Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

N

--- 335 ---

na ~ nayawit.

na :
I pc. saèm.lah. II pc: ana. III. [x] gandhul ([x] gandhèl) kn: [...][1] IV kw: mêngkono, mêngkana, mêngkene.
naas :
kn. (dina [x]) dina kang dadi sirikan ora kêna dianggo duwe gawe lsp. (yaiku dina gêblage wong tuwane lsp).
naba :
(S) kw.ak. langit, awang-awang.
nabag :
kn. gawe ut. ngêtrapi tabag; kc. tabag.
nabah :
I kw. nabuh; kc. tabah. II [x]-ake êngg: mbêtahake; kc. tabah.
nabastala :
(S) kw.ak. awang-awang, langit.
nabda :
kw. clathu, gunêman; kc. sabda.
nabêla :
kn. nglêbokake ing tabêla; kc. tabêla.
nabêrèni :
kn. ak. nyrêgêpi; kc. tabêri.
nabêt :
I kn. 1. ana tabête; 2. ana têtilase; kc. tabêt. II kw: nyabêt; kc. sabêt.
nabi :
I (A) kn. wong suci kang pinaringan pêpadhanging Allah bisa mêmêca. II (S) kw. (êngg.ki): wudêl.
nabiki :
kn. kurmat sarana tabik; kc. tabik.
nablasake :
êngg. mbutulake, nêrusake; kc. tablas.
nablêg :
êngg.kn. ngurug sumur lsp; kc. tablêg.
nabuh :
kn. 1. nuthuk gamêlan (bêdhug lsp); 2. êngg. nglêpasake mriyêm (bêdhil lsp); kc. tabuh.
nabur :
kn. mbludir; kc. tabur.
nabok :
(-i) kn. ngêplak êndhas; [x] nyilih tangan pr: mialani nyambat wong liya; kc. tabok.
nabrak :
êngg.pc. 1. numbuk; 2. nunjang, nrajang; kc. tabrak.
nabrang :
kn. ak. nyabrang; kc. sabrang.
nabrèni :
kn.ak. nyrêgêpi; kc. tabêri. nada (S) kw. 1. swara; 2 nywara, muni.
nadamah :
(A) kn.ak. piduwung, kêduwung, gêtun.
nadar :
(A) kn.ak. kaul, kasaguhan kang bakal dilakoni samangsa kang disêdya wis kêlakon.
nadi :
kw. kali.
nadpada :
kw. ngabêkti, sungkêm.
nadyan :
kn. sênadyan.
nadya :
br. aja.
najam :
(A) kn.ak. lintang.
najan :
pc. sênadyan.
najèni :
kn. sêsaji marang; kc. saji, sajèn.
naji :
kn. namakake taji; kc. taji.
najin :
I (ut. [x] -i) kn. ngiling tajin saka ing kêndhil; kc. tajin. II kn: mèh awoh (tmr. gêdhang).
najis :
(A) kn. 1 rêgêd (mungguhing agama Islam); 2 êngg. sêsukêr; 2 êngg. jijik, ora sudi; di-[x]-ake ak: 1 dianggêp najis; 2 dirêgêdi; 3 diêmohi.
najug :
kn. nakoni (ndakwa, ngunjêri); kc. tajug.
nadhah :
kn. 1 kw. mangan; 2 ak. manuh, matuh; 3 ak. kurang mayat (tmr. payon); kc. tadhah.
nadhong :
êngg. pc. nyadhong.
naèk :
I pc. ks. bêbanyu; kc. tai. II êngg. pc: munggah.
naga :
1 kw. ak. gajah; 2 kw. ula; 3 kn. ula gêdhe; 4 ak. ula siluman kang njaga keblat (ana kang alihan sabên dina, sasi, tahun, dianggo petungan).
naga-banda :
kn. ar. têmbang gêdhe.
nagagini :
kw. ula wadon.
nagakusuma :
1 kn. ar. têmbang gêdhe; 2 (ut. -puspa, -puspita) kw. nagasari.
nagara :
n. nagari k. 1 kutha kang didalêmi ing ratu; 2 kutha papaning panggêdhening karesidhènan, kabupatèn lsp; 3 tlatah kang kawêngku ing ratu (ut. presidhèn) 4 tanah; 5 pamarentah.
nagasantun :
k. ak. nagasari.
nagasari :
kn. 1 ar. wit; 2 ar. panganan (kang digawe gêdhang); 3 ar. bathikan.
nagasasra :
kn. ar. dhapuring kêris luk têlulas.
nagih :
kn. 1 njaluk supaya disauri, njaluk apa kang wis disaguhake; [x]-i: njalari pêtagihan;[2] kc. tagih.
nagih pati :
br. nêdya malês pati.
nagna :
(S) kw. ak. wuda.
nagur :
kn. intên tiron.f
nagri :
kw. nagara.
nah :
I pc. saèm. lah. II pc: nonah. III [x] anggèr kw: panyêluk marang wong nom kang dhuwur pangkate.
nahan :
I kn. mêkak. mbêtahake; kc. tahan. II kw: 1 mêngkono; 2 tumuli, banjur (tmr. crita).
nahas :
kn. ak. kc. naas.
nahên :
kw. nahan.
nahidi :
br. nêksèni; kc. said.
nahlilake :
kn. maca tahlil kanggo nyêmbahyangake; kc. tahlil.
nahmi :
(A) kn. ak. tuladha.
nahwu :
(A) kn. ak. paramasastra (Arab).
nai :
n. ninja k. 1 anak kucing, manak (tmr. kucing); 2 ak. kaya tai; 3 mêtu têtaine (tmr. wêsi); 4 ak. kaya têtai; 5 ks. bêbanyu; [x] lalêr pc. tansah madoni; kc. tai.
naib :
(A) kn. pangkating punggawa mêsjid sêsulihing pangulu.
naim :
(A) kn. ak. turu.
nain, naing :
êngg. kn. nanging.
naya :
I (S) kw. ak. 1 pratingkah; 2 kawicaksanan; 3 pangrèh (ing praja), pulitik. II ut. nayana kw. 1 ulat, polatan; 2 ak. mata.
nayab :
kn. nyolong mlêbu ing omah ing wayah awan; kc. sayad.
nayadake :
ak. ngawadake; kc. sayad.
nayadi :
kw. sumèh.
nayaga :
kn. ak. niyaga.
nayaka :
(S) L 1 kw. panuduh, panuntun; pangarêp; 2 juru rêmbug (pangkat sadhuwuring bupati); 3 kn. ak. ministêr.
nayana :
(S) kw. 1 ak. mata; 2 ulat, polatan.
nayang :
kn. ak. dadi sayang.
nayawit :
(S) kw. ak. wasis, pintêr.

--- 336 ---

nayub ~ namu.

nayub :
kn. njogèd ngibing tlèdhèk; [x]-an: njogèdake tlèdhèk diibing; kc. tayub.
nayuh :
kn. ak. 1 ngudi supaya diprimpèni (ing wêsi aji, jago kang arêp diêdu lsp); 2 (ut. [x]-i) mrimpèni; kc. tayuh.
nayukake :
kn. ngrukunake; kc. sayuk.
nayum :
kn. ak. jamurên, saya suwe saya gapuk; kc. tayum
nayung :
pc. mayung.
nayut :
kn. ak. 1 ngrangkul; 2 mulêt, nggubêd; 3 (ut. [x]-i) kw. nyandhêt; kc. sayut.
nayogyani :
kn. ak. mupakati, cocog; kc. sayogya.
nayoh :
kn. ak. nayuh.
nayom :
êngg. kn. ngajak; kc. sayom.
nak :
pc. anak.
naka :
(S) kw. kuku.
nakadake :
mbêtahake; kc. takad.
nakal :
kn. 1 ndhugal, ala atine; 2 ora manutan (tmr. jaran).
nakar :
kn. ak. riyaya tanggal 10 sasi Bêsar.
nakbiri :
kn. maca takbir; kc. takbir.
nakdir :
kn. ak. nêtêpake lêlakoning manungsa; kc. takdir.
nakjir :
kn. ak. nibani paukuman; kc. takjir.
nak-dulur :
n. nak-dhèrèk k; pc. nak-sanak.
nakèni :
nakèkakên k. nakoni, nakokake.
nakêr :
(-i) kn. ngukur nganggo takêran; kc. takêr.
nakir :
kb. gawe takir; kc. takir.
nakyinake :
kn. ak. mriksa; kc. takyin.
nak-kumanak :
kn. 1 turun-têmurun. tangkar-tumangkar; 2 anakane manak manèh (tmr. motangake dhuwit); kc. anak.
nakur :
(-i) kn. ngêruki nganggo sikil (tmr. jaran lsp); kc. thakur.
nakodha :
(Prs) kn. ak. sudagar palayaran.
nakoni :
n. nakèni k. ndangu k. takon marang; kc. takon.
nak-sêdulur :
n. nak-sadhèrèk k. sêdulur tunggal êmbah.
nak-sanak :
kn. kc. nak-sêdulur.
naksatra :
(S) kw. lintang.
naksihakên :
k: ngisihake.
naksir :
kn. ak. ngira-ira; kc. taksir.
nal :
kn. ak. ênal.
nala :
kw. ati, pangrasaning ati.
naladi :
naladake kn. ak. ngombèri wêktune; kc. talad.
nalak :
kn. ak. mêgat; kc. talak.
nalangi :
kn. 1 ngêtrapi talang; 2 nukokake dhisik; kc. talang.
nalangsa :
kn. ak. nlangsa.
nalar :
kn. 1 panggagas; 2 angên-angên, gagasan; 3 budi, bênêring pamikir; 4 pc. prakara; 5 ak. jalaran, sêbab; di-[x]-ake ak: ditêrangake jalarane.
nalendra :
kw. ratu; kc. narendra.
nalèni :
n. nangsuli k: ningsêti nganggo tali; kc. tali.
nalêrake :
kn. ak. nurut talêre; kc. talêr.
nalês :
êngg. kn. plikêt kaya talês (tmr. sêga).
nalêsi :
kn. ndhasari; kc. talês.
nalib :
kn. nêkuk, nglêmpit; kc. talib.
nalika :
I kw. nêlik. II kn: ing wêktu: [x] samana: ing wêktu iku; sa-[x]: ing wêktu iku uga.
naling :
(-tarung) kn. ngêtrapi sandhangan taling(-tarung).
nalirah :
(A) kn. ak. katêrangan bab jalaraning prakara; kc. nalar.
nalnalan, nalnilan :
pc. tansah mloka-mlaku mrana-mrana (tmr. bocah wadon).
naluhi :
êngg. ak. njêlèhi, mbosêni; kc. taluh.
naluri :
I kn. ak. miturut kang uwis-uwis; kc. luri. II kn. ak. darah, turun; 2 lêluhur kang nurunake.
nam :
kn. kc. anam, ênam.
nama :
k. jênêng; dipunnamani k. ak. diarani.
namakake :
kn. nandukake gêgaman lsp ing; kc. tama.
namar :
kn. ak. nyamur; kc. samar.
namaskara :
(S) kw. ak. panyêmbah, pangabêkti.
namatake :
kn. mandêng (ngingêtake) supaya tamat; kc. tamat.
nambahi :
kn. muwuhi; kc. tambah.
nambak :
(-i) kn. ndokoki tambak, mampêti; kc. tambak.
nambal :
kn. nutup jarit lsp. kang amoh; kc. tambal.
nambani :
I n. njampèni k. namakake tamba supaya mari; kc. tamba. II kn. ak: nindakake lsp. kalawan tamban; kc. tamban.
nambang :
I kn. ak. 1 ora ngomahi marang bojone (durung dipêgat); 2 nunggang prau ing kali; [x]-ake: nyabrangake sarana prau; kc. tambang. II (sa-[x]) kw: 1000.
nambang :
aksi kw. sawang-sawangan.
nambarake :
êngg. ak. njalari ngabar; kc. tambar.
nambèni :
êngg. k. nambani.
nambêli :
kn. muwuhi kakurangane; kc. tambêl.
nambêm :
(-ake) kn. ak. mêpêti.
nambêng :
(-ake) kn. ak. mêpêti.
nambêng :
I kn. 1 mêpêti ilining banyu; 2 êngg. mandhêg (tmr. banyu); kc. tambêng. II kn: 1 mbudhêg; 2 êngg. ngewuhake; kc. tambêng.
nambêr :
(-i) kn. ak. nyambêr; kc. sambêr.
nambêti :
k. ak. nambuhi.
nambi :
I kn. ak. nyambi; kc. sambi. II kw: mblela ing ratu.
nambuh :
(-i) n. nambêti k. ak: ora nggape marang; kc. tambuh.
nambung :
(-i) I n. nambêt k. ak. nyambung(-i); kc. sambung. II ([x] laku) kw: ethok-ethok ora wêruh.
nambur :
kn. ngunèkake tambur.
nambut :
kw. nampani, nyêkêl; [x] silaning akrama kw: laki, rabi; kc. sambut.
nambong :
kn. ethok-ethok ora wêruh.
namèk :
(-an, -na) êngg. pc. nanging.
nami :
êngg. k. jênêng.
namik :
(-na) êngg. pc. nanging.
naming, namong :
êngg. k. 1 mung; 2 nanging.
namnam :
(-an) kn. ar. wit sarta woh.
namnaman :
kn. barang-barang kang dinam; kc. anam, ênam.
namu :
I êngg. kn. slamêtan nylamêti bocah cilik; dinamoni êngg: dislamêti.

