthèk; [x]-an: andhan-andhan pring dianggo garap omah lsp. II kn: galêran ing kulit tilas tatu.
(gethok) :
[x]-an kn:ora têmênan, ethok-ethokan.
gethol :
êngg. pc:gethok.
gethot :
êngg. pc: gecot.
(gewar :
ng-[x] êngg. kn:nggiwar, nisih.
(gèwèh) :
di-[x]-i êngg. pc:diwènèhi.
(gèwèng) :
di-[x]-[x] êngg: dièwèng-èwèng, digawa ut. ditarik mrana-mrana.
gèwêl :
kn:katêranganing panyakot lsp.
gewol :
têmbako [x] êngg: têmbako sing dianggo susur (têmbako sing ala dhewe).
gêbag :
I kn:babag, mèh padha tmr. umur-umuran; [x]-an: grudugan. II k: gêbug.
gêbayan :
pc:kêbayan.
gêbal :
I (ut. [x]-an) kn:susukan sukêt salêmahe; ng-[x]: nusuk sukêt salêmahe. II ng-[x] kn: ngêmping bayaran (pajêg lsp) ng-[x]-ake bayar: nêbasake bayar; [x]-an: dhuwit olèh-olèhane nggêbal. III wc. kêdibal; [x] dalêm (sampeyan): ingkang abdi.
(gêbambèr) :
ng-[x] kn:gumandhul nglawèr.
gêbang :
I kn:ar. wit bngs. palêm, kulite digawe agêl. II ng-[x] kn: nangkis nganggo tumbak ut. sodhor; [x]-an sodhor: tangkis-tangkisan nganggo sodor.
gêbèl :
ut. ng-[x] kn:uyêk-uyêkan akèh bangêt.
(gêbêg) :
ng-[x] kn:nggosok murih gilap ut. rêsik; ng-[x] kuping: ngosok kuping marga saka nêpsu bangêt.
(gêbêng) :
di-[x] kn:I diikêt ut. disingsêt ing bêngkêkan; 2 br. digolongake, diwêngku; [x]-an ut. gêgêbêngan: 1 rasa-rasaning batin; 2 wêwêngkon, golongan; [x]-ane: golongane, ewone.
gêbêr :
kn:layar lsp. dianggo aling-aling; di-[x]-i: dialing-alingi ing gêbêr.
(gêbês) :
di-[x]-[x] êngg: digêbês-gêbêsake.
(gêbibir, gêbimbir) :
ng-[x] kn:katon têlês ut. klêbus.
gêbig :
êngg. pc:êmoh ngaku.
gêbincih :
êngg. k:gêbiri.
gêbing :
ut. [x]-an kn:apa-apa sing diirisi (disigari); di-[x]-(i): 1 digraji lsp nganti dadi irah-irahan ut. blabak; 2 diirisi lan disigari tmr. krambil, tela lsp.
(gêbiri) :
n. gêbincik k. êngg: kêbiri.
(gêbis) :
ng-[x] êngg.pc:sênêng bangêt nglakoni maksiyat.
gêbyag :
I êngg. kn:babag, gébag. II ng-[x] kn: 1 rubuh tmr. gêdhèg lsp; 2 (ut. ng-[x]-i nêbaki ambèn, gêdhèg lsp; ng-[x]-ake: 1 ngrubuhake supaya nggêbyag; 2 ngêpyakake, ngumumake, nyêmuwakake wayang wong lsp; [x]-an: kêpyakan, sêmuwan; sa-[x]-an: samangsa kang kêlakon.
(gêbyah) :
ng-[x] kn:umum, sumrambah lumrah; di-[x]: 1 dipaculi murih lêmbut tmr. lukon; 2 (ut. di-[x] uyah) dicaruk-banyu, diracak, dianggêp padha bae.
gêbyar :
kn: 1 sorot satleraman; 2 kaendahan kang katon ing lahir; gumêbyar: sumorot padhang; sa-[x]-an: sakêlapan, satleraman.
gêbyas :
kn:gêndul cilik.
gêbyug :
I kn:padha rupane, têmpuk; ng-[x]: 1 nggrudug, mèlu nrombol; 2 nyampyuk tmr. banyu ut. ombak; [x]-an: 1 racakan, carukan tanpa dipilah-pilah; 2 pasisir, têpining sêgara sing kêrêp kasêmpyok ing alun.
gêbyur :
kn:1 pêpindhan swaraning banyu kagrujugake lsp; 2 êngg. adus wuwung; ng-[x]: 1 ambyur ing banyu; 2 nyêmplung ing kalanganing pakumpulan lsp; 3 ngadoni wedang bubuk (tèh) gulane kacêmplungake babar-pisan dicampur nalikane ngadoni.
gêbyog :
I kn:blabag sing dianggo pêpagêring omah; di-[x]: (omah) dipagêri ing gêbyog. II [x]-an êngg. kn: têpining sêgara sing kêrêp katêmpuk ing alun; kc. gêbyug.
gêblag :
kn:1 katêranganing tiba klumah; 2 dina kabênêr patine, up. dina [x]-e wong tuwa ora kêna dianggo duwe-gawe; ng-[x]: 1 tiba mlumah; 2 pc. jatuh, tiba (dipocot lsp); kêgêblag: tiba klumah.

--- 138 ---

(gêblas) ~ gêjugan.

(gêblas) :
ng-[x] kn:1 lunga bablas (rikat); 2 minggat.
gêblèg :
kn:1 pênjalin dianam dianggo nggêbugi kasur lsp. murih rêsik; 2 ar. perangan ing lapaking jaran; 3 êngg. ar. panganan sing digawe tela; ng-[x]-i: 1 nggêbugi kasur lsp. nganggo gêblèg; 2 nggêbugi nganggo barang sing amba.
gêblêg :
I kn:bngs. lurik tênunane kasar. II kn: 1 ks. bodho; 2 êngg. budhêg tmr. dhuwit.
gêblug :
I kn: pêpindhan swaraning barang êmpuk tiba lsp; di-[x]-(i): 1 digêbyagi, digêbugi; 2 dithuthuki, diidak-idak amrih madhêt lsp; pa-[x]: pagêring (ungsum lêlara). II êngg. kn: bujêl, kêthul.
gêblog :
kn:1 ukuran saambaning èpèk-èpèk; 2 êngg. êmblog, tmr. mori, tênunan lsp.
gêbug :
n. gêbag k:gitik gêdhe; di-[x]: 1 digitik nganggo gêbug; 2 (di-[x] prang) ditêmpuh (disêrang) prang; 3 (di-[x] lotre, di-[x] dhadhu) diundhi sarana lotre (dhadhu); 4 (di-[x] racak) digêbyah-uyah, diracak.
gêbung :
kn:bêngkêkan, untingan, up: dluwang sa-[x]; di-[x]: dibêngkêk.
gêbog :
êngg. kn:1 gêdêbog; 2 (sa-[x] êmblog mori lsp; 3 bngs. sênik gêdhe; kc. gêbug.
gêbrag :
mak [x] kn:katêrangan lan pêpindhaning swara nêbak meja, ambèn lsp; ng-[x]: 1 nêbak apa-apa sing lumrahe rata (ambèn, meja lsp); 2 nungkak wêtêng jaran supaya bantêr playune.
gêbrah :
kn: ora bisa ngrasakake enak tmr. cangkêm.
gêbral :
mak [x] êngg. pc:mak brol, mak bral.
(gêbras) :
I ng-[x] êngg. pc:nggêblas lunga bablas. II di-[x] êngg. kn: dikêpras, dipapras.
(gêbrat, gêbrèt) :
êngg. pc:[5] gêbras I
gêbrès :
mak [x] kn:katêrangan ut. swaraning waing lsp; [x]-[x]: 1 gabêr-gabêr, nyêmprotake irung marga mambu sing ora enak; 2 pc. êmoh bangêt.
gêbrug :
kn:pêpindhan swaraning barang antêb tiba lsp; di-[x]: dilêmbutake ut. dimadhêtake.
gêbrus :
kn:gabrus; ng-[x]: 1 nggabrus; 2 maculi ut. nggêmpur guludan supaya ajur.
gêdabag :
kn:dabag, bngs. gêdhèg sing kasar.
gêdabig :
mak [x] kn:katêrangan polah kang ngêgèt; [x]-an: 1 polah ngolang-ngaling (yèn turu); 2 ora jênjêm, tansah bingung anggone golèk butuh lsp.
(gêdabul) :
ng-[x] kn:1 rêgêd gupak blêthok lsp; 2 (ut. nggêdabrul) êngg. omong-omongan sinambi gêgojègan.
(gêdabur, gêdabrul) :
ng-[x] êngg. omong-omongan sinambi gêgojègan.
gêdandap :
mak [x] kn:katêrangan polahing wong kagèt; [x]-an: polahing wong bingung ut. kagèt.
(gêdebag) :
I ng-[x] kn:1 ngglebag, njêmpalik; 2 gêdabigan. II ng-[x] pc: katon jêmbar tmr. dhadha lsp.
gêdegug :
êngg. kn: gadug.
gêdêbag-gêdêbug :
kn:tansah nywara pating gêdêbug.
gêdêbêg :
I ut. [x]-[x] kn:swaraning wong mlaku lsp. II êngg. kn: bngs. grobag rodhane tanpa ruji.
gêdêbug :
kn:pêpindhan swaraning barang tiba, sikil napak.
(gêdêbus) :
ng-[x] kn:omong gêgorohan.
gêdêbog :
kn:wit gêdhang.
gêdêdêr :
êngg. pc:ndhrêdhêg, ndhrodhog; kc. kêdêdêr.
gêdêr :
kn:uyêk arane; gumêdêr: nywara rame.
gêdibal :
kn:1 lêmah sing lumèngkèt ing sikil; 2 batur; [x] sampeyan k: baturmu (aku); kc. dibal, gêbal.
(gêdibêl) :
ng-[x] kn:krasa abot tmr. sikil up. nganggo sêpatu lsp.
gêdindang-gêdinding :
kn:pundhake (bangkèkane) oyag ing nalikane mlaku.
gêdubang :
kn:idu abang ing nalikane nginang; kc. dubang.
(gêdublong) :
ng-[x] ks: 1 dublong; 2 kojah, ngêcêmong.
gêdudon :
êngg. pc:kêsalahan; kc. kêdudon.
gêduga :
n. gêdugi k. pc:kêduga (bisa nglakoni).
gêduwung :
kn. pc:kêduwung (gêtun).
(gêdogrog) :
ng-[x] êngg. pc: njêdodrog.
gêdrag-gêdrug :
kn:bola-bali pijêr nggêdrug.
gêdrah :
kn:1 sumêbar ingêndi-êndi; 2 ngêmbrah, lumrah.
gêdrig :
(W) kn:1 cap-capan; 2 tulisan cara cap-capan.
(gêdrug) :
I [x]-[x], gêdrag-[x] kn:napakake sikil ngégèt bola-bali (marga muring lsp); ng-[x]: napakake sikil ngêgèt. II kn: bung laos.
gêjag :
kn:1 rame ut. dêdrêg anggone tarung ut. kêrêngan; 2 pc. padha kuwate (digdayane); di-[x]-(i): digêbyagi, dithuthuki tmr. galar lsp.
(gêjah) :
ng-[x] êngg. kn:ngênêtake nganti dhêkok, nuthuk.
(gêjêg) :
ng-[x] êngg. kn:1 têrus bae tanpa lèrèn; 2 ngujêg.
gêjig :
I kn:1 bngs. linggis kayu; 2 êngg. linggis ingisor njêbèbèh; ng-[x]: namakake gêjig. II kn: pincang marga sikile sing siji cupêt.
(gêjil) :
di-[x] kn:diantêm nanging mung nganggo driji papat katêkuk.
(gêjlèg) :
ng-[x] kn:pijêr mara (têka); kc. èjlèg.
gêjlig :
I kn:katêranganing anjlog lsp; jlig. II kn: tambêngan banyu, pintu air; kc. jêglig, gêjugan.
gêjlug :
mak [x] kn:katêranganing anjlog lsp.
gêjujur :
kojur [x] pc:tansah kojur (cilaka); kc. kêjujur.
gêjug :
I êngg. kn:linggis. II di-[x] êngg. pc: ditêndhang, didugang.
gêjugan, gêjlugan :
êngg. kn: lawang

--- 139 ---

(gêjus) ~ gêdhong.

sing yèn ngêngakake kasodhok munggah.
(gêjus, gêjos) :
mak [x] kn:katêrangan tumamaning lêlandhêp.
(gêjojor) :
ng-[x] pc:sikile disêlonjorake kêncêng; kc. kêjojor.
(gêjog, gêjroh) :
ng-[x] kn:nojoh nganggo têkên lsp.
gêjras :
mak [x] kn:katêrangan tumamaning pacul lsp.
gêjrut :
mak [x] kn:dumadakan mêcothot mêtu.
(gêdhag) :
ng-[x] kn:nggêrtak sarta nantang sêmu ngina; sa-[x]-an: saungsuman ing nalika iki.
gêdhag-gêdhig :
kn:umuk, ngêndêl-êndêlake.
gêdhag-gêdhog :
kn:tansah nywara dhag-dhog (jaran ana ing gêdhogan); kc. gêdhog.
gêdhah :
kn:1 warnane sêmu ijo (kanggo tutup jêndhela lsp); 2 bêling ut. porsêlin warnane sêmu ijo; 3 br. bngs. cangkir; 3 (ut. biru [x], gumêdhah biru ênom).
gêdhah-gêdhih :
ora ana [x] êngg. pc:ora ana apa-apa.
(gêdhakal) :
[x]-an kn:1 mbrangkang maju sêmu kêsusu; 2 gita mapagake (mara lsp).
gêdhana-gêdhini :
kn:sêdulur loro lanang karo wadon.
(gêdhandhul) :
ng-[x] kn:gumandhul.
(gêdhandho) :
ng-[x] kn:mbêdhandho.
gêdhang :
n. pisang k:ar. wit sarta wohe jênênge warna-warna, up.[x] kêpok, [x] raja, [x] gêndruwo lsp; kêmbang [x]: ar. lurik; rara [x]: prawan sing mêtêng [x] pupus cindhe pr: kamelikan (kabêgjan) sing mokal; rubuh-ruhub [x] pr: sêmbahyang mung anut polahing liyan, ora mangêrti rapale; disuguh [x] bangka pc: ditabok.
gêdhang-ayu :
n. pisang-ayu k:gêdhang isih wutuh dianggo slamêtan.
gêdhangklik :
pating [x] kn:ora kukuh anjing-anjingane.
gêdhangkrang :
ng-[x] kn:linggih ana ing papan sing dhuwur sarta katon gagah kc. kêdhangkrang.
gêdhang-salirang :
kn:omah mung saêmpyak.
(gêdhapal) :
[x]-an kn: gêdhêmpalan.
(gêdhawa) :
ng-[x] êngg. kn:nganggêp luput (kliru).
gêdhe :
n. agêng k:1 kb. cilik; 2 akèh banyune tmr. kali; 3 akèh, bangêt kêladuk tmr.minum, mangan, angin udan; [x] atine: mantêp, mongkog; [x] êndhase: umuk; [x] danane: akèh danane; [x] tirakate: anggone tirakat mêmpêng; [x] walate: malati bangêt; dina [x]: dina sing dimulyakake, riyaya; aksara [x]: aksara murda; priyayi [x]: priyayi luhur; gumêdhe kn: umuk, ambêg luhur; digêdhèkake: digawe supaya luwih gêdhe; pang-[x]: 1 lurah, pangarêp, jêjênggul; 2 peranganing omah antarane brunjung karo èmpèr; dipanggêdhèni: dipangarêpi; kc. gêdhèn.
gêdhe-dhuwur :
n. agêng-inggil k:pawakan sing gêdhe lan dhuwur.
gêdhèg :
kn:1 nam-naman pring rada kasar; 2 aling-alinging omah sing digawe nam-naman pring; rai [x] pc: ora duwe isin; di-[x]-i: dipagêri (dialing-alingi) ing gêdhèg.
gêdhèn :
n. agêng-agêngan k:sarwa akèh ut. sarwa gêdhe tmr. mantu, totohan lsp.
gêdhêg :
I kn:saèm. gèdhèg nanging mung sêmu manthuk; [x]-[x]: gèdhèg-gèdhèg marga gumun ut. mangkêl bangêt; di-[x] êngg: didhêdhêg. II êngg. rêgêd, lêthêk; gêgêdhêging bumi br: lêlêthêking bumi, gêlah-gêlaging jagat. III êngg. kn: ora ana sing kalah ora ana sing mênang tmr. adu kêmiri lsp. IV ng-[x] kn: 1 judhêg, mbêdhêdhêg atine; 2 êngg. bungah bangêt; 3 êngg. ngêpêng bangêt ênggone macak; anggêgêdhêgi ati: nggumunake bangêt; di-[x]-ake êngg: dilêmparakake tmr. têtanduran; [x]-an êngg: pêng-pêngan ênggone macak lsp; [x]-ane pc: pêng-pêngan, sing disênêngi bangêt.
(gêdhêgêl) :
ng-[x] atine êngg:mêndhêkêl atine.
gêdhêle :
êngg. pc:kêdhêle, dhêle.
gêdhêm :
pc:gêdhe bangêt.
gêdhêmpalan :
kn:1 nututi (mlaku) kanthi rêkasa bangêt; 2 gita mapagake.
(gêdhêngkrêng) :
ng-[x] kn:linggih ora mingsêt-mingsêt; kc. kêdhêngkrêng.
gêdhêpêk :
mak [x] kn:katêranganing linggih srêg sarta tata.
gêdhig :
kn:1 gêgêring kampak lsp. dianggo nuthuk: 2 (ut. [x]-an) gêbug sing dianggo ngoncèki kêdhêle lsp; di-[x]: 1 êngg. pc. dijotos; 2 dithuthuk nganggo gêgêring arit lsp; 3 dioncèki sarana dithuthuki nganggo gêdhig.
gêdhig-manggala :
br:gêgêdhuging prang; kc. gêdhag-gêdhig.
(gêdhingkring) :
ng-[x] kn:linggih ana ing papan sing dhuwur sarta ora mingsêt-mingsêt; kc. kêdhingkring.
gêdhug :
kn:1 gadhug, dhug; 2 êngg. pc. pantog, têkan; di-[x] êngg: dipantogake, ditêrusake nganti pantog; gêgêdhug: agul-aguling prang; di-[x]-[x]-ake: dithuthuk-thuthukake nganti nywara dhug-dhug.
gêdhut :
êngg. pc:kêdhut.
gêdhungsangan :
kn:nusul (mlaku) kanthi rêkasa.
gêdhobyah-gêdhobyoh :
kn:pating krêmbyah marga kêgêdhèn tmr. klambi lsp.
gêdhobrah-gêdhobroh :
kn:gêdhobyah-gêdhobyoh.
gêdhog :
kn:1 pêpindhaning swara saèm. gedhug-gedhug; 2 (wayang [x]) wayang sing nyritakake Panji; ng-[x]: nêbak meja lsp. nganti muni dhog-dhog; [x]-an: kandhang jaran.
gêdhoh :
I êngg:kuping; kc. godhoh. II [x]-an êngg: 1 êndhêg-êndhêg; 2 ks. watak, jêroan.
gêdhokan :
êngg: nanduri pari ing sawahing liyan sarana olèh saprapating pamêtune; kc. kêdhok.
gêdhong :
I kn:1 (omah [x]) omah sing mawa pagêr bata; 2 ([x] pêtêng) kunjara; 3 gudhang panyimpênan ut. kanggo cêcawis dhahar ing kraton lsp; 4 ([x] têngên, [x] kiwa) gêgolonganing abdi-dalêm kraton sing ngrêksa gedhong 3; 4 (juru [x])

--- 140 ---

gêdhongklak-gêdhangklik ~ gêli.

wong sing tinanggênah nyêkêl dhuwit lsp. ing dalême para luhur; 4 ([x] pêtêng) kunjara; di-[x]: dilêbokake ing gêdhong; [x]-an: êngg: paturon (omah buri); pa-[x]-an: 1 critane dhalang sadurunge ngêtokake wayang; 2 paugêran wêwaton ing padhalangan; 3 paugêran (ngèlmu) sing diugêmi; 4 sêdya (karêp) sing isih winadi; 5 ar. nêgara ing jaman kuna (kabawah ing Daha). II kn: jarit lsp. sing dianggo mblêbêd bayi; di-[x]: diubêd-ubêd ing gêdhong.
gêdhongklak-gêdhangklik :
kn:kc. gêdhangklik.
(gêga) :
k:gugu.
gêgala :
kn:kc. gala.
gêgaman :
n. dêdamêl k:gaman.
gêgana :
kn:awang-awang; ng-[x]: mabur.
(gêgêg) :
ng-[x]-i kn:ngêngkoki, ngugêmi, ndhaku.
gêgêh :
kw:kukuh, sêntosa.
gêgêl :
kn:1 (ut. [x]-an) athik-athikan paku lan tanganing wayang; 2 êngg. lèngkèt bangêt marang; di-[x]-i: ditrapi gêgêl tmr. wayang; [x]-an: 1 mawa gêgêl (athik-athikan); 2 (kewan [x]-an) kewan sing akulit kandêl mawa lêlingkapan kaya dene gangsir, walang lsp; 3 apa-apa sing dilèngkèti.
gêgêm :
kn:1 kêpêlan tangan; 2 têkêman tangan; ng-[x]: 1 ngêpêl tangan; 2 nggawa apa-apa sarana katêkêm; 3 nguwasani, ngrêgêm; ng-[x] dhuwit: duwe dhuwit; ng-[x] tangan: kêsèd, ora gêlêm tumandang ing gawe; ng-[x] watu: ngigit-igit nêdya malês nanging sinamun.
(gêgên) :
ng-[x] kw:nyandhak, nyêkêl.
gêgêr :
kn. pêngkêran ki:peranganing gêmbung sing buri; adu [x]: linggih ungkur-ungkuran; ng-[x]: 1 kaya gêgêr; 2 tansah ana ing buri, ora bisa maju tmr. prajurit sing mangsah pêrang; 3 (linggih ng-[x]) linggih ora mingsêt-mingsêt; ng-[x] sapi: lumahe mlêngkung tmr. dalan lsp; ng-[x] wêlut: nggligir tmr. pinggiraning klasa pasir lsp.
(gêgês) :
I ng-[x] kn:1 ngiris gêdhèg lsp. alon-alon; 2 ngiris kaya nggêrêti; 3 ngênês, sêdhih. II ng-[x] pc: njêkut (adêm) bangêt; kc. kêkês, grêgês.
(gêgêt) :
ng-[x] kn:1 nggathukake untu sarta diênêtake kêncêng; 2 êngg. kaku uwange marga kakehan ngguyu.
(gêgrêg) :
ng-[x] êngg. kn:njêgrêg, njêngêr.
gêgwan :
kw:cêkêlan; kc. gêgên.
gêk :
[x]-[x] kn:swaraning ngombe.
(gêkêng) :
ng-[x] êngg. kn:ora obah-obah sêmu mantêp bangêt.
gêla :
kn:1 rasa cuwa marga ora cocog karo kang dikarêpake; 2 êngg. ora prêduli; nggêlani: njalari gêla.
gêlah :
kw: rêrêgêd, lêlêthêk; [x]-[x]-ing jagat: rêrêgêding jagat (sing ala dhewe).
gêlak :
I êngg. kn:sêlak (tumuli arêp). II ng-[x] kn: ngenggalake laku, nyrêmpêng ing gawe supaya enggal rampung; [x]-an: pagawean sing digêlak; kc. gêlêk.
gêlam :
kn:ar. têtuwuhan.
gêlana :
kw:1 angkuh, anglês; 2 susah, sêdhih.
gêlang :
I kn. binggêl ki:kolongan êmas lsp. dianggo rêrêngganing tangan; têmu (têpung) [x]: kêmput mubêng agathuk; [x]-an: 1 kolongan wêsi lsp; 2 dolanan nganggo kolongan wêsi (ulah-raga lsp); 3 (ut. pa-[x]-an) sadhuwuring polok, ugêl-ugêl. II di-[x] êngg: dibuwang tmr. turahan pangan; di-[x]-i: diwènèhi lorodan pangan.
gêlap :
I kn:gênining blêdhèg sing nyambêr; untu [x]: rodha sing pinggirane mawa cringih-cringih; ng-[x]: (kaya gêlap) nggêblas, lunga bablas. II (M) kn: pêtêng (ora têrang saka nêgara ut. tanpa idin), up. candu [x]. III ng-[x] payon kn: mbukak payon tmr. maling lsp.
gêlap-paju :
kn:blêdhèg yèn nyambêr sing disambêr sigar ut. madhul-madhul.
gêlap-wedang :
kn:blêdhèg yèn nyambêr sing disambêr lodhoh (mlosoh).
gêlar :
kn:jèrèng, jèmbrèng; 2 sêmune (katone) ing lahir, rêrekan kang ginawe ngapusi lsp; 3 tataning baris, ubêd lakuning pêrang; dianggo [x]: dianggo rêrekan murih ngandêl lsp; alane [x] dening yêkti pr: ora mung nggugu gunêm bae, bêcik dinyatakake; wis sa-[x] sapapan: wis miranti ut. sumadiya; gumêlar: 1 jumèrèng; 2 wis têrang bangêt; 3 kang wis katon tumata, up. kabèh sing gumêlar ing bumi; ng-[x]: 1 njèrèng lan nata klasa lsp; 2 ngudhar, mahyakake, up. ng-[x] wadi, ng-[x] pangawikan; ng-[x]-i: nggêlar klasa lsp. ing; ng-[x]-ake: 1 namakake (nindakake) gêlar; 2 nêrangake, mahyakake, ngudhar; kc. pagêlaran.
gêlaran :
k:klasa.
gêlas :
(W) kn:1 piranti kanggo ngombe sing digawe bêling; 2 êngg. bêling, kaca; di-[x]: digosok lan diusari ing bubukan bêling tmr. bolah layangan; [x]-an: 1 êngg. bêning kaya gêlas; 2 wis digêlas tmr. bolah; 3 bubukan bêling lan ancur dianggo nggêlas.
gêlèk :
kn:gêndul mblêndhuk wadhah minuman.
(gêlèt) :
di-[x]-(i) êngg:digolèki.
gêlêk :
1 kw. rikat; 2 êngg. kêrêp lunga.
gêlêm :
n. purun k. kêrsa ki:1 ora lênggana; 2 (ut. [x]-an êngg) gampang manut, sênêng nindakake sing ora samêsthine, up. [x] njêjupuk; 2 êngg. arêp (ora êmoh); [x]-an: manutan; 2 gampang gêlêm laku sisip.
gêlêng :
I kn:1 golong, kumpul; 2 ([x] rêmbuge, [x] pikire) gilig, wis matêng rêmbuge; [x]-[x]: 1 wis gêgolongan (pêpanthan); 2 cêtha (têrang) bangêt; gumêlêng: 1 wis kumpul agolong; 2 cêtha bangêt; ng-[x]-i êngg: ngandhani kanthi têrang; ng-[x]-ake: mantha-mantha miturut gêgolongane, nggolongake; (ge)[x]-an: gêgolongan, golongan. II kw: nêpsu, muring.
gêli :
êngg. kn:1 anyêl, mangkêlake; 2 kumudu ngguyu marga sumurup apa-apa sing anèh.

