Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

T

ta :
kn. 1 pc. e ! (murih nggatèkake); 2 kanggo ngantêbake surasa (ing saburining têmbung pitakon, pakon, pitutur); 3 ngantêbake nyatane gagasan kang kawêdharake, up. rak salah ta !
ta :
-nta kw. -mu.
(tan) :
I [x]-[x]-an (atine) kn. dhêg-dhêgan marga kagèt. II di-[x]-ake pc: dikêtabake.
tabag :
kn. 1 pagêr ut. gêdhèg, bakale pring diplupuh; 2 pagêr sing digawe blabag; 3 êngg. gêdhèg; kc. dabag.
tabah :
I kn. êngg. bêtah, sabar atine; di-[x]-ake êngg: dibêtah-bêtahake, disabarake. II di-[x] kw: ditabuh; kc. tabuh.
tabe :
kn. 1 êngg. aja dadi atimu !; 2 (ut. [x]-[x] nuwun-nuwun sèwu (kalawan urmat bangêt) yaiku samangsa arêp nyêbutake asmane Kangjêng Nabi Muhamad lsp; 3 pakurmatan, salaman; 4 tabik; têtabikan: padha salaman, urmat-ingurmatan.
tabèk :
(A) kn. miturut.
tabèl :
(W) kn. cathêtan urut-urutaning sala-silah, jam sêpur lsp.
tabengat :
(A) kn. ak. watak.
tabêh :
kn. 1 krasa kaya kandêl abuh tmr. rai; 2 tambêng, ndablêg.
tabêla :
kn. pêthi wadhah jisim sing arêp dikubur; di-[x]: dilêbokake ing tabêla tmr. mayit.
tabêri :
kn. srêgêp sarta tlatèn; ditabêrèni: disrêgêpi, ditlatèni.
tabêt :
kn. 1 tilas, lari; 2 êngg. tatu; 3 (ut. têtabêtan) êngg. tilasan, turahane apa-apa sing wis rusak; [x] saka, [x] ing: marga saka; nabêt: nganakake tilas ut. tabêt; di-[x]-i: 1 kadunungan ing tabêt; 2 ditinggali, diwènèhi têtilas; kc. labêt.
tabêt-tatu :
kn. tilas tatu, gèthèk.
tabib, tabit :
(A) kn. dhukun (wong Arab ut. Hindhu).
tabik :
êngg. pc. 1 salaman; 2 mbagèkake pakurmatan; di-[x]-i: dibagèkake sarana tabik; kc. tabe.
tabir :
kn. kc. takbir.
tabit :
kn. tabib.
tablag :
êngg. tabag.
tablas :
êngg. kn. 1 têrus nandhês (diiris lsp); 2 êntèk babarpisan; kc. bablas.
tablèg :
I êngg. tabag. II kn: 1 ora owah gingsir, popog; 2 panggah; kc. tamblèg. III (A) kn: wêwarah njêmbarake agama Islam.
tablèt :
(W) kn. jamu (kinah) glintiran gèpèng.
tablèg :
I êngg. kn. tanggul; di-[x]: 1 ditangguli; 2 diurugi manêt. II kn: ndablêg, tambêng.
tablun :
ks. sêsukêr (tai); nablun ks: bêbanyu.
tabuh :
kn. 1 thuthuking gamêlan, bêdhug lsp; 2 br. jam; di-[x]: 1 diunèkake sarana kathuthuk ing tabuh tmr. gamêlan lsp; 2 pc. ditakoni, ditanggap; 3 êngg. diunèkake tmr. mrêcon. mriyêm lsp; di-[x]-i: digamêli; (te)[x]-an: unèn-unèn, gamêlan.
tabur :
I êngg. tawur, têtawur. II [x]-[x] kn: bludiran sarana bolah sutra ut. banyu mas; di-[x]: dibludir.
(tabok) :
I sa-[x] êngg. kn. satêbah; di-[x](i): dipilara êndhase sarana tangan (traping èpèk-èpèk dijêbèbèhake). II kn: kc. tabon I.
tabon :
I kn. sing tuwa dhewe; bojo [x]: bojo sing baku (absah); desa [x]: desa sing diênggoni ing lurah (dêmang lsp); lurah [x]: lurah patuh (priyayi sing nggadhuh palungguh sawah sapadesane); sêlir [x]: sêlir ênggone ningkah sawuse ngandhêg; bumi sa-[x]-e, sa-[x] padhukuhane: padesan lan palêmahan ing kukubane sing isih mluwa. II kn: sêpêt (buntêling krambil).
(tabrak) :
di-[x] êngg. pc. 1 ditumbuk, ditunjang; 2 dicêkêl (tmr. maling lsp).
tadanantara :
(S) kw. dumadakan, ora antara suwe.
tajab, tajap :
pc. mustajab, mandi.
tajali :
(A) kn. 1 wêdharaning Allah; 2 gêgênti ut. blêgêring Allah sing ana ing donya.
tajèn :
I kn. gathuk-gathukan êndhas tmr. layangan; kc. taji. II êngg. kn: pakaryan padesan mirunggan marang lurah lsp.
tajêm :
I kn. 1 jêjêg (timbang) tmr. traju; 2 antêng ora mondar-mandir tmr. polatan; 3 sarèh sarta kukuh tmr. bêbudèn.

--- 585 ---

taji ~ taya.

II êngg. pc: landhêp; di-[x]-i pc: digêgasah, diadon-adoni.
taji :
I kn. waja winangun lancip alandhêp dipasang ing sikil jago ut. ing sunguning wêdhus; [x] batang: taji dipasang ing jalu; [x] sale: taji dipasang ing jênthik; [x] têlês: taji dipasang ing dhuwur jalu; masang [x] pr: didakwa malês ndakwa; di-[x]: 1 dicublês ing taji; 2 dicublês nganggo êndhasing layangan; 3 pc. didakwa.
tajin :
I kn. banyu ing liwêt sing wis umob; mumbul-mumbul kaya [x] pr: ora duwe kêndhak; najini: 1 mêtu tajine tmr. liwêt; 2 kabèh dadi woh tmr. ontong gêdhang; di-[x]-i: dibuwang tajine. II kw: cêcêgah, ngêngurangi (mangan, turu, lsp).
taju :
I (A) br. makutha. II di-[x] pc: disigar nganggo paju; kc. paju.
tajug :
I kn. 1 langgar (omah-omahan, cungkup lsp) wanguning payone kaya wanguning ompak; 2 awangun kaya ompak tmr. mata intên ing ali-ali. II di-[x] kn: didakwa nyolong lsp. kalawan dicogêmol.
tadha :
kn. sindik wêsi ut. kayu (kanggo ngrangke êmpyak lsp).
tadhah :
kn. 1 nampani apa-apa sing tumiba; 2 apa-apa sing dianggo nampani apa-apa sing tumiba, up. [x] banyu udan; 3 cêndhèk sarta mayat tmr. payon; 4 kw. pangan; 5 kèhing pangan lsp. sing dianggo pêpancèn, up. bocah iki [x]-e rong piring; 6 ([x] bangêt) pc. bisa ngêntèkake akèh; di-[x] kw: dipangan; di-[x]-i: 1 ditampani; 2 ditanggapi, ora diendhani (dioncati); [x]-an: 1 apa-apa sing dianggo nadhahi ut. sing ditadhahi; 2 (sawah [x]-an) olèhe banyu mung saka banyu udan dadi yèn katiga ora ditanduri pari; 3 (ut. pa-[x]-an) tembor sing dianggo wadhah panganggo sing adi-adi ut. cêpakan.
tadhah amin :
kn. 1 ngamini wong ndonga sarta tangane katata mandho kaarêpake ing rai; 2 pc. mung mèlu manut.
tadhaharsa :
kw. manuk kêdhasih.
tadhah duka :
kn. sumarah (disrêngêni iya wis nrima).
tadhah jis :
êngg. plangitan ing sadhuwuring paturon.
tadhah êluh :
kn. ar. mathining jaran unyêng-unyêngane dumunong[1] ing sangisoring mata.
tadhah kringêt :
kn. 1 klambi rangkêpan; 2 rangkêpaning klambi.
tadhah najis :
êngg. plangitan sadhuwuring paturon.
tadhah udan :
kn. 1 (sawah) tadhahan; 2 (gêdhang) lirangan sing dhuwur dhewe; 3 (payon) mayat, campah.
tadhah-sih :
kw. manuk kêdhasih.
tadhah sirah :
pc. bantal.
tadhah sodor :
kn. nggawa tumbak lancipe kaênêrake mangisor.
taèk :
êngg. pc. sêsukêr; kc. tai.
tag :
di-[x] pc. diatag; dadi [x]-[x]-an: ndadak nganggo diatag; kc. atag.
taga :
I [x]-ne kw. têmahane, tundhone. II kw: kc. walangataga.
tagèh :
I kn. ar. iwak kali. II di-[x] êngg. pc: ditagih.
tagên :
kw. tanggulang; di-[x]-i kw: ditanggulangi, dilawan; kc. tanggên.
(tagih) :
I di-[x] kn. dijaluk bali piutange (janjine lsp); nagihi: 1 nagih bola-bali; 2 (ut. matagihi êngg) njalari kêtagihan; pa-[x]-an, kê-[x]-an: adrêng kêpengin marang pangan lsp. sing wis kamanuhake (kang lumrah pangan lsp. sing ora bêcik tmr. ing badan). II kn: ar. iwak kali; kc. tagèh.
tagon :
ut. [x]-an êngg. pacangan; têtagon êngg: bedhangan; kc. tanggon.
tah :
kn. ta.
taha :
I kw. kira, bok manawa [x] yèn: manawa; tumaha: ngira-ira, gojag-gajêg. II kw: ringa, rada wêdi; tan [x]: kêndêl, tanpa ringa-ringa; di-[x]: dieringi: ora [x]-[x]: ora wigih-wigih, ora nganggo ringa-ringa.
tahayul :
(A) kn. 1 panyipta, gambaring pangangên-angên; 2 gugon-tuhon.
tahan :
kn. kuwat ngampah (nyandhêt), têgêl, bêtah; di-[x]: 1 diêndhêg; 2 diampah, dicandhêt; 3 dicêkêl pulisi sarta dikunjara sawêtara mangsa; 4 êngg. pc: disumênèkake, dilèrènake dhisik; di-[x]-ake: dibêtahake, ditêgêlake; [x]-an: 1 apa-apa sing ditahan; 2 papan dianggo nahan.
tahang :
êngg. tong.
tahap :
kw. ombèn-ombèn; di-[x]: diombe.
tahjud :
(A) kn. sêmbahyang ing wayah bêngi (yèn pinuju nglilir).
tahên :
I kw. wit, kayu. II kw: tahan; nahên: 1 nahan; 2 nandhang.
tahyat :
(A) kn. pêpuji marang Allah.
tahyul :
kc. tahayul.
tahlil :
(A) kn. ngucapake sahadat la ilaha illa'llah (dianggo mêmuji kang Maha luhur); di-[x]-ake: didhikirake; [x]-an: dikiran; kc. dalil.
tahu :
(C) kn. ar. lêlawuhan sing digawe dhêle putih digiling.
tahulang :
kw. balung.
tai :
n. tinja k. 1 sêsukêr; 2 (ut. têtai) rêrêgêding wêsi warnane abang; 3 gogroganing pasahan, grajèn lsp; kêtiban [x] baya (ut. ke-[x] baya) pr: kêna ing pandakwa, ditêrka; dibêciki mbalang [x] pr: dibêciki malês ala; nai: 1 (ninja k) mêtu têtaine tmr. wêsi; 2 kn. manak tmr. kucing; tainên: mêtu têtaine tmr. wêsi.
tai bêsi :
kn. 1 landhaning obong-obongan wêsi; 2 rêgêding wêsi kang diobong.
taiyèng :
kn. 1 êndhêg-êndhêg campuraning jasad wêsi karo banyu (kang ana ing sawah lsp); 2 êngg. têtai; taiyèngên êngg: tainên.
tail :
I kn. (sa-[x]) ukuran bobot ( 1/16 kati = 38,601 g). II ke-[x]-[x] êngg: dicêcamah, disiya-siya.
tai manuk :
kn. 1 ênjêt (yèn disêbutake ing wayah bêngi); 2 (ut. tai burung) rabuk asal tai lawa, manuk lsp.
taya :
I kw. ak. ilang, suwung. II kw: jogèd; ma-[x]: njogèd.

--- 586 ---

tajêh ~ talês.

tayêh :
êngg. kn. puguh, mêmpêng; kc. tayuh.
tayub :
(ut. [x]-an, nayuban) kn. kasukan jêjogèdan nganggo dijogèdi ing tlèdhèk; di-[x]; dijogèdi sarta diibing tmr. tlèdhèk.
tayuh :
I (ut. tayoh) êngg. kn. 1 ora bisa mutah tmr. warna; 2 rakêt bangêt pamitrane lsp; 3 puguh, mêmpêng. II kn: impèn kang ngêmu sasmitaning lêlakon sing bakal kêlakon; di-[x]: nêdya disumurupi sasmitaning apa-apa sarana nglakoni supaya olèh wêwêngan sarana impèn; di-[x]-i: diprimpèni.
tayum :
kn: bngs. jamur sing tuwuh ing klambi lsp. sing têlês banjur diêpêp; [x]-ên: jamurên (kêtuwuhan tayum).
(tayung) :
[x]-an kn: njogèd mlaku.
tayoh :
êngg. tayuh.
tayoli :
êngg. ks: bangsat (kanggo pêpisuh)
tak- :
n. kula- k: dak.
taka :
br: wc. antaka (mati).
takabur :
(A) kn. gumêdhe, umuk.
takad :
kn: kuwat nandhang (nahan) lara lsp.
takal :
êngg. rentengan, kerekan dianggo angkat junjung.
takbir :
I (A) kn: ngucap: Allahu Akbar (Gusti Allah maha agung); [x]-an: padha ngumpul dêdonga ngucap takbir. II (ut. [x]-an) (A) kn: katêrangan maknane impèn lsp.
takdir :
(A) kn: pêpêsthèn (saka karsaning Allah); tinakdir: wis pinêsthi ing Allah.
takjir :
(A) kn: paukuman miturut pancasan panêmuning kakim, ora wêwaton anggêr-anggêr (yaiku ukuman sapu).
takèk, takèn :
k: takon. takelekan kw. ak: kèlèk.
takêr :
kn. ukuran isi; dudu [x]-e ([x]-ane) pc: dudu tandhinge; di-[x]: diukur, disumurupi isine (kèhe) tmr. barang cuwèr ut. barang lêmbut; di-[x] warêg: disrêngêni nganti tobat-tobat: [x]-an: 1 ukuran isi; 2 apa-apa sing dianggo nakêr.
takêr ganja :
br. (nyuduk kêris) nganti têkan ing ukirane.
takêr ludira :
(marus) br. (prang) nganti ngêtokake gêtih akèh bangêt.
takêr turun :
n. (-têdhak k): ar. pajêg awujud dhuwit saka bêkêl desa marang lurah patuh kaaturake marang panjênênganing nata.
taki :
mangun [x] kw: mangun tapa: têtaki, [x]-[x] kawi: têmên nglakoni tapa lsp; kc. tèki.
takir :
kn. 1 wadhah panganan lsp. sing digawe godhong gêdhang dikuwungake dibitingi kiwa têngên; 2. ar. peranganing omah joglo awujud kayu katumpukan (sungsun) tumumpang ing pangêrêt lan panglari (sing manjêro); [x] ponthang: takir sing digawe janur ut. sing didèkèki janur ing kiwa têngên; di-[x]: digawe takir.
takyat :
kn: tahyat
takyin :
(A) kn: 1. nyata, gênah; 2 mêsthi, yakin; di-[x]-ake: dinyatakake, diyakinake.
takyun :
(A) kn: kupiya, pangalaman.
taklèk :
(A) kn: 1 janggêlan; 2 janji dalêm tmr. nikah tuwin talak; di-[x]-ake: prajanji (saguh) isih nganggo janggêlan; kc. talèk.
taklid :
(A) kn: nirokake, nulad. taklim (A) kn: kanthi urmat, ngajèni.
takluk :
(A) kn: têluk.
(takul) :
tumakul kw: tumungkul, mêndhak.
takut :
kw: wêdi, jirih.
takok :
pc. takon n. takèk pc. takèn k. ndangu ki: mitêrang njaluk wangsulan; aja [x] dosa: aja nyelaki kasalahanmu; di-[x]-i n. dipun takèni k. didangu ki: dijaluki katêrangan ut. wangsulan; ditakokake n. dipun takèkakên k. didangokake ki: 1 dijaluki katêranganing apa-apa supaya mangsuli; 2 êngg. dilamar: pi-[x] n. pitakèn k. pandangon ki: apa-apa sing ditakokake, soalan.
takowah :
(C) kn: ar. lêlawuhan bngs. jangan.
takrul :
(A) kn: pangaji-aji, nêtêpi anggêr lsp.
taksaka :
kw: ula.
taksih :
k: isih
taksir :
I (W) kn: pangira-ira tmr. wuragad lsp; di-[x]: dikira-kira wragade, rêgane lsp; kc. têksir. II êngg. katledoran. III kn: kc. tapsir.
taktik :
(W) kn: reka, ubêding iguh.
tak cèk, tak cèh :
pc: sinau maca Cina.
takwa :
kn: ar. klambi saèm. surjan lêngênane dawa tanpa bêlah bantên.
takwan :
kw. takon.
tal :
kn: ar. wit bngs. siwalan; sêbit ron [x]: gêlang tipis gèpèng ora sigar panjalin.
tala :
I kn: omah tawon; tumala br: rame bangêt (kaya swarane omah tawon) II (S) kw: 1 lêgokan, luwangan; 2 lêmah, asor; ka-[x] kw: kêtiwasan; ka-[x] waca pr: kêtiwasan marga kliru gunême.
talab :
(A) kn: sinau babagan agama.
talad :
kn: (isih [x]) isih tamban, ombèr wêktune, ora kêsusu.
talak :
(A) kn. pêgat; di-[x]: dipêgat.
talakas :
kw. rosa.
talam :
êngg. kn. tembor.
talang :
kn. urung-urung (ilèn-ilèn) sing digawe pring, sing[2] lsp. kanggo ngilèkake banyu udan lsp: di-[x]-i: 1 ditrapi talang; 2 ditukokake apa-apa pambayare kèri (diêjogi dhisik).
talang-jiwa :
(pati) br. ngêtohake pati dianggo bêbantên ut. tawur.
(talangsa) :
kn. kc. tlangsa.
talang-catur :
kn. wong sing nglantarake rêmbug.
talawèngkar :
êngg. wingka.
talawya :
sa[x] kw. (...)[3]
(talèk) :
di-[x] êngg. ditakoni kapriye kaantêpane, kc. taklèk.
talèn :
êngg. n. tangsulan k. dhuwit slaka ajine 25 sèn; sa-[x]. F 0.25; kc. tali.
talêh :
(ut. a-[x]) kw. mêndêm.
talênan :
êngg. kayu (dhingklik) landêsan ngiris-iris; kc. tlênan.
talêr :
kn. 1 urut-urutan lajêring crita; 2 urut-urutaning sanak sadulur; isih ana [x]-e. isih sanak.
talês :
I kn. bngs. kimpul.

--- 587 ---

tali ~ tambang.

II (ut. têtalês, [x]-an) kn. 1 dhasar, pandhêmèn; 2 dhêdhasaring wêwaton, landhêsaning panêmu; 3 êngg. pc. pinggiran, watês pakarangan lsp; di-[x]-i. didhasari, dipasangi pandhêmèn.
tali :
I n. tangsul k. 1 tampar lsp. sing dianggo ningsêti; 2 (sa-[x]) êngg. saunting (sabêlah) tmr. pari; ditalèni. diikêt (disingsêti) ing tali; ka-[x] br. 1 kêsindhêt, kêcancang; 2 nandhang cilaka. katula-tula ka-[x] pr. tansah nandhang cilaka; ka-[x] mangsa pr. wis kasèp; talenan. 1 apa-apa sing wis ditalèni, sindhêtan; 2 (satalenan) saunting, sabêngkêk. II (sa-[x]) n. (sa-tangsul) k. 25 sèn; sa-[x] têlung wang pc. padha bae.
tali api :
kn. plintiran gombal lsp. dianggo nyumêd udud.
tali ari-ari :
kn. usus gantilaning ari-ari.
talib :
I êngg. punthukan wêdhi ing sêgara ut. kali. II di-[x] kn. ditêkuk, dilangkib; di-[x]-i. ditutupi ing têkukan; di-[x]-ake. 1 dilangkibake (dianggo nutupi); nyauri utang sarana utang liya.
tali bandhang :
n. tangsul [x]. tampar dianggo sabukan prajurit jêjaranan.
tali angin :
(barat) n. tangsul [x] k. tali sing dianggo nalèni molo karo êmpyak.
tali bungur :
n. tangsul [x] k. apusing jaran ing sadhuwuring irung.
tali goci :
k. caraning nalèni layangan.
talika :
kw. têlik; di-[x]. ditêlik, dilari; sèbêt byar ka-[x] br. dumadakan katon.
talilan :
êngg. tahlilan.
tali-murda :
ngêndhat [x] br. nglalu sarana nggantung.
tali monce :
kn. ar. perangan abah-abah jaran sing kapasang ing êndhas.
taling :
kn. ar. sandhangan ing aksara Jawa (...); di-[x]. ditrapi sandhangan taling.
talinga :
kw. kuping.
talingan :
ki. kuping.
taling-tarung :
kn. ar. sandhangan ing aksara Jawa (...); di-[x]. ditrapi sandhangan taling-tarung.
tali pati :
kn. nalèni disindhêt ubêd pindho.
tali puntir :
kn. nalèni ora disindhêt (mung dipuntir).
tali-rasa :
kn. urat saraf.
tali tapak dara :
kn. nalèni katata mrapat.
tali-wanda :
cancut [x] kn. cancut jarite kaubêdake ing bangkekan.
tali-wangsa :
kn. ar. gêndhing.
tali wangsul :
kn. nalèni ubêd pindho nanging ora disindhêt dadi gampang diuculi.
tali warêg :
kn. nalèni kêncêng sarta sindhête dipuntir.
tallah :
ya [x] (ya ta Allah) kn. sabawaning nyêbut.
talu :
I kn. uyon-uyon ngarêpake wiwit jêjêr (wayangan). II ka-[x] kw. ak. kalah.
talub :
kn. kandêl tlapukane tmr. mata.
taluh, taloh :
kn. 1 êngg. wis pundhuh, wis kulina; 2. êngg. kêmba, bosên; kê-[x]-ên. bosên bangêt.
talun :
êngg. kn. 1 pagagan bubakan anyar sing dibêrakake (sawise panèn); 2 pagagan ing padunungan sing ênggone nanduri diêlêti 2 ut. 3 taun; nganggo bawon [x]-an êngg. mènèhi bawon mung marang wong sing mèlu nandur.
talok :
kn. ar. wit.
tama :
I br. wc. utama. II ditamakake kn. diêmpakake, dikênakake; kêtaman. kêna ing; kc. tumama.
tamah :
(S) kw. pêpêtênging ati, dêrênging ati marang prakara sing ala.
tamak :
kw. murka; kc. tamah.
taman :
I kn. 1 pakêbonanan[4] sing tinanduran kêkêmbangan; 2 êngg. blumbang; [x]-an. 1 taman; 2 tanduran kêkêmbangan. II kw. ora.
tamanpa :
kw. tanpa.
taman-sari, taman-santun :
br. patamanan kêkêmbangan (papan dianggo suka-suka).
taman :
kw. ora.
tamara :
kw. gamêlan.
tamasa :
(S) kw. pêpêtêng; katamasan. kalimput ing pêpêtêng.
tamat :
I kn. wêruh kalawan cêtha bangêt; di-[x]-ake. diwaspadakake, didêlêng kanthi têmên-têmên. II (A) kn. 1 êntèk, rampung tmr. buku; 2 wis katam (rampung) ênggone maca; 3 (ut. [x]-an) pc. kataman (wis rampung ênggone sinau ngaji).
tamatar :
kw. ora.
tamba :
n. jampi k. sarana dianggo marasake lêlara lsp; têtamba. golèk (migunakake) tamba; ditambani. diwarasake sarana tamba.
tambah :
kn. 1 wuwuh, mundhak; 2 (ut. [x]-an) wuwuhan, undhakan; 3 (ut. [x]- [x], saya [x]) malah saya malah mundhak; 4 êngg. saya; 5 (ut. [x]-an) malah, malahan, nanging malah; di-[x]-i. diwuwuhi, diundhaki.
tambak :
kn. 1 êngg. apa-apa sing dianggo mbêndung ilining banyu; 2 blumbang ing pasisir dianggo ngingu bandêng; di-[x](i). 1 dibêndung, ditanggul; 2 ditulak, ditanggulangi.
tambak-baya :
br. têtulaking bêbaya.
tambak umur :
kn. tamba (jamu) murih aja mati.
tambal :
kn. 1 suwèkan ditèmpèlake (didomi) dianggo nutupi bolongan; di-[x]. ditutupi nganggo suwèkan sarta didomi ut. ditèmplèkake; [x]-an. apa-apa sing dianggo nambal ut. sing ditambal; kc. tambêl.
tambal butuh :
pc. apa-apa sing dianggo nyampêdi kabutuhan sing cilik-cilik.
tambal sulam :
kn. ndandani karusakane omah lsp. sing cilik-cilik.
tambal têpung :
kn. pasumbang awujud dhuwit ut. barang.
tamban :
(ut. [x]- [x]) kn. alon-alonan, ora kêsusu.
tambang :
I kn. tampar, gadhag. II di-[x] kn. ditinggal, ditinggal nanging ora dipêgat tmr. bêbojoan. III nambang kn. nunggang prau ing

--- 588 ---

tambang-parantian ~ tamping.

kali lsp; di-[x]-ake. dipraokake; [x]-an. 1 prau ing kali-kali dianggo nyabrangake; 2 opahane mrau; 3 dhuwit sangu lêlungan lsp; 4 dhuwit wragade mlêbu ing tontonan lsp; 5 (ut. tukang [x]) éntul, doloping mainan. IV. êngg. kn. pamêlikan.
tambang-parantian :
(-parantean, -prantine) br. padunungan (omahe, asale).
tambar :
kn. 1 êngg. ngabar, ilang dayane; 2 durung rêsik (putih) ênggone nosoh tmr. bêras.
tambas :
kn. rêmbês têrus, mbrabas tmr. banyu lsp; kc. rambas.
tambe :
kw. têmbe (wiwitan, wêkasan).
tambêh :
kw. tambah, wuwuh.
tambêl :
kn. 1 apa-apa sing dianggo nyukupi kabutuhan ing sawêtara mangsa; 2 tombok; di-[x]-i. 1 dicukupi kêkurangane; 2 ditomboki (marga kurang pambayare lsp); ningkah [x]-an. ningkah wong sing wis mêtêng.
tambêl-butuh :
(-sêpi êngg) kanggo nyampêdi kabutuhan.
tambêm :
kn. (ut. [x]-an). congkog sanggan bêdhil supaya titis.
tambêng :
I kn. 1 blabag lsp. dianggo singgêtan ut. êlêt-êlêt; 2 êngg. tambak. bêndungan; di-[x] êngg. ditambak, dibêndung. II kn. 1 (ut. [x]-ndhêndhêng). ndablêg; 2 êngg. ndhugal.
tambêt :
êngg. k. tambuh.
tambi :
I kn. oyod sing ana ing poking uwit (ora ana ing sajroning lêmah wangune njêbèbèh). II êngg. k. tamba; dipuntambèni êngg. k. ditambani. III êngg. kn. jambe.
tambilutan :
kn. ar. têtuwuhan.
tambing :
kw. têmbing.
tambir :
I kn. blabag, pring lsp. kaêtrap ing bambinging prau supaya bisa amot akèh; di-[x]-i. ditrapi tambir. II kn. bngs. tampah wêngkune gilig. III kn. ar. wuku kang kaping sangalas.
(tambiring) :
di-[x] kw. dibalang.
tamblag :
êngg. kn. tabag, dablag.
(tamblang, tamblong) :
[x]-[x] pc. pating blêntong.
tamblèg :
kn. tablèg, tèblèg.
tamblêg :
êngg. kn. tanggul, tambak; kc. tablêg.
tambuh :
kn. 1 br. ora wêruh (mangêrti); 2 ora mrêduli, api-api ora wêruh (ora mangêrti); 3 (ut. [x]-[x]) ora karuwan, kêluwih-luwih; numbak [x] pr. api-api ora wêruh (ora mangêrti); nambuh, tumambuh. api-api ora wêruh; di-[x]-i. ora digape, ora diprêduli; ke-[x]-an br. kêkilapan, pangling.
tambung :
kw. ak. samar, samun, tambuh; [x] laku pr. nyamun, api-api ora wêruh; nambung. 1 nyamar; 2 nambong, nambuh.
tambur :
(W) kn. 1 bngs. trêbang urunge cêndhak wlulange kiwa têngên sarta nganggo èthèr-èthèr; 2 rapèl nabuh tambur.
tambon :
êngg. kn. prau tembo.
(tambong) :
nambong kn. tambuh, nambung; kc. tambung.
tambra :
kn. ar. iwak loh.
tamèng :
kn. piranti dianggo aling-aling (nadhahi, nangkis) tibaning gêgaman; di-[x]-i. dialing-alingi, ditadhahi ing tamèng.
tamèng mata :
êngg. 1 tlapukan; 2 (dadi [x]) dianggo aling-aling murih aja wêruh.
tami :
I êngg. k. tamu (dhayoh); [x]-an êngg. k. kêdhayohan. II br. tama (utama). III êngg. k. tama; dipuntamèkakên êngg. k. ditamakake.
tamisra :
kw. ak. pêpêtêng.
tamyang :
kw. tamèng.
tamu :
k. dhayoh; [x]-an êngg. kêdhayohan.
tamolah :
kw. manggon, dêdunung.
tampa :
n. tampi k:1 olèh, up. [x] ganjaran; 2 kêbênêr olèh giliran pagawean lsp. up. lagi mbênêri [x], caos ana ing kamandhungan; 3 bisa mangêrti (nyandhak) marang surasaning gunêm, piwulang lsp, up. wis disasmitani mêksa durung [x]; 4 panganggêp, pangrêti, panyurasa, up. salah [x], kliru [x]; 5 êngg. pc. ditrima, disambut; di-[x] êngg. pc. ut. ditampani. 1 ditadhahi; 2 disangga tmr. giliran lsp; 3 ditrima, disambut; 4 dikabulake tmr. nglamar lsp; 5 pc. ditanggapi, dicandhak (dingêrtèni); panampan (nampan pc). baki, talam.
tampa :
pc. tanpa.
tampah :
kn. bngs. tambir (tebok) gêdhe.
tampak :
I di-[x] êngg. disêbar ing pandhêdhêran; [x]-an. pandhêdhêran; kc. tampêk. II éngg. pc. tanpa aling-aling, ngegla; kc. tampêk.
tampal :
kw. tampèl; kc. tampyal.
tampan :
n. tampèn k. 1 giliran; 2 (ut. [x]-an ati n. tampènan manah k) rumangsan, gampang rumasa dirasani ala; kc. tampa.
tampang :
kn. 1 timbêl bandhuling jala; 2 (sa-[x]) lentrengan têmbako sadurunge digulung dadi dêlêgan.
tampar :
kn. tali sing digawe plintiran sêrat nanas, sêpêt lsp; banyu tumampar br. ilèn-ilèn banyu ing pagunungan; nampar. gawe tampar; [x]-ên. kêjêng ing daginging kempol.
tampèl :
kn. 1 tamplèk; 2 bngs. palu pirantining sayang ut. kêmasan; bal [x] pc. dolanan tènis; di-[x]. 1 ditamplèk, saèm. disampluk (tangane njêbèbèh). 2 dithuthuk nganggo tampèl; 3 ditampik; nampèl puluk pr. agawe wurunging wong sing arêp olèh kabêgjan.
(tampêk) :
I di-[x] kn. 1 (angin) ditêtêr ing lakuning angin; 2 (raine) ditapuk sêru; 3 br. kêtaman ing kasusahan lsp. II êngg. lara gabag; kc. tampak.
(tampêl) :
di-[x] kn. dicokot lintah; kc. tapêl.
tampêr :
I kn. (uyah [x]) uyah sing lêmbut (dudu uyah wuku). II di-[x] êngg. pc. ditabok, ditêmpiling.
tampi :
k. tampa.
tampik :
(ora) [x] kn. (ora) ana sing disirik (diêmohi); di-[x]. ora ditampa, diêmohi; ora dikanggokake.
tamping :
êngg. kn. 1 têmbing, têpi; 2 tanggul; 3 tapêl-watêsing wêwêngkon, tlatah lsp; 4 apa-apa sing dianggo aling-aling angin, udan lsp; 5 (ut. têtamping) punggawa pulisi desa; di-[x]. 1 dilèrèsi

--- 589 ---

tampir ~ pamitran.