--- 337 ---

namudana ~ nangèni

II [x]-[x] kw: 1 ilang; 2 suwung, awang-awang.
namudana :
kw. kalawan sumèh; kc. samudana.
namun :
kn. ak. nyamun; kc. samun.
namung :
k. 1 mung; 2 êngg. nanging.
namur :
kn. ak. nyamur; kc. samur.
namoni :
k. ndhayohi; kc. tamu.
namong :
êngg. k. 1 mung; 2 nanging.
namostu :
(S) kw. ak. mugi pinujia.
nampa :
I kn. ak. nggawa ing tembor lsp. II n. nampi k êngg. ak. nampani n. nampèni k: nadhahi, nrima; kc. tampa.
nampah :
êngg. kn. kurang mayat (tmr. payon).
nampak :
êngg. kn. nyêbar ing pawinihan; kc. tampak.
nampan :
kn. ak. bngs. tembor; kc. panampan.
nampar :
I kn. gawe tampar, mlintir; kc. tampar. II kn. ak: nyampar; kc. sampar.
nampeyan :
êngg. pc. sampeyan (k. kowe).
nampèl :
kn. 1 namplèk; 2 nampik; kc. tampèl.
nampèni :
k. nampani.
nampêk :
kn. 1 napuk ing rai; 2 br. ngênani (tmr. kêsusahan lsp); kc. tampêk.
nampêl :
kn. nyakot lan nèmplèk (tmr. lintah); kc. tampêl.
nampêr :
êngg. kn. nabok nêmpiling; kc. tampêr.
nampi :
k. nampa.
nampik :
kn. ngêmohi, ora gêlêm nampa; kc. tampik.
namping :
kn. nggarap galêngan lsp. digawe mayat; [x]-i ak: ngaling-aling, ngayomi; kc. tamping.
nampyuk :
kn. ak. nyampyuk; kc. sampyuk.
nampu :
kn. ak. namponi; kc. tampu.
nampurnakake :
kw. nyampurnakake; kc. sampurna.
nampol :
êngg. kn. nêgor (kayu).
namponi :
kn. nyiprati (tmr. banyu udan); kc. tampu.
nampong :
êngg. kn. nampêk rai.
namtokake :
ak. nêtêpake; kc. tamtu, têmtu.
nana :
I ut. ora [x] êngg: ora ana. II kw. ak: 1 cangkêm, rai; 2 ilang rusak; 3 warna-warna.
nanah :
kn. banyuning tatu (gudhig lsp) warnane putih; [x] wuk: nanah kang rêgêd (mambu bangêt).
nanakan :
pc. tanak bangêt pangolahe.
nanak-nunuk :
êngg. pc. mlaku alon muk-mukan.
nanangan :
êngg. kn. sangan.
nanas :
kn. ar. têtuwuhan sarta woh.
nanate :
k. ak. nênau.
nandaka :
(S) kw. ak. banthèng.
nandana :
(S) kw. ak. anak.
nandangi :
kn. tumandang nggarap lsp; kc. tandang.
nandêr :
kn. ak. nyandêr; kc. sandêr.
nanduk :
kn. ak. kêna ing, ngênani; [x]-i: 1 nanggapi gunêm lsp; 2 ngimbuhi (pangan lsp); [x]-ake:1 namakake (gêgaman lsp); 2 ngêcakake; 3 êngg. ak. akon miwiti mangan; kc. tanduk.
nandur :
n. nanêm k. 1 mêndhêm têtuwuhan supaya thukul; 2 ndhêdhêr wiji; 3 ks. mêndhêm (ngubur); kc. tandur.
nanjak :
I kn. 1 êngg. ndêdêr (tmr. dalan); 2 saèm. mumbul (nalikane njogèd). II [x]-[x] kn. gronjalan arêp ngadêg; 2 pc. tansah cilaka (ngrêkasa); kc. tanjak.
nanjakake :
I êngg. kn. nyublêsake ing lêmah; kc. tanja. II kn. 1 migunakake dhuwit lsp (dianggo têtuku lsp); 2 pc. ngijir-ijir wêtuning dhuwit; kc. tanja.
nanjani :
kn. ak. sanja mênyang ing; kc. sanja.
nanjangi :
I k. nuturi; kc. sanjang. II êngg. kn. nêsêli (ngganti) tanduran; kc. tanjang.
nanjèhake :
êngg. nanjihake.
nanjihake :
kn. mriksa lan nggênahake, nyatakake; kc. tanjih.
nanjir :
kn. 1 ([x] êndhas) nyunduki êndhas ing tumbak lsp; 2 êngg. ndakwa; kc. tanjir.
nanjuk-nanjuk :
kn. numbuk-numbuk.
nanjung :
I kn. ak. awangun kaya kêmbang tanjung. II (sa-[x]) kn. ak: sacêthing, satenggok (tmr. sêga). III kw: salin (jênêng lsp).
nandhak :
êngg. kn. njogèdi tlèdhèk, ngibing; kc. tandhak.
nandhakake :
kn. ak. mracihnani; kc. tandha.
nandhani :
kn. nyirèni, nèkêni; 2 mracihnani, nêrangake yèn; kc. tandha.
nandhang :
kn. 1 ak. nyandhang, mênganggo (sandhangan); 2 nêmahi (sangsara lsp); [x] dosa (-kêluputan): nglakoni dosa (kaluputan); [x] sangsara: nêmahi sangsara; kc. sandhang.
nandhêg :
kn. ak. nandho, ngênêngake bae nganti akèh; kc. tandhêg.
nandhês :
1 kn. nganti jêro tumamane, têkan ing dhasar; 2 êngg. k. êntèk; kc. tandhês.
nandhing :
kn. madhakake lan nglimbang (nimbang); kc. tandhing.
nandhu :
I kn. mikul (nggawa ing) tandhu; kc. tandhu. II êngg. kn. nggadhe sawah; kc. tandhu.
nandho :
kn. nglumpukake nganti akèh; kc. tandho.
naning-naning :
kn. mantha-mantha dadi taningan; kc. taning.
nantang :
kn. ngajak padu lsp; kc. tantang.
nanting :
kn. 1 nglanting; 2 nimbang sarana kadèkèk ing tangan; 3 takon gêlêm lan orane; kc. tanting.
nantun :
k. nari.
nang :
I pc. mênyang. II êngg. pc. ana ing. III êngg: kêna ing. IV êngg: thole; kc. lanang, kênang.
nangani :
kn. 1 ak. nandangi dhewe; 2 mara tangan (milarani); kc. tangan.
nangèkake :
(ngwungokake ki) 1 nglawani supaya tangi; 2 nggugah; kc. tangi.
nangèni :
kn. tangi arêp mêthukake (maling lsp); kc. tangi.

--- 338 ---

nangga ~ nararya.

nangga :
I kn. sanja mênyang ing tangga; kc. tangga. II n. nanggi k. ak: nyangga.
nanggahi :
êngg. k: nangguhi.
nanggal sapisan :
br. wangune kaya tanggal sapisan (tmr. alis).
nanggap :
kn. 1 nakoni, 2 ngrungokake têmênan; 3 nganakake tontonan sarana opahan; kc. tanggap.
nanggèni :
k. ak. nanggoni.
nanggêl :
k. nanggung.
nanggêm :
kn. masang ing tanggêm; kc. tanggêm.
nanggênah :
kn. ak. matah marang (masrahi pakaryan); kc. tanggênah.
nangguh :
kn. nuju ing mangsa (wêktu) kang prayoga; [x]-i ak: nanggung yèn mêsthi bakal kêlakon; kc. tangguh.
nanggul :
kn. ak. masang (gawe) tanggul ing; kc. tanggul.
nanggulangi :
kn. 1 nyandhêt, ngalang-alangi; 2 nglawan panêmpuhing mungsuh; kc. tanggulang.
nanggung :
I n. nanggêl k. mung têngah-têngah (ora mbabar pisani, durung tutug); kc. tanggung. II n. nanggêl k. ndhadhagi (nyanggêmi) yèn ana pakewuhe, mêsthèkake katêmênane (bêcike lsp) kanthi kasaguhan; kc. tanggung.
nanggung maras :
kw. kuwatir, sumêlang.
nanggoni :
kn. ak. ndhadhagi; kc. tanggon.
nanggori :
kn. 1 kêtanggor ing; 2 êngg. pc. kêprêgok, kêpapag karo; kc. tanggor.
(nangi) :
nênangi kn. nggugah (pêpenginan lsp); kc. tangi.
nanging :
kn. 1 têmbung pangikêt mratelakake kosok balèn; 2 ak. mung.
nangis :
kn. muwun ki. mêdharake (ngêtokake) tangis; kc. tangis.
nangka :
kn. ar. wit sarta wohe; [x] sabrang ([x] wlanda): ar. wit sarta wohe rasane kêcut.
nangkarake :
kn. 1 miyara supaya nak-kumanak (tmr. sapi lsp); 2 ngêpingake; kc. tangkar.
nangkêb :
kn. tumangkêb, tumutup; kc. tangkêb.
nangkêp :
kn. 1 êngg. ak. nyandhak, nyêkêl; 2 nukup durjana lsp; kc. tangkêp.
nangkil :
kw. seba, ngadhêp; kc. tangkil.
nangkis :
kn. mbalèkake (nulak) tibaning gêgaman lsp; kc. tangkis.
nangkoda :
kn. ak. nakoda.
nanglêd :
êngg. k. 1 nagih; 2 nakêr; [x]-i êngg. k. 1 (ut. [x]-akên) nakoni, nakokake; 2 narungi; kc. tanglêd.
nangnangan :
pc. ênggone mênang.
nangsaya, nangsayani :
kw. njalari sangsara; kc. sangsara.
nangsangi :
1 kn. ak. sumangsang ing; 2 ki. ngalungi; 2 ki nyundhuki; kc. sangsang.
nangsarani :
kn. ak. njalari sangsara.
nangsuli :
k. nalèni.
nangtang :
kn. ak. nantang.
nangting :
kn. ak. nanting.
(nau) :
nênau n. nênate k. ak. nglêlantih; kc. tau.
naun :
1 kn. (lunga lsp) nganti têtaunan (suwe bangêt); 2 êngg. k. taun; kc. taun.
nauri, naurani :
kn. ak. nyauri, mangsuli; kc. saur.
naut :
kn. ak. nyokot, nyaut; kc. saut.
napa :
I pc. k. apa. II ([x] aruh) kn. ak: nyapa; kc. sapa.
napak :
kn. 1 tumapak ing; 2 miwiti tumandang; kc. tapak.
napak tilas :
kn. nglari, nulad kang wis linakonan ing liyan.
napakake :
I kn. midakake sikil ing; kc. tapak. II kn. tapa tumrap ing wong liya; kc. tapa. III dipun-[x] pc. k: diapakake, dikapakake.
napal :
êngg. ak. lapal.
napani :
kn. ak. nglakoni tapa marang; kc. tapa.
napas :
I kn. klawu sulak kuning (tmr. ulêsing jaran) II (A) kn: 1 ambêkan; 2 br., roh.
nape :
kn. gawe tape, dadi kêcut (tmr. têbu lsp); kc. tape.
napèni :
êngg. kn. ngilangi lan milihi rêrêgêd kang campur ing bêras lsp. sarana ditintingi ing tampah lsp; kc. tapi.
napêl :
kn. 1 ngrakêtake, matri; 2 nampêl (tmr. lintah); [x]-i: ngêtrapake tapêl ing; kc. tapêl.
napi :
I êngg. kn. napèni; kc. tapi. II êngg. k. apa. III êngg. nanging. IV kw. suwung (tanpa apa-apa).
napih :
kn. ak. misah, nyapih; kc. sapih.
napihi :
kn. ngétrapake tapih ing; kc. tapih.
napis :
(ake) kn. nggolèki lsp. nganti tapis; kc. tapis.
napuk :
kn. nampêk rai; [x]-ake: miwiti; kc. tapuk.
napung :
(ake) kn. ngêsokake bêras karon ing kukusan; kc. tapung.
napsi-napsi :
êngg. kn. 1 warna-warna; 2 walak-walak, mawa-mawa.
napsir :
êngg. pc. ngira-ira (kèhe lsp); kc. tapsir.
napsiri :
kn. ak. nêrangake makna (surasa); kc. tapsir.
napsu :
(A) kn. ak. 1 hardaning ati; 2 muring; kc. nêpsu.
naptu :
kn. angkaning dina (sasi, taun lsp, ing petungan).
naradipa, naradipati, naraji :
kw. ratu.
narah :
kw. nyarah, sumarah marang; kc. sarah.
naraka :
kn. papan paniksaning sukma (ing alam ngakerat).
narakarya :
kw. karerehan.
narakusa, narakuswa :
1 kw. wong-wong ut. palêmahan miji (kagunganing ratu); 2 êngg. wong-wong kang wajib kêna ing pagawean gugur-gunung.
naranata :
(S) kw. ratu.
narang :
kn. nyèlèhake (nggantung) ing papan kang dhuwur (tmr. jagung lsp); kc. tarang.
narapati :
(S) kw. ratu.
narapraja :
kw. priyayi.
narapwan :
kw. supaya.
nararya :
(S) kw. ratu.

