Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 06-12-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

B

ba :
(S) kw. ak sorot.
bab :
(A) kn 1 jêjêring karangan; 2 prakara kang dirêmbug; 3 mungguh ing.
babad :
I kn crita bab lêlakon sing wis kêlakon; di-[x]: dikarang dadi babad. II di-[x](-i) kn: ditêgori lan dirêsiki (gêgrumbulan, wit-witan lsp, dianggo padesan); [x]-an: palêmahan sing wis dibabadi; 2 êngg. (sawah) kang turun-tumurun (pusaka).
babag :
(ut. sa-[x]) kn tandhing (mungguhing gêdhene, umur-umurane lsp); [x]-an: 1. bambinging prau kang diwrata (kanggo ngunggahake barang ing prau lsp); 2. mungguh ing bab ...
babah :
I kn 1. (Cina babah) Cina pranakan; 2. (ut. bah) sêsêbutane Cina pranakan; [x] (ut. bah) buyut; sêbutane Cina pranakan sing wis tuwa. II di-[x] kn: dikêdhuki lan dibolong (tmr. bêbatur lsp. dianggo mbrobos); [x]-an: lawang; 3. (ut. babah) êngg. dadi jalaran, dhadhakan.
babak :
I kn mlècèt kulite; [x] bundhas ([x] bunyak); tatu padha babak akèh bangêt. di-[x]: 1 disèsèti lsp. kulite (tmr. wit); 2 êngg. digosok nganggo babakan (tmr. bolah lsp); [x]-an: pêcèlan klikaning wit. II (ut. [x]-an) kn: 1 saandhêgan (tmr. gêndhing); 2 saperangan (tmr. carita ing wayang wong lsp).
babak-salu :
kn bngs. klabang gêdhe.
babal :
I kn mêtu ucul (saka ing kurungan, kunjaran lsp) II kn: pêntil gori (nangka).
babar :
kn 1 (ut. m-[x]) bisa dadi akèh (tmr. olah-olahan); 2 (ut. m-[x]) dadi akèh, tangkar-tumangkar akèh (tmr. wiji lsp); 2 (ut.m-[x]) br.badhar, malih bali kaya wujude kang sakawit; 4 (ut. m-[x] (-ake) layar mbèbèr layar: m-[x]: 1 (ut. m-[x]-ake wadi) mbukak wadi (dikandhak-kandhakake); 2 wis dadi ut. wis rampung (tmr. gêgawean ngukir-ukir, ngêcap lsp); 3 nggarap lan ngrampungake; 4 nyoga bathikan; 5 ki. manak (duwe anak); 6 (ut. m-[x]-ake) nggêlarake (kawruh lsp); di-[x]-ake: 1 ditangkar-tangkarake (tmr. wiji); 2 didadèkake akèh; 3 dikon nggarap (nyoga) ing.
babaran :
kn 1 kang wis dibabar (digarap, disoga); 2 br. wêdharan; 3 ki. duwe anak.
babarji :
êngg. kn 1 babar-pisan; 2 pc. mati, sirna babar pisan.
babar-pisan :
kn 1 kabèh (dikatutake); 2 pambangêt atêgês têmênan, up. durung [x]; mbabar-pisani: ngrampungi; dibabar-pisanake: dirampungake (dikatutake, diêntèkake) kabèh.
babas :
(-an) êngg. kn dumadakan banjur, nuli.
babat :
kn wadhuk pangrêmêtan pangan (tmr. kewan bêlèhan); [x] galêng ([x] sumping, [x] tawon lsp): ar. siji-sijining peranganing babat.
babi :
kn bngs. cèlèng sing wis tutut.
(babing) :
di-[x] êngg. kn dibalang.
(babit) :
m-[x] kn nyabêtake pêdhang lsp. mênyang ing ngiringan; di-[x]-ake: dicêkêl lan disabêtake.
bablas :
kn 1 ilang saka ing pandêlêngan (lunga lsp); 2 wis adoh (lakune lsp); 3 têrus bae (tanpa menggok); 4 wis akèh (pasinaone lsp); 5 wis têkan kang dijangka; 6 pc. krungu saka kadohan.
babu :
1 kw. biyung; 2 kn. wong wadon sing gawene momong lsp (tmr. bature wong ngamănca); kc. babon.
babuh :
pc kc. babo.
(babuk) :
di-[x] êngg. ak digudag, dibijig.
babut :
kn bngs. klasa kang digawe wulu wêdhus lsp. ditênun.
babo :
kn. 1 sabawa mratelakake saguh, wani lsp; 2 br. saèm. dhuh.
babok :
êngg. kn 1 babon (pawitan); 2 (ut. [x]-an) kang baku.
babon :
kn 1 pitik wadon (wis ngêndhog); 2 kang dadi lajêr (liyane prasasat dadi pange ut. anake); 3 pawitan (kang dianakake); 4 awak-awaking barang sing mawa tutup (cangkir, bèsèk lsp); 5 kang asli (tmr. layang, kb. turunan)

--- 24 ---

(babrag) ~- bae.

(babrag) :
m-[x] kn lagi nêdhêng-nêdhênge mêmpêng lan brai (tmr. jaka, jago lsp).
babragan :
kn paga (wadhah kwali lsp).
(babrah) :
m-[x] êngg. kn. ngambra-ambra, dadi akèh.
(babrak) :
m-[x] kn 1 mundhak amba (tmr. tatu lsp); 2 êngg. nular mrana-mrana (tmr. gêni, lêlara).
(babral) :
di-[x] êngg. kn dipaprali, dipaprasi (tmr. têtuwuhan).
babrik :
êngg. knpabrik.
bada :
I êngg. pc: bakda. II bêbada kn mancal arêp lair (tmr. bayi ing wêtêngan).
badal :
I di-[x] (-i) kn ora diturut (tmr. dhawuh lsp). II (A) kn: 1 sêsulih (kang dikon munggah kaji); 2 êngg. wêwakil (ing prakaran babagan agama).
badan :
I êngg. pc riyaya lêbaran (bakda pasa); kc. bada, bakdan. II (A) kn (br.k): awak; [x] alus: roh, sukma; [x] wadhag: awak kang kasatmata; bêbadan: golonganing wong sawêtara kang pinatah ngrêmbug lsp.
badi :
(abadi) (A) kn.ak langgêng, kang wiwitan.
badir :
pc mubadir.
Baduwi :
(A) kn ar. bangsa ing tanah Arab.
badra :
I (S) kw 1 ak. kabêgjan, bêcik bangêt; 2 ak.ar. sasi; 3 ak.rêmbulan; 4 kn.ar. tênunan (tmr. jarit); kèmêngan [x] irawan br: susah bangêt. II bêbadra êngg. kn: 1 wiwit bêbakal; 2 mbabad alas.
bajag :
kn begal ing sêgara; m-[x]: 1 mbegal ing sêgara; 2 êngg. lunga nglurug.
bajang :
kn 1 dhasar cilik, kunthèt, up. bocah [x], kêcik [x]; 2 êngg. durung rampung babar-pisan (tmr. pagawean); di-[x]-ake êngg: diingu nganti dawa (tmr. rambut, wiwit lair ora dicukur); [x]-an: 1 êngg. pêntil pêlêm; 2 êngg. turahan pagawean; 3 wiwit lair ora dicukur (tmr. bocah).
bajang-kêrèk :
kn ar. walang.
(bajêng) :
I pam-[x] (mbajêng pc) k pambarêp. II m-[x], [x]-an êngg.kn: bêbanjêngan.
baji :
I êngg.ak rak ora, gèk mangsa. II kn: bngs. paku (ing têrbang lsp); kc. bèji.
bajing :
kn ar. kewan ngrikiti kang dadi ama krambil; m-[x]: 1 pc. dadi bajingan; 2 êngg. bêburuh nglakokake grobag; [x]-an: 1 wong kang gawene ngutil (nyêbrot); 2 (tela [x]-an) êngg. tela dicêmplungake badhêg, kluwa tela.
bajisan :
êngg. kn jothakan, satron.
baju :
êngg.kn klambi.
baju-bèbèk :
kn ar. kewan êndhase kaya bèbèk.
(bajug) :
m-[x] êngg.kn kurang-ajar.
bajul :
êngg. kn. baya; [x] buntung pc wong sing sênêng bedhangan; [x] dharat pc: bajingan.
bajo :
kw bajag.
(bajong) :
m-[x] kn nepang banyu sing ngêndhong; di-[x]-i: ditêlêsi sarana banyu ngêndhong ditepangi; [x]-an: têtuku (nênunggang lsp) urunan.
bajra :
(S) kw 1 ak. intên; 2 ak. tumbak kang landhêpe lima; 3 blêdhèg, thathit.
badha :
êngg.pc padha.
badhag :
êngg.kn 1 êntèk; 2 muspra, tanpa guna.
badhaya :
kn 1 êngg. tlèdhèk; 2 bngs. srimpi ing kraton.
badhak :
(S) kw.ak alangan, cacad.
badhama :
kw 1 êngg. gêgaman; 2 bngs. wadung.
badhar :
kn 1 ak. wurung, ora dadi (tmr. tapa, niyat lsp); 2 êngg. malih rupa kaya kang mau.
badhawangan :
kw bulus.
badhe :
k 1 arêp; 2 bakal; 3 êngg. ora suwe nuli; m-[x] 1 kn.ak.mêthèk; 2 ak. bêdhèk; 3 (ut.mbêbadhe) k.mbakali.
badhean :
kn1 cangkriman; 2 êngg. babadan.
badhe-badhe :
êngg.kn papan nêmokake pangantèn.
badhèg :
kn 1 lêgèn arèn sing wis diadoni; 2 êngg. arak.
(badhèk) :
di-[x] êngg. kn dibêdhèk;kc.badhe.
badhèr :
kn ar. iwak kali saèm. gramèh.
badhêg :
kn mambu ora enak (kaya ambune kopok); 2 êngg.wis bosok sarta mambu; 3 êngg.pc.ora bêcik (kurang ajar, ala bangêt lsp).
(badhe) :
m-[x] kn durung tanak (isih rada atos tmr. sêga).
badhigal :
kn ênthung urèt; m-[x] ênggkurang ajar.
badhigas :
pating [x], [x]-an kn cênanangan ora ngêrti tata.
badhigul :
kn.ak bodho; [x] angêne pr: kumintêr.
badhik :
kn bngs. cundrik.
badhud :
kn 1 wong kang dadi lêlucon; 2 êngg. bngs. cathut; m-[x](-i): nglucu; [x]-an: lêlucon.
badhur :
êngg. kn [x]-[x], [x]-en: 1 kasar sarta mêrkotok (kulite); 2 pating blarut ut. sêmu biru (tmr. dhuwit slaka).
(badhog) :
m-[x] pc.ks mangan.
badhol :
kn ar. iwak loh.
badhong :
kn 1 blebekan rêrêngganing dhadha (wayang, jaran); 2 êngg. praba (rêrênggan ing wayang wangune kaya suwiwi ing buri gêgêr); 3 êngg. bngs.wuwu gêdhe; 4 êngg. kranjangan pikukuhing tanggul; 5 êngg. blebekan slaka lsp. tutup pawadonan (bocah); 6 êngg.ki.pawadonan.
bae :
kn. kemawon k 1 ngêmungake, up. iki [x], kowe [x]; 2 mung (ngêmu surasa lumrah, ora nggumunake) up. mêsthi [x] bisa, wong dituturi; 3 mung (ngêmu surasa kurang samêsthine, rada ngrèmèhake), up. yèn ora olèh lima, iya loro [x]; wong kaya ngono [x] kok kumênthus; ora mbae êngg, ora (dudu) baèn-baèn kn: bangêt, ngungkuli kang lumrah; dudu sabaene: ora lumrah (bangêt); dibaèkake pc: dirèmèhake, ora dipaèlu. II êngg.kn: dak-badhe (dak-bêdhèk) mêsthi ... (tmr. botohan, lsp), up. [x] sing abang apa sing putih.

--- 25 ---

(baekot) ~ bayor.

(baekot) :
di-[x] êngg. pc digithing.
(baèn) :
kc. bae.
(baenak) :
di-[x]-ake êngg.pc dibaèkake; kc. bae.
baenat :
(A) êngg.kn bukti, katêrangan.
baga :
I (S) kw guwa-garba; 2 pawadonan. II (S) kw.ak: bagean, perangan.
bagal :
êngg.kn janggêl.
bagas :
kn ora lêlaranên.
bagaskara :
kw srêngenge.
bagas-kuwarasan :
n. bagas-kasarasan k waras ora lêlaranên.
bagaspati :
kw srêngenge.
bagawan :
(S) kw (bêgja bangêt) sêsêbutaning pandhita, pêndhita, wong suci; m-[x] (mêgawan) kw: urip sacaraning pêndhita.
bage :
I (ut. sukur [x] sèwu) pc. nuwun bangêt dene, bêgja bangêt dene; bagea (-satêkamu) br muga nêmua rahayu slamêt; dibagèkake: diacarani ing nalikane têka. II di-[x] kn: diperang-perang, didum-dum; dibagèhi, dibagèni: diwènèhi bagean; [x]-an: 1 panduman; 2 perangan, pêprincèn.
bagèn :
I (ut. [x] ora, [x] tora) êngg karêbèn. II êngg: (sawah) darbèke wong akèh.
bagendha :
kn.ak sêsêbutaning ratu.
(bagêl) :
di-[x] êngg.kndibalang (nganggo tugêlan kayu lsp).
(bagi) :
di-[x] êngg.kn dibage.
bagja :
(S) kw bêgja.
bagna :
(S) kw rusak, sirna, lêbur, rampung.
bagus :
kn 1 êngg.pc.bêcik; 2 bêcik rupane (tmr.wong lanang); 3 sêsêbutane bocah (wong) lanang sing rada dhuwur pangkate.
bago :
kn. 1 lulup wit so; 2 bngs. bagor sing digawe lulup so.
(bagol) :
m-[x] êngg.kn ngapus-apusi (utang, nyilih lsp).
bagolan :
êngg.kn ar. jamu dianggo tamba wêtêng.
bagong :
êngg.kn ringgit êmas (dianggo mainan jam lsp).
bagongan :
êngg.kn basa kêdhaton.
bagor :
kn1 bngs. tênunan sing digawe godhong gêbang; 2 kanthong gêdhe sing digawe bagor.
bagowong :
kn.akgrahana srêngenge (rêmbulan) nganti êntèk.
bagrègan :
êngg.kn wis ora kukuh (rusak).
bah :
I êngg karêbèn: mbah-bah, mbah-ake êngg: ngêtogake bae (ora mitulungi lsp). II kn: wc. babah. III mbah pc: êmbah.
baha :
(S) kw.ak kali.
bahak :
kn bngs. manuk wulung; m-[x], mbêbahak ak: ngrêbut sarta ngêpèk darbèking liyan (njarah-rayah); [x]-an: jarahan.
bahan :
I (ut. abahan) êngg.kn kayu bakal balungan omah. II êngg.kn: karêbèn.
bahar :
(A) kn.ak sêgara.
bahêm :
êngg.kn bam.
bahni :
(S) kw gêni.
baita :
kprau.
baya :
I kn ar. kewan rumangkang, bngs. mimir; kêtiban tai [x] pc: kêna ing pandakwa; (kinêpung wakul) binaya mangap br: dikêpung ing mungsuh. II kn: 1 apa iya ..., ayake ..., up. [x] wis karsaning Pangeran; 2 (apa, sapa, ngêndi [x]) lah gèk (apa, sapa, ngêndi); [x] kêpriye: lah gèk kêpriye. III 1 kw. wêdi, mutawatiri; 2 (ut.bêbaya) kn.pakewuh, kacilakan (kang bakal kêlakon); sa-[x] pati br: rukun nganti têkan ing mati pisan; mbêbayani; 1 mutawatiri bangêt; 2 êngg. bangêt; ke-[x]-[x] br: tansah nandhang cilaka. IV. kw: janji (wc.ubaya).
bayah :
I kn mêri sing wis rada gêdhe. II êngg.kn: wêgah; m-[x]-i êngg: bangêt (tmr. lêlara).
bayaita :
kw.ak prajurit.
(bayak) :
[x]-[x], bêbayakan kn dhêdhampyakan akèh bangêt.
Bayaka :
bayaknan êngg ayake, bokmênawa bae.
bayakna :
bayaknea êngg ayake bae iya.
bayan :
I kw manuk bèthèt. II pc: kêbayan, gêbayan.
bayanaka :
(S) kw.ak nggêgirisi, mêmêdèni.
bayang :
I êngg.kn ambèn; di-[x](-[x]) ak: dirêrampa lan diusung (tmr. wong sêmaput lsp); [x]-an: 1 ak. wong sing dibayang-bayang (wong lara lsp); 2 ak. burukan, mêmangsan. II ma-[x]-an kw.ak: kêkitêr, mblayang.
bayangan :
êngg.kn wêwayangan.
bayangkara :
(S) kw.ak prajurit panjaga.
(bayangkare) :
di-[x] kn.ak ditêmokake banjur diarak (tmr. pangantèn).
(bayangkari, bayangkarya) :
br bayangkare.
bayar :
êngg. diblanja (diwènèhi bayar); 2 (ut. di-[x]-i) diwènèhi dhuwit minangka patukon, panyauring utang lsp; (pam-) [x]-an: ênggone mbayar (mbayari).
bayas :
kn ar. iwak loh.
bayatara :
(S) kw.ak mbêbayani bangêt.
bayawara :
kw undhang-undhang (dhawuh saka dhêdhuwuran); dibayawarakake: diundhangake, diwara-warakake.
bayèn :
êngg.kn lagi mêntas duwe bayi.
bayêm :
kn ar. têtuwuhan (godhonge ana sing kêna dikêla); siram-siram [x] pr: pujining wong akèh (bokmanawa ajalari kêlakon).
bayi :
kn 1 bocah kang mêntas lair; 2 êngg. gêndhuk (panyêbut marang bocah wadon).
bayinat :
(A) kn.ak bukti, katêrangan.
bayu :
I (ut.bêbayu) kn urat dalan gêtih; tanpa bêbayu br: lêmês, tanpa kakuwatan; bêbayon br: aji pangapêsan. II (S) kw: angin.
bayu-bajra :
(S) kw angin lan blêdhèg (prahara).
bayur :
êngg.kn adus wuwung.
bayonèt :
(W) kn sangkuh.
(bayong) :
m-[x] êngg.kn 1 padha têka ngumpul (arêp nggarap bêbarêngan); 2 padha ngumpul arêp ngêlahake lurahe (tmr. wong-wong ing padesan).
bayor :
kn ar. iwak.