--- 141 ---

(gêlik) ~ gêmbrang.

(gêlik) :
[x]-[x] pc:ijèn tanpa rewang (ana ing papan sing sêpi).
gêlis :
(ut. [x]-an êngg) kn:enggal, rikat.
(gêlit) :
[x]-an, gêgêlitan kn:1 pêperangan ut. pêprincèning barang; 2 athik-athikan. ros-rosan; 3 gêgathukaning prakara.
gêlu :
kn:1 lêmah kêpêlan cacahe pitu dianggo ngganjêl mayit sing dikubur, 2 êngg. lêmah kêpêlan omahing urèt.
gêluk :
êngg. pc:bêluk (kêbul).
gêlung :
kn. ukêl ki:tataning rambut sing diukêl, arane warna-warna, kc. [x] kondhe, [x] bokor, [x] têkuk, [x] kadhal mènèk lsp; di-[x]: 1 diukêl lan ditata tmr. rambut; 2 êngg. ditalèni dadi siji; 3 br. dianggit, dikarang; [x]-an: 1 nata gêlung; 2 nganggo gêlung.
gêlur :
ut. [x]-an êngg. kn:1 nywara klêrêk-klêrêk; 2 ngorok, sêsêngguran; 3 gêgosokan maju-mundur.
gêlut :
kn:rukêt sikêp-sikêpan adu karosan.
gêlok :
êngg. kn:kerekan manuk.
gêmah :
kn:rêja tmr. nêgara. [x] aripah: rêja sarta akèh wonge.
gêmak :
n. puyuh k:ar. manuk sing diêdu sing lanang jênênge bênce; [x]-an: 1 dolanan niru gêmak tarung yaiku sarana cathok gawèl banjur pejet-pejetan jêmpol; 2 ar. kewan bngs. walang rupane lirik-lirik.
gêman :
êngg. kn:kêrêp nindakake, pundhuh, kulina.
gêmang :
êngg. pc:êmoh, suthik.
gêmati :
n. gêmatos k. pc:gumati; kc. gati.
gêmbaya :
kn:ar. bakal rupane abang sok kanggo kacu lsp.
gêmbayak :
pc:kêbayak (klambine wong wadon).
gêmbak :
êngg. kn:bngs. bodhag (tenggok gêdhe).
gêmbala :
pc. ki:jenggot; kc. gumbala.
gêmbar-gêmbor :
kn:tansah nangis (mbêngok) sêru; kc. gêmbor.
gêmbelang-gêmbèlèng :
kn:lumaku glelengan; kc. gêmbèlèng.
(gêmbèlèng) :
ng-[x], [x]-an kn:glelengan ing nalikane mlaku.
(gêmbelo) :
ng-[x] kn:êndhase gêdhe; 2 krasa abot êndhase; 3 umuk, gêdhe êndhase.
gêmbèng :
kn:gampang nangise; 2 êngg. kêsèd.
gêmbès :
kn:1 kanthongan wlulang; 2 èngg. kanthong.
gêmbêl :
I kn:pênthung cêndhak mawa pênthol timbêl (wêsi). II ng-[x] êngg. kn: mbiyêt wohe; kc. grêmbêl.
gêmbêngan :
êngg. pc:golongan; kc. gêbêng(an).
gêmbês :
I êngg. kn:gêrêtan (gêthakan) ing balok ut. kayu sing ditrapi tampar banjur digèrèt; 2 pênthol; di-[x] pc: diapusi. II êngg. kn: ngêmu banyu, ngêmbês.
gêmbil :
kn:katon kandêl lêmu tmr. pipi.
gêmbili :
kn:ar. wit lan wohe bngs. uwi.
gêmbira :
pc:gambira.
gêmbiri :
êngg. pc: gêbiri, kêbiri.
(gêmbyak) :
ng-[x]-i kn:mèlu ngombyongi bungah-bungah; gêgêmbyakan: gêgrombolan sênêng-sênêng.
gêmbyang :
kn:larasing gamêlan sing gedhe karo sing cilik sing tunggal laras; ng-[x]: nabuh wilahaning gamêlan laras gedhe karo cilik dibarêng.
gêmbyong :
kathok [x] pc:kathok cêndhak sikilane amba; kc. sagêmbyong.
gêmblak :
I êngg. kn:gêndul cilik. II kn: tukang gawe dandanan kuningan. III (ut. [x]-an) kn: lèdhèk lanang; ng-[x]: ndhêmêni padha lanang.
(gêmblang) :
ng-[x] êngg. pc:ngilak-ilak apadhang.
gêmblèk :
êngg. kn:1 linggih sêk-sêkan; 2 mbiyêt.
(gêmblèng) :
ng-[x] kn:mandhe (malu) wêsi lsp; [x]-an: 1 wêsi lsp. sing wis digêmblèng; 2 palu sing dianggo nggêmblèng; 3 sing apik dhewe, pêng-pêngan, jêjênggul.
gêmblêng :
[x]-e êngg:gunggung kumpul dadi siji; di[x]-ake: dikumpulake dadi siji.
gêmblêp :
kn:lêmu akandêl tmr. rai.
gêmbluk :
kn:anak babi.
gêmblung :
I êngg. kn:gêndhêng, edan; 2 niyaga; [x] jinurung, edan kêwarisan pr: wong atindak ala sing sapari-polahe sarwa kêbênêran. II ng-[x] êngg. kn: nggulung ing, nyêmplung. III ng-[x] êngg. kn: golèk (ndhudhuk) pala-kêpêndhêm ana ing alas.
gêmblong :
kn:ar. panganan (bngs. jadah ut. gêthuk).
gêmbuyakan :
êngg. kn:gêgêmbyakan.
gêmbuk :
kn:1 êngg. mêmêl tmr. daging lsp; 2 êmpuk tmr. kayu; 3 guling cêndhak sarta bundêr; [x]-[x]: êmpuk gênjuk-gênjuk; [x]-an êngg: ar. panganan (galundhêng).
(gêmbulêng) :
ng-[x] kn:katon gêdhe (kandêl) sarta pêtêng tmr. ombak, mêndhung lsp.
gêmbung :
kn:1 blêgêring awak (tanpa sikil, tangan lan êndhas); 2 undhi (bal) ing dolanan raton.
(gêmbur) :
[x]-[x] kn:êmpuk gênjuk-gênjuk; yuyu [x]-an: yuyu sing thothoke êmpuk.
gêmbus :
1 kn:damèn lsp. diuntêl-untêl dianggo ganjêl yèn nyênyunggi; 2 ar. tempe sing digawe ampas tahu; 3 ks. têmbung pangina ut. cêcampah.
gêmbok :
kn:piranti dianggo ngancing ut. ngunci; di-[x]: dikancing nganggo gêmbok.
gêmbolo :
kn:bngs. gêmbili ut. uwi.
(gêmbong) :
di-[x] êngg:diblêbêg ing banyu; kc. kêmbong, kêndhong.
gêmbor :
I kn:bngs. cèrèt gêdhe cucuke nganggo tutup abolongan cilik-cilik dianggo nyirami kêmbang lsp. II [x]-[x] kn: bêngok-bêngok; ng-[x]: 2 nywara sêru; 2 ks. nangis.
(gêmbos) :
ng-[x] kn:kêmpès marga angine mêtu tmr. ban.
gêmbrang :
I mak [x] kn:katerangan lan pêpindhaning swarane blèg tiba lsp. II êngg. kn: suwung. kothong; 2 mung kari mêrang marga dipangan manuk

--- 142 ---

(gêmbrèk) ~ (gêndhuk).

tmr. pari; gumêmprang: parine wis kopong êntèk dipangani manuk; gumêmbrang ora adang pr: kêkelangan êntèk-êntèkan.
(gêmbrèk) :
[x]-[x] êngg:sêsambat ngaru-ara.
gêmbrèng :
kn:1 bèri; 2 blèg ditabuh dianggo mêdèni manuk lsp; 3 êngg. blèg lênga petroli; 4 (lampu [x]) êngg. ting gantung nganggo tèdhèng blèg; ng-[x]-i: nabuh gêmbrèng dianggo têngara ut. nggusah; di-[x]-ake pc: diundhangake.
(gêmbrèt) :
[x]-[x] kn:1 jêlih-jêlih; 2 pc. sêsambat ngaru-ara; ng-[x]: mlayu inthar.
gêmbring :
kn:1 tipis lan mimring tmr. tênunan; 2 êngg. palsu tmr. dhuwit; 3 êngg. ks. gêndhêng, baring; têmbaga [x]: têmbaga blebekan tipis; ora [x] ora waring pr: ora nyandhang (mlarat bangêt).
gêmbro :
êngg. kn:aras-arasên lan kêsèd.
(gêmbrong) :
[x]-an, gêgêmbrongan êngg. pc:nywara rame bangêt.
gêmbrot :
pc:ar. lawuh sing digawe krambil karo godhong sèmbukan lsp.
gêmela :
[x] wela-wela kn:ngêgla bangêt (cêtha bangêt).
gêmèndhèl :
pc:krasa abot: kc: gèndhêl.
gêmêdhe :
kn. pc:umuk; kc. gumêdhe, gêdhe.
gêmêmblang :
êngg. pc:padhang bangêt; kc. gêmblang.
gêmêmplang :
kn:panas bangêt tmr.srêngenge; kc. gêmplang, kêmplang.
gêmênyal, gêmênyol :
pc:êmpuk mêndat; kc. kênyal, gênyol.
gêmês :
êngg. kn:ngigit-igit bangêt.
gêmêt :
êngg. kn:1 êntèk babar pisan; 2 tapis (titi bangêt) ênggone nggêgolèki.
gêmi :
kn:kanthi ngirit lan ngati-ati panganggoning barang-darbèke ut. dhuwite; digêmèni: diirit-irit anggone nganggo barang darbèke (pamêtune).
gêmiyèn :
êngg:biyèn.
gêmi-nastiti :
kn:gêmi sarta titi bangêt.
gêmladhag, gêmlidhig :
kn:bantêr tmr. lakuning banyu lsp; kc. gladhag.
gêmlèdhèg :
kn: 1 bantêr ubênge; 2 bantêr lancar; kc. glèdhèg.
gêmlêdhêg :
kn:1 nywara glêdhêg-glêdhêg kaya kawahing gunung lsp; 2 ([x] atine) mangkêl bangêt; kc. glêdhêg.
gêmlidhig :
êngg. kn:1 gampang anggone mili, mlaku lsp; 2 ngglidhig bangêt; kc. glidhig.
gêmlindhing :
kn:1 ngglindhing; 2 êngg. mili têrus; 3 manut bae; kc. glindhing.
gêmludhug :
kn:nywara gludhug-gludhug; kc. gludhug.
gêmlupak :
êngg. kn:groyok, gragapan.
gêmluwèh :
kn:ora ngati-ati, sêmbrana.
gêmuh :
I kn:gêdhe wêwêg, lêmu wêwêg. II êngg. kn: gulungan lawe.
gêmuk :
kn:1 lênga dianggo nglêngani indhên lsp.; 2 lênga gajih; di-[x]: dilêngani nganggo gêmuk.
(gêmok) :
di-[x] êngg. pc:didêmok.
gêmpal :
kn:1 cuwil gêdhe tmr. watu, padhas lsp; 2 kalong, dirèmèhake tmr. panguwasa, tata-têntrêm lsp; ([x] atine) êntèk pangarêp-arêpe (kapitayane); [x] rusaking nêgara: karusakaning nêgara; nanggung bêdhahe bêbêde, gêmpale warangkane pr: nanggung yèn ora bakal agawe karusakan ut. kapitunan; ng-[x]: agawe gêmpal; nggêgêmpal (ng-[x]-ake) kaluhuran (kaprabon lsp): nyuda ut. agawe rusaking kaluhuran (kaprabon lsp); [x]-an: prongkalan watu lsp. sing tilas gêmpal.
gêmpang :
kw:sirna, rusak kabèh.
gêmpi :
kn:êmpuk kêsêt gampang yèn dimamah.
gêmpil :
(gêmpèl êngg) kn:cuwil (gêmpal) sathithik.
gêmplang, gumêmplang :
kn:panas sumêlèt; di-[x]: diêpe ing panasan.
(gêmplêng) :
di-[x]-ake êngg. pc:digêmblêngake; kc. gêmblêng.
gêmplung :
suwung [x] êngg. pc:suwung blung.
gêmpung :
I kn:1 sirna, rusak babar pisan; 2 ([x] atine) mangkêl, gêmês.
gêmpur :
kn:rêmuk ajur; di-[x]: dirusak sarana dirêmuk.
gêmpol :
kn:1 ar. wit sarta wohe; 2 (jênang [x]) ar. jênang nganggo ampas glintiran glêpung bêras; gumêmpol; daginge lagi mêmêl-mêmêle tmr. pêdhèt; di-[x]êngg: dicolong têrus dipragat tmr. sapi, kêbo, wêdhus.
(gêmpor) :
[x]-[x] êngg. kn:nywara rame (sêru); kc. gêmbor.
(gêmprong) :
ng-[x] kn:nywara rame bangêt (nggêro, mbêngok, swaraning titir lsp); [x]-an êngg: gêjog, kothekan.
gêmrayah :
pc:1 katon akèh bangêt uyêk-uyêkan; 2 krasa gatêl; kc. grayah.
gêmrining :
pc:rêsik bangêt; kc. gumrining.
gênah :
kn:1 êngg. prênah, dunung; 2 êngg. kanggo, diênggo ...; 3 cêtha, têrang têtela; 4 tata, ngêrti tata, up. si Amat pancèn rada ora [x] (kurang ajar); wis [x], wis prênah (tanah) pr: wis kêbênêran tmr. jêjodhoan; ng-[x] êngg: manggon, dumunung; ng-[x]-ake: 1 mrênahake; 2 nyatakake, takon kêpriye têrange; [x]-[x]-an: têrang-têrangan, wis padha dene pratela.
gênau :
êngg. pc:sinau; kc. ginau.
gêndam :
kn:kêmat, japa-mantra; [x] pangasihan: japa-mantra murih bisa disihi; ng-[x]: 1 êngg. mikat iwak loh; 2 matak aji nganti bisa gawe kaelokan; 3 namakake pangasihan; pang-[x]-an: aji dianggo nggêndam.
gêndani :
êngg. kn:pring cêndhani.
gêndèr :
kn: ar. pêprincèning gamêlan mawa wilahan 14 sarta bumbung; ng-[x]: 1 nabuh gêndèr; 2 (ut. [x]-an) nata apa-apa kawangun kaya wilahan gêndèr dadi padha antarane; [x]-an êngg: larikan thikilan têbu ing lubangan.
gêndera :
êngg. kn:bêndera.
gêndir :
êngg. kn:cêmêthi mawa pênthol; ng-[x]: 1 namakake gêndir; 2 ngukum sing kalah tmr. dolanan dhir-dhiran; [x]-an: dhir-dhiran, kênèkêran.
gêndug :
ut. ng-[x]-i êngg: gadug.
(gênduk) :
[x]-[x] kn:êmpuk gêmbur-gêmbur; ng-[x]-i êngg: 1 wis krasa êmpuk gênduk-gênduk tmr. wong ndulêg lèng gangsir; pc: wis mèh kêlakon sing disêdya.

--- 143 ---

gêndul ~ gênêng.

gêndul :
kn:wadhah anggur lsp. sing digawe bêling; kc. botol, gébyas; [x]-an: 1 êngg. bakul prombèngan; 2 dolanan ut. lotrèn nganggo kolongan kauncalake supaya lumêbu ing guluning gêndul.
gêndut :
mak [x] kn:katêranganing mêntul ut. mêndat.
gêndra :
kn:rame marga ana prakara sing ngêgètake.
gêndrèh :
kn:1 apik sarta sarwa luwês; 2 ar. gêndhing.
(gêndring) :
ng-[x] kn:lumayu rikat.
gêndruk :
kn:1 lêmu mêmpuh-mêmpuh; 2 ar. bngs. kimpul.
gêndruwo :
kn:ar. mêmêdi awujud rasêksa; kc. gandarwa.
gêndruwon :
kn:wong-wongan têtironing gandarwo.
gênjara :
êngg. pc:kunjara.
gênje :
kn:ar. têtuwuhan godhonge mêndêmi; mêndêm [x] ks: gêndhêng.
(gênjèng) :
di-[x] êngg:diukum sarana dikon mbadhe apa-apa sing digêgêm tmr. dolanan gathèng.
(gênjèr) :
ut. [x]-an êngg. kn:têrusan ora lèrèn-lèrèn.
gênjik :
(gênjit êngg) kn:anak cèlèng.
gênjlèng :
mak [x] kn:pêpindhaning swarane wong malu; kc. jlèng.
gênjlung, gênjlong :
mak [x] kn:saèm. gênjlèng nanging luwih sêru; di-[x] pc: dipalu.
(gênjuk) :
[x]-[x] kn:êmpuk genjor-genjor.
(gênjur) :
[x]-[x] kn:êmpuk gêmbur-gêmbur; êndhog [x]-an: êndhog sing durung ana kulite.
gênjut :
[x]-[x] kn:gêndut-gêndut; kc. gênjot.
(gênjong) :
di-[x] êngg:dijongkèng lan diusung.
gênjot :
kn:1 obah mêndat mêntul, mêndul ngêgèt; 2 ora têntrêm, orêg; 3 êngg. kandhang wêdhus; di-[x] êngg: dipancad ngêgèt.
gênjrèng :
kn:1 (ut. gênjring) bngs. klinthing; 2 (mak [x]) pêpindhaning swara saèm. jrèng, jlèng; 3 mbayar kropyok.
(gênjrèt) :
ng-[x] pc:lumayu bantêr (nggêndring).
gêndhaga :
kn:bngs. pêthi dawa; kc. kêndhaga.
(gêndhayur) :
ng-[x] kn:gêdhe nglêmbèrèh tmr. wêtêng.
gêndhak :
I (ut. [x]-an) êngg. kn:jêlehan, bosênan. II [x]-an êngg kn: dhêmênan. III (ut. [x]-[x]) êngg. kn: umuk, sêmangkeyan; kc. gêndhak-sikara.
gêndhak-sikara :
kn:mialani wong ora apa-apa, ngganggu-gawe.
gêndhalungan :
kn: gunêman tanpa tata-krama (ora trêp ênggone nganggo unggah ungguhing basa).
gêndharah-gêndhèrèh :
pc: klêmbrèh-klêmbrèh
gêndhèng :
I kn:tutup payon sing digawe lêmah dicithaki banjur diobong. II êngg. kn: gerong, sindhèn; ng-[x]: sindhèn mbarêngi gamêlan.
(gêndhèrèh) :
ng-[x] êngg:nglêmbrèh, nglêmbèrèh.
gêndhewa :
kn: wilahan kayu (pring) mawa sêndhêng dianggo nglêpasake panah; ng-[x] gadhing br: kaya gêndhewa gadhing yaiku candrane lêngên sinmg bêcik; ng-[x] pinênthang br: kaya gêndhewa dipênthang, candraning lêngên sing sikute nêkuk mlêbu.
gêndhêk :
êngg. pc:cêndhak lan gêdhe tmr. gulu; kc. gêndhok, gondhok.
gêndhêla :
êngg. pc:kêndhêla.
(gêndhêlêng) :
[x]-[x] êngg. pc:katon bodho; kc. gêndhêng.
gêndhêng :
kn:1 èngg. budhêg; 2 rada edan; 3 êngg. bodho bangêt.
gêndhi :
êngg. kn:kêndhi.
(gêndhil) :
ng-[x] êngg. kn:1 tansah nêsu tmr. bocah-cilik; 2 kurang ajar.
gêndhing :
I kn:1 lêlagoning gamêlan; 2 (abdi-dalêm [x]) tukang gawe gamêlan; 3 pc: reka-daya ut. sarana bisane kêturutan sing sinêdya; ng-[x]: 1 rêngêng-rêngêng kaya lêlagoning gêndhing; 2 nata (mranata) ing sadurunge; [x]-an 1 lêlagoning gêndhing; 2 êngg. rêngêng-rêngêng mitrurut lêlagoning gêndhing; 3 êngg. uyon-uyon, têtabuhan gamêlan; 4 (ut. pa-[x]-an) papane tukang gawe gamêlan; sa-[x]-e: pc. sakatoge, sakarêpe. II angin [x] êngg. (Prabalingga): angin laut sing saka wetan marakake lêlara lsp. (angin sing nrajang kawadanan Gêndhing). III pupu [x] kn: pupu karo iwak ing balung enthong-enthongan tmr. pitik lsp.
gêndhis :
k:gula.
gêndhu :
kn:kc. gêndhon.
gêndhuk :
kn:panyêbut marang bocah wadon.
gêndhulak :
kn:1 ar. têtuwuhan wohe wungu sêmu biru; 2 warna wungu sêmu biru.
gêndhulak-gêndhulik :
pc: mangga-mara rangu-rangu.
gêndhung :
(ut. gumêndhung, [x]-an, adol [x] êngg. kn: umuk, sumangkeyan.
gêndhurèn :
êngg. pc:kêndurèn; kc. kêndhuri.
gêndhuru :
kn:ar. wit saèm. arèn nanging wohe rêrèntèngan mèmpêr wuni.
gêndhut :
êngg. kn:gêdhe wêtênge.
gêndhok :
I kn:gêndhêk, gondhok (gênuk). II sa-[x] êngg. kn: satangkêp tmr. gula; kc. gandhok.
gêndhon :
kn:urèt arèn (salak lsp) sing enak dipangan.
gêndhon-rukon :
kn:atut-runtut anggone jêjodhoan.
gêndhong :
kn:têngara yèn ana maling lsp. sarana titir lsp.
gêndori :
kn:pêntil waluh.
gêndhot :
êngg. kn:lèdhèk pasindhèn.
gênèn, gêgênèn :
n. lêlatu k:linggih cêdhak gêni, api-api; kc. gêni.
(gênêm) :
di-[x]-i êngg. kn:dibuntêl (diwungkus) banjur digodhog tmr. lêlawuhan; kc. bênêm.
gênêng :
kn:dhuwur padunungane tmr. palêmahan; lêdhok (lêgok) [x]: mêndhak mêndhukul tmr. palêmahan; [x]-an: [[...]