--- 339 ---

naraca ~ nawar.

naraca :
(S) kw. panah.
narawantah :
kw. linuwih.
narawara :
(S) kw. senapati, prajurit.
narawata :
kw. sumêbar anjrah, tanpa kêndhat.
narawita :
kn. 1 ak. mung mligi kagêm ing panjênênganing ratu (tmr. sawah, palêmahan lsp); 2 sawah lsp. ing padesan kang dipilih karo panunggalane (dimligèkake); 3 êngg. sawah darbèking padesan.
narbukani :
kn. nêrangake têgêsing impèn lsp. kc. tarbuka.
narjoni :
kn. ak. mupakati, nayogyani; kc. sarju.
narendra, nareswara :
(S) kw. ratu.
narendramahisi, narèswari :
(S) kw. garwaning ratu, ratu putri.
narêngi :
kn. ak. mbarêngi; kc. sarêng.
nari :
I n. nantun k. takon gêlêm lan orane; kc. tari. II (S) kw. ak: wong wadon.
narik :
I kn. 1 nggèndèng, nggèrèd, nyènèng; 2 ngunus, nglulus; 3 njaluk dhuwit pajêg (urunan lsp); 4 nggêbug ing lotre; 5 ngundang marang pangadilan; kc. tarik. II [x]-[x] kn. nata tharik-tharik; kc. tharik.
narima :
n. narimah k. ak. nrima.
naring :
kn. ak. nyoba; kc. taring.
narya :
kw. ratu; kc. nararya.
naryama :
(S) kn. ak. senapati.
narka :
kn. ak. ndakwa, ngira ala; kc. têrka.
narmada :
kw. kali.
narnaran, nar-nir :
pc. tansah sumêlang atine.
narubake :
kn. ak. nglumpukake wadyabala; kc. tarub.
naruh, naroh :
êngg. kn. ndèkèkake, nyèlèhake; kc. taruh.
naruh :
(-i) kw. mbarungi, nêngah-nêngahi ngrigoni; kc. taruh.
naruhake :
êngg. kn. manuhake; kc. taruh.
naruk, narok :
êngg. kn. nyèlèhake, ndèkèkake.
narukrama :
kw. tumindak kang murang tata; kc. saru.
narung bingung :
(-binung) êngg. pc. nrunjêl mèlu gawe rame.
narungi :
n. nanglêdi k. ak. nglawan; kc. tarung.
naros :
êngg. k. nari.
narpa, narpati :
kw. ratu.
nas :
I pc. 1 ora suda saku,[3] 2 wis dianggêp kalah (marga nrajang wêwatoning dolanan lsp). II kn. ak: têtêmbungan (ing kitab).
nasa :
(S) kw. ak. irung.
nasab :
(A) kn. ak. turun.
nasabi :
kn. ak. nutupi; kc. sasab.
nasag :
kn. nrajang; kc. sasag.
nasak :
êngg. kn. nrajang ing têngah (pasukêtan lsp); kc. sasak.
nasaki :
kn. ngêtrapi sasak ing; kc. sasak.
nasar :
kn. ak. mblasar, kliru; [x]-ake: mblasukake; kc. sasar.
Nasarani :
kn. ak. Kristên.
nasdikake :
kn. ak. nyatakake; kc. tasdik.
nasehat, nasekat, nasihat :
(A) kn. ak. pitutur.
nasib :
(S) kn. ak. bêgja-cilaka, pêpêsthèning lêlakon.
nasihakên :
êngg. k. ngisihake.
nasika :
(S) kw. irung.
nasiki :
ki. mupuri; kc. tasik.
nasional :
(W) kn. kabangsan.
nasionalis :
(W) kn. wong kang ngrungkêbi kabangsan.
nasoka :
(A) kn. ak. kêduwung (martobat) têrusing ati).
nasrahi :
kn. ak. mènèhi sasrahan.
Nasrani :
kn. ak. Kristên.
nastapa :
kw. 1 susah, sêdhih; 2 prihatin; 3 mêrtapa.
nastijab :
kn. ak. mandi, sêtijab.
nastika :
(S) kw. ak. wong tanpa agama.
nastiti :
kn. ak. sêtiti.
nastha :
(S) kw. rusak, ilang.
nata :
I kn. ngrakit, masang; kc. tata. II (S) kw. ratu.
natah :
kn. namakake tatah; kc. tatah.
natal :
kn. 1 ak. ninggal tatal (turahan); 2 êngg. ks. mangan; kc. tatal.
natar :
kw. latar.
natas :
kn. 1 mêdhot; 2 (sawêngi [x]) muput; kc. tatas.
nate :
k. tau.
nati :
(S) kw. ak. pasaja.
natkala :
kn. ak. nalika, rikala.
natmata :
I kw. mandêng; kc. satmata. II [x] ing brangta kw. agawe lêganing sêngsêm.
natur :
kn. 1 akon ngadêg jêjêg (tmr. jaran); 2 ngotong[4] bocah kang arêp bêbanyu; kc. tatur.
natoni :
kn. njalari tatu; kc. tatu.
natos :
êngg. k. tau.
natpada :
kw. sumungkêm.
natya :
kw. pasêmoning polatan (praèn).
nacab :
êngg. kn. 1 nyabrang; 2 nganggo lênga cacab; kc. cacab.
nacad :
kn. mada, maoni; kc. cacad.
nacah :
kn. 1 ngirisi (ngrajang) lêmbut-lêmbut; 2 ngrikiti jarit lsp. (tmr. tikus); kc. cacah.
nacahake :
kn. milang pira cacahe; kc. cacah.
nacak :
êngg. kn. miwiti nyoba; kc. cacak.
nacal :
kn. ak. macal; kc. cacal.
nacar :
I kn. nyublik; kc. cacar. II êngg. kn. mancas; kc. cacar.
nacing :
kn. ak. kaya cacing; [x]-i: ngombèni obat cacing; kc. cacing.
nawa :
I n. nawi k. ak. 1 nganyang; 2 tawa, akon tuku; kc. tawa. II (S) kw. 9.
nawala :
(-patra) kw. 1 layang; 2 layang katêrangan.
nawani :
n. nawèni k. tawa marang; kc. tawa.
nawang :
kn. 1 ak. nyawang; 2 (ut. [x]-ake) ndêlêng sarana dipadhangake ing sorot; kc. sawang, tawang.
nawar :
I (ut. [x]-ake) kn. gawe tawar (ing wisa lsp); kc. tawar.

--- 340 ---

nawèkakên ~ netra.

II êngg. kn. nganyang; 2 tawa, nawani; kc. tawar.
nawèkakên :
k. nawakake; kc. tawa.
nawèni :
k. nawani; kc. tawa.
nawêngi :
kw. nglimputi; kc. tawêng.
nawi :
I k. nawa. II kn. êngg: 1 nanging; 2 (ut. nawian, nawin) rak, jêr.
nawu :
kn. ngêsat sarana dicidhuki banyune; kc. tawu.
nawung :
kn. ak. 1 ngumpulake; 2 nata, nganggit; 3 mangsuli; [x] kridha kw: alus pangrasane nganti bisa nanggapi krêntêging liyan; [x] rudatin ([x] turida) kw: nandhang susah (sêdhih); kc. sawung.
nawur :
I (ut. [x]-ake) kn. ak. nyawurake. nyêbar; kc. sawur. II êngg. kn: nibakake jala; kc. tawur.
neje :
êngg. ak. ndhewe; nèjèkake ak. milah ndhèwèkake; kc. seje.
nèdhèng :
I kn. ak. nyèdhèng; kc. sèdhèng. II [x]-[x] pc: ngaton mêtu.
nèdhèngi :
kn. ngalingi nganggo tèdhèng; kc. tèdhèng.
negakake :
kn. tega marang; kc. tega.
negang-negong :
êngg. pc. menggak-menggok; kc. tegongan.
negin :
êngg. kn. isih.
negung, negong :
êngg. pc. menggok, nêkuk; kc. tegongan.
nèh :
I pc. jêrnèh. II pc. manèh. III di-[x]-i pc. diwènèhi.
neyok :
(-i) êngg. kn. ngrauk; kc. ceyok.
neyosakên :
êngg. k. nèjèkake; kc. seje.
nèk :
I (ut. [x]e) pc. 1 yèn, mênawa; 2 (ut. [x]-ne, [x]-[x]-ne) êngg, bok mênawa. II di-[x]-i pc: diwènèhi. III [x]-e êngg: 1 duwèke; 2 ênggone, olèhe. IV êngg. pc. nini.
neka-neka :
kn. ak. warna-warna.
nekad :
kn. 1 tumindak ngukuhi panêmune dhewe; 2 ([x]praya) ora prêduli apa-apa; kc. tekad.
nèkêl :
(W) kn. ar. logam saèm. slaka.
nèkên :
(-i) kn. nandha-tangani; kc. tèkên.
nèkêr :
pc. dhir, sêtin.
nèkêt :
pc. panèkêt.
nekung, nekong :
pc. menggok têtikungan; kc. tikung.
nelad :
kn. nuladha, niru; kc. telad.
nelak :
pc. mbukak kêrtu; kc. telak.
nelakake :
pc. nêrangake, mratelakake, mracihnani; kc. tela.
nèlèri :
pc. ngrêgêdi; kc. tèlèr.
nèlnèlan :
pc. tansah mloka-mlaku (ora jênjêm) tmr. bocah wadon.
nèm :
k. nom.
nemahakên :
êngg. k. nomahake.
nembak :
I êngg. kn. niru, nulad; kc. tembak. II êngg. kn: mbêdhil; kc. tembak.
nèmbèl :
kn. nambal; kc. tèmbèl.
nemblok :
êngg. kn. mopok; kc. temblok.
nembo :
êngg. kn. ngising ditadhahi godhong banjur dibuwang.
nembok :
kn. mopok; kc. tembok.
nempe :
I kn. gawe tempe. II êngg. ikêt-ikêtan mlithit.
nèmpèl :
kn. tumèmpèl ing; kc. tèmpèl.
nèmplèk, nemplok :
kn. rakêt tumèmplèk; kc. tèmplèk, tembplok[5]
nèmpol :
kn. gupak rêrêgêd.
nèmpong :
êngg. kn. napuk pipi; kc. tempong.
nendra :
kw. turu.
nenja :
êngg. k. nai.
nènèk :
pc. nini.
nènèman :
k. nonoman.
nènèr :
êngg. kn. mèmèt.
nènès :
kw. kênès.
nènthèng-nènthèng :
pc. ngatonake pratingkah sajak nantang.
nèng :
I pc. 1 ana ing; 2 mênyang ing. II pc. thèng.
nèngane :
êngg. pc. e dadi mêngkono!
nèngèl :
pc. êndhase mênthungul; kc. thèngèl.
nèngèng :
kn. ngiringake gulune; kc. tèngèng.
nènggane :
êngg. mênawa.
nènglèng :
êngg. mènglèng; kc. tènglèng.
nengok :
êngg. pc. ngungak, ndêlêng; kc. tengok.
nepang :
kn. saèm. nêndhang; kc. tepang.
nepasi :
kn. ngêbuti nganggo tepas; kc. tepas.
neple :
pc. asor (cilik) bangêt.
neploki :
pc. (uripe) nunut ing liyan; kc. teplok.
nepong :
(-i) kn. 1 nggitik (nyabêt) ing tepong; 2 êngg. mopok galêngan; kc. tepong.
nepos :
kn. nyablèk bokong; kc. tepos.
nèrèng-nèrèng :
kn. mlaku sêmu miring; kc. sèrèng.
nèrès, nèrês :
kn. nganggo tèrês; kc. tèrès, tèrês.
nering-nering :
kn. nèrèng-nèrèng.
nèriti :
(S) kw. ak. kidul kulon.
nerok :
êngg. kn. niru; kc. terok.
nèsèg :
êngg. kn. nèsèk.
nèsèk :
I êngg. kn. 1 nasak; 2 ngrèngkèl, ngèyèl; kc. sèsèk. II êngg. kn: njaluk sêmbêt; kc. sèsèk.
nèsèr :
kn. golèk iwak nganggo sèsèr; kc. sèsèr.
nèsèt :
I kn. nglocop kulit lsp; kc. sèsèt. II kn. ak. akèh bangêt (untêk-untêkan).
nèt :
I di-[x] pc. dipènèt. II êngg. kn; trêp. III di-[x] kn. ditulis bêcik bangêt.
netah :
kn. ngajari mlaku bocah cilik; kc. tetah.
nètèg :
I kn. ngêtok-ngêtokake supaya ilang rêgêde; kc. tètèg. II êngg. kn. notog; kc. tètèg.
nètèh :
êngg. kn. bêcik bangêt; [x]-ake: ngucapake kalawan cêtha; kc. tètèh.
nètèk :
pc. nusu; kc. tètèk.
nètèr :
I kn. nyoba kapintêrane lsp; kc. tètèr. II kn. ak. rada mayat.
nètèsi :
kn. 1 tumètès kêna ing; 2 mancurake banyu ing; 3 ak. cocog têmênan karo; kc. tètès.
netra :
kw. mata.

--- 341 ---

netral ~ nêla.