mayat tmr. galêngan murih aja gêmpal; 2 diêlongi pinggirane supaya rampak tmr. alis lsp; di-[x]-i. dialing-alingi tmr. angin, banyu lsp.
tampir :
êngg. kn. tambir.
tampyal :
kw. tampèl; di-[x]. ditampèl.
tamplèk :
êngg. kn. tampèl; di-[x]. ditampèl.
tampu :
kn. nyiprat mlêbu tmr. banyu udan; kêtampon. kêkêpyuran banyu udan saka ing jaba.
(tampuh) :
tumampuh kw. nêmpuh; kc. têmpuh.
tampuhawang :
kw. nakoda.
tampo :
kw. bngs. arak (sing digawe tape).
(tampol) :
di-[x] êngg. ditêgor.
(tampong) :
di-[x] êngg. ditampêk (raine).
tamsil :
I (A) kn. tuladha bêcik. II (golèk) [x] kn. (golèk) kamelikan, mingsil.
tamsir :
(Prs) kn. pêdhang.
tamtama :
kw. prajurit pilihan.
tamtu :
kn. mêsthi; kc. têmtu.
tan :
kw. ora.
tanajul :
(A) kn. mudhun; [x]-tarki, [x]-munggah. mudhun banjur munggah (ubêng ingêring ngaurip).
tanaga :
kn. 1 (solah [x]) pratingkah, solah tingkah; 2 patrap, tindak-tanduk; 3 kakuwataning badan; kakehan [x]. kakehan polah (pratingkah); salin [x]. salin idhêp (panêmu lsp).
tanah :
kn. 1 palêmahan, tlatah, laladan; 2 êngg. lêmah (lêmpung lsp); 3 asal, asli, jinise, gawean ing; 2[5] bêcik gaweane (jinise); wis gênah, wis [x] pr. wis têrang yèn wong bêcik sarta isih asli; [x]-e, [x]-ane êngg. 1 dhasare, wis dhasar wêwatakane; 2 pancèn mula; [x]-an. miturut tanahe (asale, jinise); saka ing [x]-[x]. saka ing manca nagara.
tanah manca :
kn. manca nêgara (sajabaning tanah kêjawan).
tanah sabrang :
kn. sajabaning tanah Jawa.
tanah wutah-rah :
kn. tanah kalairan.
tanaya :
(S) kw. anak.
tanak :
kn. nganti suwe (matêng) ênggone nggodhog, nggorèng lsp.
tanana :
kw. ora ana.
tan antara :
kw. ora antara.
tana :
(ng)sub kn. gêgayutan karo.
tanapi :
êngg. kn. 1 lan (utawa) uga; 2 ananging; kc. atanapi.
tan asari, tan asantun :
kw. ora sarèh, tumuli.
tan aresa, tan aris :
kw. grusa-grusu, sarwa kasar.
tanbuh :
kw. ora wêruh; kc. tambuh.
tandang :
kn. 1 patrap ênggone nyambut-gawe lsp; 2 mara têtulung wong sing kasangsaran (kobongan lsp); 3 sêngkud sarta cukat ênggone nggêgarap; 4 ar. rimbaging têmbung; dak-[x]-e (ane, ne); tumandang. nindakake pagawean; di-[x]-i. 1 digarap, ditindakake tmr. pagawean; 2 ditêkani sarta ditulungi; 3 pc. diayoni, dipulasara lsp.
tandang-tanduk :
kn. patrap, solah tingkah.
tandang-tulung :
kn. mara atêtulung.
tanduk :
I kn. 1 pratingkah, patrap ênggone tumandang; 2 solah-bawa (gunêm lsp) sing diêcakake; 3 cara ut. patrap sing bêcik; 4 têmbung kriya sing nelakake pagawean (atêr-atêr anuswara + lingga); di-[x]. dituju; di-[x]-i. ditanggapi (dilanggati) tmr. gunêman lsp; di-[x]-ake. ditrapake, diêcakake, ditamakake, diêmpakake. II 1 ki. imbuh (tmr. pangan); 2 kn. rangkêp ut. tundha tmr. anggunging prêkutut; di-[x]-i ki. diimbuhi.
tandur :
n. tanêm k. 1 pari sing ênom (thikilan); 2 nyèblêkake winih pari ana ing sawah; di-[x]. 1 dicèblêkake (dipêndhêm) supaya thukul tmr. winih (wiji thikilan); 2 diurit, didhêdhêr; 3 pc. ks. dipêndhêm, dikubur; di-[x]-i. didokoki tanduran; (tê) [x]-an. apa-apa sing ditandur, têtuwuhan.
tandra, tandya :
kw. tumuli, nuli.
tanja :
I kn. kayu lancip dianggo gawe cluwokan sing arêp ditanduri jagung lsp; di-[x]. dicluwoki nganggo tanja; tanjan. clowokan sing ditanja; kc. panja, tanjak. II (ora, tanpa) [x] kn. (ora, tanpa) dunung, (ora) dipigunakake kaya mêsthine; tumanja. 1 wis olèh papan sing prayoga; 2 dipigunakake kaya mêsthine; 3 tumrap, kanggo, up. tumanja dadi pituwasing kangèlane; ditanjakake. 1 dipigunakake (dianggo) kaya mêsthine; 2 diwijang-wijang miturut kanggone tmr. wêtuning dhuwit lsp.
tanjak :
I kn. njunjung sikil karo njêjak lêmah tmr. jogèd; nanjak. 1 mancolot-mancolot; 2 pc. kêsrakat bangêt; najak-nanjak:[6] numbuk-numbuk, mêncolot-mêncolot; [x]-an êngg. dalan lsp. sing ndêdêr. II êngg. tanja, panja.
(tanjang) :
di-[x]-i êngg. kn. disulami ing tanduran anyar.
(tanjèh) :
di-[x]-ake êngg. ditanjihake.
tanjêg :
êngg. kn. angsar.
tanjêk :
I kn. tanja, tanjak. II êngg. têntrêm, ora molah-malih (gorèh). III êngg. sêmèn, thikilan.
(tanjêm) :
nanjêm êngg. nunjêm; kc. tunjêm.
tanji, tanjidhur :
êngg. kn. 1 tukang mungsik; 2 mungsik.
(tanjih) :
di-[x]-ake kn. digênahake, dinyatakake.
(tanjir) :
di-[x] kn. 1 êndhase disunduki ing tumbak lsp. minangka paukuman; 2 êngg. didakwa.
tanjlig :
êngg. gêjlig.
(tanjuk) :
nanjuk-nanjuk êngg. nanjak-nanjak.
tanjung :
I kn. 1 ar. wit kêmbange putih awangi (wohe ana kêcike); 2 rêrênggan awujud êmas lsp. diwangun kaya kêmbang tanjung; 2 (ut. [x]-an) lêmpitaning ikêt sadhuwuring wiron sing kaêtrap mrapat ing sadhuwuring bathuk. II (M) kn. pongol (ing sêgara).
tandha :
I kn. 1 têtêngêr, apa-apa sing dianggo mracihnani yèn, up. [x]-ning pamitran; 2 (ut. [x]-yêkti) katêrangan,

--- 590 ---

tandhak ~ tangan.

bukti, cihna; [x]-ne. wis têrang marga; di-[x]. dicoba disumurupi tulèn lan orane, lsp; ditandhani. 1 dicirèni, ditêngêri; 2 ditèkêni; ke-[x]. kacêtha, têrang saka; kc. pratandha. II 1 kw. juru gêdhong, pangarêping prajurit, juru mupu beya; 2 kn. lurah pasar.
tandhak :
êngg. tlèdhèk; nandhak êngg. njogèd, ngibing.
tandha-mata :
n. tandha-mripat k. barang (pawèwèh) minangka pangeling-eling.
tandha-tangan :
kn. -asma, -asta ki. 1 tèkên, parap; 2 layang katêrangan mawa tèkêning panggêdhe.
(tandhêg) :
di-[x] kn. ditandho (diêndhêg) nganti nglumpuk akèh; kê-[x]-an utang. kêjêntol ing utang.
tandhês :
I kn. 1 êntèk babar pisan, nganti rêsik; 2 nganti tumêka ing dhasar; nandhês. nganti jêro panggarite lsp; di-[x]-ake. digaritake (dilêbokake lsp) nganti jêro (nganti tumêka ing dhasar). II êngg. tanpa têtuwuhan (tmr. padhas, palêmahan).
tandhing :
I kn. 1 lawan, têtimbangan; 2 babag, padha kêkuwatane lsp; pilih (tanpa) [x] br. ora ana sing ngêmbari (madhani); prang [x]. prang padha ijèn; di-[x]. ditimbang karo, dipadhakake karo; di-[x]-i. dikêmbari, dimungsuhi; têtandhingan. 1 onjon-onjonan (adu) kapintêran lsp; 2 murwatan kèhing campuran lsp; 3 pêpadhan murwataning cacah, up. 10 . 25 = 2 . 5. II kn. sindik ing kolonganing pacul.
tandhu :
I kn. bngs. joli; [x] gantung, [x] lawak, [x] cina. tandhu sing dipikul wong loro; di-[x]. dipikul ing tandhu; di-[x] kothong. dipondhong ing wong loro tmr. pangantèn wadon; panandhon. abdi-dalêm sing pinatah njaga sarta mikul tandhu. II di-[x] êngg. digadhe ing sawêtara taun tmr. sawah (pêmêtune sawah dianggo ngêsahi utange); ditandhokake êngg. digadhèkake; bumi panandhon. sawah sing kaparingake nggadhuh marang putra dalêm putri sing wis krama.
tandho :
kn. simpên apa-apa dianggo andhungan; tumandho. nandhêg, nglumpuk nganti akèh; di-[x]. 1 ditandhêg nganti akèh dianggo simpênan tmr. barang dagangan lsp; 2 diklumpukake (disidhêm lsp) nganti nglumpuk akèh tmr. pagawean lsp; tandhon. barang-barang sing ditandho; panandhon. papan sing dianggo simpên (nandho) barang-barang.
tanêk :
êngg. tanak.
tanêm :
k. tandur.
tanêm-tuwuh :
kn. têtanduran, thêthukulan saliyane pari.
tani :
I 1 kw. sawah, palêmahan sing ditanduri; 2 kn. (wong [x]) wong sing pakaryane nggarap sawah têgal; 3 wong sing dadi warganing desa (wênang ndarbèni sawah); 4 (ut. têtanèn) pakaryan nggarap sawah patêgalan; among [x] br. nindakake pakaryan têtanèn; têtanèn. 1 babagan nggarap sawah têgal sarta nênandur; 2 nindakake pakaryan tani (nggarap sawah patêgalan). II kn. utama uripe, ora royal; ditanèkake. didadèkake wong sing tani (ngêpèk bojo tlèdhèk lsp).
tani-bêntik :
(-yutun) kn. tani bangêt.
(taning) :
di-[x]-[x], di-[x]-i kn. diperang-perang pêpunthukan tmr. sêga, kêmbang lsp; [x]-an. pêpunthukan sapantha-pantha.
tanu :
(S) kw. badan, awak; 2 alus, lêmbut.
tanopèn :
kw. tanapi.
tanos :
êngg. k. tani.
tanpa :
kn. ora nganggo; [x] gawe. ora ana paedahe; [x] upama. ora ana sing madhani; [x] tandhing. ora ana tandhinge.
tan pae :
kw. ora beda.
tansah :
kn. pijêr, ora kêndhat.
tansaya :
êngg. sangsaya; kc. saya.
tansèng :
kw. tansah.
tansil :
kn. piguna, paedah, jasa; kc. tamsil, tangsil.
tan sipi :
kw. bangêt; kc. sipi.
tan-tan tuman :
kn. bisa tahan marga wis kulina; kc. tahan.
(tantang) :
di-[x] kn. diajak kêrêngan lsp.
tantara :
kw. (tan antara) ora antara suwe, banjur.
tantas :
kw. (tan atas) ora têrang, ora cêtha.
(tanting) :
di-[x] kn. 1 dilanting, dijunjung sarta diumbulake supaya aja kêna banyu; 2 ditimbang sarana kasangga ing tangan (dirasakake abot ènthènge); 3 ditari, ditakoni gêlêm lan orane; kc. lanting.
tantu :
I êngg. pc. mêsthi; kc. tamtu, têntu.II (S) kw. ak. bênang, urut-urutaning crita.
tantuman :
kn. tan-tan tuman.
tantun :
êngg. k. tari.
tantra :
I (bala - [x]) (S) kw. wadya bala, prajurit.II kw. panênungan, panggêndaman.
tantya :
kw. bangêt; kc. atyanta.
tancêb :
kn. 1 peranganing apa-apa sing cumeblok ing lêmah; 2 papan sing dicebloki; 3 pc. dunung, papan padunungan; tumancêb. numjêm[7] (amblês) mlêbu ing lêmah lsp; di-[x]-i. dicublêsi; di-[x]-ake. dicublêsake ing, diceblokake.
tancêb kayon :
br. (nancêbake gunungan wayang kang pungkasan pratandha wis bubar) wis rampung, êntèk tmr. crita lsp.
tancêbing langit :
kn. cakrawala.
tang :
I kw. têmbung panêrang. kang, ingkang, kanang. II (W) kn. piranti kanggo mutêr sêkrup lsp.
tangadur :
(A) kn. aral, alangan, cêgah.
tangala :
Allahu [x] (A) kn. Gusti maha-luhur.
tangan :
kn. asta ki. anggotaning badan sing dianggo nyênyêkêl; dawa [x]-e. dhêmên nyênyolong; mara [x]. cêngkiling, milara; angon ulat ngumbar [x] pr. ngawasake samangsa klimpe banjur nyênyolong; nabok nyilih [x] pr. milalani liyan sarana akon wong liya; di-[x]-i kn. diasta ki. 1 ditandangi dhewe; 2 dipulasara, dipilara; [di...]

--- 591 ---

tangara ~ tangi.

[...pilara;] [x]-an. 1 têtironing tangan ing wayang lsp; 2 lendhehaning tangan ing kursi lsp.
tangara :
kn. têngara.
tangat :
(A) kn. wêkêl sarta mituhu (ing Allah).
tangawud :
(A) kn. donga cêkakan.
tangèh :
kn. 1 (isih [x]) isih adoh antarane, isih suwe; 2 mokal.
tangga :
kn. wong sing dêdunung ing sacêdhake omahe; nangga. sanja mênyang tangga; têtanggan. têtêpungan marga dadi tangga.
tangga-desa :
n. -dhusun k. desa sing cêdhak karo desane sing didunungi.
tangga-têparo :
n. -têpalih k. tangga sing lêt saomah rong omah.
tanggah :
I dipun-[x]-i êngg. k. ditanggih. II kw. palang, tanggulang; tumanggah. malangi, nanggulangi, nêdya nglawan; di-[x]-i. dialang-alangi, dipalangi.
tanggal :
kn. 1 rêmbulan sing isih ênom; 2 petungan dina miturut wêtuning rêmbulan; [x] nom. tanggal sing cêdhak karo wiwitaning sasi (1 - 10); [x] tuwa. (20 - 30); mapag(mêthuk) [x]. nggarap sari; tumanggal. 1 wiwit mlêthèk kang sapisanan ing sajroning sasi tmr. rêmbulan; 2 awangun kaya rêmbulan tanggal ênom; nanggal sapisan. kaya rêmbulan tanggal sapisan (wanguning alis sing njlirit; [x]-an. awangun kaya rêmbulan tanggal nom; pananggalan. 1 layang bab dina sarta tanggal, almênak; 2 êngg. pajêge pangindhung kaladèkake sabên sasi.
tanggap :
kn. 1 gita ut. kalawan nggape ênggone nampa (mangsuli, nindakake lsp); 2 têmbung kriya sing mratelakake jêjêre nandhang wasesane (kb. tanduk), yaiku. dak-, ko-, -in- lsp; di-[x]. 1 ditakoni sarta dirungokake kojahe; 2 dikon ngebarake tontonan (wayang, topèng, tlèdhèk lsp) kanthi diopahi; di-[x]-i. 1 êngg. ditampani, dicadhangi; 2 dilanggati, ditanduki tmr. gunêm lsp; di-[x]-ake. diundangake tontonan (wayang lsp); (tê-)[x]-an. tontonan (wayang lsp) sing ditanggap; pananggap. payon ing omah sing ngisor.
tanggap-sabda :
br. mangsuli karangan ing layang kabar.
tanggap-warsa :
br. (rame-rame) mbênêri taun anyar.
tanggèn :
k. tanggon.
(tanggên) :
di-[x]-(i) kw. dipalangi, dipênging; kc. tanggah.
tanggêl :
k. tanggung.
tanggêm :
kn. piranti dianggo njêpit apa-apa sing dikikir lsp. supaya aja mrucut; di-[x]. dijêpit ing tanggêm.
tanggên :
êngg. kn. kukuh bakuh, tanggon; di-[x]. dicuwak; di-[x]-i. 1 dicuwaki, dikukuhi; 2 ditanggulangi, dilawan; kc. tanggon.
(tanggênah) :
di-[x] kn. dipitaya (dipatah) nindakake pakaryan.
tanggi :
êngg. k. tangga.
tangguh :
kn. 1 kêna dipitaya, tanggon; 2 pangira-ira nitik saka kaanan (lêlakon sing tumindak); 3 sêsipataning kêris miturut jamane êmpu sing gawe; kêtuwan [x] pr. wong ênom sing tumuwa (rêrêmbugan ngèlmu tuwa lsp); kêtuwuhan [x] pr. arêp mêthèk, malah kêpêthêk dhisik; di-[x]. 1 ditujokake ing mangsa sing prayoga; 2 êngg. diêndêlake, dipitaya; di-[x]-i. diêndêlake (dipêsthèkake) yèn bakal kêlakon.
tanggul :
kn. lêmah diunthuk-unthuk urut sapinggiring kali, dalan lsp. dianggo nambaki banyu; têtanggul br. kang minangka dadi tanggul (aling-aling, amping-amping, pangayoman); di-[x](i). didèkèki tanggul.
tanggulang :
kn. 1 kayu palang ing pathokaning bêndungan; 2 kang dianggo mbalèkake panêmpuh; di-[x]-i. 1 didokoki tanggulang; 2 dibalèkake (dilawan) tmr. panêmpuhing mungsuh lsp.
tanggul-angin :
br. têtanggul.
tanggulun :
kn. trênggulun.
tanggun :
êngg. kn. lumayan, lowung.
tanggung :
I n. tanggêl k. 1 satêngah-satêngah, ora mbabar-pisani; up. randha [x]. (ora tuwa ora ênom), priyayi [x]. (têngahan); 2 jinis têngahan (ora gêdhe ora cilik); 3 ([x] uripe) uripe kêcingkrangan (sangsara); malang-malang [x] pr. tansah ngewuhake (makewuhi); ramban-ramban [x] pr. ngèmbèt-èmbèt sing ora gumathok; nanggung (ut. mratanggung). isih satêngah-satêngah (ora cukup, durung tumêka ing wayahe, ora mbabar-pisani lsp); lampah nênanggung br. lêlungan sing ora têrus njujug sing dituju; nanggung ngaras br. mratanggung, ora mbabar pisani; ke-[x]-an. 1 ora nyukupi, ora mbabar-pisani; 2 lagi nêngah-nêngahi nyambut gawe lsp. II n. tanggêl k. 1 mêsthèkake yèn nyata (kalawan saguh gêlêm dadi gêgênti, nêmpuhi lsp); 2 saguh ngopèni (ngrêmbug) yèn ana kasusahane; di-[x]. didhadhagi (disanggêmi) yèn ana pakewuhe, dipêsthèkake katêmênane (bêcike lsp) kanthi kasaguhan; [x]-an. 1 sêsanggêman sing wis disaguhi marga wis gêlêm nanggung; 2 barang-barang sing dianggo cêkêlan utang lsp; 3 apa-apa sing ditanggung.
tanggung jawab :
n. tanggêl [x] k. nanggung yèn ana alane (pakewuhe lsp).
tanggung jiwa :
kn. pakumpulan nyèlèngi samangsa wargane mati diwènèhi dhuwit miturut apa prajanjiane.
tanggung rèntèng :
kn. nanggung tundha-tundha (bêbarêngan nanggung).
tanggok :
êngg. kn. bngs. sênik cilik.
tanggon :
n. tanggèn k. 1 kêna dipitaya, kêna diêndêlake; 2 êngg. pacangan (bocah wadon); kc. tagon, tanggên.
(tanggor) :
nanggor kn. numbuk, kêna ing; di-[x]-i. ditumbuk, dipanggroki; ke-[x]. kêtumbuk ing; 2 pc. têmpuk karo, kêpapag karo.
(tanggrok) :
pc. kc. tanggor.
tanggwa :
kw. kukuh, tanggon.
tanghulun :
kw. aku.
tangi :
kn. wungu ki. 1 gumregah njênggèlèk; 2 ([x] turu) mêlèk saka ênggone turu; 3 pc. mêtu kawanène, wis eling

--- 592 ---

tangis ~ tapak.

saka ênggone kurang wêweka; ditêtangi. 1 digugah supaya tangi; 2 digêgasah, digugah atine; ditangèkake. dijênggèlèkake saka ênggone têturon; tangèn (têngèn) kn. wungon ki. yèn turu gampang nglilir marga rungon; kc. kêtangi.
tangis :
kn. pamuwun ki. swara pasambate wong sing susah (lara lsp) kanthi ngêtokake luh; nangis kn. muwun ki. mêdharake (ngêtokake) tangis. ditêtangis. dibêbeda nganti nangis; di-[x]-i. 1 disêsambati kalawan nangis; 2 dijêjaluki kanthi bangêt; [x]-an. api-api nangis; dadi [x]-an. 1 ing wêkasane susah (nyêdhihake); 2 njalari akèh sing padha nangisi.
tangkar :
I kn. balung dhadha tmr. sapi lsp. II tumangkar, [x]-tumangkar kn. manak-manak (mundhak-mundhak) dadi akèh; di-[x]-ake. 1 diturun-turunake nganti bêbranahan akèh tmr. raja-kaya lsp; 2 diêpingake, dirambahake; tinangkar. cacah sing diêpingake; panangkar. cacah sing dianggo ngêpingake; [x]-an. 1 ping-pingan tmr. etungan; 2 olèh-olèhane nangkarake.
tangke :
kw. pang, gantilan.
tangkèk :
(C) kn. panggêdhe klênthèng.
tangkêb :
kn. 1 gathuk tumutup rapêt; 2 êngg. tutuping lawang lsp; 3 (sa-[x]) rong lirang tmr. gula, gêdhang lsp; nangkêb, tumangkêb. tumutup rapêt, gathuk tumutup; di-[x]-ake. digathukake tumangkêb; [x]-an. 1 peranganing klambi sing ditangkêbake ing dhadha; 2 (lawang [x]-an) lawang inêbe loro bukakan; (jaring [x]-an) jaring sing ditangkêbake kanggo njaring manuk.
tangkêb-gula :
êngg. kn. tapihan (bêbêdan) ora ubêd (marga jarite kurang dawa ut. jarit kêthokan.
tangkêp :
I kn. pangrêngkuh marang; [x]-e bêcik. rumêngkuh, sumanak. II di-[x] kn. 1 dicandhak, dicêkêl; 2 digropyok lan dicêkêl tmr. durjana lsp.
tangkil :
I kn. ar. têtuwuhan mrambat wohe kaya mlinjo. II pari [x]-an êngg. bngs. pari genjah. III nangkil kw. sowan, seba; tinangkil br. sinewaka; panangkilan. paseban, pasowanan.
tangkis :
1 br. pananggulang, panulak; 2 bngs. tamèng; 3 êngg. tanggul ing pinggir kali lsp. di-[x]. dibalèkake (ditulak) tmr. tibaning gêgaman lsp.
tangklêd :
êngg. kc. tanglêd.
tangkulak :
I 1 kw. endhong, wadhah panah; 2kn. kayu (wlulang) blêbêd gandhewa dianggo cêkêlan; 3 cêngkaling cangkêm macan; kc. têngkulak, cêngkolak. II êngg. kn. bakul raja-kaya ut. asil bumi; kc. kulak.
tangkur jaran :
kn. ar. iwak sêgara.
tangkuwèh :
(C) kn. bngs. manisan bligo lsp.
tanglêd :
êngg. k. 1 tarung; 2 takon; 3 taun; 4 tangguh; dipun-[x] êngg. k. 1 ditagih; 2 ditakêr; 3 ditangguh; dipun-[x]-i êngg. ditakoni; têtanglêdan. êngg. k. têtabuhan.
tangmolah :
kw. manggon; kc. tamolah.
tangun :
(A) kn. ak. lêlara nular, pagêblug.
tangsèn :
I êngg. kn. 1 kangsèn, sêmayan; 2 gadhuhan tmr. omah. II kn. ilap-ilapaning omah tawon. III kn. omah kanggo panginêpan wong nyambut gawe; kc. tangsi.
tangsêl :
kn. bngs. paju.
tangsi :
I êngg. kn. sawah palungguh lurah desa lsp. II kn. bètèng ut. pamondhokan saradhadhu lsp.
tangsil :
I kn. 1 sanepa, pêpadhan; 2 tanpa têgês (guna) tmr. têtêmbungan. II kn. tamsil.
tangsu :
kw. rêmbulan; kc. sitangsu.
tangsul :
I k. tali. II sa-[x] k. satali (25 sèn).
(tangtang) :
di-[x] kn. ditantang.
(tangting) :
di-[x] kn. ditanting.
tangtu :
êngg. pc. têmtu.
tangcèh :
(C) kn. pista riaya ing wêkasane sasi Desèmbêr.
tangwun :
êngg. lumayan, lowung.
tanya :
kw. takon.
tau :
n. nate k. 1 wis ngalami, wis nindakake; 2 (ut. [x]-tate) wis bola-bali nindakake, wis kulina; 3 êngg. wis mangêrti, wis manuh, wis pundhuh; ditêtau. dimêmanuh, dikulinakake; kc. taon.
taun :
kn. mangsa sing suwene 12 sasi; naun. 1 nganti tutug sataun; 2 nganti pirang-pirang taun (suwe bangêt); [x]-an. 1 sabên taun; 2 êngg. panènan sabakdane mangsa rêndhêng; 3 (ut. têtaunan) nganti (lêt) pirang-pirang taun.
taun baru :
kn. wiwitane ganti taun.
taun raja :
kn. riyaya tingalane Sri Maharaja.
taun wastu :
kn. taun sing lumrah (umure 354 dina).
taun wuntu :
kn. taun sing umure nglojok sadina (355 dina).
tau-rasa :
pc. bakal ngalami dhewe (ngrasakake prakara sing ora kapenak).
tauco, taoco :
(C) kn. ampas kêdhêle (sing digawe kecap).
taoge :
(C) kn. thokolan.
taoyah :
(C) kn. koyah, toyah.
taon :
n. tatèn k. wis kulina; ke-[x]. wis kulina nindakake; mung [x]-[x]-an. mung lagi sapisan ênggone nindakake.
taosit :
kn. ar. wit.
taota :
kn. ar. wanguning ali-ali saèm. sigar panjalin.
taoco :
kc. tauco.
tap :
kn. trap, tata, lêlarikan tarap; di-[x]-(ake). ditata, ditrapake.
tapa :
ut. [x]-brata (S) kn. nglakoni matiraga sarta sumingkir saka ing alam rame; maratapa, mratapa, mêrtapa. nglakoni tapa-brata; ditapani. (duwe panjangka) sarana dilakoni tapa; patapan, pratapan. papan sing dianggo tapa.
tapak :
kn. 1 tilasing sikil; 2 tilas kagêpok ing piranti lsp, up. [x] paluning pandhe (gêgaman); 3 ([x] ing gawe) wiwit tumindak nyambut gawe; [x] paluning pandhe ut. [x]-ng kikir br. gêgaman;

--- 593 ---

tapak-dara ~ tarang.

ninggal [x] jêro pr. ora nêtêpi kasaguhan; tumapak. 1 sikile diambahake ing lêmah; 2 wiwit, ngayati nyambut gawe lsp; napak. 1 sikile diambahake ing lêmah; 2 (ut. napak tilas) nulad lêlakoning liyan; di-[x]-i. 1 tilas diidak ing, tilas diambah; 2 diwiwiti tmr. pakaryan; di-[x]-ake. sikile diidakake (diambahake).
tapak-dara :
kn. sanggan gêdêbog sing dianggo wayangan.
tapak-asta :
ki. 1 tandha-tangan, tèkên; 2 lorodan (turahan pangan).
tapak-liman :
kn. ar. têtuwuhan.
tapakur :
(A) kn. sêmbahyang sungkêm lair batin.
tapak-tangan :
kn. tapak-asta ki. 1 têtilas garapan (tulisan lsp); 2 tandha-tangan, tèkên; di-[x] kn. ditapak-astani ki. ditandha-tangani, ditèkên.
tapan :
I êngg. têmbung pambangêting pakon ut. larangan. II br. patapan, pratapan.
tapas :
kn. blêbêding bongkok krambil; cikal [x] limar pr. kauntungan sing mokal (ora dinyana).
tapasa :
(S) kw. wong tapa.
tapasi :
(S) kw. wong wadon tapa.
tapaswi :
(S) kw. wong tapa.
tape :
kn. ar. panganan sing digawe kêtan, katela lsp. diragi; nape. rasane kêcut-kêcut lêgi tmr. têbu (marga wis lawas).
tapèh :
êngg. tapih.
tapèk, tapèke, tapèkne, tapèkna :
êngg. pc. nanging.
(tapèk) :
I di-[x]-ake êngg. napèni bêras kanggo ing liyan; kc. tapèn, tapi. II di-[x]-ake br. ditapakake; kc. tapa, tapi. III di-[x]-ake kn. ora prêduli marang agama; kc. munapèk.
tapèn :
êngg. ngrêsiki bêras sarana tampah lsp. dikêtab-kêtabake; di-[x]-i, ditapi êngg. dirêsiki sarana tampah lsp. dikêtab-kêtabake tmr. bêras lsp; kc. tapi.
tapêl :
I kn. 1 wêsi lsp. sing dirakêtake ing pêthi lsp. supaya kukuh; 2 (ut. [x]-tracak) wêsi sing dilapisake ing tracak; 3 (rakêtan ki) tamba sing diusarake ing wêtêng; isih mambu [x] pc. isih cilik (nom); di-[x]. 1 dilèrèki patri lsp. tmr. apa-apa sing borot; 2 (di-[x] lintah) ditèmplèki (sarta dicokot) ing lintah; di-[x]-i. 1 didokoki blêbêd wilahan wêsi lsp; 2 ditrapi tapêl-tracak; 3 (dirakêti ki) diusari ing tapêl (tamba). II kn. rêca ut. wong-wongan sing digawe lêmpung lsp. dicithak.
tapêl watês :
kn. watêsing nêgara (wêwêngkon).
tapêt :
êngg. tilas, tipak.
tapi :
I êngg. nanging; kc. tanapi. II di-[x] êngg. ditapèni kn. dirêsiki sarana kadokok ing tampah banjur dikêtab-kêtabake tmr. bêras lsp. III br. ak. tapa.
tapih :
kn. 1 (nyamping ki) jarit sing dianggo ing wong wadon; 2 samak ut. buntêling buku, blêbêding jagung lsp; gondhelan poncoding [x] pr. wong lanang sing tutburi sing wadon; kêsasaban [x] pr. wong lanang sing sarwa kalah karo sing wadon; di-[x]-i. 1 diênggoni tapih; 2 disamaki ut. dibuntêl tmr. buku; [x]-an. nganggo tapih.
tapir :
kn. sênuk.
tapis :
kn. nganti rêsik (tliti bangêt) ora ana sing kêliwatan; di-[x](ake). digarap (dipriksa lsp) nganti tapis bangêt.
tapyan :
br. tapihan.
taplak :
I kn. satêmêne, nyata bangêt; kc. samplak. II kn. lawon lsp. lèmèk meja; di-[x]-i. dilèmèki taplak.
taplêk :
êngg. kn. linggih (tumèmplèk) ora owah-owah.
tapuk :
I êngg. kn. topèng (tontonan). II di-[x] kn. ditampêk raine; napuk rai pr. mirangake kasumurupan ing wong akèh. III kn. wiwit, bêbarêngan miwiti; di-[x]-ake. diwiwiti tmr. pakumpulan lsp.
tapung :
kn. ngêtrapake kukusan sing wis isi bêras ing dandang. napung. ngisèkake bêras ing kukusan; ngaru napung pr. nandhang kasusahan (nêpsu) matumpa-tumpa.
tapsila :
kn. tata-kramaning solah tingkah.
tapsir :
I (A) kn. katêrangan têgêsing têtêmbungan ing koran; di-[x]-i. dimaknani, ditêrangake. II di-[x] êngg. ditêksir, dikira-kira; kc. têksir.
tapsirih :
kn. wadhah suruh ing kinangan.
tapwa :
kw. ak. durung, nanging.
tar :
I kw. ora. II (W) kn. ar. panganan.
tara :
I kn. wc. antara. dina [x]. dina sing ora dianggo ngibadah yaiku dina lumrah (saliyane Jumuwah); mangsa [x]. mangsa sing sêla (up. ing mangsa udan banjur ora ana udan); sasi [x]. sasi sing ora dikudokake pasa (sasi saliyane Ramêlan, Sawal lan Bêsar); sabên tara-mangsa. sabên satêngah taun. II (S) kw. 1 rêsik; 2 sorot, pêpadhang; 3 lintang; 4 swara sêru.
tarab :
I kw. kèl (nggarap banyu); [x]-an ki. slamêtan nalikane kèl sing kawitan. II di-[x]-ake br. dibuwang dipakakake kewan galak tmr. mayid. III lêmah [x]-an êngg. lêmah wêdhi campur karo lêmpung.
taragnyana :
kw. têluh panênungan (nganakake lêlara lsp).
tarak :
(A) kn. sêsirik, mati-raga, tapa.
taraka :
(S) kw. 1 têlênging mata; 2 lintang; 3 kêkasih, sing tinrêsnan.
tarak-brata :
br. nglakoni tapa.
taraksa :
(S) kw. asu ajag.
tara-mangsa :
I kn. mangsa saantarane rêndhêng karo kêtiga. II di-(tadhah) [x] br. dipangan tmr. kewan galak lsp.
tarambuja :
(S) kw. sêmangka.
taranjana :
kw. têluh panênungan; kc. taragnyana.
tarantara :
kw. ora antara.
(tarang) :
di-[x] kn. digantung (didokok ing papan sing dhuwur) supaya awèt tmr. jagung lsp; pa-[x]-an. mêrang lsp. kadèkèk ing songgom katata kaya susuh (kanggo ngêndhog pitik); matarangan. munggah ing patarangan.