--- 26 ---

bak ~ bale-kambang.

bak :
I (ut. [x]-e) êngg.pc: coba! mara! II [x]-e (tibake) êngg. pc: jêbul(e) III (W) kn 1 wadhah (banyu lsp); 2 êngg. kothakan palêmahan kang ditanduri têbu (diêlêt-êlêti kalènan); 3 palungguhan ing kreta. IV (c) kn: mangsi Cina. V êngg.pc: kêrtu têlu padha kabèh (tmr. main gonggong).
baka :
I (ut.mbaka) êngg.kn sangka, saka, up.dijupuki [x] lima.II (A) kn.ak: ora ewah gingsir, langgêng. III (S) kw.ak: manuk cangak.
bakah :
êngg.kn njênggar amba (tmr. pang lsp).
bak-ayu :
êngg.kn bok-ayu.
bakal :
n. badhe k. 1 apa-apa sing arêp dianggo dandanan; 2 calon, gadhangan dadi; 3 (ut. [x]-an) êngg. pacangan; 4 (ut.bêbakal, [x]-an) isih anyaran, durung dadi, durung dilêlantih; 5 êngg. rajangan godhong awar-awar dianggo nyêrèt; 6 êngg.arêp, nêdya, ing têmbe arêp kêlakon ... (bar, dirakêti têmbung tanggap); bêbakal, m-[x]-i: miwiti gawe (dandanan, desa lsp), miwiti nglêlantih (pêrkutut, jaran lsp).
(bakar) :
di-[x] kn 1 dipanggang ut. dicêmplungake ing gêni; 2 êngg. dibênêm (ing gêni blubukan); 3 êngg. diobong; [x]-an: 1 apa-apa sing dibakar; 2 (ut. ke-[x]-an) êngg. kobongan.
bakaran :
kn ar. mainan (nganggo kêrtu).
bakat :
kw.ak kuwat; kc.bangkat.
bakbakan :
kn klabakan.
bakda :
(A) kn 1 sawise (wêktu, tumindak); 2 êngg. rampung, bubar (tmr. pagawean); 3 (ut. bakdan) riyaya lêbaran (sawise pasa, 1 Sawal), klêbu uga riyaya 8 Sawal, 10 Bêsar, 12 Mulud; 4 êngg. sasi Sawal; sabakdane êngg: sawise.
bakên :
êngg.k 1 baku; 2 palungguh; kc. bakon.
baki :
kn tembor
bakyak kn :
gapyak, thèklèk.
bakyu :
kn sêdulur wadon kang kapêrnah tuwa.
bakmi :
(C) kn olah-olahan Cina kang nganggo mi.
bakmu :
(C) kn ar. olah-olahan Cina saèm, saoto.
baku :
kn. 1 kang pancèn têtêp duwe hak; 2 pokok (ing pagawean, pakaryan lsp); 3 (ut. bêbaku) lajêr ut. kang dadi dhêdhasar (tmr. wawasan, rêrêmbugan lsp); 4 kang wênang ndarbèni (nganggo nindakake lsp); bakune: 1 êngg. dhasare pancèn mula ...; 2 kang dadi jêjêre yaiku ...; dibakoni: dipokoki; kc. bakon.
bakuh :
kn 1 pêngkuh (ora gampang bujad); 2 êngg. kukuh atine.
baku-karang :
êngg.kn (wong desa) kang mung duwe pakarangan lan omah (ora duwe sawah).
bakul :
kn 1 wong wadon sing dodolan (cilik-cilikan); 2 êngg. wong sing kulak pamêtuning padesan lsp. arêp diêdol manèh; 3 êngg. wakul; [x]-an, bêbakulan: dodolan barang-barang (cilik-cilikan).
bakula :
kn ar. kêmbang.
bakung :
kn ar. kêmbang.
baku-omah :
(-omah) kn wong sing duwe omah.
baku-pajêg :
kn dhuwit pajêg lêmah.
baku-sawah :
kn 1 jêmbaring sawah sing dikênakake pajêg; 2 (ut.baku) êngg. wong sing duwe wênang ndarbèni sawah.
bako :
pc têmbako.
bakoh :
êngg.kc bakuh.
bakon :
kn 1 êngg. wêwênang mèlu ndarbèni sawahing desa; 2 (ut. baku) êngg. sawah palungguh (ing lurah desa lsp).
baksa, baksana :
(S) kw.ak pangan.
bakta :
I (S) kw.ak pangan. II m-[x] kw.ak: nggawa; kc. bêkta.
bakti :
(S) kw pakurmatan, sêtya-tuhu; kc. bêkti.
bal :
(W) kn 1 bundêran karèt ut. wlulang (dianggo dolanan); 2 buntêlan gêdhe (kapuk lsp. sing arêp dikirimake); 3 petunganing lawon, dluwang lsp; [x]-[x]-an: 1 dolanan bal; 2 êngg.pc. akèh bangêt.
bala :
I (S) kw ak.karosan, kakuwatan; 2 kn. prajurit kang mèlu pêrang. II kn: ar. wuku kang kaping sêlawe.
balabag :
br blabag.
balabak :
br blabak.
balabar :
br. blabar.
balad :
êngg.ak gugur-gunung.
baladika :
(S) kw.ak pangarêping prajurit.
balak :
I êngg.kn. gogrog ora bisa matêng (tmr. wowohan). II di-[x] kn.ak ora ditampa, ditampik, dibalèkake.
balaka :
kn blaka.
balanja :
kn blanja.
balang :
kn apa-apa sing dianggo nyawat; nututi [x] wis tiba pr: nututi basa sing wis kêwêtu; nyawat a-[x] wohe pr: duwe pangarah nganggo njaluk tulung marang sanak sadulure sing dipangarah; bêbalang br: kongkongan; di-[x]: disawat, diuncali.
(balap) :
m-[x] êngg.kn mlayu rikat bangêt; [x]-an: 1 rikat-rikatan mlayu (rêbut dhisik sarana mlayu lsp); 2 papan kang dianggo dhisik-dhisikan mlayu; 3 êngg. rêbut mênang.
bala-pêcah :
kn barang-barang sing gampang pêcahe (piring, cangkir lsp).
balas :
(W) êngg baluh (ing prau lsp).
bala-srèwu :
kn.ak ar.aji bisa nganakake setan akèh.
balawan :
(S) kw.ak sêntosa bangêt; kc. blawan.
bale :
1 kw:omah; 2 êngg.ak pêndhapa; 3 êngg. ambèn; kere munggah ing [x] pr: wong asor didadèkake luhur; cèkèl (cèkèr) longaning [x] br: wong kang asor.
bale-desa :
kn omah darbèking desa dianggo pakumpulan.
balèg :
kn 1 diwasa; 2 wis wayahe omah-omah; m-[x] êngg: wis kulina, wis ngêrti têmênan, kc. akil balèg.
bale-kambang :
kn omah-omahan ing têngahing blumbang (tlagan).

--- 27 ---

balela ~ bandakala.

balela, balila :
m-[x] kn mbangkang marang prentah, ngraman.
bale-mangu :
kn pangadilan ing kapatihan.
balèn :
n. wangsulan k 1 apa-apa sing dibalèkake; 2 (ut. balènan) êngg. wangsulan, jawaban; 3 apa-apa kang bali; 4 bali bêbojoan manèh (tmr. wong sing wis pêgatan); kc. bali.
bale-omah :
n. bale-griya k omah sarta pakarangan.
bale-pomahan :
n. bale-pemahan k kc. bale-omah.
balêman :
êngg. kn gêni mawa.
balês :
I êngg. kn 1 baluh (ing prau lsp); 2 bandhul (ing jaring, jala lsp). II êngg.kn: mêsin (wêsi) dianggo nggilês dalan. III di -[x]-i êngg.kn: diwangsuli (tmr.layang); [x]-an êngg: wangsulan (layang).
bali :
n. wangsul k 1 mênyang ing wiwitane; 2 diambali manèh saka wiwitan; 3 têka ing omahe; 4 êngg. mulih; di-balèni: 1 diwiwiti manèh saka kawitan; 2 diulihi manèh (tmr. bojo sing wis dipêgat); 3 dijupuk (ditiliki lsp) manèh; 4 ditindakake (digarap) manèh tmr. pagawean; dibalèkake: dikon bali, diulihake, diwènèhake manèh: kc. balèn.
balig :
êngg.kn kc. balèg.
balik :
kn 1 êngg. walik; 2 ([x]-an) nanging barêng, nanging yèn, nanging rèhne; 3 êngg.bali; 4 êngg.mulih; 5 br.walik(-an), kuwalik; m-[x]: 1 bali ngênêr marang asale (tmr. lakuning angin lsp, uga ent); 2 gênti mèlu marang mungsuhe; 3 pc. malik.
balila :
kn kc. balela
balingu, balinguh :
kw.ak berag, bungah, mêmpêng.
balya :
br. bali.
baluh :
kn 1 bandhul (dianggo nyilêmake jaring lsp); 2 ar. piranti misaya iwak; bêbaluh br: rewang (kêrêngan, padu lsp); di-[x]-i: dibandhuli; 2 (ut. dibêbaluhi) êngg.ak. dibiyantu (ênggone arêp laku ala, pêpadon lsp).
baluk :
I êngg.kn. bakul. II m-[x]-(-i) êngg.kn: mbalik.
balunan :
êngg.kn. mencla-mencle.
balung :
kn. tosan ki. raganganing kewan (manungsa); [x] pêking br: wong kang sèkèng; (gêtih cinelung) balung cinandhi br: (yèn ana) pêpati; [x] tinumpuk pr: ngrabèkake anak loro bêbarêngan; madu [x] tanpa isi (kêpesing)pr: pêpadon prakara barang sapele; ngumpulake [x] apisah pr: njodhokake bocah sing isih kaprênah sanak (supaya rakêt manèh ênggone sêduluran); m-[x] usus pc: kêkarêpane kêndho kêncêng; [x]-an, bêbalungan: 1 (kayu-kayu) raganganing omah; 2 lajêring crita.
balur :
I kn. dhèndhèng iwak loh (diasin). II [x]-[x] êngg.kn: bilur.
baluwarti :
kn. pagêr bata, bètèng (tmr. kang ngubêngi kraton).
balo :
êngg.kn. 1 kurang tanak (tmr.olah-olahan), mêntah; 2 bodho, mogol (tmr. sêsurupan).
baloh :
êngg.kn. ar. piranti misaya iwak; kc.baluh.
balok :
kn. 1 kayu sing wis diprèjèngi wangun pêsagi; 2 êngg. benggol (2 ½ sèn).
balon :
(W) kn. 1 dluwang (motha lsp) diwangun kanthongan bundêr (lonjong) diumbulake srana diisèni gas lsp; 2 êngg. plênthong diyan listrik.
balonan :
êngg.kn. mencla-mencle.
balong :
kn. 1 (ut. mbalong) lêdhok lan banyune ngêndhong (tmr. palêmahan); 2 êngg. blumbangan (tmr. dianggo ngingu iwak).
balowarti :
kn. baluwarti.
bam, êbam :
kn. untu pamamah; [x] wêkas(-an): bam kang buri dhewe.
bamba :
êngg.kn. mawa (arêng).
bamban :
I kn.ak. wiwit manèh (tmr.dolanan lsp). II kn: ar. têtuwuhan bngs. glagah (sok digawe klasa).
bambang :
I kw. satriya (nonoman) II kn: ar.ama pari.
bambêt :
êngg.k. pring.
bambing :
kn. pinggiring jurang, kali lsp; m-[x]: 1 dumunung ing bambing; 2 ndhoyong mayat (tmr. prau, dalan ing pinggir jurang lsp); [x]-an êngg: pinggiring kali lsp: kang mayat.
bambu :
êngg.k. pring; pukrul [x] pc: pukrul dudu wêton sêkolahan luhur; kc. bambon.
bambung :
êngg.kn. 1 (ut.mbambung) ora nganggo pikiran (gêndhêng); 2 kuwawung.
bambon :
kn. papan dianggo adol candu (ut. papan panyêrètan).
ban :
I (mban) pc. êmban. II (W) kn: 1 karèt blêbêd rodha pit (montor lsp); 2 êngg. sabuk wlulang (nganggo cathokan); 3 dluwang blêbêd (ing buku sing arêp dikirimake lsp). III (W) kn: dalan sêpur.
bana :
I êngg.kn. ora ana, ora bakal ana, II êngg.kn: palêmahan wrata. III (S) kw.ak: panah. IV mbêbana kw: njêjaluk marang.
banantên :
kn.ak. ar. bakal bngs.sutra.
banar :
kn. 1 longgar lan padhang (tmr. panggonan, papan); 2 êngg. ora sumpêg (tmr. ati); [x]-an: papan sing longgar padhang.
banarawa :
êngg.kn. (sawah [x]) sawah sing dumunung ing papan lêdhok yèn mangsa rêndhêng kêlêban banyu.
banat :
êngg.kn. 1 bngs. jaring; 2 (ut. [x]-an) bandhil.
banawa :
kw. prau.
banawi :
kw. bêngawan; kc.bênawi.
banda :
I kn. tali (tampar lsp) dianggo nalèni tangan; lawanan (lan) [x] pr: mêmungsuhan karo wong apês; di-[x]: ditalèni tangane karo pisan (tmr.dumunung buri gêgêr); bêbandan br: wong sing dibanda. II kw.ak: awak.
bandayuda :
kw. pêrang rukêt padha ijèn (tanpa gêgaman).
bandakala :
(ut. bandakalani) 1 kw. wani nglawan, ora gampang dikalahake; 2 êngg. mbêbayani.

--- 28 ---

bandana ~ bandhol.

bandana :
(S) kw.ak. 1 tali, tampar, srimpêt; 2 pakewuh; kc. bêndana.
bandar :
(Prs) kn.ak. kutha palabuhan; 2 wong sing dadi pancêr (sing dimungsuh botoh liyane, tmr. main kêrtu, dhadhu lsp); m-[x]: dadi bandar (ing mainan); (ka-) [x]-an, pam-[x]-an ak: pabeyan (kantor dianggo mupu beya ing palabuhan).
bandara :
kn. kc. bêndara.
bandawala :
(-pati) kw. prang tandhing nganti mati salah siji.
bandawasa :
kw.ak. karosan, kakuwatan.
bandera :
(Prt) kn.ak. gêndera.
bandêl :
kn. 1 ora cingèng, ora gêmbèng; 2 êngg. manuk dianggo jontrot.
bandêng :
kn. ar. iwak loh.
(bandhul) :
di-[x] êngg.kn. diiyun; kc. bandhul.
bandrèk :
kn. 1 (ut.laku [x]) dhêmênan karo bojoning liyan; 2 sorog (kunci) palsu; di-[x]: dibukak nganggo kunci palsu, diwêngakake kanthi dibujad.
(bandrêng) :
[x]-an, m-[x] êngg.kn. têrus bae tanpa lèrèn.
banding :
êngg.kn. bandhil.
banjang :
êngg.kn. pathokan ing sêgara dianggo piranti misaya iwak.
banjar :
kn. 1 ak. lêlarikan dawa; 2 (ut. [x]-an) kw. taman, pakêbonan; [x] dawa ak: desa kang têpung karo desa liyane; [x] pakarangan ak: pomahan; di-[x]-i (-ake): dibêntèli lan dipantha-pantha ana ing leleran (tmr. winih pari sing arêp diceblokake).
banjêl :
kn. sêsulih ing sawêtara mangsa (tmr. nindakake pagawean lsp), pangan kang dianggo gêgênti (marga kang baku ora ana); di-[x](-i): disulihi (sawêtara mangsa).
(banjêng) :
m-[x], bêbanjêngan kn. katon lêlarikan sarta gêgandhengan dawa.
banjêt :
êngg.kn 1 (pam-)bujuk; 2 jomblang; 3 tukang ajak-ajak milih (tmr. pilihan lurah desa); 4 wis omah bangêt (bisa nggèndèng liyane) tmr.dara; m-[x] êngg: tansah lunga mrana-mrana (nggêgolèki).
banjir :
n bêna k, gêdhe iline (tmr.kali); di-[x] êngg.pc: dibladhêg bae; kê-[x]-an: kêtrajang ing banjir, kêlêban.
banjir-bandhang :
kn banjir gêdhe (nganti gawe karusakan).
banjur :
n lajêng k 1 (ut. m-[x], [x]-an n. nglajêng, lajêngan k) êngg. têrusan bae tanpa lèrèn; 2 (ut. m-[x] n. nglajêng k) mlaku têrus; 3 têrus mlêbu (tmr. dhayoh); 4 nuli, tumuli; sa-[x]-e: têruse nuli, satêruse; di-[x]-ake: ditêrusake, ditutugake (tmr. crita lsp); kê-[x]: kêbacut, kêtêrusên; kê-[x]-[x]: têrus bae ênggone nglakoni ala.
banjut :
I (ut. mbanjut) êngg banjur, mbanjur. II di-[x] kn.ak: dijupuk digawa lunga, dijupuk nyawane (dipatèni). III êngg.kn: bêngkung.
bandha :
kn 1 kasugihan (barang, rajabrana lsp); 2 pawitan (ing padagangan); 3 êngg. barang-barang sing arêp dianggo gawe omah; dibandhani: diwragadi, diwènèhi pawitan;kc. bandhan.
bandha-bandhu :
kw. sugih bandha lan sugih sanak-sadulur.
bandha-bau :
kn. 1 mung pawitan bau (gêlêm tumandang); 2 iya diwragadi iya ditandangi.
bandha-beya :
br. wragad.
bandhan :
êngg.kn. 1 padha urunan (dianggo dêdagangan lsp); 2 urunan (dhuwit sing dianggo urun).
bandhang :
I êngg.kn. kranjang wadhah bibit têbu. II banjir [x] kn: banjir gêdhe; iso [x] kn: iwak iso sing pating kruwêl; tali (tangsul k) [x] ak: tampar dianggo sabukan prajurit jaranan (kanggo mbanda mungsuh); m-[x]: 1 mlayu bantêr (tmr. mungsuh); 2 pc. rikat bangêt (ênggone maca lsp); 3 ngatutake, nggawa tawanan; [x]-an: tawanan, apa-apa sing dijarah-rayah; kc.blandhang.
bandhat :
kn. tali (tampar gêdhe) dianggo mikul barang sing abot (sing mikul wong loro) di-[x]: dipikul nganggo bandhat.
bandhawa :
(S) kw.ak. sanak sêdulur.
bandhêk :
êngg.kn. ngucapake têmbung Jawa kang aswara a diucapake miring.
bandhêm :
kn. balang kang gêdhe lan antêp; di-[x]: 1 dibalang nganggo watu lsp. sing antêp; 2 êngg. dibanting; di-[x]-i: dibalangi ing watu antêb.
bandhêm-po :
([x]-pung, [x]-lêmpung) kn. 1 lêmah (lêmpung) digilig-gilig bundêr (dianggo dolanan); 2 êngg. bngs. kinjêng gêdhe.
bandhil :
kn. 1 ak.tampar mawa salangan dianggo nyawatake watu; 2 êngg. krikil (watu) ditalèni bolah dianggo ngarah layangan sing sumangsang, bolah lsp; 3 (ut. ri bandhil) êngg.ak.canggah (gêgamane wong jaga); di-[x]: disawat nganggo bandhil; di-[x]-ake: 1 dibalangake nganggo bandhil; 2 êngg. (dhuwit) dianggo tuku barang banjur diêdol manèh (supaya mundhak); [x]-an: 1 dolanan bandhil; 2 ar. wanguning ali-ali amata siji.
(bandhing) :
di-[x] êngg.pc. ditandhing;kc.pandhing.
bandhit :
(W) pc. maling (julig).
bandhu :
(S) kw. sanak-sêdulur.
bandhul :
kn. 1 apa-apa sing abot digandhulake (murih timbang, jêjêg lsp kyt. ing jam, traju, ing gawangan lsp); 2 êngg. tampang ing jala; 3 êngg. sabuntêlan (tmr. gula arèn, 4 ut. 5 tangkêp); di-[x]-i: ditrapi bandhul.
bandhulan :
(bandhulan êngg) kn. 1 tampar lsp. digantungake ing pang (jagrag) nganggo palinggihan dianggo yun-yunan; 2 ak. paturon bayi sing digantung (ing blandar lsp); 3 yun-yunan.
bandhung :
êngg.ak. barêng, bêbarêngan, barung (tmr.swaraning gamêlan); lumbung [x], sumur [x] ak: (lumbung, sumur) gêdhe; di-[x] ak: dirangkêp, dibarêng.
(bandhut) :
di-[x] êngg.kn. dipikul; kc. bandhat.
bandhol :
kn. 1 ndhugal, ugal-ugalan; 2 êngg. sêmbrana (dhêmên nglucu); 3 ringas (tmr. jaran); 4 êngg. bêbenggoling durjana; m-[x] êngg.pc: nglucu.

