Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 29-03-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

R

ra :
I êngg. ora; kc. rak. II êngg: bingung, kisruh, ora jênjêm.
(raba) :
di-[x]-([x]) êngg. kn digrayang, digêgrayangi.
rabah-rabah :
pc grabah; uga kc. robah-robah.
(rabas) :
ng-[x] êngg. kn maprasi (ngrampasi) têtuwuhan.
(rabasa) :
di-[x] kw dirusak, dirêbut kanthi pêksa.
rabat :
(W) kn cowokan, sudan tmr. dêdagangan.
(rabda) :
ng-[x] kw ndadi, mundhak-mundhak; kc. rêbda, rêda.
(rabèk, rabèt, rabit) :
kn kc. robak-rabèk.
rabi :
kn 1 (garwa ki) êngg. somah, bojo (wadon); 2 (a-[x]) krama ki. nglakoni jêjodhoan tmr. lanang; ng-[x], ngrabèni: (nggarwa ki) ngêpèk bojo; ngrabèkake (ngramakake ki): ngomah-omahake (njodhokake) tmr. lanang; rabèn: dhêmên (kêrêp) rabi.
Rabingulawal, Rabingulakir :
(A) kn ar. sasi kang katêlu lan kapat.
rabuk :
kn 1 jasad-jasad sing dianggo nyuburake têtuwuhan, lêmèn; 2 êngg. adhukan (jladrèn) wêdhi karo gamping dianggo nembok; 3 êngg. wur ing têmbako; di-[x](i): 1 dilêmèni, didèkèki rabuk; 2 dicampuri nganggo wur.
Rabu'ssawawati wa'lardi[1] :
(A) kn Bêndaraning langit lan bumi.
(rabut) :
di-[x] êngg. kn dicabut, dibêdhol (jangkar).
rab-rab :
kw wrata, mratani.
rad :
(W) kn 1 kêklumpukaning wong sing kajibah ngrêmbug ut. awèh pamrayoga; 2 pc. pamrayoga, pirêmbug.
rada :
n. radi k sathithik-sathithik kadunungan sipat sing kasêbut ing têmbung candhake, up. [x] gêdhe, [x] umuk; [x]-[x]: 1 sathithik-sathithik rada, manda-manda; 2 pc. rada gêndhêng.
rad-agama :
kn pangadilan babagan agama sing dipandhegani pêngulu.
radan :
êngg rada.
rada-rudu :
êngg. kn rêgêjêgan pêpadon.
radèn :
kn sêbutane para darahing ratu.
radèn adipati :
kn 1 sêbutane pêpatihdalêm ing Surakarta ut. Ngayogya; 2 [x] arya: sêbutan kaurmatan tmr. bupati Gupêrmenan.
radèn ajêng :
kn sêbutane bocah wadon darahing ratu nganti têkan canggah.
radèn ayu :
kn 1 sêbutane darahing ratu (radèn ajêng) yèn wis omah-omah; 2 sêbutane garwane bupati Gupêrmenan.
radèn bagus :
kn sêbutane bocah lanang darahing ratu wiwit warèng sapangisor sing durung rabi.
radèn bèi :
(ngabèi) kn 1 sêbutane abdidalêm kraton ut. pangrèh praja sing asline wis mawa sêsêbutan radèn; 2 êngg. sêbutane priyayi pangkat têngahan.
radèn ngantèn :
kn sêbutane wong wadon sing isih darah (wiwit warèng sapangisor).
radèn panji, radèn mas, radèn mas arya :
kn sêbutane darahing ratu kang lanang, wiwit canggah munggah.
radèn rara :
(lara) kn sêbutane bocah wadon darahing ratu wiwit warèng mêdhun.
radi :
k rada.
radin :
k rata.
radinan :
k ratan (dalan).
rad-indiya :
kn rad luhur kang awèh pamrayoga marang Gupêrnur Jendral, sarta ngêmbat ruwêt rêntênging paprentahan.
radite, raditya, radiktya :
kw srêngenge.
rad-kawula :
kn rad sing minangka dadi wêwakiling kawula mung wênang awèh pamrayoga sarta ngaturake pitakonan.
(radon) :
ng-[x] êngg. kn ngrêbda.
radosan :
kd ratan; kc. radinan.
rad-pêni, rad-pêni indiya :
kn rad-indiya jaman kumpêni.
radya :
(S) kw krajan.
radyan :
kw radèn.
raja :
(S) kn 1 ratu; cs 1; 2 kanggo araning gêdhang warna-warna; 3 (sawah [x]) êngg. sawah darbèke wong sadesa; rumaja: kumratu; ng-[x]: 1 ambêk kaya raja; 2 nganggêp raja marang; di-[x]-[x]: dipêpuji kaya dene raja; kc. krajan, rumaja, rinaja.
raja-amal, raja-darbe, raja-duwe :
kn barang-barang sing didarbèni.
Rajab :
(A) kn. ak sasi Rêjêb.
raja-brana :
kn bandha sarta barang-barang sing akèh pangajine.
raja-jamas :
êngg. kn. ar. ngèlmu kanggo sarana nêgori kayu gêdhe.
rajag :
kn trocoh akèh bangêt; [x]-an: trocohan.
rajah :
I kn 1 gêgambaran ut. tulisan ing dluwang lsp. dianggo jimat; 2 corèk gêgalêran ing èpèk-èpèk. II (S) kw: pêpenginaning ati, hawa-nafsu.
rajah-tamah :
(S) kw pêpenginan sarta kamurkaning ati.
raja-kaya :
kn kewan ingon-ingon sing ngêtokake kaya (jaran, sapi, kêbo).
raja-kaputran, raja-kaputrèn :
kn sandhangan lan rêrênggan pangantèn (lanang, wadon).

--- 516 ---

rajamal ~ rahaswa.

rajamal :
kn kc. raja-amal.
raja-muka :
kn ar. petungan dianggo mbincili bêgja cilakaning lêlakon (maling lsp).
rajaniti :
(S) kw 1 pangadilan; 2 babagan pangrèh praja.
(rajang) :
ng-[x] kn 1 ngirisi tipis-tipis up. ng-[x] têmbako lsp; 2 êngg. nggarisi (mluku, ngalèni lsp) malang; [x]-an: 1 apa-apa sing dirajang; 2 êngg. kalenan malang.
raja-manganggo :
br panganggone ratu.
raja-pati :
n. raja-pêjah k prakara pêpati marga kêrêngan lsp.
rajapatni :
kw pramèswari.
raja-pèni :
kn barang-barang sing pèni-pèni.
raja-pundhut :
kn ladèn barang-barang saka wong cilik marang nêgara (ratu).
raja-putra :
br anaking ratu (pangeran, pangeran adipati).
raja-putri :
br putrining ratu.
raja-singa :
kn ar. lêlara bngs. bêngang.
raja-siwi :
kw anaking ratu.
raja-sunu :
kw anaking ratu.
rajaswata :
(S) kw 1 waktu kang prayoga; 2 wis nggarap-banyu, wis mangsane omah-omah (akil balig); 3 anaking ratu.
rajata :
(S) kw salaka.
rajatadi :
kw raja-pèni.
raja-tatu :
kn prakara tatu kang marga kêkêrêngan lsp.
rajaweda :
kw kurban slamêting ratu murih raharjaning nêgara.
rajawêrdi :
kn ar. jasad rupane sêmu biru (dianggo dhasaring êmbanan intên lsp).
raja-wisuna :
(pisuna) kn prakara sing ndadèkake padudon.
(rajèh) :
kn kc. rojah-rajèh.
rajèng :
br 1 wc. raja ing; 2 (sang [x]) raja.
rajêg :
I kn pagêr kang digawe kayu, turus lsp; ng-[x]-i: magêri nganggo rajêg. II kn: ar. ulêsing jaran (sêmu kuning sikile papat pisan irêng).
rajêg-wêsi :
kn pagêr kang digawe wêsi.
rajin :
êngg. kn srêgêp, nècis; ka-[x]-an: kasrêgêpan, kagunan tangan.
(rajug) :
ng-[x] êngg. kn kagèt bangêt.
rajun :
kn ar. têtuwuhan.
rajungan :
kn bngs. kêpithing.
rajut :
kn nam-naman bolah (kênur lsp) wangune kaya jala; [x] kawat: rangrangan kawat (sêtrimin).
rajwa :
kw krajan.
rajya :
(S) kw krajan.
radhikal :
(W) kn owah-owahan kaanan kang kalawan mbabar-pisani.
radhio :
kn tilpun (tilgram lsp) tanpa kawat.
raèn :
ut. rêraèn kn lumah kang perangan ngarêp (ndhuwur); pa-[x](an) (praenan): wanguning rai, polatan; kc. rai.
raga :
I êngg. kn bngs. kranjang; [x]-[x]: pêprênthêlan sing digawe bênang mas (salaka). II kw: awak, badan wadhag; anor [x] br: andhap asor, ngêsorake awak; ora [x] br: ora mèmpêr, ora wujud; ngrêraga br: macak, mêmacak awak; di-[x]-[x] br: diandêl (dipracaya) nganti kaya awake dhewe. III (S) kw: sih, katrêsnan, brangta.
ragab :
êngg. kn bungah.
ragad :
pc wragad.
ragah :
kw agahan, grangsangan.
raga-ini :
kn ar. kêmbang.
raga-karana :
(S) kw nêngsêmake, njalari sih (trêsna).
ragan-ragan :
kw kèwês sarta kênès; kc. wiraga.
(ragang) :
I rumagang, mragang kn tumandang nyambut gawe bêbarêngan. II [x]-an kn: balungan, awak-awak (tmr. layangan, omah lsp).
raga-rago :
êngg. kn gojag-gajêg, ragu-ragu.
ragas :
ut. [x]-an kn ragangan balunganing (ula, kodhok lsp); kari [x]-an: mlarat bangêt; kc. règès.
(raga-sukma) :
ng-[x] kn nguwalake sukma saka bêbandaning badan.
raga-wanda :
kw sabuk.
ragèn :
kn ar. têtuwuhan.
ragêm :
êngg. kn 1 cocog, mupakat; 2 sênêng; kc. ragum.
ragi :
I pc. k rada. II kn: glêpung bêras dicampuri kayu lêgi karo bumbu liyane dianggo olah apêm, jladrèn lsp; diragèni: dicampuri ragi. III kn: parudan krambil dibumboni lan digangsa.
ragi-bali :
kn ar. bathikan.
ragil :
pc wragil.
ragu :
I (W) kn ar. olah-olahan sing diolah iwak ut. daging. II [x]-[x] êngg. pc: gojag-gajêg, mangu-mangu.
ragulo :
kn ar. têtuwuhan lan wohe; kc. rêgulu, argulo.
ragum :
I êngg. kn tali duk; ng-[x]: nalèni pring ing êmpyak katata rapêt (rêngkêd); êmpyak [x]-an: êmpyak sing pringe katalenan rêngkêd. II kn: cocog; di-[x]: digunêm, dicatur; 2 diramtam, dirancang; [x]-an: 1 rêmbugan, caturan; 2 rancangan, rantaman.
rago-rago :
êngg. kn ragu-ragu, gojag-gajêg.
rag-rag :
kw rug-rag.
ragrag :
êngg. kn gagrag; [x] anyar: gagrag anyar.
rag-rêg :
pc kêrêp orêg (oyag); kc. rêg.
rah :
I k gêtih. II pc: wc. lurah. III di-[x] kn: diarah.
rahab :
I kn 1 nanggapi (nyêkêl, nggrayang lsp) kalawan nelakake sudine (têgêle); 2 sudi, têgêl, ora ewa; ng-[x]-i: nanduki (nanggapi) dhayoh, pasuguh lsp. kalawan sênêng. II kw: tutup; di-[x]-i: ditutupi.
rahadèn, rahadyan :
br radèn.
rahayu :
n. rahajêng k slamêt, bêgja, luput ing kacilakan ut. kasangsaran.
raham, rahim :
(A) kn kc. rahman.
raharja :
kw rahayu, rêja.
rahasya :
(S) kw wadi, winadi, gaib.
rahaswa :
kw kc. rahasya.

--- 517 ---

rahat ~ rambang.

rahat :
kw 1 sikara, tiwas, rusak, kêna ing; 2 migunani; ka-[x]-an: kêtiwasan, kêtaton.
rahman, rahim :
(A) kn: ambêk wêlas asih (tmr. Allah).
rahmat :
(A) kn sih kawêlasan; ng-[x]-i: ngolèhake rahmat.
rahmatullah :
(A) kn: sih kawêlasaning Allah; mulih ing [x]: mati.
rahu :
kn ar. wit.
rahu-rahu :
kw tênggok.
rahuru :
kn dahuru, gegeran.
rahsa :
I ut. rahsya, rahswa kw wadi, winadi, gaib; kc. rahasya. II kw: 1 wijining wong lanang; 2 rasa; kc. rasa.
rai :
kn 1 (pasuryan ki) peranganing êndhas sing ngarêp; 2 peranganing apa-apa sing ngarêp; 3 sasisih ing lêmbaraning dluwang; 4 lumahing banyu lsp; [x] asu (dhingklik, gêdhèk, trumpah) pc: ora idhêp isin; diraèni: didèkèki raèn; kc. raèn, praèn.
raina :
n. raintên k wayah awan; kc. rina.
raya :
I ut. [x]-[x]. kn tumandang ing gawe (bêbarêngan); kc. kêraya-raya. II kw: gêdhe.
Rayagung :
êngg. kn sasi Bêsar (sasi kang karolas).
(rayah) :
njarah [x] kn: ngrêrêbut; di-[x]: dirêbut, dirêbut (dijupuk) bêbarêngan wong akèh; [x]-an: rêbutan.
rayang :
kn ar. ulêr.
(rayang-rayung, rayang-royong) :
di-[x] êngg digotong royong (ditandangi wong akèh).
rayap :
kn bngs. sêmut gêdhe rupane putih yèn wis manglar dadi laron ut. sulung; ng-[x], [x]-an: tumandang ing gawe bêbarêngan (kaya rayap).
rayat :
(A) kn 1 brayat, batih; 2 êngg. pc. k. bojo (rabi); 3 (ut. rakyat) kawula, wong cilik; di-[x](i): diingoni, dicukupi sakabutuhane; (re)[x]-an: bêbrayatan, gêndhon rukon sêsomahan.
rayat-jêlata :
(M) kn kawulaning nêgara sing mlarat tuwin uripe gumantung ing liyan.
rayi :
ki (êngg. k) adhi.
(rayud) :
ng-[x] kn 1 mbrayut, nalèni dadi siji; 2 nggubêd, mulêt; 3 ndhaku, ngêkaki[2] darbèking liyan; pang-[x] br: pandhaku marang darbèking liyan; [x]-an: 1 apa-apa sing dirayut; 2 têtuwuhan sing nggubêd (rumambat).
(rayuk) :
di-[x] pc dirauk, dirayud, dijupuk tanpa nêmbung.
rayung :
I kn bngs. alang-alang cilik; [x]-[x]: katon cilik mêrit-mêrit tmr. driji; ng-[x]-([x]): 1 katon kaya rayung; 2 cilik-cilik mêrit tmr. driji. II (W) kn: laladan sakubênging bètèng.
rayungan :
kn kêthokan têbu sing ditandur; kc. rayung I.
rak :
I kn erak, èrêk (tmr. swara, gorokan). II êngg. pc: ora. III kn: pancèn mula; up. [x] iya ta ! [x] bêcik ngono ! IV kn: planggrangan kanggo ngêtus piring lsp.
raka :
ki kakang.
rakangat :
(A) kn ndhungkluk lan ngambung lêmah (ing nalikane) sêmbahyang.
(rakasa) :
kc rêkasa.
rakatha :
kw yuyu.
rake, raki :
êngg kowe.
rakèt :
(W) kn tampelan ing main bal tampèl.
rakêt :
kn 1 cêdhak bangêt, mèpèt bangêt; 2 ([x]-rukun) bêcik bangêt tmr. mêmitran lsp; rumakêt: 1 rakêt ing; 2 sumanak, supêkêt; ng-[x]-i: nyêdhaki kalawan rakêt; ng-[x]-ake: 1 nyêdhaki karo; 2 ngrukunake; kc. krakêt.
rakêtan :
ki tapêl (tamba wêtêng).
rakit :
kn 1 wis rampung (sudhiya); 2 (sa-[x]) sapasang, sajodho (tmr. suwêng, jaran, sapi); 3 tatanan, pranatan; ng-[x]: 1 nata, nyadhiyakake; 2 masang, ngêtrap; 3 mranata; ng-[x]-ake: masang jaran lsp; [x]-an: 1 pêpasangan tmr.jaran, sapi lsp; 2 êngg. pasangan (angkul-angkul ing gulu sapi); 3 tatanan bab pamasanging omah lsp.
rakitan :
(g) êngg. pc sênadyan; wc. ora ketang.
rakyan, rakyana :
kw radèn (sêsêbutaning patih lsp).
rakmi :
kw batin, watak.
(rakud) :
ng-[x] êngg. pc 1 ngrayuk, ngrauk; 2 adhêm njêkut.
(rakup) :
ng-[x] kn ngukup banjur digêgêm.
rakus :
êngg. kn 1 mangani, dhêmén mangan; 2 cluthak, nggragas.
rakryan :
kw radèn (sêbutan).
(raksa) :
ng-[x] (S) kw njaga, ngrêksa; kc. rêksa.
raksaka :
(S) kw pangrêksa, panjaga.
raksasa :
(S) kw buta.
raksasi :
(S) kw buta wadon.
rakta, rêkta :
(S) kw abang.
rakwa :
kw rêko.
ram :
I êngg. kn rèncèk-rèncèk kayu sing dianggo bêndungan. II (W) êngg. pc: 1 jêndhela; 2 wêngkuning pangilon lsp.
rama :
1 ki. bapa; 2 êngg. kn. bapa, bapak.
ramak :
êngg. kn. pc bapak.
ramal :
(A) kn ngèlmu pêthèk (wêwêcan); di-[x]-i: dipêthèk, diwêca.
ramat :
I kn 1 sêrating godhong, woh lsp; 2 klamat. II pc: rahmat.
rambah :
kn ambal, ping up. [x] ping lima; [x]-[x]: ambal-ambalan, kêrêp bangêt; ng-[x]-i: ngambali manèh, mindhoni; 2 ngrambali nggaru sawah ngarêpake dadi lalahan; [x]-an: 1 ambalan, up. têlung [x]-an; 3 pindhon (sing wis dirambani).[3]
rambak :
kn 1 lapisane wlulang sapi (kêbo) sing digawe krècèk (krupuk); 2 oyoding witwitan sing ora nunjêm ing lêmah (ana sing katon ing jaba).
ramban :
ut. rêramban kn 1 golèk gêgodhongan dianggo kêlan ut. dianggo pakan wêdhus lsp; 2 êngg. golèk bedhangan; [x]-an: gêgodhongan sing kêna dipangan ut. kêna dianggo pakan kewan.
(rambana) :
ng-[x] kw nyrêmpêng, ngêtog karosan.
rambang :
I kn tangkaran sing panangkare

