Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

NY

nya :
I pc. iki lo! (diucapake nalikane mènèhi, ngulungake). II kw: -e, -ne.
nyaba, nyabani :
kn. ak. sêsaba (ajêgan mara) ini; kc. saba.
nyababake :
kn. ak. njalari, nganggêp dadi sabab; kc. sabab.
nyabak :
êngg. kn. nyathok (-lalêr lsp); kc. cabak.
nyabari, nyabarake :
kn. nindakake lsp. kalawan sabar; kc. sabar.
nyabat :
kn. ak. dadi sakabat, mêguru; kc. sabat.
nyabdani, nyabdakake :
kw. ngêsotake, mbêrkahi; kc. sabda.
nyabe :
pc. kaya kulit cabe (pating pruntus marga adhêm tmr. kulit).
nyabêt :
kn. 1 nggitik (nggêbug) nganggo barang kang mêntul; 2 pc. sarwa bêcik, sarwa komplit; kc. sabêt.
nyabili :
kn. ak. nanggulangi, nêmpuh; kc. sabil.
nyabin :
k. nyawah; kc. sabin.
nyablèk :
kn. nampèl (namplèk) nganggo èpèk-èpèk; kc. cablèk.
nablik :
pc. cilik ciyut (tmr. lambe, cangkêm).
nyabud, nyabut :
êngg. kn. mbêdhol, ndaut, nyêlêd; kc. cabud.
nyabuk :
I [x]-i kn. 1 ak. ngubêdi; 2 ngênggoni sabuk; kc. sabuk. II êngg. kn: mawur (tmr. lêmah); [x]-i êngg: ngrèmèhake; kc. cabuk.
nyabun :
kn. ngumbah (adus) nganggo sabun; kc. sabun.
nyabrang :
kn. ngambah ing banyu (kali, sêgara lsp); kc. sabrang.
nyadatake :
kn. ak. ngucapake sadat tumrap ing liyan; kc. sadat.
nyade :
k. ngêdol; kc. sade.
nyadukara :
kw. pangapus.
nyadur, nyadhur :
kn. nyêpuh (nglapis) ing êmas; kc. sadhur.
nyadoni :
êngg. kn. 1 nanggapi, mangsuli; 2 mbagèkake, ngaruh-aruhi; kc. sadu, sadon.
nyadran :
kn. slamêtan (sêsaji) ing papan kang kramat; kc. sadran.
nyajèkake :
kn. nyaosake ki. nyêpakake pêpanganan lsp, marang; nyajèni: nyawisake sajèn marang; kc. saji, sajèn.
nyadham :
kn. ngarêpake matêng (tmr. tela gantung, jambu kluthuk).
nyadhang, nyênyadhang :
kn. 1 (ut. nyadhangi) ak. ngadhang; 2 ngêntèni, nganti-anti; 3 cumawis, sumadhiya; kc. cadhang.
nyadhu :
êngg. kn. nanduri pari ing mangsa kêtiga; kc. sadhu.
nyadhuk :
I êngg. ak. ngêbuk (ngantêm) wêtêng; kc. sadhuk. II pc: ngêpèk bojo; kc. cadhuk.
nyadhur :
kn. nyêpuh (nglapis) êmas; kc. sadhur.
nyadhong :
kn. 1 mara njaluk ingon (bayar lsp); 2 (ut. [x]-i) mènèhi cadhong; kc. cadhong.
nyaèni :
k. mbêciki; kc. sae.
nyaèng :
(-nyaèng) kn. mbedak-bedakake pangrêngkuhe marang anak lsp; kc. saèng.
nyagak :
(-i) kn. nyuwak (nyangga) nganggo cagak; kc. cagak.
nyagêdakên :
k. mbisakake; kc. sagêd, bisa.
nyagêrake :
êngg. njagakake, mêsthèkake; kc. cagêr.
nyagir :
pc. ngadêg njêjêr; kc. jêgir.
nyagluk :
pc. njupuk; kc. cagluk.
nyaguhi :
n. nyagahi k. saguh bakal mènèhi lsp; kc. saguh.
nyah :
I pc. nya. II pc. nyonyah.
nyahadatake :
kn. ak. nyadatake; kc. sahadat.
nyahak :
kn. 1 nêrak (nglojok) wêwêngkoning tangga; 2 nêrak (ndhaku) wêwênanging liyan; kc. cahak.
nyahidi, nyaidi :
kn. ak. nyêksèni; kc. sahid.
nyai :
kn. 1 sêsêbutaning wong wadon bojoning guru ngèlmu lsp, kb. kyai; 2 sêbutan gundhik Wlanda.
nyait :
êngg. kn. 1 nyêndhal, narik; 2 nawu; 3 êngg. pc. ngêrti; kc. sait, kêsait.
nyayabi :
kn. maling ing (wayah awan); kc. sayab.
nyayadake :
kn. ak. ngawadake; kc. sayadan.
nyayang :
kn. ak. nindakake pakaryan sayang; kc. sayang.
nyayêmbarakake :
kn. ak. ngundhangake sayêmbara; kc. sayêmbara.
nyayukake :
kn. ngrukunake, ngrujukake; kc. sayuk.
nyayut :
kn. ak. 1 ngrangkul; 2 ngubêdi, nalèni; 3 (ut. [x]-i) kw. mêkak, nyandhêt; kc. sayut.
nyayom :
êngg. kn. ngajak ayon; kc. sayom.
(nyak) :
di-[x]-i pc. dicaki; kc. cak.
nyakahi :
êngg. kn. nyêngkah; kc. cakah.
nyakal :
êngg. kn. ngrekal; kc. cakal.
nyakal-bakali :
kn. ak. miwiti gawe desa lsp; kc. cakal bakal.
nyakar :
kn. namakake cakar; kc. cakar.
nyakarêp :
n. nyakajêng k. nyakarsa ki. ak. nguja ing sakarêpe; kc. sakarêp.
nyakêp :
kn. ak. bisa mangêrti, eling; kc. cakêp.
nyakêti :
êngg. kn. nyêdhaki; kc. cakêt.

--- 353 ---

nyakil ~ nyampekani.

nyakil :
pc. kaya buta cakil (cangkême); [x]-i: ngêtrapi cakil; kc. cakil.
(nyakit) :
nyênyakit k. nglêlara; [x]-i k. nglarani; kc. sakit, lara.
nyak-nyakan :
pc. jag-jagan (kurang tata-krama).
nyak-nyuk :
pc. mung sadhela tumuli lunga.
nyakup :
kn. 1 ak. ngrauk; 2 wis mangêrti kabèh; kc. cakup.
nyakur :
(-i) kn. ak. ngêruki nganggo sikil; kc. cakur.
nyakot :
kn. namakake untu têrus digêgêt (uga ent.); kc. cakot.
nyakra :
1 kw. namakake cakra; 2 êngg. ngaku, ngira nduwèni; kc. cakra.
nyakra-panggilingan :
kn. mubêng kaya jantra (timbal-tumimbal lair).
nyakrabawa :
kw. ngira, nduga; kc. cakrabawa.
nyakrawati :
kw. ngêrèh jagat (ratu agung).
nyakruk :
(-i) pc. njaga, rondha; kc. cakruk.
nyaladi :
kw. nular ngobong; kc. salad.
nyalah :
I êngg. kn. nyilih; kc. silih. II [x]-i. 1 kw. nyèlèhi, nyèlèhake; 2 ak. nêngahi (nêsêli) ing wilêding gêndhing; kc. salah. III [x]-i ak: mialani; [x]-ake: nganggêp salah; kc. salah.
nyalaki :
kn. ak. nglancangi, ndhisiki; kc. calak.
nyalangi :
I kn. cêpak-cêpak (nyêdiyakake) ing sadurunge; kc. calang. II kn: nganggo (ndokoki) salang; kc. salang.
nyalap :
êngg. k. nyèlèh; kc. salap.
nyalar :
kn. ak. kongkonan; kc. salar.
nyalatake :
kn. nyêmbahyangake; kc. salat.
nyalawadi :
kn. (nyalawados k. ak. nyalawèdi ak): ora barès (ngandhut karêp wadi).
nyalêki :
êngg. k. nyêdhaki; kc. calêk.
nyalêp :
kn. nambani nganggo salêp; kc. salêp.
nyali :
êngg. kn. pêru, rêmpêlu.
nyalib :
kn. mênthang ing salib; kc. salib.
nyalikake :
kn. malik nglêmpit (sandhangan lsp); kc. calik.
nyalini :
n. nyantuni k. ngganti; kc. salin.
nyalokani, nyalokakake :
kn. ngupamakake sarana saloka; kc. saloka.
nyaloni :
kn. ak. dadi calon ing; kc. calon.
nyama, nyamani :
êngg. k. madha, madhani; kc. sama, padha.
nyamadi :
êngg. kn. ndayani bêcik; kc. samad.
nyamah :
kn. ngala-ala (ngrèmèhake) marang; kc. camah.
nyamak :
kn. 1 mangsak wlulang; 2 (ut, [x]-i) ngêtrapi samak ing buku; kc. buku.
nyaman :
pc. enak bangêt.
nyamantakake :
kn. njalukake rêmbug; kc. sêmanta.
nyamar :
kn. ak. nyamun, nggawe wadi; [x]-i: mutawatiri, mbêbayani; kc. samar.
nyamat :
kn. pêntholing kuluk (kang digawe mas lsp).
nyambangi :
êngg. kn. ngrondhani, nganglangi; kc. sambang.
nyambat :
kn. njaluk tulung, akon nggarapake lsp; kc. sambat.
nyambêl :
kn. 1 olah sambêl; 2 ak. kaya sambêl; [x] wijèn pc. wis padha mlêtuk akèh uwane (tmr. rambut); kc. sambêl.
nyambêngi :
êngg. k. nyalangi; kc. cambêng.
nyambêr :
kn. niyup nyaut (saka ing dhuwur); kc. sambêr.
nyambil :
kn. nggarap (nindakake) bêbarêngan karo kang baku; kc. sambi.
nyambik :
êngg. kn. mênyawak; kc. mênyambik.
nyambit :
êngg. kn. mbalang, nyawat, nyabêt; kc. sambit.
nyambuk :
kn. nyabêt nganggo sambuk; kc. sambuk.
nyambung :
n. nyambêt k. ndawakake sarana digandhèng lsp; kc. sambung.
nyambut :
1 kw. nyêkêl, nampani; 2 k. utang; 2 k. nyilih; kc. sambut.
nyambut-gawe :
n. nyambut-damêl k. nindakake (nandangi) pagawean.
nyambut silaning akrama :
kw. rabi, laki.
nyambori :
kn. nyampuri; kc. cambor.
nyamèh :
kn. ak. mènjêp.
nyamèkakên :
k. madhakake; kc. padha.
nyamèni :
k. madhani; kc. padha.
nyamêktani :
kn. nyadhiyani kabèh kabutuhane; kc. samêkta.
nyami :
k. madha; kc. padha.
nyamikan :
kn. panganan pacitan (ing wedangan lsp).
nyamir :
I kn. gawe samir; kc. samir. II [x]-ake êngg. nglapurake; kc. samir.
nyamlang :
êngg. kn. umuk, sugih omong sêsongaran.
nyamlêng :
kn. 1 trêp bangêt, cocog bangêt; 2 pc. cèplês (tmr. petungan); 3 enak bangêt.
nyam-nyamên :
pc. isih kaya ana rasaning panganan lsp. ing cangkêm; kc. kênyam.
nyamu :
kn. ak. colok lsp. kang digawe gombal diplintir banjur disulêd; mambu [x]: mambu obong-obongan jarit (gombalan).
nyamudana :
kw. 1 ngaruh-aruhi lsp. kalawan alus; 2 nyamun, nyamar; kc. samudana.
nyamuk-nyamuk :
kn. obahing cangkêm nalikane mangan (kêbak).
nyamun :
kn. ak. nyamar; kc. samun.
nyamur :
kn. 1 ak. tumindak supaya ora kasumurupan; 2 ak. nyimpên, ndhêlikake; 3 nyamur, nglêlali kasusahan lsp; kc. samur, slamur.
nyamut-nyamut :
pc. 1 (isih) adoh ut. dhuwur bangêt, akèh bangêt antarane (bedane); 2 durung paja-paja; 3 isih durung nyakup têmênan (tmr. kawruh lsp).
nyampahi :
kn. moyoki, maoni; kc. campah.
nyampaki :
I êngg. ak. mapaki, madhani; kc. sampak. II êngg. kn: mrêgoki; kc. kesampak.
nyampar :
kn. nyandhung nggasruk, nyampe nganggo sikil; [x] banyu êngg: nyewa (nggêntèni) sawah kang wis ditanduri; kc. sampar.
nyampe :
kn. nyêkêl (nyenggol) nganggo tangan nalikane mlaku; kc. sampe.
nyampekani :
kw. ngawekani kanthi kajuligan; kc. sampeka.

--- 354 ---

nyampêgi ~ nyangkêm.

nyampêgi :
êngg. kn. nyampêti.
nyampêr :
êngg. kn. mampir; kc. sampêr.
nyampêti :
kn. nyukupi kabutuhane; kc. sampêt.
nyamping :
ki. bêbêd, tapih.
nyampiri :
kn. nyèlèhake jarit lsp. ing sadhuwure; kc. sampir.
nyampyuk :
kn. nêmpuk ngênani (tmr. banyu); kc. sampyuk.
nyampluk :
kn. nampèl (nampêk, nggitik) ing wang ut. janggut; kc. sampluk.
nyamplung :
I kn. bêton sadaginge (tmr.nangka lsp). II kn: ar. wit wohe digawe lênga.
nyamplong :
êngg. kn. mbêngkolang, mbalang; kc. samplong.
nyampuni :
k. nguwisi.
nyampur :
kn. ngêwor dadi siji; kc. campur.
nyampurnakake :
kn. agawe sampurna; kc. sampurna.
nyan :
êngg. kn. yèn.
nyana :
kn. ngira, nggagas; ora [x] (ora dimpe): ora ngira babar pisan; di-[x](-[x]) ak: dikira, didakwa.
nyanak :
kn. ngaku sanak, ngrêngkuh sanak; kc. sanak.
nyandeyani :
kw. mêdèni; kc. sandeya.
nyandèkakên :
k. murungake; kc. sande, wurung.
nyandêr :
êngg. kn. mlayu bantêr (ngoyak lsp); kc. sandêr.
nyandi :
kw. agawe sandi; kc. sandi.
nyandikani :
kw. nyaguhi; kc. sandika.
nyandu :
kn. mêtu candune (tmr. pipa rokok lsp) kc. candu.
nyandra :
kn. nyritakake kaananing wêwujudan lsp. sarana pêpindhan, pêpandhingan lsp; kc. candra.
nyanjani :
kn. sanja ing; kc. sanja.
nyanjangi :
k. nuturi.
nyandhak :
I kn. nyêkêl, bisa nututi; kc. candhak. II [x]-ake êngg. nggadhèkake (sawah lsp); kc. sendhe.
nyandhang :
I (ut. [x]-i) kn. ngadhangi, nyadhangi; kc. candhang. II kn: mênganggo sandhangan; kc. sandhang(-an).
nyandhati :
kn. nalèni ut. nyunduki nganggo sandhat; kc. sandhat.
nyandhêt :
kn. mêkak, ngampêt, mênggak; kc. candhêt.
nyandhi :
kn. ak. 1 mêndhêm ing candhi; 2 mêmêtri, mundhi-mundhi; kc. candhi.
nyandhing :
kn. linggih lsp. nyêdhaki; kc. sandhing.
nyandhuk :
êngg. pc. ngêkop; kc. candhuk.
nyandhung :
kn. sikile nanggor (watu lsp); kc. sandhung.
nyanepakake :
kn. ak. ngupamakake nganggo sanepa; kc. sanepa.
nyanèsakên :
k. nyèjèkake; kc. seje.
nyanuk-nyanuk :
pc. muk-mukan.
nyantên :
I [x]-i kn: ngadoni nganggo santên; kc. santên. II k: nyatur; kc. catur.
nyantêr :
kn. ak. kalawan santêr (ênggone tumandang lsp); kc. santêr.
nyantu, nyantrok :
êngg. pc. manggon bae, tansah linggih bae.
nyantung :
êngg. kn. têkan ing; tutug ing, gadhug.
nyantun :
k. nyari.
nyantuni :
k. nyalini; kc. salin, santun.
nyantrèni :
pc. kaya santri; kc. santri.
nyantri :
kn. 1 dadi batur (rewang) ana ing omahe calon maratuwa; 2 ngaji (sinau) ana ing panggonane guru agama (Islam, pondhok); kc. santri.
nyantrik :
I kn. dadi cantrik, mêguru; kc. cantrik. II kn. cacad (lagean) ala.
nyanthang :
kn. nylomod nganggo canthang; kc. canthang.
nyanthèli :
(-ake) kn. nggantungi(-ake) ing; kc. canthèl.
nyanthik :
I kn. 1 ngiris nganggo canthik; 2 pc. awangung nyongat mbêngkêluk kaya canthik; kc. canthik. II êngg. kn. ngeling-eling, ngapalake; kc. canthik.
nyanthol :
kn. nyangkol ing; kc. canthol.
nyanyah-nyunyah :
pc. kasar-kasaran (tmr. gunêman lsp).
nyanyak :
êngg. pc. 1 mangap, angop; 2 mangan.
nyanyi :
pc. mênyanyi.
nyang :
I pc. n. mênyang. II di-[x] n. dipunawis k: arêp dituku kurang saka tawane; kc. ênyang.
nyanga :
kn. siji-sijine sanga.
nyangapake :
pc. ngêngakake amba; kc. cangap.
nyangar :
I kn. ngêngakake (mbênggang) cangkêm pêrlu diombèni jamu; kc. cangar. II kn: nganggêp sangar.
nyangèni :
kn. ak. ngauli, nadari; kc. sangi.
nyangêtakên :
k. mbangêtake; kc. bangêt.
nyangga :
n. nyanggi k. nyuwak (madal, nduwa) saka ingisor; kc. sangga.
nyanggah :
kn. namakake canggah; kc. canggah.
nyanggèhi :
pc. ngladaki, mbêbeda; kc. canggèh.
nyanggêmi :
kn. nyaguhi, ngandhêmi; kc. sanggêm.
nyanggi :
k. nyangga.
nyanggit :
êngg. kn. ak. nyambung; kc. sanggit.
nyanggupi :
êngg. ak. nyaguhi; kc. sanggup.
nyanggrahi :
kn. ak. dêdunung ing; kc. sanggraha, pasanggrahan.
nyanggrak :
kn. ak. ngêtokake gêtihe; kc. sanggrak.
nyanggrêk, nyanggrok :
kn. ak. mandhêg ing; kc. sanggrêk.
nyangik :
pc. katon kuru bangêt (tmr. wong wadon).
nyangkal :
êngg. pc. madoni, mbadal; kc. sangkal.
nyangkal putung :
kn. awangun menggok mawa pojok; kc. sangkal.
nyangkani :
kn. ak. miwiti sangka ...; kc. sangka.
nyangkêmi :
ks. ngujar-ujari, nyrêngêni; kc. cangkêm.

