Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Th

thah-thèh :
ora [x] êngg. pc. ora apa-apa.
thah-thuh :
pc. kêrêp luput; kc. thuh.
thak :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning nothok lsp.
thakah :
êngg. kn. srakah, murka.
(thakur) :
[x]-[x] kn. kêruk-kêruk nganggo sikil ngarêp tmr. jaran lsp; di-[x]-i: dikêruki nganggo sikil.
thak-uthik :
pc. tansah ngundhêr ing omah (sawijining panggonan); kc. uthêk.
thak-thakan :
kn. 1 kêsusu kumudu nyênyêkêl (nênampani); 2 kumudu kudu mèlu ngudhoni rêmbug.
thak-thik :
kn. tansah tumandang ing gawe (gêgawean sing cilik-cilik).
thak-thuk :
pc. tansah (kêrêp) gathuk; kc. thuk.
(thalang) :
[x]-[x] kn. katon nyongat dawa, tlalangan.
thal-thalan :
êngg. pc. njal-njalan.

--- 649 ---

thangkring ~ thêngik-thêngik.

thangkring, thangkrong :
êngg. linggih (mencok) ing papan sing dhuwur; kc. pathangkring, pathangkrong.
(thanglung) :
[x]-[x] êngg. pc. katon dawa manglung (nyongat).
thang-thêng :
pc. 1 wira-wiri mibêr sarta nywara tmr. tawon lsp; 2 sadhela-sadhela mambu ora enak.
thar :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning pêcut ut. panothok.
(tharak) :
kê-[x]-[x] êngg. pc. kêdharang-dharang.
(tharik) :
[x]-[x] kn. katon lêlarikan sarwa tata; kc. larik.
thar-thèr :
pc. pêpindhan swaraning pêcut mawali-wali.
thar-thir :
kn. saka siji (sathithik) ora grubyugan.
thathit :
kn. kilat, gêbyaring blêdhèg; [x] ngima unthit pr: ngatonake panguwasane.
(thawe) :
[x]-[x] pc. tangane kumlawe; kc. kêthawe.
thèh :
êngg. pc. nèh.
theyol :
kn. kêsêl bangêt.
(theyot) :
I [x]-[x], [x]-thèblung kn. 1 swaraning kodhok; 2 ks. gunêman tanpa têgês. II di-[x] êngg. pc: dicêthot.
thèk :
I mak [x] kn. pêpindhan swaraning panuthuk; kc. thèthèk. II [x]-ku, [x]-mu pc: duwèkku, duwèkmu.
thèkèl :
I (ut. [x]-an) pc. thikilan; jalu (sungu) [x]: jalu (sungu) sing ora bisa mundhak dawa. II [x]-[x], kê-[x]-an kn: mènèk (munggah nganggo gujêngan) sêmu ngrêkasa.
(thèkèr) :
[x]-[x] pc. cèkèr-cèkèr, thakur-thakur; kc. kêthèkèran.
thekle :
kn. 1 cêndhak sarta bengkong tmr. tangan; 2 pêpês, apês.
thèklèh, thèklèk :
êngg. ndhungkluk mêngisor tmr. sungu; kc. thoklo.
thèklèk :
kn. gapyak.
theklok :
kn. 1 padha tumêlung marga coklèk ut. kabotan wulèn tmr. pari lsp; 2 nglumpruk alêmês marga sayah bangêt.
thekor :
I kn. puthêr sarta bengkong tmr. tangan ut. sikil. II êngg. kn: takir ut. wadhah sing digawe upih ditêkuk.
(thekruk) :
sa-[x] pc. akèh bangêt.
(thele) :
[x]-[x] pc. nglumpruk ora bisa nggêglawat; kc. thelo-thelo.
thelo :
I [x]-[x] pc. kaanane wong klêngêr ut. sêmaput. II êngg. kn: dhingkêl, lêlaraning pitik.
thel-thelan :