--- 144 ---

gênêp ~ gêrang.

[...x]-an: punthuk, gumuk, lêmah sing dhuwur.
gênêp :
n. jangkêp k:1 ora ana kêkurangane, ganêr; 2 pc. ora ganjil; ora [x] pc: rada gêndhêng; ng-[x]-i: nambahi supaya gênêp.
gênêt :
êngg. kn:glêpung.
gêni :
n. latu k:sing murub nganakake panas sarta sorot; [x] salah: gêni tanpa sangkan; idu [x] pr: sagunêm-gunême diturut (kêlakon); duk sandhing [x] pr: wong wadon karo wong lanang yèn cêdhakan gampang nindakake patrap dudu; ngidak [x] blubukan pr: nrajang pakewuh tanpa wêweka; ora ana [x] tanpa kukus pr: anggêr ana kabar mêsthi ana kanyatane sênadyan mung sathithik; pati [x] kn: nglakoni ora mangan lan ora ngombe sarta ndhêlik ing sênthong; gêgêni (gêgênèn): api-api, totor; ng-[x] kn: 1 kaya gêni (nêpsu bangêt, panas bangêt atine); 2 njêjaluk mrèntèk-mrèntèk; digênèni: dipanasi nganggo gêni (digodhog lsp).
gêniyara, gêniwara :
kw: tapa mung mangan sarwa mêntah.
gêniroga :
kn:ar. bakal lurik warnane abang.
gênitri :
kn:jênitri.
gênuk :
kn:gênthong cilik tanpa lambe kanggo wadhah bêras lsp; [x]-an: ar. dolanan bocah (lumrahe bocah wadon).
(gênu-rasa) :
ng-[x] kn. ak:rêrêmbugan (nggunêm rasa).
gêntayangan :
êngg. kn:bêntayangan.
(gêntak) :
di-[x] êngg: digêtak.
(gêntang) :
ng-[x] êngg. kn:nutu; [x]-an: lêsung.
gênteyong :
pating [x] kn:geyong-geyong, pating grandhul.
gêntêr :
I ng.[x] kn:nywara sêru nggêjêg. II kw: orêg, rame.
gênti :
n. gêntos k:1 sêsulih; 2 giliran, up. saiki [x] sapa sing maca; 3 ijolan, walês winalês; up. [x] ngoyak; [x]-[x]: gêgiliran; nggêntèni: 1 nyulihi; 2 nuku barang wis dianggo ing liyan; gêntèn, gênti-gêntèn; giliran; kc. ganti.
gênting :
ut. ng-[x] kn:mênggik mèh pêdhot ut. putung; [x]-an: apa-apa sing wis gênting.
gêntur :
I [x]-an (ma-[x]-an br) kn:nywara gumludhug ambal-ambalan. II kn: bantêr ut. linuwih tmr. tapa; ng-[x] tapa: nyrêmpêng anggone nglakoni tapa.
(gêntus) :
ng-[x] êngg. kn:mbêntus.
(gêntoyong) :
ng-[x] êngg. kn:1 nggêgawa kang abot; 2 mlaku sênggoyoran; kc. bêntoyong.
gêntos :
k:gênti.
gêntya :
br gênti.
(gêncèr, gêncêr) :
ng-[x] êngg. kn:nggêjêg; 2 srêgêp, mêmpêng anggone tumandang.
gêntha :
I kn:klinthing gêdhe, kalung sapi; gênthan: wangune kaya gêntha. II ng-[x] êngg. kn: tuku palêmahan ing kuburan; gênthan: palêmahan ing kuburan sing wis dituku.
gênthana :
(-gênthini) êngg. kn:nindakake apa-apa tanpa nalar.
(gênthelo, gênthêlo) :
ng-[x] êngg. pc:ngenak-enak.
gênthèng :
êngg. kn:gêndhèng.
(gênthiyêng) :
ng-[x] kn:katon rosa asaras tmr. pawakan.
(gênthilêng) :
ng-[x] kn:katon irêng mêncêrêng tmr. mata.
gêntho :
kn:bangsat, bajingan.
gêntho-likêm :
ks:gêntho tanpa sandhangan.
gênthong :
kn:wadhah banyu gêdhe saèm. gênuk; ng-[x] umos pr: ora bisa simpên wadi.
gênthot :
êngg. kn:lèdhèk pêsindhèn.
gêntho-tlèngsor :
ks:gêntho ora duwe omah.
(gênyal, gênyol) :
mak [x] kn:katêranganing ndumuk apa-apa sing êmpuk mêndat; gumênyal, gumênyol; êmpuk mêndat.
gênyang, gênyèng :
êngg. kn:nyênêngake (ngrêsêpake) tmr. wicara.
gênyus :
mak [x] kn:mak nyus (tumamaning lêlandhêp).
gênyol :
kc. gênyal.
gêng :
br:gêdhe; kc. agêng.
(gênggêng) :
ng-[x] kn:1 katon gêdhe njênggêrêng; 2 katon sarwa apik tmr. tarub lsp.
gêpah :
êngg. k:gupuh.
gêpak :
kn:ora mbêndhul, trèpès; kêcik [x]: kêcik sing ora njêndhul.
gêpang :
kw:rusak; kc. gêmpang.
gêpèng :
kw:gèpèng; sambêl [x]: sambêl kacang tholo.
(gêpit) :
ng-[x] êngg. pc:njêpit, nggapit.
(gêpyah) :
ng-[x] êngg. pc:ngêmbrah, njlanah.
(gêpyok) :
ng-[x] kn:nyêmpyokake apa-apa ing.
gêplak :
êngg. kn:1 atos lan lèngkèt; 2 ar. panganan; 3 malam lancêng.
(gêpluk) :
êngg. kn:kc. gêpuk.
(gêpuk) :
ng-[x] kn:1 ngrêmuk apa-apa sing atos sarana kathuthuk ut. kathuthukake; 2 êngg. mênthung; 3 êngg. pc. olèh kabêgjan ut. kauntungan gêdhe.
(gêpok) :
ng-[x] kn:1 ndumuk, ngênani; 2 nyêmoni, nyrêngêni sarana alus; [x]-an: 1 gêgèsrèkan, gêgayutan; 2 mèlu rêrêmbugan; ma-[x]-an: gêgayutan, gêgandhèngan.
gêpok-senggol :
ora [x] kn:ora gêgayutan apa-apa.
gêprak :
êngg. kn:kêprak.
gêpruk :
êngg. pc:kêpruk.
gêr :
kn:pêpindhaning swara gumuyu rame.
gêra :
br ulurane têmbung agra.
gêrah :
I kw:gludhug, swara sing gumludhug. II 1 kn. sumuk ut. krasa mriyang apanas; 2 ki. lara.
gêrah-uyang :
kn:1 krasa lara panas sumêng-sumêng; 2 êngg. bingung byang-byangan; 3 êngg. pc. kumudu mêmangan bae.
gêrak :
I kw: obah. II di-[x]-[x] êngg: dikuya-kuya, diurak-urak.
gêrak-gêrik :
(M) êngg. kn: obah-owah, krêntêg-krêntêging ati.
gêrang :
kn: 1 wis padha gripis marga wis lawas tmr. lading lsp; 2 ks. wis gêdhe, wis tuwa; [x]-an: 1 barang-barang sing wis

--- 145 ---

gêrap ~ gêtih.

gêrang: 2 ks. wong sing wis tuwa ut. wis gêdhe.
gêrap :
êngg. kn:gêras.
gêras :
kn:1 boros; 2 agal-agal ora bisa ngêmbêng banyu tmr. palêmahan; kc. garês.
gêrat :
êngg. kn:1 gêras, garês; 2 panas bangêt, mriyang.
gêrba :
kn. pc:garba.
gêrbong :
kn:1 kreta (dhampar) mawa tinutupan ing langse; 2 kreta sêpur.
gêrdim, gêrdin :
êngg. kn: paturon (têmpat tidur) kang nganggo klambu.
gêrji :
kn:tukang ndondomi klambi.
gêrdhu :
I êngg kn:kopêr, kimpul cangkingan. II kn: omah pajagan.
gêre :
I êngg. kn:ora loh tmr. sawah. II kn: miturut sing rinungu.
gêrèh :
kn:iwak sêgara sing digaringake lan diasin; walik [x] pr: nindakake pagawean gêntenan.
(gêrèng) :
asat ng-[x] êngg. kn:asat bangêt.
(gêrèng-gèntèng) :
ng-[x] kn:tansah njêjaluk ngujêg.[6]
gêrèt :
kn:pêpindhan swaraning lawang diêngakake lsp; rèk [x]-an: rèk sing mawa batu lan lênga bènsin.
(gêrêg) :
ng-[x] kn:nggiring raja-kaya.
gêrêh :
kw:gludhug; kc. guruh.
(gêrêng) :
[x]-[x] kn:nywara sêsambat lsp. marga lara; ng-[x]: nywara mêmêdèni kaya swaraning macan lsp.
(gêrêt) :
[x]-[x], [x]-an kn:garit-garit sing nandhês; di-[x]: digarit nandhês.
gêrgêlèk :
kn:gêlèk.
gêrih :
êngg. kn:gêrèh.
gêring :
kn:1 lêlaranên tmr. kewan; 2 kuru bangêt marga susah ut. sêdhih bangêt; 3 ks. lara: nggêgêring: njalari gêring; [x]-ên kn: tansah gêring; pa-[x]: pagêblug (ungsum lêlara).
gêrit :
kn:pêpindhaning swara saèm. gêrèt nanging lirih; gumêrit: nywara gêrit-gêrit; ng-[x] êngg: 1 ngubêngake (ngenggokake) grobag lsp; 2 ngubêngake gilingan lsp; 3 mbêburu kidang ut. mênjangan; [x]-an: 1 (ut. pang-[x]-an) gilingan apa-apa sing ditarik sapi mubêng; 2 pring planthangan bisa mubêng dianggo ngajari bocah sing wiwit bisa mlaku; 3 ar. dolanan bocah sarana gendhong-gendhongan; kc. gêrèt.
gêrma :
kn:1 tukang mbêburu kewan; 2 êngg. pc. lurah palanyahan.
gêrnat :
(W) kn:granat, gutuk api.
(gêru) :
[x]-[x] êngg. pc: guru-guru (kêsusu).
(gêrung) :
ng-[x] kn:1 nywara anggrung; 2 nggêro.
(gêrus) :
ng-[x] kn:1 nglêmbutake sarana digilês bola-bali; 2 nggosok nganggo kuwuk supaya alus; 3 padha gogos marga katrajang ilining banyu tmr. kalenan lsp; 4 êngg. kothong, suwung; 5 (wêtêng ng-[x]) ngêlih bangêt; 6 (atine ng-[x]) sêrik bangêt.
gêrul :
mak [x] kn:nangis bêngok-bêngok; ng-[x]: saèm. nggêrêng nanging sêru tmr. macan ut. singa.
gêrok :
kn:erak, èsêk.
(gêrong) :
ng-[x] kn:1 ngêsong, katon jêro agrowong; 2 (ng-[x] matane) lêgok marga lara lsp.
gêrot :
mak [x] kn:saèm. gêrèt nanging sêru; gumêrot: nywara gêrot-gêrot; alas [x]-an: alas sing akèh wit-witane gêdhe; udan [x]-an: udan kaworan angin gêdhe.
gêrpu :
pc. garpu.
gêrtak :
kn:gêtak, panyêntak; ng-[x]: nyêntak, nggêtak mêmêdèni.
gêrwa :
êngg. pc. ki:garwa.
(gêsah) :
I ng-[x] êngg. kn:ngiris. II ng-[x] êngg. kn: nggusah. III êngg. kn: gêrtak, anggras.
gêsan :
(W) kn:utusan wêwakiling nêgara marang krajan liya.
gêsang :
k:urip.
gêsau :
êngg. kn:sinau, ajar.
gêsêng :
kn:1 êngg. kobong; 2 gosong marga kobong; 3 [x] atine) br. susah bangêt.
gêsês :
br:gusis (sirna kabèh).
gêsik :
kn:wêdhi (palêmahan wêdhi); kc. gisik.
(gêsil) :
di-[x] êngg. pc:dipangani saka sêthithik; kc. sisil.
(gêsin) :
di-[x] (W) êngg. pc. dipriksa, disahake.
(gêsuh) :
di-[x] êngg. kn:digusah.
gêtak :
kn:swara sêru ngêgèt; ng-[x]: 1 nywara sêru murih kagèt; 2 êngg. pc. pêdhês bangêt; ng-[x] wong angop pr: dhêdhawuh tanpa nganggo antan-antan; dara-[x]-an: dara sing digêtak kasawang abure.
gêtak-gajah :
kn:ar. têtuwuhan godhonge kêna dianggo tamba.
(gêtap) :
[x]-an kn:1 gampang nggragap ut. kagèt; 2 gampang nêpsu, mutungan atèn.
gêtar :
kn:rasa kaya dene rasane lênga klêntik sing ala.
gêtas :
kn:1 gampang coklèk (putung); 2 pc. gampang pêcahe; 3 bêning lan bêcik tmr. swara.
gêtèh :
êngg. pc:gêtih.
gêtêh :
êngg. kn:cukat, srêgêp; di-[x]-i êngg: digolèki.
gêtêm :
I êngg. kn:mlêkah, mlêthèk. II [x]-[x] kn: 1 nêpsu bangêt nanging ora kawêtu (mung nggêgêt untu lsp); 2 êngg. mêmpêng bangêt, têmên-têmên; ng-[x]: 1 (ut. ng-[x] untu) nggêgêt untu mratandhani yèn nêpsu bangêt; 2 nêpsu bangêt nanging ora kawêdharake. III kw. ak: yuyu.
gêtêr :
kn:1 obah kumitir, ndhrodhog; 2 ([x] atine) kêtir-kêtir atine, sumêlang sêmu wêdi; [x] patêr dhèdhèt erawati kw: orêging prahara tuwin swaraning blêdhèg ing awang-awang; gumêtêr: ndhrêdhêg kaya arêp rubuh-rubuha; nggêgêtêri: marakake kuwatir ut. wêdi.
gêti :
kn:1 ak. gêtas; 2 ar. panganan sing digawe gula karo wijèn.
gêtih :
n. rah k:barang cuwèr sing sumrambah ing saranduning badan warnane abang; [x] cinelung, balung cinandhi pr: (yèn) ana prakara raja-tatu ut. raja pati; ngajak takêr [x] pr: wani

--- 146 ---

gêtih-matêng ~ giya.

nandhingi (pêrang): durung wêruh ing [x]: durung kèl tmr. prawan; wani ing [x]: kêndêl; wêdi ing [x]: jirih; putih [x]-e: suci atine; tanah wutah [x]-e: tanah kêlahirane; ora ng-[x]-i: ora ndayani, ora ndadèkake bêbaya apa-apa; [x]-ên: mêtu gêtihe.
gêtih-matêng :
n. rah matêng k:gêtih sing irêng akênthêl.
gêtih-umbêl :
n. rah-umbêl k:lara dhesèntri.
gêtih-urip :
n. rah-gêsang k:gêtih sing isih cuwèr lan abang sumringah.
gêtih-putih :
n. rah-pêthak k:pêperanganing gêtih sing putih.
gêtir :
kn:rasa kaya dene rasane jêruk purut; kc. pait-gêtir.
gêtul :
êngg. pc:jêdhul, jêbul, têkan ing.
gêtun :
kn:1 kêduwung marga kelangan lsp; 2 ngungun, eram; ng-[x]-i: gêtun marang; up. kowe [x] ng-[x]-i apa?
(gêcak) :
ng-[x] kn:1 ngrêmuk (nglêmbutake) sarana kadhêplok kadokokan banyu; 2 br. mangsah (mukul) prang.
gêcas-gêcos :
kn:katêrangan patraping pamadung lsp.
gêcêk :
kn:kc. gêcak.
(gêcêl) :
di-[x] kn:dipijêti (ndadah) sarana kaênyêt-ênyêt ing gulu lan êndhase.
(gêcêm) :
di-[x] êngg. ks:diêwori turu.
(gêci) :
ng-[x] êngg. pc:isih cilik nanging wis kaya woing tuwa sabarang pratingkahe.
gêcil :
êngg. kn:mung ana isine (wijine) siji tmr. kacang lsp.
(gêcing) :
ng-[x] kn:1 mênggik; 2 pc. wis kulina, wis kêrêp nglakoni; 3 kanji, kapok.
gêcul :
kn:ndhugal, wong ndhugal; [x] kumpul, bandhol ngrompol pr: wong ndhugal kêkumpulan padha wong ndhugal.
gêcut, gêcot :
êngg. pc:blas lunga (ilang).
gêcok :
kn:ar. lêlawuhan sing digawe cacahan iwak, ana [x] gênêm lan [x] mêntah.
gêcos :
mak [x] kn:katêrangan. sarta sabawaning tumamane lêlandhêp.
gêcrak-gêcrok :
kn:sabawaning madung lsp.
(gêcrèk) :
di-[x] êngg. pc:disosok nganti putih tmr. bêras.
gêthak :
I êngg. kn:dandang (kêndhil) lêmah; kc. bêthak. II ng-[x] êngg. kn: gawe lêgokan (gêrêtan) ing kayu; [x]-an: III sa-[x] êngg. kn: lakon satêngah dina; kc. gêthèk.
(gêthana) :
ng-[x] êngg. kn:wangkod, ngêngkoki panêmune.
gêthana-gêthini :
êngg. kn:tumandang ing gawe kanthi mêmpêng.
gêthèk :
I êngg. kn:bêthèk. II kn: lakon satêngah dina; karo [x] dina: 1½ dina.
gêthêk :
I kn:gêrêtan ing pring sing arêp dikêthok lsp; di-[x]: digêrêt; kc. gêthak. II [x]-an êngg. ki: janggut.
(gêthêng) :
di-[x] êngg. kn:digocèki kêncêng.
gêthêt :
kn:cuwikan (pinggêtan, galêran) tilas tatu lsp; di-[x]-i: digariti.
gêthik :
êngg. kn:olah-olahan sing diolah iwak manuk; di-[x] dithuthuk ing dhêngkule.
(gêthil) :
ng-[x] êngg. kn:1 saka sathithik anggone nggarap ut. nganggo; 2 êngg. pc. mangan nggamil.
(gêthini) :
ng-[x] êngg. kn:nyrêmpêng anggone tumandang.
gêthing :
kn:1 êngg. najis, jênês; 2 sêngit marang pratingkahing liyan; di-[x]-i: disêngiti.
gêthuk :
kn:ar. panganan sing digawe tela didhêplok.
(gêthunu) :
ng-[x] êngg. pc:nggêthini.
(gêthok) :
I di-[x] kn:nuthuk dhêngkule; kc. gêthik. II sa-[x] êngg. kn: sadawaning jêmpol karo driji sing ditêkuk; saèm. cêngkang.
gêthok-tular :
kn:tular-tumularing paomongan (pawarta).
gêthona-gêthunu :
êngg. pc:nggêthingi.
gêwowokan :
êngg. kn:gunêman mbêngok.
gibas :
(Prs) kn:lêmu wêdhus [x]: wêdhus gèmbèl.
(gibêr) :
[x]-[x] êngg. kn:lêmu gimblah-gimblah.
(giblah) :
kn:kc. gimblah.
(gibrah, gidrah) :
[x]-[x] kn: bungah-bungah pating jringklak; kc. kiprah.
gidra-gidro, gidro-gidro :
kn:jingklak-jiklak[7] tangane surawean (binarêngan ing swara kêras).
(gidrang) :
[x]-[x] êngg. kn:kêkitrang.
(gidhang) :
di-[x] êngg.: diundang, disuruhi.
(gidhêr) :
[x]-[x] kn:êmpuk gênyal-gênyal, kithêr-kithêr.
gidhuh :
kn:kisruh, sarwa bingung satandang-tanduke; ng-[x]-i: ngisruhi, ngribêdi.
gigal :
êngg. pc:runtuh, gigol.
gigat :
k:gugat.
gigi :
(M) kn:untu; sikat [x]: sikat untu; gosok [x]: obat dianggo ngrêsiki untu.
gigih :
êngg. kn:liwêt kêtan.
(gigik) :
ng-[x] kn:gumuyu lirih; kc. jêgigik, gligik.
(gigil) :
I ng-[x] kn:watuk ngikil (kêrêp bangêt). II ng-[x] êngg. kn: ndhrodhog; [x]-ên: ndhrodhog marga kadhêmên.
gigir :
êngg. kn:gêgêr.
gigis :
kn:padha gripis tmr. wadhas, untu lsp.
(gigit) :
ng-[x] kn:1 nyokot mung sathithik; 2 nggêgêt; 3 ak. nggilut (marsudi) kawruh lsp; [x]-an êngg. kn: gambir.
(giglag) :
ng-[x] êngg. kn:bawera, banar.
giglok :
êngg. pc:tiba, runtuh.
gigu :
kn:ênêg, jijik; nggigoni: ngênêg-ênêgi.
gigol :
êngg. pc: tiba, runtuh.
gigrig :
kn:1 bodhol tmr. wulu ut. rambut; 2 suda; ora [x] (wulune salamba): ora wêdi, ora nêdya mundur.
gih, nggih :
pc. k:iya.
giha, giya :
kw:guwa.
giya :
êngg. pc: menggok! (ngabani sapi ut. kêbo)

--- 147 ---

(giyak) ~ (gintêl).