--- 594 ---

taranggana ~ (tatak).

taranggana :
(S) kw. (gêgolonganing) lintang.
tarap :
kw. katon akèh jèjèr-jèjèr.
(tarbuka) :
di-[x] kn. 1 (atine) olèh wêwêngan ing budi, bisa mangêrti; 2 (ut. ditarbukani) diwènèhi katêrangan bab impèn lsp; 3 diwêca.
tarèk :
(A) kn. mèlu mlêbu ing golonganing wong sing ngudi kasampurnan Islam.
tarekah :
kn. 1 dêdalan, sarana; 2 kalakuan, solah tingkah; kc. tarekat, trekah.
tarekat :
(A) kn. dalan marang kasampurnan Islam, kawruh anggêr sarta kawajiban Islam.
tarèn :
n. tantunan k. 1 takon (njaluk) rêmbug marang liyan; 2 rêmbugan; 3 wong sing dijaluki rêmbug; kc. tari, patarèn.
(tari :
n. tantun k) di-[x]. 1 ditakoni gêlêm lan orane; 2 dijaluki rêmbug; di-[x]-[x], ditarèni. dijaluki rêmbug (têtimbangan); kc. tarèn, patarèn.
tarib :
kn. têbêng, aling-aling; kc. tarip.
tarik :
1 kw. bantêr, rikat bangêt tmr. prahara; 2 kn. laris, payu bangêt; di-[x]. 1 digèndèng, digèrèd, dicènèng; 2 diunus tmr. pêdhang, kêris lsp; 3 dijaluki dhuwit (pajêg, beya, kontribusi lsp); 4 ditimbali ing pangadilan; 5 êngg. katut kêsangkut ing prakara; [x]-an. 1 gendengan, seredan; 2 (layang [x]-an) layang timbalan saka pangadilan; 3 padha ditarik dianggo urunan, dhuwit sing dianggo urunan; 4 (ut. tarigan êngg) bngs. caping sing digawe godhong gêbang; 5 êngg. kêna diêlêbi ing banyu.
tarima :
n. tarimah k. kc. trima.
taring :
I êngg. wadhah abrag pawon. II di-[x]-[x] êngg. kn. dicoba, disêmantakake.
tarip :
I kn. tèdhèng (aling-aling) sing digantungake ing tritisan lsp. sing digawe kepang ut. kajang. II (W) kn. cathêtan (daftar) katêranganing rêga, lakuning sêpur lsp.
tarka :
(S) 1 kw. pangira, kawruh kawicaksanan (filsafat); 2 kn. nyana, dakwa; di-[x]. didakwa, dikira nglakoni ala; kc. têrka.
tarkadhang :
kn. sok, bok manawa.
tarki :
(A) kn. munggah; kc. tanajul.
tarlèn :
kw. ora liya.
tarmolah :
kw. manggon, dêdunung.
taru :
(S) kw. wit, wit-witan.
tarub :
I kn. payon kajang lsp. sing dianggo ing sawatara mangsa (nalikane duwe gawe lsp); têtarub. gawe tarub; di-[x]-i. didokoki tarub. II kw. kumpul, nglumpuk; di-[x]-ake. dikumpulake, diklumpukake tmr. wong.
taruh, taroh :
I êngg. wanuh. II di-[x] êngg. didèkèkake, disèlèhake, dipapanake.
(taruk, tarok) :
di-[x] êngg. didèkèkake, disèlèhake.
tarulata :
kw. gêgodhongan.
tarum :
êngg. kn. tom.
taruna :
(S) kw. ênom, nonoman; tumaruna. katon ênom, nêdhêng ênom.
taruni :
(S) kw. 1 bocah wadon; 2 ênom.
tarung :
1 n. tanglêd k. têmpukan, têtumbukan, kêrêngan tmr. kewan; 2 kn. ar. têtêngêr sandhangan (...); di-[x]-ake. diêdu.
(taros) :
êngg. k. tari.
tarpa :
kw. tanpa.
tarpana :
(S) kw. sêsaji, kurban, amrih marêm; tumarpana. marêm, sênêng.
tarsandha :
kn. pratandha.
tarwa :
kw. wit, wit-witan; kc. taru.
tarwèh :
kn. kc. trawèh.
tarwiyah :
(A) kn. trawèh.
tarwela :
kw. wela-wela, cêtha.
tas :
I pc. mêntas (lagi bae). II (W) kn. wadhah buku sing digawe wlulang lsp.
tasan :
pc. padusan ut. papan kanggo ngumbahi ing pinggir kali; kc. pêntasan.
tasawup :
(A) kn. ngèlmu gaib bab ka-Allahan.
tasbèh :
(A) kn. rentengan mêrjan lsp. dianggo ngetungi yèn pinuju dhikir.
tasblang :
êngg. kn. gamblang, cêtha.
tasdik :
(A) kn. waskitha, bisa wêruh sadurunge winarah; di-[x]-ake. dinyatakake, diyakinake.
(tasi) :
anasi kw. ngêmis.
tasih :
êngg. k. isih; kc. taksih.
tasiyun :
êngg. pc. sêtatsiyun.
tasik :
I kw. sêgara. II ki. pupur; [x]-an ki. pupuran.
taskara :
(S) kw. maling, begal.
taslim :
(A) kn. slamêt, ora ana sakara-kara.
tasmat :
(S) kw. mulane.
tastêmèn :
(W) kn. wasiyat, prajanjian.
tas-tès :
kn. tansah tètès; kc. tès.
tata :
I kn. 1 bêciking pangêtrap (pasang rakit); 2 bêcik pangêtrape (pasang rakite), mawa aturan sing bêcik; 3 masang, mrênah-mrênahake, up. [x] baris, [x] linggih, [x] dhahar; 4 cara kang bêcik, suba-sita, up. ora [x], murang [x], tinggal [x]; [x]-[x]. cêpak-cêpak, cêcawis; tumata. wis sarwa tata; di-[x]. diprênah-prênahake (dirakit) supaya tata; panata br. 1 ênggone nata; 2 wong sing nata, up. panata gama(agama); tatanan. 1 apa-apa sing wis ditata; 2 pasang-rakit, dhapukan. II 1 (ut. satata) (S) kw. tansah; 2 (ut. tatagata) kw. angin, cs. 5.
tatab :
kn. 1 thuthuk, panuthuk; 2 godhong kelor saombyok sing dianggo nggêpyoki wong sing kêpanjingan setan; natab. 1 nuthuk, nabuh, up. natab gêndhing kala-ganjur; 2 numbuk, mbêntus; di-[x]-i. digledhah; kc. tataban, tratab.
tataban :
I êngg. 1 tumbukan; 2 kayu (blabag) jrambahing gêdhogan, krêtêg lsp; 3 plangitan. II êngg. gori.
tata-basa :
kn. unggah-ungguh panganggoning têtêmbungan.
tatag :
kn. tanpa duwe uwas-sumêlang; kc. têtêg.
tatah :
kn. 1 wilahan wêsi pucuke landhêp dianggo piranti tukang kayu lsp; 2 pasah. ngêthok untu ngarêp; di-[x]. digarap nganggo tatah; tinatah mêndat, jinara mèntèr br. atos bangêt (digdaya).
tatak) :
[x]-an kn. 1 dhingkêl (ganjêl) sanggan lêmari lsp; 2 lèpèk (cawan) sanggan gêlas.

--- 595 ---

tatakrama ~ tèblèg.

tatakrama :
kn. unggah-ungguhing gunêm tuwin tindak-tanduk.
tatal :
kn. 1 cowèlan kayu sing dipêcèli, kêsrikan kayu sing dipasah; 2 ([x]-tau) tètèr, wis dicoba nindakake; 3 ([x]-e, [x]-ane) tandha yêkti kapirid saka lêlakon sing wis dialami; mêrangi [x] pr. mindho gawèni; ke-[x]-an. wis tau kêlakon, wis nyata marga wis tau kêlakon.
tata-lair :
kn. miturut kaanane ing lair.
tatan :
I ora [x] kn. ora lumrah; kc. tata. II kw. ora; kc. tan.
tatanan :
kn. kc. tata.
tatapi :
(S) êngg. nanging; kc. tanapi.
tata-prênah :
kn. pêprênahaning sanak sêdulur.
tata-prunggu :
kn. unggah-ungguhing pakurmatan.
tatar :
I (ut. [x]-an) kn. 1 cowèlan ing wit krambil lsp. dianggo pancadan mènèk; 2 ambal, undhak-undhakan; natar br. munggah, panataran br. unggah-unggahan, undhak-undhakan. II kw. ora; kc. tatan.
tatarpa :
kw. tanpa.
tatas :
1 kn. pêdhot (rantas) babar pisan; 2 (ut. [x]-titis) trêp ora ana sing kêliwatan tmr. gunêm lsp; 3 ([x] rahina, [x] enjing) br. byar rahina; di-[x]. dipêdhot; sawêngi natas; sawêngi muput têkan esuk; kc. tratas.
tata-têntrêm :
kn. ora ana rêrusuh.
tata-titi :
br. tamat, katam.
tata-cara :
kn. padatan sing kalumrah.
tate :
kn. wis tau nindakake; kc. tau.
(tating) :
tumating kw. kumlawe, kumlèmbrèh; di-[x] êngg. ditanting.
tatkala :
(S) êngg. kn. nalika.
tatu :
kn. 1 tilasing kêna ing gêgaman, gêni lsp; 2 (ut. kêtaton) kêna ing gêgaman, gêni lsp; [x] atine. sêrik; milang [x] pr. ngetung sarta nggêtuni kapitunane; ditatoni. 1 ditamani gêgaman lsp. nganti tatu; 2 (-atine) disêrikake atine.
(tatur) :
I di-[x] kn. 1 dikon ngadêg sikile mlêngkang tmr. jaran; 2 diotong ut. dipangku sikile dijongkèng munggah tmr. bocah bêbanyu. II mas [x] kw. mas murni; tinatur rêngga. rinêngga ing mas murni.
tatrap :
kn. 1 trêp cocog; 2 êngg. wis wiwit tumandang; [x] -an. caraning nindakake (ngêcakake); kc. trap. patrap.
tatya :
(S) kw. nyata, kanyataan.
tatwa :
(S) kw. 1 kahanan sing sanyatane, dat; 2 crita.
tatha :
(S) kw. têpi, bambing, watês.
tathaka :
(S) kw. tlaga, blumbang.
tawa :
I kn. 1 tawar, cabar (ora ampuh, ora mandi); 2 kalis saka, ora pasah ing, up. [x] ing wisa; 3 (banyu [x]) banyu wantah (ora asin); di-[x]. ditawarake, diilangake daya kaampuhane; panawa. sarana kanggo nawa wisa lsp; kc. tawar. II n. tawi k. 1 kandha arêp mènèhi apa-apa marang; 2 kandha (nuduhake) apa-apa supaya dituku; 3 ngandhakake rêgane barang supaya diênyang; ditawani. dituduhi apa-apa supaya dituku, diêpèk lsp. III wc. utawa.
tawakup :
(A) kn. pangrasa babagan agama.
tawan :
I (ut. [x]-an) kn. wong sing tumiba ing tanganing mungsuh; di-[x], ke-[x]. kêcêkêl ing mungsuh. II [x] kanin kw. nandhang tatu; [x]-[x] tangis br. têka (mlayu) karo nangis; atêtawan. mlayu-mlayu.
tawang :
I kw. awang-awang, langit; nggayuh ing [x] pr. nggayuh apa-apa sing mokal-mokal; [x]-an êngg. papan sing jênggar (ora kayoman). II kw. sêmu, katone; di-[x]-ake kn. namatake apa-apa sing sumrawang sarana dipênêrake ing pêpadhang.
tawang-tuwang :
(towang) kn. 1 awang-uwung; 2 sêpi ora ana apa-apa.
tawap :
(A) kn. 1 sêmbahyang ngubêngi kaäba ing Mekah; 2 mênyang ing papan suci.
tawar :
I kn. tawa, ilang dayane, mari wingit (angkêr); 2 êngg. tanpa rasa, cêmplang; 3 êngg. tawa (banyu); di-[x]. ditawa, diilangake ampuhe lsp; panawar. sarana kanggo nawar. II êngg. tawa; di-[x]. diênyang.
tawarên :
êngg. kn. sikile abuh tmr. wong mêntas duwe anak.
tawas :
I kn. ar, jasad rupane putih kaya gula. II êngg. pituwasing kangelan; kc. tuwas. III êngg. tiwas.
tawêkal :
(A) kn. 1 (sabar [x]) sabar sarta sarèh ing sajroning nandhang kasusahan; 2 kukuh sarta santosa atine; 3 kumandêl, ora jirih.
tawêng :
kw. tutup, aling-aling; di-[x]-(i). dilimputi, ditutupi.
tawi :
k. tawa.
tawil :
(A) kn. dawa (umure).
tawing :
kn. aling-aling, tèbèng ing bambinging prau lsp; di-[x]-i. dialing-alingi ing tawing; a-[x] tangan (asta) br. tangane kajêbèbèhake ing sadhuwuring mata supaya cêtha panyawange.
(tawu) :
di-[x] kn. 1 diêsat banyune; 2 diêsat banyune supaya kêna iwake.
tawung :
br. tawêng, tawing.
tawur :
kn. 1 udhik-udhik (nyêbar dhuwit minangka sêdhêkah); 2 wong sing dipatèni (mati) minangka kurban; dadi [x]. dadi kurban (bêbantên); di-[x]. 1 disêbar, disawur-sawurake; 2 êngg. dijèrèng lan ditibakake tmr. jala; ke-[x]. wis ora kasumurupan (katon) marga campur; ke-[x]-[x]. ora kopèn, kêtula-tula.
tawon :
kn. ar. kewan bngs. kombang, jinise warna-warna kyt. [x] êndhas, [x] gula, [x] kêmit, [x] suk lsp; byung-byung [x] kambu pr. mung mèlu-mèlu ombyaking akèh; tumawon. gumrênggêng rame tmr. swaraning pasar.
tawwan :
kw. tawon.
(tawwang) :
manawwang kw. mbêngok, nggêro.
tèbèng :
êngg. kn. tèdhèng, aling-aling.
tèbès :
kn. mlipis tmr. wiron lsp.
tebyan, tebyas :
êngg. kn. ora prêdulèn, tegan.
tèblèg :
êngg. pc. panggah, wêntala, ora owah gingsir.

--- 596 ---

tebok ~ (templok).

tebok :
kn. bngs. tampah wêngkune wilahan pring.
teja :
kn. sorot, kluwung.
teja bathang :
kn. teja sing malang.
tèji :
kn. jinising jaran gêdhe.
tèdhèng :
kn. 1 apa-apa sing dianggo aling-aling murih aja kêpanasan (kodanan lsp); 2 jêbèbèhing topi pèt lsp; 3 êngg. bngs. caping; 4 prakara sing dianggo nutupi wêwadine, samudana; ora [x] aling-aling pr. nindakake apa-apa kalawan ngêblak (blaka); di-[x]-i. ditutupi, dialing-alingi.
tèdhès :
êngg. pc. êntèk babar pisan.
tedho :
(k) kn. tebok.
tega :
1 kw. wis ninggal kadonyan; 2 kw. pandhita tapa; 3 kn. ora duwe owêl, tanpa uwas sumêlang, tanpa wêlas; ora [x]. duwe sumêlang; [x] larane, ora [x] patine pr. sêduluran lsp. yèn ana sangsarane mêksa ora tega; ditegakake. diculake tanpa was sumêlang; kategan kw. 1 kasutapan, kapandhitan; 2 papaning pandhita.
tegan :
ut. [x]-an kn. (watake) gampang tega marang.
tege :
êngg. bngs. tenggok ut. kranjang wadhah wowohan.
(tègèg) :
nègèg êngg. pc. linggih njonggros.
tègêl :
I êngg. tiba. II (W) kn. jubin pêsagèn sing digawe sêmèn.
tegin :
êngg. isih.
(tegong) :
[x]-an êngg. pc. tikungan, enggok-enggokan.
(tegos) :
di-[x] êngg. diiris (digunting) mèncèng.
tèh :
I (C) kn. ar. wit godhonge digaringake dianggo wedangan; pa-[x]-an. 1 lèngsèr sarta nyo wadhah wedang tèh; 2 papan kanggo lêladi wedang. II di-[x]-ake pc. 1 dijlèntrèhake, ditêrangake; 2 dijalukake katêrangan; kc. tètèh.
tèyèng :
kn. bisa.
tèyèr :
ks. uyuh.
teka :
kw. iku mau (ta + ika).
tekad :
(A) kn. 1 kaantêpaning ati; 2 sêdya sing kinanthèn kas ing ati; nekad. tumindak kalawan ngukuhi panêmune dhewe (ora prêduli apa-apa); nekad praya pr. ora prêduli apa-apa; di-[x]-i. ditindakake miturut tekade dhewe; [x]-[x]-an. nindakake apa-apa ora nganggo digagas dawa-dawa (ora prêduli).
tekang :
kw. (ta + ikang) têmbung pamilah sing cumêtha; up. [x] surya.
(tèkèng) :
kw-[x]-[x] êngg. pc. tansah nandhang sangsara (kalah lsp).
tèkên :
(W) kn. 1 tandha-tangan; 2 pc. katerangan sing ditandha-tangani; 2 nulis tandha-tangan; 4 pc. wis cocog karo, wis wani tanggung; di-[x]-i. ditandha-tangani.
tèki :
I êngg. kn. pinggiring bêbatur. II kw. tapa; kc. taki.
tekian :
êngg. kn. bathon, royoman.
teko :
(C) kn. porong sing digawe lêmpung dianggo ngadoni wedang tèh.
tekok, tekon :
êngg. n. takon.
tekong :
kn. nisih sarta mèncèng tmr. buntut; [x]-an pc. tikungan.
tèkpo :
(C) kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik.
tèkte :
(C) kn. bayaran têmpah sewan omah.
tela :
I ut. têtela, [x]-[x] kn. 1 katon têrang (cêtha); 2 kacêtha, têrang yèn; nelakake. 1 nêrangake, nuduhake kalawan cêtha; 2 mrahcinani,[8] mratandhani; 3 masajakake, mblakakake; kc. pratela. II pc. kêtela.
telad :
kn. tulad; di-[x]. ditiru, diemba, diconto.
telak :
kn. 1 ([x]-e) katone, sêmune; 2 (ut. têtelakan) katon têtela yèn; kc. tela.
telap-tèlêp :
kn. mangan dhokoh; kc. tèlêp.
tèlèng :
, olèh [x] pc. olèh ungup-ungup bêcik.
tèlèr :
ks. 1 umbêl; 2 kopok; ora [x] ks. ora bisa; [x]-ên ks. kopokên.
tèlès :
ora [x] ks. ora bisa.
tèlêp :
mak [x] kn. katêranganing ngêmplok; di-[x] pc. 1 diêmplok; 2 dislingkuhake.
(temah) :
êngg. k. tomah.
tembak :
I kn. jêjêl, kêbak bangêt tmr. wong linggih lsp. II di-[x] êngg. ditiru, ditulad; kc. emba, embak. III di-[x] êngg. dibêdhil.
(tèmbèl) :
I di-[x] kn. ditambal. II kn. bêlang ut. bithêt tilas lêlara kulit.
tèmbèr :
êngg. kn. 1 tanpa daya, tanpa aji, sapele; 2 kasar; kc. tambar.
tèmbêl :
mak [x] pc. katêranganing kêna, kêtaman lsp.
tèmblèg :
pc. tèblèg, tamblèg.
(temblok) :
di-[x] êngg. ditembok.
temblong :
êngg. pc. kalah.
tembo :
kn. ar. prau cilik; grubyug [x] pr. mèlu ombyaking akèh.
tembok :
kn. 1 êngg. babagan, bêndungan; 2 (omah [x]) omah gêdhong; 3 pagêr bata; di-[x](i). 1 dilepa; 2 ditrapi tembok (pagêr bata lsp); 3 êngg. dibêndung; 4 dipopok ing malam (tmr. bathikan sing arêp digawe putih).
tembong :
kn. blêntong irêng ing rai lsp.
tembor :
êngg. kn. 1 saèm. dhulang sing digawe kuningan lsp. kanggo ngladèkake panganan lsp; 2 bngs. bokor kobokan.
tembre :
êngg. pc. sapele, ora mingsra.
tempe :
kn. ar. lawuh sing digawe kêdhêle lsp. diragi.
tèmpèh :
êngg. kn. tampah.
tèmpèl :
mondhok(ngindhung) [x] êngg. ngindhung ing pomahaning liyan; tumèmpèl. nèmplèk ing, ndhèmpèl; di-[x]-i. 1 ditèmplèki; 2 diiloni ing wong, dipanjingi setan.
tèmpèn :
ikêt-ikêtan [x] êngg. ikêt-ikêtan jêplakan (ing têngah mênga).
(tèmpêr) :
ke-[x] kn. 1 klêngêr, sumaput; 2 kalah.
tèmplèk :
kn. 1 mung tumèmpèl ing; 2 pc. wis rakêt bangêt; 3 pc. jêjêl uyêl-uyêlan; 3 (toko [x]) toko cilik-cilikan (ing wayah bêngi); tumèmplèk, nèmplèk. tumèmpèl, rakêt ing; di-[x]-i. 1 dirakêti, ditèmpèli; 2 diiloni, dinunuti.
(templok) :
tumemplok, nemplok kn. 1 tumèmpèl ing, rumakêt ing (tmr. barang sing gêdhe); 2 mèlu, nunut urip;

--- 597 ---

templong ~ têbah.

di-[x]-i. 1 ditèmplèki, dirakêti; 2 ditèmpèli, diiloni.
templong :
êngg. kn. blênyik.
tempo :
(P) kn. 1 êngg. pc. waktu, mangsa; 2 waktu sing dianggo sêmayan ut. wêwangênan, up. diwènèhi [x] rong sasi; 3 (wis [x]) lèrèn ênggone nyambut gawe lsp; isih [x]. isih tamban (durung kêsusu); ora tau [x]. ora tau nganggur; tempone êngg. ing nalikane. ditempokake. 1 dilèrènake, dijugarake ênggone prajanjian; 2 êngg. diêdol sarana diutangake pambayare ditêtêpake waktune.
(tempong) :
di-[x] êngg. ditapuk pipine; kc. tepong.
tèn :
I êngg. kn. (wc. pangantèn) panyêbut marang wong lanang (wis rabi nanging isih ênom). II êngg. kn. bolonganing jaring.
tenja :
êngg. k. tai; kc. tinja.
tendha :
(P) kn. 1 thonthor, payoning kreta; 2 lawon lsp. plangitaning paturon; 3 êngg. motha (layar) dianggo eyub-eyub.
tenong :
kn. ar. wadhah awangun bundêr nganggo tutup sing digawe nam-naman pring (dianggo wadhah panganan lsp).
tèn-tèn :
êngg. kn. atèn-atèning pring.
tèng :
I kn. (sê-[x]) 5 dhuwit (wang); karo [x]. 15 dhuwit (12½ sèn); têlu [x]. 25 dhuwit ( ± 20 sèn); kapat [x]. 35 dhuwit (± 27½ sèn); klima [x]. 45 dhuwit ( ± 37½ sèn). II êngg. ting (diyan). III di-[x]-i êngg. didondomi murih aja kêlandhungên tmr. klambi lsp. IV (W) kn. 1 wêsi wadhah lênga ing diyan pompan; 2 montor waja (piranti pêpêrangan).
tenge :
mulat [x] pr. tansah krasa kangên.
tèngèng :
kn. kaku sarta mèncèng tmr. gulu (githok).
tenggok :
kn. sênik cilik.
(tenggor) :
ke-[x] êngg. pc. kêtanggor; kc. tanggor.
(tenggrok) :
êngg. pc. tanggor, tanggrok.
tèngkèk :
I kn. ar. manuk. II ke-[x]-[x] êngg. pc. tansah nandhang kacilakan.
(tènglèng) :
di-[x]-ake êngg. pc. gulune diènglèngake.
(tengok) :
di-[x] êngg. pc. didêlêng, diungak (diinguk).
(tengos) :
di-[x] êngg. diiris lsp. mèncèng; [x]-an. irisan lsp. mèncèng.
tèngsu :
kw. rêmbulan, sasi.
tèngsun :
kw. (wc. katèngsun) kandhaku.
tenyok :
êngg. pc. kalah.
tepak :
kn. 1 tembor kayu; 2 êngg. wadhah kinang lsp. sing digawe kayu; kc. lepak, tlepak.
(tepang) :
di-[x] kn. ditêndhang (sing ditamakake iringaning sikil).
tepas :
I kn. bngs. ilir garane jêjêg kanggo ngêbuti gêni; di-[x]-i. dikêbuti nganggo tepas. II di-[x]-i êngg. diklèthèki sêpête tmr. krambil.
teple :
êngg. kn. blêkêtepe.
tèplêk :
mak [x] kn. mencok (kêna, tumama lsp) trêp bangêt.
teplok :
kn. 1 (diyan [x], lampu [x]) diyan sing dicanthèlake ing tembok lsp; 2 pc. wiwit ing nalika; kc. templok.
tepong :
kn. bokong perangan ngisor (tmr. jaran lsp); di-[x](i). 1 digitik (disabêt lsp) ing tepong; 2 êngg. dipopoki amrih kukuh tmr. galêngan; kc. tempong.
tepos :
kn. 1 ora mblêndhuk (tanpa daging) tmr. bokong; 2 pc. ora maju-maju, ora munggah-munggah pangkate; di-[x]. dicablèk bokonge.
tèrèk :
êngg. kn. pilis.
tèrèp :
êngg. kn. tarap, rantap.
tèrès, tèrês :
kn. gincu, bngs. nopal abang dianggo ngabang lambe.
tèrob, tèrop :
êngg. kn. tarub.
(tèrok) :
[x]-[x] êngg. pc. tiru-tiru; di-[x]-ake. ditirokake.
terong :
kn. ar. woh kêna dikêla.
tèrsiyèr :
(W) kn. ilèn-ilèn banyu kanggo ngêlêbi pasawahan (wêwêngkoning padesan).
tès :
mak [x] kn. katêrangan tumibaning banyu, luh lsp; [x]-ing banyu br. tumètèsing banyu; [x]-ing dhawuh br. tumibaning dhawuh; [x]-[x]-an. tansah tètès; kc. tètès.
tèsèk :
I kn. ar. wit kayune digawe têkên ut. pênthung. II kn. kêmiri sing atos (ênggone awoh ana ing wite). III kn. pèsèk.
(tetah) :
di-[x] kn. 1 diajari mlaku tmr. bocah cilik; 2 diajar, dilêlantih.
(tètèg) :
I di-[x](i) kn. dikêtab-kêtabake (dikêtogake lsp) supaya ilang rêrêgêde, disranani supaya ulêre mêtu tmr. lara untu. II kn. 1 bumbung diclèwèr dianggo wadhah jangkrik ut. dianggo adu jangkrik; 2 gêjligan pintu air.
tètèh :
kn. cêtha sarta têrang ênggone gunêman.
tètèk :
pc. susu; di-[x]-i. disusoni.
tetela :
kn. cêtha (têrang) bangêt; kc. tela.
tètèr :
I kn. leleran kanyataaning kaluwihan (kapintêran lsp) di-[x]. dicoba arêp disumurupi kapunjulane lsp. II kn. ar. kewan bngs. bubuk; [x]-ên. dipangan ing tètèr.
tètès :
kn. 1 prênthuling banyu lsp. sing tumiba; 2 tumiba saka sathithik tmr. banyu lsp; 3 kilang têbu; 4 nyata trêp kêlakon tmr. gunêm, wêwêcan lsp; 5 cocog karo; tumètès. mancur tètès; nètèsi. 1 tètès ngênani; 2 ngêtrêpi, cocog karo.
tèwèl :
pc. gori ênom; kc. kêtèwèl.
(tèwèr) :
ke-[x]-[x] kn. kêtiwar-tiwar, ora kopèn.
têba :
kn. papan sing jêmbar kêna dianggo pasaban golèk pangan (palêrêban, anjrak lsp); ana ing [x]. ana ing paran; jêmbar [x]-ne. jêmbar jajahane (bisa mratani); nêba. anjrah (ambyuk) ana ing papan sing mluwa, ambyuk bêbarêngan ana ing sawah lsp. (tmr. manuk lsp).
têbah :
I (sa-[x]) kn. saambane èpèk-èpèk; têtêbah, [x]-[x]. ngrêsiki ambèn lsp.