netral :
(W) kn. ora ngiloni sapa-sapa, tanpa agama (tmr. pamulangan).
netya :
kw. pasêmoning polatan (praèn).
nècègake :
êngg. pc. nocogake; kc. cècèg.
nècèk :
(-i) kn. ngiris kulit kayu lsp. ora nandhês; kc. cècèk.
nècèli :
kn. mêcèli kayu lsp; kc. cècèl.
nècês, nècis :
(W) pc. sarwa bêcik (rêsik).
nethe :
pc. tansah gunêman rame (bocah wadon).
nèthèki :
kn. 1 nuthuki kayu lsp; 2 pc. nuthuki untu supaya rampal; kc. thèthèk.
nèthèl :
(-i) kn. 1 nèsèt ut. nyopot kang krakêt; 2 êngg. ak. ngêlèti; kc. thèthèl.
nèwu :
I êngg. kn. nawu. II pc. panèwu.
(nêb) :
I di-[x](-ake) kn. dilèrènake supaya mênêb; kc. ênêb, mênêb. II di-[x](-i, -ake) pc. diinêbi(-i, -ake); kc. inêb.
nêba :
kn. bêbarêngan ambyuk ing (sawah lsp); kc. têba.
nêbah :
I kn. 1 êngg. ak. ndhodhog (lawang lsp); 2 nêpak-nêpak sêru; kc. têbah. II êngg. kn. nrajang bêthèk lsp.
nêbak :
I kn. nubruk tangane katamakake dhisik, ndêkêp kanthi mêncolot; kc. têbak. II êngg. kn: mbabadi; kc. têbak.
nêbal :
I êngg. kn. macul têtuwuhan dikatutake lêmahe; kc. têbal. II kn. ak. nyêbal; kc. sêbal.
nêbang :
êngg. kn. nêgor; kc. têbang.
nêbar :
kn. ak. nyêbar; kc. sêbar.
nêbaruk :
kn. nrambul mèlu kêndurèn lsp; kc. têbaruk.
nêbas :
I kn. 1 tuku wowohan (pari lsp) isih ana ing wit; 2 mborong, ngutangi dhuwit dhisik; kc. têbas. II [x]-[x] êngg. pc: mlayu gêdandapan.
nêbda :
kw. clathu, gunêman; kc. sabda.
nêbêk :
êngg. nêbak; kc. têbêk.
nêbêla :
kn. nglêbokake ing têbêla; kc. têbêla.
nêbêngi :
kn. ak. nglumpuk ing; kc. têbêng.
nêbêrèni :
kn. nyrêgêpi; kc. tabêri.
nêbih :
k. ngadoh; kc. adoh.
nêbit :
kn. ak. nyêbit; kc. sêbit.
nêbu :
I n. ngrosan k. nanduri têbu; [x] sauyun pr: rukun bangêt; kc. têbu. II nênêbu kn: nglêlantih mlaku (tmr. bocah cilik); kc. têbu.
nêbus :
kn. njaluk bali barang lsp. sarana mbayari utange; kc. têbus.
nêbut :
kn. ak. nyêbut; kc. sêbut.
nêbok :
I kn. ngêtrap têbok ing; kc. têbok. II êngg. kn: mbacok; kc. têbok. III êngg. pc: ngelikake.
nêdahakên :
k. nuduhake; kc. tuduh.
nêdayakakên :
k. ak. ngabèhake; kc. kabèh.
nêdya :
kn. sumêdya, niyat; kc. sêdya.
nêjarahake :
kn. ak. ngandharake; kc. sêjarah.
nêjujungake :
kn. ak. nggêjojorake sikil; kc. sêjujung.
nêdha :
k. 1 njaluk; 2 mangan; 2 ak. ayo.
nêdha nrima :
kn. ak. matur nuwun.
nêdhak :
k (êngg. kn). nurun, [x]-i ki: 1 nuruni; 2 marani; kc. têdhak, turun.
nêdhani :
I k. 1 njaluki; 2 makani; 3 mangani. II kw: mènèhi; kc. patêdhan.
nêdhas :
kn. (kulite) padha thithal lsp. marga kêtaman sabun kang kêras lsp; [x]-i ak: ngênani; kc. têdhas.
nêdhêng :
kn. mbênêri, lagi tumêka ing mangsane; kc. sêdhêng.
nêdhi :
êngg. k. 1 njaluk; 2 mangan; kc. têdha, têdhi.
nêgal :
n. nêgil k. 1 ndadèkake (gawe) têgal; 2 nandur ing têgal; kc. têgal.
nêgale, nêgalo :
êngg. pc. k. kae lo!
nêgar :
kn. mlayu bantêr (tmr. jaran); kc. têgar.
nêgara :
n. nêgari k. kc. nagara.
nêgêl :
êngg. kn. muni nggantêr (tmr. manuk); [x]-i, nêgêni ak. nindakake (nggarap lsp) kalawan têgêl; kc. têgêl, têgên.
nêgês :
I kn. takon mungguhing karêp (têgêse); [x]-i: njarwani, nêrangake têgêse; kc. têgês. II kn: udud têgêsan (ing liyan); kc. têgêsan.
nêgi :
êngg. pc. ([x] lawang) nginêb lawang; kc. têtêg.
nêgil :
k. nêgal.
nêgile, nêgilo :
êngg. pc. k. iki lo!
nêguhi :
(-ake) kn. ak. ngukuhi, nyêntosani; kc. têguh.
nêgule, nêgulo :
êngg. pc. k. iku lo!
nêgor :
I kn. ngêbrukake wit lsp. sarana dikêthok pokoke; kc. têgor. II êngg. kn: ngaruh-aruhi; kc. têgor.
nêhêr :
kw. tumuli, banjur.
(nêka) :
nênêka kn. ak. lagi bae têka ana ing sawijining panggonan; kc. têka.
nêkaburake :
kn. ak. ngumukake; kc. têkabur.
nêkak :
kn. ngênêtake gulu; kc. têkak.
nêkani :
n. ndhatêngi k. (ngrawuhi ki) têka ana ing; 2 nyêmbadani, nglêksanani; kc. têka.
nêkdir :
pc. mêsthèkake lêlakon; kc. takdir.
nêkèk :
kn. 1 wis tuwa bangêt (ent. tumuwa); 2 êngg. wis matêng bangêt (tmr. wowohan).
nêkerah :
kn. ak. ngrekani; kc. têkerah.
nêkêk :
êngg. kn. nêkak.
nêkêl :
êngg. ak. nyêkêl; kc. cêkêl.
nêkêm :
kn. nggêgêm, nyêkêl pangawasa lsp; kc. têkêm.
nêkêni :
kn. mènèhi têkên (ent. nulungi); kc. têkên.
nêklèk :
pc. putung; kc. cêklèk.
nêkuk :
kn. 1 ngukêl (mbêkuk) banjur dilêmpit; 2 awangun tikungan; kc. têkuk.
nêkung :
kw. 1 sidhakêp ngêningake cipta (sêmadi, nênuwun); 2 mêlêng, mindêng; kc. sêkung.
nêksa :
kn. ak. mêksa; kc. têksa.
nêksèni :
kn. dadi sêksi mungguhing (prakara lsp); kc. sêksi, saksi.
nêksihakên :
k. ngisihake.
nêksir :
kn. ngira-ira rêgane lsp; kc. têksir.
nêla :
kn. mblêgag (bêngkah) tmr. lêmah; kc. têla.

--- 342 ---

nêladha ~ nênga.

nêladha :
kn. ak. nulad, nelad.
nêlag :
êngg. kn. pinuju ora ana (tmr. wowohan); [x]-i(-ake) ak: nglowongi, nglowoki; kc. têlag.
nêlahi :
kw. sumorot, sumunar; kc. têlah.
nêlani :
kn. ak. nyêlani; kc. sêla.
nêlas :
k. ngêntèk; [x]-i ak: ngrampungi (matèni); [x]-akên k: ngêntèkake; kc. êntèk.
nêlês :
kn. ak. njarag supaya têlês; [x]-i: nyiram lsp. supaya têlês; kc. têlês.
nêlih :
kn. ak. bakul pitik; kc. têlih.
nêlik :
kn. ndingkik mungsuh lsp; kc. têlik.
nêluh :
(-i) kn. ak. ngguna-gawe; kc. têluh.
nêlukake :
kn. ngalahake mungsuh nganti têluk; kc. têluk.
nêlungake :
kn. niyungake lsp. nganti tumêlung; kc. têlung.
nêloni :
n. nigani k. ngganêpi dadi têlu; kc. têlu.
nêm :
kn. 6; di-[x]-i: diganêpi dadi nêm; kc. kanêm.
nêm wang :
kn. ak. 50 sèn.
nêmah :
kn. ak. njarag nêmpuh kacilakan lsp; [x]-i: 1 nandhang; 2 ing wasanane; kc. têmah.
nêmaha :
kn. njarag; kc. têmaha, maha.
nêmang :
êngg. kn. 50 sèn.
nêmbadani :
kn. ak. nyêmbadani; kc. sêmbada.
nêmbah :
kn. ak. nyêmbah, ngajèni; kc. sêmbah.
nêmbahyangi :
(-ake), nêmbayangi(-ake) ka. ak. nyêmbahyangi(-ake); kc. sêmbahyang.
nêmbako :
n. nyata k. ak. nanduri têmbako.
nêmbalang :
kw. ambyuk ing (marang).
nêmbang :
I kn. 1 ak. nabuh (têngara lsp); 2 ngrêmbang (têbu lsp); kc. têmbang. II n. nyêkar k: maca têmbang (ent. ngarang têmbang); kc. têmbang.
nêmbaruk :
pc. nêbaruk.
nêmbe :
kn. lagi bae; kc. têmbe.
nêmbêlang, nêmbêlong :
kn. ak. katon blêntong-blêntong; kc. têmbêlang.
nêmbêlèk :
êngg. ak. nêlèk; kc. têmbêlèk.
nêmbing, nêmbir :
kn. ak. minggir, nêpi; kc. têmbing.
nêmbung :
I ki. nyêmêthi; kc. têmbung. II êngg. kn. nggêbug, nggitik; kc. têmbung. III kn: ngucap njaluk; [x]-ake: 1 ngucapake ing têmbung (têtêmbungan); 2 njalukake; kc. têmbung. IV êngg. kn: nggathukake, ngêtrap; kc. têmbung.
nêmbur :
kn. ak. nyêmbur; kc. sêmbur.
nêmbrama, nêmbrami :
kw. mbagèkake; kc. sambrana, sêmbrana.
nêmbranani :
kn. ak. nyêmbranani; kc. sêmbrana.
nêmên, nêmênani, nêmênèni :
êngg. pc. kalawan têmên-têmén, bangêt; kc. têmên.
nêmu :
n. manggih k. 1 olèh apa-apa ora dijarag; 2 ngonangi; kc. têmu.
nêmu gawe :
pc. olèh karibêtan.
nêmu kaluputan :
([x] luput) ak: kêluputan.
nêmu kelangan :
pc. olèh apa-apa kang minangka gantine kang ilang.
nêmu kuwuk :
pc. nyandhak nalikane kêpêngkok (kêtêmu).
nêmokake :
n. manggihakên k. 1 nggathukake, njalari kêtêmu; 2 nggathukake pangantèn; kc. têmu.
nêmoni :
n. manggihi k. 1 kêtêmu karo, kêpapag karo; 2 ngajak omong lsp. marang dhayoh; kc. têmu.
nêmpah :
I kw: nêmpuh; kc. têmpuh. II [x]-i, [x]-ake k. nêmpuhi, nêmpuhake; kc. têmpuh.
nêmpak :
êngg. k. numpuk; kc. tumpuk.
nêmpakake :
kn. mapakake nganti têmpak; kc. têmpak.
nêmpati :
êngg. kn. têka têtulung; kc. têmpat.
nêmpelang :
kn. mungkus (gawe) têmpelang; kc. têmpelang.
nêmpeling :
êngg. kn. nêmpiling; kc. têmpeling.
nêmperong :
êngg. kn. napuk rai; kc. têmperong.
nêmpil :
kn. 1 tuku sathithik; 2 mèlu nunut; kc. têmpil.
nêmpiling :
kn. ngantêm ing pilingan (êndhas); kc. têmpiling.
nêmpyok :
kn. nyêmpyok; kc. sêmpyok.
nêmplik :
êngg. kn. nyuwil; kc. têmplik.
nêmpuh :
I kn. nrajang, nyêrang; kc. têmpuh. II [x]-i m. nêmpahi k. ngijoli kapitunan; kc. têmpuh.
nêmpur :
kn. tuku (kulak) bêras; kc. têmpur.
nêmtokake :
kn. mêsthèkake; kc. têmtu.
nênangi :
kn. nggugah (pêpenginan lsp); kc. tangi.
nênjata :
(-ni) k. ak. mbêdhil(-i); kc. bêdhil, sênjata.
nêndhagi :
kn. ak. nglowongi, nglowoki; kc. têndhag.
nêndhang :
kn. ndugang sêru; kc. têndhang.
nênêd :
êngg. pc. mênêt, ngênêtake; kc. tênêd.
nênêp :
êngg. kn. ndhêlik.
nêni-nêni :
êngg. pc. ngêmi-êmi, ngupakara kalawan bêcik; kc. têni.
nênun :
kn. nganam bakal (lurik); kc. tênun.
nênung :
kn. ngguna-gawe, namakake tênung; kc. tênung.
nêntrêmake :
kn. nyarèhake, agawe têntrêm; kc. têntrêm.
nêncêm :
kn. ngêkum ing barang cuwèr; kc. cêncêm.
nêng :
I kw. tanpa obah (tanpa swara); di-[x]-ake n. dipunkèndêlakên k: 1 ora diobahake (digarap, diunèkake); 2 ora diaruh-aruhi, dijothak; kc. ênêng, mênêng. II mak [x] pc. katêranganing apa-apa kang didudut (ditarik).
nênga :
kn. ak. 1 ndêlêng; 2 tumênga; kc. tênga.

--- 343 ---

nêngah ~ nêt.

nêngah :
kn. mênyang ing têngah; kc. têngah.
nêngah-minggir :
pc. mangga-mara, gojag-gajêg.
nêngarani :
kn. ak. mènèhi têngara; kc. têngara.
nêngên :
kn. mênyang ing têngên; kc. têngên.
nêngêri :
kn. ndèkèki têtêngêr; kc. têngêr.
nêngga :
k. nunggu.
nênggak, nênggèk :
kn. ak. nglênggak mêmburi; kc. tênggak.
nênggak waspa :
kw. mbrêbês mili (ngampêt luh).
nênggala :
kw. bngs. tumbak gêgaman.
nênggalani :
kn. ak. nyêgah; kc. tênggalang.
nênggani :
k. nunggoni; kc. tunggu.
nênggar :
êngg. kn. ngèrèk manuk ing kurungan; kc. tênggar.
nênggèk :
kn. ak. ndêdêr (tmr. dalan lsp); kc. nênggak.
nênggêl :
kn. 1 nibakake jêjêg; 2 ngarah (ngênani, nrajang lsp) ing têngah bênêr; 2 êngg. ndêdêr bangêt; kc. tênggêl.
nênggênah :
kn. ak. matah, masrahi pagawean lsp; tênggênah.
nênggih :
kw. yaiku.
nênggulangi :
kn. nglawan, ngayomi; kc. tênggulang.
nêngguluk :
êngg. kn. mikul.
nêngkar :
kn. ak. njênggar, sumêbar; kc. têngkar.
nêngkêl :
kn. ngêthoki têtêngkêlan; kc. têngkêl.
nêngkêr :
I kn. nêngkêl. II [x]-i kn. ak: mligèkake kanggo sudhiyan; kc. sêngkêr.
nêngkêr ing awiyat :
(-dirgantara) kw: mumbul ing awang-awang.
nêngsêmi :
kn. 1 ak. sênêng marang; 2 (ut. nêngsêmake) njalari sêngsêming ati; kc. sêngsêm.
nêpa :
(-nêpa), nêpakake kn. nggagas yèn ta ditumrakake marang awake dhewe; kc. têpa.
nêpak :
kn. 1 êngg. namakake tangan dijêbèbèhake; 2 pc. mêkak, nyandhêt; kc. têpak.
nêpangi :
k. nêpungi.
nêpdal :
k. ak. nêptu.
nêpi :
(ut. nênêpi) kn. mênyang ing panggonan kang sêpi (nglakoni tapa lsp); kc. sêpi.
nêpyu :
kw. nêpsu bangêt.
nêpung :
êngg. kn. ngêtrap (masang) salêraning nam-naman; kc. têpung.
nêpungi :
n. nêpangi k. mêmitran (têpung) karo; kc. têpung.
nêpus :
kn. ngukur (dawane, antarane lsp); kc. têpus.
nêpsir :
pc. ngira-ira; kc. têpsir.
nêpsu :
kn. 1 ak. dêrênging ati; 2 (duka ki) muring; kc. napsu, nêsu.
nêptu :
kn. (nêpdal k. ak) ajining angka ing dina lsp. (ing petungan); kc. naptu.
nêr :
pc. ênêr; di-[x]-ake pc. diênêrake.
nêrahake :
kw. masrahake; kc. srah.
nêrak :
kn. nrajang, nyêrang; kc. têrak.
nêraka :
pc. naraka.
nêrang :
I kn. 1 ([x] udan) ak. nulak udan; 2 njaluk katêrangan, mitêrang; [x]-i kw: madhangi; kc. têrang. II kw: nrajang, nêmpuh; kc. sêrang.
nêrapake :
kw. ngêtrap, nata; kc. trap.
nêras :
kn. 1 mlaku kang sapisanan; 2 nganyari; 3 isih jaka ut. prawan tulèn; kc. têras.
nêrat :
kw. nulis; kc. sêrat.
nêrbang :
kn. nabuh têrbang.
nêrbuka :
pc. 1 ([x] ati) njalari mangêrti; 2 (ut. nêrbukani) njarwani, nêrangake; kc. têrbuka.
nêrjang :
kn. ak. nrajang, nêmpuh; kc. têrjang.
nêrjoni, nêrdoni :
kn. ak. ngrujuki, nayogyani; kc. sêrju.
nêrêg :
kn. ak. nêsêg, mêksa; kc. sêrêg.
nêrêh :
kw. mili; kc. têrêh.
nêrêng :
kn. ak. nindakake kalawan sêrêng; kc. sêrêng.
nêrês :
(-i) kn. nggêthaki wit kang arêp ditêgor; kc. têrês.
nêrka :
kn. ndakwa; kc. têrka.
nêrus :
êngg. kn. mbanjur bae, têrusan, mbacut; [x]-i: nggambar mbanjurake ngèngrèngan, mbathik kang suwalike; [x]-ake: mbanjurake; kc. têrus.
nêrod :
kn. ak. ngoyak; kc. sêrod.
nêrpa, nêrpati :
kw. ratu.
nêrpas :
kn. migunakake têrpas.
nêrsandhani :
êngg. kn. mracihnani, mêrtandhani; kc. têrsandha.
nêrtamtokake :
kn. ak. mêsthèkake; kc. têrtamtu.
nêrtibi :
kn. ak. nyimpên kalawan têrtip; kc. têrtib.
nêrcêb :
kn. ak. rumêsêp ing; kc. têrcêb.
nêrcêl :
pc. akèh bangêt (anake lsp); kc. cêrcêl.
nêrwacakake :
n. nêrwaosakên, nêrwelakakên k. nêrangake, nyêthakake; kc. têrwaca.
nês :
kn. ak. sêdhih bangêt; kc. ngênês.
nêsah :
êngg. k. nusuh.
nêsa-nêsa :
k. nusu-nusu.
nêsdikake :
kn. ak. nyatakake; kc. têsdik.
nêsèni :
pc. nêksèni.
nêsêg :
(-ake) kn. 1 ak. ngangsêg, ngenggalake; 2 ngrikatake wilêde (tmr. panabuhing gamêlan); kc. sêsêg.
nêsêli, nêsêlake :
kn. nglêbokake ing sêla-sêla; kc. sêsêl.
nêsêp :
I kn. nyêrot; 2 nusu; kc. sêsêp. II [x]-ake kn. ak. nlusupake ing; kc. sêsêp. II (ut. [x]-i) kn: 1 ak. nglembatake (giliran); 2 pc. nêsêg; kc. sêsêr.
nêsihaken :
k. pc. ngisihake.
nêsir :
pc. ngira-ira; kc. têsir.
nêsu :
kn. duka ki. muring; dinêsoni n. didukani ki: diuring-uring, disrêngêni.
nêstiti :
kn. ak. sêtiti, nastiti.
nêstha :
kn. ak. wangun kaya; [x] wolu lsp; maju wolu lsp.
nêsthil, nêsthip :
êngg. ak. rèmèh, nistha.
nêt :
di-[x]-[x], di-[x]-ake kn. diênêt-ênêt, diênêtake; kc. ênêt.