--- 29 ---

bandhosa ~ (banyuwara).

bandhosa :
êngg. kn. ambèn-ambènan nganggo tutup dianggo ngusung mayit (menyang kuburan).
bandhot :
êngg. kn. wêdhus lanang.
bandhotan :
kn. ar. ula.
bane :
kn.ak. swara; ora ana banène (banèke) êngg ana swarane wong.
banèh :
kn. ak. seje; kc. bènèh.
banèn :
aja [x]-[x] êngg. pc. aja nywara, aja kandha-kandha; kc. bane.
bani :
(A) kn. ak. anak, turun.
banija :
(S) kw. ak. sudagar.
baning :
kw. ak. bulus.
banu :
(S) kw. ak. sorot, srêngenge.
banon :
k. bata.
bantah :
kn. pêpadon prakara ngèlmu (kasampurnan); di-[x](-i): dipadoni; (bê-)[x]-an: pêpadon, rêbut bênêr.
bantal :
kn. ganjêl êndhas (ing nalikane turu); (ut. [x] susun, [x]-an) êngg. bêndungan ing pungkasaning lobangan (têbu); [x]-an: 1 nganggo bantal; ganjêl lèmèk (saèm. bantal cilik); 3 balok ganjêl ril.
bantala :
kw. lêmah; kc. buntala, butala.
bantaran :
kn. 1 papan sing cêthèk sarta ilining banyu bantêr (ing kali); 2 êngg. pawêdhèn ing pinggiring kali.
bantas :
kn. 1 sêru nganti krungu saka kadohan (tmr. unining bêdhil, mêrcon lsp); 2 êngg. bêcik bangêt, awèt sarta kêdhut (tmr. tênunan).
bantat :
kn. atos sarta kaku (tmr.roti, kulit abuh lsp).
(bantên) :
bêbantên kn.ak. kang dadi têtawur (patèn) murih bisa kalêksanan kang disêdya.
bantêr :
kn. 1 rikat, santêr; 2 kanthi mêmpêng (ênggone nyambut gawe); 3 sarwa akèh (ênggone nyêrèt, ambuwang dhuwit lsp); 4 kêndêl, ora wêdèn (tmr. wêwatêkan); 5 mêmpêng bangêt (ênggone nglakoni, tapa lsp); 6 sêru, bantas.
(banting) :
di-[x] kn. 1 ditibakake kanthi karosan, diwanting (tmr. wasuhan); 2 êngg. pc. diêdol sapayu-payune; [x]-an: gêlut gênti mbanting.
bantu :
kn. 1 pitulungan; 2 prajurit ut. wong-wong kang mitulungi; di-[x] êngg: dipitulungi; dibantoni: dipitulungi (tmr.nalikane pêrang).
bancak :
êngg.kn. bngs.cêthing dianggo wadhah tumpêng; di-[x]-i: dislamêti (tmr. bocah cilik); [x]-an: slamêtan tumrap bocah cilik (mbênêri wêtone lsp).
bancana :
(S) kw.ak. 1 pangapus, kagol; 2 alangan, bêbaya, pakewuh; di-[x]kw.ak: dirêridhu, diapusi.
bancang :
kn. ([x] loro, [x] têlu lsp) loro ut. têlung prakara arêp ditindakake (diarah) barêng; 2 (kala [x]) êngg. kala sing sindhêtane rangkêp; 3 êngg. tali dianggo mêpêti dalan; di-[x]: 1 êngg. ditalèni (dicêncang) dientukake barang loro ut. luwih; 2 (ut.di-[x]-i êngg) dicêncang (tmr. kewan). dialang-alangi supaya aja lunga; 3 êngg. dioyak.
bancar :
kn. akèh lan bantêr wêtune (banyu susu lsp).
bancèr :
êngg.kn. blancèr.
bancèt :
kn. ar. kewan bngs, kodhok.
banci :
I kn.ak. ora lanang ora wadon (wandu) II kn: ar. têtuwuhan godhonge kêna dikêla lan digawe tamba.
bancik :
kn. dhingklik lsp. dianggo ancik-ancik (sanggan lsp); m-[x] êngg.kn: wis manjing ing badan (dhêmit marang prewangan).
bancot :
ks. cangkêm.
banthak :
êngg.pc. 1 ndhaplang sarta gêdhe (tmr.sungu); 2 sarwa gêdhe lan sêntosa (tmr. pawakan).
banthan :
êngg.kn. pathon.
banthèng :
kn. sapi alasan; bêbanthèng br: agul-agul, senapati.
(banthêng) :
m-[x] êngg.pc. gagah lan bagus.
banyak :
kn. bngs. bèbèk gêdhe; m-[x]-i pc: klabakan, kèsusahan bangêt nganti bingung; (bê-) [x]-an br: gêgulungan (tmr. ombak).
banyak-angrêm :
kn. 1 ar. lintang; 2 tumpêng ing jêro isi êndhog.
banyak-dhalang :
kn. ar. upacara wadhah dipêtha banyak (êmas, slaka).
banyar :
kn. ar. iwak loh.
banyu :
n.toya k. barang cuwèr sing mêtu saka ing tuk lsp; nggarap [x]: kèl, pambêngan; tunggal [x]: tunggal ngèlmu (tunggal guru ngèlmu); [x] pinêrang pr: ngibaratake pasulayane sêdulur mêsthi enggal pulih; dom sumurup ing [x] pr: nyamar, arêp nyumurupi kanthi dhêdhêmitan; lêbak ilining [x] pr: karerehan kêrêp dianggo tiban (luputing lurah lsp. ditibakake sorsorane); ngangsu [x] ing kranjang pr: mêguru (njaluk wulang) nanging ora dipigunakake; ngubak-ubak [x] bêning pr: gawe rêrusuh; golèk [x] bêning pr: mêguru, mêdhukun; ora ana [x] mili mêndhuwur (munggah) pr: anak mêsthi niru wong tuwane; sing kêna iwake aja nganti buthêk banyune pr: sing disêdya bisaa kêlakon, nanging ora nganti gawe gêndra; caruk [x] pr: racakan (gêdhe cilik ala bêcik dirampêt padha bae); cur-curan [x] kêndhi pr: wani sumpah; bêbanyu pc: ngising; di-[x]: disiram (dilap lsp) ing banyu tmr. jago; m-[x] mili br: lumintu, têrusan bae; dibanyoni: ditêlêsi, diilèni banyu; lara banyunên: lara ngising; kc.banyon.
banyu gege :
n. toya gege k. banyu dicampuri kêmbang sarta dmantrani dianggo ngêdusi bayi.
banyu-landa :
n. toya landi k. ar. ombèn-ombèn saèm. limun nanging ora lêgi.
banyu-mas :
kn. bênang mas (dianggo mbludir lsp).
banyu rasa :
n. toya rasa k. ar. jasad asal wujude kaya jèr-jèran timbêl.
banyu tangi :
kn.ak. banyu dicampuri wedang dianggo ngêdusi bocah.
banyu tawa :
n. toya tawa k. banyu wantah (dudu banyu asin).
banyu tuli :
kn. banyu sing dianggo sarat nênambani.
(banyuwara) :
m-[x] kn.ak. tapa nyirik banyu.

--- 30 ---

banyu windu ~ bangsa.

banyu windu :
kn. banyu sing diwayokake.
(banyol) :
m-[x] kn. gawe lêlucon; [x]-an: lêlucon, badhutan.
banyon :
kn. 1 landhaning tai-wêsi dianggo sisig; 2 wilangan ênggone mbanyu jago (kang diêdu).
bang :
I mbang-wetan, mbang-kulon êngg.ak. ing (tanah Jawa) sisih wetan (kulon) II kn: wc.abang, up. wêsi bang: kc.bangbang. III di-[x] kn: disaguhi bakal diwènèhi dhuwit lsp. yèn bisa marèkake, nyêkêl durjana lsp. IV (ut. kanyor bang) (W) kn: kantor dianggo nglakokake dhuwit (nyèlèngi, ngutangi lsp).
bangah :
kn. kêmbang suwêg (walur).
bangal :
êngg.kn.ak. pugal.
bangas :
(A) kn.ak. tangining badan (besuk kiyamat).
bangawan :
kn. kali gêdhe,kc. bêngawan.
bangba :
êngg.kn. mawa (arêng)
bangbang :
I kn. ar. ama pari; kc. bambang. II [x] wetan kn: wayah esuk nalikane ngarêpake srêngenge mlêthèk (langite katon sêmburat abang); nyêkêl [x] alum-aluming praja br: nguwasani praja (nanggung ala bêcike); [x]-an: jarit kang mawa warna abang (dudu sogan).
bangbêt, bangbu :
êngg.k. pring.
bangèn :
êngg.kn. tansah bêgja ut. olèhan (ênggone mancing lsp).
bangêr :
kn. mambu ora enak (kayadene pacêrèn lsp).
bangêt :
n. sangêt k. 1 saya rêkasa (tmr.lara); 2 êngg.sêru (tmr. swara); 3 êngg. kalawan têmên-têmên, kalawan mêmpêng; 4 (mbangêti êngg) kêluwih-luwih, up. bêcik-[x]-ake: 1 digawe supaya luwih bangêt; 2 diantêpake, diwuwuh-wuwuhi (tmr.pakabaran lsp); kê-[x]-ên: kêladuk bangêt.
bangga :
kn. 1 ora nutut (nêdya nglawan lsp); 2 êngg.angèl (ditandangi, digarap, diwaca lsp).
banggal :
kn. 1 bangka, atos bangêt (tmr. gorèngan, kulit abuh lsp); 2 êngg. tunggak wit têmbako (sawise dipêthiki); 3 êngg. balang; di-[x]-(-i) êngg: dibalangi nganggo watu lsp.
(banggèl) :
m-[x] kn. 1 nggabigake êndhase arêp nyakot (kaya upamane asu dicêkêli buntute); 2 gênti mbantah (mangsuli, madoni); di-[x]-ake ak: dibangkèlake;kc.bangkèl.
banggi :
I êngg.k. baya II,IV. II êngg.k.ak: beya.III êngg.k: bangga.IV pintên [x] k: pirang bara.
bangi :
êngg.kn. pakan (ing pancing).
(bangir) :
m-[x] kn. lancip nglingir (tmr. irung).
bangka :
kn. 1 kaku lan atos; 2 ks.mati; 3 (ut.bangkan) êngg.atos (tmr. lêmah).
bangkak :
kn. 1 bangka, atos bantat; 2 êngg.ar.amaning têtuwuhan.
bangkan :
êngg.kn. atos (tmr. lêmah);kc.bangka.
bangkang :
I kn. bngs.keyong kulite atos; m-[x]: ora manut (marang dhawuh) mbalela. II di-[x] êngg.kn: disêmbuh (dibathik lan disoga manèh, tmr. jarit sing wis lawas).
bangkar :
êngg.kn. 1 rajakaya sing mati ora dibêlèh; 2 pagaweyan sing dilêntharake.
bangkat :
êngg.kn.ak. kuwat; kê-[x] ak: kêduga nandangi.
bangke :
kn. bathang (jisim sing ora karumat).
(bangkèk) :
m-[x] êngg. kn. cilik ing têngah.
bangkèkan :
kn. (madya, pamêkak ki.ak). têngah-têngahing gêmbung (saburining wêtêng).
bangkèl :
I êngg.kn. wong kang sênêng pêpadon. II m-[x] kn: 1 êngg. ngêpaki wade (kang arêp dikirimake); 2 ngêdolake dagangan (lmr.wade); di-[x]-ake: dikayuhake (tmr. dagangan wade); -[x]an: 1 bêbakulan sarana mbangkèl; 2 barang sing dibangkèl; 3 bakul kang ngayuh wadening liyan.
bangkit :
êngg.kn.ak. bisa.
bangkyak :
êngg.kn. thèklèk, gapyak; kc.bakyak.
bangku :
I êngg.kn. 1 wênang mèlu ndarbèni sawahing padesan; 2 sawah palungguh;kc.baku,bakon,bangkon.II kn: 1 êngg.bngs.dhingklik palinggihan; 2 meja (lmr. sing sikilane cêndhèk).
bangkokan :
êngg.kn. 1 sing wis gêdhe lan tuwa (tmr.kêthèk, kodhok lsp); 2 ks.wis tuwa.
bangkol :
(-an) kn. sindik (canthèlan) dianggo cangkolan (ing pikulan, lapak lsp).
bangkon :
êngg.kn. wêwênang ndarbèni sawahing padesan; kc.baku, bakon, bangku.
bangkongan :
êngg.kn. kodhok gêdhe.
bangkrah :
kn. 1 bubrah, rusakan (dandanan kayu); 2 ks. lara bubrah (korèng, gudhig lsp).
(bangkrung) :
-m-[x] kn. gêgêre mlêngkung.
bangun :
I 1 kw. tangi, gumregah; 2 (ut.gagat-bangun kn. bangun esuk ([x]enjing k)) kn. wayah esuk kira-kira jam 4-5. II m-[x] kn: 1 êngg.yasa, ngêdêgake omah lsp; 2 (ut.m-[x] anyar n. m-[x] enggal k) nganyarake manèh, ndandani; 3 ak. ngèmpêr-èmpêr, mangun; m-[x] ningkah; nganyarake paningkah (dianggo sarat supaya bisa duwe anak lsp); m-[x] tandha pr: ngiwahi prajanjian, malsu tèkên: m-[x] tapa br: nglakoni tapa; m-[x] turut: nurutan); m-[x] wêcana pr: nusuli gugat.
bangun-tulak :
kn. kc. bango-tulak.
(bangus) :
dibêbangus kn. diajani ala, diojok-ojoki.
bangsa :
kn. 1 jinising manungsa; 2 gêgolonganing manungsa kang tunggal jinis; 3 kang kalêbu gêgolongane (dening sipat wêwatêkane mèh padha), up. [x]-ning wit krambil; kabangsan: kang gêgayutan karo kaanan, watak lsp.tmr. marang bangsa.

--- 31 ---

bangsal ~ barêng

bangsal :
kn. omah gêdhe (lmr.ing kraton).
bangsapatra :
(S) kw. (godhong pring) ar. têmbang gêdhe.
bangsat :
kn. wong ala (bajingan lsp).
bangsawan :
(S) kw. darah luhur.
bangsi :
(S) kw. suling.
bangsul :
1. êngg. k. bali; 2. êngg. k. bale (ambèn).
bau :
KN. 1. lêngên; 2 (ut. bêbau) wong kang nandangi (nggarap); 3. êngg. wong kang mitulungi, pitulungan; 4. (utusan. bau desa) êngg. kuli ing desa; 5. êngg. lêlurahing dhukuh (kêbawah lurah desa); 6. ukuran jêmbar (± 7096.5 m2); dibaoni: ditandangi, dipitulungi nyambutgawe; kc. baon.
bau-danyang :
kn. ar. balungan omah (kayu sanggan blandar lsp).
bau-dhêndha :
(S) kw. (alêngên gada) kuwasa bangêt.
bau-kapine :
(-kapini) kn. ewang-ewangên (ora adil).
baul :
pc. wurung, ora dadi, bali (tmr. main, njêjaluk lsp).
bau-laweyan :
kn. ciri lêkik ing singkap (poking bau).
baung :
kn. 1. bruwang; 2. ar. iwak loh; m-[x]: jugug sêru.
baurêksa :
kn. dhêmit sing jaga (manggon ing sawijining panggonan); m-[x]: manggon lan jaga (tmr. dhêmit).
bausastra :
kn. layang ngêmot têgêsing têmbung-têmbung.
bau-suku :
kn. 1. bêbau saka ing padesan kang nggarap sawah palungguh lsp; 2. (pagawean [x]) pagawean gugur gunung.
baut :
I kn. wasis bangêt (gêgawean, ngarang lsp); ke-[x] êngg. pc: katut diêntèkake (tmr. dhuwit lsp). II (W) kn. piranti dianggo mutêr sêkrup lsp.
bauwedha :
(S) kw.ak. sakèhing kawruh.
baon :
(ut. bêbaon) kn. pirang-pirang bau, pangetunge nganggo bau.
bapa :
kn. 1. wong atuwa (kang lanang); 2. ak. kanggo panyêluk marang wong kang kapêrnah tuwa; m-[x]: nyêbut (nganggêp) bapa; kêbapan ak: ngèmpêri wataking bapa; kc. bapak.
bapa-babu :
kn. ak. 1. bapa-biyung; 2. kang mêngkoni.
bapa-biyung :
kn. wong atuwa sakarone.
bapa paman :
kn. sêdulure bapa (biyung) kang ênom.
bapak :
kn. rama ki. bapa.
bapang :
kn. 1. blabag njêpapang dipaku ing cagak (dianggo têtêngêr nuduhake dalan, katêrangan jênênging desa lsp); 2. ar. jogèt; m-[x]: njêpapang (tangane); suwêng [x] (-an): suwêng kang wangun njêbèbèh; layangan [x]-an: layangan kaya nganggo suwiwi.
bapêm :
êngg. kn. bundêran kuningan lsp. nganggo ciri gambar krun (dianggo ing dhadha dening prabot desa lsp).
bapuh :
I (ut. bapoh) êngg. kn. bakuh, pêngkuh. II (S) kw. ak: awak
bapra :
(S) kw. ak. pagêr bata, regol.
baptis :
kn. disiram (disilêmake) ing banyu minangka tanda pamartobat (tmr. agama Kristên).
bar :
pc. bubar, lebar.
bara :
I kn. bngs, sabuk nganggo gombyok; 2. ar. piranti misaya iwak; pêcruk tunggu [x] pr: dipasrahi kang dadi karêmane. II mbêbara kn: lunga mênyang ing liyan nêgara pêrlu golèk pangupa-jiwa. III kn: ak. satus yuta. IV (S) kw. ak: 1. abot, bobot; 2. wigati, pêrlu; [x] tan [x] br: kanggo sêsumbar atêgês: mangsa abota ora!; pira (ng) [x] n (pintên banggi k): dêstun malah ...
barah :
kn. bngs. lara budhêg.
barak :
I m-[x] kn. ak. nyolong raja-kaya; [x]-an: raja-kaya colongan. II [x]- [x] kn. ak: jèjèr lêlarikan; [x]-an: mèh padha umur-umurane. III (W) kn: omah tambêlan dianggo nyingkirake wong lara pès (ut. kang dikira lara pès); di-[x]: disingkirake mênyang ing barakan; [x]-an: omah (panggonan) dianggo nyingkirake wong lara pès.
baran :
I êngg. kn. têgal (ara-ara) pangonan (duwèke wong akèh). II panas [x](-an) kn. ak: panastèn, nêpson.
barang :
I kn. 1. apa-apa kang maujud; 2. gawan, momotan (ing sêpur lsp); 3 dandanan, piranti-piranti lsp; 4 (ut. sabarang) sakabèhe kang apa bae; 5. pc. dianggo ngantebake surasaning têmbung kang ngarêp, up. lah kok ndadak nulis barang!; ora barang-barang (barang-bèrèng) ptj: ora apa-apa. II. kn: 1. ar. dhasaring laras ing gamêlan; 2. ar. laras ing gamêlan pelog. III m-[x], mbêbarang kn: lunga mrana-mrana ngebarake kabisane (njogèd, nabuh gamêlan lsp); m-[x] amuk br: ngamuk; m-[x] gawe n. (m-[x] damêl k) êngg: duwe gawe (mantu lsp); mbêbarang wirang (wirang mbêbarang) br: nuduh-nuduhake kawirangane; [x]-an: tontonan lsp. kang mbarang.
barat :
êngg. kn. angin gêdhe (tmr. ing mangsa rêndhêng); kc. baratan.
barata, pabaratan :
kw. papêrangan.
baratan :
êngg. kn. sawah darbèke wong akèh; 2 (mangsa [x]) mangsa rêndhêng; 3. (tali [x]) tali wuwungan (kaolèhake molo).
bar-ji :
pc. babarji, babar-pisan.
barji, barci :
kn. lubèrci.
(barèh) :
m-[x]-i êngg. kn. saya bangêt (tmr. lara).
barèhan :
êngg. kn. barakan, pantaran.
barèk :
êngg. kn. (ut. barekan) barêngan karo kambi; 2. (ut. m-[x]) sarwa cukat, sarwa bêcik (sandhang panganggone lsp).
barèng :
êngg. kn. bêndhe.
barès :
kn. 1. lugu (ora duwe sêdya ala); 2. pc. pêsaja, tanpa rêrênggan lsp.
barès-kurès :
kn. lugu bangêt, pêsaja bangêt.
barèt :
(W) êngg. bngs. kopyah.
barêbah :
br. brêbah (kc. brubuh).
barêng :
n. sarêng k. 1 [ut. barêng-barêng êngg (be-) barêngan] tunggal wêktu ênggone tumindak (mlaku, nandangi [nan...]