--- 598 ---

têbah jaja ~ têgêr.

nganggo kêlud; di-[x] êngg. didhodhog ing tangan sing kaêgarake; di-[x]-i. dirêsiki nganggo kêlud lsp. II di-[x] êngg. ditrajang, ditêmpuh. III êngg. k. adoh; kc. têbih.
têbah jaja :
ki. têbah dhadha kn. dhodhog-dhodhog dhadha.
têbah-malang :
kn. saambane èpèk-èpèk wuwuh jêmpol kacongatake.
têbah têmbung :
br. njêjaluk kanthi alad-alad têtêmbungan.
(têbak) :
I di-[x] kn. ditubruk (tangane katamakake dhisik), didêkêp kanthi mêncolot. II sa-[x] kn. salirangan gêdhèg. III di-[x] êngg. dibabadi, dibukak.
(têbal) :
di-[x] êngg. dipacul dikatutake lêmahe.
(têbang) :
di-[x] êngg. ditêgor, dirêmbang tmr. têbu.
têbaruk :
pc. bêrkah.
(têbas) :
di-[x] kn. 1 dituku kabèh tmr. woh-wohan sing isih ana ing wit, dituku (didhuwiti dhisik) sadurunge panèn tmr. pari lsp; 2 dibayari dhisik (saèmpêr diutangi) panyaure wujud pamêtu ut. blanjane; 3 diborong (tmr. pagawean, tontonan lsp).
(têbêk) :
di-[x] êngg. ditêbak.
têbêl :
kn. 1 krasa sêpêt ut. pêndul tmr. mata; 2 êngg. pc. kandêl.
têbêla :
kn. pêthi mayit; kc. tabêla.
têbêng :
I kn. 1 aling-aling ing pinggiring payon (tritisan); 2 kayu palangan ing sadhuwuring cêndhela ut. lawang; di-[x]-i. ditrapi têbêng; [x]-an êngg. sênthongan diubêngi klambu. II êngg. nêdhêng-nêdhênge, lagi bae; [x]-[x] êngg. sêdhêngan, lumayan. III ut. [x]-an kn. klumpukan rêrêmbugan.
têbêri :
pc. srêgêp; kc. tabêri.
(têbês) :
di-[x] êngg. dipancas, ditêgor.
têbih :
k. adoh.
têbiyas :
êngg. kentas, nasar.
têbiyat :
kn. watak, kamanuhan; kc. tabiyat.
têbiran :
pc. klumpukan sarta padha pujian; kc. takbir.
têbu :
I n. rosan k. ar. têtuwuhan wite dijupuk banyune digawe gula; [x] tuwuh socane pr. prakara sing wis bêcik, dadi jugar marga ana sing nyetani; milih-milih [x] pr. milih golèk sing luwih bêcik, malah olèh ala; nêbu sauyun pr. rukun golong padha wangsane; kc. têbon. III ditêtêbu kn. dikon mlaku sawatara dohe (tmr. bocah cilik ing sajroning lêlungan).
têbu-kasol :
kn. ar. têmbang gêdhe.
(têbus) :
di-[x] kn. 1 dijaluk bali kanthi mbayar dhuwit tmr. barang gadhean, tawanan lsp; 2 gênti disoali cangkriman (marga ora bisa mbatang); di-[x]-i. 1 ditêbus mawali-wali ut. barange akèh; 2 diwènèhi sajèn lsp. murih aja gêndhak sikara.
têbus wêtêng :
êngg. tingkêb.
têbok :
I kn. blabag sing ditèmplèkake ut. dianjingake dianggo tambal, pikukuh lsp; di-[x]. ditrapi têbok. II di-[x] êngg. dibacok, dicacah. III êngg. pc. ngênêr marani, mara arêp têtakon; di-[x] êngg. pc. dikandhani.
têbon :
I kn. wit jagung. II ut. patêbon kn. têgal sing ditanduri têbu.
têdah :
k. tuduh.
têdha :
k. pangan; dipun-[x] k. dipangan; 2 dijaluk.
têdhak :
I ki. 1 turun; 2 mudhun; 3 (ut. [x]-an) mudhun saka ing kraton tmr. panjênênganing nata; dipun-[x] k. diturun tmr. layang lsp; di-[x]-i ki. 1 dituruni, diudhuni; 2 diparani; [x]-an. 1 k. turunan (layang lsp); 2 ki. turunan; 3 ki. miyosan saka ing kraton. II di-[x] êngg. ditêrak, ditrajang, dirusak ing kewan tmr. tanduran lsp.
têdhak loji :
kn. miyos mênyang Gupênuran (yèn kabênêr wiyosan dalêm Srimaharaja Putri).
têdhak siti :
kn. slamêtan ing nalikane bocah cilik wiwit diudhunake ing lêmah.
têdhan :
ut. têtêdhan k. 1 panganan; 2 êngg. k. pakan; dipun-[x]-i k. 1 dipangani; 2 dipakani; 3 dijaluki; kc. patêdhan.
têdhas :
kn. 1 bisa tumama ing (natoni), bisa mamah; 2 pasah, up. ora [x] ing gêgaman; 3 ent. doyan, wis manuh; nêdhas. (kulite) padha thithal lsp. marga kêtaman sabun sing kêras lsp; di-[x]-i. ditatoni, ditamani.
têdhasih :
êngg. kn. kêdhasih.
têdhi :
êngg. k. pangan; dipun-[x] k. 1 dipangan; 2 dijaluk; kc. têdha.
têdhuh :
êngg. kn. 1 timbrêng; 2 mêndhung; 3 lêrêm tmr. prahara.
têdhun :
kn. mlorod, mudhun; tumêdhun. mudhun; di-[x]-ake êngg. pc. diudhunake rêgane; kê-[x]. 1 kêplorod, kêlorod pangkate; 2 lara impêse mlorod.
(têg) :
I di-[x]-(i) êngg. pc. ditêtêgi. II di-[x]-ake êngg. pc. ditogake.
(têgah) :
di-[x] êngg. kn. dicêgah, diampah.
têgayur :
kn. obah owah, molah-malih.
têgal :
I (ut. [x]-an) n. têgil ([x]-an) k. 1 êngg. ara-ara, wêwêngkon; 2 palêmahan sing ditanduri palawija lsp. tanpa diêlêbi banyu; 3 (ut. têtêgal) nggarap (nênandur) ing palêmahan sing tanpa diêlêbi banyu; pa-[x]-an. palêmahan sing digawe têgal. II [x] apa êngg. geneya, sêbab apa.
têgar :
(ut. (tê)[x]-an) kn. nunggang jaran diplayok-playokake kanggo kasukan; nêgar. mlayu bantêr tmr. jaran; di-[x]-i. diajari sarana ditunggangi; panêgar. tukang ngajari jaran tunggangan.
têgari :
kn. ar. wit.
têgaron :
kn. ar. wit.
têgêg :
kn. têgêl, tahan, wêntala.
têgêl :
kn. 1 ora wigih-wigih, ora jijik; 2 wêntala, ora duwe wêlas; di-[x]-i. dilakoni (digarap lsp) kalawan têgêl.
têgên :
kn. 1 panggah, kalawan tlatèn ora kêmba; 2 têgêl.
têgêng :
kn. têguh, kukuh.
têgêp :
kw. cukat, sigrak, kêndêl.
têgêr :
êngg. kn. 1 kukuh, ora owah-owah;

--- 599 ---

têgêrak ~ têlêng.

2 pênêr (ora menggak-menggok); di-[x]-i êngg. dikukuhi (dikêncêng) ênggone nyêkêl.
têgêrak :
êngg. kn. ora loh sarta akèh padhas-padhase).
têgêrang :
kn. ar. kayu dianggo nguning babaran (jarit).
têgêrat :
kn. ar. kêmbang.
têgês :
I kn. 1 makna, surasaning têtêmbungan lsp; 2 êngg. têrang, cêtha (gampang dingêrtèni); nêgês. mitêrang, golèk wangsiting dewa; di-[x]-i. dijarwani, dimaknani, ditêrangake. II di-[x] kw. dipêdhot, diiris; [x]-an kn. turahaning rokok sing wis diudud. III kn. palu cilik dianggo nggarap mas-intên.
têgil :
k. têgal.
têgyan :
kw. têguh, têgên.
têguh :
kn. 1 kukuh sêntosa, panggah; 2 kêdhot, ora pasah ing gêgaman; di-[x]-i. disêntosani, ditanggulangi kalawan sêntosa; ka-[x]-an. kadigdayan.
têguh-timbul :
br. digdaya sarta sugih aji.
(têgor) :
I di-[x] kn. dirubuhake sarana dikêthok poke tmr. wit. II di-[x] êngg. dikandhani, dielikake.
(têhak) :
di-[x] kw. ak. disuduk.
têhêr :
kw. banjur, sanalika banjur; tinêhêr. ditêrusake.
têk- :
êngg. n. tak-, dak-.
têka :
I n. dhatêng k. 1 (rawuh ki) anjog ing papan sing dituju, wis bali manèh saka ênggone lêlungan; 2 ([x] ing) tutug ing, nganti, kongsi; nênêka kn. têka saka liya nagara prêlu golèk panguripan lsp; ditêkani. 1 (dipundhatêngi k) diparani; 2 (dipundumugèni k) dipituruti, ditêtêpi (dituhoni) sing dadi panjaluke lsp; ditêkakake. 1 (dipundhatêngakên k) dikon têka, dikirimake saka; 2 (dipundumugèkakên k) ditutugake, dilantarake ing; kc. têkan, tumêka. II kn. têmbung kanggo rêrangkèning têtêmbungan sing nelakake sêrêng, anèh, gumun, maido lsp; kc. kok. III êngg. kn. saka, sangka.
têkabul :
[x] ngèlmu kn. nampa wêjangan ngèlmu; kc. kabul.
têkabur :
(A) kn. 1 ngunggul-unggulake awake, kumlungkung; 2 kibir, sêsongaran.
(têkak) :
I di-[x] kn. diênêtake (sarta dipêtêk) gulune. II kn. ar. manuk saba bêngi.
têkan :
n. dumugi k. 1 (rawuh ki) têka ing, anjog ing; 2 nganti, kongsi, tutug ing; 2 bisa nggêpok ing.
têkap :
kw. 1 têkan ing, nganti; 2 dening, marga dening, ênggone.
têkbiran :
pc. takbiran; kc. takbir.
têkdir :
pc. takdir.
têkèk :
kn. bngs. cêcak gêdhe ulêse blorok; [x] mati ing ulone pr. nêmahi cilaka marga gunême dhewe; nêkèk. wis tuwa bangêt.
têkèng :
br. têka ing.
têkerah :
kn. trekah.
(têkêk) :
di-[x] êngg. ditêkak.
têkêm :
kn. (sa-[x]) sagêgêman tangan; di-[x]. 1 digêgêm, dirêgêm; 2 diwêngku, dikuwasani, diêrèh.
têkên :
kn. lantaran, rotan ki panjênêngan êngg. ki. kayu wuluhan lsp. dianggo congkok ut. cangkingan mlaku; suku jaja [x] janggut pr. sanadyan kêpêksa rêkasa mêksa dilakoni.
têkês :
kn. kêthu sing digawe duk dicara rambut dianggo ing tontonan topèng.
têki :
kn. bngs. sukêt êmpune enak dipangan (digawe êmping).
têkiyar :
pc. sêtiyar, istiyar.
têkiyur :
iman [x] kn. 1 gojag-gajêg pangandêle; 2 ora antêpan tmr. wong wadon.
têkik :
kn. ar. wit.
(têkis) :
kê-[x]-an êngg. kn. konangan, kêwanguran.
têkyan :
br. têkan.
têklim :
êngg. kn. taklim.
(têkuk) :
di-[x] kn. 1 diukêl, dibêkuk banjur dilêmpit, dibêkuk; 2 pc. dikalahake, dikakahi; nêkuk. mbengkok, awangun tikungan; kê-[x]-[x] pc. tansah nandhang cilaka; [x]-an. 1 lêmpitan, apa-apa sing ditêkuk; 2 tikungan.
(têkung) :
nêkung kw. linggih sidhakêp muja sêmadi; [x]-an. sidhakêp muja sêmadi; kc. dêkung.
têkon :
ks. watak.
(têksa) :
di-[x] pc. dipêksa.
têksaka :
kw. ula; kc. taksaka.
têksih :
pc. taksih.
têksila :
pc. tapsila.
têksir :
pc. taksir, tapsir.
têkwan :
kw. sarta, malah, malah uga, mungguh ing.
têla :
kn. 1 bêncah (plêkahan) ing lêmah marga kêgaringên; 2 êngg. mlêkah, rêngka; nêla. bêncah, rêngka.
têladha :
pc. tuladha.
têlag :
kn. kêntekan, nganti kasèp (ora ungsum woh-wohan); nêlag. panuju êntèk; kê-[x]-an. kêtêndhagan, kêntekan.
têlaga :
kn. kc. talaga, tlaga.
(têlah) :
anêlah kw. ngarani; panêlah. aran, jênêng; kê-[x] kn. karan, kêlumrah diarani.
têlak :
kn. peranganing cangkêm saburining cêthak; abot [x] karo anak pr. mung ngrêmbug pangane dhewe, ora ngrêmbug anake.
têlar :
kn. 1 ara-ara; 2 palêmahan sing kêbak rawa-rawa.
têlas :
k. êntèk.
têlat :
(W) kn. kasèp.
têlèh :
êngg. pc. têlih.
têlèk :
kn. 1 tai pitik; 2 ks. tai.
têlèk lancung :
kn. têlèk pitik sing lèdrèg.
têlèk manuk :
kn. ênjêt; kc. tai manuk.
têlèk cabe :
kn. têlèk pitik sing atos.
(têlêb) :
di-[x] kn. dislingkuhake, diênthêt, diêpèk têrus tmr. barang silihan; ke-[x]. 1 katut dislingkuhake; 2 kêtandhêgan pajêg lsp.
têlênan :
kn. blabag lsp. dianggo landhêsan ngrajang lsp.
têlêng :
I kn. thêlêng. II kn. 1 (wêwêngkon) sing jêro dhewe tmr. sêgara, tlaga, ati; 2 ent. kang bangêt dipêlêng [di...]

--- 600 ---

têlês ~ têmbilung.

[...pêlêng] (dièsthi), up. dadi [x]-ing ati. III kn. ar. kêmbang warnane biru nom.
têlês :
kn. ngêmu banyu, ora garing; di-[x]-i. disiram supaya têlês; [x]-an. 1 sandhangan padinan; 2 (ut. pa-[x]-an) jarit lsp. sing dianggo pasatan adus; 3 (bngs. [x]-an) bangsa mutihan (wong sing mêmpên nglakoni agama).
têlês kêbês :
kn. têlês kabèh, kêproh bangêt.
têlih :
kn. 1 kanthongan kêndhangan ing guluning kewan dianggo pangrêmêtan pangan; 2 ks. wêtêng; 3 wadhuk patandhon banyu; nêlih. adol kewan iwèn.
têlik :
I kn. wong sing ndingkik mungsuh; di-[x]. didingkik, diawasake barang polahe. II kn. bngs. wuwu (kanggo misaya wêlut).
têlik-sandi, têlik-sandi upaya :
kw. têlik.
têlkim :
pc. tlêkim.
têlkun :
kn. kalkun.
têlu :
n. tiga k. wilangan 3; nêlu. siji-sijine têlu; ditêloni. 1 diganêpi dadi têlu; 2 diêbut têlu; 3 dislamêti (tmr. wong mêtêng têlung sasi); ka-[x] n. katiga k. 1 kang kaping têlu; 2 mangsa kang kaping têlu; kinatêlon br. ditêloni, dirangkêp têlu; kc. têlung, têlon.
têlu bêlah :
n. tiga bêlah k. 250; têlu bêlah èwu. 2500.
têlu juru :
n. tiga juru k. mawa wiji (lirangan) têlu.
têluh :
kn. kêmat ut. tênung sing bisa agawe lara (mati).
têluh braja :
kn. bngs. lintang alihan sing mlêtik-mlêtik.
têluh tragnyana :
kw. têluh, tênung.
têluk :
I êngg. kn. tikunganing sêgara; di-[x]-ake. ditêlungake. II kn. nungkul, nêrangake yèn wis kalah; di-[x]-ake. dikalahake nganti têluk; [x]-an. kang wis ditêlukake.
têlung :
I n. tigang k. 3 (kanggo ing sangarêping wilangan, barang lsp). II mantêlung, tumêlung kn. tumiyung manglung; di-[x]-ake. 1 ditiyungake, ditêkuk nganti tumêlung; 2 dikon ngalah, dirêmbugi supaya gêlêm. III [x]-ane pc. sênadyana mêngkono ora dadi apa (kanggo ngayati panjaluk lsp), up. [x]-ane kowe sing sugih dhuwit.
têlung puluh :
n. tigang dasa k. 1 (30); 2 êngg. wc. 30 dhuwit (25 sèn).
têlung cèk :
n. tigang cèk k. êngg. 15 sèn.
têlu tèng :
n. tiga tèng k. 25 dhuwit ( ± 20 sèn ).
têlon :
kn. 1 mawa ulês warna têlu tmr. kucing; 2 aperangan têlu, up. kêmbang [x], cènggèr [x]; 3 n. tigan k. mung wong têlu; 4 (sa-[x]) 1/3, 3 1/3 dhuwit; kc. têlu.
têlong :
kn. ar. wit.
(têm) :
di-[x] kn. diêpêng, ditindakake kalawan têmên-têmên; [x]-[x]-an. pêng-pêngan; kc. gêtêm.
têmah :
I kn. 1 êngg. takdiring lêlakon (sing wis ora kêna disingkiri); 2 êngg. mêsthi bakal kêlakon; 3 kêdadeane, ing wasana; di-[x]. disêngaja nandhang lêlakon sing pancène ora dadi pangarêp-arêpe; nêmahi. nandhang lêlakon; sa-[x]. ing wasana; [x]-an. 1 kêdadeane, pungkasane; 2 ing wasana dadi; 3 marga saka, jalaran saka; ka-[x]-an. kêlakon, kalêksanan. III ma-[x]-an kw. malah dadi.
(têmaha) :
di-[x] kn. dijarag, disêngaja.
têmandangan :
êngg. kn. dumadakan banjur; kc. tumandang, tandang.
têmantèn :
êngg. pc. pangantèn.
têmangga :
êngg. kn. kêmangga.
têmangsang :
kn. sumangsang; kc. sangsang.
têmbajêng :
êngg. k. têmbalo.
têmbaga :
n. têmbagi k. ar. logam warnane sêmu abang; nêmbaga. kaya têmbaga (warnane ut. wujude).
têmbangan :
kn. ar. sukêt.
têmbayan :
ut. patêmbayan kw. sêmayan, prajanjian.
têmbayatan :
kn. rêrukunan samad-sinamadan (tulung-tinulung).
têmbako :
n. sata k. ar. wit godhonge digawe srutu, rokok lsp.
(têmbalang) :
di-[x]. 1 kw. dibalang; 2 êngg. dicêcamah, ditrapi têmbung kasar.
têmbalo :
kn. ar. kayu.
têmbalong :
kn. luwing gêdhe.
têmbang :
I kw. tabuh, gêbug; [x] rawat-rawat pr. pawarta sing durung têrang; [x] aksi br. sawang-sinawang; di-[x]. 1 kw. ditabuh, digêbug; 2 ditabuh, diunèkake tmr. têngara lsp; 3 ditêbang, dirêmbang. II n. sêkar k. ikêtan karangan awêwaton guru-lagu sarta guru wilangan apadene kanthi lêlagon; nêmbang. ura-ura nglagokake têmbang; di-[x]-ake. 1 dikarang ing ikêtan têmbang; 2 dilagokake; (tê-)[x]-an. 1 karangan têmbang; 2 ura-ura, sindhèn.
têmbang dhagêlan :
(têngahan) n. sêkar dhagêlan (têngahan) k. têmbang mawa guru-lagu sarta guru-wilangan kanggo ing layang-layang sing rada kuna, sing kalumrah kanggo ing jaman saiki mung. juru-dêmung, duduk-wuluh, girisa, blabag.
têmbang gêdhe :
(kawi) n. sêkar agêng (kawi) k. têmbang pangikête wêwaton guru wilangan ut. sing ngembak cara Sangsêkarta.
têmbang macapat :
(cilik) n. sêkar macapat (alit) k. têmbang pangikête awêwaton guru-lagu lan guru wilangan (sing kêlumrah kanggo ing layang-layang jaman saiki).
têmbaruk :
êngg. kn. bêrkat, sawab.
têmbarok :
(-an) êngg. kn. susuh (omah) sêmut lsp.
têmbe :
kn. 1 (ut. nêmbe) êngg. lagi, nêdhêng-nêdhênge; 2 (ut. nêmbe) êngg. mêntas bae, lagi bae; 3 ([x] buri) ing besuk; [x]-an. lagi sapisanan ênggone manak ut. ngêndhog; kêtêmbèn. lagi sapisanan (anyar-anyaran).
têmbèk, têmbêke :
êngg. pc. têmbe.
têmbêlang, têmbêlong :
pating [x] pc. pating blêntong.
têmbêlèk :
êngg. kn. têlèk.
têmbere :
êngg. pc. tembre, tèmbèr.
têmbilung :
kn. 1 ar. wadhah sing digawe kulit waluh; 2 êngg. ar. wadhah sing digawe upih.

--- 601 ---

têmbing ~ têndhag.

têmbing :
êngg. pc. sisih, pinggir.
têmbir :
êngg. pc. pinggiran tmr. piring lsp.
têmbirang :
I êngg. kn. tampar dianggo ngunggah-ngunggahake layar. II kw. sumêdhêng, ênom, jaka; kc. tumêmbirang.
têmblag, têmblog :
êngg. kn. lapisan lêmah lsp. sing dipopokake.
têmbung :
I 1 kw. gitik, gêbug; 2 ki. cêmêthi; di-[x]. 1 digitik, digêbug; 2 ki. dicêmêthi. II kn. bal sing digawe gombal kanggo dolanan raton. III [x]-an êngg. bêndungan. IV kn. 1 wêdharing karêp sarana gunêm; 2 wanda siji ut. luwih sing wis mêngku têgês; 3 basa; ora [x] ora lawung pr. njêjaluk tanpa têmbung; di-[x]. dijaluk arêp dipèk lsp; di-[x]-ake. 1 dilairake sarana têmbung; 2 diparibasakake; 3 dijalukake; pi-[x], panêmbung. panjaluk, ênggone nêmbung; pi-[x]-an, têtêmbungan. têmbung-têmbung. V di-[x] êngg. kn. disambung, digathukake, dirakêtake.
têmbus :
kn. butul têrus, bolong têrus; [x]-an. butulan, trowongan.
têmbon :
êngg. kn. tembo.
têmêka, têmêkan :
êngg. kn. ambêk sawiyah, ora prêdulèn.
têmên :
kn. 1 burus atine (ora dhêmên nyênyolong lsp); 2 nyata ora goroh; 3 (ut. [x]-[x] )têrusing ati, kalawan mêmpêng; 4 bangêt (kang lumrah kanggo ing ukara sing nelakake gumun); 5 (ut. [x]-an, [x]-anan) êngg. tulèn, nyata, ora palsu; di-[x]-i. dianggo (ditindakake) kalawan têmên-têmên; sa-[x]-e. sabênêre, sanyatane; kc. tumêmên.
têmêndhil :
kn. tai tikus.
têmênggung :
kn. kc. tumênggung.
têmu :
I n. panggih k. 1 ([x] pangantèn) pangantèn lanang wadon digathukake; 2 (ut. kêtêmu) kêpêthuk, gathuk karo; nêmu. olèh apa-apa ana ing dalan, ora disêngaja lsp; nêmoni. 1 mapagake dhayoh banjur lêlinggihan omong-omongan; 2 kêpranggul karo lêlakon lsp; nêmokake. 1 nêpungake, nggathukake pangantèn; 2 olèh apa-apa kanggo ing liyan; têmon. 1 apa-apa sing ditêmu; 2 (ut. patêmon) jêjagongan karo; sapatêmon br. atut; panêmu. olèh-olèhane pamikir ut. pambudi-daya. II kn. ar. êmpon-êmpon bngs. warna-warna. [x] giring, [x] lawak lsp.
têmu-gêlang :
kn. mubêng gathuk, mubêng kêmput.
têmulus :
kn. ar. iwak loh.
têmu-pèk :
pc. sing nêmu ngêpèk.
têmu-rose :
kn. 1 (suruh) sing ada-adane godhong sasisih-lan sasisihe gathuk ana ing ada-ada lajêr; 2 êngg. pc. padha gathuk, cocog lan jodho.
têmpah :
I kn. tuku (kulak) mbayar dhisik barange kari, mènèhi sewan kanggo ing wêktu candhake; di-[x]-i. wis dibayari luwih dhisik. II êngg. k. têmpuh; di-[x]-i êngg. diwènèhi pêpancèn bibit pari; [x]-an êngg. bibit pari sing diêdum.
têmpayan, têmpalang :
êngg. kn. pangaron, gênthong.
têmpak :
I kn. papak, ora lancip; pojok [x]. pojok sing luwih saka 90°. II êngg. k. tumpuk.
têmpaling :
kn. ar. piranti dianggo golèk walang sangit lsp, wujude kaya kukusan lsp digarani; polahe kaya [x]. polahe nungsang njêmpalik (kakehan polah).
têmpaos :
kn. ar. wit sok dianggo wur rokok.
têmpat :
I êngg. kn. bisa têtulung; di-[x]-i. dijaluki tulung; di-[x]-([x])ake. ditulungi. II (M) êngg. papan, panggonan.
têmpat rokok :
êngg. wadhah rokok.
têmpat tidhur :
(M) kn. ambèn wêsi mawa klambu.
têmpelang :
kn. ar. wungkusan (panatane godhong rong lêmbar sing salêmbar ditutupake, bontose kiwa têngên ditêkuk sarta dibitingi; di-[x]. diwungkus kaya kang kasêbut.
(têmpeling) :
di-[x] êngg. ditêmpiling.
(têmperong) :
di-[x] êngg. kn. diantêm raine saka ngiringan.
têmpiyas :
êngg. kn. tampu.
têmpik :
ks. pawadonan.
(têmpil) :
di-[x] kn. 1 dijaluk (dituku) sathithik; 2 dinunuti ênggone totohan.
(têmpiling) :
di-[x] kn. diantêm ing pilingane (êndhase).
(têmplik) :
di-[x] êngg. kn. dicuwil sathithik; sa-[x]. sacuwil, sathithik bangêt.
têmpuh :
I kn. panyêrang (gathuk) ing prang; di-[x]. 1 disêrang, ditrajang; 2 ditêmah, njarag dilakoni. II ut. te-[x] n. têtêmpah k. lêliru minangka ijoling apa-apa sing dirusakake ut. diilangake; di-[x]-i. diwènèhi têtêmpuh; di-[x]-ake. dijalukake têmpuh; kê-[x]. kawajiban nêmpuhi, kêjibah.
têmpuk :
ut. [x]-an kn. gathuk, pêthukan, tumbukan; [x]-ing gawe. tumêkaning gawe (duwe gawe).
têmpur :
I kn. 1 gathuk tmr. kali; 2 gathuk sarta campur; [x]-an. gathukaning kali. II nêmpur kn. tuku bêras, kacang lsp; nguyang nêmpur pr. bingung atine; di-[x]-ake. diêdol tmr. bêras.
têmpolong :
kn. 1 paidon sing digawe lêmah ut. kayu; 2 êngg. blèg bumbungan.
têmporat :
êngg. kn. sangsara, nandhang cilaka.
têmruntun :
pc. nracak urut-urutan tmr. anak (bocah).
têmrucuh :
kn. durung matêng tmr. wowohan.
têmtu :
kn. 1 mêsthi; 2 wis têtêp ora owah; 3 êngg. k. sida; ditêmtokake. 1 ditêtêpake, diajêgake; 2 dipêsthèkake.
tên :
pc. k. wc. wontên, botên.
tênaga :
kn. kc. tanaga.
tênaya :
kw. anak; kc. tanaya.
tênan :
(-an) pc. n. têmên, têmênan.
tênang :
kw. antêng, sarèh.
tênapi :
êngg. kn. 1 lan uga; 2 nanging; kc. tanapi.
têndhag :
kn. têlag, lagi kêkurangan (ora lumintu [lu...]

--- 602 ---

têndhak ~ têngis.

[...mintu] kaya sabêne). kê-[x]-an. kêtêlagan, kêkurangan marga ora lumintu kaya sabêne.
têndhak :
êngg. kn. ar. piranti misaya iwak bngs. icir.
(têndhang) :
di-[x] kn. didugang, didhupak.
têndhas :
kw. êndhas.
tênèh :
pc. yèn mêngkono mêsthi, up. [x] disrêngêni bapak.
tênèn :
pc. grutnèn.
(tênêd) :
di-[x] êngg. kn. diênêtake, dipidih.
tênêng :
kw. antêng, sarèh.
têni :
(W) kn. sandhangan dhinês.
(tênun) :
di-[x] kn. dianam digawe bakal lurik lsp. tmr. lawe lsp; [x]-an. 1 bakal lsp. sing ditênun; 2 (ut. panênunan) piranti nênun.
tênung :
kn. 1 êngg. dhukun sing gawene mbincili ut. mênggawe; 2 têluh, guna-gawe; di-[x]. diguna-gawe, ditêluh.
(tênta) :
kê-[x] kn. 1 nindakake apa-apa sing ora kanthi pikiran marga wis manuh; 2 saèm. nglindur.
têntu :
êngg. kn. têmtu.
têntrêm :
kn. 1 ora gorèh, ora duwe was sumêlang; 2 ora rusuh, krêta tmr. nêgara lsp; di-[x]-ake. disarèhake, dilêrêmake; ka-[x]-an. kalêrêmaning ati, karta-harjaning nêgara.
têng :
I êngg. k. marang, mênyang; kc. dhatêng. II di-[x]-i pc. digawe matêng.
(tênga) :
tumênga, mênga kn. 1 nyawang mêndhuwur; 2 ngarêp-arêp pitulungane wong sing luwih kuwasa.
têngadur :
kn. alangan.
têngah :
ut. [x]-[x] kn. 1 kang dumunung ing antarane barang (panggonan) loro; 2 papan sing dumunung ing pusêring lumah; 3 sêdhêng, sêdhêngan; 4 paro, paron; 5 ora ngiloni (ngrewangi) sapa-sapa; 6 dhadha (wilahan ut. larasaning gamêlan); karo [x]. 1½; têlu [x]. 2½; kapat [x]. 3½; klima [x]. 4½; nêngah, manêngah, mantêngah. mênyang ing têngah; di-[x]-i. 1 didokoki apa-apa ing têngahe; 2 didokoki têngahan tmr. ikêt ut. kêmbên; 3 disapih (dipisah) amrih ora padu; di-[x]-ake. digawa mantêngah; nêngah-nêngahi. nêdhêng-nêdhênge, lagi; sa-[x]. 1 saparo; 2 (wong sa-[x]) pc. edan; panêngah. 1 kang ana ing têngah; kang nêngahi; 2 anak pandhadha; [x]-an. 1 pasagèn putih lsp. ing têngah-têngahing ikêt ut. kêmbên; 2 paron; 3 saparo; 4 dumunung ing têngah-têngah; 5 êngg. têngah-têngahe mangsa katiga; 6 sêdhêngan, dhagêlan; 7 ora pangkat luhur ora pangkat asor; 8 ukon (F 0,50).
têngah umur, têngah tuwuh :
kn. umur-umuraning wong ± 35 taun.
têngah wêngi :
n. (dalu k). wayah jam 12 bêngi.
têngan :
pc. wêtêngan.
têngange :
kn. wayah têngah-têngahe awan ± jam 11 - 12.
têngara :
kn. tandha kang dianggo awèh sasmita, kc. titir, bêndhe lsp; ditêngarani. diwènèhi têngara.
têngawud :
maca [x]. sêmbahyang sing surasane. Dhuh Gusti Allah mugi njagi kawula!" kc. ngudubilahi.
têngèn :
kn. wungon ki. yèn turu gampang tangine, gampang krungu apa-apa; kc. tangi.
têngên :
kn. kb. kiwa; nêngên. ngênêr ing têngên; di-[x](-ake). 1 disandhing (disèlèhake) ing têngên; 2 diêpêng, diprêlokake, luwih dirêmbug; kê-[x]. dikasihi, luwih dirêmbug; kc. panêngên.
têngêr :
ut. têtêngêr, [x]-an kn. tandha, ciri; di-[x]-i. 1 didèkèki têngêr, dicirèni; 2 ditandha-tangani lan dititi-mangsani; 3 diwènèhi apa-apa minangka têtêngêr yèn bakal dadi bojo ut. mantu; 4 dijênêngi, diarani; 5 êngg. dikijing lsp. tmr. kuburan; panêngêran. 1 têtêngêr; 2 jênêng; 3 ki. unyêng-unyêng.
(têngêt) :
ma-[x] kw. nampik, nyêgah,ngêmohi, malangi.
têngga :
k. tunggu.
tênggak :
I kn. 1 gulu; 2 angkaning taun sing puluhan; nênggak. tumênga nglangak, ndangak; panênggak. panggulu. II nênggak waspa kw. ngampêt êluh, kêmbêng-kêmbêng. III êngg. k. tungguk.
(tênggalang) :
di-[x]-i kn. ditanggulangi, diayomi.
tênggan :
k. tunggon.
tênggang :
êngg. kn. bênggang, lowahan. sêla-sêla.
tênggar :
kn. jêmbar sarta bawera; di-[x] êngg. dikèrèk ing gantangan tmr. kurungan manuk; [x]-an. papan sing tênggar; kc. têgar.
tênggarèng :
kn. kc. tênggèrèng.
tênggèrèng :
kn. pênthèr (srêngengene ora kalingan mêndhung).
tênggêg :
ora [x] pc. ora têgêl; kc. têgêg.
tênggêk :
kw. gulu; kc. tênggak.
(tênggêl) :
nênggêl. 1 nuju (ngênêr) kalawan pênêr ut. ing têngah bênêr; 2 nrajang (nasak) ing têngah; 3 ndêdêr, munggah ndêdêr; kê-[x]. kêna ing têngah bênêr.
(tênggênah) :
di-[x] pc. dipatah, dipopohi pagawean; kc. tanggênah.
tênggêr-tênggêr :
kn. gumuk, pêpundhukan.
tênggi :
I êngg. k. tunggu. II tumênggi kn. pucuke padha nyongat munggah tmr. idêp.
tênggik :
ut. [x]-an kn. corekan dianggo têngêr ut. ênggêt-ênggêt.
tênggiling :
pc. trênggiling.
têngginas :
pc. trêngginas.
(têngging) :
tumêngging kn. tumênggi; kc. tênggi.
tênggirang :
kn. adhèng atine, krasa kêpenak.
tênggulang :
pc. tanggulang.
(têngguluk) :
di-[x] êngg. dipanggul.
tênggun :
êngg. kn. lowung, lumayan.
tênggok :
kn. peranganing gulu sadhuwure kala-mênjing.
têngik :
I kn. 1 ambu kaya dene ambune lênga klêntik sing wis lawas; 2 ent. ala bangêt. II êngg. kn. ½ sèn.
têngiri :
kn. ar. iwak sêgara.
têngis :
kn. bngs. walang sing muni ing wayah bêngi.