--- 355 ---

nyangkêpi ~ nyarug.

nyangkêpi :
kn. ak. nyamêktani, nyawisi; kc. sangkêp.
nyangkin :
êngg. kn. tansah, saya.
nyangking :
kn. nggawa apa-apa kaya digantung ing tangan; kc. cangking.
nyangklak :
pc. krasa ora kêpenak têkan ing cangklakan; kc. cangklak(-an).
nyangklèk :
kn. mbopong ing bangkèkan; kc. cangklèk.
nyangklêk :
kn. cêdhak (cakêt) bangêt.
nyangklêng :
pc. kêsuwèn bangêt.
nyangkluk :
pc. ndhungkluk, tumungkul.
nyangklong :
(-i) kn. nglêbokake ing cangklong; kc. cangklong.
nyangkuh :
kn. namakake sangkuh; kc. sangkuh.
nyangkul :
I kn. maculi; kc. cangkul. II kn: ngrewangi pagaweaning liyan; kc. sangkul.
nyangkut :
kn. nggubêd (nggêpok) ing (tmr. tali, bolah layangan lsp); kc. sangkut.
nyangkok :
kn. njupuk panging wit arêp ditandur; kc. cangkok.
nyangkol :
kn. nyanthèl ing; kc. cangkol.
nyangkrahi :
kn. masangi (ndokoki) sangkrah; kc. sangkrah.
nyangkramani :
kw. ndhêmêni; kc. cangkrama.
nyangkrang, nyangkrêng :
pc. katon linggih lsp. ana ing dhuwur.
nyangkrêg :
pc. nyanggrêk; kc. cangkrêk.
nyangkribi :
kn. ak. nutupi; kc. cangkrib(-an).
nyangkrimani :
(nyangkrimi pc) kn. mbêdhèki cangkriman; kc. cangkriman.
nyangling :
kn. nggilapake êmas; kc. sangling.
nyangluk :
êngg. kn. tumêlung tumiyung; kc. sangluk.
nyanglung :
êngg. kn. nyelung, golèk laron.
nyang-nyangan :
n. awis-awisan k. padha nganyang; kc. nyang, ênyang.
nyang-nyêng :
pc. rikat ênggone ngangkati, nggawa lsp; kc. nyêng.
nyangub :
kn. ngabang slaka lsp; kc. sangub.
nyangoni :
kn. mènèhi sangu; kc. sangu.
nyauloni :
kn. ak. nanggapi gunêm; kc. saulon.
nyaur :
kn. mbayar utange; [x]-i: mangsuli; kc. saur.
nyaut :
kn. nyêkêl (sarana nyambêr lsp); kc. saut.
nyao :
pc. gampang bangêt, pasaja bangêt.
nyaosi :
ki. 1 nyawisi; 2 mènèhi; kc. saos, caos.
nyapa :
I kn. takon jênênge, ngaruh-aruhi; kc. sapa. II (ut. nyapani) kw: nyupatani, ngêsotake; kc. sapa.
nyapar :
I êngg. kn. ngoyod; kc. capar. II kn. ak: slamêtan ing sasi Sapar.
nyapasari :
n. nyapêkêni k. nylamêti mbênêri sapasaring pangantèn lsp; kc. sapasar.
nyapata, nyapatani :
kn. ngêsotake; kc. sapata.
nyape :
êngg. kn. mbadhe; kc. cape.
nyapèlèkake :
kn. nganggêp sapele (ngrèmèhake); kc. sapele.
nyapih :
kn. 1 nglêrêmake wong nêpsu; 2 misah wong pêpadon; 3 nglèrèni ênggone nusoni; kc. sapih.
nyapit :
pc. mèjèt (nyêkêl lsp) nganggo sapit, njêpit; kc. sapit, capit.
nyaplêk :
êngg. ak. plêk, padha trêp; kc. plêk, caplêk.
nyaplok :
kn. mangan têrus diulu; kc. caplok.
nyapu :
kn. ngrêsiki nganggo sapu; kc. sapu.
nyaput :
kn. 1 ak. nglimputi, nutupi; 2 mupuri lamat-lamat; kc. saput.
nyaprang, nyaprat :
pc. njlaprat (tmr. brêngos).
nyara :
kn. nindakake kaya sacaraning ...; kc. cara.
nyarab :
kn. nyaplok pangan (tmr. iwak); kc. sarab.
nyarad :
êngg. kn. nyèrèd, nglarak; kc. sarad.
nyarah :
kn. 1 ak. ngêntas saka ing banyu; 2 manut ing sakarêpe; kc. sarah.
nyarak :
êngg. kn. nyahak; kc. carak.
nyarani :
kn. ak. ngacarani, mbagèkake; kc. cara.
nyarang :
êngg. ak. nyirik, nyingkiri, nulak; kc. sarang.
nyarapi :
êngg. kn. 1 ak. nglèmèki; 2 mènèhi sarapan; kc. sarap.
nyarasakên :
k. marasake; kc. waras.
nyarati :
I kn. 1 nyranani (êngg. nggunani lsp); 2 êngg. mragadi; kc. sarat. II ut. nyaratake kn. ak: njanggêlake, njanjèkake; kc. sarat.
nyarawèdi :
kn. ak. nggosok intên; kc. sarawèdi.
nyare :
ki. nginêp; nyarèni ki: nuroni; nyarèkake ki: 1 nurokake; 2 ngubur; 3 nginêpake; kc. sare.
nyarèhake :
kn. nglêrêmake, nyabarake; kc. sarèh.
nyarèni, nyarèkake :
kn. nggarap nganggo sarèn (sari kuning); tmr. bathikan.
nyarêki :
êngg. kn. nyêdhaki, marani; kc. carêk.
nyarêmi :
k. nguyahi (nganaki); kc. sarêm, anak.
nyarêngi :
k. mbarêngi; kc. barêng, sarêng.
nyari :
I n. nyantun k. ukuran saambaning driji. II kw: ngisêp sari (ning kêmbang); kc. sari.
nyariyosi, nyariyosakên :
k. 1 nyritani, nyritakake; 2 ngandhani, ngandhakake; kc. cariyos, criyos.
nyarik :
I kn. mbathik; kc. carik. II (ut. [x]-i) kn. ak: mandumi lorodan (pangan);kc. carik. III [x]-i êngg. kn. malati, namakake walat; kc. sarik.
nyaring :
I kn. ngrêsiki sarana saringan; kc. saring. II kn. ak. bantas, sêru (tmr. swara).
nyarirani :
ki. ngawaki; kc. awak.
nyaru :
kn. ak. ngrigoni; [x] krama kw: dêksura, murang tata; [x]wuwus ak: nyêla-nyêla mèlu gunêman, ngrigoni; kc. saru.
nyarub :
(-i) kn. nyampur(-i); kc. carub.
nyarug :
kn. nyampar (nggasruk); kc. sarug.

--- 356 ---

nyaruk ~ nyèh-nyèh.

nyaruk :
kn. 1 ngrauk; 2 nggrauk; 3 êngg. pc. nyampur (digawe padha), ngracak; kc. caruk.
nyarungi :
1 kn. ak: ndokoki wadhah (urung); 2 k. mrangkani; 3 ngênggoni sarung; kc. sarung, wrangka.
nyaroja, nyarojani :
kw. ngrangkêp, mêpaki; kc. saroja.
nyarong :
kn. bêning bangêt.
nyaros :
êngg. k. nyari.
nyartani :
kw. nganthèni, mbarêngi; kc. sarta, sêrta.
nyas :
mak [x] pc. sanalika krasa panas lsp; kc. kênyas.
nyasmitani :
kw. mènèhi sasmita; kc. samita.
nyat :
mak [x] pc. ngadêg (mangkat lsp) sanalika.
nyata :
I kn. 1 têmên, têmênan; 2 ora gêgorohan; 3 têrang bangêt, gênah bangêt; 4 pc. pancèn, mula têmênan; dinyatani ak: ditêmêni, dilakoni têmênan; dinyatakake n. dipunyêktosakên k: digênahake, dipriksa nyata lan orane; kc. sanyata. II k: nêmbako (nanduri têmbako); kc. sata, têmbako.
nyate :
kn. gawe sate.
nyatmata :
kw. namatake; kc. satmata.
nyat-nyut :
pc. ora ajêg pikirane.
nyatu :
I êngg. ak. nambani tatu sarana donga; kc. catu. II kn. ak: mancèni (ngêdumi) pangan; kc. catu.
nyatur :
n. nyantên k. nggunêm ala; kc. catur.
nyatus :
kn. 1 sabên satuse; 2 ([x] dina) nylamêti wong mati mbênêri satus dina saka gêblage; kc. satus.
nyato :
êngg. ak. nyatu (nambani tatu).
nyaton :
kn. ak. bathok lsp. kang didokok mêngkurêb ing kukusan.
nyatoni :
êngg. natoni; kc. caton.
nyatriya :
kn. ak. 1 urip kaya satriya (ora ngèngèr); 2 tindak-tanduke sarwa alus lan utama kaya satriya; kc. satriya.
nyatru, nyatroni :
kn. ak. mungsuh, nganggêp satru, njothak; kc. satru.
nyacad :
pc. nacad; kc. cacad.
nyathak-nyathak :
kn. ak. kêsusu-kêsusu (durung mangsane).
nyathèk :
kn. nyakot; kc. cathèk.
nyathêm :
(ake) pc. ngingkêmake, mingkêm; kc. cathêm.
nyathêt :
kn. 1 êngg. njithêt; 2 êngg. ngrikiti; 3 ak. nganggit ing sajroning angên-angên; [x]-i: nulisi supaya ora lali; kc. cathêt.
nyathil :
pc. ngatutake, njupuk; kc. cathil.
nyathis :
pc. katon maju cangkême (janggute).
nyathus :
pc. mênêng bae (ora tumandang).
nyathut :
kn. migunakake cathut.
nyathok :
I kn. 1 nggathuk-nggathukake sambunganing balungan omah lsp; 2 (ut. [x]-i) ngêtrapi cathokan; kc. cathok. II nyêkêl walang lsp. sarana disaut banjur digêgêm; kc. cathok.
nyawa :
kn. 1 kang njalari urip; 2 pc. sukma, jiwa; 3 br. têmbung pamiluta atêgês kang dikasihi.
nyawabi :
kn. mbêrkahi, ndayani; kc. sawab.
nyawad :
(-i) êngg. ak. maoni; kc. sawad.
nyawah :
n. nyabin k. nggarap palêmahan didadèkake sawah; kc. sawah.
nyawani :
kn. ak. nambani (nulak) sawan; kc. sawan.
nyawang :
I kn. mandêng namatake; kc. sawang. II kn. ak: ngêpang; kc. cawang.
nyawat :
kn. mbalang; kc. sawat.
nyawe-nyawe :
kn. ak. mèlu mrêduli marang; kc. cawe.
nyawèl :
kn. 1 nyathèk, nyakot; 2 êngg. pc. nyêkêl; 3 ks. kandha, ngandhakake; kc. cawèl.
nyawèni :
êngg. ak. 1 ndokoki têtêngêr (sawi); 2 mêling sadurunge; kc. sawi.
nyawêt :
I pc. ngawêt; kc. cawêt. II [x]-i kn. ngênggoni cawêt; [x]-ake: ngubêdake jarit dicara cawêt; kc. cawêt.
nyawiki :
ki. nyewoki; kc. cawik, cewok.
nyawil :
êngg. kn. nyêkêl; kc. cawil.
nyawisi, nyawisake :
kn. nyaosi, nyaosake ki: nyadiyakake, nyêpaki; kc. cawis.
nyawit :
pc. nganggo sandhangan kang padha corake (ikêt karo bêbêd lsp); kc. sawit.
nyawud :
êngg. kn. ngurap; kc. sawud.
nyawuk :
kn. 1 nyidhuk banyu nganggo tangan; 2 nggraut; kc. cawuk.
nyawung :
I kn. ak. 1 ngumpulake, nggathukake; 2 nanggapi, mangsuli; kc. sawung. II kn. ak: mbopong bocah dilinggihake ing bangkekan; kc. sawung. III (ut. [x]-akên) k: njago, sawung.
nyawur :
(-ake) kn. 1 nyêbar apa-apa kang mawur; 2 nyêbar wiji; kc. sawur.
nyawur-ingin :
([x]-rancah, [x]-tinggal) kn: nyêbar wiji pari ing sawah tanpa didhêdhêr.
nyawur-pêndhêm :
kn. nyêbar wiji ing pandhêdhêran tanpa diêlêbi.
nyebani :
n. nyowani k. ak. seba ana ing; kc. seba.
nyèbên :
êngg. k. nyewa.
nyèbêt :
(-i) êngg. kn. nyabêt(-i); kc. sèbêt.
nyèblêk :
(-ake) pc. nancêb(-ake); kc. cèblêk.
nyeblokake :
êngg. kn. 1 nancêbake ing (ngêdêgake omah lsp); 2 pc. nandur, nyèblêkake; kc. ceblok, cêblok.
nyebratake :
kn. êmoh ngaku anak; kc. sebrat.
nyeda :
kw. nacad; kc. cedha.
nyedani :
ki. matèni; kc. seda.
nyèdhèng :
kn. laku ngiwa (tmr. wong wadon); kc. sèdhèng.
nyedhumi, nyedhomi :
kn. ak. ngaubi, ngeyubi; kc. sedhum.
nyedhok :
êngg. pc. nyidhuk; kc. cedhok.
nyègêl :
kn. 1 ndokoki sègêl; 2 êngg. mbêslah; kc. sègêl.
nyègêr :
êngg. pc. mencok, mapan; kc. cègêr.
nyegog :
êngg. ak. menggok (ndhêlik, ngaso); kc. segog.
nyegrok :
pc. mencok, mapan.
nyèh-nyèh :
pc. 1 mamah suruh (kinang); 2 gunêman kasar.