--- 518 ---

rambas ~ rampung.

padha karo tinangkar, up. 4 x 4 x 4 = 43 (papat rambang têlu). II ng-[x] kn: 1 nyèlèhake apa-apa (wadhah lsp) ing banyu ut. ing dhasare didokoki banyu (supaya ora dirubung sêmut); nyèlèhake kayu (wiji pari lsp) ing banyu supaya kuwat; 4 ngumbah mata sarana diêkum ing banyu (ut. ing tamba); kc. krambang. III ng-[x] kn: ngênam pênjalin ing palinggihan kursi lsp.
rambas :
kn tambas, ngêmbês mbrabas.
rambat :
kn 1 têtuwuhan sing tumèmplèk mulêt ing wit lsp; 2 pc. tansah mrèntèk-mrèntèk; rumambat br. ma-[x] (mrambat): tumèmplèk banjur nggrêmêt munggah; ng-[x]-i: 1 mrambat ing; 2 nular mrèmèn ing (tmr. gêni); [x]-an: 1 (ut. rêrambatan) mrambat ing; 2 lanjaran, apa-apa sing dianggo mrambat; 3 apa-apa sing kêna dianggo lantaran nggayuh sing luwih dhuwur.
rambêh :
kw mili.
(rambêt) :
ng-[x] êngg. kn matun.
rambit :
ut. [x]-[x] êngg. kn têtuwuhan mawa êri.
(rambyang) :
ng-[x] êngg. kn lunga mrana-mrana, mikir sing ora-ora; kc. klambrang.
(rambu) :
ng-[x], ngrêrambu êngg. kn nglari barang-barang sing ilang, golèk sisik-mêlik; kc. rambon.
rambut :
kn. rema ki saèm. wulu dawa kang thukul ing êndhas (ing woh jagung lsp); sa-[x]: sathithik (cilik) bangêt; sa-[x] pinara pitu: alus (lêmbut) bangêt; sa-[x] pinara sèwu: sathithik bangêt; rumambut: wiwit kênthêl tmr. jladrèn gula, glali lsp; ng-[x]-i: padha bênthèt nggalêr-nggalêr tmr. bala-pêcah.
rambutan :
kn ar. wit sarta wohe.
rambon :
I kn (sapi [x]) sapi turunane banthèng karo sapi lumrah. II kn: wangèn, ar. têmbako sing alus lan sêdhêp.
rame :
kn nywara sêru, gumêdêr, akèh wonge; [x]-[x]: 1 gumêdêr; 2 kasukan bungah-bungah; ngramèni: njalari rame; ngramèkake: 1 njalari rame; 2 mèlu-mèlu supaya muwuhi rame; ka-[x]-an: tontonan lsp. kang rame; pa-[x]-an: papan kanggo kêklumpukan ut. kanggo sukan-sukan.
ramean :
êngg. pc 1 karamean; 2 ora kalawan têmên-têmên; kc. rame.
ramêh :
kw rêgêd.
Ramêlan :
kn sasi kang kasanga (Pasa).
ramèn :
êngg. kn gumêdêr rame-rame; [x]-[x]: kalawan rame bangêt; kc. rame.
ramês :
I kn dicampur dadi siji, up. sêga [x] (sêga karo jangan sarta lawuh); tukang [x] êngg: bakul sêga salawuhane; ng-[x]: ngrampêd, mangan apa-apa. II ng-[x]-i êngg: ngêrti têmênan marang têgêsing têmbung lsp. III ng-[x] kw: ngrusak, nglêbur.
rami :
kn ar. têtuwuhan sing kulite kêna dianggo tali.
ramya :
(S) kw 1 endah, asri, nêngsêmake; 2 rame; 3 wêngi.
(ramping) :
[x]-[x], rumamping kn rêmêng-rêmêng, ora katon cêtha marga kalingan ing pêdhut lsp.
(ramu) :
di-[x], dirêramu kn diglandhang kanthi pêksa, dijarah kagawa lunga, dijilat diajak laku ala; diramosi: dirujak, diprakosa, dipilarani; kc. ramon.
ramud :
êngg. kn rampung.
(ramuh) :
di-[x]-i kn dipotha-potha, dirujag.
(ramut) :
ng-[x](i) êngg. kn ngopèni, ngrumati; [x]-an êngg: tutut, cumbu (tmr. manuk lsp).
ramon :
kn 1 bêbantên, wong kang dikaniaya; 2 kayu lsp. sing dianggo cêkêlan ing nalikane nglangi supaya ora klêlêp.
(rampa) :
ng-[x], ngrêrampa kn ndhabyang ut. ngotong-otong wong sêmaput lsp.
(rampad) :
ng-[x] kn nata lêlawuhan ing piring lsp; [x]-an: piring kang wis tinatanan ing lêlawuhan.
rampag :
êngg. kn rampak.
rampak :
kn 1 papak, kabèh padha (ora ana sing moncol); 2 babag sarta racak; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-ake) digawe supaya rampak; 2 êngg. dirajang,[4] diêlêbi (tmr. banjir).
rampaka :
kw kc. rumpaka.
rampal :
kn copot sarta sêmpal tmr. wang, untu, pang lsp; di-[x]-i: diêmpali[5] pang lsp.
rampang :
êngg. kn kayu palang ing antarane bum cikar.
rampas :
I kn poèl (ganti untu) tmr. jaran. II ng-[x] kn: 1 nutuhi (nêgori) têtuwuhan, ngrapak (mapak) apa-apa sing moncol ut. mbrênjul; 2 êngg. mêthiki godhong têmbako sing wêkasan; [x]-an êngg. godhong têmbako sing wêkasan pamêthike. III ng-[x] kn: 1 ngrêbut kanthi pêksa; 2 mbêslah.
rampe :
kn pasuguh (panganan lsp); rêrampèn: ngêtokake pasuguh; kc. uba rampe.
rampèk :
I kn caraning kampuhan tmr. prajurit nyutra. II [x]-[x], ng-[x] kn: nyanak-nyanak golèk atining liyan (sabakdane padudon ut. pasulayan).
rampès :
êngg. kn rampung; ora di-[x] êngg: ora dirèwès.
(rampêd) :
di-[x] kn 1 dicacah; 2 digêbyah, digribig, kabèh dikatutake ora ana sing ditampik (diliwati).
(rampês) :
ng-[x] kw ngrajang.
rampêt :
êngg. kn tampar (dianggo salangan).
rampid :
kn mèpèt bangêt; ng-[x]: 1 êngg. natab prau (nganggo prau liya); 2 nyêrang, nêmpuh mungsuh, ngêpung bètèng.
ramping :
kn 1 wêwangunan cilik dawa nanging sarwa alus lan bêcik tmr. pawakan, tangan lsp; 2 rata alus ora ana sing mbrênjul; 3 alus sarta bêcik tmr. ukara, karangan lsp; 4 (rêrampinging ngèlmu) lêlungidan, rêrawitan; ng-[x]-ake: ngalusake, mbêcikake karangan lsp.
rampung :
kn wis dadi (tmr. garapan, pagawean), wis êntèk (tmr. tandang-tanduk, prakara lsp); di-[x]-i: 1 (ut. di-[x]-ake) digarap nganti rampung; 2 br. dipatèni; 3 diputusi tmr. prakara; ka-[x]-an: putusaning prakara.

--- 519 ---

(rampo) ~ (rancang).

(rampo) :
ng-[x] êngg. kn wiwit sêmi tmr. wit sing ngarang.
rampog :
êngg. kn kècu; di-[x]: 1 dikrocok ing gêgaman bêbarêngan wong akèh; 2 dikècu, disêrang bêbarêngan nêdya njarah-rayah; [x]-an: 1 (ut. pa-[x]-an) wayang kang minangka pêpêthan lakuning prajurit; 2 tontonan ngrampog macan.
ran :
wc aran.
rana :
I êngg. pc mrana; [x]-[x]: mrana-mrana. II kn. wc: wrana (slintru). III (S) kw: pêrang, paprangan.
ranangga, rananggana :
kw pêrang, paprangan.
(ranap) :
ng-[x]-i êngg. kn ngalami, wis tau nglakoni.
(randêng) :
ng-[x] êngg. kn nglandêng.
ranjam :
I ut. ranjang kn paturon. II di-[x] (A) kn: dibênturi watu.
ranjang :
kn paturon; kuwih [x]: ar. panganan dianggo slamêtan bangsa Cina.
(ranjap) :
di-[x] kn dipurak, dipothèng-pothèng tmr. burukan, kewan lsp.
(ranji) :
di-[x] êngg. kn diwènèhi pancèn pagawean ing sadina-dinane; ranjèn êngg: pagawean ing kalurahan kang kudu ditindakake ing wong desa; ranjène, ranjine êngg: pancène.
(ranjing) :
di-[x] êngg. pc dianjingake dianggo nyoba tmr. balungan omah lsp; ke-[x]-an: kêpanjingan ing setan.
ranju :
êngg. kn borang.
randha :
kn 1 wong wadon sing tininggal ing lakine sarta wis duwe anak; 2 (ut. randhan) ora ana bojone (wis ora ganêp), up. cangkir [x], lèpèk [x], kêris [x].
randha-drêngis :
kn ar. pari.
randha-kèli :
kn ar. bathikan lan ar. panganan.
randha-kisi, randha-kuwat, randha-luke, randha-caluk :
êngg. kn randha sing duwe anak lanang dadi wênang mèlu ndarbèni sawah ing desa sarta nyangga pagawean padesan.
randha-kuning :
êngg. kn sawah sing sangar (sapa nanduri mati).
randha-maya :
(-sêmaya) kn ar. lurik.
randha-mênggala, randha-nunut :
kn ar. gêndhing.
randha-royal :
kn ar. panganan.
randhat :
kn 1 rêndhêt, ora bantêr tmr. laku lsp; 2 kêrindhikên tmr. lakuning jam.
randha-tanggung :
kn randha sing isih nom.
randhi :
kn 1 ar. bakal rupane abang kêkêmbangan; 2 mênjangan ulêse tutul.
(randhing) :
di-[x] êngg. pc diranjing; kc. ranjing.
randhu :
kn ar. wit sing wohe ngêtokake kapuk; [x]-alas: bngs. randhu sing wite bisa gêdhe; [x]-kuning: bngs. randhu kayune kuning kêna digawe sarungan kêris; [x]-kentir" ar. gêndhing.
randya :
kw randhu.
ranèh :
êngg. pc ora manèh (wis êntèk, ora ana manèh).
ranu :
kw 1 tlaga; 2 banyu.
(ranuh) :
ng-[x]-i kw nyêdhihake, njalari kangên.
(ranta) :
ng-[x], ngrantan kn sêdhih marga tansah kèlingan apa-apa sing nyêdhihake ati; ka-[x]-([x]), karantan-([x]): tansah kadunungan rasa sêdhih; kc. rantan.
rantab :
ut. [x]-[x] êngg. kn 1 warata ana ing êndi-êndi; 2 rèntèp, katon lêlarikan akèh bangêt; ng-[x]-i: gogrog ngênani tmr. barang-barang sing lêmbut (awu, lêmah lsp); kc. rantap.
(rantak) :
ma-[x] (mrantak), [x]-[x] êngg. kn wiwit katon manèh, mlêthèk tmr. srêngenge.
(rantam) :
ng-[x] kn 1 ngrancang apa-apa sing arêp linakonan; 2 ngrancang wragad ut. wêtuning dhuwit; 3 êngg. nggagas-nggagas nêdya mialani liyan, maeka lsp; [x]-an: 1 rancangan; 2 rancangan bab wêtuning dhuwit lsp.
rantan :
kw udhar; ng-[x] êngg. kn: nguculi (ngudhari) bêbondhotan lsp; ka-[x] br: diudhari.
rantang :
I êngg. kn bngs. kranjang (tenggok) wadhah wowohan; ng-[x]: 1 nganam; 2 ngrantam (prakara sing ala). II êngg. kn: ompong, panci rèntèng.
(rantap) :
[x]-[x] kn tarap, rèntèp.
rantas :
kn 1 mèh pêdhot tmr. tampar, driji lsp; 2 êngg. pêdhot tmr. tali, tampar; kc. prantas.
rante :
kn gêlangan wêsi lsp. rêrèntèngan dianggo nalèni, ngêgèrèd[6] lsp; di-[x]: 1 ditalèni nganggo rante; 2 diblênggu; pa-[x]-an: wong ukuman.
rantèng :
kn bngs. wit arèn.
(rantêb) :
panèn [x]-an êngg. kn panèn kang wêkasan bakda mangsa rêndhêng.
rantên :
kw adhi.
ranti :
kn ar. woh cilik-cilik; [x] gandhèl, [x] bali: ar. bngs. ranti; suwe mijêt wohing [x] pr: gampang bangêt.
(ranting) :
kc rontang-ranting.
(rantun) :
ng-[x] kn 1 (ut. mrantun) lèrèn, mondhag-mandhêg mampir; 2 tansah tut-buri sarta ngawasake lakuning liyan, nginthil; [x]-an: 1 (ut. pa-[x]-an) palerenan; 2 wong sing dikinthil (diawasake).
(rancab) :
ng-[x] kn nglandhêpake, ngasah; 2 ngrangsang, nêmpuh bètèng lsp.
rancag :
I kn gancang, gancar, enggal rampung; di-[x](-ake): dienggalake, digancangake supaya enggal rampung; [x]-an: 1 enggal-enggalan supaya gêlis rampung; 2 cêkakan tmr. kandha lsp. II êngg. kn: pincang tmr. jaran.
rancah :
I alas [x] êngg alas jêjêmbêgan ing pinggir pasisir; nggaga (sawur) [x]: nandur pari sarana nyawurake gabah (dadi tanpa didhedhêr). II ng-[x]-i êngg. kn nggaru sawah sing kawitan.
rancak :
I êngg rèncèk kayu, tugêlan kayu; ng-[x]: ngêthoki kayu cilik-cilik. II kn: (sa-[x]) saprangkat tmr. gamêlan; [x]-an: planggrangan sanggan bonang (kêthuk, kênong).
(rancaka) :
rumancaka, ng-[x] kw sêdhih, njalari susah; kc. rêncaka.
rancana :
I ng-[x] kw nata, nganggit, ngarang; kc. rêncana. II kw: bêncana, godha, panggodha; ng-[x]: nggodha, nusahahe ati, maeka; kc. bêncana, rêncana.
(rancang) :
ng-[x] kn 1 nggathuk-nggathukake [nggathuk-nggathuk...]

--- 520 ---

(rancas) ~ raup.

[...ake] sarta nata rèngrèngan, cêngkorongan lsp; 2 ngrantam, mikir-mikir apa kang bakal linakonan (ginambar-gambar ing sajroning angên-angên); 3 êngg. pc. ngrantam wragad ut. wêtuning dhuwit; [x]-an: 1 êngg. ragangan (balunganing) omah lsp; 2 cêngkorongan kang bakal diêdêgi omah lsp; 4 êngg. pc. rantaman bakal wêtuning dhuwit (wragad); 5 pc. niyat, sêdya.
(rancas) :
ng-[x]-(i) êngg. kn mancasi, maprasi, mapali (têtuwuhan).
rang :
I kn bngs. cacing lêmbut bangêt ut. êndhog cacing tambang sing sok njalari gatêlên ana ing tlapakan; [x]-ên: gatêlên marga kêlêbon rang. II (W) kn: pêpangkatan, undha-usuking pêpangkatan nalika ngabdi nêgara.
rangah :
ut. [x]-[x] kn katon lancip-lancip akèh tmr. untu lsp.
rangap :
ut. [x]-[x] kn katon padha moncol landhêp-landhêp (lancip-lancip).
rangas :
kn bngs. rayap yèn mangan klasa lsp. enggal bangêt.
rangdha :
êngg. kn randha.
rangên :
kn kc. rang I.
rangga :
kn ar. pangkat saèm. asistèn-wadana.
ranggah :
kn cêcawangan tmr. sungu mênjangan; kc. branggah.
(ranggèh) :
ng-[x] kn nggêjojorake tangane arêp nyênyêkêl (nggayuh).
ranggèn :
êngg. k ranggon.
ranggi :
êngg. k rangga.
ranggitan :
kn ar. têtuwuhan.
ranggon :
kn saèm. gubug cagake dhuwur (kaya panggungan) kanggo njaga kewan ut. kanggo palerenan ing alas; ng-[x]: 1 (ut. ng-[x]-i) manggon, manggon ing; 2 wis manjing angèl tamban-tambanane, kêpatuh, wis nyakot.
rangin :
I 1 kw tamèng, dhadhap; bêksa [x] kn: njogèd wong papat padha nggawa tamèng; 2 (gandhos [x]) kn. ar. panganan. II ng-[x], ngrêrangin kn: lirih sarta alon kapenak dirungokake tmr. swaraning gamêlan; ka-[x] br: kanginan, kêna ing angin.
rangka :
pc wrangka.
rangkab :
êngg. kn krakab, thothor.
rangkad :
kn lunga karo dhêmênane; di-[x]-ake: digawa lunga; kc. krangkad.
rangkah :
kn 1 pagêr kang digawe êri tuwin sangkrah; 2 pagêr watêsing nêgara; di-[x]-i: dipagêri nganggo rangkah.
rangkang :
I kn awak-awaking kreta lsp. sing ngisor, glindhingan lan sangganing mriyêm. II rumangkang, mrangkang kn: mbrangkang (dhadhane kangsrah lêmah); ke-[x]-[x]: 1 mbrangkang kanthi rêkasa bangêt; 2 direwangi rêkasa bangêt, kêraya-raya. III kw: bangsal, omah.
rangkangan :
êngg. kn ragangan.
(rangke) :
sa-[x] kn sarakit, saprangkat; di-[x] êngg. kn: ditata digathuk-gathukake tmr. ragangan, balungan omah lsp; kc. rangkèn.
rangkèn :
kn 1 uba-rampening lêlawuhan, sajèn lsp; 2 (ut. rêrangkèn) wis gandhèng ora kêna pisah, wis pupul dadi siji; 3 êngg. êmpyak; kc. rangke, rangki.
(rangkèl) :
ng-[x] êngg. kn ngranggèh, nggayuh.
(rangkèt) :
di-[x] êngg. kn dipala, digêbugi, disapu.
rangkêp :
kn 1 ora lamba, dhobêl; 2 ([x] têlu, [x] papat lsp) têlung (patang) lêmbar ut. lapis didadèkake siji; 3 isih nganggo sarana liya (nganggo aji lsp); 4 (budi [x]) kanthi pangati-ati, prayitna; di-[x]: 1 rong lêmbar didadèkake siji; 2 ditindakake bêbarêngan; di-[x]-i: didokoki rangkêpan; diwuwuhi siji êngkas supaya dadi rangkêp; [x]-an: 1 apa-apa sing dianggo ngrangkêpi; 2 (klambi [x]) klambi ing jêro; 3 wong sing mèlu dêdunung ing pakarangan.
rangki :
êngg. kn rangke.
(rangkud) :
di-[x]-(i) kn dikukudi nuli digawa lunga.
(rangkul) :
ng-[x] kn 1 tangane nyikêp gulu; 2 nyikêp apa-apa (tangane kagathukake cathok gawèl); 3 nyanak, mbêciki; (re)[x]-an, rangkul-rinangkul: padha dene ngrangkul; kc. prangkul.
rangkulu :
êngg. kn karang-ulu (bantal).
(rangkung) :
[x]-[x], ng-[x] kn pawakan lêncir cilik.
(rangkus) :
ng-[x] kn nyêkêli barang loro (kêndhali lsp) nganggo tangan siji, nlikung, nalèni sikil (tangan).
rangkok :
kn ar. manuk cucuke gêdhe; [x]-an: 1 cêkêlan lamêng sing wangune kaya cucuk rangkok; 2 (kêthèk [x]-an) pc. kêthèk bangkokan (tuwa).
(rangu) :
[x]-[x] kn gojag-gajêg, mandhêg tumolih; ngrêrangu: 1 tansah ngeling-eling marang; 2 tansah tut-buri, ngrantun; kc. kapirangu.
rangutan :
kn (orang utan) ar. kewan bngs. kêthèk gêdhe.
rangram :
êngg. kn rèncèk-rèncèk kayu lsp; kc. ram, aram.
rangrang :
(ut. ngangrang, karangrang) kn bngs. sêmut gêdhe rupane abang (manggon ing wit-witan).
rangrangan :
ut. ngangrangan kn trancangan, bakal (cita) sing sumrawang ora kêrêp panênune.
rangsang :
kn ar. têmbang têngahan; ng-[x]: 1 ngranggèh, nggayuh apa-apa sing dhuwur; 2 mènèk bètèng lsp. sumêdya nêmpuh, nyêrang bètèng lsp.
rangsèhan :
êngg. pc srasèhan, rêmbugan.
(rangsêg) :
ng-[x] kw ngangsêg, nêmpuh, nyêrang.
rangsêl :
(W) kn tas gendhongan wadhah pangan lsp.
rangsir :
(W) kn langsir (nata sêpur).
rangsum :
(W) kn 1 pangan (ingon marang saradhadhu, wong ukuman lsp); 2 pc. rantang, omprong; tukang [x]: wong sing nyadhiyakake rangsum (êngg. wong dodolan ing patêgalan lsp); sawah [x] êngg: sawah sing ditanduri têbu; di-[x]: diingoni, diwènèhi rangsum.
(rauk) :
di-[x] kn dijupuk sarana dikukup.
raup :
I (sa-[x]) kn kèhe padha karo isining

