Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Y

ya ~ yak-yakan.

ya :
n. inggih kn elakake yèn wangsulan cocog karo pitakone, up. apa iki bukumu? ya; 2 nelakake sumanggêm, saguh, mupakat, gêlêm, up. Sesuk mênyanga pasar! ya; 3 uga, uga mêngkono, up. kowe mlarat, aku ya mlarat; 4 pancèn, mula nyata, up. ya mèmpêr rêga sêmono; 5 nelakake yèn padha bae, up. Radèn Dananjaya ya Radèn Janaka; 6 lan uga, lan manèh, up. mantumu kuwi ya anake wong sugih ya priyayi; 7 dianggo ngantêbake surasane pitakon ut. pamênging, up. Sapa ya sing njupuk? Aja dianggo dolanan ya!; 8 sabawa saèm. dhuh, up. ya tallah têmên!; 9 nelakake yèn têmbunge sing buri diantêbake surasane, up. ya wis, ya uga; 10. mêngkono (mau) up. ya yèn gêlêm, yèn ora kêpriye? Ayake (i)ya! kc. iya.
(yab) :
[x]-[x]-an kn nglayab (biyayakan mrana-mrana).
yadi :
kw yèn.
yadin :
kw yèn.
yadyan :
kw yèn, sênadyan.
yadyapi :
kw malah uga, sênadyan mêngkono.
yadyastun :
kw sênadyan mêngkono, dêstun.
yadnya :
(S) kw kurban, sajèn.
yaèn :
yagèn êngg. kn wiyaèn, ora nriman.
(yag) :
[x]-[x]-an êngg. kn sag-sagan, kêsusu.
yaga :
kn wc. wiyaga, niyaga.
ya-gene :
ut. geneya n. punapaa k sêbab apa, kêna apa.
yah :
I pc: (yak) kn nelakake ora ngandêl, maido. ngêmohi, gumun; kc. hiyah, biyah. II pc: wis wayah: [x] apa: wayah apa; [x] ene(mene): wayah mêngkene (kasêp).
yahagên :
êngg. kn wiyaèn.
yai :
êngg. kn êmbuh; kc. kyai.
ya-iku :
n. inggih puniku k 1 nêrangake surasane têmbunge kang ngarêp, up. Bangsa Yahudi, yaiku ...; 2 têgêse, jarwane: up. Kang diarani pêndhita, yaiku wong sing ...
yaya :
kw 1 bapa; 2 kaya; kc. yayah.
yayah :
kw: 1 bapa; 2 kaya.
yayah-rena :
kw bapa biyung.
yayah-wibi :
kw bapa biyung.
yayan :
kw sênadyan.
yayasan :
kn omah gêdhe; kc. yasa.
yayi :
kw adhi.
yak :
I pc sabawa nelakake ora ngandêl lsp; kc. yah. II [x]-[x]-an kn: biyayakan.
yak-a, yak-e, yakku, yakna, yaknan, yaknèn :
êngg. pc ayake, layake (bok mênawa).
yakin :
(A) kn 1 nyata têmênan; 2 mêsthi, gênah; 3 wis ngêrti têmênan; ng-[x]-ake: 1 nyatakake nggênahake; 2 niti priksa; ka-[x]-an: apa-apa sing wis dinyatakake, pangandêl.
yak-yakan :
kn biyayakan; kc. yak.

--- 176 ---

yakut ~ yun.