--- 603 ---

têngkar ~ têrbik-têrbik.

têngkar :
[x]-tumêngkar kn. mêncar bêbranahan, mêncar mratani; nêngkar. njênggar, mêncar; di-[x]-ake. diwratakake, dipêncarake tmr. wiji lsp; kc. tangkar.
têngkêl, têngkêr :
kn. (sa-[x]) satugêlan (sakêthokan tmr. têbu lsp); di-[x](-[x]). dikêthok-kêthok, ditugêl-tugêl; [x]-an. tugêlan, kêthokan iwak loh lsp.
têngkulak :
I kw. wadhah panah; kc. cêngkolak. II êngg. kn. bakul sing kulak pamêtune sawah lsp; kc. kulak.
têngkuwèh :
kn. manisan bligo.
têngu :
kn. ar. kewan gêgrêmêtan lêmbut bangêt warnane abang.
têngran :
br. têngêran; kc. têngêr.
têngtu :
êngg. kn. têmtu.
têpa :
kn. ukur, apa-apa sing dianggo ukuraning tuladha; tanpa [x]. tanpa ngukur (ngira) rêkasaning liyan; [x]-[x]. nganggo duga-duga ing saupama ditumrapake awake dhewe; ditêpakake. 1 diukurake; 2 diduga-duga saupama ditumrapake awake dhewe.
têpak :
I kn. peranganing gêgêr sing dhuwur (sangisoring cêngêl). II kn. wlulang lsp. diwangun bundêr sarta digarani dianggo golèk walang lsp; di-[x]. 1 êngg. ditêbak; 2 pc. dicandhêt, diampah. III êngg. pc. tapak, tipak. IV êngg. kn. ar. ama pari.
têpakur :
kn. tapakur, pitêkur.
têpalih :
k. taparo; kc. tangga.
têpang :
k. têpung.
têpaut :
êngg. kn. beda kèhe.
têparo :
n. têpalih k. tangga [x]. tangga sing êlêt saomah rong omah.
têpas :
I êngg. kn. 1 èmpèring omah; 2 kw. bale, papan panginêpan lsp; [x] wangi. pajungutan, paturon. II [x] wangun kn. 1 jodho (cocog) wangune; 2 kw. palêrêban.
têpa-slira :
kn. diduga-duga ing saupama ditumrapake awake dhewe.
têpat, têpêt :
êngg. pc. bênêr, ngênêr trêp.
têpekong :
kn. brahala sêsêmbahane bangsa Cina.
têpèn :
kn. nganggo pinggiran (plisiran bênang mas lsp); kc. têpi.
têpès :
êngg. pc. pèsèk tmr. irung.
têpêkur :
pc. tapakur, pitêkur.
têpês :
êngg. kn. 1 tapas; 2 sêpêt (krambil).
têpêt :
êngg. pc. pênêr, ngênêr trêp.
têpêt-loka :
kw. alam kalanggêngan.
têpêt-suci :
kw. alam akir (sawuse mati).
têpi :
1 kw. pinggir, bambing; 2 kw. pasisir; 3 kn. plisir, pinggiran minangka rêrênggan; tanpa [x]. tanpa watês; tinêpi kw. didokoki pinggiran.
têpiyo :
kn. topi.
têpi-sliring :
kw. tapêl watês.
têpis-iring :
(-wiring) kw. tapêl watês.
têplak, têplèk :
êngg. kn. têpak (wlulang bundêr lsp. digarani).
têpu :
I kn. 1 gapuk; 2 wis jêmpo. II êngg. pc. kêtêpu.
têpuk :
êngg. kn. têpo, têpu.
têpung :
I n. têpang k. 1 gathuk, mubêng nganti têmu gêlang; 2 wanuh, wis sêsrawungan, wis aruh-aruhan manèh; di-[x]-i. diwanuhi, dimitrani; di-[x](ake). 1 digathukake; 2 diwanuhake; [x]-an. 1 gêgathukan; 2 sêsrawungan, mêmitran; 3 kawanuhan, mitra karuh. II di-[x] êngg. diêtrap (dipasang) tmr.salêraning nam-naman. III êngg. kn. glêpung.
têpung bêcik :
n. têpung sae k. wis pandhuh ênggone mêmitran.
têpung gêlang :
kn. mubêng nganti gathuk, têmu-gêlang.
têpung kawung :
kw. tukang nulis ing lontar.
têpung kêbo :
kn. ênggone têpung mung nalika ana ing paran (durung gonah bangêt).
têpung pagêr :
n. têpang pagêr k. têtanggan adu pagêr.
têpung rêmbug :
n. têpang rêmbag k. rêrêmbugan karo.
têpung rukun :
n. têpang rukun k. wis wanuh, rêrukunan.
têpung watês :
n. têpang watês k. nunggal tapêl watês.
têpus :
kn. tali lsp. sing dianggo ngukur dawaning antara; di-[x]. diukur dawane (antarane) nganggo tali lsp; kc. kêtêpus.
têpsila :
pc. tapsila, trapsila.
(têpsir) :
pc. tapsir.
(têr) :
di-[x]-ake pc. diatêrake; kc. atêr.
têrag :
I kn. 1 têlag, têndhang; 2 êngg. kêkurangan udan lsp; kc. têlag. II êngg. ki. kluron; kc. têrèg. III ka-[x] kw. kaduwa, kailês, kapidak.
têrah :
br. trah.
(têrak) :
di-[x] kn. 1 ditrajang, disêrang; 2 ora dièstokake tmr. anggêr-anggêr lsp.
têrang :
kn. 1 padhang; 2 wis mari udan; 3 cêtha, gamblang, têtela; 4 wis mangêrti têmênan; 5 wis ora samar, ora suwêt (pêtêng) tmr. urusaning prakara lsp; durung (kurang, ora) [x]. ora mangrêti (wêruh) kanthi cêtha, ora wêruh; [x](saka) dhawuh. atas dhawuhing ..., miturut dhawuhing ...; nêrang. 1 (ut. mitêrang) njaluk katêrangan; 2 (nêrang udan) nulak udan sarana donga lsp; di-[x]-i br. dipadhangi, disoroti; di-[x]-ake. dicêthakake, digamblangake; ka-[x]-an. 1 kapadhangan, kasorotan; 2 andharan lsp, kang digawe sarana nêrangake; 3 bukti, cihna; [x]-an. ora ana udan; kc. pitêrang.
têrang bulan :
êngg. kn. padhang bulan.
têrap :
kc. trap.
têras :
I (ut. [x]-an) kn. 1 isih tigas, isih anyar, lagi mêntas dadi tmr. jarit lsp. (durung tau dianggo); 2 pc. isih prawan (jaka) tulèn; nêras. nganggo jarit lsp. sing isih têras. II di-[x] êngg. kn. 1 diwluku sing sapisanan; 2 dilubang sing kawitan tmr. patêbon; 3 dioncèki rada nandhês nganti ilang dhadhake tmr. kwèni lsp; kê-[x]-ên. 1 kêjêron ênggone macul, ngoncèki lsp; 2 kêladuk, kêtlanjukan.
têrbang :
kn. ar. têtabuhan saèm. tambur wlulang sasisih; [x]-an. 1 dolanan nabuh têrbang; 2 slawatan padha nabuh têrbang.
têrbik-têrbik :
pc. bribik-bribik.

--- 604 ---

têrbil ~ têtês.

têrbil :
pc. kêrbil.
têrbis :
I kw. (jurang) angèl ambah-ambahane. II kn. kopral.
(têrbuka) :
pc. tarbuka.
têrbumi :
êngg. kn. riyaya ing padesan mbênêri tanggal 15 Ruwah; kc. bêrsih bumi, trêp bumi.
(têrjang) :
di-[x] pc. ditrajang.
têrjik :
êngg. kn. cêrdhik.
têrjung :
kw. ndêdêr sarta jêro tmr. jurang.
têrèg :
kn. 1 gogrog, ngarang tmr. godhong; 2 kluron.
têrêh :
kw. 1 trah, turun; 2 udan; kc. têruh.
têrês :
I kw. três. II di-[x](i) kn. diklokopi kulite (klikane) ing nalikane isih urip tmr. wit nangka, jati lsp. supaya kayune garing lan ora mlêthèk.
têrganca :
êngg. kn. sulaya, padudon.
têri :
kn. ar. iwak sêgara sing lêmbut-lêmbut.
têrik :
I êngg. kn. thukul (kêtela pêndhêm lsp). II kn. ar. lêlawuhan sing digawe iwak daging. III kn. ar. manuk.
têrka :
kn. nyana, pangira; di-[x]. didakwa, dinyana, dikira nglakoni ala.
têrkadhang :
(-an) kn. 1 sok, kala-kala; 2 bok mênawa; [x] ..., [x] ... gèk ..., gèk ...; kc. kadhang.
têrkaos :
êngg. k. 1 têrkadhang; 2 rêkasa.
têrna, têrni :
br. sêmèn, thukulan.
têruh :
êngg. k. 1 udan, grimis; 2 kw. orêg, gègèr; kc. têdhuh.
têruna, têruni :
kw. ènom; kc. taruna.
têrus :
kn. 1 bolong (butul) têmbus; 2 ngênêr (nuju) lêncêng ora menggak-menggok; 3 banjur bae, ora kêndhat-kêndhat; 4 pc. nuli, banjur; 5 kanggo ing salawase, ora bali, ora balèn; 6 wolak-walik nunggal warna tmr. coraking bathikan, cita lsp; 7 wutuh ut. ganêp panulise; [x] ing paningal ([x] tingale, [x] padhang tingale) br. waskitha, wêruh ing agal rêmpid; [x] ing ati (ing lair batin). têkan ing batine (ora mung ing lair bae); nêrus. 1 lumêbu têrus, têmbus; 2 banjur bae, nglantur; di-[x]-i. dibathik ing walike tmr. rengrengan bathikan; di-[x]-ake. 1 dibanjurake; 2 ditutugake; 3 ditêkakake marang; [x]-an. 1 butulan, dalan jêbulan; 2 tutuge, sambunge, banjure; 3 waliking bathikan (ngengrengan); 4 banjur bae, nglantur; 5 (layang [x]-an) êngg. layang katêranganing wong magang; kc. panêrus.
têrosipun :
êngg. k. jarene; kc. criyos(-ipun).
têrpas :
(W.watêrpas) kn. 1 sumèlèh wrata, ora miring; 2 piranti dianggo nyumurupi wrata lan orane; [x]-e êngg. miturut petungane; di-[x]. ditrapi têrpas, disumurupi wrata lan orane.
têrsandha :
I êngg. kn. tandha, pratandha. II êngg. kn. sêsèndhèn ing.
têrtamtu, têrtangtu :
êngg. pc. mêsthi; kc. têmtu.
têrtêp :
êngg. kn. krêtêp.
têrtib :
kn. 1 kanthi tata sarta runtut; 2 sarwa tata, sarwa bêcik; 3 (ut. têr-[x]-i) winadi bangêt.
têrtil :
kn. kalawan titi ora ana sing kliru tmr. maca.
têrcêb :
pating [x] kn. krasa adhêm nganti kaya sumusup ing kulit.
têrwaos :
êngg. k. têrwaca.
têrwaca, têrwela :
kn. cêtha, têrang mungguhing pangrungu (pandêlêng, pangêrti).
têrwela :
kn. katon cêtha wela-wela.
têrwelu :
kn. ar. kewan bngs. marmut gêdhe.
têrwèngkal, têrwungkal :
êngg. kn. wingka.
têrwilun :
kw. bodho, bonto.
tês :
I êngg. pc. lagi bae; kc. êntas, mêntas. II pc. têkan ing watês; kc. watês.
têsbèh :
pc. tasbèh.
têsdik :
kw. waskitha, wêruh sadurunging winarah; di-[x]-ake. diwaspadakake, diyakinake.
têsih :
pc. k. isih; kc. taksih.
têsir :
pc. taksir, tapsir.
têsmak :
kn. kaca-mata; [x] bathok (watu, dhingklik) pc. mung mamak ora ndêdêlêng.
têsmèn, têstamèn :
(W) kn. wasiyat.
(têt) :
di-[x] kw. diênêtake; kc. ênêt, nêt.
têtag :
êngg. k. tutug.
têtah :
k. tutuh.
têtak :
kn. supit ki. sunat tmr. bocah lanang; di-[x]-i. diislamake; [x]-an. duwe gawe nêtakake.
têtapi :
êngg. ananging.
têtêdhan :
k. panganan; kc. têdha.
têtêg :
I kn. 1 kukuh, ora obah-obah; 2 tatag, panggah, ora duwe sumêlang; 3 kayu (blabag) kancing ut. tuwak lawang; di-[x]-i. dikancing sarana têtêg; kc. tatag.
(têtêk) :
sa-[x] êngg. kn. sakêthokan pring lsp; di-[x]. ditugêl, dikêthok; kc. têtak.
(têtêl) :
I di-[x] kn. diênet-ênêt, dipadhêtake. II kn. ar. panganan.
têtêp :
kn. 1 ora owah, ora ngalih-ngalih; 2 lêstari, ajêg; 3 wis diangkat dadi ... kalawan tanpa janggêlan; 4 êngg. pc. mêsthi, têmtu; nêtêp. wis mlêbu, wis manjing ing bolongan, manêt; di-[x]-i. 1 dituhoni tmr. kasaguhan lsp, dilakoni tmr. kawajiban; 2 ditindakake miturut wêwaton, undhang lsp; di-[x]-ake. 1 diênêtake nganti nêtêp; 2 dikon dêdunung (nindakake pakaryan lsp) ana ing; 3 diangkat dadi, didadèkake priyayi lsp; 4 dipêsthèkake, ditêmtokake; 5 dianggêp yèn mêsthi nyata; 6 disêntosakake, dikukuhake tmr. panêmu lsp.
têtêr :
I êngg. kn. garu; di-[x]. digaru. II di-[x] kn. digêjêg, dikon tumandang tanpa lèrèn.
têtês :
. 1 êngg. têdhas; 2 ki. sunat; 3 êngg. ki.tindhik; 4 êngg. trêp, nyata plêk; 5 têtela, têrang; nêtês. 1 nyata kêlakon kaya kang disaguhake (diwêca lsp); 2 pêcah sarta mêtu kuthuke lsp. tmr. êndhog; di-[x](i). diiris (dipêdhot) sathithik; di-

--- 605 ---

têwah ~ tikus.

[x]-ake. 1 ki. disunatake, ditindhikake; 2 diêngrêmake supaya nêtês tmr. êndhog.
têwah :
kw. kc. twah.
têwêk :
I kw. wiwit ing nalika, kala samana. II kw. warêg; kc. tuwuk. III kw. tuwêk.
têwêkal :
pc. tawêkal.
tiba :
n. dhawah k. 1 saka ing papan sing dhuwur lumarap mangisor; 2 ambruk, rubuh; up. [x] klumah; 3 anjog ing, ndharat ing; 4 kapênêr, nuju ing; up. ijabe [x] ing dina Slasa Paing; 5 nandhang, up. [x] ing kamlaratan. 6 nyandhak ganti gêndhing liya; 7 êngg. pc. jatuh, nandhang kapitunan lsp; 8 wis diputusi, dipancasi; [x] lara pati. nandhang lara lan sangsara; [x] kasur. nêmahi kapenak ora kêjarag; [x] mêjana. tiba sêdhêngan; [x]-ne, tibake pc. tumêkane ing pungkasan jêbul ...; [x] malang. kojur; sa-[x] malange ya pc. kojur-kojure mêksa; sa-[x]-ne, sa-[x]-[x]-ne. sadadi-dadine mêksa, sakojur-kojure lagi; tumiba. tiba; niba. 1 njarag (api-api) tiba; 2 anjog ing gêndhing candhake (liyane); ditibani. 1 dikênani ing apa-apa sing tiba; 3 diwènèhi pêpancasan ut. paukuman; 3 ditamani gêgaman (japa-mantra, donga lsp); 4 disèlèhi kêmbang tmr. kuburan; 5 tampa layang panarikan pajêg (urak, giliran nyambut-gawe lsp); tiban kn. 1 apa-apa sing ana dadakan (kaya-kaya tumiba saka ing langit), up. sumur tiban, rêca tiban; 2 kang dianggo patèn (landhêsaning kaluputan); 3 (satiban) diêcakake (ditamakake) sapisan; 4 (satiban) salêpasaning bêdhil (panah lsp); pa-[x] tamba n.(-jampi k). dhuwit lêliru dianggo nambakake wong sing ditatoni; pa-[x] ulês. dhuwit têtêmpuhe wong matèni wong sing ora disêngaja; pa-[x] sampir br. paningsêt.
tibèng :
br. tiba ing.
tibra :
(S) kn. 1 susah, prihatin; 2 ak. nêpsu bangêt.
tijab :
pc. 1 mustajab, mandi; 2 mêsthi, têmtu; kc. tajab.
tidha-tidha :
kn. 1 rêmêng-rêmêng tmr. pandêlêng; 2 samar, mamang, ora dhamang, isih gojag-gajêg.
tidhêm :
kw. surêm, sirêp; [x] prêmanêm. sirêp tanpa sabawa.
tidhur :
kn. nabuh bêdhug nggêjêg (mawa lêlagon) dianggo sasmita saur lsp, ing mangsa pasa.
(tidhok) :
di-[x]-ake êngg. pc. dituduhake.
tiga :
k. têlu.
tigan :
I êngg. k. kinang. II k. êndhog.
tigang :
k. têlung; kc. têlu.
tigapar :
maca [x] kn. nyêbut asmaning Allah ing nalikane nêmu kasusahan lsp; kc. istipar.
tigas :
I kn. tugêl, pêdhot; di-[x]. 1 dikêthok, dipancas; 2 dikêthok gulune; 3 (ut. di-[x]-i) dirampungi, diuwisi. II (ut. [x]-an) kn. 1 isih anyar, durung tau diênggo tmr. jarit tênunan lsp; 2 isih murni tmr. prawan ut. jaka.
tigas gagang :
kn. bakda diênèni têrus diêdol tmr. pari.
tigas kawuryan :
br. anyar katon.
tigas pancing :
kn. dikêthok mayat sapisan têrus tugêl.
tigawaja :
kn. ar. iwak loh.
tigawarna :
kn. 1 warna têlu; 2 ar. pamoring kêris.
(tigung) :
[x]-an êngg. pc. tikungan.
tihang :
I kw. cagak, tiyang. II tumihang kw. ngênêr, nyipat.
tiharda :
kw. bangêt, kaluwih-luwih.
tiyam :
êngg. kn. toko Cina (cilik-cilikan).
tiyang :
I kn. cagaking layar ing prau, cagak gêndera. II k. wong.
tiyasa :
êngg. 1 kuwasa, duwe kaluwihan; 2 br. pintêr, linuwih; 3 sawah pusaka.
tiyèng :
êngg. pc. taiyèng.
(tiyung) :
tumiyung, niyung kn. tumêlung, mantêlung; di-[x]-ake. ditêlungake, dipantêlungake.
(tiyup) :
tumiyup, niyup kn. cumlorot bantêr tmr. angin, lakuning manuk nyambêr lsp; di-[x]. disêbul, ditampêk ing angin.
tiyonghwa :
kn. Cina.
tiyongkok :
kn. nêgara Cina.
tiyori :
pc. teyori.
(tik) :
di-[x] pc. ditulis nganggo mêsin tulis.
tika :
I kw. ika, kae. II ut. têlika kw. solah tingkah, kêlakuan.
tikanang, tikang :
kw. ingkang, kang.
tikbra :
kw. susah, sêdhih; kc. tibra.
tike :
kn. candu sing wis diulêd karo rajangan godhong awar-awar.
tikèt :
pc. 1 girik kang ditèmplèkake ing gêndul lsp; 2 karcis kapal.
tikêl :
kn. 1 tugêl, coklèk, putung; 2 têkuk; 3 rangkêp, ambal kaping; di-[x]. 1 ditugêl, diputung; 2 ditêkuk; 3 dirangkêp, diambalake kaping; 4 (di-[x] alise) dijêngkêrutake; di-[x]-i. 1 ditugêli, diputungi; 2 diêngkuk-êngkuk, didadah; 3 diwènèhi lsp. tikêl tinimbang sing wis ana; kê-[x]. 1 kêtêkuk; 2 sangsara, nandhang kapitunan; [x]-an. 1 tugêlan, coklèkan; 2 ([x]-an atèn) mutungan; 3 (ut. têtikêlan) kang diambalake (ditangkarake kaping).
tikêl alis :
br. alise njêngkêrut ut. têpung.
tikêl balung :
kn. ar. têtuwuhan.
tikêl têkuk :
kn. dirangkêp (ditangkarake) ambal ping pat ut. luwih.
tikêl wosên :
kn. kamikakon ing driji (tangan, sikil).
(tikêp) :
di-[x] êngg. dicêkêl, disikêp.
tikêr :
(M) kn. klasa.
tiki, tikihên, tikin, tiking :
kw. ak. iki, kiye, kene.
tiku :
kw. ak. iku, kuwi.
(tikung) :
nikung kn. nêkuk, menggok; [x]-an. enggok-enggokan, têkukan ing kali lsp, lengkongan.
tikus :
kn. ar. kewan ngrikiti sok manggon ing omah ut. ing sawah; [x] mati ing êlènge pr. kêpatèn pasaban.

--- 606 ---

tiksa ~ (timplak).

tiksa :
kw. landhêp, lêlandhêp; kc. tiksna.
tiksna :
(S) kw. landhêp, lêlandhêp.
tikswa :
kw. landhêp, lêlandhêp.
tikta :
(S) kw. 1 pait; 2 pêru; cs. 6.
tiktak :
kn. bngs. mriyêm cilik.
tila :
(S) kw. wijèn, lênga; tinila. siniram ing lênga.
tilak :
êngg. kn. 1 tipak; 2 tilas.
tilam :
êngg. kn. 1 kasur; 2 lèmèk, jarit lsp. sing dianggo rangkêpan.
tilam rum, tilam sari :
kw. paturon.
(tilap) :
nilap kn. lunga nglimpèkake; di-[x]-ake. dilimpèkake (ditinggal lunga); kê-[x]-an. klimpe, ora wêruh.
tilar :
k. tinggal.
tilas :
kn. 1 tabêt ut. turahaning apa-apa sing maune ana, up. [x] kêdhaton. 2 kang maune dadi, up. [x] patih; 3 lari, tipak; 4 (ut. têtilas) lêlabuhan; mbuwang [x] pr. nylamur nindakake apa-apa supaya aja konangan pialane; nilas br. napak, nglari; di-[x]. 1 dilacak; 2 ditulad, ditiru; [x]-an. 1 kc. tilas; 2 (pa-[x]-an) papan sing maune dianggo kraton, patapan lsp.
tilawat :
(A) kn. maca kurän kanggo nyêmbahyangake wong mati lsp.
tilêm :
I k. turu. II êngg. kn. kêlêm, silêm; di-[x](ake). disilêmake, dikêlêm; kê-[x]. klêlêp.
(tilêp) :
di-[x] êngg. kn. dijêrokake tmr. sawah.
tilgram, tilgrap :
pc. kc. têlegram, têlegrap.
tilik :
I n. tuwi k. mênyang ing panggonaning liyan (wong lara lsp); di-[x]-i. 1 diparani (didhayohi) pêrlu disumurupi kaanane; 2 diparani sarta didêlêng; 3 êngg. dicoba. II nilik kn. nayuh impèn.
(tiling) :
tumiling kn. 1 manglung prêlu ngrungokake; 2 wis lingsir tmr. srêngenge; di-[x]-ake. 1 dirungokake kalayan têmên-têmên supaya cêtha; 2 diyakinake têmênan.
tilpun :
pc. têlepun.
(tim) :
di-[x] kn. dimatêngake sarana dikukusi ing wadhah sing rapêt.
timah :
I (ut. [x] putih) kn. ar. pêlikan digawe grènjèng. II [x]-[x] kn. wis mèh mari tmr. gudhig lsp.
timaha :
kn. ar. kayu mawa pèlèt sok dianggo wrangka.
timah budhêng :
kn. timbêl.
timah sari :
kn. sing.
timang :
kn. cathokaning èpèk, krêtêp; [x]-an. cathokan; di-[x]-i. didèkèki (diwènèhi) timang.
timanga :
pc. timaha.
timba :
kn. èmbèr lsp. dianggo nyidhuk banyu saka ing sumur; di-[x]. nyidhuk banyu nganggo timba.
timbak :
kn. kc. tembak.
(timbal) :
I [x]-tumimbal kn. tundha-tumundha, saka siji ngalih (liyêr) marang liyane; di-[x]-ake. ditundhakake, dilembatake; têtimbalan. gênti-gênti, giliran; kc. imbal, panimbal. II di-[x]-i ki. diundang; (dhawuh) [x]-an dalêm. dhawuh dalêm ingkang sinuwun.
timbang :
kn. 1 padha bobote, ora sanglir; 2 wis murwat têtandhingane; 3 tandhing, babag; 4 (sa-[x]) êngg. samata (1/100 tail = 0,386 g); 5 br. jodho sisihan; 6 pc. ditandhing karo; asor [x] pr. 1 lêlawanan karo sing dudu timbange; 2 ana sing babag ana ing mênang (luwih); bobot [x]. panglimbang, kang wênang nêtêpake ...; tanpa [x]. ora ana sing madhani; di-[x]. 1 dibobot; 2 ditandhing, dipandhing; 3 digawe supaya timbang, digawe babag; 4 (ut. di-[x]-[x]) dilimbang-limbang, dipikir-pikir ala bêcike lsp; di-[x]-i. 1 ditrapi apa-apa supaya timbang; 2 dipadhani, ditandhingi; 3 ditanggapi tmr. kabêcikan, sih lsp; ka-[x], tinimbang. dipandhing karo, dimurwat karo; [x]-an. 1 sisihan, jodho; 2 apa-apa sing dianggo nimbangi; 3 bobot kang dianggo nimbang; 4 piranti dianggo nimbang, traju; 5 (ut. têtimbangan) timbang karo, babag karo; 6 (ut. têtimbangan) panglimbang, pamikir.
timbang sih :
kn. sisihe loro salaras ut. padha.
timbêl :
êngg. kn. timah.
timbil :
kn. plênthing ing mata (tlapukan).
timbis :
êngg. kn. kayu sing dianggo ngêbruk ut. nglêmbutake apa-apa.
(timblis) :
di-[x] kn. dijlogi saka ing dhuwur.
timbul :
kn. 1 mancungul manèh (banjur kumambang); 2 êngg. pc. ngaton, mancungul; 3 munggah, mumbul; 4 ut. têguh [x]. kuwagang nanggulang bêbaya lsp, digdaya; 5 (ut. [x]-an donga ut. sarana njalari wêntala (digdaya); di-[x]. 1 disêbul êmbun-êmbunane ut. dijapani supaya wêntala (digdaya); 2 êngg. dijapani supaya mari kêpanjingan setan.
timbun :
ut. tumpuk-timbun kn. têtumpukan, undhung-undhungan.
timbrah :
kn. 1 êngg. blèg; 2 têtaining kuningan ut. têmbaga; nimbrah. mêtu (ana) timbrahe.
timbrêng :
kn. srêngenge kasaput ing mêndhung.
(timbrung) :
di-[x] êngg. kn. ditrambul..
timên :
êngg. pc. têmên (bangêt).
timinggila :
kw. iwak lodan.
timun :
kn. ar. têtuwuhan rambat wohe saèm. krai; [x] jinara pr. 1 gampang bangêt; 2 nindakake pagawean sing tanpa guna; [x] wungkuk jaga imbuh pr. mung dianggo jaga-jaga yèn ana kêkurangane.
timur :
I ki. ênom, nonoman. II ut. [x]-an êngg. kn. angin saka ing wetan.
(timpuh) :
I di-[x] kn. ditindhihi, ditumpangi; di-[x]-i. ditindhihi ing sikil; kê-[x]. kêtindhih, kalah. II êngg. kn. têmpah.
timpal :
kn. tatu nganti cowèl (pisah saka ing kulite ut. daginge); di-[x]. 1 diiris nganti timpal; 2 dikêsud nganggo godhong lsp. banjur dibuwang tmr. sêsukêr lsp; 3 êngg. pc. ditundhung, dibuwang; kê-[x]-[x]. kêtula-tula, ora kopèn.
timpang :
kw. pincang.
(timplak) :
kê-[x]-[x] êngg. kn. kêtula-tula; kc. timpal.

--- 607 ---

timpuh ~ tiplak.

timpuh :
kn. linggih sikile karo pisan katêkuk dlamakane sikil kasanggakake ing bokonge; kê-[x]. digugat marga ênggone nanggung.
timpung :
kw. pincang; kc. timpang.
tinanggênah :
br. dipatah; kc. tanggênah.
tinangkil :
br. sinewaka; kc. tangkil.
tinapi :
êngg. kn. ananging; kc. tanapi.
tinda, ninda :
(S) kw. cacad, piala; tininda. disrêngêni, dicacad.
tindak :
I kn. jangkah; 2 (ut. [x]-tanduk). patrap, solah-tingkah; 3 ki. laku; 4 ki. mlaku; 5 ki. mêtu ing, ngambah ing; sa-[x] sapêcak pr. doh cêdhaking sanak sêdulur; tumindak kn. 1 wiwit (bisa) mlaku; 2 mlaku, payu tmr. dêdagangan lsp; 3 rada bisa, rada bisa ngêcakake, wis diêcakake; di-[x]-i. 1 dijangkahi (diukur sarana jangkah); 2 ki. diparani; 3 ki. diambah (dianggo mlaku); di-[x]-ake. 1 dilakokake, diêcakake; 2 dilakoni; [x]-an ki. lêlungan.
tinja :
k. tai.
tinjo :
êngg. kn. tilik, madhayoh; ditinjoni. ditiliki, didhayohi.
tindhês :
êngg. kn. barang atos sing ditumpangake ing apa-apa supaya rêmuk (pènyèt); di-[x]. 1 ditindhihi nganti pênyêt; 2 êngg. diplindêr, dipènyèt; 3 êngg. diplindêr ing pagawean ut. kawajiban nganti rêkasa bangêt.
tindhih :
kn. 1 apa-apa sing abot sing katumpangake; 2 dhuwit sing ditumpangake ing sajèn; 3 wêjani, opahan marang dhukun; 4 (ut. têtindhih) lêlurah, pangarêp, jêjênggul; nindhih. 1 numpang; 2 mênang; di-[x]-i. 1 ditumpangi apa-apa sing abot; 2 dibot-boti, diantêbake tmr. rêmbug lsp; 3 br. dipanggêdhèni, disenapatèni; kê-[x] br. kalah; (kê-)[x]-ên. turu banjur gêrêng-gêrêng (bêngok-bêngok) nanging ora bisa nglilir.
tindhik :
kn. 1 (ut. di-[x]) dibolong godhohe kuping (calon lèng pasuwêngan); 2 bngs. sindik cilik ut. anting-anting dianggo bêndhèng bolongan.
tinêkan :
br. kêlakon, kalêksanan; kc. têka, têkan.
tinêmu :
n. pinanggih k. ditêmu, kêtêmu; kc. têmu.
tiniban :
n. dhinawahan k. br. ditibani, kêtiban; kc. tiba.
tinimbang :
kn. 1 ditimbang; 2 ditandhing karo; kc. timbang.
tinitah :
kn. 1 dititahake; 2 pinêsthi, ditakdirake; kc. titah.
tinulis :
br. 1 ditulis; 2 wis ditakdirake; kc. tulis.
tinut :
br. diênut, ditutake; kc. tut.
tinon :
kw. didêlêng; kc. ton.
tintah :
(P) kn. mangsi.
(tinting) :
di-[x]-(i) kn. dipilihi sing agal-agal ut. sing ora kanggo sarana didokok ing tampah lsp. diirang-iringake lan dikêtab-kêtabake.
tintrim :
kn. mênêng tanpa sabawa (marga kêkês, wêdi, miris).
ting :
I kn. wc. pating. II kn. lêntera.
tingal :
1 ki. mata; 2 kn. ênêring pandêlêng; malik [x] pr. 1 nyelaki kaantêpane (kayakinane); 2 mari sêtya ênggone nyuwita; mangro [x] pr. mangro kaantêpane (sêsêmbahane, pasuwitane); tumingal kw. 1 ndêlêng, nonton; 2 katon; ningali k. 1 ndêlêng; 2 nonton; kê-[x] k. katon; [x]-an. 1 ki. riyaya wêton; 2 (ut. têtingalan) k. tontonan; 3 êngg. k. pangilon.
(tingar) :
di-[x] êngg. kn. dicolong (tmr. raja-kaya).
(tingas) :
di-[x] kw. ditigas, dikêthok.
tinggal :
n. tilar k. 1 lunga apa-apane dikèrèkake; 2 mbuwang, ngêmohi up. [x] kamuktèn, [x] tata-krama; 3 (ut. [x] donya) mati; [x] glanggang pr. oncat lunga saka ing kalangan (paprangan); [x] kokoh pr. nglungani pagawean sing durung rampung; [x] tapak jêro pr. ora nuhoni jangji; di-[x]. dikèrèkake, ora digawa; 2 ora dipraduli, ora ditindakake (dicakake); 3 ora diêjak lunga (mati) di-[x]-i. 1 kabèh ditinggal; 2 diwènèhi tinggalan (pusaka, dhuwit lsp); [x]-an. apa-apa sing ditinggal, warisan; kc. patinggal.
tinggar :
kn. ak. bngs. bêdhil wuluh kuningan.
tinggêng :
êngg, kn. 1 têtêp, panggêng, ora owah gingsir; 2 nyênyêt (ora kakehan swara), sêmu pêtêng.
tinggi :
kn. ar. kewan sok manggon ing ambèn lsp; kc. patinggi.
(tinggil) :
di-[x] kn. 1 dijunjung, diumbulake; 2 ditibani apa-apa saka ing dhuwur; kc. tênggêl.
tingi :
kn. ar. babakan sing dianggo ngadoni soga.
tingkah :
kn. 1 patrap, solah; 2 êngg. pc. patrap kamanuhan sing ora bêcik; di-[x] kw. ditata, dirakit; kc. pratingkah.
tingkal :
kn. ar. jasad dianggo adon-adon matri.
tingkas :
êngg. kn. 1 têrang (lèrèn tmr. udan). 2 têrang, mangêrti; kirang [x] êngg. k. kurang têrang (êmbuh).
tingkat :
êngg. kn. lotèng.
tingkêb :
(ut. [x]-an) kn. slamêtan mitoni wong ngandhêg; di-[x]-i. dipitoni (dislamêti nalika mêtêng 7 sasi).
tingkêm :
kn. bngs. tenggok cilik mawa tutup jêplakan; ningkêm wadi. ngrumat wadi; di-[x], [x]-an. ditutup ing amplop.
tingkês :
(ut. [x]-an) kn. bngs. tèdhèng ut. aling-aling dianggo piranti mbêburu lsp; di-[x]. 1 êngg. diringkês, dicêkak; 2 dirampid.
(tingling) :
di-[x]-ake êngg. ditilingake.
tipak, tipêt :
êngg. kn. tapak, tilas.
tipar :
êngg. kn. têgal pagagan; di-[x] êngg. dirata, dirêsiki.
tipas :
êngg. kn. tepas.
tipès :
pc. kêtipès.
tipês :
(W) kn. ar. lêlara ing usus.
tipis :
I kn. 1 ora kandêl; 2 ora kênthêl tmr. kopi ut. tèh; 3 pc. mung kari sathithik, sathithik; nipis. saya suda (kurang); [x]-an atèn. 1 ora sêntosa atine; 2 jirih. II (W) kn. tukang ngêtik (nulis nganggo mêsin tulis).
tiplak :
êngg. kn. bngs. trumpah (sandhal).