--- 344 ---

nêtah ~ nimbang.

II [x]-ing ati êngg. kn: niyat.
nêtah :
k. nutuh; kc. tutuh.
nêtaki :
kn. nyupiti ki. ngislamake; kc. têtak.
nêtêg :
(-i) I kn. ngancing lawang lsp. nganggo palang lsp; kc. têtêg. II kn: 1 êngg. ak: nuthuki; 2 br. ngunèkake têtêg; kc. têtêg.
nêtêk :
êngg. kn. ngêthok, mancas; kc. têtêk.
nêtêl :
kn. ngênêtake; kc. têtêl.
nêtêp :
kn. manjing (mlêbu) kêncêng; [x]-i: nuhoni; kc. têtêp.
nêtêr :
I êngg. kn. nggaru; kc. têtêr. II kn: ngujêg, tanpa lèrèn; kc. têtêr.
nêtês :
kn. 1 pêcah lan mêtu kewane (tmr. êndhog); 2 ent. kêlakon têmênan (tmr. kasaguhan lsp); [x]-ake: 1 ki. nyunatake; 2 ngêngrêmake êndhog supaya bisa nêtês; kc. têtês.
nêca :
kn. pasêmoning polatan (praèn).
nêcaki :
kn. ak. nêcêki.
nêcêki :
kn. 1 nggambari (mbathik lsp) cêcêk; 2 nyublêsi; kc. cêcêk.
nêcêlake :
êngg. nêsêlake; kc. cêcêl.
nêcêp :
kn. nêsêp, nucup; kc. cêcêp.
nêcêr :
êngg. kn. nêtêr; kc. têtêr.
nêwêkali :
pc. kanthi têwêkal; kc. têwêkal.
ni :
I kn. ak. panyêbut marang wong tuwa; kc. nini. II di-[x] êngg. ak: diênèni; kc. êni. III kw: ing.
(niaya) :
di-[x] kn. 1 dipilara; 2 disiya-siya; kc. aniaya.
niba :
n. ndhawah k. njarag tiba; nibani: tiba ing; kc. tiba.
niba-tangi :
kn. ngolang-ngaling (marga susah bangêt lsp).
nidikara :
kw. ndongani; kc. sidikara.
nidra :
I (S) kw. turu. II kw: nyidra; kc. cidra.
niji :
n. nyatunggal k. siji-sijine siji; kc. siji.
nidhana :
(S) kw. ak. simpênan, bandha.
nidhokake :
êngg. nuduhake, mintokake; kc. tidhok.
nigan :
k. 1 ngêndhog; 2 êngg. ak. nginang; kc. tigan.
nigani :
k. nêloni.
nigas :
kn. ngêthok, nugêl; kc. tigas.
nihan :
kw. mêngkono, mêngkene.
niya :
I pc. mrenea! II [x]-[x] kn. ak: nyiya-nyiya; kc. siya.
niyaga :
kn. tukang nabuh gamêlan.
niyah :
êngg. kn. niyat.
(niyaya) :
di-[x] kn. dianiaya, dikaniaya.
niyayi :
kn. nyai.
niyaka :
kn. ak. nayaka.
niyangi :
I kn. ak. masang tiyang (ing prau); kc. tiyang. II k. ak: nguwongi.
niyangake :
kw. ngincêng (ngênêrake) panah ing.
niyasat :
kn. ak. milara; kc. siyasat.
niyat :
(A) kn. 1 tujuning sêmbahyang (nglakoni kabêcikan lsp. ing agama Islam); 2 pc. karêp, maksud; 3 pc. sêdya; 4 êngg. (ut. [x]-e) prasasat; di-[s]-i pc: dikarêpake, dijarag, disêdya.
niyata :
kw. ak. nyata, têmênan.
niyèng :
êngg. pc. mêtu taiyènge; kc. tiyèng.
niyungake :
êngg. nêlungake; kc. tiyung.
niyup :
kw. 1 ndamu, nyêbul; 2 nylorod mêdhun; 3 nyuwuk (bocah lsp); kc. tiyup.
niyuta :
(S) kw. sayuta.
nik :
(-an) êngg. kn. mung.
nika :
(nikaên êngg) k. pc. kae; kc. ika.
nikah :
kn. ak. ningkah.
nikanang, nikang :
kw. têmbung panyilah; kc. kang, kanang.
nikara :
kw. nyikara; kc. sikara.
nikèn :
kw. 1 panyêbut marang wong wadon, 2 wong wadon.
nikêl :
kn. 1 ak. mutung, nugêl; 2 nangkarake (ngêpingake) loro; kc. tikêl.
nikêl alis :
br. njêngkêrutake alis.
nikêl asta :
[x] wêrti kw. nêkuk tangan (nyêmbah).
nikêp :
êngg. kn. nyêkêl, ndêkêp, nyikêp; kc. sikêp, tikêp.
niki :
(nikiên êngg) pc. k. iki.
nikmat :
(A) kn. kêpenak (ing ati, pangrasa).
(niknik) :
di-[x] pc. digarap lsp. kalawan titi (saka sathithik).
niku :
(nikun êngg) pc. k. iku.
niksa :
kn. ngukum, milara; kc. siksa.
nil :
mak [x] pc. kêdumuk (kêsenggol) sathithik.
nila :
. 1 kw biru; 2 kw. intên biru; 2 kn. godhong tom kang wis dimangsak (dianggo mêdêl lsp).
nilad :
kn. ak. nelad.
nilak :
kn. ak. nilas.
nilakrama :
kw. takon (ngaruh-aruhi) kanthi urmat; kc. sila.
nilanggu :
(S) kw. ak. cacing.
nilapake :
kn. nglimpèkake; kc. tilap.
nilap-nilap :
kn. ak. tansah nglungani; kc. tilap.
nilapracandha :
kw. prahara, angin bantêr.
nilar :
k. ninggal.
nilas :
kn. ak. 1 (ut. nilak) napak tilas; 2 nglacak; kc. tilas.
nilawarsa :
kw. udan angin.
nila-wêrdi :
kn. nila batan kang bêcik dhewe.
nilêm :
I kn. ak. nyilêm; kc. silêm. II ([x]-ake) kw: mblêbêgake; kc. tilêm. III [x]-i k. nuroni; kc. turu.
nilêp :
êngg. kn. njêrokake panggarape (sawah); kc. tilêp, silêp.
nilib :
kw. ora barès; kc. silib.
niliki :
n. nuwèni k. 1 têka (mara) ngungak; 2 êngg. nyoba; kc. tilik.
nilingake :
kn. ngrungokake têmênan; kc. tiling.
nilnilan :
pc. nèlnèlan.
nimah-nimahake :
kn. ak. marèkake tatu lsp; kc. timah-timah.
nimangake :
kn. ngêtrap timang.
nimba :
kn. njupuk banyu sarana timba; kc. timba.
nimbak :
êngg. kn. niru; kc. nembak.
nimbalake :
kn. ak. nglembatake, nundhakake; kc. timbal.
nimbali :
ki. ngundang; kc. timbal.
nimbang :
kn. 1 nyumurupi bobote

--- 345 ---

nimbis ~ nirantara.

sarana timbangan; 2 nandhing; 3 (ut. [x]-[x]) nglimbang-nglimbang, nggagas; kc. timbang.
nimbis :
pc. nimblis kn. ngêjlogi saka ing dhuwur; kc. timblis.
nimbul :
kn. 1 ak. ndongani lsp. supaya atos (digdaya); 2 êngg. eling manèh (tmr. wong kêranjingan); kc. timbul.
nimbrah :
kn. mêtu timbrahe; kc. timbrah.
nimbrung :
pc. mèlu nrambul; kc. timbrung.
nimita :
(S) kw. 1 jalaran, sêbab; 2 têtêngêr, tandha.
nimna :
(S) kw. ak. jêro.
nimnaga :
(S) kw. ak. kali.
nimpah :
kn. ak. tumumpang nutupi; [x]-i: numpangake sikil ing; kc. timpah.
nimpal :
kn. 1 ngiris nganti timpal; 2 ngêsud sêsukêr nganggo godhong lsp. banjur dibuwang; 3 êngg. nundhung; kc. timpal.
nimpang :
(-i) kn. ak. nyimpang(-i); kc. simpang.
nimpar :
kn. ak. nyimpar; kc. simpar.
nimpuna :
kw. pintêr, wasis.
ninang :
tan(ora-) [x] kw. ora beda (padha, trêp).
ninda :
kw. ak. 1 panyampah, pisrêngên; 2 (ut. a-[x]) nyampahi, nyrêngêni.
nindaki :
1 kn. ak. ngukur sarana jangkah; 2 ki. marani; 3 ki. ak. nglakoni (pagawean); nindakake: ngêcakake, nandangi, nggarap; kc. tindak.
nindita :
kw. tanpa cacad, linuwih, pinunjul.
nindya :
kw. linuwih, pinunjul.
ninja :
k. 1 êngg. ngising; 2 nai; kc. nai, tai.
ninjang :
êngg. misah, milah, ndhèwèkake; kc. sinjang.
ninjoni :
êngg. ak. niliki; kc. tinjo.
nindhês :
kw. mênêtake, ngênêtake; kc. tindhês.
nindhihi :
kn. numpangi mênêt; kc. tindhih.
nindhik :
kn. mbolong godhoh kuping; kc. tindhik.
ninèk :
pc. nini.
nini :
kn. 1 êmbah wadon; 2 br. panyêbut marang anak (bocah) wadon; [x]-among: roh kang momong manungsa; [x]-[x]: wong wadon kang wis tuwa; [x]-[x] paès pr: nganyarake barang kang wis lawas.
nini-êntèh :
kn. ar. kewan ibêr-ibêran.
ninis :
kn. ak. ngisis.
ninting :
(-i) kn. milihi bêras lsp. kang kurang bêcik sarana diêntrog-êntrog ing tampah lsp; kc. tinting, tingting.
nincingake :
kn. nyilakake jarit lsp; kc. cincing.
ninthing :
I kn. nggathukake (nuthuk) dhuwit lsp. supaya muni thing; kc. thingthing. II pc: ciyut singsêt (tmr. klambi lsp).
ning :
I pc. 1 ana ing; 2 mênyang. II êngg. pc: nanging. III êngg.kn. yèn, mênawa. IV pc. 1 kuning; 2 êngg. panyêbut marang bocah wadon. V êngg: sing, kang. VI kw. wêning, padhang (bêning); kc. êning. VII pc: tanpa wuwuhan (tmr. bêras kang ditakêr lsp). VIII kw. ak: panambang nelakake pandarbe (-e, -ne).
ninga :
kn. ak. wêruh; kc. uninga.
ningali :
k. 1 ndêlêng; 2 nonton; kc. tingal.
ningan :
pc. nanging.
ningane :
êngg. pc. mêningane.
ningar :
êngg. ak. nyolong raja-kaya; kc. tingar.
ningas :
kw. magas, mègès; kc. tingas.
ninggal :
n. nilar k. 1 ngèrèkake apa-apa ana ing; 2 ora mèmpêr karo; 3 ora migunakake (tata krama lsp); kc. tinggal.
ninggil :
kn. 1 ngumbulake; 2 nibakake lsp. saka ing dhuwur dikênakake ing têngah bênêr; kc. tinggil.
ningid :
(-ake) kn. ak. ndhêlikake, ngumpêtake; kc. singid.
ningkah :
I kw. nata, ngêtrap; kc. tingkah. II kn: 1 têtêp absahing laki rabi kang sinêksèn ing pangulu (ut. pangarêping agama); 2 (ut. [x]-an) pc. ijab; di-[x]: diêpèk bojo sarana disêksèkake ing pangulu lsp; kc. nikah.
ningkêbi :
kn. nylamêti lsp. nalikane mêtêng 7 sasi; kc. tingkêp.
ningkêm :
kn. 1 nutup layang (amplop); 2 nutup (ngrapêti) wadi lsp; kc. tingkêm.
ningkês :
êngg. kn. ngringkês; kc. tingkês.
ninglingake :
êngg. kn. nilingake.
ningnang :
êngg. kn. kc. ninang.
ningningên :
pc. ora kênthêl (tmr. puhan, santên lsp).
ningrat :
pc. (para [x]) para luhur.
ningsalake :
kn. ak. mbuwang (mbuncang) adoh; kc. singsal, kêsingsal.
ningsêti :
(-ake) kn. nalèni kêncêng; kc. singsêt.
ningsoti :
kn. awèh sasmita sarana singsot; kc. singsot.
nipah :
kn. ar. wit bngs. palêm ing rawa (godhonge digawe payon, rokok lsp).
nipar :
êngg. kn. 1 ngrêsiki; 2 ngrata; kc. tipar.
nipas :
kn. (adus [x]) rêrêsik adus sabakdane duwe anak (lêt 40 dina); gêtih [x] ak: gêtih kang mêtu sabakdane nglairake jabang bayi.
nipis :
pc. suda-suda dadi tipis; kc. tipis.
nipkah :
(A) kn. guna-kaya (pamêtu kang kawènèhake marang kang wadon).
nipuna :
kw. wasis, pintêr.
nipral :
êngg. kn. ngrata; kc. tipral.
nir :
i kw. 1 ilang; 2 tanpa. II pc. dhuwit totohan. III êngg. pc: mênir (panyêbut).
nira :
I (-nireka, -nirèki, -nirèku) kw: -e, -ne. II (S) kw. ak. banyu.
nirada :
(S) kw. ak. mêndhung.
niradara :
(S) kw. ak. tanpa tata-krama, dêksura.
nirahi :
I k. nurahi; kc. turah. II kn. ak: dianggo tirah, tirah ing; kc. tirah.
niraya :
(-pada) (S) kw. ak. 1 alam kamuksan; 2 naraka.
nirakati :
kn. ngêlèki wong lara lsp; kc. tirakat.
nirantara :
kw. ora lêt suwe banjur.