pc. nyil-nyilan, njal-njalan.
thèmal-thèmêl, thèmal-thèmol :
kn. mangan (ngêmplok, nyênyêkêl) kêrêp sarta kêsusu.
thèmèl, thêmèl, thêmêl :
kn. 1 kêmpêl, dhêmpêl tmr. rambut; 2 krakêt, ora kêpyar.
themla-themlo :
pc. ngêmplok sarwa akèh tmr. apa-apa sing êmpuk.
themol :
I sa-[x] kn. saêmplokan, sacêmolan; kc. themal-themol. II mak [x] êngg: mak cêmol tmr. nyêthot.
thèng :
kn. pêpindhan swaraning jam, gêntha lsp.
thèngèl :
I [x]-[x], thengal-[x] kn. êndhase mênthungul sarta obah-obah; kc. panthèngèl. II êngg: baya cilik, krete.
thènglèng :
êngg. miring mènglèng tmr. êndhas.
thèngthèng :
I [x]-an kn. nywara thèng-thèng; kc. thèng. II di-[x]-i êngg: didhèdhèki; [x]-an: dhedhekan.
theple :
êngg. kn. blêkêtepe.
thèr :
kn. pêpindhan swaraning drêmenan, slomprèt lsp; [x]-[x]-an: 1 padha ngunèkake drêmènan, nywara rame; 2 pc. tansah nywara cênthe-cênthe tmr. wong wadon.
thethas :
pc. êntèk babar pisan.
thèthèk :
I rondha [x] kn. nganglang karo ngunèkake kênthongan; di-[x](i): 1 dithuthuk(i); 2 pc. dithuthuki supaya copot; [x]-an: 1 bngs.kênthongan pring, wilah ut. kayu sing dithuthukake kanggo têngara (tawa dodolan lsp); 2 ar. mêmêdi. II ut. [x]-an êngg: dhuwit lsp. sing wis disadhiyakake.
thèthèl :
kn. nglokop, nglèthèk tmr. barang sing krakêt; di-[x](i): 1 diklèthèki, didhèdhèli (tmr. panganggo; 2 êngg. dikêlèti wlulange; kc. dhèdhèl.
thèthèl-thuwèl :
pc. dhèdhèl-dhuwèl.
thèthèr :
kn. bngs. bubuk sing mangani bêras, kayu lsp; [x]-ên: dipangan ing thèthèr, bubukên.
thèwêl :
mak [x] pc. mak cèwêl.
thewul :
êngg. thiwul (ar. panganan sing digawe tela kaspa).
thêk :
I kn. 1 pêpindhan swaraning apa-apa sing gathuk; 2 pc. sapisan rampung, sanalika rampung, up. thêk-sêk (sanalika mati); êndang [x]-[x]: êndang enggal ditandangi. II [x]-ing ati pc: krêntêging ati.
thêk-kliwêr :
pc. apa-apa sing ana sakabèhe.
thêklak-thêkluk :
kn. dhêklak-dhêkluk marga ngantuk.
thêklik-thêklik :
pc. mlaku alon nganggo sandhal ut. thèklèk.
thêl :
mak [x] pc. sanalika pêdhot; kc. dhêl, thokthêl.
thêlêng :
êngg. kn. irêng-irênging mata; kc. têlêng, panthêlêng.
thêm :
êngg. mathêm.
thêmèl, thêmêl :
kn. kc. thèmèl.
thêmil-thêmil :
pc. (mangan) kêrêp pamamahe.
thêmlang, thêmlèng, thêmlong :
pc. pêpindhan swaraning bonang; dithêmlang pc: diantêm (dithuthuk) êndhase.
thêmlik, thêmplik :
sa-[x] êngg: sathêmlik; kc. têmplik.
thêng :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning kawat kêncêng kêjawil lsp, katêranganing lunga, mibêr lsp. rikat; kc. thang-thêng.
(thêngèl) :
[x]-[x] êngg. pc. thèngèl-thèngèl.
thêngêr-thêngêr :
kn. njêngêr mênêng lêngêr-lêngêr.
thêngik-thêngik :
kn. linggih ijèn tanpa kanca.