--- 357 ---

nyehat(ake) ~ nyèwèng-nyèwèng.

nyehat :
(ake) êngg. pc. niru, nirokake; kc. sehat.
nyeyub :
kn. ak. ngeyub, ngaub; kc. seyub.
nyeyos :
êngg. kn. nyiram gêni (ing pawon); kc. ceyos.
nyeyosakên :
êngg. k. nèjèkake; kc. seje.
nyèk :
mak [x] pc. katêranganing midak barang êmpuk (mlênyèk); di-[x](-[x]): 1 diidak-idak (tmr. barang kang mlênyèk); 2 pc. dirèmèhake, diina.
nyeka :
êngg. kn. nggosok nganggo gombal lsp. manasi awak lsp. nganggo gêndul isi wedang lsp; kc. seka.
nyèkèk :
(-ake) êngg. nyèlèh(ake); kc. sèkèk.
nyèkèr :
(-i) kn. ngêruki lêmah nganggo cakar (tmr. pitik); kc. cèkèr.
nyèkêt :
kn. siji-sijine (sabên) sèkêt; kc. sèkêt.
nyèkrèk :
pc. katon cakrak.
nyela :
k. matu; kc. watu, sela.
nyeladake :
kn. ak. ngucapake kaya celad; kc. celad.
nyelaki :
kn. ora ngakoni, mungkir; kc. selak.
nyèlèh :
(ake) kn. ndokokake; kc. sèlèh.
nyèlèng :
pc. kaya cèlèng (wangkod); [x]-i: nyimpên dhuwit saka sathithik; kc. cèlèng.
nyelung :
êngg. pc. 1 golèk laron; 2 mblasukake, ngapusi; kc. celung.
nyelog :
êngg. kn. golèk (ndhudhuk) uwi lsp. ana ing alas; kc. selog.
nyelong :
kn. ak. ngukum buwang (mênyang Selon).
nyèmèk-nyèmèk :
pc. rada têlês (ana banyune).
nyèmèki :
kn. ak. nglèmèki, nyarapi; kc. sèmèk.
nyèmèt-nyèmèt :
pc. mung sathithik bangêt.
nyemplak :
I êngg. kn. nyengklak, nyemplo; kc. cemplak. II (ut. nyemplang) êngg. kn: nêndhang, ndugang; kc. semplang.
nyemplo :
kn. nyengklak (nunggang); kc. cemplo.
nyenapatèni :
kn. ak. dadi senapati mungguhing ... (manggêdhèni); kc. senapati.
nyèndhèni :
kn. sumèndhe ing; kc. sèndhe.
nyendhok :
kn. nyidhuk nganggo sendhok; kc. sendhok.
nyènèng :
kn. nggèrèd, narik; kc. cènèng.
nyènèsakên :
êngg. k. nèjèkake; kc. sènès.
nyenol :
kn. kandêl êmpuk (tmr. kulit lsp); kc. cenol.
nyenthangi :
kn. nêngêri ing tulisan (ndokoki centhangan); kc. centhang.
nyènthèlake :
êngg. nyanthèlake; kc. cènthèl.
nyenthong :
êngg. kn. nyidhuk nganggo centhong.
nyènyèh :
(ên) kn. ngêmu banyu arêp dadi mêmala.
nyèng :
mak [x] pc. mak nyêng.
nyèngèl :
pc. nyungul êndhase; kc. cèngèl.
nyèngèni :
êngg. kn. ngajak.
nyèngèr :
pc. nyèngèl.
nyènggèk :
êngg. kn. nyènggèt; kc. sènggèk.
nyènggèt :
kn. nggèthèl wowohan lsp; kc. sènggèt.
nyenggol :
kn. nggêpok (njawil lsp) sathithik; kc. senggol.
nyenggot :
kn. njupuk lsp. nganggo senggotan, main senggotan; kc. senggot.
nyènggrok, nyènggrong :
êngg. kn. mandhêg ing; kc. sènggrok.
nyengklak :
I kn. nyemplo nunggang (jaran lsp); kc. cengklak. II êngg. kn. nyangklêk, nyawung; kc. cengklak.
nyèngklèhake :
kn. mutung supaya sèngklèh; kc. sèngklèh.
nyengkok :
kn. 1 êngg. nyangkok; 2 ak. niru, nulad, ngèmpêri; kc. cengkok.
nyèngkrèm :
pc. katon bêcik (bagus lsp).
nyengoh :
pc. nyêngoh.
nyeok :
(-i) êngg. kn. ngrauk, ngraup; kc. ceok.
nyeos :
êngg. kn. nyirami gêni ing pawon lsp; kc. ceos.
nyepa :
êngg. kn. mujudi; kc. sepa.
nyepak :
kn. nêndhang nganggo sikil kang buri; kc. sepak.
nyepakake :
kn. ak. madhakake karo; kc. sepa.
nyèpêr :
êngg. pc. ngetung-etung, ngira; kc. sèpêr.
nyeple :
pc. linggih sumandhing.
nyèplêsi :
pc. ngêtrêpi, madhani; kc. cèplês.
nyepor :
pc. katon bundêr amba (njêbèbèh).
nyèprès :
pc. dawa lêmês (tmr. brêngos).
nyèprèt :
I êngg. kn. nyiprat; [x]-i êngg: nyiprati; kc. cèprèt. II pc: nyaprat (tmr. brêngos).
nyeproti :
êngg. pc. nyiprati.
nyèrèd :
kn. nggèrèd, nglarak; kc. sèrèd.
nyèrèhi :
êngg. kn. nyidhuki umpluke; kc. sèrèh.
nyèrèni :
kn. 1 êngg. nglèrèni (mocot); 2 ak. nyèlèhi; kc. sèrèn.
nyèrèt :
(-i) kn. ndokoki (mbathik lsp) sèrèt.
nyèrêpi :
kn. nggêntèni yèn ana kakurangane; kc. sèrêp.
nyerum :
kn. nyuntik nganggo serum; kc. serum.
nyero :
kn. misaya iwak nganggo sero.
nyerok :
kn. nyidhuk nganggo serok.
nyerong :
kn. ngiringake (tmr. nam-naman); kc. serong.
nyerongi :
êngg. ak. nylerongi; kc. cerong.
nyerop :
pc. nyidhuk; kc. serop.
(nyèt) :
di-[x] pc. dipènyèt.
nyetani :
kn. ngadon-adoni, nggêgasah; kc. setan.
nyètèni :
êngg. kn. ngoncèki.
nyetra, nyetrakake :
kn. ak. mbuwang ana ing alas lsp; kc. setra.
nyèthèt :
ks. 1 manak; 2 bêbanyu; kc. cèthèt.
nyèthi :
kn. ak. ngabdi marang (dadi abdi wadon); kc. cèthi.
nyethok :
kn. nyerok nganggo cethok.
nyethom :
pc. gêdhe puluke (ênggone mangan); kc. sethom.
nyewa :
kn. nyilih kanthi mbayar pituwas; kc. sewa.
nyewak :
êngg. kn. mothèng-mothèng, mrêjit-mrêjit; kc. sewak.
nyèwèng-nyèwèng :
êngg. pc. narik (nyènèng) mrana-mrana; kc. cèwèng.

--- 358 ---

nyèwèr ~ nyêkêl.

nyèwèr :
êngg. kn. nyènèng, nyuwèk; kc. sèwèr.
nyèwu :
kn. 1 sabên (siji-sijine) sèwu; 2 ([x] dina) nylamêti wong mati sèwu dina saka gêblage; kc. sèwu.
nyewoki :
kn. nyawiki ki. ngrêsiki jubur lsp; kc. cewok.
nyewoti :
êngg. kn. nguring-uring, nyrêngêni; kc. sewot.
nyêbablang :
pc. saèm. njêpaplang.
nyêbak :
êngg. kn. nêbak, ndêmak; kc. cêbak.
nyêbak gawe :
n. ([x] damêl k) êngg: nyambut-gawe.
nyêbal :
kn. ora padha (pilah, seje) karo panunggalane; kc. sêbal.
nyêbar :
kn. nyawurake kêmbang lsp; kc. sêbar.
nyêbat :
(-akên) êngg. k. nyêbut(-ake); kc. sêbat, sêbut.
nyêbawa :
kn. muni, nywara; kc. sabawa.
nyêbèk :
êngg. kn. nêbak, ndêmak; kc. cêbak.
nyêbêli :
kn. njalari sêbêl; kc. sêbêl.
nyêbit :
(-i) kn. nyuwèk(-i); kc. sêbit.
nyêblak :
I (ut. [x]-i) kn. nyabêt(-i), nggêbugi; kc. sêblak. II [x]-ake kn. ngêngakake. mbukak; kc. sêblak.
nyêblèk :
pc. nyablèk; kc. cêblèk.
nyêblukake, nyêblungake :
pc. 1 nyêmplungake; 2 nyêblokake; kc. cêblok.
nyêblok :
I êngg. kn. nyêblak; kc. sêblak. II pc: tumiba ing; [x]-ake: 1 nancêbake, ngêdêgake omah ing; 2 nandur; 3 pc. nibakake; kc. cêblok.
nyêbuk, nyêbok :
pc. nyêmplung ing banyu.
nyêbul :
kn. ndamu sêru; kc. sêbul.
nyêbut :
kn. 1 ngarani, ngarani sêsêbutane; 2 (ut. [x]-ake) ngandhakake; 3 ngucapake asmaning Allah (sêmbahyang, nyuwun pangapura lsp); ora [x]: ora ngrumangsani (ênggone wis tuwa lsp); kc. sêbut.
nyêbrak :
kn. 1 êngg. pc. nyuwèk; 2 (ut. nyêbrang) utang dhuwit sawêtara dina (tanpa nganggo cêkêlan); kc. sêbrak.
nyêbrèt :
(-i), nyêbrut(-i) êngg. pc. nyuwèk(-i); kc. sêbrèt.
nyêbriki :
êngg. kn. ngrêgêdi; kc. cêbrik.
nyêbrit :
êngg. kn. ucul (tmr. sapi lsp).
nyêbrot :
kn. nyolong panganggo kang dianggo sarana disêndhal; kc. sêbrot.
nyêd :
mak [x] pc. katêranganing mijêt (ngênêtake); di-[x] pc: diênêtake; kc. ênyêd.
nyêdayakakên :
k. ngabèhake; kc. kabèh.
nyêdul :
êngg. pc. 1 ndudul; 2 malsu; kc. sêdul.
nyêdrah :
kn. 1 ngêclup ing ancur lsp. (tmr. bolah layangan); 2 êngg. nyoga; kc. sêdrah.
nyêjarahake :
kn. ak. nyritakake; kc. sêjarah.
nyêdhahi :
k. nyuruhi; kc. suruh.
nyêdhaki :
n. nyêlaki k. marani; kc. cêdhak.
nyêdhakêpake :
kn. mapanake tangan supaya sidhakêp; kc. sidhakêp.
nyêdhêkahake :
kn. ndanakake, nganggo sêdhêkah; kc. sidhêkah.
nyêdhêki :
n. êngg. nyêdhaki.
nyêdhêng :
kn. ak. nêdhêng-nêdhênge; kc. sêdhêng.
nyêdhêpake :
kn. marakake sêdhêp; kc. sêdhêp.
nyêdhihake :
kn. njalari sêdhih; kc. sêdhih.
nyêdhiyani :
kn. nyawisi; kc. sêdhiya.
nyêdhil, nyêdhis :
ora [x] pc. ora nggandra sapira, ora mbêjaji.
nyêdhuh :
êngg. kn. nyiram wedang; kc. sêdhuh.
nyêdhot :
êngg. kn. 1 nyènèng sêru; 2 mêdhot; kc. cêdhot.
nyêgadul :
êngg. pc. njêgadul.
nyêgah :
I kn. nglarangi (ngelikake) supaya ora nglakoni; kc. cêgah. II k: nyuguh; kc. sêgah, suguh.
nyêgarani :
kn. ak. nyabari; kc. sêgara (sagara).
nyêgat :
kn. ngadhang, ana ing dalan lsp; kc. cêgat.
nyêgele :
êngg. kn. ndhewe, mênjila.
nyêgêr :
(ut. nyêgir) pc. nglajir, katon ijèn.
nyêgêri :
kn. njalari sêgêr; kc. sêgêr.
nyêgil, nyêglik :
pc. linggih lsp, dhewe.
nyêgur :
kn. nyêmplung ing (sumur lsp); kc. cêgur.
nyêgurah :
kn. ak. nyuguh akèh bangêt; kc. sêgurah.
nyêgut :
êngg. kn. nyênggut; kc. sênggut.
nyêgok :
pc. nocog. nyogok; kc. sogok.
nyêgot :
êngg. pc. mêdhot; kc. cêgot.
nyêgrèk :
kn. nggraji; kc. sêgrèk.
nyêgrok :
kn. nyogok nganggo gèntêr lsp; kc. sêgrok.
nyêkabat :
kn. ak. mêguru, dadi murid; kc. sêkabat.
nyêkait :
kn. sêkuthon nêdya nglawan lsp; kc. sêkait.
nyêkak :
kn. nyêndhakake, ngringkês; kc.cêkak.
nyêkakah :
pc. mlêngkang amba (tmr. sikil lsp); kc. cêkakah.
nyêkakak :
kn. ngguyu sêru; kc. cêkakak.
nyêkakik :
pc. mangan apyun dilèlèt; kc. cêkakik.
nyêkaklak :
pc. ak. nyêkakak.
nyêkantuki :
k. nyêkolèhi.
nyêkap :
k. nyukup; [x]-i k. nyukupi; kc. cêkap, cukup.
nyêkar :
k. ngêmbang; 2 nêmbang; 3 ki. ngijing; kc. sêkar.
nyêkarêp :
n. nyêkajêng k. nyêkarsa ki: nguja ing sakarêpe; kc. sakarêp.
nyêkathung :
kw. ngapusi; kc. cêkathung.
nyêkèk :
ks. mangan; kc. cêkèk.
nyêkekal :
pc. njênggèlèk grayah-grayah arêp tangi; kc. cêkekal.
nyêkèkèh :
kn. mbêgagah sikile; kc. cêkèkèh.
nyêkèt :
I pc. nyakot; kc. cêkèt. II kn: nggambar cêngkorongan; kc. sêkèt.
nyêkecakakên :
k. ngêpenakake; kc. sêkeca.
nyêkethokake, nyêkethongake :
pc. nêkuk ugêl-ugêl; kc. cêkethok.
nyêkêb :
êngg. kn. ngimbu wowohan (diungkêb); kc. sêkêb.
nyêkêdhung :
kn. nêkuk awangun kuwung; kc. cêkêdhung.
nyêkêl :
n. nyêpêng k. 1 (ngasta ki) nggujêngi, [nggu...]

--- 359 ---

nyêkênêk ~ nyêlot.

[...jêngi,] nggocèki; 2 nyandhak; kc. cêkêl.
nyêkênêk :
pc. katon rêgêd ngênêk-ênêki.
nyêkênik :
pc. uthik-uthik tata-tata lsp; kc. cêkênik.
nyêkênuk :
kn. nylêkênthung; kc. cêkênuk.
nyêkênthik, nyêkênthing, nyêkênthit, nyêkênthang, nyêkênthung :
kn. nêkuk, nyêkênthung.
nyêkêthêm :
kn. nyêkêl (nggêgêm) kêncêng; kc. cêkêthêm.
nyêkêthut :
pc. njêkêthut.
nyêkidhing :
kn. ak. nyêkêl nganggang-anggang; kc. cêkidhing.
nyêkik :
kn. 1 cêkikên; 2 ks. matèni, nêkak; kc. cêkik.
nyêkikèr :
kn. kluruk (tmr. ayam alas); kc. cêkikèr.
nyêkikik :
kn. ngguyu lirih; kc. cêkikik.
nyêking :
kn. ak. ngiris; kc. sêking.
nyêkip :
pc. ngincêng (ngarah); kc. sêkip.
nyêkit :
I pc. nyakot; kc. cêkit. II êngg. kn. 1 nyolong pari ing sawah; 2 pc. nyèrèt; kc. cêkit, cukit.
nyêkithat :
pc. saèm. njêkithat.
nyêkithing :
kn. nyêkêl (nyangking) ing antaraning nganggo panuduh karo jêmpol; kc. cêkithing.
nyêkiwing :
pc. nyêngkiwing; kc. cêkiwing.
nyêklak, nyêklèk :
pc. mutung, putung; kc. cêklak, cêklèk.
nyêkluki :
pc. njêkluki, njêthuti athik-athikan lsp; kc. cêkluk.
nyêk-nyêk :
pc. mlaku alon; kc. tlênyak-tlênyêk.
nyêkuja :
êngg. kn. nguja; kc. sêkuja.
nyêkukruk :
kn. linggih tumungkul kurang bingar (tmr. pitik lsp); kc. cêkukruk.
nyêkuli :
kn. nganji lawon lsp; kc. sêkul.
nyêkuthêng :
kn. mblêngkuk, kaya ukêl-ukêlan; kc. cêkunthêng.
nyêkung :
kw. ngêtok kadayan, ngêpêng; kc. sêkung.
nyêkut :
(-i) pc. 1 nyolong pari ana ing sawah; 2 nggawa lunga; kc. cêkut.
nyêkuthak :
kn. ak. 1 nyamplak janggut; 2 tumindak kasar; kc. cêkuthak.
nyêkuthêm :
pc. ora padhang ulate.
nyêkuthik :
pc. nguthik-uthik; kc. cêkuthik.
nyêkuthis :
pc. katon kuru pucêt (mlarat bangêt lsp); kc. cêkuthis.
nyêkuthu :
kn. ak. nyêkait, sêkuthon mungsuh ...; kc. sêkuthu.
nyêkuthuk :
pc. mlaku lsp. mbêngkuk kalawan rêkasa; kc. cêkuthuk.
nyêkodhokake, nyêkodhongake :
kn. ak. nêkuk tangan dikurungake; kc. cêkodhok.
nyêkoki :
kn. 1 ngombèni jamu (bocah cilik); 2 êngg. nyirami têtanduran; kc. cêkok.
nyêkolahake :
kn. nglêbokake ing pamulangan; kc. sêkolah.
nyêkolèhi :
n. nyêkantuki k. ak. mikolèhi; kc. sêkolèh.
nyêkot-nyêkot :
pc. krasa cêkot-cêkot.
nyêkothèh :
pc. ngothèh-ngothèh sêga lsp; kc. cêkothèh.
nyêkothokake :
(nyêkothongake pc) kn. nêkuk tangan dikuwungake; kc. cêkothok.
nyêkowak, nyêkowèk, nyêkowik, nyêkowok :
pc. awangun kaya kowakan (kowèkan); kc. cêngkowak.
nyêkrap :
kn. ak. ngêrok, mbusêk; kc. sêkrap.
nyêkrup :
kn. ngêtrapi sêkrup; kc. sêkrup.
nyêkrok :
ks. 1 udud; 2 nyêrèt.
nyêla :
I ([x] atur) kn. nyêlani gunêm; kc. nyêlani, sêla. II kw: nacad, maoni; kc. cêla.
nyêlag :
êngg. kn. nyilih sêdhela, nyêbrak; [x]-i êngg: nyulihi sadhela; kc. sêlag.
nyêlah :
I êngg. kn. nyèlèhake; kc. sêlah. II êngg: nyilih; kc. sêlah.
nyêlayani :
pc. nyulayani.
nyêlak :
I kn. ngirêng alis lsp. nganggo cêlak; kc. cêlak. II (-i) k: nyêdhak(-i);kc. cêdhak, cêlak. III (-i, -akên) k: nyêdhaki(-ake); kc. cêlak, cêndhak. IV kn. ak: nggêlak, ngenggalake; [x]-ake: ngenggalake rampunge; kc. sêlak.
nyêlak-nyêluk :
kn. tansah ngundang; kc. cêluk.
nyêlamake :
êngg. pc. ngislamake, nêtakake; kc. sêlam.
nyêlandri :
kn. awoh mbênêri dudu mangsane.
nyêlani :
kn. 1 nêsêli (nêngahi, ngantarani); 2 nêngahi gunêm; kc. sêla.
nyêlang :
(-i, -ake) n. nyambut(-i, -akên) k. êngg: nyilih(-i, -ake); kc. sêlang.
nyêlangkung :
k. ak. nyêlawe; kc. sêlawe.
nyêlap :
êngg. pc. sumêla ing; kc. sêlap.
nyêlapani :
kn. nylamêti mbênêri sêlapan dina saka laire; kc. sêlapan.
nyêlathoni :
kn. ak. clathu marang; kc. cêlathu, clathu.
nyêlawe :
kn. sabên (siji-sijine) 25; kc. sêlawe.
nyêle :
I kn. ndhewe (seje karo panunggalane); kc. sêle, sêlèn. II ut. nyêlèi kn: gawe sêle.
nyêlèh :
êngg. nyilih.
nyêlèkake :
pc. 1 mbiyak (ngêngakake) mata lsp; 2 mêlèhake; kc. cêlèk, sêlèk.
nyêlèt :
êngg. kn. nyêbrak, nyilih sadhela; kc. sêlèt.
nyêlêb :
k. mêdêl; kc. cêlêb, wêdêl.
nyêlêkake :
êngg. nyêlakake; kc. sêlak, sêlêk.
nyêlêki :
k. êngg. nyêdhaki; kc. cêlêk, cêdhak.
nyêlênèh :
kn. beda karo panunggalane.
nyêlêp :
k. mêdêl; kc. cêlêp, wêdêl.
nyêlêr :
kn. nyolong nglimpèkake; kc. sêlêr.
nyêlêt :
kn. 1 pc. ngênthêt, ora mblakakake; 2 ora nêtêpi janji lsp, murungake gunêm lsp; kc. cêlêt.
nyêling :
kn. ndokoki warna lsp. seje-seje; kc. sêlang-sêling.
nyêlir :
kn. 1 êngg. milihi wiji; 2 ngêpèk sêlir; kc. sêlir.
nyêlirani :
ki. ngawaki; kc. slira.
nyêlub, nyêlup :
kn. ngêclup; kc. cêlub.
nyêluk :
kn. 1 ngundang; 2 êngg. pc. nyêbut, ngarani; kc. cêluk.
nyêlut :
kn. mblêbêt êmas lsp; kc. sêlut.
nyêloh :
êngg. nyèlèh.
nyêlomake :
kn. njalari cêlom; kc.cêlom.
nyêlot :
I êngg. ak. saya, tansah saya; kc. sêlot.