--- 32 ---

(barêp) ~ basmi.

[...dangi] lsp); 2. ing nalikane, up. [x] wis kêtêmu karo sing duwe omah, aku banjur takon; 3. samangsa wis, up. lunga-lunga [x] arêp digêbug; 4. balik, dene yèn, up. aku mono isih lamban, [x] kowe rak wis brênggarowa; [x] sêdina: nunggal sêdina; di-[x]-i: 1. ditunggali (tmr. layang, nabuh gamêlan lsp); (bê-)barengan: 1. barêng; 2. kang barêng ênggone mlaku (madhayoh lsp).
(barêp) :
mbarêp pc. pambarêp n. mbajêng pc. pambajêng k. kang dhisik dhewe (ênggone lair, ênggone saku tmr. main, mlayu tmr. balapan).
barêsih :
br. brêsih.
bari, mbari :
êngg. kambi, barêngan karo.
baribin :
br. bribin.
(barih) :
m-[x]-i êngg. kn. saya bangêt (larane); kc. barèh.
barik :
(-an) êngg. barêngan karo, kambi.
barinan :
êngg. barêngan karo, kambi.
baring :
êngg. pc. 1. edan; 2. bêjijagan (ora tata) kasar.
baris :
I kn. 1. (ut. bêbarisan) tata lêlarikan (tmr. prajurit); 2. (pacak [x]) siyaga ing pêrang; 3 ajar pêrang (ulah gêgaman); 4. êngg. ulah raga; di-[x]-i: dijaga ing prajurit jèjèr-jèjèr (siyaga pêrang); [x]-an: 1. ak. prajurit kang padha pacak baris; 2. prajurit pribumi ing Madura; 3. êngg. ak. pulisi. II kn: wulu jago ing gulu ut. ing sacêdhake buntut. III êngg. kn. ak: buntêlan nganggo cêkêlan; di-[x]: dibuntêl nganggo sandhatan dadi kêna dicangking.
baris pêndhêm :
kn. pacak baris dhêdhêmitan (ndhêlik).
barja :
(S) kw. ak. wong wadon.
barkah :
(A) kn. pandonga, pangèstu; kc. bêrkah.
barkas :
(-an) êngg. ak. buntêlan, bêngkekan; kc. bêrkas.
barkat :
(A) kn. pangèstu; kc. bêrkat.
barleyan :
1 (W) kn. intên sing disarawèdi bêcik bangêt; 2. kayu.
barlèn, barlin :
kn. wêsi diputih kaya slaka.
baru :
kn. 1 êngg. lagi mêntas; 2 êngg. wang (10 dhuwit); limalas [x] êngg: 1.25 rupiyah; taun [x]: taun anyar; di-[x] êngg: ditanduri liyane (saliyane pari, palawija).
barubah :
kw. bingung lan kuwur atine;kc.brubah.
barud :
kn. tatu marga kêgarit (kêgèsrèk).
baruna :
jk. kulon.
barung :
1 kw. barêng (tmr.swara); 2 kn. saron (gêndèr, bonang) kang gêdhe; di-[x](-i) kn: 1 dibarêngi (tmr. swaraning gamêlan); 2 êngg.dikisruhi, dirigoni.
barus, mbarus :
(-an) êngg. nuli, banjur.
barusan :
êngg.kn. lagi bae, mêntas bae.
barut :
(wêsi [x]) êngg.kn. wilahan wêsi tipis (dianggo ngêban kothak lsp); gamêlan [x] êngg: gamêlan wêsi; di-[x] êngg: digêdhong (tmr. bayi).
baro-baro :
kn. jênang putih ditêngahi jênang abang sarta dicampuri gula krambil.
baron :
kn. 1 êngg. tanduran anyar (tmr.kopi lsp); 2 (W) kn.sêsêbutaning pangeran (darah luhur ing Eropah).
barongan :
kn. 1 oyod-oyodan lan êrèn ing dhapuraning pring; 2 tontonan awujud têtironing kewan galak (sing dadi wong dikrukup ing bagor lsp, nganggo topèng raining kewan).
baros :
kn. ar. wit.
bartis :
kn. ar. bakal klambi.
barwang :
jk. bruwang.
bas :
I êngg.kn. papah gêbang (dianggo tampar lsp).II (W) kn: lêlurah pangarêping wong nyambut gawe (tukang kayu, tukang batu lsp). III (ut.basa) êngg: mung.
basa :
I (ut. mbasa, mbasan) êngg. barêng (ing nalikane,yèn, balik, dene yèn); ora [x] êngg.ak: ora ngêmungake iki; kc. barêng. II kn: 1 ak. têmbung (pangucap); 2 sarana ginawe mêdharake gagasan awujud kaklumpukane têmbung-têmbung, up. [x] Jawa, [x] Inggris; 3 unggah-ungguhing têmbung kang mratelakake ngajèni (krama), up. yèn gunêman karo aku, ora susah [x]; 4 êngg. nyêbut papêrnahane, up. kowe karo aku [x] kakang; dibasani; diajak gunêman nganggo têmbung krama; di-basakake: 1 ak. dikramakake; 2 ditêmbungake nganggo paribasan (diupamakake kaya); bêbasan: têtêmbungan (ukara) kang ajêg panganggone, up. bêcik kêtitik ala kêtara.
basah :
I kw. bosok (tmr. bangke).
basah :
II kn.ak. sêsêbutaning senapati.
basahan :
kn.ak. panganggo kaprabon (dododan, kulukan).
basakna, basaknea :
pc. gèk kêpriye ênggonku arêp nêmbungake (mratelakake kagèt, nêpsu lsp).
basan :
kn. 1 padha dene nganggo têmbung krama; 2 (ut.mbasan) êngg. barêng; kc. basa.
basanta :
kw. 1 rêmbulan; 2 ar.têmbang gêdhe.
basang :
êngg.pc. barêng (basa, mbasa, mbasan); di-[x] êngg: dipasang.
basar :
(A) kn.ak. (paningal) maha-wikan.
bas-basan :
kn. 1 bêbasan pagaweyan (garapan); 2 ar. dolanan bocah saèm, mul-mulan;kc.bas.
basêng :
kn. bangêr bangêt (kyt. korèng).
basi :
I kn.ak. 1 ngijolake dhuwit; 2 (ut.basèn) cowokan ing nalikane ngijolake dhuwit; dibasèni: diwènèhi cowokan. II (ut.bèsi) kn: bngs. pinggan nganggo kupingan sarta nganggo tutup.
basih :
kc.bosah-basih.
basin :
êngg.kn. bangêr.
basir :
(A) kn.ak. waskitha; kc.basar.
baskara :
(S) kw. srêngenge.
basma :
(S) kw.ak. awu, kobong.
basmara :
(kabasmaran) kw.ak. kêsêngsêm.
basmi :
(S) kw.ak. kobong; kc. bêsmi

--- 33 ---

basmibuta ~ bawa

basmibuta :
(S) kw.ak. kobong dadi awu (sirna).
basu :
I di-[x](dibasuh) êngg. diwasuh. II (S) kw.ak: ar. golonganing satêngah dewa (cacahe wolu).
basundara, basundari :
(S) kw.ak. bumi.
basuki :
kw. slamêt, rahayu.
baswara :
(S) kw. sumorot, gumêbyar.
bat :
êngg. tilasing pagaweyan.
bata :
n. banon k. 1 rimbagan lêmah sing wis diobong (dianggo gawe tembok lsp); 2 (ut.[x] bumi) ak. pagêr bata ing pakarangan; 3 êngg. dianggo wilangan apa-apa sing wangune pêsagi (uyah lsp);4 êngg. ak.ru (cêngkal); [x]-[x] diadu [x] pc: nyambut gawe wragade dijupuk saka olèh-olèhane; m-[x] sarimbag: wangun pêsagi-pêsagi (tmr.tulisan); mbata rubuh: bêbarêngan (surak, mantokake anak lsp).
(batak) :
pambatak kn.ak. pangarêp.
batal :
(A) kn. ora kanggo (ênggone pasa, wulu lsp, marga nêrak wêwaton); di-[x]-ake ak: 1 dianggêp batal, ora dianggêp absah; 2 diwurungake (lmr.tmr.ningkahan).
batan :
kn. wangune kaya bata.
(batang) :
di-[x] kn. 1 dijarwani têgêse (tmr.impèn); 2 dibêdhèk (tmr.cangkriman lsp); 3 dipêthèk; [x]-an: 1 bêdhèkan; 2 êngg.ar.lagu kêndhangan.
batèh :
êngg.pc. batih.
(batêk) :
di-[x] kn. 1 êngg.ditarik, dicènèng; 2 êngg.ak: dipanthêng; 3 êngg. diêpêng bangêt (ênggone nênuwun lsp).
batên, mbatên :
êngg.k. ora.
batih :
kn. 1 brayat ut.wong-wong kang nunggal saomah sarta dadi têtanggungane; 2 pc.bojo; kê-[x]: klêbu dadi batih.
batihan :
(bêbatihan) êngg.kn. 1 watês (ing pomahan); 2 adu watês karo.
batin :
n. batos k. 1 sajroning ati, kb, lair; 2 êngg.ing sanyatane (têrus ing ati); di-[x] êngg: dianggit sajroning ati (ora dilairake); kabatinan: (kawruh, prakara lsp) kang gêgayutan karo batin.
bating :
êngg.pc. babar-pisan.
batir :
êngg.kn. 1 rewang, kanca; 2 rewang (batur).
batis :
ps. baptis.
batu :
(M) kn. watu, bata (lmr.tmr. gawe tembok); gula [x] n. gêndhis sela k: gula têbu kang pating pringkil; tukang [x] kn: tukang gawe tembok lsp.
batu :
(-api) watu gêni (kang dianggo ing rèk gêretan).
batuk-kêring :
(M) pc. lara watuk cêkèk (tbc).
batur :
1 (ut. bêbatur) kn. pinggiraning dhasaring omah (pêndhapa) kang luwih dhuwur tinimbang lêmah sarta kang digawe bata dilepa; 2 (ut.bêbatur) kn. bata lepan sangganing gêdhèg (yèn didêlêng saka ing jaba); 3 êngg.kn.kanca; 4 n. rencang k. rewang, wong kang mèlu wong liya (ngrewangi pagaweyan lsp); di-[x] ut.dibêbatur: ditrapi bêbatur.
batur tukon :
n. rencang tumbasan k. batur sarana dituku.
batos :
k. batin.
bacêg :
êngg.kn. kunthing.
bacêk :
kn. banyune ora bisa mili (tmr.sawah, palêmahan).
(bacêm) :
di-[x] kn. dikum ing uyah (gula lsp); [x]-an: kang wis dibacêm.
bacin :
kn. ambu kang ora enak (kaya ambuning idu lsp); yèn ana amis[x]-e pc: yèn ana pakewuhe (kasusahane).
bacingah :
bala [x] kw. bala campuran warna-warna.
bacira :
(S) kw. plataran, alun-alun.
(bacuk, bacok) :
di-[x] kn. ditatoni (dicowèl lsp) nganggo arit lsp.
(bacut) :
m-[x] êngg.pc. mbanjur, têrus; di-[x]-ake pc: dibanjurake; kê-[x]: kêbanjur.
bacot :
1 êngg. irung; 2 ks.congor, cangkêm.
batha :
(S) kw.ak. prajurit, bala.
bathamantri :
(S) kw.ak. senapati.
bathang :
kn. 1 bangke (lmr.tmr.kewan.ks.tm.manungsa); 2 ent. barang sing wis bubrah; [x] lêlaku pr: lêlungan ijèn; [x] ucap-ucap pr: lêlungan mung wong loro; nyundhang [x] banthèng pr: ndadèkake priyayi wong gêdhe kang wis apês; m-[x]: nglangi mlumah.
bathara :
kw. 1 sêsêbutaning dewa; 2 dewa; asoca [x] br: waskitha; binathara: kang kinurmatan (kang kaya dewa), lmr. kanggo sêsêbutaning ratu.
bathari :
kw. dèwi.
bathèn :
kn. luwihan saka pawitan (kulakan);kc.bathi.
(bathêthêt) :
kc.bêthêthêt.
bathi :
kn. 1 payu luwih saka pawitan (kulakane); 2 (ut.bathèn,bêbathèn) luwihan saka pawitan (kulakan); di-[x]: dijupuk bathine, dikurangi saka samêsthine (diunthêt); dibathèni: diwènèhi bathi.
bathik :
(-an) n. sêratan k. dudu cap-capan (tmr.jarit lsp); di-[x] n. dipun sêrat k: corak gêgambaran nganggo malam (bakal didadèkake jarit, ikêt lsp).
(bathil) :
di-[x](-i) kn.ak. dikêthoki cêndhak-cêndhak (tmr. rambut, suri, wulu).
(bathu) :
m-[x] êngg.kn.ak. kêmbul mangan tunggal ajang;kc.bathon.
bathuk :
kn. palarapan ki: peranganing êndhas kang ngarêp.
bathok :
kn. cangkoking krambil (sok dianggo siwur, takêran lsp); [x] bolu: bathok kang ana bolongane têlu (maune pênêr gantilan); [x] bolu isi madu pr: wong asor nanging sugih kaluwihan; têsmak[x](mata mlorok ora ndêdêlok) pc.ks: ora wêruh; m-[x] mêngkurêb: wangune kaya bathok dikurêbake.
bathon :
(ut.bêbathon) kn. padha urunan dianggo pawitan (dagang ut. main).
bawa :
(S) kw. 1 kaanan, sipat; 2 uni,swara; 3 êngg.kn.wiwit, miwiti; 4 (ut.bawa-swara) kn. têmbang kang dianggo mbukani gêndhing; [x] dhewe: madêg dhewe (ora kawêngku ing liyan); kacakra[x]pr: kêna ing panggrayangan ala; m-[x]: mbukani gêndhing (ut.sêmbahyang); bawane br: ing sarèhne (kadunungan

--- 34 ---

bawah ~ bêkèr.

kaanan ut.watak); mbawani pc: nguwasani, mêngkoni.
bawah :
(-ing, kêbawah) kn. kalêbu ing wêwêngkone, dadi so-sorane; di-[x]-ake: dirèhake ing, diwêngku marang; ora kê-[x] ora kêprentah pr: ora dikuwasani babar-pisan.
bawahan :
kn.ak. pista (duwe gawe mantu lsp).
bawak :
kn. kayu awak-awaking wêsine pacul.
bawal :
kn. ar.iwak loh.
bawa-laksana :
(bawa-lêsana pc) kw. nêtêpi kang dadi ujare.
bawana :
(S) kw. 1 omah, panggonan; 2 jagat;kc.buwana.
bawang :
kn. bngs.brambang rupane putih; [x] kothong ut. pupuk[x] êngg.pc: mèlu dolanan (gobag lsp) nanging ora katut dadi.
bawa-rasa :
kw. rêrêmbugan.
bawasir :
(A) kn.ak. ar. lêlara jubur.
bawat :
kn. payung lontar garane dawa (ing upacara).
bawera :
kn.ak. jêmbar sarta padhang (ora sumpêk).
bawinipun :
êngg.k. bawane;kc.bawa.
bawiswa :
(S) kw.ak. enggal, rikat, banjur.
bawuk :
kn. 1 warna sêmu biru ut.klawu rêgêd; 2 pc.pawadonan.
bawur :
kn. 1 êngg.campur dadi siji (ora pilah-pilah); 2 oa cêtha tmr.pandêlêng; 3 ruwêt tmr.prakara lsp.
bawon :
kn. 1 pari opahane ênggone buruh dêrêp; 2 wilanganing pari kang mêntas diênèni (± 8 agêm); di-[x]-i: 1 diwènèhi bawon; 2 ak.diunthêt, dikurangi.
be :
I êngg.pc. 1 wurung; 2 bae (badhe). II kn:ar.taun kang kaping nêm (ing windu).
bebas :
êngg.kn.ak. êntèk babar-pisan; [x]-an: 1 tanpa nganggo ingon (ut.wuwuhan apa-apa)tmr.wong mburuhake; 2 êngg.didol blas (ora kêna dituku manèh).
bèbèk :
kn. ar. kewan iwèn bngs.enthog; payung (caping) [x]: payung (caping) sing digawe blarak, gêbang lsp; [x] diwuruki nglangi pr: wis bisa diwuruki; [x] mungsuh mliwis pr: pintêr padha pintêr mêmungsuhan.
bèbèl :
(-bèbèl) pc. bola-bali anggone ngandhani (nuturi lsp).
(bèbèn) :
m-[x]-ni êngg.kn. ngijèni.
bèbèr :
êngg.kn. 1 ak.digêlar; 2 ngebarake tontonane dianggo tawa (tmr.lèdhèk barangan lsp); di-[x] êngg: digêlar, dijèrèng.
bèbèt :
kn. turun(-an).
(bèbrèk) :
m-[x] kn. mundhak amba (tmr.suwèk, tatu lsp).
(bèbrèl) :
m-[x] kn. 1 êngg.gampang rusake (ora kukuh); 2 êngg.umuk-umukan, nggêdobrol.
beda :
I di-[x], dibêbeda kn. digawe mangkêl sarana dilêlèdhèk, dicêngèsi lsp. II kn: 1 gèsèh mungguh ing kaanane (blêgêre); 2 ora padha; 3 (ut.bedane) êngg.ananging yèn; [x]- [x]: ora padha (kaanane, wujude lsp); dibedakake: dipilah, digawe beda karo panunggalane.
bedang :
(mbedang) pc. wc.lambe dandang, pinggirane nyêpèr.
bedru :
êngg.ak. pradongdi, pasulayan.
beja :
ut. mbejani êngg.k. ngandhani (awèh wêruh).
(bèjèg) :
di-[x] êngg.kn. digodha, dirigoni, diribêdi.
bèjèn :
kn. ditrètès ing intên kabèh (tmr.suwêng, bênik lsp);kc.bèji.
bèji :
I kn. blumbangan dianggo lêlangên, praon lsp. II kn: bngs.paku êndhase njêbèr (paku têrbang lsp).
bejog :
kn. pincang marga sikile dawa cêndhak.
bejos :
pc. bisa.
(bedhang) :
di-[x] kn. didhêmêni; [x]-an: 1 dhêmênan; 2 wong kang didhêmêni.
bèdhèngan, bèdhêngan :
kn. gulan (punthukan) lêmah ing patêbon saantarane lobangan.
(bedhung) :
di-[x] êngg.ak. digodha, dibêbeda (sarta dirigoni).
bedhor :
kn. landhêping panah.
bèg :
I mak [x]. katranganing tiba lsp. II kn: panjaga sangarêping gul (tmr.bal-balan).
begal :
kn. durjana kang ngadhang ing dêdalan; di-[x]: dirêbut barang darbèke dening begal; [x]-an: 1 babagan wong dibegal; 2 ent. sandhungan, alangan.
bègèn :
êngg.pc. karêbèn, ya bèn.
(bêgod) :
m-[x] êngg.kn. wangkod (tmr. kewan), pugal.
bèh :
kn.ak. gêgêntine 30 (dianggo petungan antarane 30-40, ekane diwancah) up. bèh-ji (31) bèh-ro (32) lsp.
bèhèl :
êngg.pc. sugih bangêt.
bèi :
kn. wc.ngabèi.
beya, prabeya :
êngg.kn.ak. 1 wragad; 2 pajêg (barang ing palabuhan); di-beyani êngg.ak: diwragadi; pabeyan: papan dianggo mupu beya (ing palabuhan).
bèyèkan :
êngg. kn. boyok.
bèyès :
kn. anak yuyu.
beyo :
kn. 1 menco ênom; 2 êngg. menco.
beyongan :
kn. kuthuk cilik.
bèk :
I êngg.pc. ya bèk, karêbèn. II êngg.pc: bibi. III êngg. kn: kêpala kampung. IV. (mbèk) pc: kambi (karo). V (mbèk) pc: darbèk (duwèk); sing mbèk êngg: sing nduwèni; di-[x]-i: dipèk, didarbèni; [x]- [x]-an: pilah-pilah padha ndarbèni dhewe-dhewe. VI bèke êngg: lagi bae, mêntas. VII bèke êngg: dêlêngên, dak-dêlênge. VIII êngg: 400 ru.
beka :
êngg.kn. 1 ak. kangelan, rêribêd; 2 (ut. [x]-rêncana br) alangan, kasusahan; 3 (ut.m-[x], mbekani ak) rèwèl, mothah (tmr. bocah cilik).
bèkèl :
kn. 1 mblêndhuk ing dhuwur (tmr.wêtêng); 2 iwak tagèh.
(bèkèr) :
m-[x] êngg.kn. ribut tumandang ing gawe (sarta kêrepotan), kakehan omong (kang tanpa tanja).
(bèkêr) :
(W) kn. 1 (jam[x]) jam nganggo klinthing (dianggo gugah-gugah); 2 bngs.