--- 608 ---

tiplèk ~ titis.

tiplèk :
pc. tiplak.
tipu :
kw. apus, cidra; di-[x]. diapusi.
tipung :
pc. kêndhang cilik; kc. kètipung.
tipus :
(W) kn. tipês.
(tipral) :
di-[x](i) êngg. ditipar.
tir :
I (W) kn. ar. barang cuwèr rupane irêng sok dianggo ngêcèt. II (Tamil) kn. ar. rêricikane wong-wongan ing dolanan catur.
tira :
(S) kw. têpi, pinggir.
tirah :
I k. turah. II (S) kw. pinggir, têpi. III (ut. têtirah) kn. ngalih mênyang ing papan sing prayoga supaya bisa waras tmr. wong lara; di-[x]-ake. digawa tirah; pa-[x]-an. papan sing dianggo tirah. IV ut. tiras êngg. kn. tali rokok.
tirakat :
kn. 1 êngg. ngêngurangi, nglakoni sêsirik lsp; 2 sujarah mênyang pasareyan lsp; di-[x]-i. ditunggu sarta dilèki tmr. wong lara lsp; [x]-an. 1 jagongan lek-lekan; 2 pc. jagongan nalikane duwe gawe lsp; 3 padha jiyarah; 4 pc. pasujarahan.
tirêm :
kn. bngs. keyong ing sêgara.
tirêp :
kw. surêm, timbrêng.
tirigan :
êngg. kn. lageyan, saradan.
tiris :
kw. krambil; [x]-an êngg. k. wit krambil.
tiryak :
(S) kw. kewan.
tirkah :
(A) kn. warisan, tinggalan.
tiru :
kn. êngg. pc. kaya, mèmpêr karo; [x]-[x] êngg. pc. tumindak kaya, nulad; di-[x]. 1 ditulad, dituladha; 2 dipadhani (dipalsu); 3 pc. ditêdhak, diturun; ditirokake. ditindakake kaya pratingkahing liyan; tiron. 1 kang dudu sanyatane; 2 pêpêthan, palson; 3 têdhakan, turunan.
(tirok) :
[x]-[x] êngg. pc. tiru-tiru; di-[x] êngg. pc. ditiru.
tiron :
kn. kc. tiru.
tirta :
(S) kw. 1 banyu suci, padusan suci; 2 banyu ma-[x]. adus (rêrêsik) ing banyu suci.
tirtayatra :
(S) kw. sujarah mênyang padusan suci.
tirtamarta :
kw. banyu panguripan.
(tis) :
ma-[x] kw. adhêm, anyêp; ka-[x]-ên kn. ndhrêdhêg marga kadhêmên; kc. atis.
tisaya :
kw. bangêt, kaluwih-luwih; kc. atisaya.
tisik :
kn. jithêtan, dondoman; di-[x]. dijithêt, didondomi.
tisna :
pc. trêsna.
tistis :
kw. 1 adhêm, anyêp; 2 sêpi, sirêp; 3 sêdhih.
tita :
1 kw. kaliwat, wis kêpungkur; 2 kn. (wis [x]) wis katog (luwih saka cukup) ênggone nyrantêkake.
titah :
kn. 1 dhawuh, pangandika; 2 br. takdir, pêpêsthèn; 3 nganakake apa-apa sing tanpa bêbakal; 4 dumadi, kang dianakake ing Pangeran (Dewa); tumitah. 1 dadi ana ing alam donya; 2 kabèh sing dumadi ana ing alam donya; tinitah. pinêsthi dadi, tinakdir; di-[x]-ake. 1 didadèkake (dianakake) ana ing alam donya; 2 ditakdir, pinêsthi; sa-[x](e). manut kodrate bae (ora nyêngka-nyêngka); kc. tetah.
titèn :
I êngg. kn. rontogan rêrèncèk lan godhong tom, kêdhêle lsp. (sawise digawe nila, dijupuki kêdhêlene). II êngg. kn. titi.
titi :
I kn. 1 sarwa ngati-ati nganti ora ana sing cicir; 2 pc. tlêsih bangêt ênggone mriksa; di-[x] pc. dipriksa (ditlêsihake) kalawan titi; dititèni. digatèkake kalawan têmên-têmên; kc. nastiti, satiti, titipriksa. II (S) kn. 1 tanggal, cirining dina, tanggal, sasi lan taun (ing layang-layang); 2 br. wis rampung, tamat; dititèni. dicirèni tanggal lsp.
titig :
êngg. kn. 1 titikan, têngêran; 2 wis mari lara ut. mari susah.
titih :
I kn. 1 atos, padhêt panggêmblènge tmr. kêris; 2 kw. tumpang, tindhih; 3 kw. unggul, mênang; murba [x] pr. numpangi gunêm; nitih. 1 kw. numpang; 2 ki. nunggang; di-[x]-i ki. ditunggangi; kê-[x] kw. kalah, kasoran; [x]-an ki. 1 tunggangan; 2 jaran; 3 indhing (kêmpitan).
titik :
I (ut. [x]-an) kn. 1 tandha sing mratelakake; 2 têtêngêr, ciri; 3 apa-apa sing dianggo tandha-buktine barang sing ilang (sing lagi digolèki); di-[x]. 1 dilari, ditamatake ciri-cirine tmr. barang sing ilang lsp; 2 ditamatake kalawan titi; kê-[x]. 1 kawêruhan; 2 kêtêmu titikane, konangan. II kn. cêcêk, plênik cilik.
titik-iyik :
[x] biyèn mula pc. wis wiwit lair, wis wiwit biyèn.
titik-mêlik :
kn. cihnane barang sing dilari.
titi-mangsa :
kn. 1 wêktu; 2 cirining tanggal, sasi lan taun.
titip :
I kw. pipit, jêjêl riyèl. II kn. 1 nunut nyimpèn (ngrumat, ngopèni); 2 nunutake apa-apa supaya diêdolake; 3 nunut akon nukokake; di-[x]-i. 1 dikon nyimpên (ngrumati, ngopèni); 2 dinunuti apa-apa dikon ngêdolake; 3 dinunuti dikon nukokake; di-[x]-ake. dipasrahake supaya disimpên (dirumati, diopèni, diêdol, diwènèhake marang liyan); [x]-an. apa-apa sing dititipake. III [x]-an kn. titikan, têngêran.
titi-priksa :
kn. titi; di-[x]. dipriksa, ditamatake kalawan titi.
titir :
I kw. ora kêndhat, tansah; di-[x]. digêjêg. II kn. têngara sarana nabuh kênthongan nggêjêg; [x] pinajarake pr. dhawuh (kabar) nglari durjana ana ing bawahing liyan tanpa njaluk palilah.
titis :
I kn. tètès, prêntuling banyu lsp; kc. tritis. II di-[x](i) kn. dicithak ing bathok lsp. (tmr. gawe gula krambil ut. gula arèn); panitisan. cithakan gula. III (ut. [x]-an) kn. panjalma, tumimbal lair; nitis. manjalma, tumimbal lair, manjing ing badaning manungsa ut. kewan; ngèlmu panitisan. ngèlmu bab nitis. IV pc. 1 trêp pênêr panujune; 2 kêrêp kêna (yèn mbêdhil, manah lsp); di-[x]-ake

--- 609 ---

titisara ~ tlêdhik.

pc. 1 dititi-priksa kalawan tlêsih; 2 ditandhing; kc. patitis.
titisara :
(sawah) [x] kn. sawah ing desa (pamêtune dianggo wragad kabutuhaning desa).
(tiwar) :
kê-[x]-[x] kn. kêtlingsut, ora kopèn.
tiwas :
kn. 1 nêmahi kacilakan; 2 ora kêdadean (kêbênêran); 3 (ut. [x]-tuwas) pc. tanpa guna, kangelan sing tanpa tanja; [x] kêbênêran pr. ora olèh gawe, nanging malah kêbênêran (ndadêkake lan bêgjane); niwasi. njalari tiwas (mati lsp); kê-[x]-an. nandhang kacilakan, nêmahi sangsara lsp.
tiwikrama :
kw. nêpsu banjur malih rêrupan sing nggêgirisi; kc. triwikrama.
tlabung :
I êngg. kn. bngs. wadung. II di-[x] kn. 1 ditladhung, dikabruk; 2 disêrang, ditêmpuh.
tlajak :
êngg. kn. pathokan, tanjir sing jèntrèk-jèntrèk.
tlajêr :
kn. lajêring oyod.
tlajung :
êngg. kn. ajug-ajug.
(tlajuk) :
kê-[x] êngg. kn. kêlajuk, kêladuk.
tladha :
pc. tuladha.
(tladhung) :
di-[x] kn. ditlabung, dikabruk.
tlaga :
pc. talaga.
tlakup :
kn. 1 blêbêding wit ut. têtuwuhan (upih, clumpring lsp); 2 (ut. [x]-an) jêbèbèhing topi ut. krêpus; di-[x]. dianthoki, diblêbêd; di-[x]-i. diblêbêd ut. disêlut; di-[x]-ake. ditêkuk diblêbêdake, ditêkut,[9] ditangkêbake.
tlalang :
mating[10] [x], [x]-an kn. katon padha kêdawan.
tlale :
kn. irunging gajah.
tlanakan :
kn. guwa-garbaning biyung.
tlanjêr :
kn. lajêr, kang dadi jalaraning lara, susah lsp; sing di-[x]-ake. sing dirosake, sing dianggêp dadi jalaran; kc. tlajêr.
tlanjuk :
I êngg. kn. pathokan; kc. tlajak. II pating [x] kn. padha nglojok, padha kêdawan; kê-[x], kê-[x]-an. 1 kêladuk, kêbanjur; 2 kliru tampa, kliru surup.
(tlanjur) :
kê-[x] êngg. pc. kêbanjur, kêladuk.
tlandhing :
êngg. kn. bumbung panderesan (sing ditadhahake ing bumbung sing nadhahi tètèsing lêgèn).
tlangkas :
êngg. kn. cukat, sigrak.
tlangke :
kn. rêmbên, rêndhêt, ora enggal; nlangke. 1 mêtu mbênêri dudu mangsane tmr. wowohan; 2 anèh, nyêle.
tlangkup :
pc. tlakup.
tlangsa :
kw. sêdhih dening apêsing awake; kc. nlangsa.
tlangso :
ora [x] êngg. ora kêtlompèn; kê-[x] êngg. kêladuk.
tlanyak-tlanyak :
kn. têka ana ing panggonaning liyan tanpa tata-krama.
tlapakan :
kn. dlamakan, dhasaring sêpatu lsp.
tlapukan :
kn. kulit tutuping mata.
(tlarak) :
kê-[x]-[x] êngg. kn. kêtula-tula, ora kopèn.
tlarap :
kn. larap.
(tlasab) :
nlasab êngg. kn. lumarap mèncèng, ora pênêr.
tlasah :
I pc. srasah. II di-[x] kn. diubrês (digolèki ana ing alas lsp); kc. slasah.
(tlasak) :
di-[x] kn. disasak, diliwati têrus; kc. slasak.
tlasar :
êngg. slasar; di-[x]-i êngg. dilèmèki, dilambari.
tlasih :
kn. ar. kêmbang.
tlatah :
kn. wêwêngkon, jajahan.
tlatèn :
n. tlatos k. nindakake apa-apa kalawan taberi lan sabar; di-[x]-i. dilakoni kalawan tlatèn.
tlacak :
kn. 1 tracak; 2 tlajak.
tlacap :
kn. clacap.
tlacar :
(-an) kn. njênggar mrana-mrana tmr. oyod lsp.
tlawah :
kn. ar. wadhah sing digawe kayu dianggo ngêkum babaran, pamakanan lsp.
tlawungan, tlawongan :
êngg. kn. andhan-andhan wadhah tumbak; kc. plawungan.
tlèbêr :
êngg. kn. klêlar-klêlêr, rêmbên.
tledhang-tlèdhèng :
kn. mlaku-mlaku dlèdar-dlèdèr.
tlèdhèk :
kn. wong wadon sing gawene njogèd ut. sindhèn.
tlèdhès :
êngg. pc. ludhês, êntèk babar pisan; kc. tèdhès.
tledho :
pc. tledhor.
tledhor :
êngg. kn. rêndhêt ênggone nggarap pagawean, nglirwakake kawajiban (pagawean).
tlegongan :
êngg. kn. tikungan, enggok-enggokan.
tlegram, tlegrap :
kn. têlegram, telegrap.
tlèyèh, tlèyèk :
kn. lèyèh-lèyèh, nglèyèh.
tlèmèk :
êngg. kn. lèmèk.
tlempe :
êngg. kn. kepang.
tlendho :
kn. tledhor, rêndhêt.
tlèndhor :
êngg. kn. tledhor.
tlenok :
pating [x] pc. katon padha ayu-ayu.
tlèncang-tlèncèng :
pc. 1 menggak-menggok; 2 ora kêna dipracaya.
tlengsor :
êngg. kn. ngulandara golèk pangan.
tlepak :
I mak [x], [x]-an kn. katêranganing barang kênthêl (gêtih lsp) kang tiba. II kn. ar. wadhah nam-naman dianggo wadhah kinang; kc. lepak, tepak.
tlepun :
pc. têlepon.
tlepong, tlêpong :
êngg. tlethong.
tleram, tlerap :
kn. gêbyaring sorot; sa-[x]-an. sagêbyaran.
tlèrèp :
êngg. kn. clèrèt.
(tlèsèk) :
kê-[x] êngg. kn. kacilakan marga dêdagangan lsp.
tlètèh :
kn. tètèh.
tlètèk :
kn. 1 (mak [x]) mêtu tmr. sêsukêr; 2 mêtu dhuwite (mbayari); 3 ks. anak.
tlècèk :
pating [x] kn. padha sumêbar (tumiba) ing êndi-êndi tmr. rêrêgêd lsp.
tlethok :
êngg. pc. tlethong.
tlethong :
kn. tai kêbo (jaran lsp); di-[x]-i. dituku sadurunge lair tmr. pêdhèt lsp.
tlêbuk, tlêbok :
pc. katêranganing barang sing tiba.
tlêdhik, tlêdhuk :
pating [x] pc. padha runtuh (tiba).

--- 610 ---

tlethuk ~ tuba.

tlêdhuk, tlêdhok :
kn. tlêbuk, tlêbok.
tlêkêm :
(-an) kn. cêpukan wadhah rokok.
tlêkim :
kn. sêmbahyangan marang wong mati; di-[x]. disêmbahyangake nalikane ngarêpake mati.
(tlêku) :
ke-[x] kn. kêtêkuk, kliru gunême.
tlêkun :
kn. kalkun.
tlêkung :
kn. rukuh (kanggo sêmbahyang wong wadon).
tlêmbuk :
êngg. kn. palanyahan.
tlêmpak :
kn. tumbak cêndhak.
tlênak, tlênêk, tlênik :
pating [x] pc. pating pêthuthuk cilik-cilik.
tlênang-tlêning, pating tlêning :
pc. pating pêthuthuk cilik-cilik pêpisahan; kakehan [x] pc. kakehan warna (ora maèdahi).
tlênang-tlênong :
pc. ora padha ênggone mbage.
tlênong :
pating [x] pc. katon têtumpukan ana ing êndi-êndi.
tlêncêng :
êngg. kn. sumbu (diyan cilik).
(tlêngsêng) :
di-[x] êngg. digolèki mrana-mrana.
tlêpèk :
mak [x] pc. katêranganing tiba ana ing jêmekan lsp.
tlêpok :
mak [x] pc. katêranganing apa-apa sing tiba.
tlêpong :
êngg. tlethong.
tlêsêp :
mak [x] pc. sanalika mlêbu (nlusup); nlêsêp. nlusup mlêbu ing; di-[x]-ake. dilêbokake sarta ditutupi.
tlêsih :
kn. njlimêt (satiti) bangêt ênggone nggolèki; di-[x]-ake. digolèki lsp. nganti tlêsih.
tlêtah :
1 êngg. k. tlutuh; 2 rêgêd, jênês.
tlêtêh :
kw. rêgêd, jênês.
tlêcêkan :
êngg. kn. kêkêcèh ing blêthokan.
tlêcêr :
kn. 1 wilah katancêbake ing sawah lsp. dianggo dudutan mêmêdi sawah; 2 ([x] sangka) turun (lajêring turun) saka.
tlêthik :
mak [x]. katêranganing apa-apa sing tiba (tmr. barang sing cilik); (udan) [x]. wiwit grimis.
tlêthok :
pc. saèm. tlêthik (luwih gêdhe).
(tlika) :
di-[x] kw. dititi-priksa, ditêlik.
(tlikung) :
di-[x] kn. 1 ditalèni sikile tmr. kewan; 2 dibanda, dibêlok.
(tlikur) :
di-[x]-i êngg. kn. dirêksa, dijaga.
(tliktik) :
di-[x] êngg. pc. dititik.
tlimpe :
êngg. kn. kepang.
tlingus :
êngg. kn. wulu irung ut. kèlèk; kc. clingus.
(tlingsing) :
[x]-an pc. sliringan, ora pêthukan; kc. slingsing.
(tliring) :
kê-[x] êngg. kn. 1 kêna nanging ora pênêr; 2 kliru; kc. sliring.
(tlisib) :
nlisib kn. ora pênêr ênggone tumancêb; kê-[x]-an. ora pêthukan.
tlisig :
êngg. pc. srisig.
tlisik :
I kn. dhidhis; di-[x] êngg. pc. dipetani, dititi. II di-[x] pc. ditisik.
tlisir :
kn. plisir.
tlisut :
kc. tlingsut.
tliti :
I kw. 1 turun; 2 darah. II kn. titi; di-[x]. dipriksa kalawan titi.
(tlitik) :
di-[x] kn. dititik, dititi-priksa.
tliwang :
êngg. kn. ora padha, ora trêp.
(tliwêng) :
kê-[x] kn. klèdhong, kêlalèn (kliru).
tluka, tlukah :
ut. tê-[x] êngg. kn. têtruka.
tluki :
kn. ar. kêmbang; 2 ar. tênunan.
tlumpah :
êngg. kn. trumpah.
tlundhag :
kn. kayu lsp. pancadan ing ngarêp lawang.
tlungsung :
pating [x] kn. padha pating blulung marga ana prakara sing wigati.
(tlungtik) :
di-[x] êngg. kn. dipindêng.
tlunyak-tlunyuk :
êngg. pc. bênyunyak-bênyunyuk.
tlusap-tlusup :
kn. bola-bali mlêbu (nlusup) ing.
(tlusuh) :
di-[x](i) kn. ditutu (isih sawulène).
(tlusup) :
nlusup kn. mlêbu ing sangisore apa-apa.
(tlusur) :
di-[x] kn. digrayangi (dimèk-mèki) prêlu nggêgolèki; 2 digolèki kalawan titi (diurut-urut); [x]-an pc. mlêbu ing êndi-êndi tanpa tata-krama.
tlutuh :
kn. 1 banyuning têtuwuhan ut. woh sing isih mêntah; 2 rêgêd, jênês.
tlobèh :
kn. kambanên, kêjêmbarên.
tlole, tlolèr, tlolor :
mak [x] kn. katon mêtu sarta dawa (kaya ula).
tlompak :
êngg. kn. ar. wadhah banyu (pangombèn raja-kaya).
tlompe :
kn. randhat, rêmbên.
tlondho :
kn. durung duwe êlar tmr. gangsir lsp.
tlontong :
êngg. pc. trontong.
tloncang-tloncong, tloncongan :
pc. lunga (mlaku) mrana-mrana nggugu karêpe dhewe; kc. loncong.
tlongtong :
pating [x] êngg. pating blêntong.
(tlop) :
di-[x]-i kn. disauri (disahi) nganggo barang (utang dhuwit disauri barang); di-[x]-ake. disaurake, diêngo ngêsahi utange.
(tlorong) :
[x]-[x] kn. gêbyar-gêbyar sumorot; tumlorong. 1 sumorot; 2 lumêpas bantêr; di-[x]. 1 dilêpasi tumbak lsp. sing disawatake bantêr; 2 disaut ing ula sing tumlorong; kê-[x]. kêsorotan.
(tlosog) :
pating [x], [x]-[x] kn. padha mlaku (nggrêmêt) ngglangsur kaya lakuning ula, padha rumambat ing lêmah tmr. oyod lsp; nlosor. lumaku ngglangsur kaya ula, têturon mêngkurêb lan slonjor, rumambat ngambah ing lêmah tmr. oyod lsp; di-[x]-i. diparani apa-apa sing nlosor; [x]-an. têturon ngglongsor.
tlotok :
ks. anak, turun; kc. dlodok, tlètèk.
tlocor :
ut. [x]-an êngg. pc. 1 têturon nggloso; 2 murang tata.
tu :
I pc. wc. 1 pitu; 2 Sabtu; 3 kêrtu. II (C) êngg. lêmari gêdhah; kc. tuk.
(tub) :
ka-[x] kw. kadhêsêk, kaêsuk, katrajang, katêmpuh.
tuba :
kn. jênu; di-[x]. diwisaya nganggo tuba tmr. iwak loh.

--- 611 ---

tuban ~ tulah.

tuban :
kw. (banyu) grojogan.
tubar :
êngg. kn. oyod sing kumambang ing lêmah; di-[x]. diabang nganggo oyod kudhu.
tubi :
br. tuba.
tubug :
êngg. kn. dubug.
tubungên :
êngg. kn. celad, cedhal.
(tubras) :
di-[x] pc. ditumbuk, ditujah.
(tubruk) :
di-[x] kn. 1 didêmak kalawan mêncolot; 2 disêngaja marga sêlak butuh (utang, bojo lsp).
tuding :
kn. 1 apa-apa sing dianggo ancêr nuduhake (jarum jam lsp); 2 katêrangan kaca ing layang; 3 driji panuduh; 4 acung-acung nênuduhake; di-[x]. dipatah dikon nindakake; di-[x]-i. 1 dipatah, dituduh; 2 diacungi ing driji.
tuduh :
n. têdah k. 1 br. pakon, wêwarah; 2 tuding, ancêr-ancêr; [x]-[x]. awèh wêruh, nuturi; di-[x] br. dikon, diwarah; di-[x]-i. diwènèhi wêruh, dikon ndêlêng, diwènèhi ancêr-ancêr; di-[x]-ake. diwènèhi wêruh, dikatonake supaya didêlêng.
tujah :
kn. panarka, pandakwa; di-[x]. 1 ditubruk (kang katamakake sikile sing ngarêp tmr. jaran lsp); 2 didakwa, ditarka.
tujah bumi :
kn. sikile ngarêp pancal tmr. jaran.
tuju :
kn. 1 ênêr, arah, sing disêdya (dikarêpake); 2 bngs. têluh ditamakake saka kadohan; [x]-ne. kabênêran dene, bêgja dene ...; tumuju br. ngênêr marang; di-[x]. 1 diênêr, diarah, dikarêpake; 2 ditêluh sarana tuju; kc. nuju, panuju, pinuju.
tuju bumi :
(dharatan) kn. guna-gawe sarana dipêndhêm ing sacêdhaking omahe, ngarêp lawang lsp.
tuju layaran :
kn. têluh katamakake saka kadohan.
tujon :
kn. ar. dolanan sarana nuju.
tujwa :
br. tuju.
tudhuh :
êngg. tuduh.
tudhun :
êngg. kn. dhuwit kang dianggo udhu (urunan).
tudhung :
kn. 1 apa-apa sing dianggo tutup êndhas murih ora kêpanasan; 2 êngg. caping; [x] pacul-gowang. topi lakên blêndhuke saparo growah.
tug :
pc. 1 têkan ing, kêtug ing; 2 dhèk nalika, tutug ing.
tugae, tuggae :
êngg. pc. ditogake bae.
tugar :
êngg. kn. bngs. linggis (gêjig) kanggo nggarap patêgalan.
tugêl :
kn. 1 putung (marga dikêthok, dicoklèk lsp); 2 pêdhot tmr. dalan lsp. (marga katrajang liyane); 3 dipindhoni diluku malang; 4 paro, têngah, up. karo [x] = 1½, têlu [x] = 2½; di-[x]. diputung, dikêthok, dipêdhot; [x]-an. 1 olèh-olèhane nugêl, apa-apa sing wis tugêl; 2 paron, têngahan; 3 ks. maru.
tugi :
kn. rambuting pari.
tugu :
kn. saèm. saka gedhe sing digawe watu lsp. sianggo têtêngêr; kaya [x] pc. ora duwe nalar; ditugokake ks. dianggêp tugu (dianggêp dudu wong).
tugur :
kn. 1 êngg. tansah ngêntèni ana ing sawijining papan; 2 êngg. jaga ana ing pajagan lsp; 3 (ut. [x]-an) rina-wêngi rêrewang ut. njaga ing papaning wong duwe gawe, priyayi luhur lsp; di-[x]-i. dijaga rina-wêngi.
tuha :
kw. tuwa.
Tuhan :
kn. Gusti Allah.
tuhu :
I kw. nyata, têmên; 2 br. sêtya, mantêp lan têmên; sa-[x] br. sanyata, têmênan; di-[x], dituhoni br. 1 sêtya marang; 2 ditêtêpi, ora mblenjani; kc. gugon tuhon, mituhu. II (ut. tuu, tuwu) kn. ar. manuk (kolik lanang).
(tuhuk) :
di-[x] kw. disuduk.
tuhun :
kw. 1 mula nyata; 2 sênadyan, nanging; kc. tuhu.
tuk :
kn. 1 undêran pambuwaling banyu saka ing lêmah; 2 asal, lajêr, mula bukane; ngêtuk. mêtu banyune. II êngg. olèh, entuk; [x]-e êngg. olèhe, ênggone. III kn. 1 meja sajèn ingarêp têpekong; 2 (lêmari [x]) lêmari wadhah piring lsp.
tukang :
I kn. 1 kang kêrêp nindakake (tansah nindakake), up. [x] maido; 2 juru, wong kang nggarap gawe (kriya, pakaryan, lsp), up. [x] bêsi, [x] batu, [x] kêbon lsp; nukang. nindakake pakaryan tukang kayu (bêsi). II kn. ar. kewan bngs. kêthèk.
tukar :
I 1 (ma-[x]) kw. kêrêngan, padu; 2 [x] padu, [x]-an kn. pêpadon, kêkêrêngan; di-[x]-i êngg. dibêbeda. II di-[x] êngg. pc. diganti, diijoli.
tukar-maru :
kn. ar. iwak loh.
(tukêl) :
di-[x] kw. dirangkêp, ditêkuk; (lawe) sa-[x] kn. lawe sabêndhêl.
tuku :
n. tumbas k. mundhut ki. 1 ngêpèk hak ut. baranging liyan dilironi dhuwit; 2 mbatang tmr. cangkriman; [x] sendhe. tuku barang nanging isih kêna gênti dituku; [x] warta br. ngrungok-ngrungokake pawarta; di-[x]. diêpèk kanthi dilironi dhuwit; nukoni. 1 tuku marang; 2 mènèhi dhuwit marang wong tuwane calon pangantèn wadon; tukon. 1 apa-apa sing dituku, up. batur tukon; 2 dhuwit sing kawènèhake marang wong tuwane calon pangantèn wadon; tukon pasar. uba rampe praboting sajèn.
tukung :
I kn. tanpa buntut tmr. pitik. II di-[x] kw. diburu.
(tukup) :
di-[x] kn. 1 ditutupi nganggo tangan kalawan enggal-enggalan tmr. mata, cangkêm lsp; 2 dicêkêl sarana dikêpung, digropyok.
tukon :
n. tumbasan k. kc. tuku.
(tukrup) :
di-[x] êngg. ditukup.
tula :
I (S) kw. traju, timbangan. II kê-[x]-[x] kn. tansah nandhang sangsara; kê-[x]-[x] katali pr. tansah kacilakan.
tulad :
kn. tiru, tuladha; di-[x]. ditiru, diconto; têtuladan. conto, kang wis kêlakon sarta dadi conto.
tuladha :
kn. pola, conto; dituladhani. diwènèhi tuladha.
tulah :
I (ut. [x] sarik) kn. walat, bêbênduning [bêbên...]

--- 612 ---

tulak ~ tumbu.