--- 346 ---

nirasa ~ nlasak.

nirasa :
kw. tanpa rasa.
nirat :
êngg. kn. èmpèr; kc. paningrat.
nirbaya, nirbita :
(S) kw. ora ana sing diwêdèni (kêndêl, nekad).
nirbawa :
kw. krungu (pawarta lsp).
nirdaya :
kw. tanpa daya (lungkrah, lêmês).
nirdon :
kw. ora ana katêmahane (cabar, wurung, tanpa tanja).
nirmala :
(S) kw. tanpa cacad, suci.
nirna :
kw. ngilangake; [x] dhustha kw: mitulungi durjana; [x] patra kw: ngowahi layang prajangjian lsp; kc. sirna.
nirniran :
kn. ak. dhêgdhêgan (kuwatir, sumêlang bangêt).
niru :
kn. nulad; kc. tiru.
nirok :
êngg. pc. niru.
nirwa :
I kw. nirua (akon niru); kc. tiru. II (S) kw. ak: tanpa guna, rèmèh.
nirwana :
kw. jaman kailangan (wis sêpi ing rasa rumangsa).
nirwèsthi :
kw. ora wêdi ing bêbaya.
nirwikara :
kw. tanpa owah gingsir (têtêg, nekad, kêndêl bangêt).
nis :
kw. lunga, ilang.
nisab :
(A) kn. saperanganing pamêtu (raja-darbe) kang wajib dianggo jakat (tmr. agama Islam).
nisahi :
êngg. k. nusahi.
nisakake :
I êngg. pc. mbabar-pisanake; kc. sisan. II kn: nurahake; kc. sisa.
nisakara :
(S) kw. rêmbulan.
nisani :
kn. nurahi, ninggal sisa; kc. sisa.
nisbat :
kn. ak. isbat; [x]-e êngg. ak: mungguh ing, mênawa; kc. isbat.
nisèni :
kn. 1 ngrêsiki umbêl ing irung (ing bocah lsp); 2 sisi ngênani; kc. sisi.
nisèti :
êngg. kn. nèsèti; kc. sisèt.
nisigi :
kn. ngirêng untu; kc. sisig.
nisih :
kn. mênyang ing sisih (pinggir), nyimpang; [x]-i: 1 nyimpangi; 2 nimbangi, nandhingi, njodhoni; kc. sisih.
nisik :
I kn. ndondomi jarit lsp. kang bolong; kc. tisik. II [x]-i kn: ngêlus pring lsp. sarana dikêsrik ing lading lsp; kc. sisik.
nisil :
(-i) kn. nucuk karo ngoncèki; kc. sisil.
nisip :
kn. ak. kliru, mèncèng; kc. sisip.
nisir :
kn. 1 ngirisi gula lsp. tipis-tipis; 2 êngg. mluku; kc. sisir.
nisita :
(S) kw. ak. 1 landhêp; 2 linuwih, pintêr.
niskala :
kw. 1 tanpa sambe-kala, slamêt; 2 rêsik, suci; ing [x] kw: ing jaman kalanggêngan; pindha [x] kw: kaya roh, ora kasatmata (rohani).
niskara :
sa-[x] kw: samubarang kabèh.
niskarana :
kw. tanpa sabab.
nisnani :
pc. nrêsnani; kc. tisna.
nispu :
(A) kn. ak. têngah-têngahan (ing sasi Ruwah).
nistanya :
kw. ak. sênadyan.
niscaya :
(S) kw. ak. mêsthi.
niscala :
(S) kw. ak. ora obah, kukuh bangêt.
nistha :
kn. asor (tmr. bêbudèn), rèmèh.
nisthip :
kn. ak. rèmèh, tanpa aji; kc. nistha.
nisthura :
(S) kw. ak. ambêk siya, bêngis.
niswasa :
(S) kw. ak. napas, ambêkan.
nit :
(-senggotan lsp) kn. ar. mainan (lotrèn).
nitahake :
kn. 1 br. nakdirake; 2 nganakake tanpa bêbakal; kc. titah.
nitakake :
kn. ak. nguntarakake waktune; kc. tita.
nitèni :
kn. 1 nggatèkake; 2 nêngêri; 3 ndokoki titi-mangsa; kc. titi, titi-mangsa.
niti :
I (ut. nitipriksa) kn. mriksa; kc. titi. II (S) kw: iguh (ing pangrèh), pranatan.
nitih :
I êngg. kn. ngluwihi; kc. titih. II (ut. [x]-i) ki: nunggang(-i); kc. titih.
nitik :
I kn. 1 nglari (barang ilang lsp); 2 nyumurupi têngêrane; kc. titik. II kn: ar. bathikan.
nitiman :
(S) kw. ak. wicaksana, pintêr.
nitimangsani :
kn. nyirèni titimangsa; kc. titimangsa.
nitipi :
(-ake) kn. titip apa-apa marang; kc. titip.
nitir :
I kw. tansah, nggêjêg; kc. titir. II kn. ngunèkake titir (têngara); kc. titir.
nitis :
I (ut. [x]-i) kn. nyithak gula krambil lsp; kc. titis. II kn: manjalma (rumasuk) ing; kc. titis. III [x]-ake pc: maspadakake, namatake, mriksa; kc. titis, patitis.
nitnitan :
kn. mainan (lotrèn).
nitra :
kw. nulis; kc. citra.
nitya :
I kw. pasêmoning praèn; kc. nêca. II pc: panitya. III (S) kw. ak: kêrêp, sabên-sabên.
nityasa :
(S) kw. tansah, tanpa kêndhat.
nicil :
kn. nindakake (nyaur lsp) saka sathithik; kc. cicil.
nicipi :
êngg. ak. ngicipi; kc. cicip.
nicril :
êngg. kn. mriksa saka siji; kc. cicrik.
nithik :
pc. nuthuk lirih; kc. thithik.
nithil :
(-i) kn. nèsèti lsp. saka sathithik; kc. thithil.
niwah :
kw. nyimpang; kc. siwah.
niwanda :
kw. ak. sabab, jalaran.
niwasi :
kn. njalari tiwas; kc. tiwas.
nlabung :
kn. ngabruk. nladhung; kc. tladhung.
nlajaki :
êngg. kn. mathoki, ngêtrapi tlajak; kc. tlajak.
nladhung :
kn. ngabruk (tmr. pitik lsp); kc. tladhung.
nlakup :
kn. nutup, mbuntêl; kc. tlakup.
nlanjêrake :
kn. nyêbabake (nganggêp kang dadi sêbabe); kc. tlanjêr.
nlanyak-nlanyak :
kn. mlêbu ing omah lsp. tanpa tata-krama; kc. tlanyak.
nlangke :
kn. ak. tlompe; kc. tlangke.
nlangkupake :
pc. nutup, nangkêbake; kc. tlangkup.
nlangsa :
kn. 1 nggêtuni lêlakone kang wis-wis; 2 ngrumangsani apêsing lêlakon.
nlasab :
(-ake) kn. ak. nlêsêbake ing; kc. slasab.
nlasah :
I pc. ndokoki slasah; kc. slasah, srasah. II kn. ak. nglari, mriksa; kc. slasah, tlasah.
nlasak :
kn. nasak; kc. slasak, tlasak.

--- 347 ---

nlasar ~ nukêrta.

nlasar :
I kn. ak. mblasar, mblasuk; kc. sasar. II [x]-i êngg. ak. nglèmèki, nglambari; kc. tlasar.
nlasih :
kn. ak. kaya kêmbang tlasih.
nlatèni :
n. nlatosi k. nindakake kalawan tlatèn; kc. tlatèn.
nlacap :
kw. murang tata.
nlacar :
kn. katon mêncungul dawa; kc. clacar.
nlawungake :
kn. ak. ndokokake ing tlawungan; kc. tlawung.
nlèdhèk :
kn. dadi (mbarang) tlèdhèk; kc. tlèdhèk.
nledhoni :
kn. ak. tledho ênggone nandhingi lsp; kc. tledho.
nlecani :
pc. mlèncèng, nyimpang, kliru; kc. tlèncèng.
nlepaki :
kn. ak. nggupaki; kc. tlepak.
nlèsèr :
kn. 1 nlasar; 2 njlèmpèr.
nlètèhake :
kn. ak. ngandharake, njlèntrèhake; kc. tlètèh.
nlètèk :
kn. mili mêtu; kc. tlètèk.
nlècèk :
pc. ana ing êndi-êndi (pating tlècèk); kc. tlècèk.
nlethong :
kn. ngêtokake tlethong; kc. tlethong.
nlêkim :
kn. ndongani nganggo donga tlêkim; kc. tlêkim.
nlênjêr :
pc. mung ijèn, ngadêg njêjêr.
nlêningi, nlênongi :
kn. mantha pêpunthukan; kc. tlêning.
nlênyêk-nlênyêk :
kn. ak. mlaku alon-alon; kc. tlênyêk.
nlêngsêng :
pc. lunga mrana-mrana nggêgolèki; kc. tlêngsêng.
nlêpong :
pc. nlethong; kc. tlêpong.
nlêsêp :
pc. nlusup ing; kc. tlêsêp.
nlêsihake :
kn. nggênahake; kc. tlêsih.
nlêtah :
êngg. k. nlutuh; kc. tlêtah, tlutuh.
nlêluh :
pc. manuh ala; kc. tlêtuh.
nlêcêr :
kn. ngadêg njêjêr; kc. tlêcêr.
nlika :
kw. nêlik, mriksa; kc. tlika.
nlikung :
kn. nalèni ing sikil; kc. tlikung.
nlikuri :
êngg. kn. nggape, nggatèkake, mêrduli; kc. slikur, tlikur.
nliktik :
êngg. kn. namatake, maspadakake; kc. tliktik.
nlimpang :
kn. ak. nyimpang.
nlisib, nlisip :
kn. kliru; kc. slisib.
nlisik :
I êngg. pc. niti-priksa; kc. tlisik. II pc. nisik; kc. tisik, tlisik.
nlisir :
kn. ak. nyimpang saka ênêre (kang bênêr); kc. slisir.
nliti :
kn. nitipriksa têmênan; kc. tliti.
nlitik :
kn. ak. nitik; kc. titik.
nlungsumi :
êngg. kn. nyulami ut. mbênakake (payon lsp); kc. slungsum.
nlungtik :
êngg. kn. namatake, ngawasake; kc. tlungtik.
nlusubi :
kn. nyoblos ing; kc. slusub.
nlusuh :
(-i) kn. ak. nutu pari; kc. tlusuh.
nlusup :
kn. nlêsêp, mlêbu ing (gêgrumbulan lsp); kc. slusup.
nlusur :
kn. nggrayangi ngurut, nggolèki; kc. tlusur.
nlutuh :
I kn. mêtu tlutuhe; kc. tlutuh. II pc: manuh, nlêtuh; kc. tlutuh, tlêtuh.
nluthuk :
êngg. kn. ndhrêdhêg, ndhrodhog; kc. tluthuk.
nlobèhi :
kn. ak. ngombèri, nglunggèni; kc. tlobèh.
nlole, nlolèr :
kn. katon dawa; kc. tlole.
nlolor :
kn. nlosor, mulur dawa (tmr. ula lsp); kc. tlolor.
nlompe, nlompèni :
kn. ak. rêmbên; kc. tlompe.
nlonjorake :
kn. nggêjojorake sikil (nalikane linggih); kc. slonjor.
nloncong :
êngg. pc. mlaku lsp. nggugu karêpe dhewe; kc. tloncong.
nlorong :
kn. nylorot ngênêr; kc. tlorong.
nlosor :
kn. mlaku dhadhane nggangsur (ula lsp); kc. tlosor.
nlotok :
kn. 1 êngg. tiba mlorod; 2 ks. bêbanyu; 3 ks. manak; kc. tlotok.
nlocor :
êngg. pc. kurang ajar; kc. tlocor.
nu :
kw. dalan.
nuba :
kn. golèk iwak nganggo tuba; kc. tuba.
nubyah-nubyah :
êngg. kn. nyuba-nyuba; kc. suba.
nubras :
pc. numbuk; kc. tubras.
nubruk :
kn. nyêkêl sarana mêncolot; kc. tubruk.
nuding :
kn. ak. akon nindakake; [x]-i: ngênêrake driji ing, nuduhi; kc. tuding.
nuduh :
kn. ak. akon nindakake; [x]-i n. nêdahi k. awèh wêruh; kc. tuduh.
nudur :
kn. ak. alangan.
nujanani :
kn. ak. sujana marang; kc. sujana.
nujèni :
kn. nyunduki nganggo sujèn; kc. suji, sujèn.
nuju :
kn. 1 ngênêr ing; 2 (ut. nujoni) mbênêri, pinuju; kc. tuju.
nuju ari :
kw. ing dina.
nujum :
(A) kn. 1 ak. lintang-lintang; 2 (juru [x]) juru pêthèk sarana nitik lakuning lintang-lintang.
nujus :
(A) kn. ora manut marang kang lanang; di-[x]-ake: dianggêp luput dening ora nggugu kang lanang.
nugar :
kn. 1 ndhangir; 2 nandur pari ing pagagan; kc. tugar.
nugêl :
kn. ngêthok ing têngah; kc. tugêl.
nuguri :
kn. tugur ing; kc. tugur.
nugraha :
kw. ganjaran, pêparing; kc. kanugrahan.
nuhu, nuhoni :
kn. ak. sêtya marang; kc. tuhu.
nuhun :
. 1 êngg. nyuwun; 2 ki. nuwun; kc. nuwun, suhun.
nukani :
k. ak. mènèhi; kc. nyukani, suka.
nukang :
kn. nindakake pakaryan tukang; kc. tukang.
nukari :
I êngg. kn. ngajak padu (kêrêngan); kc. tukar. II êngg. pc. ngijoli; kc. tukar.
nukêl :
kn. ndadèkake tukêlan (tmr. lawe lsp); kc. tukêl.
nukêri :
kn. ak. ngrêgêdi, njênêsi; kc. sukêr.
nukêrta, nukêrtani :
kw. maoni, nyruwe, ngrigoni.