yakut :
kn bngs. kristal sok dianggo mata ali-ali lsp.
yaksa :
(S) kw: buta, danawa; cs. 5.
yaksi :
(S) kw: danawa (buta) wadon.
yakti :
(S) kw 1 nyata, têmênan; kc. yêkti; 2 pêndhita; kc. yati.
yam :
pc hyang (ing padhalangan).
yama :
(S) kw. ak 1 paro, rakit, kêmbar; cs. 2; 3 ar. dewaning pati.
yamani :
kw naraka.
ya mèn :
êngg. pc karêbèn.
yan :
I kw yèn. II [x]-[x]-ane pc: gênah bangêt.
yana :
(S) kw. ak kreta, tunggangan, dalan.
yani :
(S) kw. ak kali.
yang :
pc hyang; ka-[x]-an: kadewan.
ya ngèn :
êngg. pc karêbèn.
Yaudi, Yahudi :
kn ar. bangsa asale saka Palèstinah.
yauk :
ora [x] êngg. pc ora jodho (sênêng).
yapwan :
kw yèn.
yar :
kw yèn.
yarbuk :
(W) kn layang cathêtan taunan.
yasa :
I (S) kw. ak jasa. II (S) 1 kw. gêdhong, omah; 2 kn. gawe, ngêdêgake omah lsp; diyasakake: digawe, digawèkake; yasan, yêyasan: 1 omah gêdhong; 2 gêgawean, sing digawe; 3 êngg. kn. darbèke dhewe-dhewe tmr. sawah ut. têgal.
yasadarma :
(S) kw bapa.
yasa-kambang :
kw bale kambang.
yasin :
surat [x] (A) kn ar. bab kang kaping 37 ing kurän, sok diwacakake marang wong sing arêp mati..
yasti :
(S) kw. ak pênthung.
yata :
kw 1 yaiku; 2 banjur, nuli.
ya-ta :
pc: iya ta.
yata, yatallah :
pc kc. ya
yatanyan :
kw supaya.
yatapin :
kw sênadyan.
yatarta :
(S) kw. ak mulane.
yati :
(S) kw pêndhita; cs. 7.
yatim, yatin :
(A) kn lola (sadurunge lair bapakne wis mati).
yatindra :
(S) kw (yati indra) pêndhita linuwih).
yatiwara :
(S) kw pêndhita luhur.
yatku :
êngg. pc niyatku.
yatma, yatmaka :
kw sukma, nyawa, badan alus.
yatna :
(S) kw pangati-ati, ngati-ati, prayitna; [x] yuwana lena kêna pr: sing sapa ngati-ati bakal slamêt, sing sêmbrana bakal tiwas; kc. yitna.
yatra :
k dhuwit.
yawa :
kw 1 jawa; 2 jaba.
yawat :
(S) kw. ak sênadyan mêngkono, kaya dene.
ye :
êngg. pc sabawaning gumun; kc. he.
yeka :
br (ya ika) yaiku.
yèki :
br (ya iki) yaiku.
yèku :
br (ya iku) yaiku.
yèn :
kn 1 têmbung panggandhèng nelakake isih janggêlan, up. [x] kowe gêlêm, têkaa!; 2 nelakake waktu (samangsa), up: [x] bapakmu wis têka, undangên mrene; 3 mungguh ing, tumrap ing, up. [x] aku êmoh, dikon nggarap garapan kaya ngono kuwi; 4 mênawa, bok mênawa, up. bênêre bae aku kuwatir [x] ora sida; 5 mundhak, up. aja sok dolanan ana ing pinggir sumur, [x] kêcêmplung lo!; 6 panggandhèng nelakake katêranganing gunêm ut. pangira (bilih), up. Bapak wis ngandika, [x] aku ora sida diutus mênyang Sala; 7 ([x] ... -a ) mungguha, saupama; up. Si Suta kae [x] sugiha mèmpêr, lah wong pamêtune akèh.
yêg :
1 kn. omah barêng; 2 pc: rukun; kc. iyêg.
(yêyês) :
ng-[x] êngg. kn mbladhêg udan bae.
yêksa, yêksi :
kc. yaksa, yaksi.
yêkti :
kw. (yêktos k) 1 nyata, têrang; 2 (ut. yêktosan k.) têmênan; diyêktèni (dipunyêktosi k); dititèni; diyêktèkake (dipunyêktosakên k); dinyatakake; sa-[x] kw: sanyata; kayêktèn: 1 kêbuktèn, konangan; 2 kanyataan.
yêktiwara :
kw pêndhita linuwih; kc. yatiwara.
yêktos :
k yêkti.
yêr :
kn rasane wong mumêt; [x]-[x]-an: nggliyêr, mumêt.
yêti :
pc yêkti.
yêtos :
pc yêktos.
yi :
êngg. pc kyai (êmbah, wong tuwa bangêt).
yiyid :
kn: barang cuwèr plikêt sing nasabi iwak loh lsp; ng-[x]: mêtu yiyide.
ying :
êngg. pc sing.
yitma :
kw sukma, nyawa, badan alus; kc. yatma.
yitna :
kw wêweka, pangati-ati; kc. yatna, prayitna.
yu :
pc wc. bak-yu (êmbok-ayu).
yuda :
(S) kw pêrang, papêrangan.
yuda-kanaka :
kw (ws. kukur-kukur) têmbang pangkur.
yuda-nêgara :
kw 1 iguhing pangrèh; 2 tata trapsila; kc. uda-nêgara.
yudasmara :
(S) kw aliron sih.
yujana :
kw kc. yojana.
yudhaka :
(S) kw prajurit.
yuga :
I (S) kw jaman (cacahe papat: krêtayuga, tetrayuga, dwaparayuga, kaliyuga). II kw: anak.
yugala :
(S) kw. ak somah, bojo.
yuyu :
kn ar. kewan mawa kulit thothok asikil sapuluh (urip ing banyu tawa); mata [x]: mata sing tansah kêmbik-kêmbik kaya arêp nangis; [x] rumpung ambarong ronge pr: omahe njênggarang nanging sêjatine mlarat.
(yuyun) :
ka-[x] kw kasêngsêm; kc. yun.
yuyut :
êngg. kn buyut.
yuk :
(C) kn bêndara (panyêbute batur Cina marang babahe).
yukti :
(S) kw pantês, patut.
yumana :
kw krêta raharja, slamêt.
yumani :
kw naraka; kc. yamani.
yun :
I kw karêp; kc. ayun. II di-[x] kn: dibandhul, diyod; [x]-[x]-an: bandhulan; kc. iyun.