[...duning] Allah marga nêrak prakara sing suci. II (W) kn. undhakan, wuwuhan bayar lsp.
tulak :
kn. 1 ([x] bilahi, [x] tanggul) sarana sing dianggo mbalèkake lêlara, sangsara lsp; 2 bali ing dina iku uga (ora nginêp); 3 ulês irêng kacampuran putih tmr. pitik; di-[x]. 1 dibalèkake, ditanggulangi; 2 dibalèkake murih aja nganti têka tmr. lêlara, udan lsp; 3 disodhokake bali; 4 ditampik, ora dituruti tmr. panjaluk, usul lsp.
tulakan :
kn. bolongan (talangan) ing galêngan dianggo ngilèkake banyu.
tulak balik :
kn. 1 lêlungan ora nginêp; 2 kêlakone sulaya karo kang kawahya ing impèn.
tulak bara :
kn. bandhul dianggo momoti prau; kc. bara.
tulak sawan :
kn. sarana dianggo nulak lêlaraning bocah.
tulak sêpata :
kn. nandangi (nglakoni) parentah mung supaya aja diarani ora gêlêm.
tulale :
kn. irung gajah; kc. tlale.
tulang :
I kn. kothakan dianggo adu jangkrik. II êngg. pc. balung.
(tular) :
[x]-tumular kn. lumembar tundha-tumundha; nular. 1 mrèmèn ngênani liyan tmr. lêlara, gêni lsp; 2 olèh sêsurupan lsp. saka ing liyan; nular gêni. ngêmpakake gêni; nular warta br. ngrungok-ngrungokake pawarta; di-[x]-i, kê-[x]-an. 1 kêna ing lêlara lsp. saka ing liyan; 2 olèh sêsurupan saka ing liyan; 3 kêdayan dening liyan.
tulèk :
êngg. pc. nuli, tumuli.
tulèn :
kn. murni, ora kêcampuran liyane.
tuli :
I êngg. 1 enggal-enggalan, banjur; 2 (ut. [x] si) rak, rak nyata ta; kc. nuli, tumuli. II kw. budhêg.
tulirang :
kn. ar. iwak loh.
tulis :
n. sêrat k. 1 kang ginambar ing aksara, layang; 2 gêgambaran (coraking) aksara; 3 (ing [x]) ing layang, ing basa kang katulis; 4 pêpêsthèn; di-[x](i). 1 digambar sarana aksara; 2 dicathêti; 3 dipêsthi, tinakdir; [x]-an. apa-apa sing ditulis, olèh-olèhane nulis.
tulya :
I kw. 1 tulèn, murni; 2 nuli, banjur; kc. tuli. II kw. kaya, padha karo.
tulyasri :
kw. bêcik bangêt.
tulung :
ut. têtulung kn. awèh pambantu (pasumbang, kêkuwatan lsp) marang liyan; [x] mênthung pr. katone têtulung nanging sajatine malah agawe sangsara; di-[x]. 1 (ut. di-[x]-i) diwènèhi pambantu (pasumbang, kêkuwatan lsp); 2 diênêng-ênêngi murih aja nangis; pi-[x], pi-[x]-an, [x]-an. pambantu, sarana sing dianggo nulung.
tulup :
ut. [x]-an kn. wuluh dianggo nglêpasake pasêr, glintiran lêmpung lsp. sarana disêbul; di-[x]. dilêpasi glintiran lêmpung lsp. sarana tulupan.
tulus :
kn. 1 lêstari slamêt, tanpa sambekala; 2 êngg. kêlakon têmênan, kalêksanan; 3 rêsik budine, utama; di-[x]-ake. dilêstarèkake, dibanjurake.
(tum) :
di-[x](i) êngg. kn. diwungkus ing godhong sarta dikukus.
tuma :
kn. itik ki. ar. kewan cilik-cilik sok manggon ing rambut.
tumama :
kn. kêna ing, lumêbu ing; kc. tama.
tumambang :
kw. mlêthèk, ngaton tmr. srêngenge.
tumambuh :
kn. ethok-ethok ora wêruh (ngrêti); kc. tambuh.
tuman :
kn. manuh (matuh, kumudu ngrasakake manèh) marga wis tau ngrasakake enake (kêpenake); numani. njalari tuman; ditêtuman. dilêlatih supaya tuman.
tumandang :
kn. nindakake pagawean; kc. tandang.
tumanduk :
br. kêna ing, ngênani; kc. tanduk.
tumandur :
n. tumanêm k. 1 wis ditandur; 2 tumancêb, manggon; kc. tandur.
tumanja :
kn. 1 wis ana tanjane (gunane); 2 dipigunakake; kc. tanja.
tumanjêm :
êngg. kn. tumancêb jêro; kc. tanjêm.
tumancêb :
kn. nunjêm ing lêmah lsp; kc. tancêb.
tumang :
kn. ganjêl ing lambening luwêng ut. pawon; [x]-an. 1 êngg. tumpukan; 2 tunon, pangobongan.
tumanggah :
kw. saguh, nanggulang; kc. tanggah.
tumanggal :
kn. rêmbulan tanggal ênom; kc. tanggal.
tumangguh :
br. panggah nanggulangi; kc. tangguh.
tumangkar :
kn. manak-manak akèh, mundhak-mundhak akèh; kc. tangkar.
tumangkêb :
kn. tumutup nangkêb; kc. tangkêb.
tumapak :
kn. 1 sikile ngambah lêmah; 2 wiwit tumindak; kc. tapak.
tumaruna :
kw. ênom tmr. gêgodhongan lan têtuwuhan; kc. taruna.
tumat :
êngg. kn. mencok.
tumbak :
n. waos k. 1 lêlandhêp mawa landheyan; 2 cêngkal, ru ( ± 3,77 m ); [x] berang. tumbak landheyane cèt-cètan; [x] lilit-uwi. tumbak sing landheyane diêcèt lorèk pêpulêtan; [x] tambuh. nambuh, tumambuh; [x] cucukan pr. para wadulan; di-[x]. ditamani tumbak; [x]-an. 1 têtironing tumbak; 2 gênti numbak; 3 sêdulur kakang adhi olèh kakang adhi nanging sing tuwa olèh ênom, sing ênom olèh tuwa.
tumbal :
kn. sarat dianggo nulak lêlara (kacilakan); di-[x]-i. disranani nganggo tumbal.
tumbar :
pc. kêtumbar.
tumbas :
k. tuku.
tumbêng :
kn. gêbingan kayu ditrap ing wrangka (bumbungan gêndèr, grobogan gambang lsp) supaya bolongane luwih ciyut; di-[x](i). ditrapi tumbêng.
(tumblog) :
di-[x] êngg. digudag, dibijig.
tumbu :
kn. 1 bngs. sênik; 2 êngg. ar. wadhah wangun pêsagi mawa tutup;

--- 613 ---

tumbuk ~ tumpang.

kaya [x] olèh tutup pr. olèh jodho sing nunggal wêwatakane (kêkarêpane).
tumbuk :
I kn. 1 (ut. [x]-an) têmpukan padha dene bantêre; 2 gathuk, kêbênêran nunggal wêktu; 3 petungane dina, tanggal, sasi bali kaya sing uwis tmr. wêton (umur 8, 16, 24, 32, lan 64 nganggo dislamêti); di-[x]. dibêntus, digabrus; [x]-an. 1 têmpukan, bêntusan; 2 riyaya slamêtan nalikane tumbuk wêtone. II êngg. kn. piranti dianggo ngêbrug lêmah; di-[x]. 1 dibrug; 2 ditutu.
(tumbruk) :
di-[x] êngg. ditubruk.
tumeja :
br. sumunar, sumorot mawa teja; kc. teja.
tumèmpèl :
kn. ndhèmpèl; kc. tèmpèl.
tumèmplèk, tumemplok :
kn. rumakêt, lèngkèt; kc. tèmplèk, templok.
tumèplêk :
kn. sumèlèh (tiba, linggih) mak tèplêk.
tumètès :
kn. mrêntul tètès.
tumêdhak :
1 ki. mêdhun; 2 k. tumurun.
tumêdhuh :
kn. pêtêng kasaput mêndhung; kc. têdhuh.
tumêdhun :
kn. mudhun, mêdhun; kc. têdhun.
tumêg :
kn. 1 kêlêgèn bangêt; 2 wis katog ênggone mêmangan.
tumêguh :
kn. ambêk têguh, kukuh sêntosa; kc. têguh.
tumêka :
n. 1 (dhumatêng k) marang, ngênêr ing; 2 (dumugi k) têkan, têkan ing; kc. têka.
tumêlung :
kn. 1 tumiyung tmr. pang; 2 bengkong tmr. tumbak; 3 êngg. gêdhe sarta kêpenak tmr. swara; kc. têlung.
tumêmbirang :
kw. mêmpêng sarta sigrak.
tumêmên :
kn. kanthi têmên-têmên; kc. têmên.
tumêmpuh :
br. mangsah, nêmpuh; kc. têmpuh.
tumêndhil :
kn. tai tikus.
tumênga :
kn. nyawang mêndhuwur; kc. tênga.
tumêngèng tawang :
br. padha nyongat munggah tmr. alis.
tumênggêl :
br. nênggêl; kc. tênggêl.
tumênggung :
1 kw. pangarêping prajurit; 2 kn. sêsêbutaning bupati; 3 bupati.
tumêngkar :
kn. njênggar mrana-mrana; kc. têngkar.
tumiba :
n. dhumawah k. runtuh saka ing dhuwur; kc. tiba.
tumiyung :
kn. mantêlung; kc. tiyung.
tumiyup :
kn. nglayang bantêr, mlaku bantêr tmr. angin; kc. tiyup.
tumiling :
kn. 1 ngrungokake (nyawang) kalawan têmên-têmên; 2 (srêngenge [x]) wayah esuk ± jam 10 - 11; kc. tiling.
tumimbang :
br. padha têtimbangan, babag; kc. timbang.
tuminah :
kn. sarèh sarta sêtiti.
tumindak :
kn. mlaku, ditindakake.
tumingal :
k. tumon.
tumitah :
kn. dumadi; kc. titah.
tumitis :
br. manjing ing manungsa ut. kewan; kc. titis.
tumlawung, tumlowong :
kn. (swara) sêru krungu saka kadohan.
tumlendho, tumlondho :
kn. durung duwe êlar tmr. gangsir lsp. kc. tlondho.
tumloncong :
kn. umur-umurane bocah lagi sênêng tloncongan; kc. tloncong.
tumlorong :
kn. 1 sumorot, lumarap; kc. tlorong.
tumuding :
br. acung-acung nudingi; kc. tuding.
tumuju :
kn. ngênêr (nuju) marang; kc. tuju.
tumuli :
n. tumuntên k. enggal-enggalan, banjur; kc. tuli, nuli.
tumumpang :
kn. 1 sumèlèh ing sadhuwure; 2 dumunung ing dhuwur sarta ora wrata tmr. sawah; kc. tumpang.
tumumpuk :
kn. sungsun têtumpukan; kc. tumpak.
tumunjêm :
kn. 1 tumancêb jêro; 2 br. nganti konjêm ing lêmah; kc. tunjêm.
tumundha :
-(tundha) kn. rambah-rambah, tundha-tundha; kc. tundha.
tumuntên :
k. tumuli.
tumuntur :
kw. tut-buri; kc. tutur.
tumungkul :
kn. 1 ndhungkluk ndhêkukul; 2 mêmpên ênggone tumandang ing gawe; 3 br. têluk; kc. tungkul.
tumurun :
n. tumêdhak k. 1 mudhun, mêdhun; 2 mêdhun saka patarangan tmr. kuthuk; 3 mayat, ndronjong tmr. payon lsp; 4 gumanti marang turun (anak putu); 5 ditêdhak tmr. tulisan; kc. turun.
tumus :
kn. 1 mbrabas mili; 2 ndayani marang; numusi. ndayani, kêlakon têmênan marga diajab; kc. tus.
tumut :
k. mèlu; kc. tut.
tumutup :
kn. nangkêp rapêt, kc. tutup.
tumutur :
kw. tut-buri; kc. tutur.
tumuwuh :
kn. dumadi (mubarang sing urip); kc. tuwuh.
tumolèh, tumolih :
kn. mengo mamburi; mandhêg [x]. mangu-mangu, gojag-gajêg; kc. tolèh, tolih.
tumok :
êngg. pc. tumon.
tumon :
n. ningali k. 1 wêruh; 2 ndêlêng; kc. ton.
tumoninah :
kn. sarèh bêbudène.
tumonton :
br. nonton, ndêlêng; kc. tonton.
(tumpa) :
(ma) [x]-[x] kn. tumpuk-tumpuk, sungsun-sungsun.
(tumpak) :
I numpak k. nunggang; II mantu [x] ponjèn kn. mantokake anak wragil. III kw. Sabtu.
tumpal :
I kn. coraking bathikan gêgambaran maju têlu jèntrèk-jèntrèk (ing pinggiran sarung lsp). II kw. sarah, larahan; numpal kèli pr. lêlungan nunut-nunut, lêlungan tanpa jujug.
tumpang :
kn. 1 sungsun, têtumpukan; 2 sumèlèh ing sadhuwure; 3 êngg. dumunung ing dhuwur, ora wrata tmr. sawah; 4 perangan sing dhuwur dhewe tmr. dagangan sing ditumpuk; 5 bantalaning lapak; 6 kayu têtêmpukan sungsun ngubêngi plangitan têngah tmr. omah joglo; numpang. 1 dumunung ing sadhuwure, nindhih; 2 mênang padune (prakarane); 3 êngg. nunut mondhok sarta [sar...]

--- 614 ---

tumpang-paruk ~ (undhung).

[...ta] mangan (sarana bayaran), nunggang prau lsp; di-[x]-i. 1 ditindhihi, didokoki apa-apa ing sadhuwure; 2 diwuwuhi rêmbug (gunêm); 3 êngg. dipondhoki; 4 êngg. ditunggangi, dinunuti nunggang.
tumpang-paruk :
êngg. kn. tumpang-so.
tumpang-sari :
kn. 1 balok (gêbingan kayu) têtumpukan ing peranganing omah joglo; 2 êngg. ditanduri palawija warna loro bêbarêngan; 3 êngg. sundha tmr. anggunging dêruk.
tumpang-suh :
pc. tumpang-so.
tumpang-so :
kn. tumpang-tumpangan ora tata; 2 ora kalawan tata (urut), ruwêt.
tumpang-tindhih :
kn. têtumpukan tumpang-tumpangan.
(tumpêk) :
di-[x] êngg. ditumplak; kc. tumpak, tumplak, tumplêk.
tumpêng :
kn. sêga diwangun pasungan (dianggo slamêtan).
tumpêr :
kn. kayu diobong sing isih mêngangah; [x] cinawêdan pr. bocah sing ora karuwan bapake.
tumpês :
kn. sirna (mati) kabèh; di-[x]. dipatèni kabèh.
tumpi :
I kn. singgêtan ing ros-rosaning pring. II kn. ar. panganan bngs. opak.
tumplak :
(ut. [x] blak) kn. 1 wutah (mêtu) kabèh marga wadhahe disuntak; 2 mêtu (kawêtokake, kaêsokake, kawulangake) kabèh; di-[x]. 1 diêsokake tmr. sêga lsp. sarana wadhahe disuntak; 2 diêsokake (diwêtokake) kabèh.
tumplêk :
êngg. kn. kc. tumplak.
tumplêk blêg :
êngg. kn. tumplak blak.
tumpling :
êngg. kn. bngs. kranjang dianggo mikul lêmah, palawija lsp.
(tumpu) :
di-[x] kn. dibêburu tmr. kidang mênjangan lsp. diwisaya tmr. iwak loh.
tumpuk :
(ut. [x]-an) kn. apa-apa sing disungsun têtumpangan; di-[x]. disungsun têtumpangan.
tumpuk-undhung :
kn. têtumpukan akèh bangêt.
tumpuk-timbun :
kn. têtumpukan akèh.
tumpur :
(ut. lêbur [x]) kw. tumpês, rusak babar pisan; di-[x]. ditumpês, dilêbur.
tumragal :
êngg. kn. ambyuk ing, ngêbyuki; kc. tragal.
tumrah :
kw. tumurun-turun; kc. trah.
tumrampil :
kn. sarwa (ambêk) trampil; kc. trampil.
tumrap :
kn. 1 dumunung ing, sumèlèh ing; 2 mungguh, pantês, wis lênggah; 3 mungguh ing; 4 pc. kanggo, dianggo; di-[x]-ake. 1 ditrapake ing, dicakake marang; 2 pc. dianggo, dipiji kanggo; kc. trap.
tumrapta :
kw. têka, têkan, mênyang ing; kc. prapta.
tumrawang :
kn. rêsik apadhang; kc. trawang.
tumrêcêp :
kn. 1 rumasuk ing; 2 gampang lèngkète ênggone pasrawungan; kc. trêcêp.
tumrucuh :
kn. isih rada mêntah tmr. wowohan.
tumrunuh :
êngg. pc. tumruntun.
tumruntun :
kn. urut-urutan nracak.
tumrontong :
kn. wiwit mlêthèk tmr. srêngenge; kc. trontong.
tumwas :
kw. ak. tuku; kc. tumbas.
tuna :
kn. 1 êngg. cupêt, kurang, sarwa kêkurangan (kêcupêtan); 2 rugi, ora olèh bathi; [x] (ing) budi br. kurang sêsurupane (bodho); [x] ing sastra br. ora bisa maca lan ora bisa nulis; [x] ing wêweka. kurang wêweka; ditunakake. diêdol tuna; kc. pituna.
tuna-dungkap :
kn. ora trêp, kêladuk utawa kurang.
tunangan :
êngg. pc. pacangan.
(tunas) :
I [x]-an êngg. kn. lorodan pangan (sisa). II di-[x]-i êngg. kn. ditêgor (didhongkèl) tmr. tunggak lsp. [x]-an êngg. pc. thikilan.
tundhon :
(-e) êngg. pc. wasanane, têmahane.
(tunjang) :
I di-[x] kn. 1 ditumbuk, ditêrak ing kreta lsp; 2 pc. digabrus, didakwa sing ora nyata; nunjang-nunjang. tumindak tanpa pikiran. II di-[x] êngg. pc. diwènèhi pitulungan dhuwit; [x]-an. pitulungan awujud darma lsp.
(tunjêl) :
di-[x] kn. 1 disusul, ditututi; 2 disodhokake, dijorogake, disurung.
(tunjêm) :
nunjêm kn. tumancêb jêro; di-[x]-ake. ditancêbake nunjêm; kc. tumunjêm.
tunjuk mukak :
pc. ngatonake raine, golèk alêm.
tunjung :
I kn. 1 kêmbang trate; 2 kuningan lsp. kawangun lancip kaêtrapake ing buntaring tumbak; [x] tuwuh ing sela pr. prakara sing mokal. II kn. ar. jasad asal saka wêsi.
tundha :
I kn. 1 ambal, undhak-undhakan; 2 sungsun, lêlapisan, rangkêp, urut-urutan; [x] bemo pr. salah tampa; [x]-[x]. sungsun-sungsun, lêlapisan, ambal-ambalan; di-[x]. 1 disungsun, dilapis-lapis; 2 ditututake, dibantokake. II di-[x]([x]) kn. dilantarake (diwènèhake) lembat-lembatan; ditundhakake. 1 (ut. tundhan) disadhiyakake kanggo nglantarake (jaran, kuli lsp); 2 dilantarake (ditampani) banjur ditêrusake marang liyan; tundhan. 1 (ut. tundhan lari, tundhan turutan êngg) lembat-linembatan; 2 jaran ut. kreta pos; 3 kuli sing tanpa ayahan bngs. gugur gunung; 4 jaran ut. kuli kang dianggo nundhakake marang pos liyane.
(tundhês) :
di-[x] kn. ditakoni (diwêlèhake) marga maune kandha sing ora bênêr.
tundhuk :
kw. 1 kêpêthuk, kêtêmu; 2 êngg. nungkul, têluk.
tundhun :
kn. rentenganing gêdhang ing gulu-banyak, êngg. uga janjangan krambil.
(tundhung) :
I di-[x] kn. dikon lunga saka ing omah (nêgara, pakarangan). II kn. godhong pare ayam (yèn arêp dianggo jêjamu).

--- 615 ---

tuni ~ tur.

tuni :
êngg. k. tuna.
tunu :
êngg. kn. gêni; di-[x] êngg. 1 diobong; 2 dibakar, dibênêm, dipanggang; tunon. 1 pangobongan; 2 wis diobong tmr. alas; 3 (kayu tunon) kayu bong.
(tuntak, tuntêk) :
di-[x] kn. disuntak (diêsokake) wadhahe kajungkir; kc. suntak, wutah.
tuntas :
kn. 1 wis apuh, wis mili kabèh; 2 wis asat (garing) marga wis mili kabèh; 3 kw. cêtha sarta ganêp anggone gunêman (nglairake gagasane); di-[x]-ake. diêpuh (diêsok lsp) supaya tuntas.
(tuntên) :
tumuntên k. tumuli.
tuntum :
kn. pulih gathuk manèh kaya maune, pulih tmr. tatu lsp; di-[x]-ake. dipulihake, dikumpulake manèh, ditambani tmr. gudhig lsp.
(tuntun) :
I di-[x] kn. 1 diirid (diajak mlaku) sarana dicêkêli tangane (yèn kewan sarana dicêncang gulune); 2 diajari maca, dituduhake marang dalan kang bênêr lsp. II [x]-an ki. ari-ari, êmbing-êmbing.
tuntung :
I kn. 1 pucuk, puncak; 2 rada kêcampuran rasa liya, up. [x] pait; kc. tungtung. II [x]-ing ati br. kang dièsthi, kang dijangka.
tuntut :
kn. 1 kêmbang gêdhang saanthoke; 2 jantung.
tung :
kw. ak. pucuk.
tungan :
kw. pucuk, puncak.
tungga :
kw. pucuk, puncak, pangarêp, kang linuwih.
tunggak :
kn. pogoganing wit sing ditêgor; [x] têngah, [x] waru pc. ora mèlu-mèlu, ora ngiloni; [x] kalingan rone (rondhon) pr. ngrasani wong, nanging kang dirasani ana ing kono; nunggak. 1 kaya tunggak; 2 kêtandhêg ora mbayar pajêg lsp; nunggak basa pr. diwêlingi ora ngandhakake kabèh kang diwêlingake; nunggak bojo. ngrabèni tilasaning sadulur tuwa; nunggak sêmi. nunggal jênêng (pangkat) karo sing digêntèni (wong tuwane); [x]-an. 1 kêkèrèhing pagawean lsp; 2 tandhêgan kêkèrèning utang, pajêg lsp; 3 ([x]-an bojo) tilas bojo.
tunggal :
n. tunggil k. 1 br. iji, siji; 2 awor dadi siji, padha jinise (karêpe, golongane); [x]-e. kang kalêbu ing golongane (jinise); sêdulur [x] bapa (biyung). sêdulur kang asale saka bapa (biyung, bapa-biyung) sing padha; [x] kokoh. tunggal pagawean; sêdulur [x] kringkêl ks. tunggal bapa-biyung; sêdulur [x] wêlad. tunggal bapa-biyung; nunggal. 1 awor (ngumpul) dadi siji; 2 padha jinise (golongane lsp); di-[x]-ake. dikumpulake dadi siji, digolongake; têtunggalan. amor karo, kêkumpulan karo.
(tunggang) :
nunggang n. numpak k. nitih ki. linggih (tumumpang) ing apa-apa sing mlaku, up. nunggang jaran; [x]-an. 1 (ut. têtunggangan) apa-apa sing ditunggangi; 2 ênggone nunggang(-i); 3 gigiring gunung sing dhuwur.
tunggang gunung :
kn. wayah sore srêngenge mbênêri ana ing gigiring gunung.
(tunggangtaya, tunggèngtaya) :
di-[x] êngg. disêpèlèkake, disorake.
tunggara :
êngg. kn. kidul wetan (tmr. angin).
tunggil :
k. tunggal.
tunggir :
kw. ak. gigiring gunung.
tunggu :
n. têngga k. 1 rumêksa, njaga; 2 êngg. pc. ngêntèni; di-[x]. dirêksa, dijaga; ditunggoni. dirêksa (dijaga, diawasake) sarana dêdunung ing sacêdhake; tunggon. 1 papan padunungane para abdi kang padha sumadhiya ngêntèni timbalane bêndarane; 2 gamêl.
tungguk :
1 n. caos k. nindakake ayahan jaga ana ing dalême panggêdhe, ing kraton lsp; 2 êngg. ngêntèni; di-[x]-i. digêntèni ênggone tampa ayahan tungguk; (pa-) [x]-an. 1 ayahan tungguk; 2 papan dianggo tungguk.
tunggul :
I kw. 1 (ut. têtunggul) kang pinunjul dhewe, pangarêp; 2 bêndera; 3 (lading [x]) kn. lading sing wangune saèm. arit; panunggul kn. 1 intêning suwêng sing têngah dhewe; 2 driji têngah; 3 gulu tmr. larasaning gamêlan. II êngg. kn. tunggak mêncongol.
tunggul-panantang :
br. layang panantang pêrang.
tunggon :
n. tênggan k. kc. tunggu.
(tungka) :
di-[x] kn. dadakan ditututi (ditêkani); kê-[x]. kêtêkan (kêtututan) dadakan.
tungkak :
kn. peranganing dlamakan sikil sing buri; di-[x]. 1 disandhung tungkake, dijêjak nganggo tungkak; 2 ditungka, ditututi.
tungkas :
êngg. k. wêling.
(tungkêb) :
di-[x](i) kn. 1 êngg. ditutupi (dikêkêbi) ing tenggok lsp; 2 ditukup, dicêkêl sarana dikêpung; di-[x]-ake. dikurêbake tmr. tenggok lsp; kc. ungkêb.
tungkêl :
kn. tumpêr gêdhe.
tungku :
I êngg. kn. watu têtumpukan dianggo luwêng, dhingkêl. II di-[x] kw. dipêlêng, dièsthi kalawan puja sêmadi.
tungkul :
I kn. bngs. jênu ora mawa wisa. II nungkul kn. 1 ora ndangak, ndêkukul; 2 têluk; di-[x]. ditêmpuh sarana dilimpe; di-[x]-i. 1 ditunggoni, disipati dhewe;2 disêksèni; 3 ditindakake kalawan mêmpêng; di-[x]-ake. 1 diêkon tumungkul; 2 ditêlukake; 3 dilimpèkake; kê-[x]. kêlimpe, kêslamur, tansah nindakake apa-apa nganti kurang wêweka.
tungle :
kn. ar. dina paringkêlan kang kapisan.
tungtas :
kn. kc. tuntas.
tungtum :
kn. kc. tuntum.
tungtun :
kn. kc. tuntun.
tungtung :
kn. pucuk; kc. tuntung.
tup :
I pc. tutup. II di-[x](i) pc. diêntup(i); kc. antup.
(tupiksa) :
di-[x], ditupiksani kw. dipriksa, diwaca.
tur :
I kn. 1 lan uga, wuwuh-wuwuh. up. sugih [x] bêcik atine; 2 sênadyan ... mêksa ..., up. [x] wis dakkandhani, mêksa lunga; 3 mangka mung,

--- 616 ---

tura ~ (tutuh).

sanadyan mung, up. Sidin wingi muring-muring, [x] mung sapele jalarane. II kw. awèh, up. [x] uninga, [x] sêmbah; kc. atur. III kw. banjur, nuli; kc. têhêr. IV [x]-e, [x]-ene pc. k. jarene; kc. atur.
tura :
(S) kw. asih, kêsêngsêm.
turaga :
(S) kw. jaran; kc. turangga.
turah :
n. tirah k. ana luwihane, ora kurang; di-[x]-i. diwènèhi turahan; [x]-an. luwihan, sisa.
turangga :
(S) kw. jaran.
turanggi :
br. jaran.
turas :
I ki. uyuh, nguyuh. II kw. turun, trah. III di-[x] êngg. diilèkake (disok) kabèh nganti asat; (pa) [x]-an. 1 wadhah banyu; 2 bngs. cèrèt.
turbonên :
pc. bngs. wudun ing lakang.
ture, turene :
pc. k. jare, jarene; kc. tur.
turgène, turmane, turmanèn :
êngg. tur.
turi :
kn. ar. wit.
turida :
kw. 1 susah, sêdhih; 2 kasêngsêm, kasmaran.
turna, turnèh :
êngg. pc. tur.
turne :
I êngg. pc. turene (jarene). II (W) kn. lêlungan pêpriksa.
turnèh :
êngg. pc. kc. tur.
turu :
n. tilêm k. sare ki. 1 lèrèn sarta ngaso tmr. angganing badan apa-dene panca-driya kang lumrah matane mêrêm; 2 pc. ora tumandang (mikir lsp) apa-apa, ora obah; [x] kadhar. turu ana ing jaba; [x] kasur dikêbuti pr. urip kêpenak bangêt; ditêturu. diisik-isik lsp. supaya bisa turu; dituroni. 1 dianggo turu (turu ing); 2 diwori turu; diturokake. 1 disèlèhake dipurih turu; 2 disèlèhake ora ngadêg; (tê-)turon. lèyèh-lèyèh (ngaso) kaya yèn turu; kêturon. turu ora disêngaja; paturon. papan (piranti lsp) dianggo turu.
turuh :
kn. 1 êngg. trocoh, borot; 2 mutah tmr. warna; 3 banyu sing mancur saka ing dhuwur dianggo nggrujug (ngumbah) kêris lsp; têturuh. disiram ing banyu kang mancur; di-[x](i). digrujug ing banyu mancur; [x]-an. banyu sing dianggo nuruh kêris, êndhas lsp.
turuk :
ks. pawadonan.
turuk-bonên :
kn. bngs. wudun ing lakang.
turun :
I n. têdhak k. 1 udhun, mudhun; 2 mayat, ndronjong; 3 (angin [x]) êngg. angin saka kulon; 4 pc. bali saka munggah kaji; 5 pc. mudhun tmr. rêrêgan; tumurun. mudhun; di-[x]-i. diudhuni; di-[x]-ake. diudhunake. II n. têdhak k. 1 trah, anak putu; 2 asal saka tmr. urut-urutaning kula-warga; 3 (ut. tumurun) lumantar (tumular, gumanti) marang anak putu; di-[x]-ake. 1 dianakake, ditêrahake; 2 dilantarake (digantèkake, ditularake) marang turune. III di-[x] n. dipuntêdhak k. ditiru tmr. tulisan lsp; [x]-an. layang lsp. nurun saka babone; di-[x] sungging. diturun trêp kaya babone. IV êngg. kn. sumbangan, panjurung, urunan; di-[x]-i. disumbang, diuruni.
turung :
kw. durung.
turut :
I kn. ngambah manut ênêring garis, dalan lsp; 2 runtut, ora ana sing gangsul; 3 êngg. pc. sarwa alon lan sarèh, sarwa urut; 4 manutan, ora bangga; swarane [x] usuk. swarane bêcik sarta bantas; utange [x] wulu. utange akèh bangêt; nurut. 1 nganbah ing ênêring garis lsp; 2 manut, ora suwala; di-[x]-i. dianut, dilêksanani panjaluke (karêpe lsp); di-[x]-ake. diurutake, ditata urut; [x]-an. 1 panutan, apa-apa sing diturut; 2 layang pasinaon maca Arab (ngaji).
turon :
n. tilêman k. sarean k. kc. turu.
tus :
I di-[x] kn. diêntèkake banyune sarana digantung sarta banyune dipurih tètès; kc. atus. II kn. 1 murni (dêlês) tmr. turun lsp; 2 turun, trah. III wc. satus; ji [x]. siji tandhing satus; [x]-an, [x]-[x]-an pc. pirang-pirang atus. IV ks. têmbung pamisuh.
tusara :
(S) kw. bun.
tusih :
(W) pc. ngawat-awati, ngulat-ulatake.
tuskara :
kw. tawon.
tuslah :
(W) kn. wuwuhaning bayaran.
tusuk :
[x]-[x] êngg. pc. 1 nyênyogok, nyênyuduk; 2 ngadon-adoni. mbêbungkus, nggêgasah.
tusuk kondhe :
êngg. pc. susuk kondhe.
tustha, tusthi :
(S) kw. sênêng, marêm.
tut :
kw. turut, nurut; di-[x]. diturut, diênut; di-[x]-ake (didhèrèkake ki). 1 dikinthil (diturut) salakune; 2 diiringake; kc. anut, atut.
tutane, tutèn, tutène :
êngg. pc. bokmênawa, ayake, patute.
tutas :
kn. tuntas.
tut buri :
n. tut wingking k. mèlu, nginthil.
tutêr :
(W) pc. slomprètaning montor.
(tutu) :
di-[x] kn. diilangi kulite sarana digêcak ing alu ana ing lêsung tmr. pari; tuton n. gêntangan k. bêras olèh-olèhane nutu; sukêt tuton. ar. sukêt sok thukul ing parèn.
tutug :
n. dumugi k. 1 têkan ing; 2 têkan ing pungkasan, wis katog, wis marêm; nutug kn. nganti tumêka ing pungkasan; di-[x]-i n. dipundugèni, dipundumugèkakên k. dituruti (dilêgani) pêpenginane; di-[x]-ake. 1 ditêkakake ing pungkasan, dibanjurake; 2 dirampungake; 3 dikatogake nganti lêga.
(tutuh) :
I di-[x](i) kn. dipancas pangpange (pucuke) supaya ora kêdhuwurên. II di-[x] kn. diambali manèh ênggone nêmpuh (nglawan, nambani, njamoni, namakake gêgaman lsp). III kêparan [x], di-[x] kn. disrêngêni (dicampahi) [(d...]

--- 617 ---

tutuk ~ (todhi).