--- 521 ---

rauru ~ rata.

tangan loro didhèmpètake sarta dicêkodhongake; up. bêras sa-[x]. II kn. suryan ki: ngrêsiki (ngumbah) rai; [x] gêtih br: raine gubras gêtih; [x]-[x] br: jumurung; ng-[x] pada (-suku) br: nyungkêmi sikil, ujung; di-[x]-i: 1 dirêsiki raine; pa-[x]-an: 1 wadhah banyu piranti dianggo raup; 2 (pasuryan ki) rai, praèn.
rauru :
kn dauru; kc. rahuru.
(raut) :
di-[x]-i êngg. kn diongoti.
raos :
I k rasa. II pisang [x] êngg. k: gêdhang raja.
rapah :
kn gêgodhongan tuwin pang-pang rêrèncèkan sing padha mblasah ing lêmah; kc. sarah, ropoh.
rapak :
I kn godhong têbu sing wis garing; kc. krapak. II (A) kn: 1 njaluk marang pangulu supaya dipêgatake karo bojone (lakine) jalaran sing lanang ora nuhoni janji Dalêm (ora ngomahi, ora ngayani lsp); 2 êngg. ijab dhewe marang pangulu (tanpa wali).
rapal :
(A) kn lapal.
rapèh :
êngg. kn rampung; kc. rapih.
rapèk :
kn pc. rampèk.
rapèl :
(W) kn 1 ngundang (nglumpukake) prajurit sarana têngara tambur; 2 layang ginawe ngelingake.
rapèn :
kn sukêt garing, sukêt lsp. sisaning raja-kaya.
rapêt :
kn 1 tumutup dhipêt tmr. mata, tumutup ora rênggang (nggronggong lsp); 2 pc. bèrès, sah tmr. utang; 4 br. ora kawêdhar wadine; 5 br. ora ana sing ringkih tmr. barisan; di-[x]-i: 1 ditutupi rapêt; 2 pc. dibèrèsake, diêsahi utange; ng-[x]-ake ing arênggang pr: nêpungake wong sing maune sulaya.
rapi :
(h) (M) êngg. kn bêcik panggarape.
rapih :
êngg. kn 1 wis mari nusu, wis mari (lara, nakal lsp); 2 rampung; 3 wis lilih (mari nêpsu), wis eling (mari sêmaput).
rapu :
kn lêjar, lilih, aring; ng-[x], ngrêrapu: nglipur, nglêrêmake wong nêpsu, nglêlêjar ati; ngraponi êngg: ngopèni, ngênêng-ênêngi.
rapuh :
I kw kêsêl, sayah, angluh; jamu(parêm) [x]-an: jamu (parêm) kanggo tamba kêsêl. II êngg. kn: bênthèt.
rapoh :
kw rapuh.
rapwan :
kw awit, mênawa, yèn.
rara :
kw prawan; kc. lara.
rarab :
kw runtuh, tiba: di-[x]-i: ditibani, dirantabi.
rarabi :
kw udan ing wayah sore.
rarah :
ut. [x]-an êngg larahan, uwuh.
raras :
I kw: laras. II di-[x]-([x]) kw: digagas-gagas.
raras karasikan :
kw kanikmataning ulah lambang sari.
raras kawibawan :
kw kanikmatan lan kamulyan.
raras rum :
kw endah bangêt.
rare :
êngg bocah; kc. lare.
rarêm :
kw sarèh, lilih, lêjar.
rari :
(Ra-ari) kw adhi.
raryan, rarywan :
kw lèrèn.
rarywa :
kw lare (bocah).
rasa :
I n. raos k 1 kaananing apa-apa ing nalika ditamakake ing ilat, up. [x] pêdhês, pait, gêtir lsp; 2 kaananing apa-apa nalika tumama ing badan ut. ati, up. [x] kêri, [x] susah lsp; 3 pathining têgês (ing ngèlmu batin lsp); 4 ([x]-ne) sêmune, kaya-kaya, up. [x]-ne kaya arêp têka: [x]-[x]: kaya-kaya mêsthi; ng-[x]: ngênyami (nanggapi) rasa, kadunungan rasa; sa-[x]: tunggal rasa, cocog (laras) bangêt; kc. rumasa, rumangsa, krasa, krasan, pangrasa. II n. raos k: gunêm, uni (surasaning layang); bawa [x], gunêm [x]: rêrêmbugan, srasèhan; ngrasani: 1 nggunêm marang; 2 nyatur; (rê) rasan: gunêman ngrasani, rêrêmbugan arêp nindakake apa-apa. III n. raos k: (banyu [x]) ar. barang cuwèr rupane saèm. luluhan timbêl dianggo ndhasari pangilon lsp. IV (ut. rahasya, rahsya, rahsa) kw: gaib, wadi; ngèlmu [x]: kawruh sing mahyakake prakara sing sinamar.
rasamala :
kn 1 ar. wit; 2 bngs. mênyan (blêndoking wit kang kasêbut).
rasamulya :
kn ar. aji.
rasana :
(S) kw ilat.
rasa-pangrasa :
n. raos-pangraos k sakèhing rasaning ati, pangrêti.
rasa-rumangsa :
n. raos-rumaos k rasa sing tinampa ing ati.
rasa-risi :
kn kadunungan rasaning ati sing ora nyênêngake up. rumangsa didakwa lsp.
rasatala :
(S) kw dhasaring bumi, bumi.
rase :
kn ar. kewan nusoni sing ngêtokake dhèdhès.
(rasèh) :
di [x]-ake kn disêmantakake, dipintokake.
rasêksa, rasêksi :
kw buta lanang (wadon); kc. raksasa, raksasi.
rasika :
(S) kw 1 pênuh ing rasa, nikmat; 2 marêm, bungah; 3 sacumbana; karasikan: kanikmatan.
rasmi :
kw kc. rêsmi.
(rasuk) :
rumasuk, mrasuk kn 1 mlêbu, manjing; 2 wis mbalung-sungsum, mandi tmr. tamba; ng-[x] 1 (ng-[x] busana) br. nganggo sandhangan; 2 br. manjing ing agama, up. ng-[x] agama Buda; 3 pc. ngrabèni anak kuwalon (anak pèk-pèkan).
rasukan :
k klambi.
rasul :
(A) kn utusan; Gusti (Kangjêng Nabi) [x]: K.N. Muchammad; ng-[x]-ake: slamêtan rasulan; [x]-an: slamêtan katur K.N. Muchammad.
rusulullah :
(A) kn utusaning Allah (K.N. Muchammad).
raswa :
I kw rasa. II kw: rahsa.
raswadi :
kn ar. têtêngêr ing tulis (P).
rat :
I (S) kw jagat; [x] Jawa: tanah Jawa. II êngg. kn: êntèk; kc. rad.
rata :
I n. radin k 1 papak kabèh, ora ana sing mêndhukul (mbrênjul); 2 mratah, ingêndi-êndi ana, wis sumêbar ana

--- 522 ---

(ratah) ~ rawon.

ingêndi-êndi; 3 kabèh wis kêduman (komanan); 4 tata têntrêm tmr. nêgara; di-[x]: digawe supaya rata, dirampak (dipadhakake): diratakake: dijèrèng supaya rata, diêdum nganti rata, disêbarake (diundhangake) tmr. ulêman, kabar lsp; kc. ratan, wrata. II (S) kw: kreta.
(ratah) :
ma-[x], mratah kn rata ing ngêndi-êndi, sumêbar ing ngêndi-êndi.
ratak :
êngg. kn karêbèn.
ratan :
n. radinan k dalan gêdhe.
ratangga :
(S) kw rodha, kreta.
ratap :
I êngg. kn rantap. II êngg. pc: pasambat.
ratêng :
êngg. kn matêng, di-[x]-i: diolah (dibumboni) tmr. lêlawuhan; (re) [x]-an: olah-olahan sing wis diratêngi (mung kari mangan bae).
rati :
kw rêmbulan.
ratib :
kn pujian (pêthikan saka koran lsp); [x]-an: padha pêpujian (têtêmbangan ngalêmbana ut. nyênyuwun marang Allah).
ratih :
kw rêmbulan.
ratna :
(S) kw intên; kc. rêtna.
ratu :
kn 1 raja; 2 pangarêp tmr. dolanan; Kangjêng [x]: 1 sêbutan pramèswari ratu; 2 sêbutan putraning ratu putri sing pambarêp (ut. sing miyos saka garwa padmi); Kangjêng [x] agêng: sêsêbutaning pramèswarining ratu sing wis randha; [x] alit (anggèr): sêbutan putraning ratu sing putri sarta pambarêp sawise krama; [x]-[x]-ning ...: kang pinunjul dhewe; ng-[x]: nganggêp ratu, ngèdhêp marang; rinatu-ratu br: dipêpundhi kaya ratu; ngratoni: jumênêng ratu ing, ngêrèh; karaton (kraton): 1 dalêming ratu, kadhaton; 2 karerehaning ratu; kc. raton, kumratu.
ratuh :
kw latuh, lêtuh.
ratum :
êngg. kn trubusan têbu.
ratus :
kn campuraning mênyan, kayu cêndhana lsp. dianggo dêdupa ut. ngukup jarit amrih wangi; di-[x]: diukup (dikutugi) nganggo ratus.
raton :
kn 1 ar. dolanan bocah; 2 (ut. rêraton) gêgrombolan tmr. manuk lsp.
ratri :
(S) kw bêngi.
ratya :
br ratu, karatyan br kraton.
racah :
êngg. kn jêmbêg, êmbêg, rancah, rècèh.
racah-ricih :
êngg.kn katêrangan-katêrangan tmr. prakara sing dilari.
racak :
I kn kabèh mèh padha; [x]-[x]: 1 kabèh kêcakan ing banyu; 2 (ut. [x]-e) sing lumrah, sing akèh-akèh; di-[x]: digawe padha. II kn: racêk: nggêgalak [x] pr: nênangi wong sing duwe sêdya ala.
racana :
kw kc. rancana.
racêk :
kn bngs. krêmi ing wêtêng (ut. ing mata); [x]-ên: nandhang lara marga kadunungan ing racêk.
racik :
kn bumbu ut. adon-adon jamu lsp. sing wis dikumpulake miturut ukurane; tukang [x] êngg: crakèn (wong dodol adon-adon jamu); ng-[x]: 1 ngadoni jamu lsp. miturut apa sing dadi ukurane; 2 nata lêlawuhan lsp; 3 ngrancang, ngrantam; 4 njêjaluk nganggo ngarani warna-warna; [x]-an: apa-apa sing wis diracik.
racikan :
êngg. ki driji.
racuk :
kn tracuk, cacadan.
racun :
kn upas, wisa (asal saka têtuwuhan); di-[x]: dipatèni sarana racun.
racut :
kn 1 suwak; 2 rucat, ucul saka gêgandhèngane; di-[x]: 1 disuwak, diudhari, diuculi, dirucat; 2 didadèkake siji, diringkês.
rawa :
kn palêmahan lêdhok kang dikêndhong ing banyu, tlaga cilik.
rawan :
(ut. erawan, irawan) kn ar. wit kayune digawe gambang.
rawasa :
kw kc. rabasa.
rawat :
I kn ngrumat, nyimpên; [x] duka (pikir) br: tansah nandhang susah (nêpsu); [x] luh br: kêmbêng-kêmbêng arêp nangis; [x]-wadi: simpên wadi (nyidhêm aja nganti kawêdhar); di-[x](i): disinggahake, disimpên, dirumati; [x]-an: simpênan (sing dianggo tandhon). II di-[x]-(i) kn: diusapi, disapu, disaponi. III [x]-[x] kw: lamat-lamat; krungu têmbang [x]-[x] pr: krungu kabar angin.
rawe :
kn 1 ar. têtuwuhan rambat sing godhonge nggatêli; 2 (pancing [x]) pancing akèh bangêt dijèjèr kacanthèlake ing tali sing dipanthêng; [x]-[x]: krêmbyah-krêmbyah pating srawe tmr. rambut lsp; [x]-[x] rantas, malang-malang putung pr: kabèh sing ngêgol-êgoli sêdyane, disirnakake; ng-[x]: 1 namakake rawe ing (supaya gatêlên); 2 rowa, ngambra-ambra.
rawèh :
wc ora awèh.
(rawèk) :
kn kc. rowak-rawèk.
rawi :
I êngg. k rawa. II kw: srêngenge.
(rawik) :
kn kc. rowak-rawèk.
rawikara :
kw (soroting) srêngenge.
(rawing) :
kn kc. rowang-rawing.
rawis :
I kn 1 sulur wringin sing krêmbyah-krêmbyah; 2 wulu jago sing cêndhak-cêndhak ing gulu ut. ing dhuwur pupu, kc. baris; 3 godhong suruh sing isih rada kuncup; 4 ki. brêngos; ng-[x]: katon mawa rawis (krêmbyah-krêmbyah); kinang [x]-an: kinang sing mawa suruh ênom. II di-[x] êngg. kn: dirajang (têmbako lsp); [x]-an: 1 êngg. rajangan; 2 êngg. lading.
rawit :
lombok [x] kn lombok jêmprit; ng-[x]: 1 kw. ngrajang; 2 kn. alus, lêmbut-lêmbut tmr. ukiran, rêmit; kc. krawit.
(rawu) :
kn kc. krawu, rawon.
(rawud) :
ng-[x] êngg. kn nêkêm sukêt lsp. banjur dijêbol.
rawuh :
1 kw. tiba; 2 ki. têka.
(rawuk) :
ng-[x] pc ngrauk, nggraut, nggrayang.
rawun :
êngg. kn uwuh (gêgodhongan).
(rawod) :
kc. rawud.
(rawoh) :
êngg. pc rawuh.
rawon :
(sêga) [x] kn sêga kacampur ing jangan (saèm. jangan brongkos).