--- 177 ---

Yunani ~ kabudidayan.

Yunani :
kn (basa, bangsa, tanah) Griêk.
yung :
pc wc. biyung.
(yungyun) :
ng-[x]-ake kw nêngsêmake; ka-[x]: kasêngsêm; kc. yun, yuyun.
yungta :
êngg. pc uwa wadon.
(yur) :
[x]-[x]-an êngg. kn mayug-mayug kanginan; kc. miyur.
yuri :
(W) kn juri, juru ngadili.
yusya :
(S) kw yuswa.
yustisi :
(W) kn pangadilan luhur.
yuswa :
(S) ki umur.
yuta :
I (S) kn 1.000.000. II kw. ak: bingung, wudhar.
yutapa :
(S) kw. ak sena-pati.
yutun :
tani [x] kn wong tani sing mungkul.
yuwana :
(S) kw slamêt, rahayu, tulus.
yuwaraja :
(S) kw. ak pangeran adipati.
yuwati :
(S) kw prawan.
yo :
pc ayo.
(yod) :
[x]-[x]-an kn yun-yunan munggah-mudhun.
yojana :
(S) kw ukuran pal-palan.
yodhêmporêm, yodhoporêm :
(W) kn jadhêmparêm (yodhoform).
(yog) :
di-[x] kn dioyog tmr. wit lsp; kc. iyog.
yoga :
I kw anak; kang a-[x]: bapa; kc. yuga. II kw: jaman; kc. yuga. III kw: pantês, patut; sa-[x]: sapantêse; kc. prayoga, sayogya. IV (S) kw. ak: sêmadi, ngêningake cipta; ma-[x]: sêmadi.
yogabrata, yoga-sêmèdi :
(S) kw ngêningake cipta.
yogi :
(S) kw pêndhita.
yogiswara :
(S) kw pêndhita linuwih.
yogya :
kw patut, pantês; kc. yoga III.
yogyapara :
kw. ak sigêg, matèni (tmr. aksara).
yogyaswara :
kw têmbung sing wandane wêkasan lêgêna samangsa diganti -i atêgês wadon, up. dewa-dèwi lsp.
yok-apa :
n. yok-napa k. êngg. pc kaya apa (kêpriye).
yoni :
kw sêkti, linuwih.
ywa :
kw aywa, aja.
Ywang :
kw hyang (dewa).