--- 348 ---

nukil ~ nunggal.

nukil :
I kn. ak. nyukil; kc. cukil. II (ut. [x]-an) kn. ak. ringkêsaning surasa; di-[x](-i) ak: dijupuk surasane, diringkês.
nuklun :
pc. 1 mlaku tumungkul (ndhungkluk); 2 ora royal.
nukma, nuksma :
kw. rumasuk ing, manjing ing; kc. sukma.
nuknukan :
pc. cênunukan.
nuku :
n. numbas k. ngêpèk barang lsp. kanthi nglironi dhuwit; kc. tuku.
nukulake :
kn. 1 njalari thukul; 2 njalari, marakake; kc. thukul.
nukung :
kw. mburu; kc. tukung.
nukup :
kn. ndêkêp, nangkêp; kc. tukup.
nukoni :
n. numbasi k. 1 tuku ing; 2 mènèhi tukon; kc. tuku, tukon.
nul :
I mak [x] pc. saèm. mak nil. II (W) kn: das.
nulad :
kn. niru, nelad; kc. tulad.
nuladhani :
kn. nyontoni; kc. tuladha.
nulahi :
êngg. kn. ndayani, tumama ing; kc. tulah.
nulayani :
kn. ak. nyulayani; kc. sulaya.
nulak :
kn. mbalèkake, nampik; kc. tulak.
nular :
kn. mrèmbèt marang, tumular; kc. tular.
nuli :
n. nuntên k. enggal, banjur.
nulis :
n. nyêrat k. nggambar aksara; kc. tulis.
nulya :
kw. nuli.
nuluhi :
kw. madhangi; kc. suluh.
nulung :
kn. 1 ngênêng-ênêngi bocah nangis lsp; 2 (ut. nulungi) mènèhi pitulungan marang; kc. tulung.
nulup :
kn. migunakake tulup; kc. tulup.
nulusake :
kn. ak. nglêstarèkake; kc. tulus.
numani :
kn. njalari tuman; kc. tuman.
numbak :
n. maos k. namakake tumbak; kc. tumbak.
numbak tambuh :
kn. ak. api-api ora wêruh, mitambuhi.
numbali :
kn. ak. ndèkèki tumbal; kc. tumbal.
numbas :
k. nuku.
numbêng :
kn. ngêtrêpi tumbêng (ing bolonganing wrangka lsp); kc. tumbêng.
numblêg :
êngg. kn. nyudhang, nggudag; kc. tumblêg.
numbuk :
I kn. mbêntus ing; kc. tumbuk. II êngg. kn. nutu; kc. tumbuk.
numbras :
kn. ak. sumrambah, lumrah, umum.
numbruk :
êngg. kn. nubras, numbuk; kc. tumbruk.
numusi :
kn. 1 ngêtokake daya lsp. kang tumular marang; 2 kêlakon têmênan (tmr. pangajap lsp); kc. tumus.
numoni :
n. ningali k. êngg. ak. wêruh; kc. tumon.
numpa-numpa :
kn. ak. numpuk-numpuk; kc. tumpa.
numpak :
(-i) k. nunggang(-i); kc. tumpak.
numpal kèli :
pr. lêlungan nunut-nunut (tanpa jujug); kc. tumpal.
numpang :
êngg. kn. 1 tumumpang ing, nindhihi; 2 mênang; 3 mondhok ing; kc. tumpang.
numpang karang :
([x] karas) êngg. kn. wong ngindhung ing pomahaning liyan.
numpang nusup :
êngg. kn. wong kang manggon ing omahing liyan.
numpang rêmbug :
kn. ak. mênang padune.
numpêk, nuplêk :
êngg. kn. numplak.
numpêng :
kn. 1 gawe tumpêng; 2 awangun kaya tumpêng; kc. tumpêng.
numpêr-numpêr :
kw. nêmpuh wani.
numpês :
kn. nyirnakake (matèni) kabèh; kc. tumpês.
numplak :
kn. 1 wutah wadhahe mbalik; 2 êngg. ngêsokake kabèh; kc. tumplak.
numpu :
kn. ak. mbêburu; kc. tumpu.
numpuk :
kn. nyèlèhake undhung-undhung (tumpang tindhih); kc. tumpuk.
numpur :
kw. numpês, ngrusak.
numrapake :
kn. ngêcakake ing, ngênakake ing; kc. tumrap.
nun :
pc. kula nuwun, nuwun.
nunakake :
n. nunèkakên k. ak. ngêdol tuna; kc. tuna.
nunasi :
êngg. kn. nêgori (ndhongkèli) tunggak lsp; kc. tunas.
nundaka :
kn. nrajang, numbuk; kc. tunjang.
nunjêl :
kn. ak. ndhêsêl, ndhosok saka buri; kc. tunjêl.
nunjêm :
kn. tumancêb jêro; kc. tunjêm.
nunjung :
kw. kaya kêmbang tunjung.
nundha :
I kn. 1 nungsun, nglapis-nglapis; 2 nututake; kc. tundha. II nundhakake kn:1 nyêdiyakake (nyêpakake) jaran, kuli lsp; 2 nampani nuli dilantarake (dilembatake); kc. tundha.
nundhung :
kn. akon lunga; kc. tundhung.
nunu :
êngg. kn. ngobong, mbakar; kc. tunu.
nunut :
kn. mèlu mbarêngi nunggang (nganggo, tuku lsp); di-[x]-i: diiloni (dibarêngi) ênggone nênunggang (lêlungan lsp).
nuntak, nuntêk :
1 kn. ak. wutah marga wadhahe mbalik; 2 k. mutah; kc. tuntak.
nuntasake :
kn. ngêpuh nganti tuntas; kc. tuntas.
nuntên :
k. nuli.
nuntumake :
kn. mulihake tatu lsp; kc. tuntum.
nuntun :
kn. ngirid (ngajak mlaku) sarana dicêkêli tangane (tmr. kewan dicancang ing tampar ing gulune); kc. tuntun.
nuntung :
kw. mucuk têkan ing pungkasan; kc. tuntung.
nunggak :
kn. nandhêg pambayaraning cicilan lsp; kc. tunggak.
nunggal :
n. nunggil k. 1 dadi siji; 2 (ut. [x]-i) barêng (padha) nindakake; 3 mèh padha; [x] gawe n. nunggil damêl k: pagaweane padha; [x] misah: mèh padha (têgêse lsp); [x] rasa, [x] turu br: sanggama; kc. tunggal.

--- 349 ---

nunggang(-i) ~ nutut.

nunggang :
(-i) n. numpak(-i) k. nitih(-i) ki: linggih (tumumpang) ing apa-apa kang mlaku; kc. tunggang.
nunggangtaya, nunggêngtaya :
êngg. ak. nyêpèlèkake, ngêsorake; kc. tunggangtaya.
nunggu :
n. nêngga k: ngrêksa, njaga; kc. tunggu.
nungguki :
kn. ak. tungguk ing, nyulihi tungguk; kc. tungguk.
nungguli :
kw. dadi têtunggul, kang monjo dhewe; kc. tunggul.
nunggoni :
n. nênggani k. ngrêksa, njaga; kc. tunggu.
nungka :
kn. ak. nututi (nêkani) dadakan; kc. tungka.
nungkak krama :
pc. ngungkak krama.
nungkêb :
kn: 1 êngg. ak. nutupi nganggo tenggok lsp. dikurêbake; 2 nukup, nyêkêl sarana dikêpung; kc. tungkêp.
nungkêmi :
kw. nyungkêmi; kc. sungkêm.
nungku :
kw. mêlêng puja; kc. tungku.
nungkul :
kn. ak. 1 ndhungkluk; 2 têluk; 3 nêmpuh sarana nglimpe; [x]-i: nunggoni, nyipati dhewe; kc. tungkul.
nungkul aris :
kw. têluk sarana alus (ora nganggo pêrang).
nungsa :
êngg. ak. pulo; kc. nusa.
nungsang :
kn. njungkir; kc. sungsang.
nungsang njêmpalik :
pc. kanthi rêkasa bangêt.
nungsudake :
kn. ak. njalari susud; kc. sungsud.
nungsun :
kn. ak. numpuk-numpuk; kc. sungsun.
nungsung :
kn. ak. munggah mêthukake ilining banyu, mudhik; kc. sungsung.
nungsung warta :
kn. ak. golèk kabar (katêrangan).
nungtun :
kn. ak. nuntun; kc. tungtun.
nupiksa, nupiksani :
kw. mriksa, maca; kc. tupiksa.
nur :
(A) kn. ak. cahya, sorot.
nuraga :
I kw. kang ngêrèh ut. nguwasani (ent. digdaya, sêkti). II kw: andhap-asor; kc. anorraga.
nurahi :
n. nirahi k. ndèkèki turahan; kc. turah.
nuras :
êngg. kn. nguras, ngêsokake nganti sat; nurasi ki. nguyuhi; kc. turas.
nurat :
kw. nulis; kc. surat.
nurbuwah :
kn. ak. cahyaning kanabean.
(nuru) :
nênuru n. nênilêm k. ngisik-isik lsp. supaya turu; kc. turu.
nuruh :
(-i) kn. nyiram sarana banyu dicurake; kc. turuh.
nurun :
I [x]-i n. nêdhaki k. ngudhuni; [x]-ake: ngudhunake; kc. turun. II [x]-ake n. nêdhakakên k. 1 nganakake; 2 nglantarake (nularake) marang turun-turune; kc. turun. III n. nêdhak k: niru (nulis) layang lsp. kc. turun. IV [x]-i êngg. kn. nguruni; kc. turun.
nurun sungging :
kn. ak. nurun (niru) trêp bangêt.
nurus :
kn. nandur turus; kc. turus.
nurut :
kn. 1 ngambah ing ênêring garis lsp; 2 manut, ora suwala; kc. turut.
nuroni :
n. nilêmi k. 1 turu ing; 2 sanggama; kc. turu.
nus :
kn. bngs. iwak mangsi.
nusa :
kw. pulo.
nusahi :
kn. susah mungguhing bab ...; kc. susah.
nusantara :
kw. kapuloan (Indonesiah).
nusu :
I n. nêsêp k. ngombe banyu susu saka ing susu; kc. susu. II [x]-[x] n. nêsa-nêsa k. ak: akon supaya enggal; kc. kêsusu, susu.
nusudake :
kn. njalari susud; kc. susud.
nusuh :
kn. gawe (manggon) ing susuh; kc. susuh.
nusuki :
I kn. ngilangi (malik, nimpal) ngango susuk; kc. susuk. II kn: njujuli, mènèhi susuk; kc. susuk.
nusul :
kn. nututi; kc. susul.
nusun :
kn. ak. sungsun; kc. sungsun.
nusung :
kn. ak. nungsung.
nusup :
(-i) kn. nlêsêp ing, nlusupi; kc. susup.
nusur :
I êngg. kn. ngusari bolah lsp. nganggo malam lsp; kc. susur. II kn: ngusar nganggo susur; kc. susur.
nusur-tanah :
êngg. kn. surtanah.
nusus :
kn. ora manut kang lanang; kc. nujus.
nusut :
êngg. kn. nglacak (nganggo asu); kc. susut.
nusoni :
n. nêsêpi k. ngombèni banyu susu; kc. susu.
nuswa, nusya :
kw. pulo.
nuswapada :
kw. jagat, donya.
nut :
I di-[x] êngg. diturut; kc. tut. II (W) kn. 1 ciri gambar swara(ning musik, mênyanyi lsp); 2 buku cathêtan; 3 pèngêtan (ing karangan layang kabar lsp).
nutasake :
kn. ak. nuntasake; kc. tutas.
nutfah :
(A) kn. ak. mani.
nutu :
kn. (nggêntang k): ngoncèki pari lsp. sarana disosoh ing alu; kc. tutu.
nutug :
kn. nganti tumêka ing pungkasan; [x]-ake n. ndumugèkakên mbanjurake, nêrusake nganti rampung; kc. tutug.
nutuh :
I kn. nêgor pang-pang ing wit; kc. tutuh. II kn: ngambali nêmpuh (nglawan, nambani lsp) manèh; kc. tutuh. III n. nêtak k: nyrêngêni (nyampahi) dening kliruning tindak lsp; kc. tutuh.
nutul :
(-ake) kn. ndumukake (ndulitake, ngêclupake) sathithik; kc. tutul.
nutup :
kn. nginêp supaya rapêt; kc. tutup.
nuturake :
êngg. ngêtutake, mèlu; kc. tutur.
nuturi :
I n. nanjangi k. ngandhani; kc. tutur. II êngg. kn: ngalap, njupuk, ngopèni; kc. tutur.
nutusi :
kn. nyunduki nganggo tutus; kc. tutus.
nutut :
I kn. manut, ora suwala; kc. tutut.