--- 360 ---

nyêmayani ~ nyêndhang.

II êngg. pc: ngancing; kc. sêlot.
nyêmayani :
n. nyêmadosi k. ngundurake waktune (kasaguhane); kc. sêmaya.
nyêmak :
I êngg. kn. nggêpok, nggrayangi; kc. cêmak. II kn: ngêlim, nganji; kc. sêmak. III kn: 1 mèlu maca; 2 pc. namatake; kc. sêmak. IV [x]-[x] banyune pc: nyêmêk-nyêmêk.
nyêmamêm, nyêmamlêm :
pc. mênêng bae ora gunêman.
nyêmantakake :
kn. sêmanta marang; kc. sêmanta.
nyêmara :
kn. ak. gawe cêmara; kc. cêmara.
nyêmaradana :
kn. nêmbang sêmaradana.
nyêmbadani :
kn. 1 êngg. nguwati, nyantosani, nêdya nanggulangi; 2 nglêksanani, nuruti; kc. sêmbada.
nyêmbah :
kn. ngurmati sarana sêmbah; kc. sêmbah.
nyêmbahyangake :
kn. salat (sêmbahyang) amrih kaslamêtaning liyan; kc. sêmbahyang.
nyêmbèrèt :
kn. ak. mblèbèk ngênani; kc. sêmbèrèt.
nyêmbèt :
pc. nyêmpèt, ngèmbèt; kc. sêmbèt.
nyêmbêlèh :
kn. mragat; kc. sêmbêlèh.
nyêmbir-nyêmbir :
kn. mêmiringi; kc. sêmbir.
nyêmbuh :
kn. nganyarake jarit sing wis lawas (sarana disoga manèh); kc. sêmbuh.
nyêmbulih :
(-i) kn. ak. 1 mulihake; 2 ngrêrapu, nglêrêmake; kc. sêmbulih.
nyêmbung :
êngg. kn. nyambung; kc. sambung.
nyêmbur :
kn. 1 nyêmproti nganggo mamahan jamu lsp; 2 ngêtokake wisa (tmr. ula); kc. sêmbur.
nyêmbrama, nyêmbramani :
kw. mbagèkake dhayoh lsp; kc. sêmbrama.
nyêmbranani :
kn. 1 ngluconi; 2 njêjaluk lsp. kanthi sêmbranan; kc. sêmbrana.
nyêmbrèt :
kn. nyuwèk; kc. sêmbrèt.
nyêmèk-nyêmèk, nyêmêk-nyêmêk :
pc. rada ana banyune (duduhe).
nyêmèmrèng :
kn. ak. tipis mimring.
nyêmèn :
I kn. nglepa lsp. nganggo sêmèn; kc. sêmèn. II [x]-i kn. ak: tuwuh, thukul sêmine; kc. sêmi, sêmèn.
nyêmêmêk :
pc. katon ngêmu banyu rêgêd.
nyêmêmêt :
êngg. pc. ngoyak-oyak wong wadon.
nyêmênèkake :
kn. ak. ngundurake wêktune; kc. sumêne.
nyêmêng :
k. 1 ngirêng; 2 êngg. mêdêl; kc. cêmêng.
nyêmêr-nyêmêri :
kn. ak. ngrêgêdi; kc. cêmêr.
nyêmêt :
êngg. kn. nggèrèt prau lsp; kc. cêmêt.
nyêmêthi, nyêmêthèni :
kn. nêmbung(-i) ki: nyabêt(-i) nganggo cêmêthi; kc. cêmêthi.
nyêmir :
kn. nggosok nganggo sêmir; kc. sêmir.
nyêmlèk :
pc. jêmèk.
nyêmuk :
pc. cilik êmpuk (tmr. susu).
nyêmumuh :
pc. mênthêng-mênthêng ngêmu nanah; kc. cêmumuh.
nyêmur :
kn. olah sêmur; kc. sêmur.
nyêmuwakake :
kn. 1 ngramèkake kanthi sêmuwa; 2 êngg. nggêbyagake wayang wong lsp; kc. sêmuwa.
nyêmok :
êngg. kn. ndêmok, nggrayangi; kc. cêmok.
nyêmol :
êngg. pc. nyêkêl ngrauk (barang kang êmpuk); kc. cêmol.
nyêmomong :
pc. katon murub abang; kc. cêmomong.
nyêmoni :
kn. mêmiringi, nyêmbir-nyêmbir; kc. sêmu.
nyêmpad :
kn. 1 nyêmpèd; 2 nampik. ngêmohi; kc. sêmpad, cêmpad.
nyêmpal :
kn. nyoklèk pang; kc. sêmpal.
nyêmpala :
kn. nuthukake cêmpala; kc. cêmpala.
nyêmpaluki :
kn. nyampahi, madoni, maoni; kc. cêmpaluk.
nyêmpe kèri :
pc. bêngak-bêngok (kaya cêmpe kèri).
nyêmpèd :
I êngg. kn. njêpèt, ngênêtake, njapit; kc. cêmpèd. II kn: nggêpok sathithik, ngèmbèt, nyêmoni; kc. sêmpèd.
nyêmpèl :
kn. nyêmpal; kc. sêmpal.
nyêmpelo :
êngg. kn. nyemplo, nyèngklak; kc. cêmpelo.
nyêmpêlak, nyêmplak :
êngg. kn. nyêntak; kc. cêmpêlah.
nyêmpil :
I êngg. kn. nêmpil; kc. sêmpil. II êngg. kn. ngibing (njanggrung) tlèdhèk.
nyêmpirut :
êngg. kn. njêngkêrut; kc. cêmpirut.
nyêmplangake :
kn. njalari cêmplang; kc. cêmplang.
nyêmplêk :
pc. katon cilik lêmu (bundêr lêmu); kc. cêmplêk.
nyêmpli :
pc. cilik bundêr.
nyêmplu, nyêmpluk :
pc. katon bundêr lêmu; kc. cêmplu.
nyêmplung :
kn. mlêbu ing (sumur lsp); kc. cêmplung.
nyêmplong :
êngg. kn. mbolongi, nglêgoki lêmah lsp; kc. cêmplong.
nyêmpuling :
kn. namakake cêmpuling.
nyêmpulurake :
kn. ak. njalari (agawe) sêmpulur; kc. sêmpulur.
nyêmpurnakake :
pc. nyampurnakake; kc. sampurna.
nyêmpurung :
kn. ak. nutupi mayit nganggo cêmpurung.
nyêmpolèhi :
êngg. kn. nacad, nundhès; kc. cêmpolèh.
nyêmporot :
kn. mêtu sumirat; kc. sêmporot.
nyêmpriti :
kn. nyasmitani sarana unining sêmpritan; kc. sêmprit.
nyêmprong :
kn. 1 ndamoni nganggo sêmprong; 2 matêngake wowohan sarana dipanasi; 3 ak. ngèkêr; 4 ak. maspadakake; kc. sêmprong.
nyêmprot :
(-i) kn. nêlêsi lsp. sarana banyu lsp. disêmprotake; kc. sêmprot.
nyêmrut :
êngg. kn. lêmbut cilik.
nyêndikani :
kn. nyaguhi (muni sêndika).
nyênjata :
k. mbêdhil; kc. bêdhil, sênjata.
nyêndhaki :
(-ake) n. nyêlaki(-akên) k: agawe luwih cêndhak; kc. cêndhak.
nyêndhal :
kn. narik ngêgèt; kc. sêndhal.
nyêndhang :
kn. ak. awangun kaya sêndhang.

--- 361 ---

nyêndhêti ~ nyêngit.

nyêndhêti :
kn. njalari sêndhêt; kc. sêndhêt.
nyêndhor :
kn. nacad kalakuaning liyan; kc. sêndhu.
nyêndhol :
pc. nyundhul; kc. sêndhol.
nyêne :
pc. katon cêtha; kc. cêne.
nyênèni :
I pc. nyrêngêni. II êngg. k: nguyuhi; kc. sêne.
nyênêni :
kw. nyoroti, madhangi; kc. sênên.
nyênêng :
ak. ngêncêngake urat-urat; kc. cênêng.
nyênêngi :
kn. sênêng marang; kc. sênêng.
nyênêpi :
kn. njalari sênêp; kc. sênêp.
nyêmuk, nyêno :
pc: nyêne, katon cêtha; kc. cênuk.
nyênunggal, nyênunggil :
k. pc. niji; kc. siji.
nyêntak :
kn. nyênggrang kanthi swara sêru; kc. sêntak.
nyêntana :
kn. ngabdi; kc. sêntana.
nyêntèg :
kn. ngênêtake (madhêtake) tênunan sarana lira; kc. sêntèg.
nyêntèlèng :
kn. ngêdêgake (masang) sêntèlèng.
nyêntil :
kn. narik sêntil (ing bêdhil); kc. sêntil.
nyêntug :
êngg. kn. tutug ing, kêtug; kc. sêntug.
nyêntor :
kn. nggrujug lsp. supaya kèli; kc. sêntor.
nyêntosani :
kn. nguwati; kc. sêntosa.
nyêntrong :
êngg. kn. nakoni nêdya nyêngkolong; kc. sêntrong.
nyênthang :
kn. nyongat dawa; kc. cênthang.
nyênthe-nyênthe :
kn. gunêman sêru; kc. cênthe.
nyênthèng :
pc. sêru (tmr. swara).
nyênthèt :
I [x]-ake pc. 1 manasake, ngglanthang; 2 mêmanas; kc. sênthèt. II kn. ak: njupuki lawe nalikane nênun; kc. sênthèt.
nyênthêk :
êngg. kn. luwak.
nyênthêng :
kn. ndokoki sênthêng; kc. sênthêng.
nyênthil :
pc. katon bundêr cilik.
nyênthing :
pc. rada nyongat; kc. cênthing.
nyênthiri :
kn. ak. ngilèni, ngêcuri; kc. sênthir, sumênthir.
nyênthilake :
êngg. nylingkuhake; kc. sênthit.
nyênthulani :
kw. kurang ajar marang; kc. cênthula.
nyênthung :
kn. ak. awangun kaya cênthung.
nyênthok :
kn. 1 êngg. nggêpok; 2 pc. nglarakake ati (ndumuk wêwadine lsp); kc. cênthok.
nyênthong :
kn. ak. mlêbu ing sênthong; [x]-[x]: ngguthêk-ngguthêk dadi sênthong; kc. sênthong.
nyênyêb :
kn. ak. nyênyêt, sêpi bangêt.
nyênyêp :
I kn. ak. nyênyêt, sêpi bangêt (tanpa swara). II kn. bongkoting panah (kang kaêtrap ing sêndhêng).
nyênyês :
kn. ak. 1 anyêp, anyês; 2 sêpi; 3 sarèh nyênêngake (tmr. gunêman lsp); kc. anyês, cês.
nyênyêt :
kn. 1 sêpi bangêt (tanpa swara); 2 br. têntrêm bangêt.
nyêng :
mak [x] pc. katêranganing njunjung lsp.
nyêngaja :
êngg. pc. njarag; kc. sêngaja.
nyênganguk :
pc. mak cênganguk.
nyêngap :
kn. nyêntak, nggêrtak; kc. sêngap, cêngap.
nyêngar :
I kn. nangis mbêngok; kc. cêngar. II ([x] irunge) pc: irunge njêgrag munggah; kc. cêngar.
nyêngarakake :
1 kw. ngêsotake, nyupatani; 2 ak. mokalake; kc. sêngara.
nyêngèh :
pc. katon cêtha (cêdhak) bangêt; kc. cêngèh.
nyêngèk :
kn. gêrêng-gêrêng sêsambat; kc. cêngèk.
nyêngèl :
pc. katon mêncungul ngegla; kc. cêngèl.
nyêngèni :
êngg. nyrêngêni.
nyêngèngès :
kn. ngguyu mlêngèh; kc. cêngèngès.
nyêngèr :
kn. nangis sêru (bayi lsp); kc. cêngèr.
nyêngès :
kn. 1 êngg. mbêbeda (nganggo gêguyon); 2 ak. ngukum sarana dikon nyulihi caos lsp; kc. cêngès.
nyênggaki :
kn. giyak-giyak nywara mbarêngi gamêlan; kc. sênggak.
nyênggangake :
ki. marasake; kc. sênggang.
nyênggara :
kw. ngaruh-aruhi kanthi alus, ngungrum; [x] macan kw: nggêrtak, mêksa; kc. sêngara.
nyênggatani :
êngg. k. nyuguh(-i); kc. sênggata.
nyênggèh, nyênggih :
êngg. kn. ngira, nyêngguh; kc. sênggèh.
nyêngging :
1 êngg. pc. nyêkêl githok; kc. cêngging. II êngg. kn: nyêrik-nyêrikake, nyiya-nyiya; kc. cênggir.
nyênggir :
kn. ak. nyêngging, nyêrik-nyêrikake; kc. cênggir.
nyêngguh :
I kn. ngira, ngarani; kc. sêngguh. II êngg. kn: marisake, tumurun; kc. sêngguh.
nyênggur, nyênggor :
kn. ngorok, nywara sênggur-sênggur; kc. sênggur.
nyênggut :
kn. mangan sukêt (tmr. kêbo, sapi lsp) kc. sênggut.
nyênggoh :
êngg. kn. nyêngguh.
nyênggrak :
I pc. nyênggrang; kc. sênggrak. II kn: mambu sumêgrak.
nyênggrang :
kn. nggêrtak, mêdèni; kc. sênggrang.
nyênggrèk :
pc. nyènggèt, nggèthèl; kc. sênggrèk.
nyênggrèng :
kn. nggosok rêbab lsp; kc. sênggrèng.
nyênggring :
kn. nyênyêrikake, nyiya-nyiya; kc. cênggring.
nyênggruk :
I êngg. kn. nyênggrak, sumêgrak. II kn: 1 ngamboni; 2 ngamboni kloroforêm lsp. supaya klêngêr; kc. sênggruk.
nyênggrok :
kn. nywara sênggrok-sênggrok (cèlèng lsp).
nyêngik :
pc. nyêngèl.
nyêngingak :
kn. mulat ngiwa nêngên sêmu kagèt; kc. cêngingak.
nyêngis :
pc. katon mringis; kc. cêngis.
nyêngit :
kn. 1 (ut. nyênyêngit) ora nyênêngake wujude (têtêmbungane); 2 êngg. mêdhit, gêmi bangêt; 3 (ut. [x]-i) êngg. ora sênêng; 4 êngg. sêngit marang; kc. sêngit.