--- 650 ---

thêngil ~ thukul.

thêngil :
I kn. apa-apa sing mrêngkêl ut. mêndhukul cilik. II prau [x] êngg: prau lêsung.
(thênguk) :
thêthênguk, [x]-[x] kn. linggih nganggur, lênguk-lênguk.
thêngul :
I (ut. [x]-an) kn. bonekah sing digawe gombalan ing jêro diisèni kapuk. II êngg: canthing takêran lênga.
thêngok-thêngok :
êngg. thênguk-thênguk.
thêngor-thêngor :
kn. thêngêr-thêngêr.
thêngthêng :
(ut. [x]-an) pc: tansah mambu ora enak, tansah nywara thêng, tansah (kêrêp) lunga; kc. thangthêng, thêng.
thêr :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning banyu manthur, lakuning panah, katêranganing lunga lsp.
thêrik-thêrik :
êngg. pc. tharik-tharik.
thêruk-thêruk :
êngg. pc. thênguk-thênguk; thêruk-thêruk kêklumpuk pr: ora nyambut-gawe nanging sarwa kêcukupan marga akèh wong sing wèwèh.
thêrong-thêrong :
êngg. pc. wis awan bangêt (srêngengene wis dhuwur).
thês :
mak [x] pc. sanalika pèndèng marga dipithês, kêlindhês lsp.
(thêthêk) :
di-[x] kn. dithuthuk lirih; kc. thêk.
thik :
I êngg. jodho, gathuk; kc. thikthik. II ([x]-an êngg) pc: kathik.
thika :
(S) kw. tulisan, layang, karangan; [x] unine pr: duwe kapintêran kawulangake ana ing nêgara liya; thinika: dianggit, tinulis.
thikêr :
êngg. pc. cikêr.
thikil :
kn. thukul tmr. wiji sing cilik-cilik; [x]-an: wiji sing thikil, sêmèn.
thiklu-thiklu :
kn. wis wungkuk tuwa bangêt.
thikluk-thikluk :
pc. thiklu-thiklu.
thikthik :
pc. anggêr ana prakara sathithik bae, up. [x] kandha ora bisa !
thik-thikan :
kn. kudu nyênyêkêl ut. tumandang; kc. thak-thik.
thil :
I êngg. jupukna, wènèhna; di-[x]-ake: dijupukake; kc. pêthil. II mak [x] kn: katêranganing apa-apa sing pêthil; siji [x]: mung siji ora ana tunggale.
thila :
kw. kuthila.
thilang :
kn. kuthilang (ar. manuk).
thilêg-thilêg :
pc. tanpa mobah mosik marga kêntekan akal lsp.
thilêng-thilêng :
êngg. (katon) mêlèk sarta mêlêng-mêlêng.
thili-thili :
pc. têlês awake sakojur nganti katisên.
thilung :
dhèt [x] pc. pêpindhan swaraning kuthilang.
thil-thilan :
pc. nyil-nyilan (kakehan polah tmr. bocah wadon).
thim :
pc. kanggo mratelakake yèn arêp nglakoni apa-apa, up. dha dolan [x] !
thimik-thimik :
pc. mlaku rindhik jangkahe ciyut.
thimlo :
kn. bngs. saoto.
thinik-thinik :
kn. katon cilik cèkli, pawakan cilik rupane ayu.
thinthil :
kn. jantung pitik ut. manuk.
(thinthing) :
di-[x] kn. 1 dithuthuk supaya muni tmr. dhuwit lsp; 2 pc. ditakoni kaantêpane; kc. thing, thingthing.
thing :