--- 523 ---

reak-reok ~ rembyong.

reak-reok :
pc nyidhuk akèh.
reang :
êngg aku, -ku.
(rèb) :
ng-[x] kw nggêbèl.
(rebang) :
di-[x](i) êngg. kn direwangi.
rèbèk :
êngg. kn jèlèh.
rèbèl :
êngg. kn gogrog, rontog; [x]-an êngg: gogrogan (tmr. woh, bêras lsp).
rèbès :
êngg. kn rèmbès (tmr. mata).
(rèbèt) :
di-[x]-ake êngg. kn 1 disisani, diturahake; 2 dilembatake; [x]-an: 1 turahan, sisa; 2 wuwuhan.
rèbêd :
êngg. kn ribêd.
rèbyèg :
kn kakehan rêngkèd, ribut bangêt.
rèjèg :
pc rajag.
rèjèh :
êngg. kn jèlèh.
rèjèng :
kn padhas ing jurang-jurang.
rejog :
êngg. kn bejog, rijug.
(rèdhu) :
diredhoni êngg. kn dirigoni, diridhoni; kc. ridhu.
(règ) :
[x]-[x]-an kn kakehan polah, ênjal-ênjalan.
regang :
kn nam-naman pring dianggo mepe têmbako; jodhang [x]: jodhang sing digawe pring dianam.
rege :
kn bngs. tampah sing digawe nam-naman saka arèn; kc. rigèn.
(règèk) :
ng-[x] êngg. pc katon kuru pucêt; kc. rogok.
règèl :
pc rigol, tiba.
règèng-règèng :
kn wis lêkas mari (bisa mlaku-mlaku).
règès :
kn 1 ragas, êntèk godhonge tmr. wit; 2 wis padha gripis tmr. pêdhang lsp.
(règu) :
diregoni kn diridhoni.
regoh :
cekoh [x] kn tangan lan sikile wis pêpês (ora bisa nggêglawat lan mlaku).
regol :
I kn omah cilik mawa lawang kori dumunung ing gapuraning pomahan (dalême para luhur lan kraton). II êngg. kn: badhut, banyolan.
rèh :
kn 1 br. pratingkah; 2 bab panyêkêling praja lsp; 3 prakara, tatanan, pranatan; 4 wêwêngkon kang kabawah ing; 5 mungguhing bab ut. prakara; di-[x]: 1 diprentah sarta dipranata; 2 diwêngkoni, dibawahake; 3 (ut. di-[x]-ake) diprentah, didhawuhi nindakake; kc. angrèh, pangrèh.
rèhdene, rèhne, rèhning :
êngg. pc marga saka; kc. sarèhne.
rèhrèhan :
kn wêwêngkon, bawah; kc. rèh.
(reyab) :
[x]-[x] kn ngore rambut krêmbyah-krêmbyah; ng-[x]: rambute diore krêmbyah-krêmbyah.
reyah-reyoh :
knb grusa-grusu ora kalawan tata tmr. tumandang ing gawe.
reyak-reyok :
I kn wis padha pating sêngkayig tmr. omah lsp. II kn: katêranganing nyênyidhuk sing akèh.
reyal :
kn 1 ak. ar. dhuwit saèm. ringgit nanging ajine warna-warna, up. [x] batu (24 wang = f 2), [x] jaran ut. [x] sapi (27 wang = f 2.25), [x] kêbo (28 wang = + f 2.335), [x] pajêg (30 wang = f 2.50), [x] pari ( 25 wang = f 2.085); pa-[x]-an (preyalan): tukang ngijoli dhuwit wutuh diijoli dhuwit pêcah.
reyan :
sa-[x] êngg. kn 5.500 iji (petungan iwak loh sing diingu ing blumbang).
reyang :
I êngg aku, -ku. II ut. [x]-[x]-an êngg. kn: rame gumêdêr.
reyang-reyong :
kn bola-bali (wira-wiri) digotong; kc. reyong.
(rèyèng) :
di-[x]-[x] êngg. pc disiya-siya.
reyod :
êngg oyag-ayig, ora kukuh.
reyog :
kn ar. tontonan bngs. jathilan (padha nunggang jaran kepang).
(reyoh) :
ng-[x] kn ngêkul, siya-siya.
reyok :
I kn wis rusak tmr. omah lsp. II di-[x] kn: dicidhuk nganggo cidhuk sing gêdhe.
reyon :
sutra [x] kn sutra palsu.
(reyong) :
(re-)[x]-an kn mlaku wira-wiri (mrana-mrene) nggawa barang sing abot.
rèk :
I mak [x] pc katêranganing nyorèk lsp. II kn: ar. piranti kanggo gawe gêni: [x] jêklèkan (gêrètan): rèk sing mawa lênga bèngsin lan batu. III êngg: thole, bocah.
reka :
I kn 1 akal, rêrigên; 2 sarana kanggo nindakake, carane nindakake, pratikêl; 3 êngg. pc. niyat, rancangan; [x]-[x]: 1 duwe reka (akal); 2 ethok-ethok, api-api; ng-[x]: 1 golèk akal (rêrigên, pratikêl); 2 gawe têtiron, mêtha-mêtha; direkani: diakali, diapusi. II (S) kw: tulisan, gambaran, pêpêthan.
reka-daya :
kn 1 rêrigên, pratikêl; 2 sarana murih kalêksananing sêdya.
rekal :
(A) kn saèm. meja cilik cêndhèk dianggo lambaran maca kor'an.
rekan :
kn 1 apa-apa sing direka-reka (diakal-akal); 2 (ut. rerekan) tiron, gawean, up. rerekan garudha; kc. reka.
rekat :
pc: rikat.
rèkèp :
êngg. kn: sarwa tata lan bêcik (tmr. linggih, mênganggo).
(rèkên) :
I di-[x] êngg. kn: 1 direka, diakal-akal; 2 ditata; [x]-an êngg: 1 akal-akalan. II di-[x] (W) kn: 1 dietung, dipetung, diwilang; 2 digolongake marang.
rekêning :
(W) kn: petungan (dhuwit, bon lsp).
rèm :
(W) kn: piranti jêpitan ing rodha kanggo ngêndhêgake; di-[x]: diêndhêgake sarana rèm.
rema :
ki: rambut.
remah :
k: rumah (romah); [x]-an k: rumahan (romahan).
rematig :
(W) kn: lara balung (encok).
(rembak) :
k: rombak.
remban :
êngg. kn: mari, waras.
rèmbèl :
kw: 1 nggêbèl; 2 utange [x] pc. utange akèh bangêt.
rèmbès :
kn: jèlès, jèlèh.
(rèmbèt) :
ma-[x] (mrèmbèt) kn; nular, mrambat ing; ng-[x]-i: nulari, njênggar, nular marang; ng-[x]-ake: ngrambatake.
rembyak-rembyak :
kn: gumantung sarta kumitir krêmbyah-krêmbyah tmr. rambut, gombyok lsp.
(rembyang) :
ng-[x] pc: katon rembyak-rembyak.
rembyong :
kn: apa-apa sing katon kaya gombyok; [x]-[x]: katon rembyak-rembyak, katon akèh rembyonge; ng-[x]: katon ana rembyonge.

--- 524 ---

rèmèh ~ rèstan.

rèmèh :
kn: sapele, tanpa aji; di-[x]-i êngg: diblêdêri; di-[x]-ake: dirèmèhake, diina.
(rèmèn) :
ma-[x] (mrèmèn) kn: nular, mundhak ngambra-ambra.
(rèmès) :
ora ng-[x] êngg. pc: ora ngrèwès.
remot :
êngg. kn: rusak pating blangkrèh.
rèmpèl :
kn: rimpil, sêmpal tmr. rèncèk lsp; ng-[x]-i: nyêmpali pang-pang ut. rèncèk.
rempo :
kn: 1 wis jêmpo; 2 ora duwe bagean sawah tmr. wong desa; 3 wong sing mèlu ngrêmbang têbu mung kanggo banjêl (tambahan); kc. rempon.
rèmpoh :
êngg. kn: rempo.
rempon :
êngg. kn: wis jêmpo sarta ora bisa tumandang ing gawe; kc. rempo.
rèn :
pc: êrèn (papan sing akèh êrine).
rena :
I kn: nglurug nyambut-gawe (buruh ani-ani lsp) tmr. wong wadon. II kw: biyung.
renda :
(Prt) kn: plisir rangrangan, pasêmèn (kanggo minggiri klambi lsp); di-[x]: dipinggiri nganggo renda.
rèndèh :
kn: ar. gêndhing.
rèndèng :
kn: godhong kacang cina (dianggo pakan raja-kaya).
rèndhèl :
kn: urut-urutan akèh bangêt; utange [x] pc: utange akèh bangêt.
rèndhèn :
êngg. k: godhong.
(rèndhèt) :
ng-[x] kn: nyangkol sarta mbarut tmr. êri, bêbondhotan.
(rendhon) :
(rê-) [x]-(an) kn: rêndhêt, ora gangsar tmr. panggarap.
rene :
pc: mrene.
rèni :
kw: (bocah, wong) wadon.
rèntèg :
pc: padha rontog.
rèntèng :
ut. [x]-an kn: apa-apa sing dijèjèr gêgandhèngan (sarana kênur lsp); [x]-[x], rêrèntèngan: 1 jèjèr gêgandhèngan; 2 ora pisah-pisah; ng-[x]-i: nggandhèngi nganti dadi rèntèngan.
rèntèp :
kn: tarap, rantap, padha jèjèr-jèjèr akèh bangêt.
rèntès :
kn: bisa nyaritakake kalawan urut sarta patitis; di-[x]-ake: diandharake, dijlèntrèhake.
rèntên :
(W) kn: anakan, uyahan (ing dhuwit); di-[x]-ake: dianakake (dhuwit).
rèntênir :
(W) kn: wong sing nganakake dhuwit.
rento :
êngg. kn: nglumpruk tanpa daya, pêpês; kc. reto.
rencang :
k: 1 batur; 2 rewang; 3 ari-ari (êmbing-êmbing).
rencang lare :
k: rewang bocah (duwe anak).
rèncèk :
kn: pang sarta kayu sing cilik-cilik: di-[x]-i: dirèmpèli tmr. carang, pang lsp; [x]-an: 1 kayu pang, carang lsp. dianggo kayu bong; 2 pc. prakara-prakara sing ora prêlu (rèmèh), barang-barang sing cilik-cilik ora ana gunane; kc. rancak, ricik.
rèncèt :
kakehan [x] êngg: kakehan pratingkah (wiyaèn, reka).
rencog :
kn: pincang marga kêsêl bangêt tmr. kewan.
renyom :
êngg. kn: sênêng grundêlan, sênêng omong.
rèng :
kn: wilah ut. wilahan kayu sing ditrap ing êmpyak kanggo gondhèlaning gêndhèng ut. sirap.
(rengan) :
I ng-[x] êngg. kn: ngrintih. II [x]-e êngg. pc: e dadi ngono! (nelakake gumun).
(rèngèd) :
[x]-[x], ng-[x] kn: 1 mbranyak tmr. pawakan; 2 êngg. gumêdêr, rame-rame.
rèngèl :
êngg. pc: pating pêncungul (katon êndhase).
rèngès :
êngg. kn: jèjèr-jèjèr rantap.
rènggèh :
pc: 1 ranggah; 2 ala atine (panas-tèn, jail).
(renggong) :
[x]-[x], (rê-)[x]-an kn: sênggoyoran marga kêlêmon (kabotan gawan).
(renggot) :
[x]-[x], (rê-)[x]-an kn: dhêklak-dhêkluk ngantuk bangêt.
rengkad-rengkod :
kn: mengkad-mengkod, megal-megol.
(rengkak) :
[x]-[x], ng-[x] kn: aras-arasên, sêmplah-sêmplah.
rengkak-rengkok :
kn: mengkak-mengkok.
rengkang-rengkong :
êngg. kn: padha bengkok, bengkang-bengkong.
rèngkèk-rèngkèk :
kn: mlaku gêgêre ndèngkèk (marga lara gêger lsp).
(rèngkèl) :
ng-[x] êngg. kn: ngèyèl, ngèngkèl.
(rengkol) :
[x]-[x] pc: engkol-engkol (bengkak-bengkok).
rèngkot :
kn: ar. piranti nggêgawa panganan lsp.
rèngrèng :
ut. [x]-an kn: tulisan (gambaran, bathikan lsp) sing isih cêngkorongan ut. rancangan; di-[x]: dibathik sasisih tmr. bathikan, dirancang dhisik tmr. layang lsp.
(reok) :
ng-[x] êngg: nyidhuk akèh, kc., reyok.
repa :
kn. ak: aksara cakra lan layar.
rèpèh :
kn: 1 rada mayat ut. wrata tmr. pagunungan lsp; 2 gampang disabrangi (diambah) marga rada cêthèk tmr. kali; 3 pasaja, ora kakehan rèwèl.
rèpèk :
ut. rêrèpèk êngg. kn: golèk kayu (rèncèk-rèncèk kayu).
repo :
kn: 1 jêmpo, wong sing wis ora kanggo gawene; 2 êngg. pc. ora apik, ora kuwat tmr. barang dandanan; kc. rempo.
repoh :
êngg. kn: repo.
repot :
êngg. kn: 1 rèbyèg, ngrêribêdi; 2 rêkasa, kangelan, kakehan pagawean; 3 kabotan momotan; 4 jêmpo, repo, rempon; rêrepot br. (rê) [x]-an: gawan (wong wadon, wadyabala) sing dumunung saburining baris; ng-[x]-i: njalari repot.
rèrèh :
I kn: 1 sarèh, lêrêm; 2 ngaso; kc. lèrèh. II [x]-an êngg. kn: larahan, uwuh; ng-[x]-i êngg: ngrêgêdi; kc. larah, rarah. III [x]-an kn: bawah, wêwêngkon; kc. rèh.
rèrèn :
kw: lèrèn.
rès :
I kn: gès (pangirisan têtak). II (W) kn: arès, ukuman; di-[x]: diukum; pa-[x]-an: wong ukuman.
rèsèh :
êngg. kn: jlèntrèh, tètèh.
residhèn :
(W) kn: priyayi Wlanda sing dadi panggêdhening wêwêngkon; [x]-an: 1 (ut. ka-[x]-an) dalême residhèn; 2 (ut. pa-[x]-an) tlatah wêwêngkoning residhèn.
rèstan :
(W) kn: tunggakan, turahan.

--- 525 ---

rèstoran ~ rêgèn.

rèstoran :
(W) kn: warung panganan (lêsmèn).
reta :
pc: kreta.
rete :
pc: krete.
rètèp :
êngg. kn: rèntèp.
reto :
êngg. kn: 1 êntèk kakuwatane margo kêsêl bangêt; 2 wis ora bisa nggêglawat marga jêmpo ut. lara.
rècèh :
I êngg. kn: 1 dhuwit pêcah; 2 rucah, kurang bêcik tmr. bathikan. II kn: 1 têlês ajêmèk tmr. jrambah lsp; 2 êngg. jèlèh. III kn: ora amêm (sênêng gunêman).
recon :
ks: rucah.
(rewa) :
[x]-[x] kn: api-api, atindak kaya.
rewah :
I êngg. kn: enggal owah. II êngg. kn: ribêd, alangan, repot.
rewan :
kn: tontonên, kagum.
rewanda :
kw: kêthèk.
rewang :
n. rencang k: 1 kanca kanthi, batur; 2 ari-ari; 3 mara pêrlu têtulung wong duwe gawe lsp; [x] bocah: duwe anak cilik; [x] bayi: manak; ng-[x]-i: 1 mitulungi; 2 mèlu ndongakake ut. mêmuji supaya kalêksanan sing disêdya; kc. prewangan.
rewang-rèwèng :
pc: ewang-èwèng, ditarik mrana-mrene; kc. rèwèng.
rewat-rewot :
kn: grusa-grusu.
(rèwèd) :
[x]-[x]-an êngg. kn: pamêtu wuwuhan (blêdug).
(rèwèh) :
[x]-[x] kn: mili ndlèwèr; ng-[x]: mili ndlèwèr; (rê-)[x]-an: mili pating dlèwèr tmr. kringêt.
rèwèl :
kn: 1 kakehan pênjaluk, ora gampangan; 2 pc. kikrik, ora tumindak kalawan gampang-gampangan; 3 tansah nangis bae tmr. bocah cilik.
(rèwèng) :
di-(rê)-[x] kn: dicèwèng-cèwèng, dièwèng-èwèng.
rèwès :
I êngg. kn: jèbrès, rawis. II ora ng-[x]: ora mrêduli, ora gêlêm nggatèkake.
(rèwêg) :
di-[x]-i kn: diribêdi, dirigoni.
(rèwu) :
sa-[x] (srèwu) kw: sèwu.
(rewo) :
[x]-[x] pc: brewa-brewo.
(rewod) :
[x]-[x] pc: pating jriwut.
(rewok) :
ng-[x], [x]-[x] kn: mawa rambut pating dhriwut.
(rewot) :
di-[x]-i êngg. kn: diribêdi, dirèwêgi.
rêbab :
kn: ar. rêricikaning gamêlan kang mawa kawat karo panabuhe disênggrèng; ng-[x]: ngunèkake rêbab.
rêbah :
k: rubuh.
(rêbasa) :
ng-[x] kw: ngrusak; kc. rabasa.
rêbat :
k: rêbut.
rêbatang :
êngg. kn: pokoking wit sing wis rungkad.
(rêbda) :
ng-[x] kn: mundhak-mundhak; saya njênggar; kc. rabda.
rêbi :
kw: rêpit, winadi.
rêbut :
n. rêbat k: 1 njupuk kanthi pêksa; 2 unggul-unggulan, golèk unggul; di-[x]: dijupuk, (diêpèk, didhaku) kanthi pêksa; [x]-an: 1 gênti ngrêbut; 2 apa-apa sing arêp dirêbut.
rêbut bênêr :
n. rêbat lêrês k: pêpadon golèk mênang.
rêbut dhisik :
bantêr-bantêran ngarah ndhisiki.
rêbut dhucung :
kn: mlayu dhisik-dhisikan.
rêbut unggul :
unggul-unggulan.
rêbut urip :
(-koripan): padha ngungsi murih bisa urip.
rêbut para :
(-paran): padha ngungsi mlayu.
rêbut sênêng :
mung kari milih êndi sing disênêngi.
rêbut cukup :
saanane bae mung mburu cukupe.
Rêbo :
kn: ar. dina sing kapat.
rêbon :
kn: bngs. urang cilik.
(rêda) :
pc: rêbda.
rêdana :
êngg. k: dhuwit.
rêdatin :
n. rêdatos k: susah.
rêdên :
kn: ar. wit.
rêdèn :
k: gunungan.
rêdênas :
(W) kn: ar. abdi-dalêm kraton sing dadi utusan.
rêdi :
k: gunung.
rêdite :
kw: srêngenge; 2 dina Ngahad.
rêdya :
br: gunung; kc. rêdi.
rêja :
kn: têntrêm sarta akèh wonge tmr. nagara lsp.
rêjah :
êngg. kn: rêja.
(rêjak) :
ng-[x] kn: ngrêjêk (ngidak).
rêjamak :
êngg. pc: ora jamak.
rajaos :
êngg. k: rêjasa.
rêjasa :
I kw: mbêbana, ngrêrêmih. II kn: campurane timah sari karo gluga. III kn: ar. wit.
rêjèh :
êngg. kn: rêja.
Rêjêb :
kn: ar. sasi kang kapitu.
(rêjêg) :
ng-[x] êngg. pc: nggrêjêg, ngroyok.
(rêjêk) :
ng-[x] kn: ngidak, ngrênyêk, ngrêmuk.
rêjêki :
(A) kn: pangan (sêga), apa-apa sing prêlu kanggo urip; ngrêjêkèni: njalari gangsar ênggone golèk rêjêki.
(rêjêng) :
ng-[x] kn: nggujêngi ngèwèng-èwèng (ngènèng-ènèng); rêrêjêngan: eneng-enengan.
rêju :
kw: bênêr, adil.
rêdhaksi :
(W) kn: apa-apa sing gêgayutan karo kêkarangan.
rêdhaktur :
(W) kn: juru ngarang (ing layang kabar).
rêdhêm :
êngg. kn: mênêng bae.
rêg :
mak [x] kn: obah sing ngêgèt (up. lindhu lsp).
rêga :
n. rêgi k: ajining barang sing diwujudi dhuwit; ana [x] ana rupa, ana rupa ana [x]: anggêr rêgane larang barange iya bêcik; dirêgani: 1 ditêtêpake rêgane; 2 diajèni; rêrêgan: pangaji.
rêgadag :
mak [x] pc: katêranganing narik rikat.
rêgag :
êngg. kn: rada ora wani (sudi).
rêgak :
[x]-[x] êngg. kn: judhêg.
(rêgancang) :
ng-[x] kn: katon gêdhe sarta gagah.
rêgas :
êngg. kn: gêtas.
rêgèdèg :
mak [x] pc: katêranganing narik lawang lorogan lsp.
(rêgeyong) :
ng-[x] kn: katon gumandhul sêmu abot.
rêgèn :
(W) êngg. pc: bupati (kang mbawahake kabupatèn).