--- 362 ---

nyêngka ~ nyêpi.

nyêngka :
kn. 1 ngaya bangêt ênggone mlaku lsp; 2 kanthi rêkasa; 3 êngg. nyêrèt; [x] tandhing: mungsuh kang ora babag bangêt; kc. sêngka.
nyêngkah :
kn. nyodhokake nganggo tangan, nduwa; kc. cêngkah.
nyêngkakake :
1 (ing aluhur) br. ngunggahake pangkat luhur; 2 ngenggalake, ngrikatake; 3 mêksa-mêksa ing sabisa-bisane; kc. sêngka.
nyêngkal :
I kn. 1 mbênggang lsp. nganggo cêngkal; 2 pc. ora bêcik tmr. têtêmbungan (pangrakiting ukara lsp); kc. cêngkal. II (ut. [x]-i) êngg. ak: ngukur palêmahan lsp. (nganggo cêngkal); kc. cêngkal.
nyêngkalak :
kn. ak. mbêlok tangan ing gêgêr; kc. cêngkalak.
nyêngkalani :
êngg. kn. nyirèni taun (sêngkalan); kc. sêngkala.
nyêngkalangi :
êngg. kn. ngêtrapi sêngkalang; kc. sêngkalang, cêngkalang.
nyêngkani :
kn. miwiti saka; kc. sêngka (sangka).
nyêngkanuk :
pc. cêdhak bangêt (katon cêtha).
nyêngkangakên :
êngg. k. nyuwêngake; kc. sêngkang, suwêng.
nyêngkangi :
I k. nyuwêngi; kc. sêngkang, suwêng. II kn: ngukur nganggo cêngkang; kc. cêngkang.
nyêngkar :
kn. tumêngkar, nêngkar; kc. cêngkar, têngkar.
nyêngkarag :
pc. njêgrag (tmr. wulu lsp).
nyêngkèk :
pc. mêpêk kêndhali; kc. sêngkèk.
nyêngkèng :
kn. 1 mbaung (tmr. asu); 2 êngg. pc. nêmbang; kc. cêngkèng.
nyêngkèrèk :
pc. ngluncrit kuru (tmr. wit); kc. cêngkèrèk.
nyêngkèwèk, nyêngkèwèng :
êngg.pc. nggèrèd, nyèrèd; kc. cêngkèwèk.
nyêngkewok :
êngg. pc. ngewuhake.
nyêngkêg :
pc. mandhêg mênêng bae; kc. cêngkêg.
nyêngkêlang :
êngg. k. nyêngkêlit; kc. cêngkêlang.
nyêngkêli :
êngg. kw. nusahi; kc. sêngkêl.
nyêngkêlit :
kn. nggawa kêris, arit lsp. dislêmpitake ing bangkèkan; kc. sêngkêlit.
nyêngkênik :
pc. nyêkênik.
nyêngkênuk :
pc. nyêkênuk.
nyêngkêr :
(-i). 1 êngg. mbêthèki mubêng; 2 mligi nyêdhiyani para luhur lsp. (tmr. wowohan lsp); 3 mingit prawan lsp; 4 k. ngurung; kc. sêngkêr.
nyêngkêrêm :
kn. nyêkêl (nggêgêm) sarana kuku; kc. cêngkêrêm.
nyêngkêrung :
kn. mbêngkuk kaku; kc. cêngkêrung.
nyêngkidhing :
pc. nyêkidhing.
nyêngkig :
pc. nyêkêl, mèpètake gunêm; kc. cêngkig.
nyêngkili :
êngg. ak. njalari sêngkil; kc. sêngkil.
nyêngkir gadhing :
br. kuning sêmu putih (kaya cêngkir gadhing, tmr. susu).
nyêngkirig :
pc. njêgrag wulune, mêngkirig.
nyêngkiwing :
kn. nyangking dicêkêl ing pucuke; kc. cêngkiwing.
nyêngle :
pc. nyêngèl.
nyêngklèng :
kn. 1 katon cêtha bangêt bedane; 2 pc. kadohên banget dalane (ora nyidhat).
nyêngklik :
pc. katon mangklik-mangklik.
nyêngklit :
pc. nyêngkêlit.
nyêngkluk :
pc. linggih ndhungkluk (nyambut gawe).
nyêngklong :
(i) kn. nyuda, ngurangi; kc. cêngklong.
nyêngkud :
êngg. ak. nindakake kalawan sêngkud; kc. sêngkud.
nyêngkukruk :
pc. nyêkukruk.
nyêngkuwêk :
pc. awangun mlêngkung (mbêngkuk, kaya bolongan).
nyêngkuwik :
pc. awangun kaya bolongan.
nyêngkolong :
kn. mlèsèdake gunêm; kc. cêngkolong.
nyêngkorèk :
kn. ngorèk; kc. cêngkorèk.
nyêngkorog :
kn. njêgrag wulune, mêngkorog.
nyêngkorongi :
kn. nggambar (mêtha lsp) cêngkorongane; kc. cêngkorong.
nyêngkrag :
kn. 1 mêpêk (nyêndhal) kêndhali; 2 nyêntak, nggêrtak; kc. nyêngkrag.
nyêngkrèk :
kn. ndêdêr bangêt.
nyêngkruk :
pc. linggih tumungkul (nyambut gawe lsp).
nyênguk :
pc. mandêng mêndongong.
nyênguki :
pc. lagi bisa nywara sathithik-sathithik tmr. bocah; kc. cênguk.
nyêngungus, nyêngongos :
pc. katon kuru raine aclum; kc. cêngungus.
nyêngungong :
kn. nywara tmr. mêrak.
nyêngoh, nyêngongoh :
pc. katon sumèlèh cêtha bangêt; kc. cêngoh.
nyêngoli :
êngg. pc. namakake têmbung sêngol; kc. sêngol.
nyêngonglong :
pc. gulune manglung mêngarêp; kc. cêngonglong.
nyêpadakake :
n. nyêpaosakên k. pc. maspadakake; kc. waspada.
nyêpah :
I êngg. pc. tuwa; kc. sêpuh, nyêpuh. II kn: ngêpah, mamah disêpah; kc. sêpah.
nyêpak :
kn. mapan sumadhiya; [x]-i: nyawisi, nyêdhiyani; kc. cêpak.
nyêpangati :
pc. munpangati.
nyêpaplak :
pc. klabakan; kc. cêpaplak.
nyêpaplang :
pc. saèm. njêpaplang; kc. caplang.
nyêpaplêm, nyêpaplo :
pc. mênêng bae (ora mangan, ora gunêman); kc. cêpaplêm.
nyêpasar :
n. nyêpêkên k. sabên sêpasar (5 dina); [x]-i: nylamêti bayi (pangantèn) mbênêri sêpasare.
nyêpat :
kn. ak. nglèthèk; kc. sêpat.
nyêpatani :
n. nyêpaosi k. pc. nyupatani; kc. supata.
nyêpèkake :
n. nyêpênakên k. ak. nyuwungake, nyirik; kc. sêpi.
nyêpèl :
kn. ngeja tulisan; kc. sêpèl.
nyêpèlèkake :
pc. ngrèmèhake; kc. sêpele.
nyêpèpèh :
pc. nyêrpèpèh.
nyêpèt :
êngg. pc. nyêpit, mipit; kc. cêpèt.
nyêpêkêtake :
pc. ngrakêtake pamitran; kc. supêkêt.
nyêpêng :
k. nyêkêl; kc. cêkêl, cêpêng.
nyêpêti :
kn. njalari sêpêt; kc. sêpêt.
nyêpi :
kn. (nyêpên k) ak. nênêpi, mênyang papan kang sêpi; kc. sêpi.

--- 363 ---

nyêpir ~ nyêtrèkake.

nyêpir :
êngg. pc. nglêbokake ing kunjara; kc. sêpir.
nyêpira :
n. nyêpintên k. siji-sijine pira; kc. sêpira.
nyêpisan :
kn. (nyêpindhah k. ak) sabên (siji-sijine) sêpisan.
nyêpit :
kn. njêpit; kc. cêpit.
nyêpiti :
êngg. 1 nyêmbêlèh; 2 nêtaki; kc. sêpit.
nyêplèk :
pc. nyablèk; kc. cêplèk.
nyêplès :
pc. saèm. nyablèk; kc. cêplès.
nyêplingake :
pc. nyopot; kc. cêpling.
nyêpluk, nyêplus :
pc. mangan apa-apa kang muni mak cêplus; kc. cêplus.
nyêplok :
kn. nggorèng êndhog (didadar); kc. cêplok.
nyêplong :
pc. bolong butul; kc. cêplong.
nyêplosake :
pc. nêrangake têrus têrang; kc. cêplos.
nyêpuh :
I kn. 1 ak. tuwa; 2 tumuwa; [x]-i kn. 1 ngatosake arit lsp. sarana dilapis ing waja; 2 ak. njênu; kc. sêpuh.
nyêpuk :
kn. awangun kaya cêpukan (mlênthu bundêr); kc. cêpuk.
nyêpuluh :
n. nyêdasa k. sabên (siji-sijine) sêpuluh.
nyêpur :
kn. nunggang sêpur; kc. sêpur.
nyêpuri :
kn. ngubêngi pagêr bata; kc. cêpuri.
nyêpol, nyêprol :
êngg. kn. nyopot, ndudut supaya cêpol; kc. cêpol.
nyêpot :
êngg. pc. nyopot; kc. cêpot.
nyêprok :
kn. katon gêdhe (tmr. irung).
nyêprot :
I pc. nyublêsake ing; kc. cêprot. II pc: 1 bêdhah (suwèk lsp) isine mêtu; 2 (ut. [x]-ake) nglairake; kc. cêprot.
nyêptani :
k. ak. ndoyani; kc. sêpta, doyan.
nyêrahi, nyêrahake :
kw. masrahi, masrahake; kc. srah.
nyêrak :
(-i) I êngg. nyêdhak(-i); kc. cêrak. II [x]-i kn: njalari sêrak; kc. sêrak.
nyêrang :
kn. ak. nrajang, nêmpuh, nêrus; kc. sêrang.
nyêrapi :
I k. nyurupi; kc. surup. II êngg. kn. ngusapi; sêrap.
nyêrat :
k. 1 nulis; 2 mbathik; kc. sêrat.
nyêrbaki :
êngg. pc. ora tampikan, apa-apa arêp; kc. cêrbak.
nyêrbani :
kn. ak. ngênggoni sêrban.
nyêrbèti :
pc. ngêlapi lsp. nganggo sêrbèt; kc. sêrbèt.
nyêrjoni :
kn. ak. ngrujuki, nayogyani, sênêng marang; kc. sêrju.
nyêrèt :
n. (ngê-)sês k. udud candu; kc. sêrèt.
nyêrêg :
kn. 1 êngg. ngujêg; 2 nusu-nusu; 3 êngg. akon enggal, nggiri-nggiri; 4 ([x] prakara) ngêlahake; kc. sêrêg.
nyêrêki :
êngg. ak. nyêdhaki; kc. cêrêk.
nyêrêng :
kn. ak. 1 nyrêmpêng, ngêpêng; 2 nêpsoni; kc. sêrêng.
nyêrêpi :
k. nyurupi; kc. sêrêp, surup.
nyêrêt :
kn. mutêr lsp. supaya sêrêt; kc. sêrêt.
nyêrikake :
kn. marakake sêrik; kc. sêrik.
nyêri-nyêri :
kn. ak. ora sudi bangêt, êmoh bangêt; kc. cêri.
nyêriti :
kn. njungkati nganggo sêrit; kc. sêrit.
nyêrkakah, nyêrkèkèh :
pc. njênggar rowa (tmr. pang lsp).
nyêrmèmèh :
pc. katon tipis (tmr. pasêmoning praèn).
nyêrmumuh :
kn. ngêmu nanah (tmr. gudhig lsp); kc. cêrmumuh.
nyêrmomong :
kn. katon mêngangah murub (abang); kc. cêrmomong.
nyêrngèngèh :
I pc. nyêngèh. II nyêrngèngès, nyêrngingis pc: katon mrèngès (mringis).
nyêrngungus :
kn. katon kuru acum.
nyêrngongos :
pc. lambene cupêt untune mrèngès mêtu.
nyêru :
kn. nyrêmpêng, ngêpêng; kc. sêru.
nyêrung :
kn. 1 ndokoki ri ing wit krambil; 2 êngg. pc. nutup, nyumpêt, mingit; kc. sêrung.
nyêrod :
êngg. kn. ngoyak; kc. sêrod.
nyêrogake :
kn. ak. nyèlèhake; kc. sêrok.
nyêroni :
kn. ngundhaki sêrune; kc. sêru.
nyêrot :
kn. nêsêp; kc. sêrot.
nyêrpèpèh :
kn. ak. linggih tumungkul mlêpês.
nyêrtani :
kw. ngancani, mbarêngi; kc. sêrta.
nyêrtu :
kn. ak. ngêmohi, wis êmoh lêlawanan; kc. sêrtu.
nyêrwètèh :
pc. anèh bangêt (beda bangêt karo kang lumrah).
nyêrwênêg :
êngg. ngênêg-ênêgi, jênês.
nyês :
mak [x] pc. mak cês (anyêp); kc. anyês, cês.
(nyêt) :
di-[x] pc. diwênyêt.
nyêta :
ki. pc. nyêkêl; kc. ngasta, asta.
nyêtani :
I k. pc. ngarani; kc. wasta, wêsta. II k. ak: ndoyani; kc. sêpta.
nyêtaun :
kn. 1 sabên sataun; 2 (ut. nyêtauni) nylamêti wong mati mbênêri sataun saka gêblage.
nyêtegrap :
kn. kirim kabar sarana têlegram; kc. sêtegrap.
nyêtèl :
kn. nggathuk-gathukake (ngêtrap) mêsin lsp; kc. sêtèl.
nyêtèm :
kn. 1 milih sarana sêtèm; 2 nglaras; kc. sêtèm.
nyêtèmpêl :
kn. ngêcap nganggo sêtèmpêl.
nyêtiyarake :
kn. nggolèkake srana lsp; kc. sêtiyar.
nyêtik :
kn. ndondomi sêtik; kc. sêtik.
nyêtilahi :
kn. ak. mituturi, awèh sêtilah; kc. sêtilah.
nyêtip :
kn. mbusêk tulisan nganggo karèt; kc. sêtip.
nyêtir :
kn. nglakokake montor; kc. sêtir.
nyêtitèkake :
kn. namatake; kc. sêtiti.
nyêtlika :
kc. mbêsut klambi lsp. nganggo sêtrika; kc. sêtlika.
nyêtum :
pc. nggiling madhêtake dalan; kc. sêtum(-walês).
nyêtunggal :
(nyêtunggil ak) k: niji; kc. siji.
nyêtup :
kn. olah sêtup; kc. sêtup.
nyêtut :
pc. bisa nututi; kc. sêtut.
nyêtop :
pc. ngêndhêgake; kc. sêtop.
nyêtorake :
pc. mbayarake, masokake; kc. sêtor.
nyêtrap :
kn. ngukum; kc. sêtrap.
nyêtrèk :
êngg. kn. nggèrèd kayu; kc. sêtrèk.
nyêtrèkake :
êngg. ak. mbuwang ing kuburan lsp. supaya kêpanjingan lêlêmbut.

--- 364 ---

nyêtrika - nyimpar

nyêtrika :
kn. mbêsut klambi lsp. nganggo sêtrika; kc. sêtrika
nyêtha :
kn. ak. 1. nêtêpake, mêsthèkake, 2. mahyakake ing; nyêthakake; nêrangake nganti cêtha; kc. cêtha.
nyêthak, nyêthêk :
kn. pait bangêt; kc. cêthak.
nyêthathêm :
pc. nyêmamlêm, nyêpaplêm.
nyêthèti :
kn. gawe swara srana driji nyasmitani marang kewan lsp; kc. cêthèt.
nyêthêthêk :
pc. mênêng bae mêrga kadhêmên bangêt
nyêthikake gêni :
êngg. ak. dadèn gêni; kc. cêthik
nyêthil :
êngg, kn. nyopot untu; kc. cêthil.
nyêthut :
(-i) kn. 1. mbubuti wuli pari; 2. pc. nêkuki athik-athikan tangan; kc. cêthut
nyêthuthuk :
pc. kurang sigrak
nyêthuthur :
pc. linggih ora obah-obah
nyêthuthut :
pc. katon pêtêng ulate; kc. cêthuthut
nyêthot :
(-i) kn. muliri pupu; kc. cêthot
nyêwèk :
êngg. kn. nyuwèk; kc. suwèk
nyêwêngakên :
êngg. k. nyuwungake; kc. sêwêng, suwung
nyi :
kn. nyai
nyibari :
kn. marêmi sibar ing dhadha; kc. sibar
nyibini, nyibingi :
kn. ngêpèl (ngêlapi) nganggo gombal têlês; kc. sibin
nyiblok :
êngg. pc. tiba; kc. ciblok
nyibuk :
êngg. kn. nyidhuk; kc. cibuk
nyibur :
kn. ak. nyêmplung ing banyu; kc. cibur
nyibratake :
kn. ak. nyebratake; kc. sebrat
nyidakake :
n. nyiyosakên, ngèstokakên k. nêrusake têmênan (nganti kalakon têmênan); kc. sida
nyidikake :
pc. nliti, mriksa; kc. sidik.
nyidikara :
kw. ndongani; kc. sidikara.
nyidra :
kn. ak. matèni sarana laku cidra; [x] asmara br: ndhêmêni; nyidrani: 1. ora nuhoni; 2. nêmpuh (matèni lsp) kalawan laku cidra; kc. cidra.
nyidhakêpake :
kn. nata tangan supaya sidhakêp.
nyidham :
kn. kumudu (kêpengin bangêt) mangan woh-wohan lsp (tmr. wong mêtêng); kc. idham, ngidham.
nyidhang :
kn. ak. maro mojok; kc. sidhang
nyidhat :
kn. mêtu ing dalan kang cêdhak; kc. sidhat.
nyidhêkahake :
êngg. kn. nganggo sidhêkah kc. sidhêkah.
nyidhêm :
kn. ak. ora ngandhakake (mahyakake) marang sapa-sapa; kc. sidhêm.
nyidhêm prêmanêm :
kn. ak. ora ngandhakake marang sapa-sapa.
nyidhêp :
kn. ak. nyêngguh, nyana; kc. sidhêp.
nyidhuk :
kn. njupuk nganggo cidhuk; kc. cidhuk.
nyidhumi :
kn. ak. ngèyubi; kc. sidhum.
nyigar :
kn. mbêlah, mêcah dadi loro; kc. sigar.
nyigèni :
kn. ak. nyujanani; kc. sigi.
nyigêg :
kn. mêdhot crita lsp; kc. sigêg.
nyiglig :
pc. katon dumunung ing papan kang dhuwur.
nyihi :
kn. ak. ngasihi, ngêsihi; kc. sih.
nyiya-nyiya :
kn. ak. ambêk siya marang, nyênyênggring; kc. siya.
nyiyagani :
kw. nyêdhiyani, mrantèni; kc. siyaga.
nyiyak :
pc. mangan, njupuk, ngarêpi.
nyiyangi :
k. ngawani.
nyiyasat :
kn. ak. milara; kc. siyasat.
nyiyèt :
pc. nyêkêl (nungkêp) maling lsp; kc. ciyèt.
nyiyum :
kw. ngambung; kc. ciyum.
nyiyuti :
kn. muwuhi ciyute; kc. ciyut.
nyiyosakên :
k. nyidakake.
nyikakake :
pc. nundhung (akon lunga); kc. sikak.
nyikal :
kn. ak. ana turahane; kc. cikal.
nyikang :
êngg. kn. nyênggrang; kc. sikang.
nyikar :
êngg. kn. momot (nunggang) cikar.
nyikara :
(nyikantên engg. k.). ngganggu gawe, milarani lsp; kc. sikara.
nyikat :
kn. ngrêsiki: lsp. nganggo sikat; kc. sikat.
nyikêp :
kn. ngrukêt tangane dirangkulake; kc. sikêp.
nyiklu, nyikru, nyikruk :
kn. 1. linggih tumungkul; 2. nyrêmpêng tumandang ing gawe; kc. ciklu.
nyiklu :
I. kn. ak. mada, maoni; kc. siku. II. kn: 1. ngukur nganggo siku; 2. awangun pojok; kc. siku, sikon.
nyikut :
kn. nyodhog lsp. nganggo sikut; kc. sikut.
nyilakake :
kn. nisihake; mbukak klambu lsp; kc. silak.
nyilakani :
kn. marakake cilaka.
nyilakrama :
kw. takon kanthi urmat; kc. silakrama.
nyilang :
êngg. pc. nyilih; kc. silang.
nyilêm :
kn. amblês ing banyu; kc. silêm.
nyilêpake :
kn. 1. mblêdhêsake ing banyu; 2. njalari kêsilêp; kc. silêp.
nyilibake :
kn. ak. ndêlikake, nylingkuhake; kc. silib.
nyilih :
n nyambut k. nganggo darbèking liyan sawêtara mangsa; kc. silih.
nyilih mata :
pc. ora nyipati dhewe.
nyilikake :
n. ngalitakên k. ndadèkake cilik; nyiliki ati; njalari miris (wêdi); kc. cilik.
nyilir :
(-i) êngg. kn. ngilingi; kc. silir.
nyilir-nyilirake :
kn. ngisis, ngangin-anginake; kc. silir.
nyilit :
ks. njindik; kc. silit.
nyil-nyilan :
pc. sarwa kênès solah tingkahe.
nyilum :
kn. ak. nyilêm; kc. cilam-cilum.
nyiluman :
kn. ak. ar. lêlêmbut; kc. siluman
nyimak :
kn. nyêmak; kc. simak
nyimbat :
êngg. kn. 1. njaluk (nyilih) sathithik; 2. ngrewangi nandangi (nggêgarap); kc. simbat
nyimbing-nyimbing :
êngg. kn. 1. ngiling-ilingi, niling-niling; 2. nyasmitani; kc. simbing
nyimik-nyimik, nyimit-nyimit :
pc. mung sathithik
nyimpang :
kn. nisih, sumingkir; kc. simpang
nyimpar :
I. engg. ak. nyimpang; kc. simpar II. pc: nyampar; kc. simpar