(giyak) :
[x]-[x] kn:1 êngg. bêngok-bêngok; 2 surak abungah-bungah.
giyanti :
kn:1 ar. têtuwuhan; 2 ar. desa sawetan Surakarta sing dianggo bêdhamèn Sunan Pakubuwana III karo Pangeran Mangkubumi (Sultan Hamêngkubuwana I); pa-[x]: lêlakon ing babad nalika pêrang ut. bêdhamèn ing Giyanti.
giyao :
êngg. pc:gidhuh, bingung; di-[x]: digêgidhuh.
(giyar) :
kn:gêlar; [x]-[x]: ar. gêndhing; di-[x]-ake: diundhangake, diumumake ing akèh.
giyat :
I (M) kn:nggrêgut, mêmpêng. II ng-[x] êngg. kn:mayat, ora rata, mlèncèng.
(giyêng) :
ng-[x] kn:tansah nangis mbrêngêngêng ora mênêng-mênêng.
(giyêr) :
ng-[x] kn:nggayêr, ora gêlêm lêrèn-lèrèn.
giyu :
I ng-[x] êngg. kn:ngégol, nyongkèl. II kn: ukêl lamba sarta rapêt tmr. corèkan bathikan.
giyuh :
(ut. ma-[x]) kw:sêdhih, susah.
giyung :
I (ut. gêgiyungan) kw:rame, orêg-orêgan. II [x]-an êngg. kn:gumandhul; kc. geyong.
giyota :
kw:prau.
gik :
I êngg. pc:gèk, dhèk (nalika). II êngg. pc: isih. III (nggik) êngg. pc: ing, kaprênah ing.
gil :
(nggil) êngg. pc. k:tunggil (padha).
gila :
I kn:wêdi ndêdulu rêrupan sing mêngkirigake awak; nggilani: 1 mêdèni, njalari gila; 2 (ut. nggêgila, nggêgilani) br. mêdèni bangêt, ... bangêt (kaluwih-luwih); ka-[x]-[x] br: kaluwih-luwih, bangêt; kamigilan: tansah gila bae. II (M) pc: edan, sênêng bangêt marang; [x] hormat: kêladuk njaluk dihormati.
gilang :
I kw:1 sumorot, gilap; 2 (sela [x]) watu lètèr gilap kanggo linggih yèn tapa lsp; [x]-[x], gumilang: sumorot, mawa cahya. II [x]-[x] kn: gumluntung ora kopèn (sumèlèh ing lêmah) tmr. bangke.
gilap :
I kn. rêsik mawa cahya padhang; gumilap: sumorot gilap; payung [x]: payung pradan byur. II (ut. [x]-ên) kn: giras, kagetan tmr. jaran.
(gilar) :
[x]-[x] kn:1 katon rêsik apadhang; 2 (ut. gumilar br) katon padhang, gilang-gilang.
gile :
I pc:iki le! kc. gilo, galo. II kn: ar. jangan lodhèh tanpa lombok.
(gilês) :
ng-[x] kn:1 madhêtake (mlènèt, nglêmbutake) sarana barang sing abot diglundhang-glundhungake; 2 nlindhês, nindhês; 3 êngg. nglinting rokok sigarêt.
gilgilan :
kn:dhildhilan.
gili :
1 kw. punthuk, gumuk; 2 êngg. gigiring gunung, pulo karang sing munggul ing sêgara; 3 êngg. tanggul urut susukan; 4 êngg. dalan; ng-[x]: elur, sêlur tanpa kêndhat.
gilig :
kn:1 wêwangunan sing dawa bundêr kaya dene têkên lsp; 2 ([x] rêmbuge, [x] pikire) wis matêng, wis dadi; ng-[x]-ake rêmbug (pikir): matêngake rêmbug (pikir); wêsi [x]-an (gligèn): wêsi sing gilig; kc. udhêng-gilig.
giling :
kn:1 (sa-[x]) glindhingan sêga dara gêdhe; 2 (mangsa [x]) êngg. mangsa nggiling têbu; ng-[x]: 1 nggilês (ngêpuh, nglêmbutake) nganggo piranti sing diubêngake; 2 êngg. nggulung layar; [x]-an: 1 apa-apa sing digiling; 2 rodha kreta; 3 (ut. pang-[x]-an) piranti (papan) sing dianggo nggiling; ma-[x]-an, mang-[x]-an kw: 1 mubêng; 2 urip matundha-tundha (nitis); cakra mang-[x]-an kw: urip lahir timbal-tumimbal (nitis).
gilir :
kn:gênti-gênti, gêntènan; angin) [x] gumanti: (angin) ajêg gênti-gêntèn têkane; ng-[x]-ake: akon nggêntèni pakaryan lsp; [x]-an: 1 gênti-gêntèn; 2 pranatan gênti-gêntèn sing ajêg.
(gilis) :
di-[x] êngg. kn:digulung, dilinting; kc. gilês.
(gilut) :
ng-[x] kn:1 mamah kalawan suwe; 2 br. ngudi, marsudi kawruh lsp; [x]-an: 1 jamu [x]-an) jamu sing diglintiri banjur diuntal; 2 mamahan.
gilo :
pc. n:iki lo!
gilok :
ut. [x]-[x] êngg. kn:sok, têrkadhang sok; kc. ilok.
gim :
kn:bênang mas sing wis dikluwêr-kluwêrake dianggo gombyok lsp.
gimbal :
kn:1 gèmbèl lan bundhêt tmr. rambut; 2 turahaning pangêrêt (blandar) sing mongol ing omah joglo; 3 ar. panganan saèm. rêmpèyèk.
(gimblah) :
[x]-[x] kn:lêmu bangêt.
(gimblêg) :
[x]-[x] kn:lêmu bangêt.
gimêr :
(ut. [x]-an) kn:ar. mainan nganggo dhadhu (dhuwit) diubêngake banjur ditutupi; ng-[x]: 1 ngubêngake dhadhu lsp. ing mainan gimêran; 2 ngubêngake bathok panitisan supaya gulane bisa coplok.
(gimi) :
aja [x]-[x] êngg. pc:aja kêsusu.
gimik, gimin :
êngg. pc:dhisik.
gimir :
(ut. ke-[x] atine) ng:kakênan, trênyuh, kenyut dening pangiming-iming ut. panggodha.
gina :
k:guna.
ginak-ginuk :
kn:lêmu mêmpuh-mémpuh.
ginau :
êngg. pc:sinau.
ginda :
ki:dadah; ng-[x]: 1 ndadah; 2 ngurut (mijêti).
(ginjal) :
[x]-[x] kn:1 jola-jola; 2 êmoh bangêt, wêdi bangêt.
ginjêl :
kn:peranganing jêroan, sadhuwuring impês wadhah uyuh; lara [x]-e ks: lara atine.
gindhal :
êngg. kn:1 ucul, copot; 2 pisah, pêgatan.
gindhala :
kw: têngara, titir; kc. gundhala.
ginêm :
k:gunêm.
gini :
I kw: wadon; kc. gana-gini. II kn: dinar.
ginuk-ginuk :
kn:lêmu mêmpuh-mêmpuh.
ginonjing :
br:oyag, orêg; kc. gonjing.
(gintêl) :
di-[x] pupune êngg:dicêthot pupune.

--- 148 ---

gintêng ~ gladhag.

gintêng :
êngg. kn. kêsambi.
(gintês) :
ng-[x] êngg. kn. nggitês.
gintung :
kn. ar. wit.
gincu :
kn. bubukan abang sok dianggo nyungging.
(ginyêr) :
ng-[x] kn. ngênêtake sarta diuyêk mawali-wali.
ginggam :
kn. ar. bakal lurik-lurik; kc. ginggang II.
ginggang :
I kn. rênggang, bênggang, pisah sathithik; ng-[x]-ake. mêthal, misahake. II kn. ar. bakal lirik-lirik.
ginggung :
kw. ak. gonjing.
gingsir :
kn. 1 owah, mlèsèt; 2 sumingkir, alihan; ora (owah) [x]. têtêp, ora mingkêd; gumingsir. 1 owah, mingsêt, mingkêd; 3 sumingkir; ng-[x]-i br. nênarik sih; ng-[x]-ake. nyimpangake, nyingkirake, ngowahake.
gingsul :
kn. ora prênah (tata) thukule tmr.untu; kc. gangsul.
gipih :
br. gupuh.
gipit :
êngg. pc. dhisik.
gir :
I (W) kn. obenganing pit. II nggir pc. pinggir.
girah :
êngg. k. 1 gurah; 2 kumbah (wasuh).
girang :
I (ut. [x]-[x] kn. bungah-bungah marga mênang pêrang lsp. II kn. ar. wit; kêmbang [x]. ar. bathikan.
(girap) :
[x]-[x] kn. gundam-gundam (kagèt) kaya yèn gila.
giras :
kn. ringas, ora kêna dicêdhaki tmr. kewan lsp.
giri :
I (S) kw. gunung; cs. 7; [x] lusi janma tan kêna ingina pr. sênadyan katone asor ora kêna diina; ka-[x]-[x]. nggêgirisi, bangêt. II [x]-[x] êngg. kn. kêsusu; di-[x]-[x]. diêkon tumandang rêrikatan; nggirèkake. 1 nggêrêng (nggiring) sapi lsp; 2 ks. dikon, diatag nyambut gawe. III nggêgiri, ng-[x]-[x] êngg. kn. ngagag-agagi, mêmêdèni.
girik :
kn. layang (wilah lsp) minangka pratandha yèn sing nyêkêl iku wênang tampa apa-apa; kuli [x] êngg. kuli baku (sing wênang ndarbèni peranganing sawah desa).
girilaya :
(S) kw. gunung, pagunungan.
Girinata, Girindra, Giripati, Giriraja :
asmane Bathara Guru.
giring :
(wayah) [x] esuk:± jam 11 awan; (wayah) [x] sore. ± jam 6 sore; dara [x]. laki; têmu [x] kn. ar. êmpon-êmpon (têmu sing kuning); ng-[x]. nggêrêg, nggirèkake kewan.
giris :
kn. wêdi lan miris; nggêgirisi. nggêgilani, mêdèni.
girisa :
kn. ar. têmbang têngahan.
(giro) :
[x]-[x] kn. mbêngok njola-jola marga gila bangêt; nggêgiro. ngagètake nganti giro-giro.
gisang :
êngg. k. gêdhang; kc. pisang, kisang.
gisau :
êngg. pc. sinau, ajar.
gisik :
(ut. gêgisik) kn. 1 pawêdhèn ing pinggir kali ut. sêgara; 2 êngg. pêsisir.
gisit :
êngg. pc. dhisik.
gisus :
kn. ak. orêg arane.
gistha :
kw. rêmbug, sêdya; ng-[x]. ngrêmbug, nggunêm. kc. gustha.
gita :
I (ut. [x]-[x]) kn. kalawan rêrikatan, enggal-enggalan anggone nanggapi (mapag lsp). II (S) kw. kidung, têmbang; ginita. dianggit, dikarang, dikidungake.
gitaya :
kw. kidung, têmbang, karangan.
(gitêl) :
di-[x] êngg. dicêthot; kc. gintêl.
(gitês) :
di-[x] kn. dipènyèt (tuma lsp) nganggo kuku jêmpol.
gitik :
kn. gêbung cilik; ng-[x]. 1 nggêbug nganggo gitik; 2 pc. nggêbug racak; 3 ngundhi, nggêbug lotre (dhadhu); 4 êngg. nyabêt nganggo sikil tmr.pitik tarung; 5 êngg. mbanting kêrtu ing nalikane main; ginitik ing prang br. ditêmpuh (disêrang) pêrang; bug-ginitik. gênti unggul, undha-undhi (mêh padha).
gicèng :
êngg. kn. pece.
(gicêl) :
di-[x] êngg. kn. digêcêl.
githang :
êngg. k. gothang.
(githês) :
êngg. kc. gitês.
(githêt) :
di-[x] êngg. dijithêt.
(githi) :
aja [x]-[x] êngg. aja kêsusu (giri-giri).
(githing) :
di-[x] êngg. pc. 1 dipithing; 2 digapit tmr. main lsp.
githir :
êngg. kn. intar, lumayu rikat.
githok :
kn. griwa kn. peranganing gulu sadhuwure cêngêl; ora ngilo [x]-e pc. ora nolèh (ngelingi) marang kaanane dhewe.
giwang :
I kn. gingsir, owah; gumiwang br. 1 mlèsèd, owah; 2 lingsir (ngglewang) tmr. srêngenge; ke-[x]. kêgimir, kepencut, kanyut. II (ut. gêgiwang) êngg. kn. suwêng amata siji; kêcik [x]. kêcik juru. III êngg. kn. mawa mata mutiara.
giwangkara :
kw. srêngenge; kc. diwangkara.
(giwar) :
ng-[x] kn. mlayu (mlumpat, mêncolot) nisih; ng-[x]-i graji. mbêngkêlukake unton-unton graji mêngiwa lan mênêngên; kc. gewar.
gya :
kw. 1 (agya) enggal, rikat; 2 banjur, tumuli.
gya, gyak :
kn. menggok ngiwa! (ngabani sapi ut. kêbo).
gyan :
kw. ênggon; kc. gwan.
gyanggaman :
êngg. pc. kagèt biyayakan.
giat :
ka-[x] kw. kagèt; kc. gèt.
gyuh :
kw. susah, sêdhih; kc. giyuh.
glabad :
êngg. kn. kuliting wowohan sing tipis aputih, up. [x] salak.
(glabèg) :
ng-[x] êngg. kn. wangkod lan kêsèd.
(glabèt) :
[x]-an, globat-glabèt kn. ilate mêtu ndêdilat ngiwa nêngên.
(gladrah) :
ng-[x] kn. 1 ora prêdulèn; 2 (ut. [x]-an) ora kopèn.
gladri :
(W) kn. gadri, èmpèr ngarêp.
(glajês) :
ng-[x] êngg. pc. gumampang pangrêmbuge.
gladhag :
I êngg. kn. 1 pring sigaran minangka pikukuhing pagêr; 2 pring ditata jèjèr-jèjèr minangka glogoring sasak (lumbung lsp); 3 tumbak cêndhak dianggo [di...]

--- 149 ---

gladhe ~ gleyar-gleyor.

[...anggo] mbêburu; omah [x]. 1 omah sing jrambahe pring (kayu); 2 bngs. gudhang; di-[x]. diburu; [x]-an. andhan-andhan pamemean, plawungan. II kn. 1 wong sing pinatah nindakake angkat-junjung ing pakaryan nêgara; 2 abdi-dalêm bau alus (kang nindakake angkat-junjung); ng-[x], gumladhag. 1 gampang diambah ing kreta ut. têtunggangan liyane tmr. dalan; 2 bantêr iline tmr. kali; [x]-an. 1 pc. umbaran, tanpa papan ut. pagawean sing mêsthi; 2 pc. asor dhewe; 3 ks. palanyahan.
gladhe :
êngg. kc. gladhi.
gladhi :
kn. ajar, nglêlantih; ng-[x]. ngajari, nglêlantih, nggêgulang.
(glaèng) :
ng-[x] êngg. pc. nggugu karêpe dhewe.
glagah :
kn. 1 ar. têtuwuhan bngs. têbu; 2 gagange kêmbang têbu.
glagar :
kn. pring (kayu) digapit kukuh dianggo pagêr.
glagat :
kn. sasmita (ngalamat) ing lêlakon..
(glagêp) :
[x]-[x], [x]-an kn. 1 mêgap-mêgap marga kêblêbêg ing banyu; 2 angèl sarta pêdhot-pêdhot anggone gunêman.
(glagut) :
ng[x] êngg. pc. mêmpang tanpa kêndho anggone tumandang.
(glayar) :
ng-[x] kn. 1 (ut. [x]-an, [x]-[x]) sênggoyoran arêp tiba; 2 êngg. ks. nggluyur, lunga klambrangan; 3 gunêman tanpa têgês (nyimpang wosing rêmbug); ng-[x]-i. sênggoyoran arêp tiba.
(glayêm) :
ng-[x] kn. gunêman sêmu aras-arasên tanpa krêkat.
glayung :
êngg. kn. wilangan pari ana 2 ikêt (12 kati).
glalêr :
pating [x] kn. katon gêgalêran; kc. galêr.
glali :
kn. jur-juran gula sing plikêt ana sing digaringake ana sing ora.
glambèr, glambir :
êngg. gèmbèl ing gulu sapi lsp.
(glambyar) :
ng-[x] kn. 1 buyar, udhar, ura; 2 cêmplang ut. ora karuwan rasane tmr. panganan; 3 tanpa têgês tmr. gunêman.
glambrèh :
pating [x] kn. pating klêmbrèh.(glamèh) [x]-an êngg. pc. arêpan, doyanan; kc. glomah-glamèh.
glamit :
kn. nam-naman alus minangka plipidaning klasa, lampit lsp; ng-[x]. 1 mlipit (minggiri) klasa lsp. sarana glamit; 2 pc. sarwa alus gunême (pangarahe).
glana :
(S) kw. angluh, sêdhih.
(glandhang) :
gumlandhang (ut. glandhangan pc) kn. mili bantêr bangêt; di-[x]. digèrèd kanthi pêksa.
glandhang-glandhung :
êngg. pc. klonthang-klanthung (nganggur tanpa pagawean).
(glanuk) :
ng-[x] pc. jênak bangêt.
(glanthang) :
ng-[x] êngg. kn. 1 mepe apa-apa ing panasan; 2 (panas ng-[x]) panas bangêt.
(glanyong) :
ng-[x], [x]-an kn. gunêman clêmongan (tanpa têgês).
(glang) :
[x]-[x]-an êngg. lunga mrana-mrana tmr. wong wadon.
glanggang :
I kn. kalangan, papan sing dianggo adu-adu; tinggal [x] acolong playu br. kêplayu saka ing papêrangan. II [x]-an engg. kn. sawah sing sabakdane ditanduri pari banjur ditanduri têbu.
(glangsar) :
[x]-an kn. têturon glimpangan ing lêmah.
glangsi :
êngg. kn. kanthongan klasa dianggo wadhah gula.
(glangsur) :
ng-[x], [x]-an kn. mêngkurêb banjur obah maju tmr. bocah cilik.
(glape) :
[x]-[x] kn. klewa-klewa.
glaput, glaprut :
, pating [x] êngg. pc. rêgêd pating klaprut.
(glarang) :
[x]-an êngg. kn. klambrangan.
(glarap) :
[x]-an êngg. kn. gragapan.
(glasah) :
ng-[x], [x]-an kn. padha sumèlèh ana ing lêmah (ora tata).
(glathak) :
ng-[x] kn. sênêng mêmangan sing ora patut dipangan.
(glathe) :
ng-[x] kn. nindakake apa-apa mung dianggo sêmbranan; kc. glotha-glathe.
glathi :
kn. bngs. cundrik; kc. blathi.
glathik :
kn. ar. manuk bngs. êmprit rupane biru ênom; [x] sakurungan pr. wis padha nunggal karêp; ng-[x] mungup. mawa pucuk abang sathithik.
(glathuk) :
ng-[x] êngg. kn. 1 ngglanuk; 2 (ut. ng-[x]-[x]) tumandang alon-alonan.
(glawat) :
ng-[x] kn. nyandhak (tumandang) apa-apa.
glebag :
mak [x] kn. katêranganing têmbung malik, mbalik; ng-[x]. malik, mbalik; [x]-an 1 jêmpalikan; 2 anggone nanduri gênti-gêntèn tmr. sawah (pari karo têbu ut. palawija).
(glèbèg) :
ng-[x] kn. 1 êngg. gêdhèg; 2 mlèsèd ênggone namakake wadung lsp; 3 êngg. pc. wangkod.
gledrah :
kn. kc. glidrah, gladrah.
(gledhag) :
ng-[x] kn. ngglethak, têturon.
(gledhah) :
ng-[x] kn. niti priksa prêlu golèk nyina ut. katêrangan; ng-[x]-i. nggêgolèki barang sing ana ing wêwêngkoning liyan.
glèdhèg :
kn. swaraning kreta gumlindhing; gumlèdhèg. 1 nywara glèdhèg-glèdhèg; 2 kc. gêmlèdhèg; [x]-an. 1 mawa glindhingan tmr. lawang lsp; 2 êngg. keseran, grobagan; 3 (sawah) glebagan; 4 êngg. dalan sing anjog ing regol tmr. dalême para luhur.
glègak-glègèk :
kn. 1 tansah antop ut. sêgunên; 2 tansah ngguyu; kc. glègèk.
glègèk :
kn. pêpindhan swaraning antop (sêgunên); ng-[x], [x]-an. 1 tansah antop (sêgunên); 2 tansah gumuyu jêgigikan.
(glègès) :
ng-[x] kn. ngguyu jêgigikan.
(glegot) :
ng-[x] êngg. kn. jênak ora lunga-lunga.
(gleyah) :
[x]-[x] kn. mlaku gliyak-gliyak.
gleyah-glèyèh :
kn. kumudu ngambruk marga sayah bangêt.
gleyang :
mak [x] êngg. kn. mak kleyang.
gleyar-gleyor :
kn. sênggoyongan kumudu ambruk tmr. mlaku.

--- 150 ---

gleyong ~ (glêntêng).

gleyong :
kn. kc. geyong.
gleyor :
[x]-[x] kn. sênggoyoran; kacang [x]. kacang lanjaran.
glelang-glèlèng :
kn. lumaku gêmbèlèngan.
(glèlèng) :
ng-[x] kn. 1 (ut. [x]-an) lumaku gêmbèlèngan; 2 umuk; 3 êngg. nglêgèyèh sakêpenake.
(glelo) :
ng-[x] pc. dhêklak-dhêkluk ngantuk..
glemang-glèmèng :
êngg. kn. ênjah-ênjahan, molah-malih.
glembyar-glembyor :
kn. pating blèngkrèh ora tata tmr. klambi lsp.
(glemboh) :
[x]-[x] êngg. pc. katon gêdhe lan lêmu.
(glembong) :
[x]-[x] pc. gêdhe lan lêmu ginuk-ginuk.
glembos, glêmbos :
kn. gêdhe nanging kapês-kapês.
(glempang) :
ng-[x] êngg. pc. ngglimpang.
glempo :
êngg. kn. bngs. kacu amba; kc. gempo.
glèndèr :
êngg. kn. pring (kayu) dianggo sanggan apa-apa sing arêp disodhokake; ng-[x]. mlèsèd ngglindhing; kc. blèndèr.
(glenjor) :
[x]-[x] kn. kêndho (ora manthêng).
(glendhang) :
ng-[x] êngg. kn. 1 tanpa nggawa (momot) apa-apa; 2 lêlungan tanpa sêsangu; kc. glondhang.
(glèndhèng) :
ng-[x] êngg. kn. 1 ngglandhang, nggèrèd; 2 rancag, rikat; kc. glandhang.
(glenoh) :
[x]-[x] kn. lumaku katon gagah.
(glèntèr) :
ng-[x] kn. 1 dolanan dhewe ora nangis tmr. bocah cilik; 2 tansah kolehan tmr. wong nyambut-gawe.
(glènggèng) :
! ng-[x] êngg. kn. ura-ura sêru. II di-[x](i) êngg. mung kari nanduri tmr. sawah.
(glengsor) :
ng-[x], [x]-an êngg. kn. linggih ana ing lêmah.
glepat-glèpèt :
êngg. kn. tumandang sakêpenake (ora ngati-ati sarwa kasar).
glepot :
êngg. kn. rêgêd pating klaprut.
(glèsèh) :
ng-[x] êngg. kn. ngglasah.
(glèsèk) :
ng-[x]-[x] êngg. kn. golèk-golèk turahan.
(glesor) :
[x]-an êngg. pc. gulungan ing lêmah.
gleca-glece :
kn. ora antêpan, sêmbrana.
(glethak) :
gumlethak, ng-[x] kn. sumèlèh ing lêmah lsp (sajak ora kopèn); di-[x]-ake. disèlèhake.
(glèthèk) :
[x] pêthèle pc. cêkak aose, gênahe, têrange; ng-[x] êngg. kn. 1 cêtha bangêt, (gênah bangêt); 2 ngglethak, sumèlèh; 3 (asat ng-[x]) asat nggêring (nggêrèng).
glethot :
êngg. pc. gethot.
(glewang) :
ng-[x] kn. 1 njomplang, ora pênêr (miring mêngiwa ut. mênêngên); 2 wis nisih mêngulon tmr. srêngenge (bakda têngange); 3 pc. rada gêndhêng, rada nyimpang saka paugêrane; di-[x]-ake. dijomplangake, diiringake sasisih.
(glèwèng) :
[x]-an êngg. pc. slewengan.
(glewo) :
[x]-[x] êngg. pc. lêmu ginuk-ginuk tmr. bayi.
glêbêg :
êngg. kn. glindhingan sing digawe blabag dibundêr; 2 keseran mawa glindhingan kasêbut; ng-[x]. 1 nggèsèr nganggo glêbêg; 2 nggêjêg, mbladhêg, nywara ajêg aruntut; [x]-an. 1 rapêt tmr. nam-naman lsp. 2 (rodha [x]-an) rodha (glindhingan) sing digawe blabag dibundêr; 3 mbladhêg tanpa lèrèn ut. tanpa antan-antan.
(glêbyar, glêbyur) :
pating [x] kn. katon glêbyar-glêbyar akèh; kc. gêbyar.
glêdrug :
pating [x] kn. padha gêdrug-gêdrug.
glêdhêg :
kn. pêpindhaning swara saèm. glèdhèg; 2 êngg. bngs. lêmari cilik kanggo wadhah panganan; gumlêdhêg. nywara glêdhêg-glêdhêg; [x]-an. 1 pc. saya ndadi tmr. gêni; 2 êngg. tanpa growongan, padhêt, tanpa sêla-sêla.
glêga :
êngg. k. glugu.
glêgêk :
[x]-[x], glêgak-[x] kn. katêrangan ut. swarane wong ngombe.
glêgêr :
kn. pêpindhan swaraning mriyêm.
glêgês :
I ng-[x], glêgas-[x] kn. gumuyu lirih. II kn. kêmbang têbu.
(glêgut) :
ng-[x] êngg. kn. tumêmên ênggone tumandang.
(glêlêng) :
ng-[x], [x]-[x] kn. antêng bangêt sarta pamandênge tajêm.
(glêlêr) :
ng-[x] êngg. kn. lunga tanpa sabawa.
(glêlês) :
ng-[x] kn. 1 lunga dhêdhêmitan (tanpa pamit); 2 sêmaput mak lês.
(glêmbuk) :
di-[x] kn. dirêrimuk supaya gêlêm, dibujuk.
(glêmbus) :
ng-[x] kn. katon lêmu nanging pucêt marga lêlaranên
glêmbor :
pating [x] kn. padha gêmbor-gêmbor.
glêmbos :
kn. kc. glembos.
glêmpêng :
êngg. kn. mêmpêng, srêmpêng; ila-ila [x]. ila-ilane yèn ngomah-omahake kêtêmu misan ut. nak-sanak, besan sakarone padha gêlut.
(glêndêm) :
I glêndam-[x], ng-[x] kn. 1 nywara lirih ulêm; 2 êngg. pc. ngglênggêm, njêjupuk (kanggonan) baranging liyan mênêng bae. II kn. pupus arèn.
(glêndhèh) :
I [x]-[x], glêndhah-[x] kn. lumaku alon sakêpenake. II kn. kacang cina sing isih ênom.
(glêndhêng) :
[x]-[x] kn. 1 nywara grênggêng-grênggêng (grênêngan lsp); 2 kèli bantêr; di-[x]-i. digrênêngi; [x]-an. 1 grênêngan; 2 (pring [x]-an) pring wutuhan.
(glênèh) :
ng-[x] êngg. kn. nylênèh, nganèh-anèhi.
(glênêng) :
ng-[x] êngg. kn. nglênêng (mili antêng).
(glênês) :
ng-[x], glênas-[x] êngg. kn. lunga tanpa sabawa (pamitan).
glênik :
[x]-[x] kn. gunêman lirih; ng-[x]. 1 ngglêmbuk (ngandhani) sarana lirih calathune; 2 (ut. ngglênuk êngg. pc) omong-omongan lirih-lirihan.
(glêntêng) :
ng-[x] êngg. pc. têrusan bae anggone tumandang.