--- 35 ---

bèkne ~ bèrêm

tuwung slaka lsp (dianggo ganjaran ing ulah raga lsp).
bèkne :
pc. 1 karêbèn; 2 êngg. ambakneya.
bèl :
I (W) kn. klinthing (ing pamulangan lsp) II êngg.kn: wadung.
bela :
kn. 1 ak. wong kang labuh mati; 2 mèlu nglabuhi sangsara ut.pati; 3 êngg.nunut têtak (sunat); dibelani: 1 diiloni ênggone sangsara lsp; 2 pc.diêmbani tmr.prakara; 3 êngg. dinunuti têtak (sunat).
belan :
êngg.kn. karêm.
bela sungkawa :
kw. mèlu susah (marga kêpatèn lsp).
bela tampa :
kw. salah (kliru) tampa.
bèlèk :
kn. ar. lara mata; jaka [x]: ar. lintang; [x]-ên: nandang lara bèlèk.
(bèlèng) :
m-[x] êngg.pc. ora gêlêm manut, ora bisa kalah, atos bangêt.
bèlès :
êngg.kn. jèlès.
(belok) :
m-[x] êngg.kn. menggok.
belong :
kn. bêlang ing pilingan.
(belot) :
m-[x] pc. angèl digugah (diatag).
bema :
kw.ak. 1 beka, bêbaya; 2 nggêgirisi, mêmêdèni; tundha [x] pr: muwuh-muwuhi bêbaya (sangsara).
(bèmbrèng) :
di-[x] kn.ak. dijèrèng; m-[x]-ake ak: njalari susah.
bèn :
I pc. karêbèn.II (mbèn) pc: besuk êmbèn.
bena, benah :
êngg. beda, seje.
bèndi, bèndhi :
kn. ar. kreta arodha loro.
bendra :
êngg.kn.ak. bungah-bungah, ngênglêng (kedanan).
bendrang :
kn. pêtis calo.
bendrong :
kn. 1 kothèkan (gejog) dianggo têngara; 2 ar. gêndhing; 3 êngg.pc.ikalan bolah (nalika ngundha layangan); di-[x] (-i): 1 diwèhi têngara nganggo kothèkan (gejog); 2 ak. dibêdhili, dimriyêmi.
benjang :
êngg.k. besuk; [x] enjang êngg.k: sesuk esuk.
benjing :
k. besuk; [x] enjing k: sesuk-(-esuk).
benjo :
kn. ora bundêr kêplêng.
benjoh, benjuh,benjis :
ks. bisa.
bendha :
kn. ar.woh dianggo jamu ut.dolanan bengkat.
bèndhêl :
(-an) kn. tumpukan layang-layang kang pêrlu-pêrlu (kang disimpên); klêbu ing [x] (ut.kê-[x],di-[x])pc: dicirèni kalakuane.
bèndhêng :
êngg. kn. tampar gêdhe; di-[x] êngg: 1 ditalèni nganggo bèndhêng; 2 disambung urube (tmr. listrik).
bèndhêr :
êngg. kn. tukang njilid buku.
bèndhot :
êngg. pc. lêmu kiyêng.
bene :
êngg. lagi bae, mêntas.
bènèh :
êngg. kn. 1 beda, seje; 2 anèh.
bèntèng :
êngg.kn. 1 bètèng; 2 bêndungan.
bèntên :
êngg. k. beda.
bènto :
êngg. pc. cubluk, bodho.
bencak :
êngg. kn. garu ora digèrèd ing sapi (kêbo).
bèncèng :
kn. 1 pèncèng, ora padha lakune; 2 (ut. [x] karêp) ora padha karêpe, sulaya; 3 êngg.pc.ora cèplês.
bèncèng-cèwèng :
kn. tansah sulaya panêmune, bingung.
bencok :
kn. bngs. kodhok manggon ing wit-witan.
bènyèk :
pc. mlênyok, tatu kang arêp dadi gudig; kc. bonyok.
bèng :
êngg.pc. jêbèng.
bengas-bengos :
kn. pating crengos irêng (tmr.rai).
bengat :
kn.ak. piwulanging ngèlmu tuwa.
bèngès :
kn. bngs. nopal dianggo ngabang lambe; di-[x]: diabang lambene; bêbengesan ent: lamis, lêlamisan.
benggol :
kn. 1 dhuwit têmbaga ajine 2½ sèn; 2 lêlurahing kècu (begal).
bengkas :
di-[x]. 1 kw. dirampungi, disirnakake; 2 êngg.kn.diselaki, ora diakoni.
bengkat :
kn. ar.dolanan bocah nganggo bendha.
bèngkèk :
kn. 1 êngg. lara pêgêl ing boyok (bangkèkan); 2 angèl diêdum (dibage, dipara), ora cèplês.
bèngkèl :
I êngg.kn. lara wêtêng rasane atos. II êngg.kn: bingkil.
bèngkèng :
êngg.kn. wangkod, wangkal.
bèngkok :
êngg.kn. bengkong.
bengkong :
kn. mbêngkêluk (tmr.têkên lsp,kb. bênêr).
(bengkot) :
m-[x] kn. mlengos nandhakake yèn êmoh.
(bengkrak) :
bêbengkrakan kn. sêsongaran, umuk-umukan, royal-royalan.
bengorên :
kn. lambene lidhas marga kakehan ênjêt ênggone nginang.
bèngsèng :
êngg.kn. bajingan, maling.
bèr :
kn (wc. ambèr, luhur) sênêng wèwèh; di-[x]-i diwratani, dilêbi; 2 diwêwènèhi; di-[x]-ake: didum-dumake marang wong akèh.
berag :
êngg.kn. 1 katon sênêng lan bungah; 2 ak. birai.
berak :
êngg.ks. sêsukêr; m-[x] ks: bêbanyu.
berama :
kw. endah, nêngsêmake;kc.birama.
berang :
kn. bngs.bêndho gêdhe.
berat :
di-[x] êngg.ak. diilangi, dirêsikake;kc.birat.
berawa :
(S) kw. 1 nggêgirisi, mêdèni; 2 gagah prakosa.
bèr-budi :
kn. sênêng wèwèh, loma bangêt.
bèrji :
kn. lobêrci.
(bere) :
kê-[x]- [x] êngg.pc. kêlantur-lantur.
(bèrèk) :
di-[x] êngg.kn. dibêlèh (tmr.kewan), diiris lan dibêdhah (tmr.nangka lsp).
bèrèng :
I ora [x]- [x] (barang-bèrèng) pc. ora apa-apa; kc. barang. II kn: lêlaraning kulit wujud abang mlerah ing lêkêraning kulit; [x]-ên: nandhang lara bèrèng.
bèrès :
êngg.pc. tata bêcik; di-[x]-i(-ake) pc: ditata kalawan bêcik.
bèrèt :
I m-[x] êngg.pc. nyingkiri (nglungani) pagawean; [x]-an êngg: tambahan pamêtu (saliyane kang baku).II di-[x] êngg.pc: disenggol.
bèrêm :
I êngg.kn.ak. biru ênom (tmr. wêdêlan).

--- 36 ---

bèri ~ bêbêtan

II (W) êngg.kn: tanggul ing pinggir dalan.
bèri :
kn. 1 gong tanpa pêncu; 2 tembor, talam.
bering :
kn. 1 miring nisih (tmr.prau, layangan lsp); 2 ks.kera; 3 pilih sih, ora adil; 4 ks.edan.
bèrlin :
kn. kc.barlin.
bèrmad :
êngg.kn. bakul ing sêgara.
berok :
I kn. (wêdhus [x]) wêdhus gêdhe nganggo jenggot. II êngg.kn: papan gawe (ndandani) prau lsp. III êngg.kn: kantor (-pulisi); [x]-an êngg; meja panulisan (nganggo lêmarèn sarta slorogan). IV. [x]-an êngg.kn: tontonan barangan.
berongên :
êngg.kn. bengorên.
besan :
kn. wong tuwane anak mantu; [x]-an: padha dene njodhokake anake (kang siji urun lanang sijine urun wadon ut.kosok baline).
bèsèk :
kn. ar.wadhah sing wujude saèm. tumbu nanging cilik sarta nganggo tutup.
bèsèng :
êngg.kn. maling, begal; kc.bèngsèng.
bèsèr :
kn. 1 kêrêp nguyuh; 2 kêrêp awoh; 3 tansah udan.
besuk :
n. benjing k. 1 (ut.ing[x], [x]- [x]) ing têmbe buri; 2 mratelakake wêktu (mangsa, dina, sasi lsp) kang bakal kêlakon, up. [x] Slasa, [x] Rêjêb, [x] apa ([x]kapan) n. benjing punapa k: pitakon nakokake wêktu (mangsa, dina lsp) kang bakal kêlakon.
besuk :
(êm-)bèn n. benjing (êm-)bèn k. dina saburine sesuk.
besuk-besuk :
(besuk iki) êngg.n.(benjing-enjing k). sesuk.
besuk manèh :
n. benjing malih k. ing têmbe buri, ing sabanjure (ing wêktu kang bakal kêlakon).
bètamal :
(A) kn. 1 ak.gêdhong raja-brana; 2 pc.bukti (barang kang dadi cihna tmr.prakaran); kc.butamal.
bèlèh :
kn. pêpadon nanggulangi panêmu (prakarane); ngadu[x],m-[x]-ake: sakarone padha dikon nanggulangi panêmu (prakarane) ditimbang êndi kang bênêr.
bètèng :
kn. 1 pagêr bata sêntosa ing sakubênge kraton lsp; 2 loji kumpêni sing diubêngi ing pagêr bata; di-[x]-i: didokoki bètèng.
bètêr :
(W) kn. 1 karèt rangkêpane bal kompan kang jêro; 2 ar. inuman kêras (uga diarani pait).
beca-bècu :
pc. muring-muring kambi bêngak-bêngok.
becah :
êngg.k. bocah.
bècèk :
kn. 1 blêthok, jêblog; 2 êngg.ar. jangan sing digawe iwak daging (dianggo slamêtan); di-[x] êngg.pc: dicacah-cacah, ditatoni, diprail-prail.
bècèr :
(-an) kn. 1 dhuwit sêdhiyan dianggo blanja padinan; 2 ak. wragad-wragad mirunggan, pajêg mirunggan; m-[x] êngg: têtuku barang-barang kang dianggo mangan, blanja; dibêbècèr: diêcèh-êcèh ora tumanja (tmr.dhuwit).
(bècu) :
m-[x] êngg.pc. muring (mrêngut);kc.beca-bècu.
becok :
êngg.kn. blêthok, jêblog;kc.bècèk.
becos :
êngg.pc. bisa.
bèthèk :
êngg.kn. bngs.tenggok ut. kranjang (dianggo mêmikul).
bèthèt :
I kn. ar. manuk bngs. nori cilik. II di-[x]-i kn: dibêdhèl lan dijupuki jêroane (tmr. pitik, iwak loh lsp).
(bèthêm) :
m-[x] êngg.pc. mêcucu mingkêm (tmr. cangkêm).
(bèthêr) :
m-[x] êngg.pc. gêdhe mbêngkuk (tmr. irung).
(betho) :
m-[x] kn. gawe swara nganggo tangan loro ditangkêbake ing jêro nggronggong tumuli disêbul saka ing bolongan gathukaning jêmpol.
bethongan :
êngg.kn. ar. klambi potongane mèmpêr takwa lan mèmpêr bêskap.
bewak :
kn.ak. tangsi pajagan.
bèwèh :
êngg.kn. jengkol sing wis dipêndhêm (rênyah, ora pati mambu).
(bèwèl) :
m-[x] êngg.pc. akèh bangêt (gudhige lsp).
(bèwès) :
m-[x] pc. 1 tansah ndlèwèr (mili); 2 ks. kêrêp manak; 3 akèh bangêt (utange, tumane).
bewok :
pc. brewok.
bêbada :
kn. mancal arêp lair (tmr. bayi ing wêtêngan);kc. bada.
bêbadra :
êngg.kn. 1 wiwit bêbakal; 2 mbabad alas;kc.badra.
(bêbah) :
dipun-[x]-i k. dibubuhi;kc. bubuh.
(bêbak) :
di-[x] kn. ditutu ut. disosoh diilangi kulite (tmr. pari, kopi lsp).
(bêbana) :
m-[x] kw. ngasih-asih njêjaluk;kc.bana.
bêbandan :
kn.ak. pasakitan (wong kang dibanda);kc.banda.
(bêbara) :
m-[x] kn. lunga mênyang ing liyan nêgara pêrlu golèk pangupa-jiwa;kc. bara.
bêbasan :
kn. têtêmbungan kang ngêmu têgês pêpindhan.
bêbêd :
kn. nyamping ki. jarit kang dianggo ing wong lanang; di-[x]-i: diênggoni bêbêd; [x]-an: nganggo bêbêd.
bêbêg :
kn. 1 mambêg dening dibêndung lsp (tmr. ilining banyu); 2 (wêtênge [x]) ora lêga, krasa sêbah; 3 (atine [x]) kêbak ing kasusahan; di-[x]: 1 dibêndung; 2 disimpêni (tmr. dhuwit), dicandhêt (tmr. kêkarêpan); [x]-an êngg: bêndungan.
bêbêh :
êngg.kn. aras-arasên tumandang ing gawe.
(bêbêk) :
di-[x] êngg. dibêbak.
bêbêl :
ut. kêbêbêlên êngg.pc. 1 angèl ênggone mêtu (tmr. bêbanyu lsp); 2 ora gathekan.
(bêbêng) :
kê-[x].kn.ak. mati ana ing wêtêngan marga ora bisa lair.
bêbêra :
kn. nggarap pêlêmahan sing wis bêra lan didadèkake sawah; bêbêran, bêran: palêmahan kang bêra; kc. bêra.
(bêbês) :
di-[x] êngg.kn. digolèki mênyang ing ngêndi-êndi;kc.blêbês.
bêbêtan :
pc.k. bêbêktan (gawan).