--- 365 ---

nyimpe ~ nylagangangke[1]

nyimpe :
êngg. kn. nglimpe; kc. simpe
nyimpên :
(-i) kn. ngrumati, ndhêlikake, nutup (wadi); kc. simpên
nyimpar :
kn. ak. ngetung nganggo kêthekan; kc. simpir.
nyimplêk :
êngg. kn. nyengklak, nyemplo; kc. cimplêk
nyina :
êngg. kn. cihna
nyinau :
kn. ak. 1. mulang; 2. nggêgulang (sinau) supaya bisa, ajar; kc. sinau
nyindik :
(-i) kn. ngêncêngake lsp. nganggo sindik; kc. sindik
nyindikake :
pc. nyindikake, nyatakake; kc. sindik
nyindikara :
kw. nyindikake, nyatakake, mriksa; kc. sindikara
nyindir :
(-i) êngg. nyêmoni (sarana têtêmbangan) kc. sindir
nyindur :
êngg. kn. njogèd marani tlèdhèk; kc. sindur.
nyindhèni :
kn. nêmbang mbarêngi gamêlan; kc. sindhèn
nyindhêt :
kn. nalèni mbrêndhil; kc. sindhêt.
nyindhil :
pc manak: kc. cindhil
nyinêp :
êngg. ak. nyidhêm; kc. sinêp
nyinungi :
kw. mènèhi; kc. sinung.
nyintên :
êngg. k. nyina
nyinthir :
(ake) pc. mutêr kc. sênthir
nyinyih :
(-ên) pc. nyènyèh (-ên)
nyinyir :
kn. ak . 1. nggajih; 2. êmpuk bangêt; 3. pc. gampang bangêt; kc. anyir
nying :
mak pc. mak nyêng
nyingèk :
êngg. kn. 1. ngêsok(-ake); 2. ks. nyanggama; kc. singèk
nyingèni :
êngg. kn. ngundang, ngajak; kc. singi
nyingêbi :
ki . ngêmuli; kc. singêb
nyingêdake :
êngg. kw. nyingidake; kc. singêd
nyingêli :
k. ak. ngikêti; kc. singêl, ikêt.
nyinggahi :
kn. ak. nyingkiri; nyinggahake: nyimpên; kc. singgah.
nyinggati :
kn. marut mujur; kc. singgat.
nyinggêt :
kn. 1. nggothèk (sarana singgêtan); 2. êngg. nggêmèni, mancêt; kc. singgêt.
nyingguli :
kn. ak. ngusari singgul ing kuping lsp; kc. singgul.
nyingi :
kn. ak. nyithak logam; kc. singi
nyingid :
(-ake) êngg. ak. ndhêlik (-ake); kc. singid.
nyingir :
(-i) kn. nembang mbarêngi dikir lsp; kc. singir
nyingir-nyingirake :
pc. ngajokake (ngangapake) cangkêm; kc. cingir.
nyingkab :
kn. ak. ngungkabi, mbiyak; kc. singkab.
nyingkang-nyingkang :
êngg. kn. nundhung-nundhung akon lunga; kc. singkang.
nyingkèk :
êngg. pc. mburuh ngêdolake lsp. marang juragan; kc. singkèk.
nyingkir :
kn. ak. nyimpang, sumingkir; [x]-i. nyimpangi, nglungani; kc. singkir.
nyingklak :
pc. nyengklak; kc. cingklak
nyingkluk :
pc. ngêmis; kc. cingkluk.
nyingkur :
kn. ngungkurake, ora ngajak rêmbugan; kc. singkur.
nyingkrihake, nyingkirake :
engg. nyingkirake; kc. singkrèh.
nyinglari :
kn. ak. nglungani, nyingkiri, ngoncati; kc. singlar.
nyingluri :
n. kn. ngijoli, nglironi; kc. singlur.
nyipat :
I. kn. ngincêngake ngênêr ing; kc. sipat. II. [x]-i kn. ak: mêruhi dhewe; kc. sipat. III. kn. ak. ngusari tamba ing mata; kc. sipat.
nyipêng :
kn. nginêp; kc. sipêng, inêp.
nyipir :
kn. ngetung; kc. sipir.
nyiplês :
pc. nggitês, mijêt; kc. ciplês.
nyiprat :
kn. muncrat ngênani (tmr. banyu lsp.); kc. ciprat.
nyipta :
kn. 1. nggantha ing pangangên-angên; 2. kw. nganakake apa-apa sarana cipta; kc. cipta.
nyir :
I. mak pc. krasa kuwatir (sumêlang) II. pc. anyir
nyiram :
(-i) kn: ngêsokake banyu lsp. ing; kc. siram.
nyirap :
kn. ngêtrapi sirap; kc. sirap.
nyirati :
kn. 1. engg. nyirami; (nyiprati; kc. sirat)
nyirèni :
kn. ndokoki ciri, nitèni; kc. ciri
nyirêp :
kn. nglêrêmake, matèni gêni lsp; kc. sirêp.
nyirig :
kn. mlaku sêmu lincak-lincak; kc. sirig.
nyirik :
I. êngg. kn. narik mênangan; kc. sirik. II. kn. engg.1. nyingkiri; 2. ngêngurangi êmoh mangan lsp; kc. sirik.
nyiring :
êngg. kn. ngêmot; kc. siring.
nyirnakake :
kw. ngilangake, ngrusak; kc. sirna.
nyirnani :
êngg. kn. ngluwari; kc. sirna.
nyiru :
I (ut. nyiruk) êngg. pc. nyidhuk; kc. siru, ciruk. II. êngg. kn. tambir, tampah.
nyita, nyitah :
êngg. kn. 1. nggugat; 2. mbêskup (mbêslah) banjur dilelangake; kc. sita.
nyitra :
kw. nulis; kc. citra.
nyithak :
kn. 1. mangun sarana pêsaton lsp.; 2. êngg. ngrimbag bata; .3. êngg. gawe sawah; 4. êngg. ngêcap; kc. cithak.
nyitho :
pc. micakake mata kinjêng lsp.; kc. cito
nyiwah :
kw. nyimpang; kc. simpang.
nyiwêl :
kn. saèm nyêthot; kc. ciwêl.
nyiwêr :
kn. 1. êngg. nyêngkêr, mijèkake; 2. mbêskup, mbêslah. kc. siwêr.
(nyiwi) :
nyênyiwi kw. ngurmati, nyungga-nyungga; kc. siwi.
nyiwil :
kn. ak. siwil drijine; kc. siwil.
nyiwing :
êngg. kn. njèwèr; kc. ciwing.
nyiwir :
êngg. kn. nyuwir; kc. siwir.
nyiwit :
êngg. kn. njiwit; kc. jiwit.
(nyiwo) :
nyênyiwo, nyiwoni êngg. kw. 1. mbêbeda, ngganggu gawe; 2. ngregoni; kc. siwo.
nylabarake :
êngg. 1. ngandhani, ngandhakake; 2. nglantarake; kc. slabar.
nyladhang :
kn. sumladhang; kc. sladhang.
nylagangangke,[2] nylagrangake :
kn. nyèlèhake ing dhuwur malang; kc. slagang, slagrang.

--- 366 ---

nylakupake ~ nylulupake.

nylakupake :
kn. nlakupake; kc. slakup.
nylalêng :
êngg. kn. sêpi bangêt, nyênyêt; kc. cêlêng.
nylamburi :
êngg. kn. nyampuri; kc. slambur.
nylambrang :
kn. ak. nglambrang.
nylamur :
kn. nglêlali susah lsp; kc. slamur.
nylandri :
kn. nyêlandri.
nylangap :
kn. ak. mênga amba; kc. clangap.
nylanggapi, nylanggati :
kn. ak. ngajak gunêman; kc. slanggap.
nylangkrak-nylangkrak :
kn. linggih ing papan kang dhuwur (murang tata).
nylao :
êngg. kn. anèh, nganèh-anèhi.
nylaraki :
êngg. kn. ngêtrap slarak; kc. slarak.
nylasah :
kn. ak. mriksa mrana-mrana; kc. slasah.
nylasak :
kn. mblasak, nasak; kc. slasak.
nylathoni :
n. micantêni k. ak. clathu marang; kc. clathu.
nylawak :
êngg. kn. lêgok nggalur.
nylawati :
kn. 1 mènèhi slawat; 2 slawatan ing; kc. slawat.
nylebraki :
kn. ngêtrapi slebrak; kc. slebrak.
nylembatake :
kn. ak. nglembatake; kc. slembat.
nylempangake :
kn. ngalungake kaya slempang; kc. slempang.
nylèndêr :
kn. madhêtake dalan lsp. sarana slèndêr; kc. slèdêr.
nylendhokake :
êngg. kn. ngalungake; kc. slendho.
nylèntrèng :
pc. mung sadhela ut. sagêbyaran; kc. clèntrèng.
nylènthak :
êngg. kn. mengkal; kc. clènthak.
nylèngkrang, nylèngkrèng :
pc. mêthèngkrèng; kc. slèngkrang.
nylèpèr :
pc. cèpèr.
nylèprèt :
pc. nyaprat.
nylèrèt :
kn. ak. sumorot sagêbyaran; kc. clèrèt.
nylerongi :
kn. ngrêgêdi, nyorèngi; kc. clerong.
nylewah, nylewar, nylèwèr :
kn. ak. pêthal, nasar, kliru dalane; kc. slewar.
nylèwèng :
kn. mèncèng ênêre (lakune), ora pênêr; kc. slèwèng.
nyêkanthuk :
pc. awangun kaya canthuk; kc. cêkanthuk.
nylêkathêm :
pc. mingkêm, ngingkêmi, ngêmplok; kc. cêkathêm.
nylêkèthongake :
pc. 1 nêkuk ugêl-ugêl tangan; 2 mutêr; kc. cêkènthong.
nylêkêdhung :
pc. lêgok kuwung; kc. cêkêdhung.
nylêkit :
pc. 1 nyakot, nggigit; 2 nyêrikake (tmr. têtêmbungan); kc. clêkit.
nylêkithik :
pc. njlêkèthèk.
nylèkunthêng :
pc. awangun ukêl-ukêlan; kc. cêkunthêng.
nylêkuthak :
kn. ak. nyêkuthak.
nylêkuthis :
pc. katon kuru pucêt (mlarat bangêt); kc. cêkuthis.
nylêlêng :
pc. mlêlêng, mandêng; kc. clêlêng.
nylêlêpake :
êngg. pc. nyilêpake ing banyu; kc. slêlêp.
nylêlêr :
pc. dhêdhêmitan tanpa sabawa; kc. clêlêr.
nylêmik :
pc. gunêman lirih; kc. clêmik.
nylêmut :
êngg. pc. njupuk rêrikatan tanpa kandha; kc. clêmut.
nylêmong :
pc. gunêman tanpa têgês; kc. clêmong.
nylêmpèdi :
êngg. kn. nylêmpiti; kc. slêmpèd.
nylêmpit :
kn. ak. sumlêmpit; [x]-i, [x]-ake: nlêsêpake ing; kc. slêmpit.
nylêmpung :
kn. nabuh clêmpung.
nylêndêpi :
pc. nyublêsi, nlêsêpi; kc. slêndêp.
nylênèh :
kn. ora padha karo panunggalane.
nylênthêm :
I pc. njupuk tanpa nêmbung; kc. slênthêm. II êngg. pc: nabuh slênthêm (dêmung).
nylênthêr :
pc. 1 lunga tanpa pamitan; 2 nyolong, ngutil.
nylênthik :
kn. namakake driji sarana ditêkuk banjur dijêpatake; kc. slênthik.
nylêngkêr :
pc. ngruwêl, nglêngkêr; kc. clêngkêr.
nylêpêki :
kn. ak. njalari kêslêpêk; kc. slêpêk.
nylês :
mak [x] pc. mak cês.
nylêsêp :
pc. nlêsêp; kc. slêsêp.
nylibik :
êngg. kn. nêmpuh lsp. ngêgèt, nyidrani, ngapusi; kc. slibik.
nylibuki :
(-ake) kn. mayokake dhuwit palsu lsp; kc. slibuk.
nyligi :
kn. ak. namakake sligi; kc. sligi.
nylikuri :
êngg. kn. ngêtrapi slikur; kc. slikur.
nylilèni, nylilèkake :
pc. njalari kêwirangan; kc. clili.
nyliliti :
kn. njalari kêslilitên; kc. slilit.
nylimur :
kn. ak. nylamur; kc. slimur.
nylimpangake :
pc. nylempangake.
nylimpe :
êngg. kn. nglimpe; kc. slimpe.
nylimpêt :
kn. lunga (sumingkir) ndhêlik; kc. slimpêt.
nylinthus :
pc. lunga ngglêlêr.
nylinthut :
kn. ndhêlik; [x]-ake: ngumpêtake; kc. clinthut.
nylingkêrake :
kn. ngenggokake;kc. slingkêr.
nylingkuhake :
kn. nganggo dhuwit lsp. kang dudu darbèke; kc. slingkuh.
nylingkrik :
pc. mêncolot munggah nuli linggih; kc. clingkrik.
nylingkring :
êngg. pc. kuru bangêt, dawa tipis.
nylingup :
pc. katon ciyut.
nylirani :
ki. ngawaki; kc. slira.
nylisipake :
êngg. kn. nglêbokake (ndhêlikake); kc. slisip.
nyliwing :
êngg. kn. mèncèng, nylèwèng; kc. sliwing.
nylubukake :
êngg. pc. nylibukake; kc. slubuk.
nyludhah :
kn. ak. nguja pangan; kc. sludhah.
nylulu :
kn. rada kêwirangan; kc. clulu.
nylulupake :
kn. nyilêpake ing banyu; nylulupi: nyilêmi; kc. slulup.