--- 151 ---

(glênggêm) ~ glundhung-sêmprong.

(glênggêm) :
ng-[x] kn. olèh (kanggonan) apa-apa mênêng bae, ngglêndêm.
glênggêng :
mak [x] kn. katêranganing ngombe.
glêpang :
êngg. k. glêpung.
(glêpuk) :
di-[x] êngg. kn. digutuk, dibalang.
glêpung :
kn. bubukan gandum lsp. sing lêmbut bangêt; ng-[x]. 1 mbubuk agawe glêpung; 2 ak. kaya glêpung.
(glêrêk) :
[x]-[x] kn. klêrêk-klêrêk (nywara jêro ana ing gorokan).
glêrêng :
pating [x] kn. padha gêrêng-gêrêng, padha nggêrêng; kc. gêrêng.
glêrit :
pating [x] kn. padha nywara gêrit-gêrit.
(glêsêr) :
[x]-[x] kn. mingsêt (nlosor) alon-alonan kaya ula yèn mlaku.
glêthêk :
mak [x] kn. 1 dumadakan nywara kaya swaraning barang tiba; 2 dumadakan olèh kabêgjan (dhuwit lsp).
glibêd :
kn. katon satleraman tmr. wong lsp. sing mlaku; ng-[x]. 1 (ut. [x]-an) tansah mubêng (katon) ana ing sawijining panggonan; 2 pintêr bangêt ngubang-ubêngake têmbung; di-[x]-i. tansah diklintêri (disaba).
glibrah :
kn. kc. gibrah, gidrah, glidrah.
glidrah :
pating [x] kn. padha lincak-lincak jêjogèdan.
(glijad) :
ng-[x].êngg. kn. rêsk sarta wrata.
(glidhah) :
êngg. kn. kc. gledhah.
glidhig :
I (ut. ng-[x], [x]-an êngg) kn. 1 nyambut-gawe bêburuh; 2 êngg. sinoman; ng-[x]. kumudu-kudu nyênyêkêl (ngrêrusak); di-[x]-ake. diburuhake. II ng-[x], gumlidhig kn. kêpenak ambah-ambahane tmr. dalan, bantêr iline tmr. kalèn lsp.
(gligap) :
[x]-an, [x]-ên kn. gragapan, kagèt.
gligat-gligut :
kn. jligat-jligut.
gligèn :
kn. 1 êngg. kayu awangun gilig ing panênunan; 2 (wêsi [x], gêlang [x]) giligan; kc. gilig.
(gligik) :
[x]-[x], gligak-[x] kn. gumuyu lirih.
(gligir) :
ng-[x] kn. nggalêr mawa abuh (kaya dene tatu mêntas disabêti); kc. gigir.
(gliyak) :
[x]-[x] kn. lumaku (nyambut-gawe) alon nanging têrus tumandang (ora nyêngka).
(gliyêng) :
êngg. kc. gliyêr.
(gliyêr) :
ng-[x] kn. 1 kontal alihan; 2 mumêt, yêr-yêran pandêlênge.
glimbang-glimbung :
êngg. pc. bligang-bligung, mbligung.
(glimpang) :
ng-[x] kn. tiba mbalik (ngglewang, nggledhag); di-[x]-ake. 1 ditibakake nganti ngglimpang; 2 (ut. di-[x]-[x]-ake) diwêlèh-wêlèhake, dikalahake tmr. padu lsp.
(glimpung) :
ng-[x] pc. têturon sêmu njingkrung.
glindhang-glindhung :
êngg. pc. `klonthang-klanthung.
glindhing :
kn. 1 êngg. bngs. grobag sing rodhane tanpa ruji; 2 (ut. [x]-an) glintiran cilik-cilik; ng-[x], gumlindhing. mubêng (mlaku) kaya dene rodha, kênèkêr lsp; ng-[x]-i. nglintiri; ng-[x]-ake. ngubêngake sarta gumulung; [x]-an. rodha.
glindhung :
kn. glindhang-glindhung.
glinuk :
[x]-[x], glinak-[x] êngg. kêlêmon lan wagu.
(glinting) :
ng-[x],gumlinting kn. ngglangsar (gumluntung) ing lêmah; kc. gluntung.
glintir :
(ut. [x]-an kn. glindhingan cilik-cilik tmr. tike, jamu lsp; di-[x]-i. diglindhingi.
(gling) :
rada [x]-[x] êngg. pc. rada edan.
glinggang :
êngg. kn. kayu mati.
glingsêng :
irêng [x] êngg. kn. irêng bangêt.
gliput :
êngg. kn. glaput.
(glirih) :
ng-[x] êngg. kn. ngrintih, gêrêng-gêrêng lirih; kc. gluruh.
glis :
(ut. a-[x]) kw. gêlis, rikat.
(glisik) :
di-[x]-i êngg. kn. dibisiki.
(glithak) :
ng-[x] êngg. pc. ngglethak.
(glithik) :
I ng-[x] êngg. kn. nglithih, ngglidhig. II pating [x] êngg. pc. pating klithik. III ng-[x] êngg. kn. njupuki keyong ut. krikil.
glithu :
êngg. kn. ulêg-ulêg, munthu.
(glitho) :
ng-[x] êngg. kn. nothok sarana jêmpole kapidihake banjur dikluwêrake.(gliwang) ng-[x] êngg. kn. ngglewang.
(glubud) :
ng-[x] êngg. kn. mblubud (ora isinan).
gludhug :
kn. 1 (mak [s]) pêpindhaning swara kêbêntus ing pêthi lsp; 2 swaraning blêdhèg sing gumlêgêr; kakehan [x] kurang udan pr. akèh kasaguhane (omonge) nanging sathithik nyatane; gumludhug. nywara gludhug-gludhug.
gluga :
kn. ar. têtuwuhan sing kêna dianggo cèt abang; [x] salusur sari pr. wis bêcik kawuwuha bêcik; ng-[x]. kaya gluga (abang sumringah).
glugu :
kn. wit (kayune) krambil; [x] kêtlusuban luyung pr. kêlêbon ing têlik sing mowor sambu.
glugur :
êngg. kn. glogor.
glugut :
êngg. kn. lugut.
(gluyur) :
ng-[x] kn. lunga saparan-paran; [x]-an. 1 lunga saparan-paran; 2 gloyoran, sênggoyoran.
glumut :
êngg. pc. gluput (rêgêd gupak blêthok lsp).
glundhêng :
mak [x] kn. pêpindhan swaraning barang ut. katêranganing barang sing kêcêmplung ing kêdhung, luwêng lsp.
glundhung :
kn. gluntung; ng-[x]. 1 nggluntung, ngglindhing gumulung; 2 sumèlèh ora kopèn; 3 ent. asrah pati urip, masrahake awake; ke-[x]. tiba ngglundhung; kc. gluntung.
glundhung-sêmprong :
kn. 1 (wong wadon) laki tanpa nggawa gawan; 2 masrahake apa-apa tanpa nganggo wuwuhan.

--- 152 ---

glundhung-suling ~ gudêr.

glundhung-suling :
kn. (wong lanang) rabi tanpa tukon lsp.
glunêk :
êngg. kn. grunêk.
gluntung :
kn. 1 glundhung; 2 wilanganing krambil (sing isih wutuhan); gumluntung; gumlundhung, sumèlèh ing; ng-[x], [x]-an. têturon satiba-tibane bae.
glupak-glupuk :
êngg. pc. bêgita-bêgitu.
gluput, gluprut :
kn. rêgêd gupak blêthok lsp.
glura :
kn. ora têtêp, ora panggêng; kc.ura.
(gluruh) :
ng-[x] kn. gêrêng-gêrêng lirih.
(glusur) :
ng-[x] êngg. kn. 1 mlorod, mlèsèt; 2 nggrayangi; 3 ngurut-urut (mijêti).
gluthèh :
êngg. kn. rêgêd; kc. bluthèh.
gluthêk :
kn. pêpindhan swaraning tikus ing kothak lsp; [x]-an. tansah nywara pating gluthêk.
gluthik :
I ng-[x] pc. trampil, prigêl. II pating [x] pc. akèh sêsinggêtane, ora kêpenak ambah-ambahane tmr. dalan lsp.
gluthuk :
kn. saèm. gluthêk.
(gluwèh) :
gluwah-[x], gumluwèh kn. ora ngati-ati, sêmbrana.
gluwêr :
pating [x] kn. pating kluwêr.
(globag) :
[x]-an êngg. kn. koming, gulungan tmr. jaran.
globat-glabèt :
kn. ilate ndilat-dilat; kc/ glabèt.
globê :
(W) kn. pêpêthan jagat.
(globod) :
ng-[x] kn. mênganggo sarwa lawas.
globroh :
pc. kêlandhungên, kegêdhèn tmr. klambi lsp; kc. klombroh.
glodro :
mak [x] pc. mlotrok.
glojo :
êngg. pc. lêgojo.
glodhag :
pating [x] kn. pêpindhaning swara kaya jaran ana ing gêdhogan.
glodhog :
I kn. 1 bumbung dianggo masangi glathik supaya nusuh ing kono; 2 kothak ut. kêthokan glugu disigar sarta digrowong banjur ditangkêbake kanggo ngingu tawon; 3 êngg. pêthi dianggo wêwadhah; 4 êngg. pring wutuhan dianggo pagêr lsp; 5 êngg. pring tlundhaging gêdhogan; [x]-an êngg. growongan, gronggongan. II ng-[x] kn. nglèthèk kulite ayam; ng-[x]-i. padha nglèthèk kulite ayam marga lara panas lsp.
glogok :
mak [x] kn. katêranganing ngêsokake barang cuwèr.
glogok-sok :
kn. gunêman (ngandhakake) apa-apa wantahan bae.
glogor :
I kn. 1 kayu ut. pring tutuping kluwat; 2 kayu ut. pring sangganing plangitan, jrambahing jogan lsp. II [x]-[x] êngg. kn. klokor-klokor (erak tmr. swara).
gloyam-glayêm :
kn. gunêman sakêpenake; kc. glayêm.
(gloyor) :
ng-[x]-i, [x]-an kn. sênggoyoran, mlaku kumudu arêp tiba.
(glolo) :
ng-[x] kn. nangis sêru bangêt.
glomah-glamèh :
pc. kêpengin bangêt arêp mêmangan.
glombyar-glombyor :
kn. 1 kakehan duduh tmr. jangan; 2 lêmu nanging kêndho tmr. pawakan.
glompong :
kn. 1 (ut. [x]-[x]) katon lêmu tmr. bocah cilik; 2 ar. gêndhing.
(glondor) :
ng-[x] kn. mblèndèr,ngglèndèr, mlorot.
(glondhang) :
mak [x] kn. pêpindhan swaraning blèg tiba; ng-[x]. suwung, tanpa momotan; [x]-an. nywara glondhang-glondhang.
glondhang-glandhung :
kn. klonthang-klanthung.
glondhong :
kn. 1 (ut. [x]-an) kayu isih bulugan (durung diprèjèngi); 2 êngg. lêlurahing para lurah desa; [x]-an êngg. wêwêngkoning glondhong.
(glontor) :
di-[x] êngg. kn. 1 disêntor ing banyu; 2 ks. dipangan, diombe.
glong :
mak [x] pc. sanalika lêga.
glonggong :
kn. 1 gagange godhong katès; 2 bngs. glagah.
glongsor :
mak [x] kn. sanalika têturon (ora nganggo diprênahake); mondhok [x] êngg. mondhok ing omahe liyan.
glopot :
êngg. kn. gluput.
(glorok) :
[x]-[x] kn. klêrêk-klêrêk.
(gloso) :
ng-[x] kn. têturon satiba-tibane.
gloco :
êngg. kn. lêgojo.
(glotha) :
ng-[x] êngg. kn. suwung blung.
glotha-glathe :
kn. ora kalawan sêngaja ut. mung dianggo sêmbranan.
glothak :
mak [x] kn. pêpindhaning swara kaya dene têkên tumapak ing kayu lsp; [x]-an. tansah nywara glothak-glothak.
gubab :
êngg. goroh.
gubah :
kn. langse, gêbêr dianggo aling-aling; di-[x]. 1 dironce, dipêthil banjur dironce tmr. kêmbang; 2 (ut. di-[x]-i) ditutupi tmr. gubah; 3 br. dikarang; [x]-an. 1 (ut. pa-[x]-an) paturon sing tinutupan ing gubah; 2 rêrênggan awujud oncèn kêkêmbangan ut. gêgodhongan; 3 br. karangan (kasusastran).
gubar :
kn. bngs. bèri.
(gubêd) :
ng-[x] kn. mbulêt, tumuli ningsêti.
gubêg :
(ut. [x]-an) kn. tanpa pinggiran ut. tanpa plisir tmr. tênunan (sandhangan lsp); di-[x] ak. dibêlok, dirante.
gubêl :
kn. tukang ngêlèti (mbêdhagal) sapi lsp. sing arêp dibêlèh; ng-[x]. tansah nggulêt (njêjaluk) ora lunga-lunga.
gubis :
êngg. kn. kobis.
gublug :
êngg. pc. goblog.
gubug :
kn. omah cilik ana ing sawah ut. têgal kanggo tunggu tanduran.
gubug-pèncèng :
kn. ar. lintang papat kang mangun pêsagi mèncèng.
gubrah, gubras, gubrat :
êngg. kn. rêgêd ut. gupak; up. [x] gêtih.
gubrês :
êngg. pc. udrêg arame.
(gudag) :
ng-[x] kn. 1 ngoyak, mblêdig; 2 ngoyak karo mbijig.
gudèl :
kn. anak kêbo; kêbo nusu [x] pr. wong tuwa njaluk wulang wong ênom; ng-[x] bingung pc. mung ela-elu bae.
gudêr :
ut. [x]-an kn. gumêdêr, rame-rame.

--- 153 ---

gudir ~ gule.

gudir :
kn. slèi, agêr-agêr sing wis diolah.
gudu :
êngg. pc. dudu.
gudrah :
kn. gupak ing gêtih lsp; kc. gubrah.
(gujêg) :
ng-[x] kn. nyêkêli kêncêng bangêt supaya aja lunga; 2 ngujêg, njaluk kalawan ngujêg.
gujêng :
I ng-[x]-i kn. nyêkêli, nggocèki; [x]-an. gocèkan. II k. guyu; gêgujêngan k. gêguyon.
(gujêr) :
ng-[x] êngg. kn. nyêkêli kêncêng.
gujig :
êngg. kn. 1 juwèh. sênêng nyruwe; 2 [x]-wêtênge) bêncirih, gampang larane.
gudhal :
kn. rêrêgêding palanangan; kc. gadhul.
gudhang :
I kn. omah gêdhe dianggo nandho barang-barang; 2 kamar panyimpênan barang-barang. II (ut. [x]-an) kn. 1 janganan; 2 janganan sing diolah dikrawu krambil; ng-[x]. olah gudhangan.
gudhas :
êngg. pc. enak bangêt
gudhe :
kn. ar. wit wohe saèm. kara sok digawe tempe.
gudhêg :
kn. ar. olah-olahan sing digawe gori ut. bung.
gudhêr :
sêpur [x] (W) kn. sêpur momotan barang-barang.
gudhig :
kn. ar. lêlara kulit; [x]-ên. nandhang lara gudhig.
gudhis :
êngg. pc. enak bangêt; kc. gudhas.
(gugah) :
ng-[x] kn. mungu ki. 2 agawe supaya tangi; 2 nangèkake prakara sing wis sirêp.
gugat :
n. gigat k. lapur marang pangadilan nêrangake yèn ora trima; ng-[x]. nglapurake marang pangadilan.
(gugu) :
ng-[x] n. nggêga k. ndhahar ki. 1 pracaya marang kandhaning liyan; 2 miturut marang pitutur; kc. gugon, gugun-tuhon.
guguh :
êngg. kn. wis ompong kabèh (tuwa bangêt).
(guguk) :
ng-[x] kn. gumuyu (nangis) sing sêmu diampêt
gugup :
kn. gragapan (gita) marga ana prakara sing ngêgèt.
gugur :
I kn. 1 runtuh; 2 jugrug, ambrol sarta jugrug; 3 batal, ora absah tmr. sêmbahyang; di-[x]. dijugrug; ng-[x]-i. 1 njugrugi; 2 (ut. ng-[x]-[x]-i, ng-[x]-ake) mbatalake (ngrigoni) wong sêmbahyang. II êngg. kn. kêsusu, gugup.
gugur-gunung :
kn. pakaryan nêgara kang sarana ngêrigake wong padesan tanpa opahan.
gugus :
kn. gogos, padha gripis (marga gropok).
gugut :
kn. 1 wanguning praèn sing janggute luwih maju tinimbang untu ing dhuwur; 2 (sa-[x]) sacokotan cilik; ng-[x]. nggêgêt apa-apa kaplèpèt ing untu ngarêp, up. ng-[x] tuma.
(gugon) :
[x]-an, [x]-[x]-ên kn. gampang bangêt nggugu; kc. gugu.
gugon-tuhon :
kn. ngandêl marang prakara sing dianggêp duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora.
gugrag :
kn. rusak padha coplok; kc. gograg.
gugrug :
kn. jugrug, gugur.
guha :
(S) kw. guwa; cs. 9.
guhya :
(S) kw. gaib, sinamun, winadi.
(guyang) :
ng-[x] kn. ngêdusi kewan (bayi, mayit).
guyêng :
êngg. pc. gayêng.
(guyêr) :
ng-[x] kn. ngginyêr
guyu :
n. gujêng k. wêtune rasa bungah (sênêng) sing kawahya ing cangkêm; ng-[x], gumuyu n. gumujêng k. nglahirake rasa bungah (sênêng) sarana swara ing cangkêm; nggêguyu. ngguyu sêmu ngewani; guyon, gêguyon. 1 padha sênêng-sênêng gênti ngguyu; 2 sêmbranan ora têmênan; gêguyon dadi tangisan pr. maune mung sêmbranan dadi prakara gêdhe.
guyub :
kn. rukun sarta padha ngumpul. ng-[x]-i. ngrujuki, mèlu ngombyongi; (pa)-[x]-an. pirukunan, pakumpulan.
(guyur) :
ng-[x] êngg. kn. nyilêm ing banyu.
guyon :
kc. guyu.
guk :
pc. ambung (têtêmbunganing bocah).
gul :
I kn. kc. êgul. II (Inggris) kn. gawang ing dolanan bal-balan; ngê-[x]-ake. nglêbokake bal ing gul; kê-[x]-an. gule kêlêbon bal.
gula :
n. gêndhis k. lêlêgi sing digawe kênthêling kilang; ngalêm lêgining [x] pr. ngalêm marang wong sugih (pintêr); ngêmut [x] krasa lêgi pr. pinasrahan apa-apa barêng krasa enak banjur diêngkoki dhewe; sêmut marani [x] pr. golèk kamelikan; sok ana [x] akèh sêmute; ana [x], ana sêmut pr. anggêr ana kamelikan, mêsthi akèh wonge sing padha têka.
gula-arèn :
n. gêndhis-arèn k. gula sing digawe kilang arèn.
gula-batu :
n. gêndhis-sela k. gula têbu sing pêprikilan[8] atos.
gula-drawa :
kw. (gula jêmèk) têmbang dhandhang-gula.
gula-jawa :
n. gêndhis-jawi k. gula sing digawe kilanging lêgèn.
gula-gêsêng :
kn. (warna) abang irêng.
(gulak) :
[x]-[x] êngg. kn. mulak-mulak.
gula-klapa :
kn. 1 gula krambil; 2 corak abang putih (gêndera, pêndhok êmas karo salaka).
gulali :
kn. glali.
gulan :
ut. gêgulan kn. bedhengan (lêmah diunthuk-unthuk) arêp ditanduri.
(gulang) :
I ng-[x], nggêgulang kn. ajar, nglêlantih. II [x]-[x] êngg. kn. (prajurit) tukang jaga.
gulang-gulung :
kn. 1 tansah gulungan; 2 tansah awor (nunggal).
gulat) :
di-[x]-i êngg. digolèki.
(gula-wênthah) :
ng-[x] kn. ngupakara (momong sarta mêmuruk) bocah.
guldhên :
(W) 1 êngg. kn. ringgit; 2 pc. rupiyah.
gule :
kn. ar. olah-olahan sing diolah iwak wêdhus nganggo duduh.

--- 154 ---

gulèk ~ gumludhug.

gulèk, guli :
êngg. kn. nuli.
gulêt :
kn. (ut. gêgulêtan) pêpulêtan, ulêng, gêgubêdan; 2 êngg. gêlut, ulêng; 3 bêcik bangêt pamitrane; ng-[x]. nggubêl.
guli :
êngg. pc. olèhe; kc. gole, gulèk.
guliga :
(S) kw. bandhêm, sawat.
guling :
kn. 1 bantal guling dawa; 2 kw. turu; 3 êngg. bngs. kranjang arang diisèni watu dianggo mbêndung kali; gumuling br. 1 têturon gumlundhung ing lêmah; 2 gumulung, mubêng; ng-[x]. 1 nggulung, koming, gumlundhung mawalikan; 2 kw. turu; pa-[x]-an kw. paturon; kc. goling.
gulma :
I (S) kn. ak. 100 yuta. II (S) kw. grumbul, thêthukulan.
gulu :
kn. jangga ki. 1 peranganing badan antarane êndhas karo gêmbung; 2 uga tmr. gêndul, kêndhi lsp. yaiku perangan sing mêrit; 3 larasing wilahan gamêlan sing kapindho (panunggul); pang-[x] kn. panênggak ki. anak kang kapindho (adhi pambarêp); kc. gulon.
gulu-ancak :
kn. guluning kewan iwèn perangan ngisor; 2 peranganing kudi sadhuwure wêtêngan.
gulu-banyak :
kn. gaganing jantung gêdhang.
(gulud) :
di-[x] êngg. kn. diurug, diunthuk-unthuk; [x]-an. gulan, bedhangan.
guluh :
êngg. kn. rêgêd.
gulung :
kn. lintingan (lunthungan) gêdhe; [x]-[x] gêgulungan; 1 nggoling-nggoling ing lêmah; 2 katon kaya digulung; up. ombak gêgulungan. ng-[x]. 1 gumlundhung; 2 nglunthung dluwang lsp; ke-[x]-[x]. kêglundhung-glundhung; [x]-an. lunthungan, apa-apa sing wis digulung.
gulung-koming :
kn. 1 nggulung mawalikan; 2 bingung bangêt.
gulo :
pc. iku lo.
gulon :
kn. peranganing klambi sing kêpênêr ing gulu.
gumablug :
kn. tiba nywara mak blug; kc. gablug, blug.
gumadul :
kn. mêndat; kc. gadul.
gumajang-kèwèr :
kn. bayi nganti umur 4 taunan; kc. bajang.
gumagah :
kn. ambêk gagah; kc. gagah.
gumagus :
kn. ambêg bagus; kc. bagus.
gumaib :
kn. umuk; kc. gaib.
gumampang :
n. gumampil k. nganggêp gampang; kc. gampang.
gumandhul :
kn. gumantung nggandhul; kc. gandhul.
gumanti :
n. gumantos k. nyulihi; kc. ganti.
gumantung :
kn. 1 gumandhul; 2 isih diêndhêg (ditahan); [x] marang. purbawisesa marang.
gumarang :
kn. ar. sapi (ing crita kuna).
gumati :
n. gumatos k. ngrêmbug kanthi têmên-têmên; kc. gati.
gumathok :
kn. maton, têtêp; kc. gathok.
gumawang :
kn. têrang (cêtha) bangêt; kc. gawang.
gumawul :
kn. gumadul.
gumbala :
ki. 1 brêngos; 2 êngg. jenggot.
gumbêng :
êngg. kn. 1 bêdudan; 2 bngs. gamêlan ding[9] digawe bumbung kulite dibêsèt sarta diganjêl.
gumblis :
êngg. kc. gamblis.
gumbrêg :
kn. ar. wuku sing kaping 6.
(gumbrêng) :
di-[x] êngg. kn. disrêngêni kanthi gumrêmêng.
gumela :
kn. katon cêtha; kc. wela.
gumèndhêl :
kn. krasa abot; kc. gèndhêl.
gumêbyar :
kn. katon sumorot gêbyar-gêbyar; kc. gêbyar.
gumêdêr :
kn. rame bangêt; kc. gêdêr.
gumêdhe :
kn. umuk, pambêkan; kc. gêdhe.
gumêdhêg :
kn. 1 grêgêtên bangêt; 2 bungah banget; kc. gêdhêg.
gumêlar :
kn. jumèrèng; kc. gêlar.
gumêmblang :
êngg. kn. padhang trawangan; kc. gêmblang.
gumêmplang :
kn. panas bangêt tmr. srêngenge; kc. gêmplang, kêmplang.
gumêndhung :
kn. gumêdhe, umuk; kc. gêndhung.
gumênyal, gumênyol :
kn. êmpuk sarta mêndat; kc. gênyal, gênyol.
gumêr :
kn. gumêdêr, gumuruh arame; kc. gêr.
gumêrèt, gumêrit, gumêrot :
kn. nywara gêrèt (gêrit, gêrot).
gumêtêr :
kn. ndhrêdhêg, rasaning badan yêr-yêran; kc. gêtêr.
gumilang :
kn. sumorot; kc. gilang.
gumilap :
kn. sumorot agilap; kc. gilap.
gumilir :
kn. ganti-ganti; kc. gilir.
gumintah :
êngg. pc. gêmintê.
gumisa :
n. sumagêd k. kumintêr; kc. bisa.
gumiwang :
kw. 1 miring mêngulon tmr. srêngenge; 2 ndhoyong marang (kêpengin marang.; kc. giwang, glewang.
gumyah :
kn. 1 umyung arame; 2 wis kasumurupan ing akèh; di-[x]-ake; diwratakake tmr. kabar lsp.
gumyak, gumyêk :
êngg. pc. rame, umyung.
gumyur :
kn. 1 campuring sorot padha sorot, padha dene gumêbyar; 2 bingung atine marga kagèt lsp.
gumladhag, gumèdhèg,[10] gumlidhig :
kn. 1 gampang ambah-ambahane tmr. dalan; 2 bantêr tmr. lakuning banyu lsp. kc. gladhag, glèdhèg, glidhig.
gumlandhang :
kn. bantêr tmr. ilining banyu; kc. glandhang.
gumlawang :
êngg. kn. cêtha bangêt; kc. gumawang, gawang.
gumlèthèk :
kn. sumèlèh; kc. glèthèk.
gumlêdhêg, gumlodhog, gumludhug :
kn. nywara glêdhêg-glêdhêg tmr. kawah, wedang lsp; kc. glêdhêg, glodhog, gludhug.
gumlêgêk :
kn. nywara glêgêk-glêgêk (wong ngombe); kc. glêgêk.
gumlêgêr :
kn. nywara mak glêgêr; kc. glêgêr.
gumlêthêk :
pc. olèh akèh (kabêgjan); kc. glêthêk.
gumlindhing :
kn. 1 ngglindhing; 2 mili bantêr; 3 pc. manutan; kc. glindhing.
gumlinting :
kn. sumèlèh ing lêmah; kc. glinting.
gumlithik :
êngg. pc. ngglidhig.
gumludhug :
kn. nywara gludhug-gludhug; kc. gludhug.