--- 526 ---

rêgêd ~ rêmên-nyar.

rêgêd :
kn: 1 ora rêsik; 2 ora suci, cêmêr; ng-[x]-i: njalari rêgêd; [x]-an: apa-apa sing rêgêd ut. papan kanggo mbuwang barang sing rêgêd.
rêgêdêg :
mak [x] pc: katêranganing wong akèh têka bêbarêngan lsp.
(rêgêjêg) :
[x]-an kn: padha pêpadon arame.
rêgêm :
kn: bngs. tanggêm cilik; di-[x]: 1 ditanggêm, dijêpit; 2 digêgêm, diêngku, dikuwasani.
(rêgêmêng) :
pating [x], [x]-[x], ng-[x] kn: katon gêdhe ngrênggunuk ing papan sing sumamar.
rêgêng :
kn: 1 katon akèh wonge tmr. desa, nêgara lsp; 2 katon ngêngrêng arame.
rêgêp :
(ut. rumêgêp) êngg. kn: katon nggatèkake kalawan têmên-têmên; ng-[x]: 1 br. nyêkêl (asikêp) gêgaman; 2 êngg. tumanggap kanthi sênêng.
rêgi :
k: rêga.
rêgiyêng :
mak [x] pc: katêranganing njunjung apa-apa sing kanthi ngêtokake karosan.
rêgistêr :
(W) kn: lis cathêtan.
rêgu :
I kn: ora juwèh, mênêng sêmu angkuh. II pc: wrêgu.
rêgudug :
mak [x] pc: katêranganing têka bêbarêngan lsp.
rêgulo :
kn: ar. têtuwuhan sarta woh.
(rêgunuk) :
[x]-[x], ng-[x] kn: katon gêdhe mêmêdèni ana ing papan sing sumamar.
(rêgung) :
[x]-[x], ng-[x] êngg: katon lêdhung-lêdhung tmr. têtuwuhan.
rêkah :
I êngg. kn: mlêkah, mlêthèk, rêngka. II ut. rumêkah kn: njênggar, mundhak akèh tmr. pang-panging wit-witan lsp.
rêkangat :
(A) kn: ndhungkluk sarta ngambung lêmah ing nalikane sêmbahyang; kc. rakangat.
rêkaos :
k: rêkasa.
rêkasa :
n. rêkaos k: 1 angèl, kangelan; 2 bangêt tmr. lara ut. tatu; [x]-ning ati: ewuh-pakewuhing ati; [x] uripe: mlarat, nandhang kêmlaratan; ngrêkasakake: njalari rêkasa.
rêkat :
êngg. pc: karkat, krêkat.
rêkatak :
kn: pêpindhan swaraning barang suwèk katarik lsp.
rêke :
kw: tumuli, nuli, banjur.
rêkès :
(W) kn: 1 layang panyuwunan; 2 nglakokake layang panyuwunan.
rêkètèk :
kn: katêranganing narik, nggaris lsp. rikat.
(rêkênêng) :
[x]-an êngg. pc: ngêtog kakuwatan (karosan).
rêkêtêk :
kn: pêpindhan swaraning kayu coklèk lsp.
rêkitik :
kn: pêpindhaning barang kobong lsp.
rêkyana :
[x] patih kw: panyêbut marang patih.
rêkning :
(W) kn: rekêning.
rêkutuk :
mak [x] kn: pêpindhan swaraning apa-apa sing diurut, ditarik lsp.
rêkuwès :
(W) êngg. kn: rêkès.
rêko :
kw: tumuli, nuli; kc. rêke.
(rêksa) :
rumêksa kn: njaga; di-[x]: dijaga, ditunggu; (rê-) rêksan: apa-apa sing dirêksa.
rêksa-bumi :
kn: ar. pangkating punggawa desa.
rêksaka :
kw: panjaga.
rêksasa, rêksasi :
kw: buta lanang (wadon).
rêksi :
kw: rêsi.
rêksiwara :
kw: rêsi linuwih.
rêkta :
kw: abang.
rêm :
ut. êrêm kn: tumutuping mata; [x]-[x]: 1 layap-layap; 2 arêp sirêp tmr. sinaring srêngenge lsp; [x]-[x] ayam: layap-layap nanging isih krungu swaraning wong gunêman lsp; umêrêm(mêrêm): 1 matane tumutup, ora mêlèk; 2 ora prêduli sapa-sapa, cêthil bangêt; mêrêm mêlik: turu ora bisa pulês marga sêdhih lsp; di-[x]-ake: didhipêtake matane.
rêma :
kn: sarwa akèh pasuguhe.
rêmak :
kn: rêmêk.
rêmak-rêmpu :
kn: êntèk kêkuwatane.
rêmbag :
k: rêmbug.
rêmbaya :
kn: ar. prau cilik.
rêmbayas :
kn: ar. iwak loh.
(rêmbaka) :
ng-[x] kn: ngrêmpayak akèh godhonge.
(rêmbang) :
di-[x] kn: ditêgori tmr. têbu.
rêmbat :
k: pikul.
(rêmbe) :
rumêmbe, ng-[x] kw: sêmi. tuwuh; kc. pangrêmbe.
rêmbên :
kn: 1 rêndhêt, tamban, rindhik; 2 gêlêm ora-ora.
rêmbêng :
kn: sênik gêdhe.
rêmbês :
kn: rambas, ngêmu banyu marga tambas, mili sathithik-sathithik; [x]-ing madu br: isih trahing aluhur.
(rêmbêt) :
I [x]-[x] kn: rêpêt-rêpêt, lamat-lamat. II rêrêmbêtan pc: sêmbêt.
rêmbyah-rêmbyah :
kn: krêmbyah-krêmbyah.
rêmbyang :
kn: ar. bngs. sukêt sing kêmbange dianggo kili jangkrik; [x]-[x]: katon congat-congat akèh tmr. sukêt.
rêmbyung-rêmbyung :
kn: katon ngrêmbuyung akèh godhonge.
rêmbug :
I n. rêmbag k: 1 mupakatan; 2 (ut. pi-[x]) pituduh, pitutur amurih bêcik; sa-[x]: wis condhong, sarujuk; ng-[x]: nggunêm sawijining prakara; ng-[x]-i: mituturi, awèh rêmbug; [x]-an (pirêmbugan): caturan, gunêman ngrêmbug sawijining prakara. II kn: (ut. pangrêmbugan) gombal lsp. kanggo nyaput; ng-[x]: nyaput.
(rêmbuyung) :
ng-[x] kn: ngrêmbaka, akèh godhonge.
rêmbuyut :
kn: ar. têtuwuhan; ng-[x]: saèm. ngrêmbuyung.
rêmbulan :
kn: bngs. planit sing ngubêngi bumi.
rêmbulung :
kn: bngs. wit nipah.
(rêmbun) :
ng-[x], rumêmbun kw: sêmi, tuwuh.
rêmbus :
I kn: rêmbês, têmbus. II (W) kn: kiriman barang kinanthèn panagih rêgane barang mau.
(rêmêd) :
di-[x] kn: digêgêm banjur kawênyêd (kaêjur).
rêmêk :
kn: rêmuk.
rêmên :
k: dhêmên.
rêmên-nyar :
k: dhêmên-nyar.

--- 527 ---

rêmêng ~ rêngêt.

rêmêng :
kn: 1 êngg. pêtêng, surêm; 2 ar. gêndhing; [x]-[x]: rada pêtêng, sumamar.
rêmêt-rêmêt :
kn: rêpêt-rêpêt, lamat-lamat.
(rêmih) :
ngrêmih, ngrêrêmih kn: namakake têmbung manis, ngrungrum.
(rêmik) :
[x]-an êngg. kn: nyamikan, pacitan, panganan.
rêming-rêming :
êngg. kn: règèng-règèng, rada wiwit mlaku tmr. bakulan.
rêmis :
I êngg. kn: 1 bngs. kece; 2 bribil (½ sèn). II êngg. kn: wêrêng.
rêmit :
kn: 1 (ut. ng-[x]) ngrawit, sarwa alus tmr. corak; 2 winadi, sarwa alus tmr. krenah lsp.
rêmyêng-rêmyêng :
êngg. kn: ramyang-ramyang.
(rêmu) :
[x]-[x] kn: 1 wiwit mawa warna kuning tmr. wowohan sing arêp matêng; 2 sêmu.
rêmuk :
kn: 1 ajur sawalang-walang; 2 rusak babar pisan; di-[x]: 1 diêjur nganti rêmuk; 2 dirusak, disirnakake; [x]-an: apa-apa sing wis rêmuk.
rêmus :
I kn: bucêk-bucêk sathithik tmr. gêlas lsp. II di-[x] pc: dikrêmus.
rêmpang :
êngg. kn: sarêmbug; kc. rêmpug.
rêmpah :
I kn: ar. lêlawuhan sing digawe iwak daging ut. iwak loh. II [x]-[x] êngg. kn: bumbu.
(rêmpayak) :
ng-[x] kn: nggrêmbêl nanging njênggar wrata tmr. pang.
rêmpak :
kn: rêmak, rêmuk, rusak; di-[x]: dirêmuk, dirusak.
rêmpaka :
kc: rumpaka.
rêmpèyèk :
kn: ar. panganan ut. lawuh.
rêmpèl :
êngg. pc: rèmpèl.
rêmpêd :
êngg. kn: kêtêl tmr. sukêt lsp.
rêmpêg :
kn: rampak.
rêmpêk :
kn: rêmêk, rêmuk; kc. rêmpak.
rêmpêla :
kn: perangan wadhuking kewan iwèn sing êmpuk sarta enak dipangan.
rêmpêlas :
kn: 1 ar. wit sing godhonge kasab kêna dianggo ngêlus; 2 dluwang lsp. linengkedan bubukan bêling kanggo ngêlus kayu lsp; di-[x]: digosok (diêlus) nganggo rêmpêlas.
rêmpêlu :
I kn: ampêru; ora duwe [x] pc: ora duwe pikiran. II ng-[x] kn: ngimpi ing wayah awan.
rêmpiyag-rêmpiyêg :
kn: mlaku sarwa rêkasa (marga mêntas lara lsp); kc. rêmpiyêg.
(rêmpiyêg) :
ng-[x] kn: kaya rêmuk anggotane nganti ora bisa sigrak.
rêmpit :
I kn: rêpit. II (ora) [x] kn: (ora) kêtaton, kalong.
rêmpu :
kw: rêmuk, ajur marga kêtaton lsp; di-[x]: dirêmuk, diêjur; kc. rêmpuh, rêmpon.
rêmpug :
êngg: 1 rampak; 2 rêmbug.
rêmpuh :
kw: rêmuk, ajur; kc. rêmpu.
rêmpon :
ut. rêrêmpon kw: pêrang rêmuk-rêmukan (amuk-amukan); di-[x]-i êngg: digaru.
rêna :
I kn: sênêng, marêm atine; dirênani: disênêngi; karênan: sênêng atine, kêpranan atine. II êngg. pc: wrêna (ar. kewan bngs. klabang cilik). III [x]-[x] êngg. pc: warna-warna.
rênak-rênuk :
kn: padha rêmbugan pating glênik sarta onthak-anthuk.
(rêndêm) :
kn: kc. rêndhêm.
(rênjah) :
di-[x] kn: diilês, diidak.
(rênjak) :
di-[x] êngg. kn: dirunjak.
rêndhah :
êngg. kn: 1 cêndhèk; 2 andhap-asor.
(rêndhe) :
[x]-[x] kn: tamban, suwe tmr. tumandang ing gawe; di-[x]-[x], dirêrêndhe: disêsuwe.
rêndhèl :
êngg. pc: rèndhèl.
(rêndhèm) :
di-[x] kn: diêkum ing banyu murih êmpuk.
rêndhêng :
kn: mangsa udan; panèn [x]-an: ngênèni tanduran kang ditandur ing mangsa rêndhêng.
rêndhêt :
kn: randhat, ora gancar.
rênêk :
kw: jêjêmbêk, jurang.
(rênêng) :
di-[x] kn: ditarik, dicènèng; ke-[x]-[x]: katon ngêtokake karosan nalikane ngangkat lsp.
rênêp :
kw: aub, eyub.
rênês :
kn: 1 akèh ênggone olèh rêjêki (pamêtu lsp); 2 pc. akèh pangane ut. pasuguhe.
rênik :
kn: 1 (ut. [x]-[x]) ngrawit sarwa alus tmr. ukêl lsp; 2 glênik, pangapus; di-[x] êngg: diapusi.
(rênuk) :
[x]-[x](-an) kn: omong-omongan gêglênikan.
rêntah :
k: runtuh.
rêntêng :
kn: rêngka, rêngat, bênthèt; [x]-ing ati: lara atine, susah atine; kc. ruwêd-rêntêng.
rêntês :
êngg. kn: rêntêng.
rêntêt :
kn: mêpêt bangêt ora ana rênggange tmr. untu, jungkat lsp.
rêncah :
êngg. kn: rancah.
(rêncak) :
di-[x] kn: diêdum-êdum tmr. kewan burukan (kewan sing dibêlèh).
rêncaka :
ut. ng-[x] kw: susah, sêdhih; kc. rancaka.
rêncang :
I kn: wis pulih (mari) tmr. wong mêntas duwe anak. II êngg. kn: rênggang, amba antarane.
rêncêm :
I kw: rêmuk, èmu. II ut. [x]-[x] kn: mawa tatu kaya dicublêsi; kc. trêncêm.
(rêncung) :
(re-) [x]-an kn: mlaku kalawan rêkasa bangêt.
rênyah :
kn: 1 cilik abêning ngrêsêpake tmr. swara; 2 (yèn dimamah) gêtas kriyak-kriyak up. timun.
rênyak, rênyêk :
kn: rêmak, rêmuk; di-[x]: dirêmuk, dilêmbutake.
rênyêp-rênyêp :
kn: 1 sarwa alus angrawit; 2 riyêp-riyêp, gumêbyar.
rênyuh :
êngg. kn: gêtas, gampang pêcah.
rênyuk :
kn: pating jêkêthut marga dilêmpit-lêmpit (ut. dirêmêt) tmr. dluwang lsp; ng-[x]: ngrêmuk, ngrênyêk.
rêngak-rêngik :
pc: ringik-ringik.
rêngat :
kn: bênthèt, rêngka; [x]-ing ati br: pinggêting ati (lara atine, sêrik); di-[x]: dipêcah tmr. wowohan; rêrêngatan br: cêcongkrahan.
rêngêng-rêngêng :
kn: ura-ura (sindhèn) lirih.
rêngês :
kn: rèngès, rantap.
rêngêt :
kn: ar. gêgrêmêtan sing sok mangan sandhangan lsp.

--- 528 ---

(rêngga) ~ rêsik.