--- 367 ---

nylumbat(-i) ~ nyulayani.

nylumbat :
(-i) kn. ngilangi sêpêting krambil nganggo slumbat; kc. slumbat.
nylundêpi :
kn. ak. nyublêsi; kc. slundêp.
nylundupake :
kn. nyoblosake (dom), nglêbokake bolah ing bolongan dom; kc. slundup.
nylundhingi :
êngg. kn. ngganti, mbanjêl; kc. slundhing.
nylunthang :
kn. ak. kurang ajar; kc. clunthangan.
nylungsumi :
êngg. kn. nyulami payon lsp; kc. slungsum.
nyluring :
pc. ciyut lan kuru (tmr. rai).
nylurut :
pc. lunga (mlayu) rêrikatan; kc. clurut.
nylusur :
êngg. pc. nlusur; kc. slusur.
nyluthu :
pc. mlêbu tanpa tatakrama; kc. sluthu.
nyluwag :
kn. ak. pating blangkrèh, ora tata, kasar; kc. sluwag.
nyluwêk :
pc. ngêruki, nyluwêk; kc. cluwêk.
nyluwêng :
I kn. ak. katon jêro (bolong) ora ana isine. II [x]-ake kn. ngubêngake gunêm lsp; kc. cluwêng.
nyluwêrake :
pc. ngubêngake (ngubêdake) têtêmbungan lsp.
nyloboki :
(-ake) kn. mlêbu (nglêbokake) ing bolongan (lêngênan tangan lsp); kc. slobok.
nylodho :
kn. murang tata; kc. slodho.
nylogrongake :
pc. ngenggalake gêdhe; kc. slogrong.
nylokakake :
kw. maribasakake; nylokani kw: maribasani; kc. sloka.
nylolo :
kn. lunga mrana-mrana; kc. clola-clolo.
nylomod :
kn. nyunyuk ing gêni; kc. slomod.
nylomprèt :
kn. ngunèkake slomprèt.
nylonjorake :
kn. (linggih) nggêjojorake sikil; kc. slonjor.
nylondhoh :
(-i) kn. ngakoni kaluputane, ngandhap-asori; kc. slondhoh.
nylondhokake :
kn. ak. nylorokake timangan lsp; kc. slodhok.
nylonèh :
pc. warna-warna campuran; [x]-i: ngrêgêdi; kc. clonèh.
nylonong :
kn. dêksura, kurang tatakrama; kc. slonong.
nylorèngi :
kn. nyorèngi, nggambari nganggo clorèngan; kc. clorèng.
nyloroki :
êngg. kn. ngêtrapi slorok, ngancing nganggo slorok; kc. slorok.
nylorot :
kn. lumêpas bantêr (mawa sorot); kc. clorot.
nyu :
kw. krambil.
nyuba-nyuba :
kn. ngurmati bangêt; kc. suba.
nyubak :
(-i) êngg. kn. cukup, nyukupi; kc. cubak.
nyubal :
(-i) kn. ndokoki subal, nyampuri; kc. subal.
nyublak :
(-i) ak. nyublêk(-i) pc. nyoblosi, nyoblos lan nyuthiki; kc. cublak.
nyublês :
(-i) kn. nyoblos(-i); kc. cublês.
nyublik :
(-i) kn. 1 nyublêki, nyublaki; 2 ak. nacar; 3 nyupliki; kc. cublik.
nyubung :
pc. ngêcubung; kc. cubung, kêcubung.
nyuda :
kn. ngurangi, ngêlongi; kc. suda.
nyudagar :
kn. nindakake pakaryan sudagar; kc. sudagar.
nyudara :
(-wèdi) kn. ak. kaya sêdulur (mitra kang bêcik); kc. sudara.
nyudèni :
pc. sudi marang, gêlêm; kc. sudi.
nyuduk :
kn. namakake gêgaman landhêp (kêris lsp); kc. suduk.
nyujanani :
kn. ak. sujana marang; kc. sujana.
nyudhah :
êngg. ak. ndhudhah; kc. sudhah.
nyudhang :
kn. mbijig nganggo sungu; kc. sudhang.
nyudhat :
êngg. kn. nyudhèt; kc. sudhat.
nyudhèt :
kn. 1 mbêdhah sarana dicublês; 2 mbêdhah kali lsp. disimpangake; kc. sudhèt.
nyudhing :
(-i) êngg. kn. nudingi; kc. cudhing.
nyudhung :
pc. gawe sudhung, manggon ing; kc. sudhung.
nyugag :
êngg. kn. njugag, nyuthêl (crita lsp); kc. cugag.
nyugali :
kn. ak. ngucapake têmbung sugal marang; kc. sugal.
nyugata, nyugatani :
kw. (êngg. k): nyuguh, nyuguhi; kc. sugata.
nyugihi :
kn. njalari sugih; kc. sugih.
nyuguh :
n. nyêgah k. mènèhi panganan lsp. marang dhayoh; kc. suguh.
nyugoni :
êngg. ak. nggosok nganggo sugu; kc. sugu.
nyuhun :
I êngg. ak. nyuwun, njaluk. II [x]-[x] ki: ngaji-aji; kc. suhun.
nyukakakên :
k. mènèhakake.[3]
nyukani :
1 k. mènèhi; 2 kn. ak. nglilani; kc. suka, wèwèh.
nyukêngi :
kn. ngukuhi êmoh mènèhake; kc. cukêng.
nyukêri :
kn. 1 ak. ngrêgêdi; 2 êngg. njalari susah;[4] kc. sukêr.
nyukêrta, nyukêrtani :
kw. ngrigoni, ngalang-alangi; kc. sukêrta.
nyuki :
I kn. gawe lêgokan ing kasur; kc. cuki. II kn. ak: mancêd pangan; kc. cuki.
nyukil :
(-i) kn. 1 mêtokake (nyuthik, nglèthèk) apa-apa kang krakêt ut. kang dumunung ing jêro; 2 pc. ngêlong sathithik (tmr. pakarangan lsp); 3 ak. mêthik, nyuplik (buku lsp); kc. cukil.
nyukit :
kn. 1 migunakake cukit; 2 pc. nyêrèt; kc. cukit.
nyuklaki :
êngg. kn. nandja, gawe cluwokan kang arêp ditanduri; kc. cuklak.
nyukma, nyukmana :
kw. rumasuk ing; kc. sukma.
nyuku :
kn. nyandhangi suku; kc. suku.
nyukup :
n. nyêkap k. nyawisi lsp.supaya cukup; kc. cukup.
nyukur :
kn. marasi ki. ngrêsiki rambut nganggo lading; kc. cukur.
nyukurake :
kn. ak. ngucap sukur (matur nuwun marang Allah); kc. sukur.
nyulah :
kw. ngêthok lan nanjir êndhas; kc. sulah.
nyulayani :
kn. sulaya karo; kc. sulaya.

--- 368 ---

nyulaki ~ nyungging.

nyulaki :
kn. ngrêsiki nganggo sulak; kc. sulak.
nyulami :
kn. ngganti kang wis lawas diganti anyar; kc. sulam.
nyulantêni :
êngg. k. nyulayani.
nyulangake :
kn. ak. ngandharake, nêrangake; kc. sulang.
nyulap :
kn. gawe kaelokan sarana kaprigêlan; kc. sulap.
nyulêd :
kn. nyumêd; kc. sulêd.
nyulêk :
kn. nyolok (mata); kc. culêk.
nyulêng :
pc. mênthêlêng lêgok (tmr. mata); kc. culêng.
nyulihi :
kn. nggênti, mbanjêl, makili; kc. sulih.
nyulik :
kn. nyidhuk sathithik arêp nyumurupi matêng lan orane; 2 pc. nyoba, ngicipi, ndadar; kc. culik.
nyulikani :
kn. ak. nyolong; kc. culika.
nyuling :
kn. ngunèkake suling; kc. suling.
nyuluh :
(-i) êngg. ak. 1 nyoloki, madhangi; 2 golèk iwak, manuk lsp; 3 (ut. [x]-[x]) golèk katêrangan; kc. suluh.
nyuluki :
kn. nêmbang suluk ing; kc. suluk.
nyuluri :
êngg. ak. nyulihi; kc. sulur.
nyumayani :
n. nyumadosi k. ak. nyêmayani; kc. sêmaya.
nyumantakake :
kn. sumanta marang; kc. sumanta.
nyumanggakake :
kn. masrahake marang (panêmuning liyan); kc. sumangga.
nyumbana :
kw. 1 ak. ngambung; 2 nyanggama; kc. cumbana.
nyumbang :
kn. 1 ak. mitulungi; 2 manjurung, urun; kc. sumbang.
nyumbari :
kn. sêsumbar marang; kc. sumbar.
nyumbati :
êngg. kn. nylumbati; kc. sumbat, slumbat.
nyumbêr :
êngg. kn. kaya sumbêr, ngêtuk; kc. sumbêr.
nyumbit :
êngg. kn. ngundhuh woh nganggo sumbit.
nyumbu :
I nyênyumbu kn. ak. nggêgulang manuk lsp. supaya cumbu. II kn. ak: ngobong tatu lsp; kc. sumbu.
nyumbungi :
kw. misuwurake; kc. sumbung.
nyumèhi :
kn. ak. sumèh marang; kc. sumèh.
nyumêd :
kn. ngurubake diyan lsp. sarana dinyunyuk ing gêni; kc. sumêd.
nyumêktani :
kn. nyawisake sakabutuhane; kc. sumêkta.
nyumêlangi :
kn. mutawatiri, sumêlang marang; kc. sumêlang.
nyumênèkake :
kn. ak. ngundur wêktune; kc. sumêne.
nyumêrapi :
êngg. k. nyumurupi.
nyumêrêpi :
k. 1 nyumurupi; 2 mêruhi; kc. wêruh.
nyumuki :
kn. ak. njalari sumuk; kc. sumuk.
nyumur :
kn. ak. kaya sumur.
nyumurupi :
n. nyumêrêpi k. ak. mêruhi; kc. sumurup.
nyumpah :
kn. akon sumpah marang; [x]-i ak: nyupatani; kc. sumpah.
nyumpèni :
kn. nyumpi.
nyumpêli :
kn. nutup nganggo sumpêl.
nyumpêna :
pc. ngimpi; kc. supêna.
nyumpêt :
kn. 1 nutup rapêt; 2 ak. nyidhêm; kc. sumpêt.
nyumpi :
kn. matêsi ora kêna luwih; kc. cumpi.
nyumpingi :
kn. ngênggoni sumping; kc. sumping.
nyumplêng :
kn. ak. bolong; kc. cumplêng.
nyumplik :
kc. cilik bangêt.
nyumpu :
kn. ak. nyukupi, nglêksanani; kc. cumpu.
nyumpungake :
kn. ak. njalari (marakake) sumpung; kc. sumpung.
nyumrahi :
êngg. ak. njalari sumrah.
nyumringahake :
kn. marakake sumringah.
nyunahake :
êngg. ak. ngrampungake; kc. sunah.
nyunari :
kw. madhangi, nyoroti; kc. sunar.
nyunati :
I kn. nêtêsi ki. ngislamake bocah wadon; kc. sunat. II êngg. ak. nyêmbêlèh; kc. sunat.
nyundaka :
kw. 1 kongkonan, akon; 2 nêlik; kc. cundaka.
nyundêl :
ks. nglonthe; kc. sundêl.
nyundêp :
kn. nyublês; kc. sundêp.
nyunduki :
kn. nyoblosi disungsun-sungsun; kc. sunduk.
nyundhang :
I kn. ak. nyudhang; kc. sundhang. II kn: nglawani (mitulungi) wong kang arêp nglairake jabang bayi; kc. sundhang.
nyundhuk :
kw. mapak, kêpêthuk; [x]-ake; 1 ak. madhakake, nandhing; 2 ak. nocogake; kc. cundhuk.
nyundhuki :
kn. ngênggoni cundhuk; kc. cundhuk.
nyundhul :
kn. 1 (êndhase, puncake) nggêpok ing; 2 (ut. [x]-i) nusuli manèh, nusuli lair (kang dhisik durung disapih); kc. sundhul.
nyundhul puyuh :
kn. ak. ngumbulake dhuwur.
nyuntak :
(nyuntêk êngg) kn. ngêsok wadhahe dijungkir; kc. suntak.
nyuntik :
kn. nglêbokake tamba (njupuk gêtih) sarana dicublês; kc. suntik.
nyunthêl :
(-ake) kn. nyugag crita (lêlakon); kc. cunthêl
nyunthi :
kn. cilik bundêr (tmr. irung); kc. sunthi.
nyunyuk :
kn. ndumuk nganggo gêni (ut. apa-apa kang lancip).
nyunyur :
kn. êmpuk bangêt (marga digodhog).
nyungga-nyungga :
kw. nyuba-nyuba; kc. sungga.
nyunggar :
kn. 1 njungkati (marut lsp) munggah (mbalik); 2 malik lêmah; kc. sunggar.
nyunggata :
kw. nyuguh; kc. sunggata.
nyunggi :
kn. 1 nggawa katumpangake ing êndhas; 2 (ut. [x]-[x]) mundhi-mundhi; kc. sunggi.
nyungging :
kn. nggambar (ngêcèt); kc. sungging.

--- 369 ---

nyunggu ~ nyuwita.

nyunggu :
êngg. kn. nyunggi.
nyungir :
kn. njêgrag irunge (cangkême); kc. cungir.
nyungkal :
êngg. kn. mêcah watu; kc. sungkal.
nyungkawani :
kw. nusahi; kc. sungkawa.
nyungkêmi :
kw. ngraup sikil, sumungkêm marang; kc. sungkêm.
nyungkil :
êngg. kn. nyukil; kc. cungkil.
nyungku :
kw. mêlêng(-puja lsp); kc. sungku.
nyungkub :
kn. ngêdêgake cungkub.
nyungnyang :
êngg. kn. kurang ajar.
nyunguk :
pc. manglung, ngungak.
nyungul :
pc. mêncungul; kc. cungul.
nyungur :
pc. kaya congor; kc. congor, nyongor.
nyupak :
I êngg. kn. nabok; kc. cupak. II êngg. pc: nggêmèni; kc. cupak.
nyupangati :
pc. munpangati.
nyupatani :
n. nyupaosi k. 1 nêtêpake katêmênane kanthi supata; 2 ngêsotake; kc. supata.
(nyupe) :
nyênyupe k. ak. nglêlali; nyupèkakên k. nglalèkake; kc. supe, lali.
nyupêkêtake :
kn. ngrakêtake pasêduluran; kc. supêkêt.
nyupêna :
k. ak. ngimpi; kc. impi, supêna.
nyupêt :
kn. njugag, nyêndhakake; kc. cupêt.
nyupit :
kn. njapit nganggo supit; [x]-i ki: nêtaki; kc. supit.
nyuplik :
kn. 1 nyukil (nyopot) mata intên lsp; 2 pc. nyublik; 3 mêthik karangan lsp; kc. cuplik.
nyupu :
kn. ak. mampêt wêtuning gêtih; kc. cupu.
nyuprèh, nyuprih :
êngg. kn. murih; kc. suprih.
nyurabi :
kn. ak. nyarub, nyampur; kc. curab.
nyurah :
(ake) êngg. kn. ngêsok(ake); kc. curah.
nyurak :
(-i) kn. ngêlokake sarana surak; kc. surak.
nyurangi :
êngg. kn. nggadhung (nalikane main); kc. curang.
nyurasa :
n. nyuraos k. nggolèki (ngrasakake) têgêsing têtêmbungan lsp; kc. surasa.
nyurati :
kw. nyirati; kc. curat.
nyurèni :
êngg. kn. nyêriti; kc. suri.
nyurêki :
kn. ngrêsiki curêk ing kuping; kc. curêk.
nyurêmake :
kn. ak. njalari surêm; kc. surêm.
nyurêng :
kn. katon mrêngut pêtêng ulate; kc. curêng.
nyurês :
(ake) kn. marakake (agawe) curês; kc. curês.
nyuriga :
kn. ak. nggawa kêris ing anggar; kc. curiga.
nyuryani :
ki. ngraupi; kc. raup.
nyuru :
kn. nyidhuk nganggo suru; kc. suru.
nyurug :
êngg. kn. gumrojog (kaya grojogan); kc. curug.
nyuruhi :
n. nyêdhahi k. ngulêmi (ngundang), minta sraya; kc. suruh.
nyurung :
kn. njorogake saka ing buri; kc. surung.
nyurupake :
n. nyêrapakên, nyêrêpakên k. 1 nglêbokake ing; 2 metung ing; 3 awèh wêruh, ngêrtèkake; nyurupi n. nyêrapi, nyêrêpi k: 1 ak. mlêbu ing, manjing ing; 2 mbanjêli pagawean; 3 nyoba nakêr manèh; kc. surup.
nyurut :
kn. nylurut; kc. curut.
nyurtanah :
kn. nylamêti surtanah; kc. surtanah.
nyurtèni :
kn. ak. ngopèni kanthi ngati-ati; kc. surti.
nyus :
mak [x] pc. mak cus.
nyusahi :
(-ake) pc. nusahi(-ake); kc. susah.
nyuthak :
êngg. kn. nglangkahi (giliran lsp); kc. cuthak.
nyuthat :
kn. ak. 1 nyuthik banjur dibuwang (dikipatake); 2 nacar, nyublik; 3 pc. nundhung; kc. cuthat.
nyuthêl :
(ake) kn. nyugag, njugag (crita lsp); kc. cuthêl.
nyuthik :
kn. nyuthat nganggo barang sing dawa; kc. cuthik.
nyuwabi :
êngg. ak. mbêsêli; kc. suwab.
nyuwak :
I kn. 1 ngilangi (mari nganggokake) pranatan lsp; 2 nyabut; 3 murungake; kc. suwak. II êngg. kn. nyongkog, nyagaki; kc. cuwak.
nyuwal :
kn. ak. nakoni; kc. suwal.
nyuwalani :
kn. ak. mêrangi; kc. suwala.
nyuwani :
kn. njalari cuwa.
nyuwang :
I êngg. kn. mbuwang; kc. suwang. II kn. ak. sabên (siji-sijine) suwang (1 wang); kc. suwang.
nyuwara :
n. nyuwantên k. ngêtokake swara, muni; kc. swara.
nyuwaratake :
êngg. ak. ngundhangake (tmr. dhawuh lsp); kc. suwarat.
nyuwawa :
kw. nandhingi, nglawan; kc. suwawa.
nyuwawak :
kn. nywara sêru, amba cangkême.
nyuwawèni :
kn. ak. ngrujuki, mupangati; kc. suwawi.
nyuwawuk :
pc. nyawuk, nyuwêk; kc. cuwawuk.
(nyuwe) :
nyênyuwe n. ndêdangu k. ngrêrêndhêt supaya suwe; nyuwèni n. ndangoni k: njalari suwe; kc. suwe.
nyuwèk :
kn. nyêbit nganti suwèk; kc. suwèk.
nyuwèrake :
kn. ngèncèrake; kc. cuwèr.
nyuwèwèk :
kn. 1 mbênggang cangkêm; 2 cangkême mênga amba; kc. cuwèwèk.
nyuwêk :
êngg. pc. nyuwik nganggo kuku, nggraut; kc. cuwêk.
nyuwêlake :
kn. nglêbokake ing (kanthongan), nêkuk jarit lsp; kc. suwêl.
nyuwêngakên :
k. nyuwêngake; kc. suwêng, suwung.
nyuwik :
kn. nyuwèk sathithik; kc. cuwik.
nyuwil :
kn. nggêmpil sathithik; kc. cuwil.
nyuwir :
(-i) kn. nyêbit(-i) ut. nyuwèk(-i) cilik-cilik; kc. suwir.
nyuwit :
pc. muni cuwit; kc. cuwit, suwit.
nyuwita :
kw. ngabdi, ngèngèr; kc. suwita.