--- 155 ---

gumlundhung ~ gundhil.

gumlundhung :
kn. ngglundhung; kc. glundhung.
gumluntung :
kn. sumèlèh ing lêmah; kc. gluntung.
gumluwèh :
kn. sêmbrana, ora ngati-ati; kc. gluwèh.
gumlontor :
kn. santêr iline; kc. glontor.
gumlonggong :
kn. nywara sêru (tmr. nêmbang).
gumuyu :
n. gumujêng k. ngguyu; kc. guyu.
gumuk :
kn. gunung cilik; [x] diumpuk-umpuk pc. sing wis sugih wuwuh sugih.
gumul :
kw. gêlut.
gumulak :
êngg. kn. mulak-mulak.
gumuling :
kn. 1 nggulung gêgulingan; 2 mubêng-mubêng; kc. guling.
gumulung :
kn. gêgulungan; kc. gulung.
gumun :
I kn. eram, gawok; ng-[x]-i. gumun marang; ng-[x]-ake. ngeram-eramake. II kn. lêgokan ing lambe dhuwur (antarane bolongan irung).
gumuntang :
êngg. kn. kêprungu têrang bangêt; kc. guntang.
gumunggung :
kn. umuk, sênêng digunggung; kc. gunggung.
gumuruh :
kn. nywara rame bangêt; kc. guruh.
gumoh :
kn. mutah tmr. bayi suson.
gumolong :
kn. 1 dadi siji; 2 wis mupakat; kc. golong.
gumpês :
pc. 1 êntèk kabèh; 2 mêndhak dhêkok tmr. irung.
gumping :
êngg. kn. pèrènging gunung sing ndêdêr.
gumrabyas :
kn. sadhela bae banjur êntèk tmr. gêni lsp; kc. grabyas.
gumrajag :
kn. mili (mancur) bantêr; kc. grajag.
gumragèh :
kn. arêp nyênyêkêl (ngranggèh); kc. gragèh.
gumrah :
I êngg. kn. lumrah, njlanah. II (gumrêh êngg.) kn. nywara gumuruh arame; kc. gêrah.
gumrayah :
kn. 1 katon akèh bangêt tmr. sêmut lsp; 2 krasa gatêl bangêt; kc. grayah.
gumrambyang :
kn. sêru lan cêtha tmr. swara; kc. grambyang.
gumrangsang :
kn. panas bangêt; kc. grangsang.
gumrawah :
kn. mili bantêr tmr. kalèn ing jêjurang; kc. grawah.
gumregah :
kn. njênggirat tangi; kc. gregah.
gumrènjèng :
kn. nywara grènjèng-grènjèng; kc. grènjèng.
gumrèwèl :
kn. 1 gampang copot (udhar). 2 gampang malih (malik).
gumrêbêg :
kn. nywara mbrêbêgi kuping; kc. brêbêg.
gumrêdêg :
kn. gumrudug (wong akèh mlaku bêbarêngan).
gumrêg :
kn. rame bangêt (wong gunêman bêbarêngan).
gumrêgut :
kn. mêmpêng; kc. grêgut.
gumrêmêng :
kn. gunêman lirih ora lèrèn-lèrèn.
(gumrêng) :
di-[x] pc. disrêngêni kanthi swara gumrêmêng.
gumrênggêng :
kn. nywara lirih bêbarêngan; kc. grênggêng.
gumridig :
kn. lumaku urut-urutan (wong akèh); kc. gridig.
gumriyêng :
kn. krasa abot angkat-angkatane; kc. griyêng.
gumriming :
kn. krasa pating griming (rada gatêl); kc. griming.
gumrining :
kn. rêsik bangêt ngrêsêpake.
gumriwis :
kn. 1 lumaku urut-urutan (wong akèh); 2 tansah gunêman (criwis).
gumrubyug :
kn. têka bêbarêngan wong akèh; kc. grubyug.
gumrubug :
kn. nywara grubug-grubug tmr. angin, gêni lsp.
gumrubul :
kn. katon (mêtu) bêbarêngan akèh; kc. brubul.
gumrudug :
kn. têka (mlaku) bêbarêngan wong akèh; kc. grudug.
gumrujug :
kn. mancur bantêr, nywara grujug-grujug.
gumrumung :
kn. nywara bêbarêngan; kc. grumung.
gumrunggung :
kn. nywara anggrung; kc.grunggung.
gumrobyag :
kn. nywara mak grobyag; kc. grobyag.
gumrojog :
kn. mancur sarta nywara grojog-grojog; kc. grojog.
gumropak :
kn. nywara kropak (kayu putung lsp).
gun :
kn. surining tênunan sing dianggo misah salêran lawe; 2 êngg. ks. dhêmênan.
guna :
(S) 1 kw. watak, kaluwihan, kapintêran; 2 kn. panggawe, krenah, paeka; 3 n. gina k. paedah; [x]-bisa ([x]-gawe, [x]-piranti, [x]-sarana, [x]-sêkti) kn. daya kang ngungkuli kodrat ginawe krenah (maeka) ing liyan; gumuna br. kumintêr; nggunani. maeka (mênggawe) ing liyan sarana guna-gawe lsp; ng-[x]-gawe kn. maeka, mênggawe; kc. kagunan, piguna, adi-guna, mandra-guna.
gunah :
êngg. kn. wis mangêrti têmênan; kc. gonah.
guna-kaya :
kn. pamêtune wong lanang kang kawènèhake marang bojo.
gunaman, gunawan :
(S) kw. sugih kapintêran, pintêr bangêt.
(gundam) :
ng-[x]-[x] kn. mbêngok marga kagèt ut. gila.
gundêm :
êngg. kn. canthèl.
gunjara :
êngg. kn. kunjara.
gundha :
kn. ar. têtuwuhan sing thukul ing sawah; gumundha lêmara. umur-umuraning pari ngarêpake gumadhung.
gundhal :
êngg. kn. gamêl; kc. gondhal, bêgondhal.
gundhala :
I (S) (ut. [x] titir) kw. (têtêg, kêndhang lsp) digawe têngara. II kw. anting-anting, ali-ali; kc. kundhala.
gundhik :
kn. 1 sêlire bangsa ngamanca (wong pribumi sing diêpèk bangsa ngamanca); 2 êngg. sêlir; 3 ratuning laron (laron wadon); di-[x]. disêlir.
gundhil :
kn. 1 tanpa wulu tmr. pari; 2 tulisan Arab (basa Jawa) kang tanpa têtêngêr sandhangan. ng-[x]. 1 wis êntèk wulune; 2 mlarat bangêt.

--- 156 ---

gundhul ~ gurah.

gundhul :
kn. 1 ora ngingu rambut (dicukur) tmr. êndhas; 2 buthak (tanpa têtuwuhan) tmr. gunung; [x] pronthos. gundhul dicukur kabèh; sawah [x] êngg. sawah lungguh sing ora ana desane; suruh [x]. suruh tuwa sing wis ilang sêmprite; êndhas [x] dikêpêti pr. wis kêpenak dikêpenakake manèh; ng-[x]. 1 (ut. [x]-an) ora nganggo ikêt ut. topi; 2 (ut. ng-[x]-i) nyukur.
gunêm :
n. ginêm k. catur, rêmbug; ng-[x]. ngrêmbug sawijining prakara, nyatur; [x]-an. caturan, clathu; pa-[x]-an. paomongan.
guni :
I êngg. k. guna. II êngg. kn. goni.
gunita :
(S) kw. 1 kagunan, kapintêran; 2 rêmbug; kc. guna.
gunung :
I n. rêdi k. pêpunthuk sing gêdhe lan dhuwur; sri [x] kn. wêwujudan yèn saka kadohan bêcik, saka cêdhakan ala; kêrubuhan [x] pr. nêmu kasusahan gêdhe; diêlêtana sêgara [x] sap pitu pr. yèn wis tinakdir jodho adoha ênggone ut. dipalangana dikaya ngapa iya bakal kêtêmu. katepan ngrangsang [x] pr. njangka prakara sing nglêngkara; kêjugrugan [x] mênyan (kêmbang) pr. nêmu kabêgjan gêdhe; ngontragake [x] pr. asor (ringkih)bisa ngalahake sing luhur (kuwasa); ng-[x]-i. patrap-pratingkahe kaya wong gunung; [x]-an. 1 (n. rêdèn k) têtironing gunung; 2 (kn. parêdèn k) têtironing gunung kang digawe janganan lsp, kanggo ajad dalêm yên pinuju grêbêg; 3 kn. kayon (wayang kang awangun kaya gambar gunung ana gambarane gapura lan kêkayon); 4 kn. (bathuk [x]-an) awangun kaya gunungan wayang yaiku ing dhuwur sêmu lancip; pa-[x]-an. tanah ing gunung-gunung. II kn. panggêdhening distrik ut. kapulisèn (Surakarta); gêgunungan, [x]-an br. panggêdhe, lêlurah.
gunung-gêni :
n. rêdi latu k. gunung kang ngêtokake gêni.
gunung-guntur :
kn. ar. bakal (lurik).
gunung-kêndhêng :
n. rêdi-kêndhêng k. gunung sing dawa lêlarikan.
gunung-sêpikul :
kn. wanguning ali-ali (matane ing têngah kaya suwêng cêplik diapit-apit ing intên loro sing padha gêdhene).
guntang :
êngg. kn. 1 bngs. bumbung wadhah banyu; 2 gêntang, nutu.
guntên :
I êngg. k. guna. II êngg. k. kuli. III dipun-[x] êngg. k. digolèki.
gunting :
kn. ar. piranti awujud kaya lading loro kaya kacip; jagang [x]. pring loro diwangun kaya gunting dianggo sanggan; suduk [x] tatu loro pr. nandhang kasusahan mangro mratêlu; di-[x]. diiris nganggo gunting.
guntur :
kw. 1 jugrug; 2 soking banyu; di-[x]-i. 1 dijugrugi, dilongsori; 2 diêlêbi, diêsoki; gêgunturan. swara rame dening gumrujuging banyu udan lsp.
(guncang) :
ng-[x] êngg. mbuncang, ngontalake.
(gunyêr) :
ng-[x] êngg. kn. ngginyêr.
gung :
I kw. gêdhe; di-[x]-ake. diêndêl-êndêlake, diumukake, kc. agung, mêgung. II kw. tansah; kc. anggung. III êngg. n. durung.
gungan :
kn. ngadi-adi tmr. bocah; kc. ugung.
gunggung :
I kn. olèh-olèhane ngumpulake wilangan (cacah), jumlah; ng-[x]. ngumpulake wilangan dadi siji; [x]-an. 1 olèh-olèhane nggunggung; 2 petungan bab nggunggung. II ng-[x] kn. ngalêm sing kêladuk ngompak, ngonggrong.
gunggung-kumpul :
n. gunggung-kêmpal k. gunggunge kabèh.
gunggrung, gungkrung, gungrung :
êngg. kn. gunung.
(gungsir) :
ng-[x] êngg. ndhungsir.
gupa :
I ng-[x] êngg. kn. ngupa-kara. II kw. kc. gopa.
gupak :
kn. 1 rêgêd marga kêna (nggêpok, kêcipratan) apa-apa; 2 (ut. gêgupak) kungkum ana ing blêthokan tmr. kêbo; [x]-an. luwangan kêbak blêthok dianggo kungkum kêbo.
gupala :
rêca [x] kn. rêca panjaga lawang (gapura); kc. gopala.
gupe :
kw. sêdhih, prihatin.
gupêrmèn :
(W) kn. pamarentah ing Hindiya; [x]-an. wêwêngkon ut. apa-apa sing kabawah ing gupêrmèn.
gupêrnur :
(W) kn. 1 (ut. Gupêrnur Jendral) panggêdhening paprentahan ing Hindiya; 2 panggêdhening propinsi.
gupi :
kw. 1 kocap, crita; 2 dolanan nabuh gamêlan.
gupis :
êngg. kn. gripis tmr. untu.
gupit :
I kw. sênthong paturon; ng-[x]. njêpit (sêsak bangêt, ciyut bangêt); di-[x] êngg. disinggêt-singgêt.
gupita :
I (S) kw. 1 anggitan, karangan kêmbang; 2 têtêmbungan; 3 karangan, rumpakan; di-[x]. dianggit, dikarang. II (S) kw. 1 pingidan; 2 putri.
gupya :
kw. sêdhih; kc. gupe.
gupyuk, gupruk :
kn. rame bangêt (omong ut. tumandang).
gupu :
kw. pangeyuban tmr. kewan ut. wong; kc. gupon.
gupuh :
kn. gita sarta kêsusu arêp mêthukake lsp.
gupur :
kw. wêdi, kagèt.
gupoh :
êngg. kn. gupuh.
gupon :
kn. omah (kandhang) dara.
gupruk :
kn. gupyuk.
gupta :
(S) kw. wadi, samar; ginupta. winadi, ginaib.
gur :
I (ut. nggur) êngg. pc. mung; kc. kur. II kn. pêpindhan swaraning gong.
guragada, guragodha :
kw. diksura, kuma-wani.
gurah :
I 1 kn. kêmu ngrêsiki gorokan; 2 ki.kêmu. II di-[x] kn. digusah; kc. gurak. III êngg. kn. prapèn kanggo ngobong barang kuningan; ng-[x]-i. ngluroni (ngobong) barang kuningan.

--- 157 ---

(gurak) ~ (guthil).

(gurak) :
I di-[x] êngg. kn. digusah, ditundhung. II ng-[x] êngg. kn. cêthèk tmr. lukon lsp.
gurawa :
kw. kc. gorawa.
(gurawal) :
[x]-an kn. gugup gita mêthukake.
gurda :
(S) kw. (êngg). wit wringin.
gurdi :
êngg. kn. uncêg, bur.
gurêm :
kn. tumaning pitik; [x] thèthèl-thèthèl pr. wong cilik njangka dadi luhur.
guri :
êngg. pc. buri.
gurih :
kn. rasa kaya dene rasaning krambil; sêga [x]. sêga wuduk.
gurinda :
kn. grenda.
(guris) :
ng-[x] êngg. kn. ngêruki (ngorèti) intip lsp.
gurisan :
êngg. kn. badhutan, lêlucon.
gurit :
kw. 1 tulisan tatahan; 2 kidung, têmbang; ng-[x]. 1 kw. ngarang têmbang, ngidung, ngrêrêpi; 2 kn. (ut. ng-[x]-ake) ngurak-urakake bocah cilik; [x]-an, gêguritan kn. têmbang (uran-uran) mung awujud purwa kanthi, up. Rujak nanas kêmplung-kêmplung anèng gêlas, tuwas tiwas nglabuhi wong ora waras.
gurita, grita :
kn. ambên bayi nganggo tali.
guritan :
êngg. kn. kêbon.
gurma :
kn. ak. gêrma.
gurna :
(S) kw. umyung, rame bangêt.
gurnadur :
(W) kn. gupêrnur.
gurnang :
êngg. kn. sudi, gêlêm; ora [x]. ora sudi.
gurnat :
(W) kn. bngs. bom.
gurnita :
(S) kw. omyung, nywara rame.
gurniti :
br. gurnita.
guru :
I kn. 1 wong sing mulangake kawruh agama ut. kabatinan; 2 wong sing mulang muruk ing pamulangan; 3 ([x] tawon) ratuning tawon (tawon wadon); ma-[x], nggêguru; golèk kawruh (lumrahe kawruh kasampurnan); ngguroni. 1 tandang-tanduke kaya guru; 2 dadi guru, mulang; digurokake. disinaokake marang guru; paguron. 1 panggonaning guru; 2 prakara-prakara sing winêjangake ing guru. II kn. 1 paugêran, wêwaton, ukuran; up. gamêlanmu dak silihe arêp dakanggo [x] nglaras gamêlanku; 2 kanthi ngèlingi paugêran; ng-[x]. anut, miturut (wêwaton). III [x]-[x] kn. enggal-enggalan, kêsusu.
guru-alêman :
kn. tansah golèk alêm.
guru-bakal, guru-dadi :
kn. barang-barang sing isih wujud bakal karo sing wis dadi dandanan (dianggo bulu-bêkti ut. tukoning pangantèn).
guru-bantu :
kn. guru ing pamulangan angka loro sing dadi pambantu.
guru-dina :
kn. ala bêciking dina.
guruh :
kw. gludhug; gumuruh kn. gumludhug, nywara rame.
guru-lagu :
kn. 1 ak. ukuran abot (dawa) ènthèng (cêndhak) ing swara tmr. dhapukaning têmbang kawi; 2 dhong-dhinging swara ing wêkasaning pada ing têmbang maca-pat, up. têmbang kinanthi pada kapisan ... u, kapindo ... i, katêlu ... a, kapat ... i, kalima ... a, kanêm ... i.
guru-laki :
kn. laki (wong lanang minangka guruning somah).
guru-nadi :
kw. 1 guru; 2 guru-laki.
gurundaya :
kn. ar. manuk bngs. manuk lawèt, sriti.
gurung :
I kn. 1 gorokan, dalan pangan ing gulu; 2 dalan ambêkan saka kêbuk têkan ing cangkêm; sadawa-dawaning lurung isih dawa [x] pr. pawarta iku mêsthi bakal sumêbar. II êngg. pc. durung.
guru-sastra :
kw. purwakanthi sing nunggal sastra (aksara), up. katula-tula katali.
guru-swara :
jkw. purwakanthi sing nunggal swara, up. opor-opor bèbèk, mêntas saka awake dhèwèk.
guru-wilangan :
kn. cacahing wanda ing padaning têmbung maca-pat, up. ing têmbang durma. pada kapisan 12, kapindho 7, katêlu 6, kapat 7, kalima 8, kanêm 5, kapitu 7.
(gurtak) :
di-[x] êngg. kn. digêrtak.
gus :
kn. wc. bagus (sêbutane bocah lanang).
(gusah) :
ng-[x] kn. nundhung akon lunga (marang kewan lsp).
(gusak) :
ng-[x] êngg. kn. nggusah.
gusali :
kw. pandhe; kc. bêsalèn.
gusar :
I (ut. [x]-an) êngg. kn. pasah tmr. untu). II êngg. pc. nêpsu bangêt, muring.
(gusêk) :
di-[x] êngg. kn. dibusêk.
gusi :
kn. daging dununging untu.
gusis :
kn. êntèk nganti rêsik babar-pisan.
guskara :
kw. sumur, blumbang.
gusti :
kn. 1 bêndara; 2 sêsêbutane para luhur tuwin Allah; ng-[x] br. mbêndara, ngabdi.
gusthi :
kw. rêmbug, di-[x]. dirêmbug.
(gut) :
[x]-[x]-an kn. grêgêtên bangêt.
gutuk :
I kn. balang, sawat; di-[x]. dibalang; ng-[x] apilamur pr. mialani ing liyan banjur api-api ora mangêrti; ng-[x] lor kêna kidul pr. nyêmoni. II êngg. kn. 2 sabên 1 rêgane iya 1 (sen, bribil lsp); 2 sambut, kurub; ng-[x]. wis olèh dituku sabên 1 rêga 1 (sèn, bribil lsp). III ki. ompong.
gutuk-api :
kn. ak. gurnat.
(gucêl) :
di-[x] êngg. pc. dicêkêl.
guci :
kn. bngs. gêndul sing digawe lêmpung; kc. goci.
(guco) :
ng-[x], ngguconi êngg. pc. nggocèki.
(guthah, guthèh) :
ng-[x] êngg. kn. gulungan ing blêthokan, gêgupak.
guthaka :
kw. ak. sumur, guwa.
guthang :
êngg. kn. gothang.
(guthêk) :
di-[x]-[x] kn. disinggêt-singgêt (dadi sênthongan lsp); [x]-an sênthongan, kamaran.
guthêng :
, irêng [x] êngg. irêng bangêt.
(guthêt) :
êngg. kc. guthêk.
guthi :
cili(k) [x] êngg. pc. 1 cilik bangêt; 2 asor bangêt.
(guthik) :
[x]-an êngg. kn. bijigan tmr. kêbo.
(guthil) :
ng-[x] êngg. kn. uthil, cêthil bangêt.