(rêngga) :
di-[x] kn: 1 dipajang, dipacak murih katon endah; 2 dicandra, dirumpaka; 3 diopèni, dijaga; rêrênggan: 1 pajangan, pacakan; 2 êngg. wong sing diopèni; ngrênggani: 1 ngrêngga; br. dadi rêrênggan ing (manggon, dêdunung).
rênggang :
kn: 1 bênggang, ora mèpèt; 2 (ut. [x]-an) lêlowahaning barang loro; 3 pêpisahan, sulaya, ora pati jodho; [x] gula, kumêpyur pulut: tansah rakêt tmr. mêmitran; ng-[x]-i: ngêdohi pawong mitra; ng-[x]-ake: 1 mbênggang, agawe rênggang; 2 njalari pasulayan, ngêdohake pawong mitran.
rênggêp :
kn: rêgêp; rumênggêp, ng-[x] kw: nyêkêl, nyandhak.
rênggês :
I di-[x] kn: diicuk-icuk, dibujuk. II di-[x] êngg. kn: diobongi tmr. têtuwuhan ing bubakan anyar.
rênggi :
ut. rêrênggi kw: pangati-ati, uwas.
rêngginang :
kn: ar. panganan sing digawe kêtan.
(rêngguyung) :
ng-[x] êngg. kn: ngrêmbuyung.
(rênggunuk) :
kc: rêgunuk.
(rênggut) :
di-[x] kn: 1 dijabut, dibubut tmr. sukêt lsp; 2 kw. dijambak, disêbrak, ditarik.
(rênggos) :
[x]-[x], (rê-) [x]-an kn: ambêkane sêsêk mênggèh-mênggèh marga mêntas mlayu lsp; kc. krênggos.
(rêngih) :
[x]-[x] kn: sêsambat (njêjaluk) ngasih-asih; ng-[x], ngrêrêngih: ngrêrintih, mbêbana mêmalat sih.
rêngik-rêngik :
pc: ringik-ringik, ngrintih.
rêngit :
kn: bngs. lalêr cilik.
rêngka :
kn: 1 bênthèt arêp bêngkah tmr. gunung, tembok lsp; 2 ora jênjêm tmr. ati, ora têntrêm tmr. krajan (nêgara) marga ana kraman lsp.
rêngkah :
kn: rêkah.
rêngkèd :
kakehan [x] êngg. pc: kakehan gawan (ribêd); kc. rêngkèg.
rêngkèt :
[x]-[x] kn: swaraning pikulan lsp; kc. krêngkèt.
rêngkêd :
kn: kêrêp tmr. nam-naman, ora rênggang.
rêngkêng-rêngkêng :
kn: rêkasa ênggone ngadêg (mlaku) marga mêntas lara bangêt (tiba lsp).
rêngkik-rêngkik :
kn: lêncir sarta sarwa cilik tmr. pawakan.
(rêngkuh) :
di-[x] kn: dianggêp kaya dene, up. di-[x] sêdulur; kc. rumêngkuh.
(rêngkuk) :
ng-[x] pc: ngringkuk, wungkuk kabotan gawan.
rêngkulu :
êngg. kn: bantal; kc. rangkulu, karang-ulu.
rêngkong :
êngg. kn: bngs. pikulan pari.
rêngu :
kw: nêpsu, lara atine; dirêngoni: disrêngêni, dinêpsoni.
rêngos-rêngos :
êngg. pc: rênggos-rênggos.
rêngrêng :
kn: katon wingit, katon endah sarta gagah; kc. ngêngrêng.
rêp :
kn: 1 katêrangan nelakake kaanan kang mandhêg dadakan; 2 sirêp, suruping srêngenge.
(rêpa) :
ngrêrêpa kn: ngasih-asih, njaluk kawêlasan.
(rêpak) :
rumêpak, ng-[x] kw: ngrupak, nêmpuh sarta nêsêk.
rêpèn :
ut. rêrêpèn kn: kêkidungan (uran-uran) pamalat-sih ut. panyandra; kc. rêpi.
(rêpèpèh) :
[x]-[x], ng-[x] kn: linggih ngêdhêkês andhap-asor (ngasih-asih).
(rêpêt) :
[x]-[x] kn: wayah esuk ngarêpake srêngenge mlêthèk.
rêpêtir :
bêdhil [x] kn: bêdhil sing bisa muni bola-bali.
rêpêtisi :
(W) kn: mbalèni (piwulang lsp).
rêpi :
ut. rêrêpi kw: 1 kidungan, uran-uran kidungan; 2 layang; ng-[x], ngrêrêpi kn: uran-uran kidungan panyandra lsp; kc. rêpèn.
rêpit :
kn: winadi, primpên; kc. rêmpit.
rêpolpêr :
(W) kn: kêstul, pistul.
(rêpopoh) :
ng-[x] êngg. kn: gumantung tumêlung tmr. pang.
rêportêr :
(W) kn: juru awèh kabar.
rêpot :
(W) kn: 1 lapur, awèh wêruh marang kapulisèn lsp; 2 (ut. [x]-an) parêpatan ngrêmbug pagawean; di-[x]-ake: dilapurake.
rêrêb :
I kw: lêrêb, lêrêm. II [x]-[x] kw: udan, grimis.
rêrêm :
kw: lêrêm.
rêrês :
kw: giris, miris.
rês :
pc: blêdug (pamêtu mirunggan); kc. ngêrês, rêsrês.
(rêsa) :
di-[x] pc: dirêksa.
rêsados :
êngg. k: rêsaja.
rêsah :
k: rusuh.
(rêsaya) :
di-[x] kn: dijaluki tulung, disambat; rêsayan êngg: sambatan.
rêsak :
êngg. k: rusak.
rêsban, rêsbang :
(W) kn: bngs. bangku pangason.
rêsèp :
(W) kn: katêrangan bab pêrincèn adon-adoning jamu lsp.
rêsèpsi :
(W) kn: lênggahan (pista) dhinês.
rêsèrsi, rêsèrsir :
(W) kn: pulisi sandi.
rêsêg :
êngg. kn: kurungan awangun tumpêngan.
rêsêh :
êngg. kn: rêgêd nglèlèt; kc. rusuh.
rêsêk :
kn: 1 rêgêd marga barang-barang rosokan; 2 (ut. [x]-an) rosokan, barang-barang sing rêgêd pating jlêmpah.
rêsêp :
I kn: njalari sênêng (kapenak) marang pandêlêng (pangrungu); ng-[x]-i: sênêng marang; ng-[x]-ake: njalari rêsêp. II rumêsêp kn: mlêbu amblês tmr. barang cuwèr. III êngg. ki: sukêr, nggarap-banyu.
rêsi :
(S) kw: 1 wong suci sing wis dadi dewa; 2 pandhita tapa.
rêsidhèn :
kn: residhèn.
rêsik :
kn: 1 ora rêgêd; 2 suci, murni, tulèn; 3 tanpa ana salahe tmr. tulisan, basa, karangan lsp; 4 pc. êntèk babar pisan, gêmêt; 5 absah, padhang-padhangan tmr. nikah, doltinuku; 6 pc. sah kabèh tmr. utang; 7 lagis; [x]-[x], rêrêsik: 1 nyaponi lsp. murih rêsik; 2 sêsuci awak; ng-[x]-i: agawe supaya rêsik; ng-[x]-ake: 1 nggêmêtake, ngêntèkake; 2 agawe rêsik, ngabsahake; [x]-an: 1 ora crobo; 2 pc. tumindak miturut anggêr-anggêr tmr. nikah lsp.

--- 529 ---

rêsisir ~ rikala.

rêsisir :
pc: pulisi kapêtêngan (sandi); kc. rêsèrsir.
rêsiwara :
(S) kw: pandhita linuwih.
rêsmi :
kw: kaendahan, cahya kang ngrêsêpake; sa-[x], rêrêsmèn, ngrêsmèni kw: sacumbana.
rêsula :
I êngg. kn: bngs. wit nipah. II ng-[x] kn: nggrêsah, sêsambat marga rêkasa lsp.
rêsun :
kw: aku, kowe.
rêspati :
I kw: 1 ngrêsêpake ati; 2 patut, sêmbada pidêksa tmr. pawakan. II kw: Kêmis.
rês-rês :
kn: rêrêgêd sing yèn digrayang krasa ngêrês; kc. rês.
rêsrês-poh :
kn: ar. kewan bngs. cacing.
rêt :
mak [x] pc: pêpindhan swaraning barang suwèk lsp.
rêta :
I kw: mani. II kw: abang; kc. rêkta. III êngg. kn: 2 rupiyah. IV êngg. pc: warta; dirêtakake: diwartakake.
rêtah :
(S) kw: kanikmatan; kc. rêta I.
rêti :
I n. rêtos k: wis mrabot, wis dirukti apa-apane; dirêtèni: dirukti, dijaga, diladèni. II n. rêtos k: êngg. têgês, makna; ng-[x], mang-[x]: bisa nyakup (nyandhak) ing dalêm pamikir; ngrêtèkake: nêrangake supaya ngrêti; kc. arti.
rêtna :
(S) kw: 1 intên; 2 sing endah dhewe; 3 (sêsêbutane) putri.
rêtu :
I kw: dahuru, gègèr; rêrêtu: rêrusuh. II (S) kw: ar. mangsa (taun nêm mangsa); cs. 6.
rêtur :
karcis [x] (W) pc: karcis mênyang mulih; di-[x]: dibalèkake tmr. layang kiriman lsp.
rêtos :
k: reti.
rêca :
kn: pêpêthaning manungsa lsp. sing digawe watu lsp.
(rêcêk) :
[x]-an pc: rêsêkan, rosokan.
ri :
(ut. êri) kn: 1 cringih-cringih ing wit; 2 balung ing iwak loh sing lincip-lincip; kc. êri. II kw: dina, kc. ari, hari. III kw: adhi, kc. ari. IV kw: ing, ing nalika, dening.
riba :
I kn: ruba. II (A) kn: wong sing nganakake dhuwit lsp. luwih saka ing ngêkat; mangan [x]: nindakake pakaryan riba.
ribèn :
êngg: karêbèn.
ribêd :
kn: 1 (ut. rêribêd) apa-apa sing njalari ora sêmpuluring laku (pagawean lsp); 2 kêna ing rêribêd; 3 susah marga kêtaman prakara sing angèl-angèl; ng-[x]-i: 1 ngrèwangi, ngrigoni, njalari ribêd; 2 nusahake; kc. rubêd.
ribêng :
kw: putêk, judhêg.
ribig :
kn: kabèh padha, rujuk, saeka karêp; di-[x]i: dirujuki.
ribug :
kn: wis ringkih marga wis tuwa tmr. jago.
ribut :
kn: 1 (ut. angin [x]) kr. prahara; 2 tumandang sarwa kêsusu lan rêrikatan; 3 êngg. pc.gègèr, poyang-payingan, orêg; ng-[x]-i: njalari ribut.
rijal :
kn: swara rame kang kaprungu ing wayah bêngi.
rijig :
êngg. kn: risig.
rijung :
kn: pincang, dheglog; kc. rejog, riyug.
rijuh :
êngg. kn: rikuh.
rijol :
êngg. kn: ijol.
(ridhu) :
reridhu kn: panggodha; ngrêridhu: nggodha, mbêbeda, ngrigoni.
ridhong-ridhong :
kn: nganggo kêmul rimong lsp.
rigal, rigèl :
êngg. kn: rigol.
rigèn :
I kn: rege. II êngg: karêbèn.
rigên :
kn: prigêl sarta sugih reka; rêrigên êngg: tatanan; di-[x] êngg: ditata, dipranata; di-[x]-ake: dipratikêlake, digolèkake akal.
rigih-rigih :
êngg. pc: wigih-wigih.
rigis :
pc: règès bangêt.
rigma :
êngg. k: rambut.
(rigu) :
dirigoni êngg. kn: dirègoni, diribêdi.
riguh :
êngg. kn: regoh.
rigol :
1 pc. runtuh; 2 êngg. pc. tiba.
rigrig :
kn: gigrig.
riya :
I kn: ar. sêbutan ut. pangkat; kc. arya. II êngg. kn: sumungah, kibir, jubriya. III [x]-[x] êngg. kn: sênêng-sênêng.
riyag-riyug :
kn: mlaku pincang (ora jêjêg).
riyah-riyah :
kn: ênom sarta sumringah tmr. warna.
riyaya :
1 êngg. kn: bêbarêngan mangan enak; 2 n. riyadi, riyadin k. mangan enak sarta slamêtan ing mangsa lêbaran (bakda Pasa, êngg. 10 Bêsar); riyayan êngg: slamêtan riyaya.
riyak :
kn. jlagra ki: bngs. yiyit sing mêtu saka ing gurung (up. pinuju lara watuk); di-[x]-i: diidoni nganggo riak.
riyalat :
(A) kn: cêcêgah apa-apa murih kalakon sing disêsuwun.
riyêg :
kn: saiyêg, padha mupakat kabèh.
(riyêk) :
di-[x]-[x] kn: 1 dirêmêk-rêmêk, diwênyêt (diidak) nganti ajur; 2 diwênyêt tmr. dluwang lsp.
riyêl :
ut. jêjêl [x] kn: kêbak bangêt uyêl-uyêlan.
riyêm-riyêm :
kn: 1 liyêp, lindri (satêngah mêrêm tmr. mata); 2 katon padhang sumamar.
riyêp-riyêp :
kn: 1 katon alus ngrawit nêngsêmake pandêlêng; 2 (ijo [x]-[x]) ijo ênom gumadhung tmr. gêgodhongan.
riyin :
êngg. pc. k: biyèn; kc. kriyin.
riyug-riyug :
kn: mlaku pincang; kc. riyag-riyug.
riyuh :
êngg. pc: rame bangêt, gumuruh.
riyuk :
êngg. kn: reyak-reyok.
(riyung) :
di-[x] êngg: dirauk, diraup.
(riyo) :
(ijo) [x]-[x] kn: ijo ênom sumringah.
riyom :
kn: eyub marga akèh wit-witan; ng-[x]: ngayom, ngaub.
riyon :
êngg. kn: diya-diniya; kc. diyon.
rik :
mak [x] pc: sabawaning nyorèk lsp.
rika :
I n. êngg: kowe, -mu. II k: kana.
rikala :
êngg. kn: ing nalika.

--- 530 ---

rikanang ~ ripah.

rikanang :
kw: ika, kang.
rikat :
I kn: enggal, kêbat, bantêr; di-[x]-ake:dienggalake, disêngkakake. II [x]-[x] êngg. kn: kukud, rêrêsik; di-[x]-i êngg: dirêsiki, dikukudi.
rikatang :
kw: ika, kang.
rikma :
ki. êngg: rambut.
rikne, rikneya :
pc: yèn ora mêngkono kapriye.
rikuh :
kn: 1 kidhung, jiguh; 2 rada isin; ng-[x]-i: 1 njêjiguhi; 2 njalari rikuh, ngisin-isini.
rikrik :
êngg. kn: tlatèn; di-[x] êngg: diwatun.
ril :
I êngg. kn: bribil (½ sèn). II (W) kn: wêsi dalan sêpur ut. lori.
rila :
kn: lila.
rilak :
(A) kn. ak: nusu; sêdulur sa-[x]: sadulur tunggal suson.
rim :
I (W) kn: rèm. II (W) kn: 1 wilangan dluwang = 488 ut. 500 pèl; 2 sabuk wlulang.
rimah :
êngg. k: rumah.
rimang :
1 êngg. kn. blabur; 2 kw. sêdhih marga kasmaran.
rimba :
kw. ak: alas.
rimbag :
kn: 1 cithakan ut. ijèning bata, up. bata sa-[x]; wêwangunaning têmbung sawuse diatêr-atêri ut. dipanambangi; di-[x]: 1 dicithak; 2 diwangun tmr. têtêmbungan; [x]-an: cithakan.
(rimbas) :
ng-[x] kn: mrèjèngi glondhongan kayu diwangun pêsagi (mung nganggo wadung ut. kampak).
(rimbu) :
di-[x] kw: disimpên; kc. primbon.
(rimis) :
udan [x]-[x] êngg: udan riwis-riwis (grimis).
(rimuk) :
di-[x], dirêrimuk kn: dibêbujuk kanthi alus, dibêbolèhi.
rimong :
I êngg. kn: apa-apa sing dianggo kêkêmul gêgêr ut. gulu. II kw. ak: macan; kc. mong.
rimpang :
kn: ênthik ut. panging êmpon-êmpon (jae, kêncur, kunir lsp); [x]-an: mawa rimpang tmr. êmpon-êmpon.
rimpil :
kn: pêthil tmr. barang sing cilik-cilik; di-[x]-i: dipêthili, diputungi, tmr. rèncèk lsp; kc. rampal, rèmpèl.
(rimpus) :
di-[x] kn: diêrut, disrimpung.
rina :
n. rintên k: wayah awan.
rina-rina :
kn: ar. gêndhing.
rinding :
ut. [x]-an kn: ar. unèn-unèn ênggone ngunèkake sarana kapèpètake ing lambe kapadalake ing untu; ng-[x]: ngunèkake rinding.
rinjing :
êngg. kn: bngs. kranjang ut. tenggok gêdhe.
rindhèk :
êngg. pc: rindhik.
rindhik :
kn: alon, ora rikat; [x] asu (kirik) digitik pr: agahan ênggone arêp nindakake marga wis kêpengin.
rindhil :
êngg. kn: urut-urutan tanpa kêndhat (ênggone têka, mêtu).
rinèh :
I êngg. kn: sarèh, ora ribut. II br: diêrèh; kc. rèh.
rini :
I êngg. kn: bribil (½ sèn). II kw: wong (bocah) wadon.
(rintang) :
di-[x] êngg: dialang-alangi; [x]-an: alangan, rêribêd.
rintên :
k: rina.
(rintih) :
ng-[x] kn: ngruntuh, sêsambat lirih; ngrêrintih, [x]-[x]: njêjaluk ngasih-asih.
rintik :
êngg. kn: tritik; [x]-[x]: katon jèjèr-jèjèr ngrawit.
rintip :
kn: katon lêlarikan atata; kc. rèntèp.
rinto :
êngg. kn: rento, reto.
rincag :
êngg. pc: rencog.
rinci :
I êngg. kn: pang-panging wulèn pari; kc. princi. II êngg. kn: bngs. tenggok gêdhe.
rincik :
kakehan [x] pc: kakehan rèwèl (pratingkah); kc. princi, rèncèk, ricik.
ring :
kn: 1 êngg. ing; 2 êngg. maring, mênyang ing; 3 êngg. marang, tumrap marang.
ringa :
I kw: duga; ma-[x]: nduga. II [x]-[x], rêringa kn: kanthi pangati-ati marga sujana (ora pracaya, gojag-gajêg).
ringan :
êngg. kn: ènthèng, gampang.
ringas :
kn: 1 giras, ora tutut tmr. jaran; 2 lancang; 3 êngg. srêgêp.
ringga :
kn: gojag-gajêg marga rada wêdi.
ringgi :
sa-[x] êngg. kn: 5 bêntelan (± 15 kati) tmr. pari.
ringgit :
1 kw. wayang; 2 k. tlèdhèk; 3 kn. ar. dhuwit slaka ajine f 2½; [x]-an k: wayangan, tledhekan.
(ringi) :
diringèkake êngg: dirungokake.
ringih-ringih :
kn: lancip-lancip sarta landhêp tmr. untu, êri lsp.
(ringik) :
[x]-[x], ng-[x] kn: tansah ngrintih sêsambat, nangis lsp.
ringin :
pc: wringin.
ringkêl :
I kn: lagi kêpênêr apês (cilaka) tmr. sato, manungsa lsp. miturut petungan dina paringkêlan (up. tungle = ringkêl godhong, ora kêna nênandur têtuwuhan sing dipurih godhonge; aryang = ringkêl jalma, pangapêsaning manungsa; warukung = ringkêl sato, kewan-kewan lagi padha apês; paningron = ringkêl mina, iwak loh lagi apês; uwas = ringkêl pêksi, manuk-manuk padha apês; mawulu = ringkêl wiji, yèn nyêbar wiji ora thukul); pa-[x]-an: dina ing pawukon (tungle, aryang, warukung, paningron, uwas, mawulu). II ng-[x] kn: têturon njintêl (nglêkêr); di-[x]-[x]: ditêkuk-têkuk gêgulungan (lêlêkêran).
ringkês :
kn: 1 cêkak, ora rowa tmr. carita lsp; ora ngêbak-êbaki papan tmr. buntêlan lsp; 3 (ut. [x]-an) climèn, pasaja tmr. duwe gawe lsp; ng-[x]: 1 nyêkak, nyilikake; 2 gawe supaya ora rowa; 3 ora nganggo karamean tmr. duwe gawe; 4 nyidra, matèni dhêdhêmitan; [x]-an: cêkakan, wawasan sing cêkak.
ringkih :
kn: ora kukuh (santosa) tmr. pawakan, dandanan, budi lsp.
(ringkuk) :
ng-[x] pc: ngrungkuk.
(ringkus) :
ng-[x] pc: mringkus, ora mbêgagah.
ringkot :
êngg. kn: rèngkot.
(ringut) :
[x]-ên kw: nêpsu bangêt.
(ringring) :
di-[x](i) pc: diarêm-arêmi supaya aring; kc. aring.
ripah :
I (A) kn: sarwa akèh sarta sugih bangêt.

--- 531 ---

ripak ~ rujuk.