mak [x] pc: pêpindhan swaraning dhuwit dikêncring lsp; mitra (sobat) [x] pc: mitra sing rakêt bangêt.
thingak-thinguk :
kn. lingak-linguk, menga-mengo marga bingung ut. ora mangêrti.
thingik-thingik :
êngg: thinik-thinik.
thingil :
pc. thikil; [x]-[x] pc: mênthungul sathithik.
thingkrang, thingkrik, thingkring :
êngg. pc. linggih ing papan sing dhuwur (klêbu murang tata).
thinguk :
kn. kaanane wong menga-mengo marga bingung lsp; kc. thingak-thinguk.
thingthing :
I (ut. [x]-an) kn. swaraning dhuwit lsp. sing dikêncring; di-[x]: dikêncring, dithuthuk supaya muni tmr. dhuwit lsp; kc. thinthing. II [x]-an pc: pêthingan, sing dilêlithing (diêthing-êthing). III di-[x]-ake pc: dipanggang.
thiplak :
êngg. kêthiplak, trumpah.
thipluk-thipluk :
kn. lêmu araras.
thir :
kn. 1 pêpindhan swaraning gangsir ngênthir; 2 (mak [x]) pc: katêranganing apa-apa sing mancur; 3 katêranganing lunga sing saka siji; kc. thar-thir.
thirik-thirik :
pc. tharik-tharik.
this-thisan :
pc. 1 kumudu-kudu tumandang (nyênyêkêl lsp); 2 kênès nyil-nyilan tmr. bocah wadon.
thit :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning sêmpritan lsp.
thithik :
I êngg. pc. ora akèh; sa-[x]: ora akèh. II di-[x] kn: dithuthuk lirih. III nithik kn: gawe gêni sarana watu gêni kathuthukake ing waja, plêtike ditadhahi ing kawul; [x]-an, panithikan: watu gêni (waja) dianggo nithik.
thithil :
kn. thèlthèl tmr. apa-apa sing cilik; di-[x]: dithèthèl tmr. barang sing cilik, dithèthèl sathithik.
thiwal-thiwul :
êngg. dhawul-dhawul tmr. rambut.
thiwêg-thiwêg :
pc. lêmu wêwêg, thipluk-thipluk.
thiwul :
kn. ar. panganan sing digawe gaplèk tela.
thuh :
pc. dhuh, wah.
thuh-thuh :
dianggo [x] êngg. pc. dianggo pangarêm-arêm (pitulungan) ing sawatara mangsa.
thuyuk-thuyuk :
êngg. lumaku mbungkuk marga wis tuwa bangêt.
thuyul :
kn. 1 tlèdhèk ajaran; 2 êngg. pc. palanyahan.
thuk :
I mak [x] pc. pêpindhan swaraning apa-apa sing dithuthuk. II kn: katêranganing apa-apa sing gathuk, kêpêthuk lsp; di-[x]-ake: digathukake, ditrapake.
thuk-athèng :
pc. ala nganggur.
thukluk :
êngg. gumuk, punthuk.
thuk-mis :
(ora kêna) wong [x] pc: anggêr ana wong wadon rada bêcik arêp didhêmêni. (thuk-mis = bathuk klimis).
thukul :
kn. 1 mêtu uwite (sêmi) tmr. wiji; 2 mêtu, wiwit katon tmr. gudhig lsp; 3 ana sing dadi wong kêtara tmr. turun; [x] atine: wiwit ngrêmbug marang; [x] rêjêkine: wiwit bisa sugih; [x] turune: turune ana sing dadi wong kêtara; nukulake: 1 nuwuhake; 2