--- 158 ---

guthul ~ gograg.

guthul :
I êngg. kn. cèlèng. II êngg. kn. anjog ing; jêbul. III êngg. ks. gathèl.
guthon :
êngg. kn. gêglênikan mung wong loro.
guwa :
I kn. 1 growongan ing gunung-gunung; 2 êngg. babahan; di-[x] êngg. dibabah.II êngg. pc. mungguha (tumrap).
guwab :
êngg. kn. goroh, tanpa têgês; kc. gobab.
guwa-garba :
kw. wêtêng (ing biyung).
guwaya :
kn. 1 cahyaning praèn; 2 mawa cahya (warna) sing nandhakake waras.
(guwak, guwang, guwat) :
di-[x] êngg. dibuwang.
guwan :
kn. 1 têtironing guwa; 2 êngg. babahan; kc. guwa.
(guwèh) :
[x]-ên êngg. kn. lara tatu ing cangkêm.
guwèk :
I kn. ar. manuk saba bêngi. II di-[x] êngg. dicuwèk, dikuwèk.
(guwèl) :
di-[x]-[x] kn. didêmak lan diolag-aligake.
guwing :
kn. 1 suwing; 2 cuwil sathithik; kc. gowèng.
guwul :
êngg. kn. ar. piranti kanggo misaya iwak.
guwowokan :
êngg. kn. gunêman nyênthe-nyênthe.
go :
I (S) kw. ak. sapi; cs. 9. II êngg. pc. kanggo; kc. anggo.
gobab :
êngg. kn. goroh.
gobag :
I kn. ar. dolanan bocah; ng-[x] êngg. ngalang, nyidhat dalan sing luwih adoh; di-[x] êngg. diubêng-ubêngake, ut. diingêr-ingêrake têmbunge. II di-[x] êngg. kn. ditawu kaêsokake ing sawah.
gobag-gabig :
kn. tansah ngobahake êndhas tmr. kewan; kc. gabig.
gobang :
I kn. bngs. bêndho gêdhe kanggo ngrajang têmbako. II kn. 1 ak. ar. dhuwit ing jaman biyèn ajine ana 2 dhuwit (± 1 2/3 sèn); 2 êngg. benggol (2½ sèn); têlung [x]. 5 sèn.
gobèd :
kn. 1 lading sing landhêpe digawe kaya wiron; 2 êngg. bngs. gobang.
gobèr :
kn. 1 tipis lan njêbèbèh tmr. dhuwit sing wis lawas lsp; 2 bngs. lading dawa alandhêp.
gobig :
kn. 1 nggabig; 2 ora gêlêm ngaku.
gobis :
êngg. kn. kobis.
(gobyag) :
ng-[x] kn. 1 ngocak-ocak gêndul lsp; 2 ngagètake, nggugah kanthi ngêgèt.
gobyog :
kn. swara sing nggêjêg (titir lsp).
(gobyos) :
ng-[x] êngg. gêmrobyos kringête.
(goblah) :
[x]-[x] êngg. kn. gomblah-gomblah.
goblêg :
kn. 1 êngg. kêrowanên, kêjênggarên; 2 ngêlu bangêt (nganti kaya budhêg).
goblog :
kn. bodho bangêt, gêblêg.
gobog :
kn. 1 dhuwit Cina ing jaman biyèn ing têngah ana bolongane pêsagi; 2 êngg. dhuwit kêlip (5 sèn); 3 ks. kuping.
gobrah :
kn. gubrah, gudras, kêkuthah.
godag :
ora [x] êngg. ks. ora bisa.
godog :
I êngg. kn. 1 colok sing digawe rentengan jarak; 2 bngs. gandhèn garane dawa. II ng-[x] kn. narik nggondhèli, nggèrèd nggandhuli.
godrah, godrès :
êngg. kn. gupak (mêtu) gêtih.
(gojag) :
ng-[x], ng-[x]-i kn. ngrêsiki gêndul lsp. sarana disèni banyu banjur diocak-ocak.
gojag-gajêg :
kn. ora têtêp pamikire (kaya iya kaya ora); kc. gajêg.
gojag-gajig :
kn. oyag-ayig.
gojèg :
ut. [x]-an gêguyon.
gojèh :
êngg. kn. gujih.
(gojog) :
ng-[x] kn. 1 nggojag, nggojagi; 2 ks. cumbana.
godha :
kn. apa-apa sing njalari dosa (badhar tapane lsp); ng-[x]. ngrêridhu, nandukake pamiluta lsp. supaya badhar tapane (nglakoni dosa).
godhag :
I kn. longkangan sêla-sêlaning barang loro; 2 antara ing sêla-sêlaning kothakan (singgêtan); di-[x]-i. diperang-perang dadi godhagan. II di-[x] êngg. kn. dioyak, diblêdig; kc. gudag.
godhag-gadhig :
kn. tansah nyenggol (obah nyenggol).
godhang :
êngg. pc. gudhang.
godhèg :
kn. 1 rambut ing pilingan (pipi); 2 kuningan rêrênggan pilingan jaran.
godhêg :
[x]-[x] kn. gêdhêg-gêdhêg, gèdhèg-gèdhèg.
godhêm, godhên :
êngg. kn. benggol (2½ sèn).
godhi :
kn. gombal lsp. dianggo nalèni; di-[x]. ditalèni nganggo kacu lsp.
(godhog) :
ng-[x] kn. matêngake (ngêmpukake) sarana kacêmplungake ing banyu banjur digênèni; ng-[x] wedang. nggênèni banyu.
godhoh :
kn. godhonganing kuping.
godhong :
n. ron k. 1 peranganing wit-witan awujud lêmbaran ijo mawa gagang; 2 inêb-inêbing jêndhela ut. lawang; 3 peranganing wêlah sing njêbèbèh; dadia [x] suthik nyuwèk pr. wis êmoh sapa aruh; lawas-lawas kawongan [x] pr. wong ngabdi lawas-lawas mêsthi ora kanggo; ngandhut [x] randhu pc. gunêman mencla-mencle.
gogèt :
êngg. kn. tarung cokot-cokotan.
gogik :
kn. manuk bngs. rangkok; 2 êngg. gaplèk pringkilan.
(goglog) :
ng-[x] êngg. kc. mangan.
(gogo) :
ut. ng-[x] (gogoh êngg) kn. golèk iwak sarana ngrogoh ing rong-rong lsp; [x]-[x] pc. grayah-grayah.
gogoh :
êngg. gogo; ng-[x]-i kn. ngrogoh apa-apa ing.
gogok :
kn. kêndhi kang tanpa cucuk; ng-[x]. ngombe nglangga (têrus saka ing kêndhi lsp).
gogol :
êngg. kn. 1 kayu sing dianggo ngêgol (nyongkèl); 2 wong ing desa kang mbayar pajêg kêpala dadi wênang ndarbèni sawah (kuli kêncêng); di-[x]. 1 digarap tmr. sawah ut. têgal; 2 diojok-ojoki.
gogor :
kn. macan cilik.
gogos :
kn. gigis ut. ngêsong marga kasêntor ing ilining banyu; di-[x]. didhusili ing cèlèng (dipangan).
gogot :
êngg. pc. tarung rame; kc. gogèt.
gograg :
kn. 1 oyag bangêt nganti rusak;

--- 159 ---

gogrog ~ gondhong.

2 sêdhih bangêt marga nêmahi kasusahan kang ngêgèt.
gogrog :
kn. 1 tiba durung mangsane tmr. wowohan; 2 kluron tmr. wong mêtêng; ng-[x]-ake. agawe supaya kluron.
goh :
(S) kw. ak. sapi; cs. 9.[11]
gohpura :
(S) kw. gapura.
goyang :
I kn. oyag, gonjing; ng-[x]. ngêyun, ngobahake. II êngg. kn. ngaso, mulih.
gok :
I (nggok) êngg. pc. kaprênah ing ... II dinggoki êngg. pc. didokoki.
gol :
I kn. antru, kayu dianggo nyongkèl; di-[x], di-[x]-i. 1 disongkèl nganggo antru; 2 digarap tmr. sawah; kc. gogol. II ngê-[x]-[x]-i kn. njalari kandhêg, magoli; kc. kagol.
(golag-galig) :
di-[x]-ake kn. digulang-gulungake wolak-walik.
golak-galik, golak-galok :
kn. nywara sêru cêtha tmr. wong ura-ura; kc. galik.
golang-galing :
kn. ar. bathikan.
golang-goling :
kn. tansah nggoling; kc. goling.
golang-golong :
kn. tansah rukun pamitrane; kc. golong.
gole, goli :
êngg. pc. olèhe.
golèk :
I kn. pêpêthaning wong sing digawe kayu lsp. II n. pados k. ngupaya supaya bisa olèh; di-[x]-i. dilari nganti bisa kêtêmu.
golèng :
I kn. nyanthuk uwange gêdhe tmr. janggut. II ng-[x] êngg. kn. nggoling. III [x]-[x] pc. katon ayu.
(goling) :
ng-[x] kn. ngglimpang, gumulung tmr. prau lsp.
golok :
êngg. kn. bngs. cundrik.
golong :
kn. 1 wis nunggal (kumpul) dadi siji; 2 glundhungan gêdhe, up. sêga [x]; gumolong. ngumpul dadi siji; ng-[x]. ngumpul dadi siji; ng-[x]-i. 1 ngêpêli sêga; 2 ngumpuli; [x]-an. 1 grombolan, perangan; 2 pêpanthan.
gom :
I kn. ar. lêlaraning bocah ilate padha abang; [x]-ên. nandhang lara gom. II kn. bngs. blêndok digawe lim.
goman :
êngg. kn. pawèwèh.
gombak :
kn. rambut turahan ing buri (kaya kuncung); ora [x] ora kuncung ambêke kaya tumênggung pr. umuk bangêt.
gombal :
kn. sandhangan sing wis lawas; ng-[x]. 1 nganggo sandhangan sing wis gombal; 2 pc. mlarat bangêt.
gombèl :
kn. 1 glambir ing gulu tmr. jago ut. clarat; 2 êngg. anting-anting.
gombèng :
kn. nisih, ora timbang, bot-sih; ng-[x]. 1 mrèjèngi kayu (kayu bulugan didadèkake pêsagi); 2 ngurugi guludan; 3 mbêndhèng, mbênggang; [x]-an. wilahan kayu sing mêntas digombèng.
gombing :
kn. gombèng.
(gombyak) :
gêgombyakan pc. gêgêmbyakan; kc. gêmbyak.
gombyok :
kn. 1 bolah sutra lsp. sing digawe rompyo-rompyo kanggo rêrênggan; 2 oncèn kêmbang ing kêris; di-[x]-i. dirêngga nganggo gombyok.
gombyong :
êngg. kn. gombyok.
gomblah-gamblèh :
kn. saèm. gèmblèh-gèmblèh.
(gombol) :
gêgombol êngg. kn. grumbul; ng-[x]. nggrombol, ngumpul; [x]-an. grombolan, kêkumpulan.
gombong :
I kn. 1 (watu [x]) watu sing kropos; 2 (gêdhe [x]) gêdhe nanging ora rosa. II di-[x] kn. dikêmbong ing banyu; kc. gêmbong, kêmbong.
(gombrang) :
di-[x] êngg. dibabad, dipagas.
gombrèk, gombrik :
êngg. kn. mlarat bangêt.
gompèl :
êngg. kn. gopèl.
gon, nggon :
pc. ênggon.
gonah :
êngg. kn. mangêrti (wêruh) kalayan gênah.
gonas-ganès :
kn. sarwa mrak-ati satandang-tanduke tmr. wong wadon; kc. gonès.
gondar-gandir :
kn. tansah obah.
gondêm :
êngg. kn. canthèl.
gondrong :
kn. ar. gêndhing.
(gonjak) :
di-[x] êngg. kn. 1 disêmbranani; 2 didhêmêni; gêgonjakan. dhêmênan.
gonjang-ganjing :
kn. tansah gonjing, nggolang-nggoling.
ganjat-ganjit :
kn. oyag-oyag ora kukuh.
gonjèh :
êngg. kn. genjah.
(gonjèng) :
ng-[x] kn. 1 nggèrèd, narik, tansah nggondhèli; 2 ngujêg, nêmbung njaluk ora lèrèn-lèrèn.
gonjing :
kn. 1 oyag-oyag kaya nggoling; 2 br. ora têntrêm, kadunungan rasa kapengin.
gonjit :
kn. oyag-ayig ora kukuh.
gonjol :
kn. kapal ing pundhak ut. ing gulu.
gonjong :
kn. brunjung, bronjong.
gondhal :
kn. gamêl (wong sing nuntun jaran sing ditunggangi); kc. bêgondhal.
gondhal-gandhul :
kn. katon obah gumandhul;kc. gandhul.
gondhang :
I kn. têlak, gorokan. II kn. ar. têtuwuhan; keyong [x]. keyong gêdhe; pitik [x]. babon ulêse kuning rada klawu. III ng-[x] êngg. kn. kothong, tanpa isi (momotan); kc. glondhang. IV ng-[x] êngg. mbijig, nyundhang.
gondhang-gandhung :
êngg. kn. pit.
gondhang-kasih :
kn. 1 barang loro sing ora jodho (beda rupane); 2 anak loro sing siji kuning sijine irêng.
gondhèl :
kn. êngg. bngs. anting-anting; gêlung [x]. gêlung têkuk sing saparo kaklawèrake; lading [x]. bngs. lading panyukuran cêndhak; na [x]. na gandhul ...; ng-[x]-i. 1 nyêkêli sarta nggandhuli; 2 ngelikake aja mbacut; [x]-an. cêkêlan sarta nggendholi.
gondhil :
kn. gundhil.
(gondho) :
di-[x] êngg. kn. dibandhêm.
gondhok :
I kn. 1 lêlara ing gulu mblêndhuk êmpuk; 2 cêndhak sarta gedhe tmr. barang, up. gêndul [x]; [x]-ên. duwe lara gondhok. II [x]-[x]! êngg. sabawaning gumun.
(gondhol) :
ng-[x] kn. 1 nggawa sarana kacokot; 2 pc. ngiwat wong wadon.
gondhong :
I kn. lêlara abuh ing gulu; [x]ên. lara gondhong.

--- 160 ---

gonès ~ gotong-royom.

II kn. peranganing panênunan awujud kayu gilig.
gonès :
kn. mrak ati sarta kênès (patrape wong wadon).
goni :
kn. luluping wit kang digawe karung, uga karunge iku.
gonor :
êngg. kn. kuwur, bingung atine.
gontèng :
I kn. rayap sing êndhase gedhe; cèlèng [x]. bngs. cèlèng cilik. II êngg. kn. timun.
(gontor) :
ng-[x] kn. ngglontor.
(goncèk) :
êngg. kc. goncèng.
(goncèng) :
ng-[x] kn. boncèng, nunut nunggang ing buri.
gonyak-ganyuk :
kn. tandang-tanduk sing ora urus; kc. ganyuk.
gonyèh :
kn. 1 gampang mlècèt tmr. kulit; 2 ora mêmpur tmr. tela lsp.
gong :
kn. ar. princèning gamêlan rupane kaya bèri mawa pêncu; [x] lumaku tinabuh pr. wong sing njaluk (kumudu-kudu) ditakoni; [x] muni sasêle pr. mriksa wong pêpadon lagi ngrungokake paturane wong sing siji; ngê-[x]. nabuh gong; ngê-[x]-i 1 nabuh gong ngêtrêpi padaning gêndhing; 2 ngiyani, mupakati gunêming liyan; sa-[x]-an. sagêndhing.
gong-bonjor :
kn. bumbung mawa sêbulan kanggo ngêgongi gamêlan angklung.
gonggang :
kn. rênggang, ora rapêt, bênggang.
gonggo :
kn. bngs. kêmangga gêdhe.
gonggong :
I ng-[x] êngg. kn. 1 njugug; 2 ora têntrêm atine, tansah ora marêm. II kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik mung wong têlu.[12]
gonggos :
êngg. kn. gogos.
(gonggrong) :
di-[x]-ake êngg. dianggrongake, ditumpuk.
gongsèng :
êngg. kn. gêlang sikil nganggo klinthing.
gongsor :
êngg. kn. longsor; ng-[x]-i. nglongsori.
gopa :
(S) kw. panjaga, pangon.
gopala :
(S) kw. panjaga, pangon.
gope :
wedang [x] pc. wedang komboran.
gopèl :
kn. cuwil sathithik tmr. grabah ut. bala-pêcah.
gopès :
pc.ks. gripis.
gopura :
(S) kw. gapura.
gopok :
kn. 1 akèh campurane tmr. mas lsp; 2 kasar tmr. sêrating kayu; 3 êngg. ringkih tmr. pawakan; 4 ks. bodho; kc. gapuk.
goprak :
I kn. pring kapasang ing wit krambil lsp. didokoki dudutan saka ing ngisor (kanggo nggusah bajing, manuk lsp). II (ut. goprèk, goprèkan, goprok êngg) kn. jinis sing ala dhewe.
gopracara :
(S) kw. ak. pangonan.
(gor) :
di-[x]-ake, [x]-[x]-an êngg. ora diopèni tmr. tanduran.
gora :
(S)kw. 1 gêdhe, nggêgirisi, mêmêdèni; 2 kuning, êmas.
gora-godha :
kw. diksura, kumawani, ambêk sawênang-wênang.
goraya :
kw. gora.
gorawa :
(S) kw. urmat, kalawan urmat, ngajèni.
gordhèn :
(W) kn. gubah, klambu tutup cêndhela lsp.
gordhèl :
(W) kn. sabuk wlulang.
gordhên :
êngg. kn. ringgit (f 2,50).
gorèh :
kn. 1 ora jêjêg, tansah goyang tmr. prau lsp; 2 têntrêm (jênjêm) atine.
(gorèk) :
di-[x]-i êngg. kn. dijupuki (diosak-asik) barang-barang kang wis ora bêcik; [x]-an. apa-apa sing wis turahan (wis ora becik ut. ora aji).
gorèng :
kn. sing dikongsèng ut. diratêngi ing lênga, up. sêga [x], kacang [x]; di-[x]. diratêngi sarana dikongsèng ut. digodhog ing lênga; [x]-an. apa-apa sing digorèng (gorèng-sangan) di-[x] kn. digorèng tanpa lênga.
gori :
kn. nangka ênom.
goring :
tahu [x] êngg. kn. tahu gorèng.
goroh :
n. dora k. 1 kandha sing ora nyata; 2 ora katon cêtha ayang-ayangane tmr. pangilon; ng-[x]-i. 1 goroh marang; 2 ngapusi; pang-[x]-an, gêgorohan kn. prakara apa-apa sing goroh.
gorok :
kn. (graji [x]) graji sing tanpa dhalangan; di-[x]. 1 disêmbêlih 2 digraji nganggo gorok; [x]-an. pucuking gurung saburining têlak; pang-[x]. pajêg nyêmbêlèh kewan.
(gorong) :
[x]-[x] êngg. kn. urung-urung; [x]-an êngg. gurung.
(gos) :
[x]-[x]-an pc. gas-gasan.
gosana :
(S) kw. ak. undhang, pawarta.
gosang :
êngg. kn. gosong.
(gosèk) :
ng-[x] êngg. kn. babad alas, nêgori kayu ing alas.
gosita :
(S) kw. ak. pawarta, rêmbug, gunêm; ng-[x]. ngrêmbug, nggunêm.
(gosok) :
ng-[x] kn. 1 ngêlus ut. nggilapake sarana diusêk mawali-wali; 2 nyara-wèdi intên; 3 nggiring buron alas kang arêp diburu; 4 êngg. pc. nggêgasah supaya muring; ng-[x]-i. 1 nggosok mawali-wali; 2 êngg. pc. nuturi ala, nggêgasah; [x]-an. 1 kang wis digosok; 2 tular-tularan kawruh lsp.
gosong :
I kn. irêng marga kêbrongot ing gêni. II ng-[x]-i kw. nggotong, ngusung. III kn. punthukan wêdhi ing sêgara.
gosthi :
(S) kw. pangrêmbung; ng-[x]. ngrêmbug, nggunêm.
got :
(W) kn. kalenan.
gotèk :
êngg. kn. ujar, kandha; [x]-e êngg. ujare, kandhane; ng-[x] êngg. ngrêmbug, ngandhakake, ngomongake (nglamar); [x]-an êngg. omong-omongan.
(gotong) :
ng-[x] kn. 1 nggawa apa-apa kajunjung ing wong akèh; 2 mèlu mitulungi.
gotong-mayit :
kn. ak. 1 lêlungan ngambah dalan gawat mung wong têlu; 2 kaanan (pasang-rakiting omah, petungan dina lsp) sing njalari pati (sangsara).
gotong-royom :
kn. tumandang ing gawe bêbarêngan.

--- 161 ---

gotra ~- (grayung).

gotra :
(S) kw. sanak sêdulur, brayat.
gotrah :
kn. sanak sêdulur, brayat, krandhah.
gotram :
êngg. pc. omong-omongan arane.
gotri :
kn. mimis cilik.
gotrok :
êngg. kn. lèri, lori.
(gocèk) :
ng-[x]-i n. nyêpêngi k. 1 nyêkêli; 2 êngg. nggondhèli, nggujêngi; [x]-an. 1 cêkêlan, gondhelan; 2 garan sing digocèki.
(gocèl) :
êngg. gocèk.
goci :
kn. guci; tali [x]. talining layangan.
(goco) :
ng-[x] kn. nyuduk (nyongkol) wêtêng.
gothak-gathuk :
kn. bola-bali gathuk; digothak-gathukake. dicocog-cocogake, diêtrap-êtrapake; kc. gathuk.
gothang :
kn. 1 ora ganêp (pêperangane); 2 ilang siji sikile; 3 êngg. pc. suwung, durung diênggoni; ora [x], ora tau [x]. ora kêndhat, ora tau lowong, sampurna (wutuh).
gothèk :
I êngg. kn. gèntèr dianggo nggêpyok woh; di-[x]-i. digêpyoki. II [x]-ku êngg. pc. duwèkku.
gothil :
I êngg. kn. gothang. II êngg. pc. apus-apusan; di-[x]-i. diapusi.
gotho :
kn. 1 ar. kewan bngs. kutis cilik; 2 êngg. montit (êndhas-êndhasan lèri).
gothok, gothol :
êngg. kn. gethokan, apus-apusan.
gothot :
kn. kêncêng sarta kiyêng tmr. pawakan, di-[x]-i êngg. diêpêng, ditandangi kanthi karosan.
gowah :
kn. ar.manuk saba bêngi; kc. guwèk.
gowak-gowèk :
ks. kumudu-kudu mutah.
gowal-gawèl :
kn. 1 tansah nyakot; 2 tansah maoni; kc. gawèl.
gowal-gawil :
kn. oklak-aklik arêp copot (coplok).
gowang :
kn. cuwil sathithik ing landhêping lading lsp.
gowèh :
kn. lara tatu ing padoning cangkêm; [x]-ên. nandhang lara guwèh.
(gowèk) :
[x]-[x] ks. kumudu mutah.
gowèng :
kn. cuwil sathithik ing lambene (pinggire); kc. gopèl.
gowok :
I kn. ar. wit sarta wohe, wohe rupane wungu; [x]-an. ar. dolanan bocah. II kn. growongan ing kayu lsp; ng-[x]. nusuh ing gowok.
gowong :
I kn. abdi-dalêm tukang kayu. II pa-[x] êngg. kn. coblong (grahana srêngenge nganti ilang).
gra :
kw. 1 pucuk, puncak; 2 bangêt kc. agra.
grabad :
ut. [x]-an kn. bumbu-bumbu lan uba rampene wong olah-olah; ng-[x] êngg. adol grabadan.
grabag :
êngg. kn. bngs. garu sing amba antarane unton-untone di-[x], di-x]-i. 1 digaru, diadhuk nganggo grabag; 2 dibakali, gawe apa-apa mung diwangun dhisik; 3 digêbug racak.
grabah :
I kn. barang-barang sing digawe lêmah (kuwali lsp). II ng-[x] kn. nggarap apa-apa mung kasar-kasaran dhisik, nggrabagi.
grabyag :
ng-[x], [x]-[x] kn. mung sadhela nanging bantêr tmr. ombak, banjir lsp; [x]-an. 1 ombak (banjir) sing ngêlêbi; 2 nindakake apa-apa ora kalawan titi; sa-[x]-an. ora suwe, satleraman.
grabyas :
kn. sayadan iwak sing ana gajihe; sa-[x]-an. mung sadhela bangêt; kc. gumrabyas.
grad :
(W) kn. gêrêt-gêrêtaning termotetêr; 2 urut-urutaning dharahing ratu.
graja :
(S) kw. (ut. grahaja) sêdulur.
grajag :
[x]-[x] kn. pêpindhan swaraning banyu kang mancur; ng-[x]. mili mancur; ng-[x] gêtih. ngêtokake gêtih akèh tmr. wong wadon; kc. gumrajag.
grajèn :
kn. 1 bubukan kayu sing digraji; 2 (ut. panggrajèn) papan sing dianggo nggraji; kc. graji.
graji :
kn. piranti dianggo nyigar (mrèjèngi, ngêthok lsp) kayu awujud wilahan wêsi mawa unton-unton; ng-[x]. 1 migunakake graji; 2 pc. wis mbathi isih njaluk ujuran tmr. blantik lsp.
gragal :
I êngg. kn. krakal. II ng-[x](-i) êngg. mluku garingan.
gragap :
mak [x] kn. katêrangan solahe wong kagèt (tangi kagèt); ng-[x]. kagèt (tangane kaya mek-mekan; di-[x]-i êngg. digagapi; [x]-an. tangi turu kagèt.
(gragas) :
I ng-[x] kn. mêmangan barang sing ora patut dipangan; kc. granyah, glathak. II [x]-an êngg. kn. bêbalungane ula ut. kodhok; kc. ragas.
gragèh :
kn. pucuking pang sing ênom tmr. têtuwuhan sing mrambat; [x]-[x]. grayah-grayah arêp nyênyêkêl.
grag-grêg :
kn. mondhag-mandhêg; kc. grêg.
grag-grog :
pc. swarane wowohan tiba, watuk lsp.
grago :
I êngg. kn. urang cilik. II kn. mangga-mara, gojag-gajêg.
grah :
kn. gêrah.
graha :
I (S) kw. bojo; kc. garwa. II (S) kw. lintang. III (S) kw. baya.
graham :
êngg. ki. bam.
grahana :
(S) kn. katon growah (pêtêng) tmr. srêngenge (rêmbulan.
grahita :
(S) kn. (ut. pang-[x]) pangêrti, panyananing batin; ng-[x]. mangêrti, nyana.
(grayah) :
[x]-[x], [x]-an kn. 1 gagap-gagap. mek-mekan arêp nyênyêkêl; 2 mangsuli bantahan lsp. mung golèk-golèk bae; kc. gumrayah.
(grayang) :
ng-[x] kn. 1 ngêmèk-êmèki; 2 nggêpok, nyêkêl; 3 ndakwa, ngira ala marang; ng-[x]-i. 1 ngêmèk-êmèki; 2 ndakwa, ngira ala marang; [x]-an. 1 cêkêl-cêkêlane, dumuk-dumukane; 3 (ut. pang-[x]-an) pandakwa ala.
(grayas) :
[x]-ên êngg. kn. tansah ora jênjêm atine.
grayêng :
pêtêng [x] êngg. pc. pêtêng ndhêdhêt.
(grayung) :
isih [x]-an êngg. pc. isih grayahan (durung têrang pamikire).