[...icampahi)] marga kliru panindake (maune ora nggugu); dadi [x]-an (têtahan k). ditutuh ing akèh.
tutuk :
I kn. cangkêm. II kn. micara sarta mungguh ênggone pocapan tmr. dhalang.
tutul :
kn. blêntong, cêcêg rada gêdhe; [x] pêtis pc. mbêdhil (manah lsp) cêdhak bangêt; di-[x](ake). didumukake (didulitake, diclupake sathithik.
tutup :
kn. 1 apa-apa sing dianggo nglarabi (ngudhungi, nyumpêt, mbuntoni); 2 minêb, buntu, ora mênga; 3 dibuntu, diinêb, dirapêti; 4 sa-[x] êngg. sakolonganing jêmpol apa dene driji panunggul karo pisan kagathukake pucuke; 5 pc. pungkasan (sasi, taun, buku dagang lsp); di-[x](i). 1 diinêb, dirapêti; 2 dialingi, dilarabi; 3 dialingi murih ora katon pialane (wadine); 4 dikunjara; [x]-an. 1 apa-apa sing ditutup (dianggo nutup); 2 ora kêna ditêgori kayune tmr. alas; 3 tingkêman tmr. layang.
tutup dhahar :
(saji) kn. krodhong tutuping piring (wadhah panganan).
tutup keyong :
kn. peranganing omah kampung kang awangun maju têlu ing iringaning êmpyak.
tutup kêndhang :
pc. pasa mung ing wêkasaning sasi pasa.
tutup kuping :
(- mulut) pc. pawèwèh minangka bêsêl.
tutup liwêt :
kn. ar. caraning ikêt-ikêtan.
tutur :
I 1 kw. pangeling-eling, pamikir; 2 kw. crita, piwulang; 3 n. sanjang k. kandha marang, clathu; [x]-[x] n. sanjang-sanjang k. kandha-kandha marang; di-[x]-i. 1 dikandhani; 2 diwarah, diwènèhi pituduh; di-[x]-ake. dikandhakake. II di-[x](i) êngg. 1 dialap, dijupuk; 2 dialap sarta diopèni. III tumutur k. miturut, tut-buri; di-[x]-ake êngg. ditutake, dikatutake.
tutus :
kn. irat-iratan pring tipis dianggo tali; di-[x]-i. dirèntèngi (disunduki) nganggo tutus.
tutus kajang :
kn. dondoman arang-arang sarta mlangkah-mlangkah.
tutut :
I kn. ora jarah (kêsit), manutan tmr. kewan lsp; nutut. ora bangga. II di-[x]-i kn. 1 disusul (dioyak) supaya kêcandhak; 2 disêtut; 3 ditulungi (dioncatake) saka ing bêbaya, kacilakan lsp.
tuton :
n. gêntangan k. kc. tutu.
tuwa :
n. sêpuh k. 1 wis kliwat umur; 2 wis matêng, wis mangsane ngundhuh tmr. wowohan lsp; 3 wis umob tmr. wedang; 4 sêmu irêng, kêladuk tmr. warna, up. abang [x]; 5 kurang mayat tmr. payon; 6 (ngèlmu [x]) kawruh kasampurnan; [x]-[x] êngg. kang dianggêp wong tuwa; têtuwa. kang dianggêp tuwa (juru awèh rêmbug lsp); dituwani. dikanthèni têtuwa; têtuwanên kn. raine kêbak tutul-tutul irêng (saèm. burik).
tuwa buru :
kn. abdi-dalêm gêrma.
tuwajuh :
(A) kn. madhêp, mantêp, tumêmên.
tuwagana :
kw. 1 utama, wêkêl; 2 pinituwa, têtuwa.
tuwah :
êngg. k. tuwuh.
tuwak :
I kn. congkog; di-[x]. dicongkogi; kc. cuwak. II êngg. kn. ar. inuman kêras (kang digawe badhèg).
tuwakup :
(A) kn. mêmpên sumarah ing Allah.
tuwan :
1 kw. bêndara; 2 kanggo sêbutane wong Eropah, kaji, lsp.
tuwan bêsar :
kn. 1 sêbutane ingkang wicaksana Gupêrnur Jendral; 2 panggêdhening pabrik, kabudayan lsp.
tuwan tanah :
kn. panggêdhening tanah pêrsil (tanah mêrdikan).
tuwang :
kn. kothong, lowong; kc. towang.
tuwanggana :
kw. têtuwa, pinituwa.
tuwa-rawa :
kn. abdi-dalêm juru misaya iwak.
tuwas :
kn. bêbungah minangka wohing kangelan; di-[x]-i. diwènèhi tuwas; kc. pituwas.
tuwawa :
êngg. kn. punggawa kang mranata banyu ing padesan; di-[x] kw. dititipi.
tuwe :
êngg. k. tilik.
tuwèk :
ks. tuwa.
(tuwêk) :
di-[x] kn. disuduk (ing dhadhane).
tuwêk :
-raga br. suduk slira.
tuwi :
I k. tilik. II kw. uga, malah, tur.
tuwilun :
kw. bodho.
tuwin :
kn. lan uga, lan manèh.
tuwu :
pc. manuk tuhu.
tuwuh :
kn. 1 thukul, mundhak-mundhak gêdhe tmr. têtuwuhan lsp; 2 timbul, mêncungul tmr. gagasan, nalar lsp; 3 turun; kang among (murbèng) [x] br. Gusti Allah; mugut [x] br. nganyut [x] br. nglalu; satêngah [x]. umur 35-40 taun; di-[x]-i. dithukuli, dituruni; di-[x]-ake. 1 dithukulake; 2 dianakake, diturunake; [x]-an. pajangan ing cagaking tarub awujud gêdhang satundhun, têbu lan krambil sajanjang; têtuwuhan. thêthukulan, wit-witan.
tuwuk :
k. warêg.
tuwung :
kn. bngs. pinggan gêdhe; [x] putra. tuwung alus; [x] dhuwok. tuwung gêdhe.
tobat :
(A) kn. 1 ([x] marang Allah) duwe niyat têtêp nêdya sumungkêm marang Allah manèh; 2 kêduwung ing dosane; 3 wis kapok ora nêdya nglakoni piala manèh; 4 têluk, nungkul; [x] êncit (mêncit) pc. wis kapok bangêt.
tobat-tobat, tobal, tobil, tobit, toblas, toblèg :
êngg. pc. sabawa nelakake gumun, kagèt lsp.
tobil :
kn. anak kadhal.
toblok :
êngg. kn. tomblok.
(toblos) :
di-[x] êngg. dicoblos.
tobong :
kn. 1 bngs. tenggok gêdhe wadhah arêng lsp; 2 pangobongan gamping ut. grabah; 3 êngg. gubug cilik; 4 wadhah krikil ing pinggir dalan; kc. dobong, tombong.
(tijèh) :
di-[x] kn. disuduk lan dicoblos.
(tojoh) :
di-[x] pc. dijojoh.
todhak :
kn. ar. iwak sêgara.
(todhi) :
di-[x] kn. didadar, ditètèr kakêndêlan ut. kapintêrane.

--- 618 ---

todhos ~ tongo.

todhos :
kn. 1 uncêg; 2 ks. êntèk babar pisan.
tog :
kn. ([x]-ing) tumêka ing pungkasaning (êntèk-êntèkane); di-[x]. 1 diêpêng nganti kêkan pungkasaning kakuwatane; 2 ditodhi kaantêpane; di-[x]-i êngg. dijupuk (diêdol) kabèh; di-[x]-ake. diuja, diênêngake bae; kc. katog, êtog.
togari :
kw. wêngi.
toge :
kn. taoge.
togèn, toggae, togke, togna :
êngg. pc. ditogake bae; kc. tog.
togog :
kn. 1 saka (cagak) ing pagêr jêro; 2 tugu cilik ing lawanganing pakarangan; [x]-an. cagak miring pojokaning tembok lsp. supaya ora gampang gêmpal. nogog. 1 kaya togog (mênêng bae); 2 nunut mangan ut. nyêrèt.
tograt :
pc. watak.
toh :
I kn. blêntong abang (irêng) ing kulit (wiwit lair mula); [x] sêpah. toh abang. II kn. apa-apa sing dianggo udhuning main (ngabotohan); di-[x]-i. nganggo kanthi toh; di-[x]-i pati br. dilabuhi tumêka ing pati; di-[x]-ake. diudhokake kanggo toh; kc. totoh. III êngg. 1 ayo; 2 ta.
tohan :
êngg. pc. toh II.
tohid :
kn. kayakinaning batin; kc. tokid.
tohwalèn :
êngg. kn. awèt, tahan.
toya :
k. banyu; têtoya k. bêbanyu.
toyadi, toyadhi :
(S) kw. sêgara.
toyah :
kn. bngs. pênthung gêgaman cina.
toyan :
k. nguyuh.
toyanta :
(S) kw. mêndhung.
toyang :
kn. mliwis sêgara.
tok :
I kw. towak, sajêng. II di-[x]-ake pc. diwêtokake. III pc. wah, ah; kc. kok. IV pc. ko-, kok-. V êngg. patèn, lêmarèn; kc. tuk.
tokid :
(A) kn. têtêp yakin sarta mantêp; di-[x]-i. diantêpi kalawan kayakinan; di-[x]-ake. ditekadake kalawan yakin.
tok-iyik :
kn. bngs. kinjêng cilik.
tokuh :
êngg. kn. kênur layangan.
toko :
(C) kn. omah dianggo dodolan barang-barang.
(tolak) :
di-[x] êngg. ditulak.
tolèh :
ora [x] pc. ora eling marang; tumolèh, nolèh. mengo mêmburi; di-[x]. 1 diingêtake sarana mengo mêmburi; 2 dièlingi.
tolèk, toli :
êngg. 1 êndang, enggal; 2 jêr, rak; 3 ah, wah; kc. tuli.
tolèr :
êngg. kn. pipa karèt ing pompa; [x]-[x] pc. katon dawa nlolèr; kc. tlolèr.
tolu :
kn. ar. wuku kang kalima.
tolok :
êngg. 1 bngs. kranjang cilik digantung dianggo wadhah bumbu lsp; 2 bngs. tenggok ut. kranjang dianggo wadhah iwak lsp; 3 gêlangan ditalèni kaubêdake ing bangkekan dianggo nggawa arit.
tolor :
ora [x] ks. ora bisa.
tom :
kn. ar. wit godhonge digawe nila.
(tomah) :
di-[x]-ake. dikulinakake, dimanuhake.
tomara :
(S) kw. tumbak, kênthès.
tomat :
(W) kn. bngs. ranti rupane abang.
tombe, kêtombe :
êngg. kn. sindap.
tomblok :
kn. bngs. kranjang dianggo nggawa wêdhi lsp.
tombok :
I kn. 1 tambahan, wuwuhan ing nalikane ijolan lsp; 2 êngg. toh, udhu; 3 dhuwit sing kawènèhake marang tlèdhèk ing nalikane tayuban (janggrungan); 4 (ut. [x]-[x]) êngg. wuwuh-wuwuh, luwih-luwih; di-[x]-i. 1 diwènèhi tombok; 2 dibayari (dijogi) dhisik. II êngg. kn. lawang ing gapura.
tombong :
kn. bngs. kranjang awangun bundêr dawa kanggo wadhah arêng, gula batu lsp; kc. tobong.
tomis :
kn. ar. olah-olahan.
tompo :
kn. tenggok cilik dianggo takêran bêras lsp.
tomprang :
I ut. [x]-an kn. 1 totohan mirunggan sajabaning toh sing mêsthi; 2 balapan dara; 3 tukaran, pêpadon. II êngg. kn. blabag lsp. ditulisi jênênging pakarangan.
tomtomên :
pc. tansah kèmpi-kèmpi ut. wêruh apa-apa sing nggêgilani; kc. tontonên.
ton :
I kw. dêlêng; salah [x]. kliru pandêlênge; anon. ndêlêng; kc. katon, tonton, tumon. II (W) kn. 1 ukuran gêdhe (1 m3); 2 ukuran bobot (1000 kg); 3 f 1000.
tonang :
kn. ar. iwak sêgara.
tonangan :
êngg. pc. tunangan.
(tonjok) :
di-[x] kn. diwènèhi sêga salawuhane minangka ulêm-ulêm duwe gawe (sarta diarêp-arêp pasumbange); [x]-an. sêga salawuhane kang kawènèhake minangka ulêm-ulêm.
(tonjol) :
di-[x] kn. disruduk (disodhok) saka ing buri.
tondhe :
tanpa [x] kw. tanpa timbang, ora ana sing madhani; di-[x]. ditimbang, ditandhing; têtondhèn. tuladha, tandhingan.
tonil :
(W) kn. 1 bngs. wayang wong cara Eropah; 2 gambar-gambar ing tontonan wayang wong kasêbut.
tonto :
I kn. conto, tuladha; di-[x]. diconto, ditulad. II kê-[x] kn. kaya-kaya wêruh (nglakoni) apa-apa kang mêntas disipati (dilakoni); kc. tonton.
(tontok) :
di-[x] êngg. ditonton.
(tonton) :
di-[x] n. dipuntingali k. dipriksani ki. didêlêng; di-[x]-i kn. ditamatake rupane ing nalikane nakokake (bocah wadon); [x]-an n. têtingalan k. apa-apa sing ditonton (wayang lsp); [x]-ên kn. tansah kèmpi-kèmpi.
(tonyo) :
di-[x] pc. diantêm, dijotos. II di-[x] êngg. dinyunyuk ing gêni.
(tonyol) :
di-[x]-(ake) êngg. pc. ditonjol.
tong :
I êngg. kn. cucuk (ing ngabotohan). II (W) kn. 1 wadhah sing digawe kayu; 2 takêran bêras (60-85 kati).
tonggari :
kw. wêngi.
tongkèng :
kn. ar. têtuwuhan rambat.
tongki :
kn. bngs. bèbèk (menthok).
tongkol :
I kn. ar. iwak kali. II di-[x] pc. (olèh-olèhane ênggone mênang) ditohake kabèh.
tongkok :
êngg. kn. wungkuk.
tongo, tongong :
kn. bodho.

--- 619 ---

tongton ~ trap.

tongton :
kc. tonton.
tongtongan :
I kn. ar. mêrcon. II kn. pirang-pirang tong; kc. tong.
top :
êngg. kn. kc. tlop.
topan :
(A) kn. prahara gêdhe, banjir bandhang.
topèn :
kn. nganggo topi.
topèng :
kn. 1 pêpêthan rai dianggo tutup rai, kêdhok; 2 wayang wong mirid lakon Panji kabèh padha nganggo kêdhok; 3 ulas-ulasing niyat ala lsp; yèn wis [x] kapuk pc. yèn wis mati; nopèng. 1 mbarang topèng; 2 êngg. pc. ngilo nganggo pangilon loro ngarêp buri; [x]-an. 1 tontonan topèng (bngs. wayang wong); 2 aling-aling ing kuncunging pêndhapa; 3 pc. wlulang tutup mataning jaran.
topèng gas :
kn. topèng kanggo nulak gas racun.
topi :
kn. bngs. tudhung kaya sing kalumrah dianggo ing bangsa Eropah.
topiyo :
êngg. kn. topi.
toplèk :
êngg. kn. krêpus.
topling :
êngg. kn. bngs. kranjang dianggo mikul kêtela lsp.
topoh :
kn. 1 êngg. kopyah; 2 pêpêthan makutha ing wayang; dara [x]. dara ulêse irêng êndhase putih; jaran [x]. jaran ulêse putih êndhase abang.
tor :
I kn. ar. dolanan bocah; di-[x]-ake. dikatogake. II di-[x] êngg. kn. ditêgor.
torana :
(S) kw. ak. gapura.
(torap) :
di-[x] êngg. kn. diêlêbi ing banyu.
torèh :
êngg. kn. têtak; di-[x]-ake. ditêtakake.
torèt :
(A) kn. kitab suci kang kagiyarake dening Nabi Musa, kitab Prajanjian Lawas.
toro :
kn. (klambi [x]) klambi kurung dawa.
torog :
êngg. kn. tombok, tambahan; di-[x]-i êngg. ditomboki, ditambahi yèn ana kêkurangane.
torong :
kn. 1 blèg lsp. awangun conthongan nganggo cucuk dianggo ngiling lênga lsp; 2 êngg. pranjèn; kc. corong.
toros :
êngg. kn. wungkusan gula lsp. awangun bumbungan.
tos :
I kw. 1 atos; 2 aji, pangaji. II pc. k. kêtos (kêtan). III pc. k. nyata; kc. yêkti. IV [x]-e pc. jarene; kc. warta.
tosan :
1 k. wêsi; 2 êngg. k. balung.
totol :
(W) pc. gunggung; di-[x]. digunggung.
totog :
I kn. sodhok; di-[x]-([x])-ake. disodhokake, dibêntusake; [x]-an. pantogan, pungkasaning dalan. II êngg. kn. tapêl pusêr bayi; di-[x]-i. ditapêli nganggo totog.
(totoh) :
di-[x]-i kn. ditohi; [x]-an. rêbut mênang kanthi toh; kc. toh.
totok :
pc. 1 Walanda tulèn (dudu pranakan); 2 anyaran, isih durung mangêrti apa-apa.
totol :
I êngg. kn. 1 gol, ungkil, antru; 2 cap; 3 [x]-e pc. mêsthine, pancène; kc. tutul. II kn. (layang [x]) sêrêng njaluk wangsulan; notol. mêmpêng bangêt atine; di-[x]. disêrêg, diujêg.
totor :
kn. 1 gêni urub-urub dianggo bêdhiyan; 2 gêgêni cêdhak gêni murub; 3 êngg. golèk kayu lsp. dianggo gêgêni; di-[x] êngg. ditêgor.
totos :
êngg. kn. jêjênggul, lêlurah.
towang :
kn. lowong, ora isi, sêla; ora [x]. ora lowong, tansah lumintu.
towuk :
êngg. k. warêg; kc. tuwuk.
towok :
kn. bngs. tumbak (sing diuncalake).
towong :
kn. lowok, lowong, wela.
trabas :
kn. 1 mawa bolongan cilik-cilik; 2 têmbus; 3 boros; di-[x] êngg. 1 ditêmbus; 2 ditlasak, disidhat tmr. dalan; 3 ditêgori digawe dalan lsp. tmr. alas.
trajak :
kn. tlajak.
trajang :
kn. 1 solah, obah tmr. jaran; 2 pc. caraning panindak; di-[x]. 1 ditêmpuh, disêrang; 2 ditêrak tmr. larangan lsp; 3 diliwati têrus, up. di-[x] ing kali.
trajêg, trajêk :
kn. rajêg, tlajak.
traju :
kn. timbangan sing nganggo tanganan; di-[x]. ditimbang nganggo traju.
trag :
kn. têrag.
tragal :
êngg. kn. rontog tmr. wowohan; kê-[x]. kêtrucut, kêsusu.
trah :
kw. turun; di-[x]-ake. diturunake.
trahing kusuma :
kw. turune wong luhur.
traya :
(S) kw. ak. têlu.
trayodasa :
(S) kw. ak. têlulas.
triyoli :
êngg. ks. bangsat.
trak :
I kn. têrak. II pc. ora; [x] usah pc. ora usah.
tram :
(W) kn. sêpur cilik.
trambal :
pating [x] kn. akèh tambalane; kc. tambal.
(trambul) :
di-[x] êngg. kn. dikêmbuli, diiloni mangan lsp.
trami :
êngg. k. trima (tampa).
trampil :
kn. cukat ênggone nandukake gunêm (wangsulan, pangêrti); 2 êngg. prigêl, rigên.
trantan :
êngg. kn. tali dianggo tarikan; [x]-an êngg. wiwit bisa mlaku tmr. bocah cilik (dilawèhi ing tali lsp).
(trantang) :
I nrantang kn. sumrawang (padha bolong cilik-cilik) ngatarani yèn arêp suwèk lsp. II (bèri [x]) êngg. kn. bngs. tembor sing digawe nam-naman kawat lsp.
(trancag) :
di-[x] kn. diunggahi kalawan rêrikatan.
trancam :
kn. ar. olah-olahan.
trancang :
ut. [x]-an kn. bngs. tembor sing digawe nam-naman kawat lsp.
trang :
pc. têrang.
trangga, tranggana :
kw. sênêng, marêm; kc. trênggana, taranggana.
(tranggal) :
di-[x] kn. dikabruk.
tranggana :
kw. lintang.
tranyak :
[x]-[x] pc. grusa-grusu murang tata; nranyak. tumindak murang tata-krama, upamane ndumuk êndhas lsp.
(tranyam) :
di-[x] kn. dicênthulani.
traos :
1 k. trasi; 2 êngg. k. traju.
trap :
kn. caraning pangrakit (pranata,

--- 620 ---

trapas ~ trêcêk-trêcêk.

pamasang); di-[x](ake). 1 ditata, dirakit; 2 dipasang; 3 diêcakake ing; di-[x]-i paukuman. dipancasi kaukum; kc. patrap, tumrap.
trapas :
êngg. kn. 1 boros; 2 enggal êntèk; kc. trabas.
trapsila :
kn. tapsila, nganggo tata-krama.
trap :
sirap kn. ditata sarwa bêcik.
trapti :
kw. marêm, sênêng, tata.
tras :
kn. têras.
trasa :
(S) kw. giris, wêdi.
(trasah) :
di-[x] kn. disrasah, ditlasah.
trasèk :
êngg. trasi.
trasi :
n. traos k. dhêplokan urang, iwak lsp. dianggo bumbu.
(tratab) :
nratab kn. sanalika dhêg-dhêgan; [x]-an. dhêg-dhêgan; kc. tab-taban.
trataban :
I kn. 1 blabag jrambah; 2 blabag unggah-unggahan ing gêdhongan. II (alas [x]) kn. alas gêgrumbulan.
tratag :
kn. payon tambêlan kang digawe kepang lsp.
tratag-rambat :
kn. tratag ing sangarêping sitinggil.
(tratas) :
di-[x] kn. ditatas.
trate :
kn. kêmbang padma.
trateyan :
kn. lagi wiwit bisa mlaku tmr. bocah cilik.
traca :
kn. bngs. keyong cilik.
(tracag) :
di-[x] kn. dipènèk (diunggahi) rêrikatan; kc. trancag.
tracak :
I kn. 1 kukuning sikil jaran, sapi lsp; kc. tranyak.
tracap :
udan [x] êngg. udan dêrês kang kawitan ing mangsa rêndhêng.
tracuk :
êngg. kn. kayu kang nyongat ing antarane pasangan tmr. grobag lsp.
(trawang) :
[x]-an kn. 1 sumrawang; 2 kw. padhang, waskitha; kc. tawang.
(trawas) :
di-[x] êngg. kn. diwènèhi têngêran tmr. alas sing arêp dibubak.
trawèh :
kn. padha pujian ing wayah sore ing sajroning sasi pasa.
trawu :
kw. ak. surak-surak sêru.
trèg :
pc. 1 têlag, têndhag; 2 kluron; kc. têrag.
tregal-trègèl :
kn. grusa-grusu.
trekah :
pc. reka; di-[x]. 1 direka; 2 dipitênah.
trèm :
(W) kn. sêpur cilik.
trèmbèl :
pating [x] kn. akèh tèmbèlane; trèmbèlane ks. têmbung pamisuh. kc. tèmbèl.
trèmplèk :
pating [x] pc. padha tumèmplèk; kc. tèmplèk.
trèn :
êngg. pc. palêmahan pinggir kali sing ditanduri; kc. sêtrèn, trin.
trèncèng :
kn. wis têrang mari udan, srêngengene wis ora kalingan mêndhung; [x]-an. wayah têrang.
trèpès :
kn. awangun gèpèng (ora mbrênjul).
treplok :
pating [x] kn. padha tumemplok; kc. teplok.
très :
I kn. plisir bênang mas ing lêngênan lsp. II di-[x]-ake kn. dikon mbanjêli. III di-[x](i) pc. ditêrês.
trèsèh :
êngg. kn. sumèh sarta gapyak; kc. srèsèh.
trètèp :
êngg. pc. tritip.
(trètès) :
di-[x] kn. dirêngga ing intên lan sêsotya.
trècèt :
êngg. kn. kacu.
trêbang :
kn. bngs. kêndhang sing urunge cêndhak sarta wlulange mung sasisih; kc. têrbang.
trêbil :
êngg. kn. kêrbil.
trêbis :
kw. angèl ambah-ambahane tmr. jurang; kc. têrbis.
trêjang :
pc. trajang.
trêjung :
kw. jêro sarta njulêg tmr. jurang; kc. têrjung.
trêh :
kw. turun; kc. têrêh, trah.
(trêm) :
ka-[x] kn. wis sênêng (jênak).
trêmbayak :
kn. ar. manuk saba ing sêgara.
trêmbayun :
pc. pambayun.
trêmbalo :
kn. ar. wit kayune sok digawe wrangka; kc. ambalo.
trêmbêl :
I [x]-[x] kn. pawakan wêwêg cilik tmr. prawan lsp. II êngg. wis mupakat, wis saeka-praya.
trêmbusu, trêmboso :
êngg. kn. bngs. tenggok kang digawe nam-naman blarak.
trêmpos :
kn. isi katès.
trêna :
(S) kw. sukêt.
trênjêl :
kn. 1 paju, pacêl, ganjêl sing disêsêlake; 2 sêsêlan, isèn-isèn; di-[x]. 1 disêsêli pacêl (paju lsp); 2 êngg. diwluku sing kapindho.
(trênjuh) :
nrênjuhi kn. mrangguli; kê-[x]. kêpapag, kêpranggul.
trêntên :
êngg. kn. urut, tata.
trêncêm :
pating [x] kn. kêbak tatu cublês-cublês.
trênyang :
kn. pêpês.
trênyuh :
kn. 1 rêmuk, rêmêk; 2 ([x] atine) kakênan atine, kamiwêlasên; nrênyuhake. njalari trênyuh atine.
trênggulung :
êngg. kn. rase.
trênggana :
kw. lintang; kc. tranggana, taranggana.
trênggiling :
kn. ar. kewan asikil papat samangsa ana bêbaya banjur ngringkêl; nrênggiling api mati pr. api-api ora mangrêti (ora nggatèkake) marang rêmbug nanging sajatine nilingake.
trêngginas :
kn. cukat sarta trampil.
trênggulang :
êngg. kn. tanggulang.
trêngguli :
kn. ar. wit.
trênggulun :
kn. ar. wit wohe enak dipangan.
trênggos :
kw. kopyah wlulang.
trêp :
kn. 1 sèlèh ut. dununging omah lsp; 2 srêg, cocog bangêt, ora kurang ora luwih; sing [x] bumi. sing mbau-rêksa bumi; di-[x]-i. 1 didêgi omah lsp; 2 digawe supaya trêp.
trêpsila :
pc. trapsila, tapsila.
trêpta, trêpti :
(S) kw. marêm, sênêng.
três :
kw. wêdi, giris; kc. trasa.
trêsna :
kn. 1 asih, mulunging ati marang liyan (tanpa hawa-nafsu); 2 ([x] marang) sênêng marang; ditrêsnani. disihi. katrêsnan. mulunging ati marang liyan.
trêtêg :
êngg. kn. krêtêg.
trêtêp :
I êngg. kn. krêtêp. II [x]-an êngg. kn. tritisan.
trêtil :
kn. cêtha, têrang pamacane.
trêcêk-trêcêk :
êngg. pc. nywara krêcêk-krêcêk.

--- 621 ---

trêcêb ~ tropong.

trêcêb :
pating [x] kn. krasa kaya dicublêsi.
(trêcêl) :
nrêcêl kn. anake sapirang-pirang.
trêcês :
pating [x] kn. krasa padha rumasuk ing kulit (adhêm lsp).
trêwelu :
pc. truwelu.
tri :
(S) kw. têlu.
tribaga :
(S) kw. sapratêlon.
tribawana, tribuwana :
kw. jagat têtêlu.
trijilan :
kw. susuhan (mata).
trigan :
êngg. kn. saradan, lageyan ala.
triganca :
1 (S) kw. rikat, bantêr; 2 êngg. sulaya, pasulayan.
trigu :
(Prt) kn. gandum.
triguna :
(S) kw. wêwatakan têlu (satwa, rajah, tamah).
trig-trigan :
pc. ora jênjêm solahe.
trikaya :
(S) kw. kêkuwatan têtêlu (badan, gunêm, pamikir).
trikancu :
kn. ar. wit sarta kêmbange.
triko :
kn. ar. cita (lurik-lurik).
trikona :
(S) kw. maju têlu.
triloka, trilokaya, trilokya :
(S) kw. jagat têtêlu.
trilocana :
(S) kw. amripat têlu (Bathara Siwah).
trim :
n. trimah k. 1 tampa kalawan panuwun; 2 wis sumèlèh atine, up. [x] kalah; di-[x]. 1 ditampa kalawan matur nuwun; 2 wis marêm, atine disèlèhake; 3 ditampani, dililani; ditrimani kn. diganjar pinaringan bojo; triman kn. wong wadon kang diparingake.
trima kasih :
(M) kn. matur nuwun.
trimurti :
(S) kw. têlu-têluning - ngatunggal.
trin :
pc. sêpur.
trinjilan :
kw. suluhan (mata).
trini :
I (S) kw. têlu. II kw. cilik, rèmèh; kc. kêtrinèn.
trinetra :
(S) kw. amripat têlu (Bathara Siwah).
trincig-trincig :
kn. mènèk munggah rêrikatan; kc. trancag.
trincing :
kn. cilik alurus sarta cukat tmr. sikil.
trip :
pc. sêtrip.
tripang :
kn. ar. kewan sêgara.
tris :
kn. ar. peranganing kêndhali.
trisig :
kn. srisig.
(trisik) :
di-[x] pc. ditisik.
trisna :
pc. trêsna.
trisula :
(S) kw. bngs. tumbak landhêpe têlu.
tritik :
I ut. [x]-an kn. ar. corak gêgambaran plênik-plênik ing kêmbên, ikêt lsp. II [x]-an kn. tritisan.
tricig :
kn. trancag, trincig.
triwikrama :
(S) kw. 1 njangkah ping têlu (jêjuluke Bathara Wisnu); 2 matak aji malih dadi danawa gêdhe.
trubuk :
kn. crubuk.
trubus :
kn. thukul, tuwuh.
truh :
kw. grimis; kc. têruh.
truka :
ut. têtruka kn. gawe padesan sarana babad alas; trukan. papan sing dibabad arêp didunungi.
trukah :
êngg. kn. truka.
truksi :
pc. pranatan, dhawuh.
trulèk :
kn. ar. manuk.
trumane :
êngg. tur.
trumbul :
êngg. kn. bngs. wakul tanpa sikilan.
trumpah :
kn. 1 bngs. kêtiplèk sing digawe wlulang ut. upih; 2 êngg. pring ut. blabag ganjêl gêdhèg lsp.
truna, truni :
kw. ênom, jaka, prawan; kc. taruna.
trunjang :
pating [x] pc. padha nunjang-nunjang.
(trunjêl) :
di-[x] kn. ditrênjêl, ditronjol.
truntum :
1 kw. trubus, thukul; 2 kn. ar. bathikan.
(truntun) :
tumruntun kn. urut-urutan tanpa êlêt.
truntunan :
ki. ari-ari.
trungku :
kn. ak. kunjara; di-[x]. dikunjara.
trunyuk-trunyuk :
pc. mlêbu tanpa nganggo tata-krama.
trup :
kn. golongan.
trus :
pc. têrus.
trusi :
êngg. kn. prusi.
trustha :
kw. bungah, sênêng, marêm.
trusthi :
kw. bolongan.
trutul :
I pating [x], [x]-[x] kn. akèh (kêbak) tutul. II kn. ngoyak rêrikatan; di-[x]-i. dioyak (ditututi) rêrikatan.
(trutus) :
di-[x] kn. digolèki mrana-mrana; [x]-an. lunga mrana-mrana pêrlu nggêgolèki.
trucuk :
kn. 1 pathokan jèjèr-jèjèr; nrucuk. 1 katon urut-urutan padha dhuwure; 2 kn. ar. jamur.
trucukan :
kn. ar. manuk.
(trucut) :
kê-[x] kn. kêbacut tmr. têtêmbungan, janji lsp.
truwaca, truwela :
kn. têtela têrang,cêtha.
truwèlu :
kn. ar. kewan.
truwilun :
kw. bodho.
truwu :
kw. rusuh, ora têntrêm, gorèh; ke-[x] kn. kuwur dening dikisruhi.
trobos :
êngg. pc. trabas.
trojogan :
êngg. kn. wanguning omah (limasan).
(trog) :
di-[x]-[x] pc. diêntrog-êntrog.
troi :
kn. tmr. main dhadhu kang mata têlu karo têlu, papat lsp. dianggêp mênang; nggitik [x] pr. olèh kabêgjan.
trokah, trokan :
êngg. kn. trukan.
(trombol) :
di-[x](i) kn. ditrambul, diêbyungi.
tromêl, tromol :
(W) kn. 1 pêthèn blèg; 2 pêthi sing digawe blèg lsp.
(tronjol) :
di-[x] kn. 1 ditrambul, ditrunjêl; 2 diwluku kang kapindho.
trondhol :
kn. tanpa wulu (mèh ilang kabèh) tmr. pitik.
trontong :
I [x]-[x] kn. wis wiwit padhang ngarêpake mlêthèk (ndhadhari). II kn. wadhah kang digawe blèg awangun gilig.
tronyok :
I [x]-[x] êngg. pc. trunyuk-trunyuk. II di-[x] pc. dironyok ing barleyan lsp. III êngg. kn. ulêg-ulêg.
tropong :
I kn. bngs. makutha; kc. topong.

--- 622 ---

tropos ~ cai.

II kn. pring lsp. kang digawe nyugokke lawe ing panênunan. III kn. kèkêr.
tropos :
êngg. kn. kropos.
(trocob) :
di-[x]-i kn. dicampuri, disubal.
trocoh :
kn. 1 borot tmr. payon; 2 sênêng mêmisuh; kê-[x]-an. kêrajagan banyu saka ing payon sing trocoh.
(trowong) :
di-[x] kn. ditêmbus (dibolong) tmr. gunung lsp; [x]-an. têmbusan (bolongan) ing gunung lsp.
(twah) :
a-[x] kw. atob.
twak :
kw. tuwak.
twan :
kn. tuwan.
(twang) :
a-[x], ma-[x] kw. ngaji-aji, ngurmati.
twas :
I kw. ati; kc. tyas. II a-[x] kw. atos.
twin :
br. tuwin.
tyaga :
(S) kw. tega, ninggal barang kadonyan (ulah tapa).
tyagi :
(S) kw. wong ulah tapa.
tyang :
br. tiyang.
tyas :
kw. ati.
tyup :
kw. tiyup.
Tyonghwa :
kn. Cina.
Tyongkok :
kn. nêgara Cina.

 


dumunung. (kembali)
sèng. (kembali)
Huruf Jawa: S murda. (kembali)
pakêbonan. (kembali)
4. (kembali)
nanjak-nanjak. (kembali)
nunjêm. (kembali)
mracihnani. (kembali)
ditêkuk. (kembali)
10 pating. (kembali)