--- 37 ---

bêblêk ~ bêdhil.

bêblêk :
pc. 1 akèh bangêt wonge; 2 akèh bangêt (pagaweane); 3 akèh bangêt sarta ora payu (tmr. dagangan).
bêblês :
kn.ak. amblês (mblêdhês).
bêbudèn :
kn. wêwatakan;kc. budi.
bêbojoan :
kn. jêjodhoan salaki-rabi;kc.bojo.
(bêbodho) :
di-[x] êngg(arêp) diapusi; kc. bodho.
bêbrêg, bêbrêk :
kn. 1 kakehan pagawean, garapan lsp; 2 akèh bangêt sarta ora payu (tmr. dagangan).
(bêbrêt) :
m-[x] kn. mbêdhêl gampang suwèke (tmr. bakal lsp).
bêdadok :
êngg.kn. bngs. tenggok gêdhe; m-[x] êngg.pc: ora urus.
bêdaringan :
êngg.pc. pêdaringan.
(bêdêdêng) :
m-[x], [x]-an pc. 1 mundhak dawa lan atos; 2 ngêtog kakuwatan (kanthi mêmpêng).
bêdinan :
n. bêdintênan k.pc. padinan.
bêdudan :
kn. bumbungan nganggo cupak piranti nyêrèt.
(bêdudung) :
m-[x] pc. mêlar lan atos (tmr. wêtêng). warêg bangêt.
(bêdodok) :
m-[x] êngg.pc. dhêmên umuk-umukan.
(bêdodong) :
m-[x] pc. 1 mundhak gêdhe lan atos; 2 ks. mati.
bêdondi :
pc. pêpadon; kc. pradondi.
bêdor :
êngg.kn. 1 karêbèn; 2 ar. kêrtu cilik.
bêja :
pc. bêgja.
bêjad :
kn. rusak lan copot saka sêsambungane (tmr. tenggok lsp); di-[x]: dirusak sarana dicopoti kanthi pêksa;kc.bujad.
(bêjaji) :
m-[x] êngg.pc. pangaji (ana rêgane).
bêjagir :
êngg.kn. anthèk, batur.
bêjan :
(-bêjan) kn. (mung kari) adu bêgja;kc. bêgja.
bêjèr :
kn. rèmbès matane.
bêjigur :
êngg.kn. ampas wedang bubuk kopi.
(bêjud) :
m-[x] êngg.kn. nekad ora nggugu panêmune dhewe (ora manut padatan); 2 kurang ajar.
bêdad :
kn. ucul copot saka sêsambungane ut. talènane (tmr. nam-naman, wêngku, gêlang lsp).
(bêdhadhag) :
m-[x] êngg.kn. gêdhe lan jêmbar (tmr. wêtêng, susu lsp).
bêdhag :
(ut. m-[x]) kn. 1 êngg. ngoyak; 2 (ut.mbêbêdhag) mbêburu golèk kewan (lmr. kewan asikil papat); 3 (ut. mbêbêdhag) êngg. buruh nggarap sawah (maro pamêtu); 4 (ut. mbêdhag-buruh) êngg.k.bêburuh nyambut gawe (dadi anthèk); 5 êngg.k. mênang (tmr. ngabotohan); [x]-an: 1 kewan kang dibêdhag, bêburon; 2 burukan (olèh-olèhane mbêburu); 3 êngg. opahan, buruhan.
(bêdhagal) :
di-[x] kn. diroda-pêksa, diprusa.
bêdhag-pikat :
kn. mbêburu buron alas lan golèk manuk.
bêdhah :
kn. 1 jêbol (tmr. tembok, bêndungan lsp), suwèk jêbol (tmr. jarit, bal lsp); 2 dikalahake ing mungsuh (tmr. bètèng, nêgara, kraton); di-[x]: 1 dijêbol, disuwèk lan dijêbol; 2 dikalahake (tmr. nêgara lsp); 3 (ut. dibêbêdhah) êngg. diwluku kang sapisanan; 4 (ut. di-[x]-i) diguntingi arêp digawe klambi lsp (tmr. bakal); [x]-an: 1 jêbolan; 2 wanguning potongan klambi lsp; 3 êngg. ilèn-ilèn banyu mênyang ing sawah.
bêdhah-bumi :
kn. dhuwit minangka opahan gawe kluwat (ing kuburan).
bêdhaya :
kn. 1 êngg. tlèdhèk; 2 bngs. srimpi ing kraton.
(bêdhal) :
m-[x]kn. 1 mbêrot ucul saka ing cancangan (kandhang); 2 êngg. lunga misah karo kanca-kancane.
bêdhama :
kw. 1 êngg. gêgaman; 2 bngs. wadung; 3 êngg. sêmayan ut. wis rêmbugan ing sadurunge.
bêdhami, bêdhamèn :
kn. 1 sêmayan ut. wis rêmbugan ing sadurunge; 2 prajangjian mari mêmungsuhan (pêrang).
(bêdhandho) :
m-[x] kn.ak. gojag-gajêg pamikire; mbêdhandhoni: (njalari) gojag-gajêg kaya sida kaya ora.
bêdhat :
kn. kc. bêdhad.
bêdhati :
êngg.kn. pêdhati.
bêdhawang :
kw. bulus.
bêdhawangan :
êngg.kn.ak. têtironing gêndruwo (ing arak-arakan lsp).
(bêdhe) :
di-[x] êngg.pc. dibadhe;kc. bêdhèk.
(bêdhèdhèh) :
m-[x] pc. katon gêdhe mbêdhadhag (tmr. wêtêng sing diêlèr).
bêdhega :
êngg.kn. rewang (wong tani, juru misaya iwak).
(bêdhèk) :
di-[x] êngg. pc. dibadhe; [x]-an êngg: pêthèkan, cangkriman.
(bêdhèl) :
di-[x] kn. 1 disuwèk (diiris, dibêdhah lsp) dijupuk isine; 2 diopêrasi; 3 dikêdhuki digawe kalenan (tmr. palêmahan), dibêdhah banjur diilèkake (tmr. kali lsp); 4 êngg. dibabadi arêp digawe desa lsp.
bêdhès :
êngg.kn. 1 kêthèk; 2 pc. sabawa mratelakake gumun.
(bêdhêdhêg) :
m-[x] kn. 1 krasa sêbah marga mangsuk angin lsp (tmr. wêtêng); 2 êngg. mêdhuk ngantarani yèn arêp mambu (tmr.sêga); 3 (atine [x]) mangkêl bangêt; 4 bungah bangêt sarta mongkog (dening diurmati lsp).
(bêdhêl) :
m-[x] kn. ora wulêd (tmr. tali, tênunan, kulit).
bêdhêngul, bêdhêngus :
êngg.pc. dumadakan mêncungul (ngaton).
(bêdhidhêt) :
ora m-[x] pc. ora enggal lêmu-lêmu (tmr. têtuwuhan).
(bêdhidhig) :
m-[x] pc. umuk bangêt (êmoh nyambut gawe kasar lsp).
bêdhidhing :
(mangsa [x]) kn. mangsa adhêm (lmr. kêtiga ing wayah bêngi).
(bêdhigal) :
m-[x] pc. ugal-ugalan.
bêdhigasan :
kn. sarwa kêsusu sarta gasgasan matane pêndirangan.
bêdhiyang :
kn. gêni ut. urub-urub dianggo api-api ut. nggusah lêmud.
bêdhil :
n. sênjata k. ar. gêgaman awujud wêsi wuluhan nganggo popor diisèni obat mimis ut. patrum); di-[x]: dilêpasi mimis (gotri) sarana bêdhil.

--- 38 ---

bêdhudhak ~ (bêkêm).

bêdhil-angin n. sênjata-angin k: bêdhil kang tanpa obat.
bêdhudhak :
kn. ar. ula mandi; m-[x] ak: 1 ora ana paedahe; 2. ora pêrdulèn, ora gêlêm mingsêt saka papane, kêsèd nggêglawat.
(bêdhudhug) :
m-[x] kn. katon gêdhe (mlêmbung) marga kakehan isi.
bêdhug :
kn. 1. ar. têtabuhan wujude saèm. têtêg gêdhe (tmr. dianggo têngara sêmbahyang ing mêsjid); 2 (ut. [x] awan) wayah jam 12 awan; [x] bêngi ([x] dawa êngg): wayah jam 12 bêngi; [x] têlu: esuk jam satêngah papat; sa-[x]: 1 gêdhene padha karo bêdhug; 2. wiwit esuk têkan jam 12 awan; pasa m-[x]: pasa mung têkan jam 12 awan.
bêdhugul :
kn. ak. ora nyandhang kalawan pantês, ora kêrisan.
bêdhungul :
mak [x] pc. dumadakan ngaton.
bêdho :
. êngg. kn. wurung, baul; dibêdhokake: diwurungake.
(bêdhodhok) :
m-[x] kn. 1. njêgrag mêkrok (tmr. wuluning manuk); 2. mêlar mundhak gêdhe ut. mlêmbung); 2. mêlar mundhak gêdhe ut. mlêmbung (tmr. wiji diêkum ut. digodhog).
(bêdhog) :
di-[x] kn. 1. dicolong sarana dicêkêl nalikane sêsaba (tmr. pitik bèbèk lsp); 2. pc. têrus diajak lunga lsp. ing nalikane kêtêmu (kêpêthuk).
bêdhog :
êngg. kn. bngs. wadung; di-[x] êngg: didhungkari tmr. tunggak lsp.
bêdhogol :
êngg. kn. tunggak kang sêmi, thikilan; [x]-an êngg. ks: anak, turun.
(bêdhol) :
di-[x] kn. 1. dicopot saka ing tancêban ut. saka ing lêmah (tmr. wit); 2. diusung digawa (tmr. sanak-sêdulur); 3. ditarik munggah (tmr. jangkaring prau).
bêdhol jangkar :
kn. mangkat lêlayaran.
bêdhol gêndera :
br. mangkat nglurug (tmr. prajurit).
bêga :
êngg. kn. groyok (gunêmane).
(bêgadad, bêgadag) :
m-[x] êngg. kn. nyolong raja-kaya (kang diêngon).
bêgajagan :
kn. ak. ala bangêt kalakuane (tmr. wong wadon).
(bêgagah) :
m-[x] kn. ngadêg sikile njênggar.
bêgandring :
(-an) êngg. kn. kumpulan, srasehan, rêrêmbugan.
bêganjok :
kn. ak. ar. dhapuring omah kaya mêsjid; m-[x] pc: ora lumrahing akèh, nganèh-anèhi (tmr. bêbudèn).
bêgar :
kw. bungah, sênêng; kc. bigar.
bêgawan :
kn. kc. bagawan.
bêgja :
kn. 1(ut. kabêgjan) lêlakon kang marêmake ati, kb. cilaka; 2. olèh kabêgjan, dumunung ing kaanan bêgja; bêgjane: bêgja dene.
bêgja-kêmayangan :
br. bêgja (kêbênêran bangêt).
bêgjan :
(-bêgjan) kn. (mung kari) adu bêgja.
(bêgègèh) :
m-[x] kn. rada mbêgagah.
(bêgènggèng) :
m-[x] kn. 1. wis wiwit waras; 2. pc. rada katon sugih (kêcukupan), rada sigrak.
bêgèr :
kn. bigar, bungah bangêt.
bêgêblug :
pc. ungsum lêlara; kc. pagêblug.
(bêgêdud) :
m-[x] pc. wangkod (ora manut ing ujar) kc. brêgêdud.
(bêgêgêg) :
m-[x] kn. (ngadêg, linggih) jêjêg sarta mênêng bae.
(bêgigih) :
m-[x] kn. 1. pc. mbêgagah ciyut; 2 suthik tumandang (êmoh mèlu).
bêgita-bêgitu :
êngg. pc. tandang lan polatane kasar dening muring.
bêglêdhug :
kn. swaraning gunung gêni.
(bêgudul) :
di-[x] êngg. kn. dipoyoki, dicêngèsi.
(bêguguk) :
m-[x] (-ngutha waton) br. ora nggugu prentah, mbangkang.
bêgupon :
kn. kandhang dara.
bêgog :
êngg. kn. 1. cèlèng; 2. benggol (2½ sèn); 3. wong bodho; m-[x] pc: linggih mênêng bae.
(begogok) :
m-[x] kn. linggih ora lunga-lunga sarta ora obah-obah.
bêgok :
kn. ar. manuk.
bêgondhal :
kn. 1. ak. batur kang pagaweane ngêtutake (nuntun) jaran (kang ditunggangi); 2. pc. batur.
bêk :
mak [x] pc. sanalika tiba.
bêkah :
êngg. kn. bêtah, takad.
bêkah-bêkuh :
kn. tansah mbêkuh (sêsambat).
bêkakak :
kn. ak. kewan, wong lsp. sing dianggo sajèn; di-[x] êngg: dipanggang wutuhan (tmr. pitik lsp).
bêkakas :
êngg. kn. 1. piranti-piranti, gêgaman (kang dianggo nyambut gawe); 2. perangan rêricikaning mêsin, jam lsp); 3. bêbakal kang arêp dianggo gawe omah lsp; 4. abrag, piranti praboting omah-omah.
bêkakrah :
pating [x], m-[x] kn. pating blengkrah ora tata.
bêkakrakan :
kn. 1 nywara pêtok-pêtok karo mrana-mrene (tmr. pitik kang arêp ngêndhog); 2. pc. bingung mrana-mrene nggêgolèki.
bêkamal :
êngg. kn. (êndhog) asinan.
bêkaur :
kn. ak. tukang nggarap buku dagang.
(bêkapak) :
m-[x] êngg. ak. kau, wagu, srogal-srogol.
bêkasakan :
pc. dhêmit ing alas.
bêkasêm :
êngg. kn. (êndhog, iwak) asinan.
bêkatul :
kn. ak. glêpung glabating bêras.
bêkacêm :
êngg. kn. (êndhog, iwak) asinan.
bêk-bêkan :
pc. niba tangi (marga lara bangêt lsp).
(bêkèkèng, bêkèngkèng) :
di-[x] kn. 1. dicêkêli tangane (sikile swiwine) sarta dipênthang; 2. dicêkêl dilêbokake kunjara.
bêkèn :
êngg. pc. misuwur.
(bêkèr) :
m-[x] kn. nywara sêru (tmr. jaran, kêthèk).
(bêkès) :
m-[x] kn. nywara sêntak (tmr. kucing); kc. bêkis.
(bêkècèk) :
m-[x] pc. sugih omong.
bêkêl :
kn. 1. (ut. [x] desa) ak. wong kang ngurus sawah palêmahane lurah patuh; 2. ar. pangkat andhahane lurah; 3. êngg. sêsêbutaning lurah desa; 4. êngg. sêsêbutane lurahing padhukuhan.
(bêkêm) :
di-[x] êngg. pc. digêgêm rapêt.

--- 39 ---

bêkênêng ~ bêluk.

bêkênêng :
pating [x], [x]-an êngg. kn. padha pêpadon, udur.
(bêkêngkêng) :
m-[x] pc. 1. kaku ora kêna diêluk (gêndewa lsp); 2. wangkod, nggugu karêpe dhewe.
(bêkêcêk) :
m-[x] kn. 1. nywara krênyês-krênyês tmr. gorengan; 2. sugih omong.
(bêkik) :
m-[x] kn. nywara sêru ngêgèt (marga nêpsu, kagèt lsp).
bêkikuk :
kn. pitik turunane bêkisar karo pitik lumrah; m-[x](-i) êngg: wiwit bisa gunêman (tmr. bocah, menco), isih rada pelo, wiwit bisa kluruk (tmr. jago).
bêkingking :
kn. ar. keyong cilik; m-[x] pc: kuru bangêt.
(bêkis) :
m-[x] kn. nywara sêntak (nelakake ora sênêng, muring).
bêkisar :
kn. pitik turunane ayam alas karo pitik lumrah.
bêkita-bêkitu, bêkituan :
êngg. kn. tandang lan polatane kasar dening muring.
(bêkicik) :
m-[x] kn. 1. nywara krênyês-krênyês tmr. lênga sing arêp dianggo nggêgorèng; 2. êngg. sugih padu; 3. êngg. nggadhung (tmr. main).
bêkicot :
kn. bngs. keyong cilik sok manggon ing wit-witan.
(bêkiwit) :
m-[x] kn. ora barès (nakal, nggadhung ênggone main).
(bêkuh) :
m-[x] kn. ngêsah sêsambat.
(bêkuk) :
di-[x] kn. 1. ditêkuk dibêngkêlukake; 2. ditêkuk gulune; 3. pc. dicêkêl tmr. durjana lsp; di-[x]-i pc: diapusi (srana diakali).
(bêkunung) :
m-[x] êngg. pc. nggugu karêpe dhewe, wangkod.
bêkungkung :
kn. pasangan macan (saèm. kurungan lawangane pêsatan).
(bêkur) :
m-[x] kn. muni wok-ketêkur (tmr. dara, dêruk lsp).
(bêkus) :
m-[x] pc. mbêkis.
(bêkusuk) :
m-[x] pc. katon irêng kusi ut. rêgêd bangêt.
(bêkok) :
m-[x] êngg. kn. 1. ala wujude (tmr. sapu lsp); 2. ora aji, ala bangêt.
bêkong :
êngg. ak. 1. bêruk; 2. takêran (bêras, lenga lsp).
(bêkos) :
m-[x] kn. 1. nywara saèm, mbêkès nanging luwih sêru (tmr. sapi, ula lsp); 2. êngg. mbêkuh.
bêksa :
ki(êngg. k). njogèd.
bêksan :
kn. jogedan (saèm, wirèng).
(bêkta) :
k. gawa.
bêkti :
kn. 1. (ut. pangabêkti, sêmbah-bêkti) br. pakurmatan (ing layang kiriman); 2. (ut. bêktèn) pawèwèh (dhuwit) katur marang lurah patuh ut. marang kang duwe palêmahan ing nalikane didadèkake bêkêl ut. nalikane ngulur prajanjiane; 3. sungkêm bangêt (marang bojone lsp); 4. êngg. pawèwèh marang lurah lsp. ing nalikane babad alas, mbêburu lsp.
bêktya :
br. bêkti.
bêl :
mak, [x] kn. sanalika murub (mubal, wrata tmr. ambu kang ora enak).
bêlah :
I 1 kw. sigar; 2 kn. dianggo wilangan atêgês saparone atusan (ewon lsp), up. karo [x] (150), têlu [x] (250), kapat [x] (350), karo [x] èwu (1500), têlu [x] èwu (2500); 3. ukuran kèhing pari (½ gèdèng); di-[x] kw: disigar; di-[x]-i: dibêntèli sabêlah-bêlah. II. ut. bêlahan, pambêlah êngg. kn: juru misaya iwak ing sêgara.
bêlah-bantên :
kn. ar. wanguning klambi (tmr. wong lanang).
bêlah-ina :
br. pawadonan.
bêlah-kêdhaton :
kn. ak. untune ngarêp (kang dhuwur) rênggang.
bêlak :
(-ên) kn. lara padha mblêgak dlamakane.
bêlang :
kn. 1. dlêmok (blêntong) putih ing kulit; 2. blêntong putih ing ulêsing kewan.
bêlang-buntal :
(-buntèl, -buntang êngg) kn. ora tunggal warna (tmr. ulês lsp).
bêlas :
pat-[x], nêm-[x] n. kawan-wêlas, nêmbêlas k. 14, 16.
bêlèh :
I êngg. 1. ora; 2. seje, dudu; [x] iya pc: andak iya. II ut. bêlèhan, bêbêlèhan êngg. kn: manak. III di-[x] êngg. pc: disêmbêlèh, dipragat.
bêleyan, bêliyan :
êngg. kn. manak.
bêlèk :
êngg. ks. (wong-)wadon; di-[x] êngg dibêdhèl (dibêdhah) sêthithik. diiris sigar sêthithik.
(bêlèr) :
m-[x] kn. nggarit nganti nganakake tatu cilik.
bêlêk :
kn. kêbak bangêt, akèh bangêt (wonge, pagaweane).
bêlêman, blêman :
êngg. kn. bêdhiyang.
(bêlêr) :
m-[x] kn. 1. tansah klithihan ngglidhig bangêt (tmr. bocah); 2. êngg. mlincur, nglirwakake kawajiban (nyaur utang lsp); 3. tansah saba ing omah lan ngribêdi (tmr. pitik lsp).
bêlêt :
I êngg. 1. kn. blêthok; 2 k. nila; 3. bêlo. II ke-[x] kn: sêlak arêp (nguyuh ut. bêbanyu).
bêli, bêlih :
êngg. ora; kc. bêlèh.
bêlik :
I kn. sêndhang cilik, tuk ing pinggir kali lsp. II ut. m-[x]-i kn: wis wiwit arêp ungsum (wowohan).
bêling :
kn. 1. (dandanan kang asal saka) kaca, porsêlin; 2. pêcahan kaca (porsêlin lsp); m-[x]: 1 pc. angèl èlik-èlikane; 2. êngg. nekad mbangkang prentah.
bêlis :
kn. setan.
bêlit :
kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik; m-[x]: 1 ak. mbulêt, mulêt; 2. mlincur (ora tumandang ing gawe yèn ora ditunggoni ing mandhore lsp); 3. angèl tagih-tagihane (yèn utang).
bêluk :
I êngg. kn. kêbul kukus (pêdhut). II. kn. ar. ama pari (bngs. ulêr). III ut. kokok-bêluk kn: ar. manuk bngs. guwêg; [x] ananjak pr: nggugu sasênênge dhewe. IV di-[x] êngg. kn: 1. diundang; 2. di V

--- 40 ---

bêlung ~ bêncèt.