II pc: sêbutane bojon sayid.
ripak :
êngg. k: rupak.
ripak-ripuk :
êngg. kn: têlês, klêbus.
ripik-ripik :
êngg. kn: golèk rèncèk-rèncèk kayu.
ripu :
I kn: rapuh, repo. II êngg. kn: ribut. III (S) kw: mungsuh, satru.
ripuh :
êngg. kn: kc. ripu I.
(ripta) :
(cipta)-[x] kw: gagasan; ng-[x] kw: nulis, nganggit, ngarang.
ririh :
I kw: lirih, alon. II êngg. kn: ora kêtaton, ora kalong; kc. lirip.
riris :
kw: grimis.
ris :
I êngg. kn: 1 garis watêsing pakarangan lsp; 2 tali pinggiraning layar lsp; di-[x]-i êngg: diwatêsi. II kw: alon, sarèh; kc. aris. III êngg. pc: gès, grès.
risak :
k: rusak.
ri-saksana :
kw: ing nalika iku banjur, tumuli.
risalat :
(A) kn: 1 kongkonan; 2 layang .
risang :
kw: (ing sang ...) sang, up. [x] prabu.
risèpsi :
kn: rêsèpsi.
ri-sêdhênge, ri-sêdhêngira :
kw: mbênêri, pinuju.
risi :
kn: 1 krasa kêri, krasa ora kêpenak; 2 krasa ora sênêng; ngrisèni: njalari risi.
risidhèn, risdhèn :
kn: residhèn.
risig :
êngg. kn: 1 sarwa rêsik tmr. omah lsp; 2 ora kêmproh, brèsèt; 3 srêgêp.
risih :
êngg. kn: risi.
risiko :
(W) kn: pituna.
rispis :
êngg. kn: rupiyah.
risrisan :
êngg. kn: tembok minangka dhasaring pagêr lsp.
rit :
I di-[x] pc: diêrit. II sa-[x] pc: sajalan tmr. têtunggangan.
ritak, ritèk :
êngg: karêbèn.
ritang :
kw: ingkang.
riti-riti, ritik-ritik :
êngg. kn: rintik-rintik.
(ricih) :
ng-[x] êngg. pc: nggrêjih (tansah udan).
(ricik) :
I ng-[x] êngg. kn: 1 milah-milah, ngarani pêperangane; 2 milang, metung diprinci-princi; (rê-) [x]-an: pêperangan, prabot sing prêlu-prêlu. II (udan) [x]-[x] kn: grimis sing rada agal; ng-[x]: tansah udan.
(riwa) :
[x]-[x] êngg. kn: rewa-rewa.
riwayat :
(A) kn: crita, dongèng babad.
riwana-wulung :
kn: ar. wit, kayune dianggo jimat.
riwa-riwi :
êngg. kn: wira-wiri.
riwe :
(êngg. kn) ki: kringêt; riwènên k: kringêtên.
(riwêd, riwêg) :
ng-[x]-i êngg. kn: ngribêdi, ngrigoni, makewuhi.
riwêng :
kw: judhêg, wis ora wêruh apa-apa.
riwih-riwih :
kn: mili dlèwèran; kc. rèwèh.
riwil :
kn: angèl ladèn-ladènane; kc. rèwèl.
riwis-riwis :
kn: ora pati dêrês tmr. udan.
riwit :
lombok [x] pc: lombok rawit.
riwug-riwug :
kn: mawa rambut akèh; kc. rewog.
riwuk :
ut. rêriwuk kn: rêrusuh, sing njalari ribut; di-[x]-i: dirusuhi, dibêbidhung, dirigoni.
ri-wuse, ri-wusning, ri-wusnya :
kw: sawuse.
riwut :
1 kw. prahara; 2 kn. nêpsu bangêt, sarwa sêrêng tandang-tanduke; kc. ribut.
ryak :
kw: ombak.
ru :
I kw: sêrik; kc. êru. II kw: panah. III kn: sacêngkal pêsagi (14,19 m2).
ruba :
ut. rêruba kn: 1 pawèwèh kanggo golèk pamrih (sih); 2 bêsêl; dirubani: diwènèhi rêruba, dibêsêli.
(ruba-gini) :
ng-[x] kn: ngundhakake rêrêgan luwih saka mêsthine (marga barange wis kêbacut ora ana lsp).
rubaya :
kw: robaya.
rubeda :
kn: pakewuh, alangan.
rubêd :
kn: alangan, pakewuh; di-[x]-i: dialang-alangi, dipêkewuhi; kc. ribêd.
rubês :
êngg. kn: 1 ribut, riwut; 2 kisruh-kisruhan, gègèr; 3 angèl ambah-ambahane tmr. dalan.
rubiyah :
bkn.[7] ak: wong wadon (rabi).
rubiru :
kn: aru-biru.
rubuh :
n. rêbah k: 1 (tiba) ambruk; 2 sumèlèh wrata (ora ngadêg); 3 diucapake miring tmr. aksara swara, up. â diucapake a: ng-[x]-i: 1 rubuh ngênani; 2 êngg. mbêlèh raja-kaya sing kêcilakan; [x]-an êngg: iwaking kewan sing dirubuh (dipurak); ka-[x]-an: karoban.
rubuk :
I êngg. kn: 1 pandumane padha; 2 sumbut, kurup. II [x]-[x], (re)[x]-an êngg. kn: gêgrombolan padha nglakoni panggawe maksiyat.
rubung :
kn: gêgrombolan tarap ngubêngi, up. sing tuku [x]; [x]-[x]: gêgrombolan wong akèh ngubêngi; ng-[x]: nggrombol tarap ngubêngi; kc. ubung.
ruda-pêksa :
kw: pêksa, njiyat; kc. roda.
rudah :
kw: rudatin, susah atine.
rudatin :
n. rudatos k: sêdhih, susah.
rudira :
(S) kw: gêtih.
rudita :
kw: susah, sêdhih.
ruditya :
br: rudita.
rujad :
kn: bujat, rusak pisah-pisah saka ing gêgathukane; di-[x]: dibujad, dirusak sarana disêmploki.
(rujag) :
I di-[x] êngg. kn: 1 dikrubut, dirudug; 2 dipêksa tmr. wong wadon. II di-[x], [x]-an kn: dibathik têrusan bae tanpa nganggo pola.
rujak :
kn: ar. ombèn-ombèn ut. panganan sing digawe wowohan mêntah lsp.
ruji :
kn: 1 wêsi, kayu lsp. sing kanggo iga-iganing cêndhela, pagêr, payung lsp; 2 lar-laraning rodha; 3 lar-laraning cakran.
rujit :
kw: 1 pating sluwir tmr. kêmbang lsp; 2 kakênan atine, susah; di-[x]-[x]: disuwir-suwir, disuwèk-suwèk.
ruju :
êngg. kn: ragil; kc. wruju.
rujuk :
I kn: ora sulaya, rukun; sa-[x]: wis mupakat; di-[x]-i: diombyongi, diguyubi.

--- 532 ---

rudhira ~ rumuhun.

II kn: balèn ningkahan manèh (sajroning idah ing pêgatan kang kapisan lan kapindho); ng-[x]: mbalèni bojo sing wis dipêgat.
rudhira :
(S) kw: gêtih.
rug :
I kw: jugrug, lêbur; kc. êrug, urug, rugrug.. II di-[x] êngg: diadhuk tmr. lêmah; kc. arug.
rugi :
I êngg. kn: kuwatir, sumêlang; 2 mbêbayani; dirugèni: disujanani, disumêlangake; kc. runggi, sangga-runggi. II êngg. kn: tuna; ka-[x]-an: kapitunan.
rugol :
êngg. kn: rigol.
rugrag :
kw: oyag, jugrug.
rugrug :
êngg. kn: jugrug; kc. rug.
ruhara :
kw: 1 orêg, gègèr; 2 kuwur (susah) atine.
ruhun :
kw: dhisik, biyèn; dipun-[x]-akên êngg. k: didhisikake; kc. karuhun, rumuhun.
ruhur :
kw: luhur, dhuwur.
ruyung :
I kn: kayune wit arèn; 2 kw: borang.
ruk :
I pc: dhenok. II di-[x]: pc: dikêruk.
rukêm :
kn: ar. têtuwuhan wohe enak dipangan.
rukêt :
kn: 1 êngg. rakêt bangêt; 2 (prang [x]) gêlut pêpulêtan; di-[x]: dikêkêp (dirangkul) kêncêng bangêt; di-[x]-i: dirakêt tmr. pamitran.
rukma, rukmi :
(S) kw: êmas.
rukuh :
kn: bngs. jubah putih dianggo sêmbahyang tmr. wong wadon.
rukuk :
(A) kn: ndhungkluk ing nalikane salat; kc. rêkangat.
rukun :
I kn: 1 rujuk manèh; 2 ora pasulayan, guyub; di-[x]: 1 diajak bêcik, diajak bêdhami; 2 pc: dibêsêli; di-[x]-ake: dirujukake, diguyubake; (re-) [x]-an: padha rukun nggayuh sawijining bab; kc. pirukun. II di-[x]-i êngg: disêdhiyani, dicêpaki, dijagani. III ([x]-ing agama) kn: kawajiban limang prakara kang prayoga dilakoni tmr. pêpakoning agama Islam.
rukun-desa :
n. [x]-dhusun k: apa-apa sing wis dimupakati ing parêpatan desa.
rukun-gawe :
kn: pagawean gugur-gunung.
rukon :
kn: rukun; kc. gêndhon-rukon.
ruksa :
(S) kw: 1 rusak, bubrah; 2 sêdhih, susah.
(rukti) :
di-[x], diruktèni kn: 1 dirumat, dipulasara; 2 disudhiyani, dicêpaki.
rum :
I kw: arum. II pc: njêrum (akon njêrum marang sapi lsp). III kn: ar. minuman kêras.
rumab :
êngg. pc: 1 lara panas (kadhêmên); 2 kumat, angot.
rumabasa :
kw: ngrabasa; kc. rabasa.
rumaja-putra :
(-putri) kn: umur-umurane bocah lanang (13 taun) bocah wadon (11 taun).
rumagang :
kw: tumandang ing gawe; kc. ragang.
(rumah) :
di-[x]-i kn: diombèri, disudhiyani papan; [x]-an: klowongan, papan sing disêdhiyakake, sadhiyan; kc. romah.
rumahab :
kn: kalawan rahab bangêt; kc. rahab.
rumah-bolah :
(M) kn: omah kanggo sênêng-sênêng (sositit).
rumah-gila :
(M) kn: papan kanggo mulasara wong edan.
rumah-lelang :
(M) kn: omah kanggo lelangan.
rumah-makan :
(M) kn: rêstoran.
rumah-obat :
(M) kn: toko jamu, apotik.
rumah-sakit :
n. griya-sakit k: papan kanggo mulasara wong lara, hospital.
rumah-setan :
(M) kn: gêdhong kanggo pakumpulan Vrijmetselaar.
rumakjun :
kn: ar. têtuwuhan.
rumakêt :
kn: sumanak bangêt; kc. rakêt.
rumambas :
kn: mbrabas têmbus tmr. banyu; kc. rambas.
rumamyang :
kn: katon ramyang-ramyang.
rumanti :
n. rumantos k: 1 wis miranti, wis sêdhiya; 2 tata-tata, sumadhiya.
rumancaka :
kw: njalari susah (kangelan); kc. rancaka.
rumangkang :
kn: mbrangkang.
rumangsa :
n. rumaos k: 1 wis krasa sajroning ati, mangrêti; 2 wis ngakoni salahe lsp; ngrumangsani: wis rumangsa; kc. rasa.
rumangsang :
kw: nggayuh, ngranggèh, ngrangsang; kc. rangsang.
rumaup pada :
kw: sujud nyungkêmi sikil; kc. raup.
rumaos :
k: rumasa, rumangsa.
rumaras :
I kw: miris, susah. II kw: bêcik, endah, sarwa tata; kc. raras, laras.
rumasuk :
kn: mlêbu, manjing tmr. tamba lsp; kc. rasuk.
rumat :
n. rimat k: 1 êngg. wis rumanti; 2 diopèni (dipiyara) kanthi têmên-têmên; di-[x] êngg: diopèni, dijaga murih aja nganti ilang; di-[x]-i êngg: 1 diopèni; 2 disimpên.
rumbah :
êngg. kn: jêjanganan.
(rumbu) :
isih [x]-[x] êngg: isih règèng-règèng, durung mari babar pisan.
rumbuk, rumbut :
êngg. kn: rungkud, akèh thêthukulane.
rumêgêp :
kw: nyandhak, nyêkêl gêgaman lsp; kc. rêgêp.
rumêksa :
kn: njaga; kc. rêksa.
rumêmbe :
kw: sêmi, tuwuh.
rumêmbês :
br: ngêmbês, rêmbês.
rumêntah :
k: rumuntuh, (tumiba).
rumênga :
kw: krungu.
rumêngkuh :
kn: bêcik pangrêngkuhe; kc. rêngkuh.
rumêsêp :
kn: 1 mlêbu ing (tmr. barang cuwèr lsp); 2 ngrêsêpake; kc. rêsêp.
rumiyin :
k: 1 dhisik; 2 biyèn.
rumil :
êngg. kn: tansah ndrêmimil njêjaluk.
rumyang :
êngg. kn: rame.
rumujag :
kw: nggrujug; kc. rujag.
rumuhun :
êngg. k: 1 dhisik; 2 biyèn.

--- 533 ---

rumuntuh ~ rupak.

rumuntuh :
n. rumêntah k: tumiba; kc. runtuh.
rumucat :
kn: ucul panganggo; kc. rucat.
(rumpak, rumpêk) :
di-[x] kw: dirusak, dilêbur.
(rumpaka) :
ng-[x] kn: 1 nyandra kalawan kêkidungan; 2 nganggit têmbang panyandra; rumpakan: 1 panyandra ing têmbang (kêkidungan); 2 têmbang, kidungan.
rumpi :
kn: bngs. klambi jas kotang kanggo rangkêpan klambi jas bukak.
rumpil :
kn: angèl ambah-ambahane tmr. dalan lsp.
rumpuk :
êngg. kn: tumpuk, têtumpukan; di-[x](i): ditumpuk, disungsun; [x]-an: tumpukan, umpuk-umpukan.
rumpung :
kn: pothol, sêmpal, gothang.
rumput :
k: sukêt.
rumpon :
kn: suwakan ing kali sing didèkèki sangkrah-sangkrah kanggo masangi iwak.
runa :
kw: rusak, pakewuh; kc. runah.
runah :
kw: 1 rusak, pêcah, putung; 2 sêdhih, susah; ng-[x]: 1 ngrusak, mêcah; 2 nusahake.
rundah :
kw: sêdhih; kc. rudah.
runjah-runjah :
kn: 1 jola-jola tmr. jaran; 2 pc. lincak-lincak marga bungah.
(runjak) :
ng-[x] êngg: mumbul ngranggèh; kc. lunjak.
(runjang) :
ng-[x] kn: 1 nrajang, nêmpuh; 2 pc. nrombol mèlu gunêman, melik (ngêsur) pangkating liyan.
runjung :
êngg. kn: awangun lancip; kc. brunjung.
rundha :
êngg. kn: nganglang ing wayah bêngi; kc. rondha.
(rundhuk) :
di-[x] kn: arêp ditêmpuh lsp. sarana mlaku alon-alon sarta sêmu mbrangkang; kc. krundhuk.
runtag :
kn: 1 êngg. orêg, mawalikan tmr. ombak ing sêgara; 2 gorèh, kuwur atine; ng-[x]-ake: njalari runtag.
runtak :
êngg. kn: larahan, rêrêgêd ing lêmah.
runtang-runtung :
kn: tansah awor ora tau pisah (yèn mlaku lsp); kc. runtung.
runtik :
kw: sêrik, nêpsu.
(runting) :
di-[x] kw: disuwèk, disuwir-suwir; kc. rontang-ranting.
runtungan :
êngg. kn: rontogan.
runtuh :
I n. rêntah k: 1 tiba saka ing dhuwur (marga uwal, mrucut, pêthil lsp); 2 tumiba, tumêka tmr. dhawuh; 3 kluron, têrag tmr. wêtêngan; [x] atine: duwe kawêlasan; [x] talake: wêwênange mènèhi talak (pêgat) wis ilang (sapisan lsp); di-[x]-i: 1 ditibani; 2 diwènèhi sih (ganjaran lsp); di-[x]-ake: 1 ditibakake; 2 diwènèhake tmr. talak; 3 ditêragake tmr. wêtêngan. II ng-[x] kn: ngrintih.
(runtung) :
[x]-[x], rêruntungan kn: tansah urut-urutan, tansah bêbarêngan mlaku lsp.
runtut :
kn: 1 rampak, cocog padha gêdhene; 2 (atut [x]) rukun bangêt, anggone jêjodhohan; 2 nunggal laras ora ana sing mênjila; di-[x]-ake: dipêpatut, dilaras.
runtyaka :
kw. ak. sêrik, nêpsu; kc. runtik.
runcang-runcung, runcung-runcung, rêruncungan :
kn: runtang-runtung, runtung-runtung, rêruntungan.
runcat :
kn: rucat.
runya :
kw: wc. karunya (wêlas, asih).
rungak-rungak :
kn: kagèt njêngêr sarta bingung (wêdi).
rungge :
ut. [x]-an êngg. kn: wuli (wulèn).
(runggi) :
kc. sangga runggi.
runggut :
êngg. kn: rungkud.
rungih :
ut. [x]-[x], ng-[x] kn: cilik mbangir tmr. irung.
rungkad :
kn: ambruk bêdhol saoyode tmr. wit-witan.
(rungkêb) :
ng-[x] kn: 1 têturon (linggih) raine ungkêb-ungkêb; 2 êngg. caos sing mblandrêng nganti 2 dina ut. luwih; ng-[x]-i: 1 ungkêb-ungkêb karo ngrangkul ut. ngraup; 2 sungkêm bangêt marang, ngantêpi agama, piyandêl lsp; kc. krungkêb.
rungkêt :
êngg. pc: rukêt.
rungkil :
êngg. kn pating jlêgong tmr. dalan.
rungkud :
kn kêtêl sarta akèh thêthukulane; rêrungkud: thêthukulan sing rungkud; mbabadi rêrungkud pr: ngilangi prakara-prakara sing ruwêd.
rungkuk :
[x]-[x], ng-[x] êngg. kn: linggih (mlaku) gêgêre mbungkuk.
(rungkup) :
di-[x] êngg. ditukup, digrudug ing kècu lsp.
(rungu) :
(n. pirêng k) di-[x] n. dipunmirêng (pirêng) k: ditilingake, digatèkake; dirungoni n. dipunmirêngi (-pirêngi) k: diwèhi wêruh, dikabari; dirungokake n. dipunmirêngakên (-pirêngakên) k: ditilingake supaya krungu; rungon n. mirêngan k: 1 bisa krungu (ora budhêg); 2 swara, uni; (re-) rungonên n. mirêngên k: tansah krasa kaya krungu swara; kc. krungu, kêprungu, pangrungu, prungon.
(rungrum) :
di-[x] kw: dirêrêmih sarana têmbung manis.
(rungrung) :
ke-[x]-an kw: gêndhêng marga kedanan.
rungsêb :
êngg. kn: angèl ambah-ambahane tmr. dalan; kc. rubês.
rungsêg :
êngg. pc: rusak.
rungsit :
kw: gawat, rumpil bangêt.
rupa :
n. warni k. warna ki: 1 kaanan wêwujudaning apa-apa sing didêlêng; 2 dhapur, wujud; 3 pc. warna (abang, ijo lsp); 4 jinis, bangsa; 5 (a-[x]) awujud; [x]-[x]: warna-warna, akèh warnane; sa-[x]: tunggal rupa, sabangsa (sajinis); sa-[x]ne: sakabèhe, ngrupakake: mujudake, nganakake, nyadhiyakake; rêrupan: maujud.
rupak, rupêk :
kn: ora ombèr, ora lêga; 2 ([x] atine, [x] budine, [x] sêgarane) ora gampang ngapura ing liyan; 3 ([x] jagate) judhêg, kêntèkan pasaban; ng-[x]:

--- 534 ---

rupa-candra ~ rojah-rajèh.

nyiyutake (ngringkês) jajahaning liyan.
rupa-candra :
kw: candra-sangkala.
rupaka :
kw: kc. rumpaka.
rupêk :
kn: rupak.
(rupeya) :
ng-[x] êngg. kn: mrêduli, ngrèwès, nggape.
rupi :
êngg. k: rupa.
rupiyah :
(ut. [x] putih, [x] rispis) kn: dhuwit salaka sing ajine satus sèn (120 dhuwit); [x] abang (-pêcah, -gobang, -prentah, -têmbaga): rupiyah ajine 100 dhuwit (83½ sèn).
rupini :
(S) kw: ayu, endah.
rupit :
êngg. kn: rupak bangêt, ciyut bangêt tmr. dalan.
rurah :
kw: rusak, bubrah; mang-[x], ng-[x]: ngrusak.
rurêk :
kw: rukêt tmr. pêrang; mang-[x], ng-[x]: ngrukêt, nêmpuh.
ruru :
I kw: gogrog, rontog, runtuh. II di-[x] kw: digolèki, diupaya; kc. luru.
rurub :
kw: lurub; di-[x]-i: dilurubi.
ruruh :
I êngg. kn: wanguning praèn sarèh; kc. luruh. II di-[x] êngg. kn: digolèki, diluru; kc. luru.
rus :
(W) kn: 1 kêmbang mawar abang; 2 tatanan mata intên.
rusak :
n. risak k: 1 wis ora tumata kaya maune, bubrah; 2 lêbur, kuru bangêt tmr. badan, nandhang susah tmr. ati, dhadhal tmr. barisan, ora gêmah raharja tmr. nagara lsp; 3 pc. bubrah tmr. tatanan, nalar lsp; di-[x]: dibubrah, digawe rusak; ka-[x]-an: 1 nandhang rusak; 2 samubarang sing rusak.
rusban :
êngg. kn: rêsban.
rusêg :
êngg. kn: rêsêk.
rusiya :
êngg. kn: 1 wêwadi, wadi; 2 agawe onar sarana laku kang winadi.
rusiku :
kw: saru-siku.
rusit :
kw: gawat; kc. rungsit.
rusuh :
n. rêsah k: 1 ora tata, tanpa tatanan; 2 êngg. pc. crobo, rakus, kêmproh; 3 ala bangêt tmr. kalakuan; 4 rêtu, ora têntrêm tmr. nêgara lsp; rêrusuh: rêrêtu, ontran-ontran; ng-[x]-i: 1 êngg. pc: ngrêgêdi, njalari crobo; 2 ngrigoni, ngrêridhu, makewuhi; 3 (ut. ng-[x]-ake) njalari rusuh, mbubrah katêntrêman; rêrusuhan: 1 kalakuan sing ora bêcik; 2 gegeran, ontran-ontran.
rut :
I êngg. kn: kabèh, kabèh katut. II di-[x] kn: ditalèni singsêt, ditalèni karo saka lsp.
rucah :
kn: para, asor (tmr. kaanan, barang, pangkat lsp).
rucat :
kn: 1 uwal saka gêgandhèngane; 2 êngg. cucul panganggo; 3 sèlèh pangkat, lèrèh; di-[x]: 1 diuculi (diuwali, dicopoti); 2 dilèrèhi, dipocot; 3 (ut. di-[x]-i) dibukaki sandhangane.
rucêk :
kn: ora cêtha las-lasan tmr. tulisan.
ruci :
êngg. kn: ringas, gampang nêpsune.
rucira :
(S) kw: 1 sumorot, mêncèrèt; 2 endah, nêngsêmake.
rucuh :
êngg. kn: bngs. rujak.
(ruwag) :
[x]-[x] kn: ora tata; di-[x] êngg: dirucat, disêmploki; kc. ruwèg.
Ruwah :
kn: sasi kang kawolu (mangsane wong ngirim mênyang kuburan); dhèk-[x]-e êngg: jênate; [x]-an: slamêtan ing sasi Ruwah.
ruwat :
kn: 1 luwar saka ing panênung (pangêsot, wêwujudan sing salah kêdadèn); 2 luwar saka ing bêbandan paukumaning dewa; di-[x]: 1 disarati murih luwar saka panênung lsp; 2 diluwarake saka bêbandaning dewa sarana slamêtan lsp; 3 dipatèni tmr. kewan lsp. sing mbêbayani; [x]-an: slamêtan lsp. prêlu ngruwat.
ruweda, ruwida :
kw: rubeda, rêribêd.
ruwèg-ruwèg :
kn: reyab-reyab ut. pating slêmbrèh ora tata.
ruwèh :
êngg. kn: boros, sênêng ngêcèh-êcèh dhuwit lsp.
ruwêd :
kn: 1 bundhêt tmr. bolah lsp; 2 kisruh ut. angèl paniti priksane tmr. prakara lsp; 3 êngg. bingung, kuwur tmr. ati.
ruwêd-rêntêng :
kn: rêrêtu prakara sing njalari rêntênging nêgara lsp.
ruwid :
êngg. kn: kêbak thêthukulan (sukêt lsp].
ruwida :
kw: rubeda, rêribêd; kc. ruweda.
ruwiya :
kw: crita, dongèng.
ruwing :
[x] kupinge êngg: sumruwung, brêbêg.
ruwit :
êngg. kn: 1 canthukan cilik; 2 alus ngrawit.
ro :
n. kalih k: linggane têmbung loro; kc. loro, rong.
rob :
I kn: mbuwal mundhak gêdhe tmr. banyu sagara, banjir; ang-[x] kw: mbanjiri, nglubèri; di-[x]-i br: 1 dibanjiri, dilêbi, diblêbêg ing banyu; 2 diwèhi sih lsp. akèh bangêt, dikrubut akèh; ka-[x]-an br: 1 kêbanjiran, kêlêban; 2 kawenehan sih lsp. akèh bangêt, kêwratan, dikrubut ing akèh. II êngg. kn: eyub, ayom.
(robah) :
I [x]-[x] kn: 1 barang-barang sing gêdhe-gêdhe ngêbak-êbaki papan; 2 pêpanganan sing kasar-kasar. II di-[x] êngg. pc: diowahi, diganti; [x]-an: owah-owahan; kc. brubah.
robaya :
kw: aku, -ku.
robak-rabèk, robat-rabèt :
êngg. kn: padha suwèk pating sluwir.
robèt :
êngg. kn: 1 suwèkan gombal; 2 girik, dluwang suwèkan langgo ciri; di-[x] êngg: dibage-bage manèh tmr. sawah lsp.
robyong :
kn: alèn-alèn (gombyok bêling lsp) dianggo rêrênggan ditata pating kranthil; di-[x]: dirêngga ing robyong.
rod :
kw: surud tmr. banjir lsp.
roda :
ut. [x]-paripêksa, [x]-pêksa kn: tindak panjiyat kanthi pêksa; di-[x] br: dipêksa; di-[x]-pêksa, di-[x]-paripêksa: dipêksa, dijiyat.
rodok :
êngg. pc: rada.
rodra :
(S) kw: galak, nêpusu[8] bangêt, mêmêdèni.
rojah-rajèh :
kn: suwèk (tatu) kaya ajur.

--- 535 ---

(rojèng) ~ ronggah-ronggah.

(rojèng) :
ng-[x] êngg. kn: nyolong pari sing isih ana ing sawah sarana dibabadi.
rojod :
êngg. kn: bojod, rujad.
rojoh :
êngg. kn: dhuplak kinang.
(rojong) :
ng-[x](i) kn: njurungi, mupakati, nayogyani, ngombyongi.
rodha :
kn: 1 glindhinganing kreta lsp; 2 êngg. bngs. grobagan cilik; [x]-kamprèt êngg. kn: keseran.
rodhong :
kn: aling-aling ing tanduran têmbako; kc. krodhong.
(rog) :
di-[x] kn: dioyag-oyag (supaya wohe lsp. tiba) kc. rogrog.
roga :
(S) kw: lara.
rogadi :
(S) kw: lêlara.
rogêl :
(W) kn: ar. rêricikaning mungsik.
rogul, rogol :
êngg. kn: runtuh, tiba; kc. rigol.
(rogoh) :
ng-[x] kn: nglêbokake tangan ing kanthongan lsp. arêp njêjupuk; di-[x] atine: dijajagi, diwêruhi atine.
(rogok) :
ng-[x] êngg. kn: pawakan kuru dêdêge lêncir.
rogrog :
êngg. kn: gogrog, runtuh; udan [x] asêm: udan sing mung sagrabyagan sarta tlêthiking banyu agal-agal; [x]-an: ndrodhog marga lara kadhêmên.
roh :
(A) kn: 1 dat sing mawa budi ora kêna ginayuh ing pancadriya; kyt: malaekat, setan lsp; 2 jiwa, badan alus.
roham-rahèm :
êngg. kn: bubrah, rusak pating jlêmpah.
rohani :
(A) kn: kang awujud roh.
rohot :
êngg. kn: rusak, bubrah.
royah-royah :
pc: ora tata, grusa-grusu.
royak-rayèk :
pc: reyak-reyok, wis bubrah pating sêngkayig.
royal :
kn: sênêng mbuwang dhuwit ut. nglakoni maksiyat.
(royo) :
(ijo) [x]-[x] kn: ijo ênom sumringah.
(royok) :
rêroyokan êngg. kn: tumandang ing gawe bêbarêngan wong akèh; kc. kroyok.
royom :
I êngg. kn: ayom, eyub. II êngg. kn: cocog, golong rêmbug; di-[x]: dirubung; (re) [x]-an: padha jêjagongan omong-omongan.
(royong) :
di-[x]-([x]) kn: diangkat (diusung) bêbarêngan wong akèh; kc. gotong-royong.
royot :
êngg. kn: rayat, wong sing kabawah.
rok :
I kw: têmpuh arukêt; a-(ma-) [x], ng-(mang-[x]) [x]: nrajang, nêmpuk, ngamuk. II (W) kn: ar. klambi dawa.
rokèl :
êngg. kn: pating brêndjul tmr. dalan.
roki :
(W) kn: ar. klambi dawa; kc. rok II.
rokok :
kn: lintingan têmbako dianggo udud; ng-[x]: 1 nglinting rokok; 2 êngg. sênêng udud; 3. êngg. udud.
rokrokan :
êngg. kn: jelungan.
rol :
I ut. pulisi rol (W) kn: ar. pangadilan kang mriksa prakara palanggaran cilik-cilik; di-[x]: 1 diladèkake ing pangadilan rol; 2 êngg. dirolis. II (W) kn: gulungan.
rolah, rolak :
(W) kn: 1 bata kang ditata ngadêg ing sadhuwuring palanging kori lsp; 2 êngg. tanggul cilik kanggo amping-amping.
rolas :
n. kalih-wêlas k: 12.
rolikur :
n. kalih-likur k: 22.
(rolis) :
(W) kn: nacahake kuli nyambut gawe; di-[x]: 1 diwilang (diundangi) jênênge tmr. kuli nyambut gawe; 2 êngg. dicacahake jiwane.
roma :
(S) êngg. k: rambut.
(romah) :
kc. rumah.
romal :
êngg. kn: ikêt.
(rombah) :
ng-[x] êngg. kn: golèk iwak mênyang sêgara bêbarêngan wong akèh.
(rombak) :
di-[x] kn: dibubrah, dibubrah banjur diganti.
rombang-rambing :
kn: rontang-ranting, pating sruwèk.
rombèng :
ut. [x]-an kn: gombalan; kc. prombengan.
rombong :
kn: 1 êngg. bngs. tenggok gêdhe; 2 èngg. pc. aling-alinging têtuwuhan sing lagi tuwuh; kc. srumbung.
rome :
êngg. pc: rame.
(romès) :
ora di-[x](i) pc: ora dirèwès.
romot :
êngg. kn: barang-barang sing rêgêd ora kanggo.
rompang :
kn: ompong, padha pothol tmr. untu, jungkat lsp.
rompi :
(W) kn: bngs. klambi rangkêpan.
rompyo, rompyoh :
[x]-[x] kn: katon kêtêl krêmbyah-krêmbyah.
rompok :
kn: 1 gubug cilik; 2 êngg. pc. pondhok, omah.
rompot :
kn: rungkud, mawa wulu pating jlêbud.
ron :
I k: godhong. II êngg. pc: congkrah sêrik-sêrikan; kc. êru.
(ronjat) :
ng-[x]-i êngg. kn: nglunjak ngranggèh.
(ronje) :
ng-[x] kn: lêncir cilik tmr. dêdêg-piyadêg.
rondha :
êngg. kn: nganglang ing wayah bêngi; kc. rundha.
rondhe :
I kn: rêndhêt, rêmbên, randhat. II kn: glindhingan kêtan dianggo ampas wedang.
rondhon :
êngg. kn: godhong.
rono :
êngg. pc: mrono.
rontang-ranting :
kn: padha suwèk pating sluwir.
rontèk :
kn: gêndera cilik alandheyan tumbak.
rontog :
kn: gogrog kabèh tmr. wowohan lsp; [x]-atine: runtuh kawêlasane.
(ronce) :
ng-[x] kn: 1 nganggit kêmbang, mêrjan lsp; 2 ngandharake, nyritakake njlèntrèh; (re-) roncèn: 1 anggitan (karangan) kêmbang lsp; 2 andharaning crita sing nglantrah.
ronyok :
(suwêng) [x] kn: suwêng mawa mata intên gêdhe-gêdhe.
rong :
I n. kalih k: 2 (kanggo wilangan ana ingarêp, up. [x] iji, [x] puluh). II kn: lèng sing gêdhe, up. [x] ula, [x] yuyu, ngê-[x]: mlêbu ing rong.
rongèh :
kn: ora antêng, tansah polah.
ronggah-ronggah :
kn: gêdhe dhuwur dhadhane jêmbar tmr. pawakan.

--- 536 ---

rongge ~ sabên.

rongge :
ut. [x]-an êngg. kn: wuli, wulèn.
ronggèng :
êngg. kn: tlèdhèk.
ronggos, ronggot :
êngg. kn: rungkud, runggut.
rongkob :
kn: pêtêng dening rungkud ut. akèh wit-witane sing gêdhe-gêdhe; ng-[x]: tumêlung nutupi tmr. wit-witan sing gêdhe.
rongkong :
kn: balung gêgêr dalah saigane pisan; rêrongkongan: 1 bêbalungan; 2 jêjrangkongan.
rongrongan :
kn: guthêkan sêla-sêlaning cagakan omah; kc. ngrongrong.
ropal :
kn: nopal.
(ropeya) :
di-[x] êngg. kn: digape, diopèni.
ropèk :
kn: ringkih.
ropêl :
I êngg. kn: dhobêl, rangkêp. II (W) kn: bngs. pasah.
(ropyan) :
I [x]-[x] kn: padha kasukan mangan enak. II di-[x]-i êngg: diopèni.
ropoh :
êngg. kn: pagêr mawa êrèn, rêrèncèkan lsp; di-[x]-i: dipagêri ing ropoh.
roro :
kw: loro.
ros :
kn: 1 singgêtaning têbu (pring lsp); 2 athik-athikaning bêbalungan, gêgêlitan; 3 lajêring prakara, rêmbug lsp; di-[x]-i: dikêthoki saka sa-ros; sing di-[x]-ake lara apa: apa sing dadi lajêring lara; kc. rosan, rosrosan.
rosa :
kn: 1 kuwat; 2 duwe kakuwatan sing ngluwihi; 3 bangêt, kêluwih-luwih, sugih; dirosani: disêntosani, dipêksa.
rosan :
k: têbu.
rosok :
kn: wis rusak marga lawas; [x]-an: barang sing wis bubrah (rusak).
rosrosan :
kn: gêgêlitan, athik-athikan.
rostêr :
(W) kn: 1 bngs. cêndhela (pintu angin); 2 tarip, daftar.
rota :
kw: galak, mêmêdèni.
rotan :
1 êngg. kn pênjalin; 2 ki. têkên.
roti :
kn: ar. panganan sing digawe gandum dipan.
rotuh :
êngg. kn: runtuh.
(rot-rot) :
di-[x]-[x] êngg: diiris-iris, digêrêt-gêrêt.
rocoh :
êngg. kn: trocoh.
(rocok) :
di-[x] êngg: dikrocok.
rowa :
kn: 1 ora ringkês; 2 ora climèn tmr. duwe gawe.
rowak-rawèk :
kn: pating sruwèk.
rowan :
êngg. kn: sapi lsp. sing wis tuwa.
rowang :
kw: rewang.
rowang-rawing :
kn: padha tatu, padha gowang.
rowe-rowe :
êngg: rawe-rawe.
rwa :
kw: ro (loro).
rwab :
kw: rob.
rwi :
kw: êri.

 


Rabu'ssamawati wa'lardi. (kembali)
ngêhaki. (kembali)
dirambahi. (kembali)
ditrajang. (kembali)
disêmpali. (kembali)
nggêgèrèd. (kembali)
kn. (kembali)
nêpsu. (kembali)