--- 350 ---

nutpah ~ nopal.

II [x]-i kn: ngoyak nusul, nyêtut; kc. tutut.
nutpah :
kn. ak. mani.
nucèkake, nucèni :
kn. ngrêsiki supaya suci; kc. suci.
nucudi :
kn. ak. ngluconi; kc. cucud.
nucuh :
kn. ak. 1 natoni numbak, nyakot lsp; 2 êngg. nutuh; kc. cucuh.
nucuk :
I kn. 1 nothol; 2 ks. mangan; kc. cucuk. II [x]-ake êngg. pc: ngetung-etung rêgane sing pantês; kc. cucuk.
nucup :
kn. 1 ngombe sarana ngakêp cucuking kêndhi lsp; 2 nyêrot (nêcêp) sarana lambene ditèmpèlake; kc. cucup.
nucruk :
êngg. kn. nyabrang têrus, nasak.
nucrup :
êngg. kn. nucup.
nuthuk :
kn. ndhêdhêg nganggo barang kang atos; kc. thuthuk.
nuwak :
kn. nyagaki; kc. tuwak.
nuwakake :
n. nyêpuhake k. njalari (marakake, ngundhaki) tuwa; kc. tuwa.
nuwakupake :
kn. sumarah marang; kc. tuwakup.
nuwala :
kw. layang; kc. nawala.
nuwani :
n. nyêpuhi k. êngg: dadi têtuwa: kc. tuwa.
nuwasi :
kn. mènèhi pituwas; kc. tuwas.
nuwawa :
kw. nitipi; kc. tuwawa.
nuwèni :
k. niliki.
nuwêk :
kn. nyuduk; kc. tuwêk.
nuwila-ganda :
kw. nyanak-nyanak marang wong kang luhur.
nuwuhake :
kn. 1 nukulake; 2 njalari; kc. tuwuh.
nuwukakên :
k. marêgake; kc. tuwuk, warêg.
nuwun :
I êngg. ki. njaluk; kc. suwun, nyuwun. II kn: 1 mratelakake pakurmatan; 2 trima kasih.
nuwun mawon :
pc. nuwun (atêgês êmoh, nampik).
no :
I pc. lo! II êngg. ngono, mêngkono.
nobatake :
kn. 1 njalari tobat, ngapokake; 2 pc. mêdèni bangêt, nggêgirisi; 3 pc. njêlèhi bangêt, marakake kapok; kc. tobat.
noblos :
êngg. kn. nyoblos; kc. toblos.
noja :
kn. ar. têtuwuhan godhonge dianggo têtamba.
nojèh :
kn. ak. nyuduk nyoblos; kc. tojèh.
nojoh :
pc. njojoh, nyoblos, nyuduk; kc. tojoh.
nodhêg :
pc. katog bangêt (kang bêcik dhewe).
nodhi :
kn. nyoba kakêndêlan lsp; kc. todhi.
nodhos :
kn. nguncêgi; kc. todhos.
nogog :
pc. mung mênêng bae (ora gêlêm têtulung, tumandang lsp).
nohan :
kn. ar. dina sangawara kang kaping pat.
noyani :
k. mbanyoni; kc. banyu, toya.
nok :
I pc. dhenok. II pc: ana ing.
nokidake :
kn. ngêncêngake bangêt pangandêle (kayakinane); nokidi: ngantêpi pangandêle; kc. tokid.
nokil :
I (ut. [x]-an) kn. ak: nukil(an). II êngg. kn. cidra, ora barès.
nok-lèh :
pc. mêlèhake; kc. thok-lèh.
nokwèl :
kn. ak. dahwèn; kc. thok-wèl.
nolak :
êngg. kn. nulak; kc. tolak.
nolang-nolang :
kn. tholang-tholang.
nolèh :
kn. mengo, mingêr mêmburi; kc. tolèh.
noli :
êngg. nuli.
nolih :
pc. nolèh.
nom :
n. nèm k. timur ki. 1 isih sathithik umure, durung tuwa; 2 durung mangsa, durung matêng; 3 rada sêmu putih tmr. warna; 4 ak. mayat bangêt (tmr. payon); 5 sadurunge tanggal 15 (tmr. sasi, rêmbulan); di-[x]-ake: 1 didadèkake nom; 2 dianyarake manèh (tmr. utang); kc. anom, nonoman.
nomahake :
kn. ak. mêmanuh, ngulinakake; kc. tomah.
nomboki :
kn. 1 muwuhi kakurangane (tmr. wêtuning dhuwit, têtuku), 2 nganggo muwuhi dhuwit (tmr. ijol-ijolan); 3 mènèhi tombok (tmr. janggrungan lsp); kc. tombok.
nomnoman :
n. nèmnèman k. kang isih nom.
non :
I kw. wêruh; kc. anon, ton. II pc: nun.
nonah :
kn. bocah wadon prawan (tmr. bangsa Eropah, Cina).
nonjok :
kn. mènèhi panganan lsp. dianggo sarana ulêm-ulêm; kc. tonjok.
nonjol :
kn. ak. ndhrusul saka buri; kc. tonjol.
noni :
kn. nonah cilik.
nonob :
êngg. kn. 1 ngeyub (ngaso lsp); 2 ndhêlik; [x]-an êngg: pandhêlikan.
nonok :
êngg. pc. pawadonan.
nonol :
kn. bngs. urèt sok mangan kopi.
nonoman :
n. nènèman k. kang isih nom.
nonong :
kn. manyul (tmr. bathuk).
nonor :
êngg. kn. lamur bangêt.
nontok :
êngg. nonton.
nonton :
n. ningali k. mriksani ki: ndêlêng; kc. tonton.
noncong :
kn. nyongat mêngarêp (tmr. tumbak lsp); c[6] concong.
nonthong :
pc. mung mênêng bae.
nonthor :
pc. kêsèd, nganggur bae.
nonyo :
pc. ngantêm, njotos; kc. tonyo.
nonyok :
I pc. nonyo. II [x]-ake êngg: nyunyuk(-ake).
nonyol :
pc. nonjol, nunjêl; kc. tonyol.
nong :
êngg. ana ing.
nongkol :
pc. nikêlake ênggone totohan; kc. tongkol.
nongkrong :
pc. mêthongkrong.
nonglang-nonglang :
kn. thonglang-thonglang.
nongol :
pc. mênthongol.
nongong :
pc. mêndongong.
nongsongi :
ki. mayungi; kc. payung.
nongton :
êngg. ak. nonton.
nopal :
kn. ar. jasad dianggo mulas (marna).

--- 351 ---

nopèng ~ nronyok.

nopèng :
kn. mbarang (njogèd) topèng; kc. topèng.
nora :
n. ak. ora.
nor-raga :
kw. andhap asor.
norap :
êngg. kn. ngêlêbi; kc. torap.
norèhake :
êngg. nêtakake; kc. torèh.
nori :
kn. ar. bngs. bèthèt gêdhe.
norogi :
êngg. kn. nomboki kakurangane; kc. torog.
norong :
pc. mandhêg mêndêlik (gumun lsp); kc. nyorong.
nosog :
I kn. numbak, nojoh lsp; kc. sosoh.
nosor :
kn. nucuk nganggo sosor; kc. sosor.
nosori :
kw. ngêsori; kc. sor, sosoran.
nosotake :
kn. ngunèk-ngunèkake (misuhi lsp); kc. sosot.
notês :
pc. layang cathêtan.
notisi :
pc. cathêtan.
notog :
kn. 1 mantog, têkan ing pantogan; 2 katog; kc. totog.
notohi :
kn. nganakake totohan; kc. toh, totoh.
notol :
kn. sêlak kêpengin bangêt, mantêp bangêt; kc. totol.
notor :
êngg. kn. nêgor kayu; kc. totor.
notyani :
I kw. ngêtrapi sêsotya (intên); kc. sotya. II kw: ngraupi; kc. sotya.
nocani :
kw. ngraupi; kc. sotya.
nocog :
I kn. nyoblos, nojoh; kc. cocog. II [x]-ake kn. nyumurupi cocog lan orane; kc. cocog.
nocoh :
I kn. nglêmbutake kinang ing cocoh; kc. cocoh. II êngg. kn. 1 nacah, nyublêsi; 2 nutuh; kc. cocoh. III êngg. kn. nandur lan mêncarake uritan pari lsp; kc. cocoh.
nocok :
I kn. mangan (tmr. asu). II pc: nglojok (nrajang) ing watêsing bathikan; kc. cocok.
nocol :
I kn. ak. ngrikiti, nucuki (wowohan); kc. cocol. II êngg. kn: nyunduki banjur dipikul; kc. cocol.
nocor :
pc. nosor; kc. cocor.
nocrop :
pc. nucup, nêcêp sêru.
nothok :
kn. nuthuk nganggo gêgêring athik-athikaning driji; kc. thothok.
nothol :
kn. nucuk; kc. thothol.
nowongake :
kn. nyuwungake, nglowongi; kc. towong.
nrabas :
êngg. kn. nrajang têngah; kc. trabas.
nrajaki :
kn. ak. mathoki; kc. trajak.
nrajang :
kn. nêmpuh, nyêrang, nasak; kc. trajang.
nraju :
kn. ak. nimbang nganggo traju.
nraju-mas :
kn. ak. kaya traju-mas (pundhak kang bêcik).
nrahake :
kw. 1 masrahake; 2 nurunake; kc. srah, trah.
nraya :
kn. ak. njaluk tulung; kc. sraya.
nrakcak :
êngg. kn. kurang tata-krama.
nrambahi :
kn. ak. nyrambahi; kc. srambah.
nrambul :
kn. nggrubyug; kc. trambul.
nrami :
êngg. k. nrima.
nrampad :
kn. ak. nyrampad; kc. srampad.
nranang :
êngg. kn. pating pathêthêk, pating jlêmpah.
nrancag :
kn. munggah (mènèk) rêrikatan; kc. trancag.
nrancang, nranthang :
kn. padha bolong-bolong (tmr. barang sêmbêt).
nranyak :
kn. tumindak kurang tata-krama kayata nyêkêl êndhas lsp.
nrang :
I kn. ak. nêrang; kc. têrang. II kw: nêmpuh, nyêrang; kc. sêrang.
nranggal :
kn. mranggal; kc. tranggal.
nrapake :
kn. ak. ngêtrapake; kc. trap.
nrècès :
kn. 1 padha tètès; 2 rikat lan pasèh (ênggone gunêman).
nrêcêl :
pc. kêrêp manak; kc. crêcêl.
nrêcês :
kn. ak. kêkês, adhêm njêkut; kc. trêcês.
nrima :
n. nrimah k. 1 nampa kalawan panuwun; 2 wis marêm; kc. trima.
nrisig :
I (ut. [x]-i) kn. ngêtrapi srisig; kc. srisig. II kn: nyirik (tmr. jogèd); kc. srisig.
nrisik :
pc. nisik (ndondomi); kc. trisik.
nrisnani :
pc. nrêsnani; kc. trisna.
nritik :
kn. gawe tritik (ing kêmbên lsp); kc. tritik.
nrithik :
I kn. tansah nyênyêkêl lsp; kc. thrithik. II pc: urut-urutan kêrêp.
nrithil :
kn. kêrêp bangêt kêdhèp.
nrubus :
kn. ak. thukul trubuse; kc. trubus.
nrukani :
kn. têtruka ing; kc. truka.
nrunjah :
pc. ngrunjah; kc. runjah.
nrunjang :
kn. ak. nunjang; kc. trunjang.
nrunjêl :
kn. ak. nunjêl; kc. trunjêl.
nrunthung :
pc. tansah nywara thung-thung.
nrungku :
kn. ak. ngunjara; kc. trungku.
nrus :
kn. ak. nêrus, têrus; kc. têrus.
nrusi :
êngg. kn. nambani nganggo prusi; kc. trusi, prusi.
nrutuli :
kn. nututi (nusul) nggênahake; kc. trutul.
nrutus :
kn. lunga nggêgolèki; kc. trutus.
nrucuk :
pc. katon akèh sarta padha dhuwure; kc. crucuk.
nrucus :
kn. padha nywara cus-cus.
nruthuk :
kn. 1 mompar-mampir; 2 alon-alon; 3 pc. ndhrêdhêg; kc. thruthuk.
nruthus :
pc. lunga dhêdhêmitan (alon-alonan); kc. thruthus.
nrokcok :
êngg. pc. mangan gas-gasan.
nrombol :
kn. mèlu nrambul; kc. trombol.
nronjol :
kn. nrunjêl, nrênjêl; kc. tronjol.
nronthong :
kn. padha bolong-bolong (tmr. gêdhèg), mbolongi (nylowèki) cagak pring lsp; kc. thronthong.
nronyok :
pc. ngronyok; kc. ronyok.

--- 352 ---

nrocobi ~nyakêti.

nrocobi :
kn. nyampuri; kc. trocob.
nrocohi :
kn. trocoh banyune kêna ing; kc. trocoh.
nrocok :
pc. nrokcok.
nrocop :
pc. nyêrot, ngombe; kc. crocop.
nrocos :
kn. 1 mili padha têlês; 2 pc. mêtu luhe; kc. crocos.
nrotholi :
pc. notholi; kc. thothol.
nrowong :
(-i) kn. ak. mbolong, gawe trowongan; kc. trowong.
nwam :
kw. nom.
nyasa :
(S) kw. ak. kaya.
nyu :
kw. krambil.

 


Huruf Jawa: pasangan na. (kembali)
kêtagihan. (kembali)
saka. (kembali)
nggotong. (kembali)
templok. (kembali)
kc. (kembali)