m-[x] êngg. kn: 1. menggok, mingêr; 2. bali.
bêlung :
êngg. kn. jêmbêg, banyune ngêndhong (tmr. sawah, palêmahan).
bêlo :
kn. anak jaran; [x] mèlu seton p: mung mela-mèlu bae.
bêlok :
I êngg. kn. 1. jêblog, jêmbêg rêgêd; 2. jembêr, pating blêntong rêgêd (tmr. dluwang lsp). II ut. [x]-an kn: kayu tangkêban ing têngah ana cluwokane dianggo njêpit sikil (supaya ora minggat); di-[x]: 1. ditrapi bêlok sikile; 2. dikunjara; [x]-an ak: kunjara.
bêlong :
êngg. kn. (sawah) ngêndhong banyune; kc. balong.
bêlor :
kn. têsmak (kang mawa warna).
bêm :
kn. ar. larasing gamêlan (ut. kêndhang).
(bêmbêng) :
m-[x] kn. gêdhe gilig sarta wagu (wanguning sikil gajah, bangkekan lsp).
(bên) :
dipun-[x] k. didu, diêdu.
bêna :
k. banjir.
(bênah) :
di-[x](-i) êngg. kn. dikukudi (tmr. dagangan).
(bênak) :
di-[x]-ake kn. ditata dibênêrake kaya sakawit.
bênampeyan :
êngg. k. kowe; kc. sampeyan.
bênang :
1 kn. bolah; 2. k. ak. lawe.
bênang-kêlos :
kn. bolah plintiran (wêton ngamanca).
bênang-mas :
kn. saèm. kawat sing digawe êmas.
benangpeyan :
êngg. k. kowe; kc. sampeyan.
bênawi :
k. bêngawan.
bêndana :
I kn saradan ut. watak ala (tmr. jaran). II (S) kw. ak: 1. tali, tampar, srimpêd; 2. pakewuh.
bêndara :
1. kw. wong kang dingèngèri, kb. batur; 2. kn. sêsêbutaning para darahing ratu sing isih luhur.
bêndera :
kn gêndera.
bêndu :
kw. dêduka, nêpsu.
(bêndung) :
di-[x] kn. dipepêti iline, ditambaki; [x]-an: 1. lêmah, watu lsp. kang dianggo mbêndung; 2. kali (banyu) kang dibêndung.
(bênjêt) :
di-[x] êngg. kn. djêmbèng, dicènèng ngiwa nêngên.
bênji :
êngg. kn. ringkih bangêt, krasa aras-arasên.
bênjit :
êngg. kn. gênjik.
bênjut :
kn. mênyonyo ing êndhas (marga diantêm lsp).
bêndha :
kn. ar. wit bngs. kluwih.
bêndhalungan :
êngg. kn. gunêman kang ora bênêr ênggone ngêtrapake unggah-ungguh.
bêndhe :
kn. ar. têtabuhan saèm. gong nanging cilik.
bêndhega :
êngg. kn kanca barêngan lêlayaran, punggawa prau.
(bêndheyot) :
m-[x], [x]-an kn. kabotan gêgawan (gendhongan).
bêndhèk :
êngg. kn. ngucapake têmbung Jawa kang swarane å diucapake miring.
bêndhèl :
êngg. kn. juwèh sarta sênêng padu (tmr. wong wadon).
(bêndhèng) :
di-[x] êngg. kn. dijèrèng lan ditarik ngiwa nengên, dicènèng ngiwa nêngên.
(bêndhèt) :
di-[x] êngg. kn. diwêngakake sarana dibênggang.
bêndhêl :
(-an) kn. bèndhêl, bèndhêlan.
bêndhuk :
êngg. kn. cèlèng.
(bêndhul) :
m-[x] êngg. pc. nonong gêdhe; bêbêndhul bathara: jêjênggul.
bêndho :
I kn. bngs. arit gêdhe; di-[x]: dibacok ing bêndho; ora m-[x] pc: ora usah kelangan dhuwit. II. êngg. kn: bêdho.
bêndhoyot :
kn. ak. sanak-sêdulur, brayat.
(bêndhok) :
di-[x] êngg. kn. dibalang (ing watu).
(bêndhol) :
m-[x] kn. 1. mblêndhuk bundêr ing pucuke; 2. êngg. pc. gumêdhe, umuk; [x]-an êngg. kn: (pêndhok) gayaman.
bêndhosa :
kn. kc. bandhosa.
bênèt :
kn. lêmari cilik cêndhèk.
(bênêm) :
di-[x] kn. dibakar dilêbokake ing gêni blubukan.
bênêr :
n. lêrês k. 1. êngg. lêncêng; 2. pênêr trêp ing; 3. ora salah, ora kliru, ora luput; 4. ora mèncèng (tmr. ênêr); 4. ak. têmênan (tmr. sêdulur); 5. mula pancèn nyata; (sa-)[x]-e: 1 sanyatane; 2. miturut adile; 3. pancène; m-[x] êngg.: têrus lêncêng; m-[x]-i: 1. br. nindakake prakara kang bênêr; 2. ngadili; 3. lagi pinuju; bêbênêran: 1. ak. pangadilan; 2. pêpancasaning pangadilan; ke-[x](-an): 1. kapinujon; 2. wis bênêr (ora salah).
bênik :
kn. kancinging klambi lsp.
bêning :
kn. ora buthêk (tmr. banyu lsp) ora mrêngut (tmr. polatan), ora kênthêl (tmr. wedang tèh lsp).
bêntayangan :
kn. 1. ngolang-ngaling marga lara (susah); 2. pc. lunga mênyang ing êndi-êndi kanthi rêkasa (golèk butuh lsp).
bêntar :
kw. ak. mlêkah, nêla, sigar.
bêntèl :
kn. untingan pari kang mêntas didhaut, jagung lsp.
bêntèn :
êngg. kn. sabuk.
bêntèr :
êngg. kn. 1. kn. ak: padhang, pêntèr; 2. k. panas; [x]-an êngg. k: panas; [x]-an êngg. k: wedang.
bêntêt :
kn. 1. trêp ora kurang (tmr. lawean, losinan lsp); 2. kêbak bangêt.
bêntil :
êngg. kn. bêntèl; tani [x] pc: tani wutun (yutan).
bênting :
êngg. kn. sabuk angkin; di-[x]-i; disabuki nganggo bênting.
bêntis :
êngg. kn. pace.
bêntul :
êngg. kn. bngs. kimpul.
(bêntur) :
di-[x]-(-i) kn. dibalangi ing watu; m-[x] tapa kw: nggêntur tapa.
(bêntus) :
m-[x] kn. natab ut. numbuk (sing kêna ing bathuke); ke-[x]: kêtatab ing.
(bêntoyong) :
m-[x] kn. akèh lan abot gêgawane.
bêntrokan :
êngg. pc. tumbukan, kêrêngan.
bêncah :
I kw. 1. nêla, mlêkah; 2. mluwèk (tmr. tatu); 3. ak. mati. II di-[x] êngg. kn: dibatang, dibadhe.
bênce :
kn. gêmak lanang.
(bêncelung, bêncilung) :
di-[x] êngg. kn. diapusi.
bêncèt :
I kn. ak. bngs. jam nganggo ancêr lakuning ayang-ayangan srêngenge. II di-[x] kn: dilawan ing nalikane kêtêmu padha ijèn ut. nalikane kêpêncil.

--- 41 ---

bêncêng ~ bêra.

bêncêng :
kn. kaku, kêjêng (tmr. athik-athikan, sikil lsp).
bênci :
êngg kn sêngit bangêt.
bêncirih :
kn gampang kêna ing lêlara (tmr. wêtêng lsp).
bêncung :
êngg. kn bocah jêmaka.
bêncuritan :
êngg. kn lêlaranên, ora subur tuwuhe.
(bêncolèng) :
m-[x], [x]-an pc ugal-ugalan.
bênthak :
I êngg. kn ngênthak-ênthak tanpa wit-witan kang gêdhe. II. kn. ak: èthèng nganggo watang, adu sungu.
(bênthang) :
m-[x] êngg. kn nrabas, nyidat.
bênthèng :
êngg. kn sabuk, bênting.
bênthèt :
kn rêngat, nggalêr, ngatarani arêp pêcah.
bênthêr :
êngg. kn ar. iwak loh.
bênthik :
êngg. kn 1. gathuk sarta nywara thik (tmr. bala pêcah lsp); 2. ar. dolanan.
bênthuk :
ut. [x]-an, ke-[x] pc kebêntus, tumbukan.
bênthong :
êngg. kn 1. pênthung dianggo dolanan bênhik (kanggo nuthuk lan mbuwang janak); 2. gêdhe; 3. benggol (2 sen); di-[x] êngg: dibêngkolang.
bênyènyèhên :
kn tatu dadi gudhig ngêmu banyu.
bênyinyih :
pating [x] kn kêbak gudhig lsp.
bênyunyak-bênyunyuk, bênyunyukan :
pc ora nganggo tatakrama (tmr. solah tingkah, gunêman).
(bêngah) :
m-[x] kn nywara sêru (tmr. sapi).
bêngak-bêngok :
kn tansah nywara sêru; kc. bêngkok.
bêngang :
kn lara wadon (sipilis).
(bêngangah, bêngangang, bêngèngèng) :
m-[x] pc katon sumringah abang polatane.
(bêngèk) :
m-[x] êngg. pc mbêngok; di-bêbêngèk êngg. pc. dibêbeda (supaya nangis).
bêngèn :
êngg biyèn.
bêngèn-bêngènan :
n. dalon-dalonan k: ing wayah bêngi; kc. bêngi.
bêngèr-bêngèr :
kn. cêngèr-cêngèr (bayi nangis).
bêngêl :
êngg. kn. pilêg lan ngêlu.
bêngêng :
êngg. kn. ora sigrak.
(bêngêngêng) :
m-[x] kn. nywara ngêngêng kc. brêngêngêng.
bêngêp :
kn. katon kêpu (tmr. rai).
bênggang :
kn. mawa rênggangan (bolongan); di-[x]: dibiyak (dipisah) supaya bênggang.
(bênggèl, bênggol) :
m-[x] êngg. pc mbêndhol.
bêngi :
n. dalu k. wayah antarane sore karo esuk.
bêngiyèn :
êngg. kn. biyèn.
(bêngingèh) :
m-[x] kn. nywara sêru (tmr. jaran).
bêngis :
kn. sêrêng sarta sumêngit (tmr. polatan lsp), ambêksiya bangêt.
bêngiwèn :
kw. biyèn.
bêngka :
kn. krasa atos (tmr. wêtêng).
bêngkah :
kn sigar mblêgak (tmr. tembok, gunung lsp).
(bêngkayang) :
m-[x] êngg. kn atos (kaku) bangêt.
bêngkak :
I kn 1. buntêlan lan talenan dhus, rèk lsp; 2. untingan barang sing cêndhak-cêndhak; di-[x]-i: dibuntêl lan ditalèni. II êngg. kn: abuh. III m-[x] êngg. ak: nywara sêru ngêgèt; [x]-an êngg: nabuh gêndèr digêmbyang.
bêngkalahi :
êngg. kw kêrêngan, pêpadon.
bêngkêk :
êngg. kn untingan; kc. bêngkak.
bêngkêlêng :
sadina [x] pc sadina muput.
(bêngkêluk) :
m-[x] kn nêkuk ut bengkong pucuke; di-[x] (-ake): ditêkuk dibêngkukake.
bêngkêng :
I pc 1. kaku, kêjêng; 2. wangkod, cukêng. II. êngg. kn: bngs. wuwu.
bêngkêr :
êngg. kn blêngkêr.
bêngkêrêngan :
êngg. kn kêrêngan, pêpadon.
(bêngkêrok) :
m-[x] kn pating pruntus lan rêgêd (tmr. kulit).
bêngkêt :
êngg. kn untingan; kc. bêngkak, bêngkêk.
(bêngkiyêng) :
m-[x] kn 1. kêncêng (tmr. pawakan); 2. cilik nanging atos akiyêng (tmr. pawakan).
bêngkuk :
kn wungkuk, bengkok mlêngkung.
bêngkung :
I kn sabuk dawa diubêdake ing wêtêng lan bokong (tmr. wong mêntas duwe anak); di-[x]-i: disabuki ing bêngkung. II. ut. m-[x] kn: bengkong mbêngkêluk (tmr. gêgaman); di-[x]-ake: dibêngkêlukake.
bêngkoyok :
(-ên) kn lara kulit saèm, gudhig êmplèk-êmplèkan.
bêngkok :
kn sawah (têgal) pêpancèn marang lurah desa ut. prabot desa (minangka bayare).
(bêngkolang) :
di-[x] kn. ak dibalang ing kayu lsp.
(bêngkong) :
m-[x] êngg. kn mogok, êmoh nyambut gawe.
bêngkowang :
êngg. kn bêsusu.
bêngkrèhan :
êngg. kn cêcongkrahan, tukaran.
bêngkrik :
êngg. pc pasulayan, congkrah.
bêngkring :
kn kuru lêlaranên.
bêngle :
kn ar. êmpon-êmpon dianggo tamba (jamu).
bênguk :
kn bngs. kara.
(bêngung) :
m-[x] kn nywara ngungung (sêndarèn lsp).
bêngus-bêngus :
pc putih rêgêd, pucêt rêgêd.
(bêngok) :
[x]- [x] kn nywara sêru jêlih-jêlih; m-[x] nywara sêru (ngundang, njaluk tulung lsp).
bêngong :
êngg. kn mlongo, katon plonga-plongo.
bêr :
mak, pc katêranganing mbuwang, nguncalake.
bêra :
I kn ora ditanduri lan ora digarap (tmr. sawah, têgal); bêbêra: nggarap lan nanduri sawah (têgal) kang bêra; dibêrakake: diênêngake bae (ora ditanduri lan ora digarap); (bê-)bêran: palêmahan kang bêra.

--- 42 ---

bêrah ~ bêsalèn

II êngg. kn: mbêrah, akèh bangêt.
bêrah :
I k buruh. II m-[x] êngg.kn. akèh bangêt.
bêrak :
I êngg.kn buthuk (tmr. iwak). II kn. barakan (omah patirahane wong lara pès).
bêrak-bêrèk, bêrak-bêrok :
êngg.kn bêngak-bêngok.
bêran, bêbêran :
kn 1 lêmah kang bêra; 2 êngg. sawah darbèke wong siji-siji; kc. bêra.
bêras :
n. wos k 1 pari kang wis ditutu; 2 kang wis dioncèki (tmr. jagung, kopi lsp); dudu [x]-e ditêmpurake pr: ngudhoni rêmbug kang nyulayani.
bêras-kêncur :
n. wos-kêncur k: parêm kang digawe bêras karo kêncur.
bêras-kuning :
kn bêras dikunir (dianggo sarat ngluwari ujar lsp).
bêras-mêlik :
n. wos-mêlik k kn.ak: lara njêbêbêg wêtênge (marga mangan sêga magêl).
bêras-sêtêngah :
êngg: sêtêngah matêng, bodho.
bêrat :
(M) pc abot, rêkasa; [x] sêbêlah ([x] sêtêngah) pc: bot sih, pilih sih (ora adil).
(bêrbah) :
dipun [x] êngg.k dibrubuh.
bêrdangga :
kw.ak gamêlan.
bêrduwin :
kn.ak anggur kêras.
bêrdondi :
êngg.kn pasulayan;kc.pradongdi.
bêrèd :
kn rêsikan, bêsus bangêt.
bêrèk :
I êngg.kn ora kedadean tuwuhe (tmr. tanduran). II [x]- [x] êngg.kn: bêngok-bêngok.
(bêrêg) :
di-[x] êngg.kn 1 diburu, dikuya-kuya (tmr. bêburon alas); 2 digusah; 3 diwêtokake saka ing kandhang arêp diêngon (tmr.raja-kaya).
bêrêk :
êngg.kn buthuk wiwit bosok (tmr. iwak).
bêrêm :
êngg.kn mêmbut ing jêrone (tmr.wowohan sing ditibakake).
bêrgada :
kn golonganing prajurit.
(bêrgadag) :
m-[x] kn abang sêmu kuning (tmr. rambut, godhong lsp).
bêrgajagan, bêrgèjègan :
êngg.kn nyak-nyakan kurang ajar.
(bêrgagah) :
m-[x] pc 1 mbêgagah; 2 nyanggêmi.
(bêrgandang) :
di-[x] pc diglandhang, diuja bae.
(bêrganjok) :
m-[x] êngg.pc ngewuhake (tmr.bêbudèn).
bêrgas :
ut. m-[x] kn 1 katon sigrak; 2 katon bêcik.
bêrgasi, bêgasi :
(W) kn 1 barang momotan (ing sêpur); 2 kantoran dianggo nampani barang momotan; 3 sêpur momotan barang.
(bêrgègèh) :
m-[x] pc rada mbêgagah.
(bêrgènggèng) :
m-[x] pc mbêgènggèng.
(bêrgigih) :
m-[x] pc 1 rada njangkah sêthithik; 2 ora pati rahab (ênggone tumandang).
(bêrgundung) :
m-[x] kn nekad nggugu karêpe dhewe.
(bêrgodog) :
di-[x] kn dipijêti lan diurut (tmr.awak).
(bêrgogok) :
m-[x] pc mbêgogok.
bêri :
I kn.ak manuk garudha. II m-[x] êngg.pc: mbuwang kêrtu (tmr.main kêrtu lima).
(bêrik) :
m-[x] 1 (ut. [x]-an) tarung adu sungu (tmr.sapi, kêbo lsp); 2 êngg. ngoyak ngêtutake (mungsuh kang kêplayu).
bêring :
êngg.kn 1 ambu kaya ambuning jengkol; 2 (jangkrik [x]) bngs. jangkrik kang bisa mabur.
bêrit :
kn ar. tikus.
bêritan, buritan :
êngg.kn kêbon.
bêrkah :
kn pangèstu, pandonga;kc. barkah.
bêrkakas :
êngg.pc: bêkakas.
bêrkas :
(-an). êngg.kn untingan, bêngkakan.
(bêrkasak) :
m-[x] êngg.kn tumindak sarwa kasar kaya wong alasan; [x]-an: dhêmit kang dêdunung ing alas-alas.
bêrkat :
kn 1 sêga salawuhane kang diwènèhake marang wong-wong kang padha mèlu slamêtan; 2 êngg.ak bêrkah; di-[x]: digawa mulih (tmr. bêrkat); [x]-an: 1 sêga salawuhane ênggone mbêrkat; 2 êngg.ak.sêkti (tmr. pusaka lsp).
(bêrkèngkèng) :
di-[x] pc dibêkèngkèng.
bêrkutut :
pc pêrkutut.
(bêrkongkong) :
m-[x] êngg.kn linggih mbêgogok.
(bêrngangang, bêrngèngèng) :
m-[x] pc mbêngangang, mbêngèngèng.
bêrud :
kn barud; kê-[x]: kêbarud.
(bêruh) :
mbêruh êngg.pc êmbuh ora wêruh.
bêruk :
kn bathok diêlongi kira-kira sapratêlone (dianggo takêran bêras, wadhah banyu lsp).
(bêrung) :
m-[x] kn nekad ora nggugu dielikake.
(bêrod) :
m-[x] kn kumudu oncat (ucul), êmoh digondhèli.
bêrsat :
, pating [x] kw padha pisah pating slêbar.
bêrsero :
pc: bandan sêparo edhang.
(bêrsêlo) :
m-[x] pc wangkod, nggugu karêpe dhewe.
bêrsih :
(M) pc: rêsik; di-[x]-i êngg: dirêsiki.
bêrsihan :
kn wadhah prabot pirantining macak (wêdhak, pupur, lênga wangi lsp).
bêrsih-desa :
n. bêrsih-dhusun k karamean lan slamêtan ing padesa sabên taun (lmr. gêgayutan karo kramatan lsp. ing desa ut. mbênêri dina adêging desa).
(bêrsot) :
m-[x] kn têrus ora pêrduli.
bêrcak :
kn rada burik nanging ora jêro-jêro.
bêrci :
I kn ar. bakal alus sêmu sumrawang (dianggo kuluk); kuluk bêrcèn: kuluk sing digawe bêrci. II kn: lobêrci.
bêrcuh, bêrcoh :
êngg.kn 1 brancuh (campur ora karuan); 2 saru (tmr. gunêman).
bês :
kn bis.
bêsa :
pc ngjogêd;kc. bêksa.
bêsaja :
êngg.ak pasaja.
bêsalèn :
kn papaning pandhe nyambutgawe.