--- 370 ---

nyuwuk ~ nyongkol.

nyuwuk :
kn. 1 murungake, nyuwak; 2 ak. nimbul (ndongani) disêbul êmbun-êmbunane; kc. suwuk.
nyuwun :
I êngg. kn. nyunggi;kc. suwun. II ki: njaluk; [x] alim k: njaluk pangapura; [x] pirsa (priksa): takon, mitêrang; [x] sèwu: nuwun sèwu (pamit lsp); kc. suwun.
nyuwungake :
n. nguwêngakên k. ninggal omah nganti suwung; kc. suwung.
nyuwurake :
pc. ngandhakake mrana-mrana; kc. suwur.
nyuwut, nyuwot :
kn. njupuk, nyolong; kc. cuwut.
nyuwol :
kn. nyênol; kc. cuwol.
nyuwowo :
kn. nyuwèwèk cangkêm; kc. cuwowo.
nyuwowol :
pc. nyuwol, nyêmol.
nyo :
I êngg. kn. teko gêdhe, kan. II sinyo.
nyoba :
n. nyobi k. njajal; kc. coba.
nyobab :
êngg. kn. mblithuk, ngapusi.
nyobat :
êngg. pc. nyanak, dadi sobat; kc. sobat.
nyoblos :
kn. nyublês nganggo dom lsp; kc. coblos.
nyobrahi :
kn. ak. kaya oyod sobrah; kc. sobrah.
nyodor :
kn. ak. numbak nganggo sodor; kc. sodor.
nyodhèr :
pc. matri; kc. sodhèr.
nyodhog, nyodhok :
êngg. kn. ndhêsêk maju, nyogok; kc. sodhog.
nyoga :
kn. ngabang jarit nganggo soga; kc. soga.
nyogata, nyogatani :
êngg. k. nyuguh(i); kc. sogat.
nyogèr :
I êngg. kn. nggaringake wijèn lsp; kc. cogèr. II [x]-i êngg. kn: nanduri pari; kc. cogèr.
nyoglèng :
kn. 1 tuwuh soglènge (tmr. têmbako); 2 pc. nyambi nindakake pagawean liya; [x]-i pc: ngilangi soglèng; kc. soglèng.
nyogok :
kn. 1 ndudul (nyêbul lsp) ing bolongan lsp. nganggo sogok; 2 ngêngakake nganggo kunci; kc. sogok.
nyoh :
I pc. nya! II di-[x]-i êngg. diwènèhi.
nyok :
pc. sok.
nyokèr :
(-i) kn. ngorak-arik nganggo cuthik lsp; kc. cokèr.
nyoklaki :
êngg. kn. nanja, ngluwangi; kc. coklak.
nyoklèk :
(-i) kn. mutung(-i); kc. coklèk.
nyokurake :
kn. ngucap sukur; kc. sokur, sukur.
nyokoh :
êngg. kn. ngrèmèhake; kc. cokoh.
nyokol :
êngg. kn. njêjêlake ing cangkêm; kc. cokol.
nyokot :
êngg. pc. nyakot; kc. cokot.
nyokrèk :
(-i) kn. nyokèri; kc. cokrèk.
nyolahake :
kn. ak. molahake, ngobahake; kc. solah.
nyolèd :
kn. migunakake solèd; kc. solèd.
nyolo :
(C) kn. anglo (padupan).
nyolok :
kn. 1 nyogok mata; 2 nyampuri uyah lsp. sathithik; [x]-i: madhangi nganggo colok; kc. colok.
nyolong :
kn. njupuk darbèking liyan tanpa têmbung; kc. colong.
nyolong basa :
kn. ak. nyêngkolong.
nyolong laku :
kn. ak. nindakake dhêdhêmitan.
nyolong ulat :
kn. ngingêtake dhêdhêmitan.
nyolong pêthèk :
kn. katêmahane sulaya karo pamêthèke.
nyoloti :
kn. mêncolot kêna ing; kc. colot.
nyombor :
êngg. kn. ngombor jaran; kc. comboran.
nyomèlake :
ks. ngrasani, ngandhakake; kc. comèl.
nyomlo :
pc. mlongo, mêndongong.
nyomot :
êngg. kn. nyêkêl; kc. comot.
nyompètake :
kn. ak. ngumpêtake; kc. sompèt.
nyomplong :
(-i) kn. mbolongi; kc. complong.
nyomrong :
pc. rêgêd, ala bangêt.
nyondhok :
kn. ak. nyundhuk; kc. condhok.
nyondhol :
kn. nyundhul saka ingisor; kc. sondhol.
nyondhongi :
kn. ngrujuki, mupakati, nocogi; kc. condhong.
nyontêni :
k. nyorèni; kc. sontên, sore.
nyonti :
êngg. kn. nyandhêt, ngalang-alangi; kc. conti.
nyonto :
kn. niru, nulad; nyontoni: mènèhi conto, nuladhani; kc. conto.
nyontok :
pc. nyodhok sêru; kc. sontok.
nyontrot :
kn. ana sontrote; kc. sontrot.
nyonthèngi :
êngg. kn. nyorèngi, nylonèhi; kc. conthèng.
nyonthong :
kn. 1 kaya conthong; 2 mungkus awangun conthong; kc. conthong.
nyonyah :
kn. wong wadon bangsa Eropah ut. Cina.
nyonyo :
êngg. kn. kasar (gunêman).
nyonyok :
êngg. kn. nyunyuk.
nyonyos :
êngg. kn. mambu wêngur.
nyong :
I êngg. aku, -ku, -dak. II êngg: nok (panyêluk marang bocah-wadon).
(nyongah) :
nyênyongah kn. ak. nggugah hawa napsu, nggêgasah; kc. congah.
nyongari :
kn. ak. ngumuki, sêsongar marang; kc. songar.
nyongat :
kn. noncong, njêngat; kc. congat.
nyonggah :
(-i) êngg. kn. 1 ngangkat (njongkèng) prau; 2 ngusung pari panènan digawa mulih; kc. conggah.
nyonggèk, nyonggèt :
êngg. kn. nyènggèt (wowohan); kc. songgèk.
nyongkèl, nyongkil :
êngg. pc. ndhongkèl, ngungkil; kc. songkèl, congkèl.
nyongkèt :
kn. nyulam ing bênang mas; kc. songkèt.
nyongklang :
kn. mlayu bantêr (tmr. jaran); kc. congklang.
nyongklok :
kn. nyêngkolong, njegal têtêmbungan; kc. congklok.
nyongkob :
(ake) kn. ak. ngrèmbyahake rambut ing rai (bathuk); kc. songkob.
nyongkog :
êngg. kn. nyuwak, nyagaki; kc. congkog.
nyongkol :
kn. ngantêm; kc. songkol.

--- 371 ---

nyonglong ~ nyrimpung.

nyonglong :
pc. manglung maju; kc. nyêngonglong.
nyongo :
pc. mlongo, mêndongong.
nyongok :
êngg. kn. ngêluhi; kc. congok.
nyongol :
kn. katon nyongat maju; kc. congol.
nyongor :
pc. maju kaya congor.
nyongot :
kn. nyongat; kc. congot.
nyopak :
kn. nyambungi lsp. minangka pikukuh ut. ganti kang putung; kc. sopak.
nyopèt-nyopèt :
êngg. kn. mitulungi sathithik-sathithik; kc. copèt.
nyopir :
kn. dadi sopir; [x]-i: nglakokake montor; kc. sopir.
nyoplok :
kn. 1 nyopot (nyuplik); 2 ak. nyuda buruhan; kc. coplok.
nyopot :
kn. 1 nguwalake saka anjing-anjingane; 2 ngrucat sêpatu lsp; 3 mocot; kc. copot.
nyopros :
kn. dawa (tmr. brêngos).
nyorahake :
kn. ak. 1 masrahake marang wong akèh; 2 ngandharake; kc. corah, sorah.
nyorak-nyarèk :
(-nyarik) kn. ak. nggambari lsp. pating clorèk; kc. corèk.
nyorak-nyaruk :
pc. tansah nyaruk; kc. caruk.
nyorèk :
(-i) kn. nggarit, nggaris, nggalêri; 2 êngg. nanja; kc. corèk.
nyorèni :
n. nyontêni k. ak. têka ing wayah sore; kc. sore.
nyoro :
pc. kaya coro (lancip tmr. cangkêm); kc. coro.
nyorog :
kn. 1 nyogok, ngunci; 2 êngg. ak. atur-atur marang dhêdhuwuran; kc. sorog.
nyoroh-nyorohake :
kn. nawak-nawakake supaya diêpèk; kc. soroh.
nyorok :
I kn. nyodhokake (ngrêsiki lsp) nganggo sorok; kc. sorok. II (ut. [x]-i) kn. ak: nglanjak, ndhaku; kc. corok. III êngg. kn. ngupasi; kc. corok.
nyorong :
êngg. kn. 1 (ut. [x]-i) madhangi, nyoloki; 2 (ut. [x]-ake) ngincêng(-ake); 3 ngèkêr; kc. corong.
nyoroti :
I kn. madhangi; kc. sorot. II kn. ak. ngoncori (ngêlêbi); kc. sorot.
nyos :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning wêsi diobong banjur diclup ing banyu lsp; kc. nyus, cos.
nyosis :
kn. olah sosis.
nyotha :
kn. ak. bêbêdan sabuk satugêl (sabuk wala); kc. cotha.
nyothe :
kn. nyêngkêlit kêris ing bangkekan ngiringan; kc. cothe.
nyotho :
kn. ngantêm wêtêng; kc. sotho.
nyothokake :
kn. njalari cotho; kc. cotho.
nyothotake :
kn. ak. mlothot; kc. cothot.
nyowani :
k. nyebani; kc. seba, sowan.
nyowok :
kn. nyuda; kc. cowok.
nyowongake :
kn. ak. njalari cowong.
nyrabi :
kn. gawe srabi.
nyrahake :
kn. ak. masrahake; kc. srah.
nyramani :
kn. mènèhi srama; kc. srama.
nyrambahi :
kn. ngacaki kabèh; kc. srambah.
nyrampad :
I kn. mènèk wit nganggo pancadan tampar; kc. srampad. II êngg. ak. nrajang (nggêpok) lumahe; kc. srampad.
nyrampang :
kn. mbalang nganggo arit lsp; kc. srampang.
nyranani :
kn. mènèhi srana; kc. srana.
nyrandu :
êngg. kn. 1 nyênyêngit; 2 cêthil bangêt; kc. srandu.
nyranèkake :
êngg. ak. ndadèkake (nglêbokake) srani (Kristên); kc. srani.
nyranti, nyrantèkake :
n. nyrantosakên k. nyabarake, nguntarakake; kc. sranti.
nyranthal :
pc. njranthal.
nyrapat :
I kn. 1 nyrèmpèd; 2 nyipat, ngincêng; kc. srapat. II kn. ak: ngira-ira sarana ndêlêng pasêmoning praèn; kc. srapat.
nyrasah :
kn. 1 nglapis; 2 masang blabag lsp. ing jrambah; kc. srasah.
nyrasèhake :
kn. nyêmantakake; kc. srasèh.
nyratèni :
kn. ngladèni (ngêmong) diturut sakarêpe; kc. srati.
nyrathil :
cêthil [x] pc. cêthil bangêt.
nyrawat :
êngg. kn. nyawat, mbêngkolang; kc. srawat.
nyrawe :
kn. 1 gumantung srawe-srawe; 2 obah kumlawe (tmr. tangan); kc. srawe.
nyrawungi :
kn. ngumpuli; kc. srawung.
nyrekal :
kn. 1 ngingêrake (mlèsèdake) têtêmbungan; 2 êngg. ngrasani, nyatur ala; kc. srekal.
nyrèmpèd :
kn. 1 nyrampad, nggêpok (ngênani) ing lumahe; 2 pc. nyêmoni; 3 pc. nyilih (utang) sadhela; kc. srèmpèd.
nyrèngès :
pc. mrèngès; kc. crèngès.
nyrèngkèng :
pc. lancip bangêt (landhêp); kc. crèngkèng.
nyrèpèt :
kn. nywara mak srèpèt (narik kêris lsp); kc. srèpèt.
nyrèwèhake :
pc: ngilèkake banyu (saka kalènan mênyang sawah); kc. srèwèh.
nyrêbêdi :
kn. ak. ngêbuti alon-alon; kc. srêbêd.
nyrêgêpi :
kn. nabêrèni; kc. srêgêp.
nyrêmêdake :
kn. ngomongake prakara saru; kc. crêmêd.
nyrêmpêng :
kn. nindakake (nggarap) kalawan mêmpêng; kc. srêmpêng.
nyrêmpil :
kn. 1 ngêlongi (njupuk) sathithik; 2 pc. nêmpil; kc. srêmpil.
nyrêngêni :
kn. ndukani ki. srêngên marang; kc. srêngên.
nyrênggara :
kw. ngungrum, ngaruh-aruhi kalawan sumèh; [x] macan kw. nggêrtak, mêksa, kc. srênggara.
nyrênggut :
pc. nyênggut.
nyriga :
kn. ak. nyuriga; kc. crigan.
nyriyati :
kn. ak. nulak sarana sêsaji; kc. sriyatan.
nyriyosi :
(-akên) k. ngandhani, ngandhakake; kc. criyos.
nyrikêp :
êngg. kn. nyuluh manuk; kc. srikêp.
nyrimpêdi :
kn. njalari kêsrimpêd; kc. srimpêd.
nyrimpi :
kn. njogèd srimpi.
nyrimpung :
kn. nalèni sikil loro didadèkake siji; kc. srimpung.

--- 372 ---

nyrinthil ~ ngadani.

nyrinthil :
pc. mlayu rikat; kc. srinthil.
nyringis :
pc. mringis; kc. cringis.
nyripit :
êngg. pc. nyruput; kc. sripit.
nyrirani :
ki. ak. ngawaki; kc. srira, awak.
nyrisig :
kn. ak. ngêtrap (masang) srisig; kc. srisig.
nyritakake :
n. nyriyosakên k. ngandhakake lêlakon (crita); nyritani n. nyriyosi k: crita marang; kc. crita.
nyriwil :
pc. njawil, nyrèmpèd sathithik; kc. sriwil.
nyriwing :
pc. nywara sriwing-sriwing.
nyruba-nyruba :
êngg. kn. ngaji-aji bangêt, nyungga-nyungga; kc. sruba.
nyrudug :
kn. nyodhok mbijig; kc. srudhug.
nyrudhah :
kn. ak. 1 ndhudhah; 2 nyludhah; kc. srudhah.
nyrumbungi :
kn. ngêtrapi srumbung.
nyrunthul :
kn. mlayu njrunthul; kc. srunthul.
nyrungga :
êngg. kn. nyêbar wiji campuran; kc. srungga.
nyrungus :
pc. katon kuru (tmr. rai).
nyruput :
pc. ngombe sarana nyêrot; kc. sruput.
nyrutu :
I pc. ngutu, mlaku têrus bae. II kn: nglinting srutu; kc. srutu.
nyruwag :
kn. ak. ora tata (tmr. rambut); kc. sruwag.
nyruwe :
kn. 1 ngaruh-aruhi, ngelikake; 2 nacad, maoni; kc. sruwe.
nyruwêk :
êngg. kn. nguwêk-uwêk; kc. cruwêk.
nyruwuk :
êngg. kn. nyrudug; kc. sruwuk.
nyrobo :
pc. crobo.
nyrobong :
êngg. kn. nggêdhong (bayi); kc. srobong.
nyrodok :
kn. kaku njêgrag (tmr. rambut); kc. srodok.
nyrondhol :
pc. nyondhol; kc. srondhol.
nyronggot :
kn. nyrudug nganggo sronggot; kc. sronggot.
nyrongkob :
pc. kêtêl lan nyaprang bangêt (brêngos).
nyropot :
kn. nyêrèt candu tanpa campuran; kc. sropot.
nyrowok :
êngg. kn. nêmpuh; kc. srowok, crowok.
nyrowongi :
kn. mbolongi; kc. srowong.
nywara :
n. nywantên k. ngêtokake swara, muni; kc. swara.
nywargakake :
kn. muktèkake; kc. swarga.
nywawèni :
kn. ak. nyuwawèni; kc. suwawi.

 


nylagangake. (kembali)
nylagangake. (kembali)
mènèhake. (kembali)
sukêr. (kembali)