--- 651 ---

thul ~ wada.

nganakake, njalari; kê-[x]-an: 1 kêtuwuhan; 2 kêdunungan; (thê)[x]-an: têtuwuhan, wit-witan.
thul :
êngg. pc. panyêluk marang bocah wadon.
thum :
pc. thim.
thumil :
sa [x] êngg. pc. sadumil (sathithik bangêt).
thumuk-thumuk :
pc. mlaku alon sêmu ngati-ati; kc. kêthumuk.
thumukul :
br. tuwuh, thukul.
thunthêng :
irêng [x]. irêng bangêt; saga [x]: saga têlik.
thung :
I kn. pêpindhan swaraning kêndhang, saèm. dhung. II di-[x]-ake kn. diathungake, dituduhake.
thungul :
mak [x] pc. sanalika mêncungul.
thung-thung :
êngg. kc. kc. thuh-thuh.
thur :
kn. cur; di-[x]-i: dicuri.
thus :
I mak [x] pc. katêranganing apa-apa sing mlêthèk lsp. II êngg. pc: ngêlokake yèn mèh kêna.
thut :
pc. pêpindhan swaraning somprèt lsp.
thuthuk :
kn. barang sing atos sing dianggo ndhêdhêg lsp; di-[x]: didhêdhêg nganggo barang sing atos.
(thuthul) :
di-[x] êngg. pc. dithothol.
thoyung :
pc. adhuh biyung !
thok :
I mak [x] kn. pêpindhaning swara nuthuk lsp; kc. thothok. II kn: ora nganggo wuwuhan liyane; up. sêga [x]; kc. thok-thok, thothok.
(thokêr) :
di-[x](i) kn. dithokèr(i).
thoklak-thaklik :
kn. oyag-ayig, oklak-aklik.
(thok-lèh) :
di-[x] pc. dicogêmol, didakwa (diarani ala) tanpa tèdhèng aling-aling.
thoklèk :
êngg. coklèk.
thoklo :
kn. sèngklèh mêngisor tmr. sungu kêbo.
thokol :
kn. 1 pc. thukul; 2 pranakan tmr. jaran; [x]-an: 1 sêmèn, thikilan; 2 thikilan kacang ijo, taoge; kc. thukul.
thokor :
êngg. ks. cokor.
thokrak :
êngg. pc. wis tuwa bangêt.
thok-thêl :
pc. 1 thok, thokthok; 2 rêga mati.
thok-thok :
pc. thok.
thok-wèl :
pc. mèlu-mèlu cawe-cawe; kc. cathok.
thol :
pc. le, thole.
tholang-tholang :
kn. katon dawa tlalangan.
thole :
kn. panyêluk marang bocah lanang.
tholo :
I kacang [x] kn. isi kacang lanjaran. II [x]-[x] pc: katon gundhul klimis.
thol-tholan :
kn. agahan ênggone nothol; kc. thothol.
thonthongan :
êngg. kênthongan.
thonthor :
kn. 1 tendha kreta, kêkêp lampu; 2 diyan nganggo kêkêp.
thongkrang :
êngg. pc. congkrang.
thonglang-thonglang :
kn. tholang-tholang.
(thongol) :
hase katon mênthungul; di-[x]-ake êngg. pc: dituduh minangka dadi sêsulih; [x]-an: sêsulih, wakil.
thongthongan :
êngg. pc. kênthongan.
thongthong-sot :
kn. ar. mêmêdi (setanan).
thor :
kn. pêpindhan swaraning kêstul lsp.
thorok-thorok :
pc. therok-therok.
thosol :
êngg. kiyêng, rosa.
thot :
pc. pêpindhan swaraning somprèt lsp.
thothit :
kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik; (bangku) [x]-an: bangku cilik pêsagi sikile cêndhèk.
thothok :
I kn. 1 kulit sing atos tmr. bulus, yuyu lsp; 2 gêgêring dlamakan ut. èpèk-èpèk. II di-[x] kn: dithuthuk nganggo tangan sing katamakake gêgêring athik-athikan driji. III pc: thok (ngêmungake).
(thothol) :
di-[x](i) kn. 1 dicucuk sarta digondhol (dipangan); 2 pc. dicolong, dislingkuhake; [x]-an pc: pangan, panganan.
thowok, thowong :
ni [x] kn. ar. dolanan nganggo siwur tuwin icir disandhangi dientha wong banjur dibuwang ing papan sing angkêr supaya kêsusupan dhêmit.
thowong :
êngg. cowong.
(thrathak) :
I pating [x], [x]-an kn. 1 tansah nywara thak-thak; 2 pating tlalang sarta nywara thak-thak (up. gèntèr digèrèd). II [x]-an pc: thak-thakan, clandhakan.
thrèkèl :
pating [x], [x]-an pc. padha mènèk kêthekelan; kc. thèkèl.
(thrèthèk) :
nrèthèk êngg. takon-takon diurut saka saomah.
thrèthèl :
pating [x] kn. katon padha thèthèl.
thrêthêk :
pating [x], nrêthêk pc. padha ndhrêdhêg untune gêtêr agathik.
(thrithik) :
nrithik, [x]-an kn. kumudu-kudu nyênyêkêl apa-apa.
thruthuk :
sêpur [x] kn. sêpur sing kêrêp mandhêg (sabên sêtatsiyun diampiri); nruthuk: mampir (sanja) ana ing êndi-êndi.
thruthus :
, pating [x], [x]-an pc. padha têka pating glibêd.
thronthong :
pating [x] kn. katon padha bolong tmr. gêdhèg lsp; di-[x]: dislowèri (dibolong mujur) tmr. pring sing dianggo cagak, usuk lsp.
throngol :
pating [x] pc. padha mênthongol; kc. thongol.
throthokan :
kn. ar. manuk.