--- 162 ---

graksa ~ (grèsèk).

graksa :
kw. ak. gêlap.
gralapa :
kw. (agra-lapa) sayah (ngêlih) bangêt.
gram :
(W) kn. ukuran bobot sing abote padha karo bobote banyu rêsik 1 cm².
grama :
I êngg. k. gêni. II ora (durung) [x]-[x] êngg. durung paja-paja. III (S) kw. desa.
gramang :
kn. (sêmut [x]) sêmut abang; ng-[x] 1 nggrêmêt brangkang-brangkang arikat tmr. kewan gêgrêmêtan lsp; 2 mindhoni coraking bathikan (tulisan mangsèn sing wis lamat-lamat lsp); 3 nêrangake isining crita kalawan cêkakan.
(grambyang) :
ng-[x] kn. nyoba nabuh gamêlan nggolèki kêpenaking larase; [x]-an pc. rancangan.
gramblèh :
pating [x] kn. padha katon gamblèh-gamblèh; kc. gamblèh,
gramèh :
kn. ar. iwak bngs. sêpat; ng-[x] êngg. rada cênthula.
gramèn :
êngg. k. dagangan; gêgramèn êngg. k. dêdagangan; kc. grami.
grami :
êngg. k. dagang.
(grambyang) :
ng-[x] êngg. pc. ora katon cêtha, ngrambyang; kc. ramyang.
gramopun :
(w) kn. somprèt muni dhewe.
grana :
(s) ki. irung.
grandaka :
kw. (gora andaka = banthèng gêdhe) galak, wêngis.
(grandhah) :
ng-[x], [x]-an pc. krandhahan (kêgêdhèn ut. kakehan gawan).
grandhèl :
tela [x] kn. tela gantung (katès) sing gagange dawa-dawa,
grantang :
I kn. ar. rêricikaning gamêlan bngs. gambang; sambate kaya [x], ng-[x] br. sêsambat ngaru-ara tanpa kêndhat. II êngg, kn. bubuk (ulêr) pring.
(grantês) :
ng-[x] kn. sêdhih (lara ati, gêtun) bangêt.
grantil, granting :
, pating [x] kn. katon gumantil akèh tmr. woh-wohan.
grantos :
êngg. k. graji.
grancêng, granthêng :
pating [x] kn. padha katon nggancêng tmr. kawat, bolah lsp.
(granyah) :
I ng-[x] kn. sênêng mêmangan apa-apa. II di-[x]-i êngg. disrêngêni.
(granyam) :
di-[x]-i êngg. digranyahi (disrêngêni).
(granggam) :
ng-[x] êngg. ganggam, tidha-tidha.
granggang :
kn. pring dilancipi kaya tumbak.
(grangsang) :
ng-[x], [x]-an kn. ngangsa-angsa kêpengin mêmangan lsp.
(graut) :
ng-[x] kn. nggaruk (nyuwèk) nganggo kuku.
graok :
, pating [x] kn. padha nywara gaok-gaok tmr. gagak.
(graong) :
ng-[x], [x]-an êngg. 1 mbaung tmr. asu; 2 ks. nêmbang, ura-ura.
graos :
êngg. k. graji.
grapyak :
kn. sênêng aruh-aruh; kc. gapyak.
grasak :
kn. wêdhi sing kasar.
grasi :
(W) kn. pangapura ut. sudaning siksa paukuman.
grat :
I êngg. kn. gêrat. II (W) kn. kc. grad.
grati :
kn. brati.
gratis :
(W) kn. lêlahanan (tanpa mbayar).
(grathil) :
ng-[x] pc. 1 gawe pitunaning liyan; 2 maeka ing liyan.
(grathul) :
[x]-[x], ng-[x] kn. ora lancar tmr. gunêman, maca lsp; kc. grothal-grathul.
grawah :
jurang [x] kn. jurang sing ana kaline (kalène); [x]-[x]. swara ilining banyu ing jêjurang lsp; gumrawah.
(grawal) :
[x]-an kn. gita sarta kêsusu; kc. gurawal.
grawil :
I pating [x] kn. gampang copote, gowal-gawil.II ng-[x] êngg. pc. nggrathil.
grawira :
(S) kw. (agrawira) sena-pati.
grawul :
pating [x] kn. ora alus pating bradhil.
grebyag :
kn. blebekan tipis tmr. têmbaga; 2 kang digawe blebekan têmbaga tipis mung dipatri, up. kêndhil [x].
greja :
(prt) kn. 1 omah dianggo papan pasêmbahyangan tmr. agama Kristên; 2 êngg. bngs. regol ing dalan cilik sing lumêbu ing desa; 3 (manuk [x]) ar. manuk kalêbu bngs. êmprit.
(grejah) :
ng-[x] kn. ngetung wêtuning dhuwit lsp.
(gredhah) :
di-[x] êngg. kn. digledhah.
grèg :
mak [x] kn. pêpindhaning swara saèm. krèk.
gregah :
mak [x] kn. tangi dadakan banjur njênggèlèk; gumregah. tangi njênggèlèk.
grègèl :
mak [x] kn. tiba mrucut saka ing tangan; ng-[x]-i. tiba mrucut saka ing tangan.
greyang, greyong :
pating [x] kn. padha katon gumandhul; kc. geyong.
grèk :
kn. pêpindhaning swara kc. grèg.
grembyang :
kn. katêranganing malik (diwalik kang ngisor dadi ana ing dhuwur).
(grèmèng) :
ng-[x], [x]-an kn. ndlêming;, kêkandhan tanpa têgês.
grenda :
I kn. watu pangasahan bundêr diubêngake; sisaning [x] br. gêgaman landhêp; di-[x]. diasah ing grenda; kc. gurinda. II di-[x] ki. didadah.
(grenjal) :
ng-[x] êngg. kn. nggronjal.
grènjèng :
I [x] mas (slaka lsp)kn. lêmbaran mas lsp. sing tipis. II kn. pêpindhan swaraning tibane banyu; kc. gumrènjèng.
grèndhèl :
kn. kancing ing lawang ut. jêndhela.
grendhol :
pating [x] kn. katon padha gumandhul; kc. gendhol.
grènèng :
kn. 1 saèm. ganthol cilik; 2 bngs. unton-unton ing rêrênggan.
(grèng-gèntèng) :
pc. kc. gèrèng-gèntèng.
grèpès :
kn. gripis bangêt.
grès :
kn. gès (katêranganing pangiris); anyar [x]. anyar bangêt (tigas); [x]-e. anggone nêtaki.
(grèsèk) :
[x]-[x] kn. 1 (ut. ng-[x]) golèkturahan ing sawah ut. têgal sabakdane diênèni; 2 golèk-golèk sakatêmune bae.

--- 163 ---

grètèh ~ grig.

grètèh :
kn. tlatèn ut. ora kêmba-kêmba anggone nênuturi lsp; di-[x]-i. dituturi kalawan tlatèn.
(grècèk) :
ng-[x] kn. sugih gunêm, dhêmên omong.
(grecok) :
ng-[x]-(i) kn. 1 ngajak gunêman arêp ngglêmbuk; 2 nyêngèsi.
grèthèl :
kn. gèthèl, gèyèt; ng-[x]. nggèthèl, nggèyèt.
grewal :
mak [x] kn. gêmpal sanalika; ng-[x]. nggêmpal wadhas lsp.
grewal-grèwèl :
kn. gampang mrucut (nggrègèli); kc. gumrèwèl.
grèwèng :
pating [x] kn. kakehan cangkingan gawan.
grêba :
pc. kc. garba.
grêbêg :
I kn. kc. garêbêg. II [x]-[x] kn. brêbêg bangêt (ing kuping).
(grêdèh) :
[x]-[x] kn. tansah kêdhèp marga lêlaranên.
grêdêg :
mak [x] kn. têka bêbarêngan wong akèh.
(grêjèh) :
êngg. pc. kc. grêjih.
(grêjêg) :
di-[x] kn. dijiyat, dipêksa. dirujag; [x]-an. pêpadon, udur.
(grêjih) :
ng-[x] kn. tansah udan bae.
grêdhu :
kn. kc. gêrdhu.
grêg :
mak [x] kn. mandhêg dadakan; ngê-[x]-[x]-i. ngalang-alangi, njalari mandhêg.
grêgas-grêgês :
kn. tansah krasa adhêm (arêp lara); kc. grêgês.
grêgèt :
mak [x] kn. pêpindhan swaraning lawang diêngakake.
grêgêl :
pating [x] kn. krasa kaya nggrênjêl; ng-[x]. 1 krasa nggrênjêl; 2 rada akèh anggone ngêtokake dhuwit ut. olèh kauntungan.
grêgêlèk :
kn. gêndul cilik wadhah minuman; kc. gêlèk.
grêgês :
I lêmah [x] êngg. lêmah kang kacampuran krikil. II ng-[x]-i kn. krasa adhêm (marga lara ut. arêp lara).
grêgêt :
kn. kamêmpêngan, dêrênging ati arêp tumandang; [x]-[x] suruh. kaya mêmpêng arêp nêpsu nanging ora têgêl; ng-[x]-ake. njalari grêgêtên; [x]-ên. mangkêl bangêt.
grêgêt-saut :
kn. tandang-tanduk kang sarwa cukat lan mêmpêng.
(grêgik) :
ng-[x] êngg. pc. ngrêrêmih.
(grêgut) :
ng-[x] kn. mêmpêng, kanthi kamêmpêngan.
grêha :
(S) kw. 1 omah; 2 somah, bojo.
grêma :
kn. tukang mbêburu.
(grêmbêl) :
ng-[x] kn. katon ngumpul dadi siji ut. akèh godhonge tmr. wit-witan.
(grêmbul) :
ng-[x] pc. nggrombol, ngumpul dadi siji.
(grêmbyêng) :
[x]-[x] kn. grênggêng-grênggêng.
grêmêng :
I kn. rêgêmêng; [x]-[x]. katon gêdhe irêng (ana ing pêtêngan). II [x]-[x] kn. swara lirih bêbarêngan; ng-[x]. nywara grêmêng-grêmêng, nggrumung; kc. grênêng, gumrêmêng.
(grêmêt) :
ng-[x] kn. 1 mlaku tmr. ulêr lsp; 2 (ut. [x]-[x]) mlaku rindhik; kewan gêgrêmêtan. kewan sing nggrêmêt.
grêmis :
êngg. kn. grimis.
(grêmus) :
di-[x] pc. dikrêmus.
(grêndim) :
di-[x] pc. diglênik.
grêndul :
kn. glêpung kêtan diglindhingi kanggo isèn-isèn jênang.
grênjak, grênjêk :
kn. grênjêt (niyat sing têkane dadakan).
grênjêl :
pating [x], ng-[x] kn. krasa kaya ana sing mêndhukul (ngganjêl); ng-[x] atine. rada mangkêl.
grênjêt :
kn. niyat (pêpenginan) sing timbule dadakan; kc. krêjêt, grênjak, grênjêk.
grêndhat-grêndhêt :
kn. bola-bali kandhêg (kêsangkut)(grêndhêl) ng-[x] kn. tansah kèri, ora gancar lakune.
(grênjêng) :
di-[x]-i êngg. kn. diglêndhêngi; [x]-an. glêndhêngan, grênêngan.
(grênêng) :
[x]-[x] kn. gunêman lirih (ora cêtha); di-[x]-i. dicatur, diglêndhêngi; [x]-an. gumrêmêng marga ora kapanujon atine.
grênuk :
pating [x] kn. padha thêthênguk omong-omongan.
(grêncêng) :
ng-[x], [x]-an kn. kêngkêng, cukêng, ngukuhi panêmune.
(grênyang) :
[x]-an kn. cênthula, ugal-ugalan.
grênyêng :
kn. ar. gêndhing.
(grênyih) :
ng-[x] êngg. pc. tansah njêjaluk neka-neka.
grêng :
I kn. katêrangane têmbung mangkat (nggawa); sa-[x]-an. saangkatan, sagawan. II kn. bêbondhotan (dhapuraning) pring ori; alas [x]. alas gêdhe (kêbak ing bêbondhotan); [x]-e. jênggêrênge. III br. gêrêng; ng-[x] br. nggêrêng.
(grênggêng) :
[x]-[x], gumrênggêng kn. nywara jêro ngumandhang kaya swarane wong akèh bêbarêngan.
grêngsêng :
kn. kamêmpêngan (panggrêgut) ing ati arêp nindakake apa-apa; ng-[x]. nggrêgut, mêmpêng bangêt.
grêpak-senthe :
kn. urut-urutaning turun kang kawolu.
grêpêk :
pating [x] kn. swaraning kayu lsp. padha coklèk.
grêpyêk :
mak [x] kn. swaraning athik-athikan lsp. sing ditêkuk; di-[x]. ditêkuk nganti muni mak grêpyêk.
grês :
kn. krês.
(grêsah) :
ng-[x] kn. ngêsah, ngrêsula, sêsambat.
grêtak :
kn. gêtak, gêrtak.
(grêthêl) :
ng-[x] êngg. pc. olèh akèh.
gribig :
kn. 1 pring irat-iratan digandhèng-gandhèng sarana kaikêt ing duk dianggo aling-aling lawang lsp; 2 kêre; 3 êngg. kepang, widhig; di-[x]. 1 digawe gribig; 2 gêdhe cilik diracak padha bae, ora nganggo dibedak-bedakake; [x]-an. 1 nganggo gribig; 2 racakan, carukan.
(gridig) :
[x]-[x] kn. mlaku bêbarêngan wong akèh; kc. gumridig.
grija :
kn. greja.
(grijag) :
ng-[x] êngg. kn. ngidak.
grig :
mak [x] pc. sanalika wêdi; kc. jêgrig.

--- 164 ---

grigah-grigih ~ grobyag.

grigah-grigih :
kn. minggrang-minggring sêmu gojag-gajêg panyêkêle; kc. wigih.
grigah-griguh :
kn. lumaku ora jêjêg tmr. wong tuwa lsp.
grigèh :
êngg. pc. grigih.
grigih :
I kn. kc. grigah-grigih. II sa-[x] kn. êmpu lan ênthike tmr. êmpon-êmpon (jae lsp).
grigis :
êngg. kn. grimis.
grigit :
kn. ar. jamur.
griguh :
kc. grigah-griguh.
griya :
k. omah.
griyak :
pating {x] kn. padha giyak-giyak.
griyal-griyul :
kn. mamah goal-gaul; kc. griyul.
griyêng :
I mak [x] kn. katêranganing ngangkat, njunjung ut. ngusung barang sing abot. II ng-[x] kn. nggiyêng, nangis ora mênêng-mênêng.
griyul :
kê-[x] kn. ngidak (mamah) apa-apa kêtanggor sing atos.
grim :
I (W) kn. ar. bakal warnane irêng. II kn. krakal ing dalan sêpur.
grimah :
êngg. kn. kêbon (buri omah).
(griming) :
[x]-[x], pating [x] kn. krasa kêri sarta rada gatêl.
grimis :
kn. udan kêpyur-kêpyur.
grinda :
kn. kc. grenda.
(grining) :
gumrining kn. rêsik bangêt.
grinting :
kn. ar. sukêt.
gring :
(ut. agring) kw. lara; kc. gêring.
(gringging) :
[x]-[x] kn. 1 krasa kaya gringgingên; 2 minggrang-minggring; [x]-ên. krasa jimpe pating griming (clêkit) upamane sikil sing mêntas ditindhihi.
gringsing :
I kn. ar. bathikan. II êngg. ngapusi.
grip :
(W) kn. piranti dianggo nulis ing sabak.
gripir :
(W) kn. juru panitraning pangadilan.
gripis :
kn. gêrang, cuwil sathithik-sathithik ing pinggire.
grisi :
kn. risi; nggrisèni. njalari grisi.
grita :
kn. ambên bayi nganggo tali.
grita-gritu :
kn. bêgita-bêgitu.
griwa :
(S) ki. githok, cêngêl.
grubyug :
mak [x] kn. pêpindhan swaraning mlaku bêbarêngan wong akèh, tiba lsp; mèlu [x]. ambyuk, mèlu bêbarêngan ngumpul; [x]-an. bêbarêngan (wong akèh), padha nggrubyug, bêbarêngan tumandang.
(grubug) :
[x]-[x] kn. swaraning gêni ut. angin gêdhe. gumrubug. nywara grubug-grubug; mangsa [x]-an. mangsa akèh angin gêdhe (bakda rêndhêng).
grubuh :
pc. brubuh.
grudag-grudug :
kn. bola-bali bêbarêngan mlaku; kc. grudug.
grudug :
mak [x] kn. têka (mangkat) bêbarêngan wong akèh bangêt; ng-[x]-ake pc. ngurubake gêni (nganti mobyar-mobyar); [x]-an. mlaku bêbarêngan wong akèh bangêt; kc. gumrudug.
(grujug) :
I [x]-[x] kn. swara tumibaning banyu; ng-[x]-(i). nyirami, ngêsoki. II ng-[x] êngg. nggrudug, nglurug ngênèni pari.
grugah-gruguh :
kn. wis ora duwe kêkuwatan, sarwa ringkih tmr. wong tuwa.
(grugak) :
ng-[x] êngg. pc. kuru bangêt.
grugus :
pating [x] kn. padha gugus.
gruyah-gruyuh :
kn. kêcingkrangan bangêt.
grumah-grumuh :
kn. mlaku alon bangêt (marga tuwa ut. lamur).
(grumbyung) :
[x]-an êngg. kn. gêmbyakan; kc. gombyong.
grumbul :
kn. 1 gêgrêmbêlaning wit-witan cilik-cilik; 2 desa cilik; ng-[x]-i. ngumpuli, nggrombol marang.
grumyung :
kn. umyung.
grumuh :
êngg. kn. lêmu wêwêg tmr. bocah; kc. gêmuh, grumah-grumuh.
grumung :
[x]-[x] kn. gumrênggênging swarane wong omong-omong; di-[x]. 1 disrêngêni sarana gumrêmêng ora mênêng-mênêng; 2 digrudug, digropyok; kc. gumrumung.
(grumut) :
[x]-[x] kn. mlaku alon-alonan (mbrangkang) sêmu arêp nglimpe ut. nyolong; ng-[x]. marani sarana mlaku alon-alonan (arêp nyolong ut. nyidra).
grumpung :
kn. sumpung, pothol.
grundaya :
kw. bngs. sriti.
(grundêl) :
ng-[x], [x]-an kn. grênêngan marga diêkon nindakake apa-apa sing dudu mêsthine; di-[x]-i. digrênêngi.
grundung :
ng-[x], gumrundung kn. nywara nggêjêg (kayu tinabuh sêru).
grunêk :
kn. panggrundêl ing ati, niyat; [x]-an, grunak-grunêk. kadunungan rasa-pangrasa ora sênêng, grundêlan ing batin.
(grunêng) :
ng-[x], [x]-an kn. grênêngan, grundêlan.
grunggung :
kn. swara anggrung, grênggêng; rujak [x] kn. rujak sing digawe bngs. kewan êmpuk ing sêgara; kc. gumrunggung.
grup :
(W) kn. golongan, pêpanthan.
grusa-grusu :
kn. sarwa kasar lan kêsusu tmr. tandang-tanduk.
(grusah) :
ng-[x] kn. nggrêsah, sêsambat.
grutnên :
(W) kn. mênganggo dhinês.
gruwa :
pc. garwa.
(gruwak, gruwêk) :
ng-[x] kn. natoni sarana ngêmpakake kuku; kc. kruwêk.
gruwêl :
mak [x] kn. katêranganing nyikêp (ngrangkul); kc. kruwêl.
gruwung :
kn. 1 growong; 2 sumpung (ora ana irunge).
grobag :
kn. 1 piranti dianggo momot mawa glindhingan loro kagèrèd ing wong (ut. sapi); 2 êngg. cikar; 3 engg. sêpur momotan, lèri; 4 êngg. bngs. kranjang dianggo momot kamomotake ing jaran; 5 grobag (pêthi gêdhe wadhah sandhangan lsp); ng-[x]. 1 nglakokake grobag; 2 momot ing grobag; di-[x]-ake. dimomotake ing grobag.
grobag-cèlèng :
kn. grobag arodha siji (surungan).
grobyag :
kn. pêpindhan swarane gêdhèg rubuh lsp; [x]-an. 1 tansah nywara grobyag-grobyag; [grobyag-...]

--- 165 ---

grobyog ~ gwang.

[...grobyag;] 2 pc. bingung anggone golèk butuh.
grobyog :
êngg. kn. amblêg, mlêsêg tmr. payon.
(grobyos) :
kc. gumrobyos.
grobog :
kn. 1 pêthi (kothak) gêdhe dianggo sêsimpên ut. wêwadhah; 2 glêdhêg, lêmarèn wadhah panganan.
groboh :
I kn. 1 ora alus panggarape; 2 kasar, ora nganggo tatakrama. II di-[x] êngg. digledhah.
groda :
br. gurda.
grodên :
êngg. kn. benggol (2½ sèn).
grojog :
[x]-[x] kn. swaraning banyu mancur; [x]-an 1 banyu sing mancur gumrujug; 2 ar. wanguning omah; kc. gumrojog, grujug.
grog-grog :
kn. swaraning cèlèng.
grogol :
kn. 1 pagêr sing kukuh; 2 pasangan kidang mênjangan; ng-[x]. 1 magêri nganggo grogol; 2 masangi kidang mênjangan; (pa)-[x]-an. papan sing dipagêri kanggo mbêburu kidang mênjangan.
groyok :
kn. gunêman sajak kêsusu sarwa cêkak sarta dibolan-balèni.
gromah-gramèh :
êngg. pc. rada cênthula.
grombyang :
mak [x] kn. pêpindhan swaraning blèg tiba lsp.
grombol :
kn. krompol, kumpul; ng-[x], [x]-an. ngumpul dadi pêpanthan.
grompol :
kn. 1 krompol (klumpukaning barang cilik-cilik); 2 ar. wanguning ali-ali, suwêng, bathikan.
(gronjal) :
ng-[x], [x]-an kn. 1 oyag-oyag, obah-obah; 2 tangan lan sikile njêjak-njêjak; 3 mumbul-mumbul arêp njola (ucul) kc. kroncal.
grontol :
kn. godhogan jagung pipilan.
grong :
kw. jêro; kc. gêrong.
(gronggang) :
ng-[x] kn. mbênggang, nggonggangake.
(gronggong) :
I ng-[x] kn. isih ana lêlowahane ing jêro; [x]-an. lêlowahan (bolongan) ing jêro. II angin [x] êngg. Lawang. angin bantêr saka ing kidul.
gropak :
kn. pêpindhan swaraning pang putung lsp.
gropak-senthe :
kn. grêpak-senthe (urut-urutaning turun kang kawolu).
gropyak :
pating [x] kn. nywara pating grobyag ut. pating gropak.
(gropyok) :
ng-[x] kn. ngoyak (nangkêp) bêbarêngan wong akèh.
grosok :
wêdhi [x] kn. wêdhi kasar (kaworan krikil).
grothal-grathul :
kn. gunêman (maca) ora lancar; kc. grathul.
growah :
kn. 1 kalong akèh dening gêmpal lsp; 2 wis ora wutuh, tmr. grahana rêmbulan ut. srêngenge; 3 kapitunan gêdhe, up. goroh [x] (sing sapa goroh bakal kapitunan gêdhe).
(growak) :
[x]-an êngg. bolongan, krowakan.
growal :
pating-[x], [x]-[x] kn. 1 kasar, pating crowal, ora rata; 2 kasar, kurang tata-krama.
growal-grawul :
êngg. kn. sarwa ringkih.
growong :
kn. 1 ing jêro nggronggong (bolong); 2 êngg. grahana srêngenge; [x]-an. gronggongan ing jêron wit (gunung).
gwaya :
kn. guwaya.
gwan :
kn. ênggon.
gwang :
kw. ak. gung (gêdhe).

 


lèrèn-lèrèn. (kembali)
lèrèn-lèrèn. (kembali)
ngêhaki. (kembali)
mênyanga. (kembali)
kc. (kembali)
nggujêg. (kembali)
jingklak-jingklak. (kembali)
pêpringkilan. (kembali)
sing. (kembali)
10 gumlèdhèg. (kembali)
11 7. (kembali)
12 lima. (kembali)