--- 43 ---

bêsan ~ bêcus.

bêsan :
pc bêksan.
bêsaos :
êngg.k bae.
bêsar :
I kn ar. sasi Jawa kang karolas. II (M) êngg.kn: gêdhe;kc. tuwan bêsar.
bêsaran :
I kn ar. wit sarta woh. II kn: 1 (ut.kêbêsaran) omah ut. kantore tuwan bêsar ing kabudidayan; 2 êngg. riyaya ing sasi Bêsar.
bêsasih, bêsasik :
, pating [x] pating blengkrah ora tata.
(bêsat) :
m-[x] kn 1 oncat (mêncolot) rikat; 2 mêsat.
(bêseyol) :
m-[x] pc nyulayani.
(bêseyos) :
êngg.k.ak mung.
bêselat, bêsilat :
êngg.kn 1 pêncak, tangkis-tangkisan tangan; 2 (ut. [x]-an[x]) pc.ngubêd-ubêdake gunêm.
bêsèn :
kn ar. sukêt.
(bêsèr) :
m-[x] kn mbêlèr; kê-[x]: kêbêlèr.
bêsero :
kn bandhan sêparo edhang.
(bêsèt) :
di-[x](-i) kn 1 disèsèti (kulite, godhonge lsp); 2 dibêdholi sukête (tmr. têgal têbu).
bêsêl :
ut. bêbêsêl kn dhuwit rêruba (marang sêksi, panggêdhe lsp); di-[x](-i): diwènèhi bêsêl.
bêsêm :
I kn katon alum ora sêgêr (tmr.kêmbang, woh, rai). II dipun-[x](-i) êngg.k: diobong.
bêsêngèk :
kn ar. jangan.
(bêsêngut) :
m-[x] kn mrêngut (dening ora sênêng lsp).
bêsi :
I kn basi.II tukang [x] kn: pandhe.
bêsiyar :
(Prt)kn.ak mlaku-mlaku (nunggang jaran) ngenggar-enggar ati.
(bêsik) :
di-[x](-i) kn dirêsiki sarana dibubuti sukête, didhangir lsp.(tmr.pakarangan, tanduran lsp).
bêsilat :
kn bêselat.
(bêsisik) :
m-[x] kn kasap pating jlêprik (tmr. kulit).
(bêsiwit) :
m-[x] êngg.pc nakal, urik (ênggone main, dolanan).
bêskal :
(W) kn.ak ar. pangkat kapradatan.
bêskap, bêskat :
kn ar. klambi wangune saèm. klambi jas cêkak.
(bêskup) :
di-[x] kn.ak disiwêr barang darbèke (marga utang, kalah prakaran lsp).
(bêskuwèl) :
di-[x] kn.ak dikirimi layang budhêg.
bêskuwit :
kn ar. roti.
beskot :
êngg.kn êmpingan bayaran.
(bêslah) :
di-[x] kn disiwêr barang darbèke, dirampas barang darbèke (up.bêdhil pêtêng lsp).
bêslit :
(W) pc layang piagêm (têtêpan pangkat lsp).
(bêsmi) :
dipun-[x] k diobong.
bêsuk :
êngg.kn palêmahan kêsasaban ing wêdhi ut. krikil saka ing gunung gêni.
bêsung :
êngg.pc êmoh.
(bêsur) :
m-[x] kn mung nggugu karêpe dhewe (ora miturut pitutur, pêpacuh lsp).
bêsus :
kn 1 sarwa rêsik lan bêcik (tmr. sandhangan, omah lsp); 2 sênêng macak (ngrêngga awak lsp).
bêsusu :
kn ar. pala kêpêndhêm.
(bêsut) :
di-[x] kn 1 diêlus lan dilêmêsake nganggo lading (tmr. klobot lsp); 2 dislêtika; 3 ent. diowahi lan dibêcikake (tmr. crita, karangan, lsp).
bêsuwêl :
kn (mak [x]) pc. sanalika ditêkuk disêsêlake; 2 êngg.pc. bêsêl; di-[x]-ake pc: ditêkuk (dilêmpit) mung diuntêl-untêl bae.
bêsole :
kn ar. wit.
bêsona-bêsono, mbêsono :
êngg.pc ora ngêrti tatakrama.
(bêsot) :
di-[x] kn dirêsiki sarana diluluh (disêmprot ing gêni) tmr. logam.
bêsprit :
(W) kn congat ing canthiking prau.
(bêsta) :
dipun-[x] êngg.k: dibanda.
bêstèl :
(W) kn 1 pc. têtuku barang dikon nêkakake ing omahe; 2 (ut. bêstèlan) barang kang dikirimake ing sêpur ut. pos; di-[x]-ake pc: dikirimake.
bêstik :
(W) kn ar. lêlawuhan (iwak daging).
bêstu :
kn.ak wis dipêsthèkake (ditêtêpake), kêlakon têmênan; di-[x] ak: ditêtêpake ing sadurunge.
bêstul, bêstol :
kn. ak pistul.
(bêsturu) :
kabêsturon kn.ak lena, ora prayitna.
bêstru :
kn ar. wit sarta woh.
bêstrong :
kn.ak bngs. mriyêm cilik; [x]-an: amba (tmr. lêngênan klambi).
bêt :
kn 1 katranganing nyawat lsp; 2 (mak[x]) êntèk sanalika.
(bêta) :
m-[x] pc.k nggawa.
bêtah :
I kn 1 kuwat nganti suwe (tmr. mlaku, ngêlih, ngêlak, mêlèk lsp), bisa tahan (lara lsp); 2 êngg. krasan, jênak; 3 pc. ora lèrèn-lèrèn (tmr. udan); di-[x]- [x]-ake: dikuwat-kuwatake; pira [x]-an pc: apa bakal kuwat. II êngg.k; butuh.
bêtamal :
pc bukti, cihna;kc. butamal.
bêtatung :
kn bngs. sèt rupane irêng.
bêtèk :
êngg.kn tilas, tipak; bêtèke êngg. pc: awit saka.
bêtutu :
kn ingkung pitik sing wis dilolosi balunge.
bêtuwah :
kn.ak pusaka, barang kang dipêpundhi (marga dianggêp duwe kasêktèn).
bêton :
I kn isi nangka (kluwih). II (W) kn: carubaning sêmèn karo krikil (dianggo omah gêdhong lsp).
bêcècèr :
, pating [x] kn padha kècèr (mawut), ora tumanja.
bêcik :
n. sae k 1 ora ana cacade; 2 utama (tmr.bêbudèn, kalakuan); 3 ora ana owahe, slamêt; 4 ora pasulayan (tmr. bêbojoan, mêmitran); 5 endah (bagus, ayu); 6 asri, nyênêngake (tmr.pasawangan); 7 kukuh (tmr. gêgawean); 8 (ut. [x]-e) prayogane; [x]-e êngg: bêgja dene; bêbêcike: kang bêcik dhewe; dibêbêcik, di-[x]-i: 1 digawe bêcik; 2 dirêngkuh kalawan bêcik.
bêcici :
kn bngs. gêdhang alasan.
bêcicing :
kn woh gadhung kang ana ing dhuwur.
bêcus :
êngg.pc bisa.

--- 44 ---

bêcokak ~ bikin.

bêcokak, bêcokakan :
êngg.kn ugal-ugalan.
bêthak :
1 êngg.kn. nggodhog; 2 k. adang, ngliwêt.
bêthara, bêthari :
pc bathara-bathari.
(bêthat) :
m-[x] kn.ak mbêdhal dadakan pisah saka ing panunggalane; [x]-an: ora ana udan sawêtara dina ing sajroning mangsa rêndhêng (ut. ngarêpake mangsa kêtiga).
bêthèk :
kn pagêr pring (ing pakarangan lsp); di-[x](-i) ak: diukum diwirangake sarana dikurung ing bêthèk (supaya ditonton wong akèh).
bêthêk :
êngg 1 kn. olah-olah, nggodhog; 2 k.adang, ngliwêt.
(bêthêng) :
kêbêthêngên êngg.kn kandhêg lakune dening udan.
(bêthêthêt) :
m-[x] pc kêncêng bangêt (ênggone nalèni), pêtêng bangêt (tmr. mêndhung), rapêt bangêt (ênggone ngurung); sawêngi m-[x] êngg. pc: sawêngi natas.
bêthik :
kn ar. iwak loh.
bêthithing :
kn cilik mêrit (tmr. bangkekan).
(bêthithit) :
m-[x] kn sarwa singsêt (ênggone ikêt-ikêtan, sabukan lsp), wis macak (dandan).
(bêthu) :
m-[x] kn bundêr gêmblêb (tmr. rai).
(bêthur) :
m-[x] êngg.kn ora gêlêm tumandang ing gawe (tmr. wong wadon).
bêthut :
kn.ak cantholan dianggo nggarap kapuk.
(bêthuthut, bêthothot) :
m-[x] kn katon pêtêng (ulate).
bêthok :
kn ar. iwak loh.
(bêthot) :
di-[x] kn ditarik sêru supaya uwal (pêdhot).
(bêwah) :
dipun-[x] êngg.k dibuwuh.
bi :
êngg.pc 1 êmbok; 2 êmbok-cilik; kc.bibi.
bibal :
êngg.kn dhidhal, thèthèl (tmr. kulit lsp).
bibar :
k bubar.
bibas :
êngg.pc êntèk;kc. bebas.
bibèk :
êngg.pc êmbok-cilik;kc. bibi.
bibi :
kn 1 êngg.ak. êmbok-cilik; 2 êngg.ak. kanggo panyêbut marang wong wadon sing isih ênom; 3 êmbok (panyêbute anak marang êmbokne, kang dadi sêliring priyayi luhur).
bibir :
kw.ak: lambe.
bibis :
kn. ar. kewan saèm. coro saba ing banyu.
bibisan :
kn. ar. têtuwuhan.
bibit :
kn. 1 (ut. [x]-an) turunan (tmr. têtuwuhan, kewan); 2 wiji ut. thikilan kang arêp ditandur (ditangkar-tangkarake); 3 kewan (iwak lsp) kang arêp ditangkar-tangkarake; 4 (ut. [x]-an) êngg. babon êndhog-endhogan; 5 (ut. [x]-kawit) kang dadi mula-buka.
biblak :
pc bêsèt, mlècèt (tmr. kulit).
bibliotik :
(W) kn. pabukon (paklumpukane buku-buku).
bibrah :
k. bubrah.
(bibrik) :
m-[x] êngg.pc. nglanjak pakarangan (palêmahaning) liyan saka sêthithik.
bidêngah, bidngah :
(A) kn.ak. pêpenginan ala.
bijaksana :
kw. ak. wicaksana.
bijang :
kw. ak. dhadha, pundhak.
biji :
kn. angka mratelakake ajining kapintêran (ing pamulangan, èksamênan); di-[x], dibijèni: diajèni nganggo angka.
(bijig) :
di-[x] kn. disodhok ing êndhas (sungu); [x]-an: gudag-gudagan.
bijil :
kn. rusak ut. mlêthis mêndêlo (tmr. mata lmr. kang sasisih).
bidhag :
kn. wong-wongan ing dolanan catur.
bidhal :
k: budhal.
bidhar :
êngg.kn. ar. prau cilik (sing digawe dêlêging kayu).
(bidhung) :
di-[x] êngg.kn.ak. digodha, dirusuhi;kc.bedhung.
bidhur :
kn. ar. lêlara kulit bintul-bintul gatêl; [x]-ên: nandhang lara bidhur.
bidho :
kn. ar. manuk bngs. wulung.
bigar :
kn. lincak-lincak sênêng-sênêng (bungah-bungah).
bihal :
(A) kn. ak. anak jaran karo kuldi.
biya :
(S) kw. ak. wêdi.
biya-biya :
êngg.pc. wadhuh-wadhuh ! (gumun bangêt).
biyada :
1 êngg.kn. bocah wadon kang rewang wong duwe gawe; 2 kw. batur wadon ing kraton.
biyah :
kn. iyah, iyak ! (nandhakake ora sênêng).
biyaya :
êngg.pc. wragad.
(biyayah) :
m-[x] êngg.pc. pating blengkrah, ora karuan.
biyayak :
pating [x], [x]-an êngg.kn. yabyaban, ora tata.
(biyak) :
di-[x] êngg.kn. dibukak tutupe (jarite, klambune lsp);kc. piyak, wiyak.
biyantu :
êngg.kn. mupakat lan gêlêm têtulung; di-[x], dibiyantoni êngg: dirujuki lan ditulungi (direwangi).
biyang :
kn. 1 êngg. biyung (êmbok); 2 êngg. kanggo sêbutane wong wadon kang asor; 3 (ut.biyung) sabawa mratelakake gumun, maido; 4 (ut. [x]- [x], biyung-biyung) pc. sabawa mratelakake wêlas lsp; biyangne (-bayi, -thole, -gêndhuk) êngg.ak: panyêluk marang bojone dhewe.
biyas :
kn. pucêt dadakan (marga kagèt, isin).
biyasa :
êngg.kn. 1 wis manuh (nindakake); 2 lumrah; biyasane êngg: adate, lumrahe.
biyèk :
I êngg.pc. biyèn. II êngg.kn: jêmèk.
biyèn :
n. rumiyin k. wêktu kang wis kêpungkur suwe;kb.besuk.
biyèt :
êngg.pc. karcis lêngganan (sêpur).
(biyêt) :
m-[x] kn. akèh bangêt (wohe).
biyuh, biyuk :
êngg.pc. wadhuh biyung ! (mratelakake gumun).
biyung :
kn. 1 êngg.êmbok; 2 êngg.ak. sêbutan marang wong wadon kang asor; 3 pc. sabawa nelakake gumun, lara, wêlas lsp.
biyungên :
êngg.kn. tansah kangên marang êmbokne (tmr. bocah cilik).
biyolah :
kn. bngs. rêbab (mungsik).
biyoskup :
(W) kn. gambar sorot.
bikak :
k: bukak.
bikal :
(-bikal) êngg.pc. pating jrentol gatêl (tmr. kulit).
bikang :
kn. ar. panganan.
bikin :
êngg.pc. gawe; di-[x] pc: dipaeka.

--- 45 ---

bikir ~ bismillah.

bikir :
êngg.kn. gangsingan bathok.
biku :
(S) kw.ak. pêndhita tapa;kc. wiku.
biku-biku :
kn. pating jlêprik.
bikut :
kn. ribut sêngkut tumandang.
biksu, biksuka :
(S) ke.ak. pêndhita ngêmis; cs. 7.
bilahi, bilai :
kn. cilaka, tiwas; mbilaèni: njalari cilaka (tiwas);kc. blai.
bilas :
kn. 1 mindhoni adus (wisuh) nganggo banyu kang rêsik; 2 ak. wis êmoh gêpokan; di-[x]-i: dikumbah (didusi, diwasuh lsp) mênèh nganggo banyu kang rêsik.
(bilêr) :
m-[x] êngg.ks. turu.
bilih :
k. 1 êngg. yèn, mênawa; 2 br.yèn.
bilik :
êngg.kw. sênthong; [x]- [x] kw: pêpanthan gêgolongan.
bilis :
êngg.kn. garuk.
(biluk) :
m-[x] êngg.kn. 1 ak. menggok; 2 bali.
bilulung :
pating [x], [x]-an kn. (padha) lunga mênyang êndi-êndi ora karuwan jujuge (marga bingung lsp).
bilur :
(-bilur) kn. tatu pinggêt nggalêr (marga disabêti lsp).
bilo :
kn. lamur.
bima :
(S) kw.ak.mêdèni, nggêgilani.
bima-sêkti :
kn. ar. lintang.
bimana :
(S) kw.ak. umuk, gumêdhe.
bimba :
(S) kw.ak. rêca, pêpêthan.
bimbang :
(ut. kêbimbang) kw. kuwur bingung (dening kêsêngsêm).
bina :
(S) kw.ak. nggêgirisi bangêt.
binah :
êngg.kn. bêbakal (omah, sandhangan lsp).
binandhung :
kw. dirangkêp;kc.bandhung.
binantang, binatang :
ks. kewan (dianggo pêpisuh).
bindi :
kn.ak. gada, pênthung.
bindiwala :
kw.ak. bngs. tumbak ditlorongake.
bindhêng :
kn. yèn nywara grênggêng-grênggêng marga irunge cacad.
bintang :
I kn. pêpêthan lintang êmas, slaka lsp. (minangka tandha kêtrima). II êngg.kn: lèngsèr kuningan (wadhah teko). III êngg.kn: 1 disêlang-sêling (up. diojong nuli dipèkèh); 2 digèrèd mênyang ing dharatan (tmr. prau).
bintangur :
kn. ar. wit.
(binte) :
di-[x] ditêndhang kempole nganggo garês.
bintên :
kn.ak. gênti mbinte (dolanan bocah).
bintêng :
(-jae) kn. ar. panganan mut-mutan.
bintêr :
êngg.pc. pintêr.
binting :
êngg.kn. bèntèng, bètèng.
bintit :
êngg.kn. pêndul tmr. mata (marga lara, mêntas nangis).
bintu :
êngg.k. biru; mbintoni êngg.k: mbironi.
bintul :
kn. mlêmpung (abuh sêthithik) tmr. kulit (marga dicokot lêmud lsp).
bintulu :
kw. (polèng) biru.
bintur :
êngg.kn. bngs. jêpitan dianggo golèk kêpithing.
(bincih) :
dipun-[x] êngg.k. dibiri (dikêbiri).
(bincil) :
di-[x]-i kn. dipêthèk sarana dipetungi nganggo krikil lsp (uga dianggo nyumurupi dina bêcik, bêja cilaka lsp); [x]-an: kawruh petungan (pêthèk).
bing :
I (mbing) êngg.pc. mung. II (mbing) êngg.kn: kaprênah ing ...
bingah :
k. bungah.
bingar :
kn. katon padhang polatane (bungah).
bingèk, bingèn :
êngg. biyèn.
binggêl :
ki. gêlang.
(bingkas) :
di-[x] kw. disirnakake, dirampungi; kc. bengkas.
(bingkêm) :
dipun- [x] êngg. k. dibungkêm.
bingkil :
(W) kn. papan dianggo nyambut gawe (tukang bêsi, tukang pit lsp).
(bingkrak) :
bêbingkrakan pc. royal-royalan, umuk-umukan.
binglêng :
kw. judhêg bangêt (marga kedanan lsp).
bingung :
kn. 1 kuwur atine ora mangêrti apa kang bakal dilakoni; 2 ora wêruh lor kidul; m-[x]-i(-ake): njalari bingung.
bipèt :
(W) kn. 1 lêmari lan meja wadhah minuman lsp; 2 warung ombèn-ombèn (ing sêtatsiyun).
bir :
I (W) kn. ar. minuman. II (mbir) êngg.kn. ing têmbing (sisih) ... ing pinggiring ...
birahi, birai :
kn. umur-umuran ngangkat dhêmên marang (sandhang, wong wadon ut. wong lanang lsp).
birama :
(S) kw. ak. nêngsêmake, endah.
birat :
êngg.kn. ilang (wis rêsik); di-[x] êngg: diilangi, disirnakake, dirêsiki.
birawa :
kw. kc. berawa.
biri, birèn :
pc. kêbirèn; di-[x] pc: dikêbiri.
biring :
kn. ar. dhapuring tumbak (tanpa luk).
(birid) :
m-[x], [x]-an êngg. kn. miturut ...; kc. pirid.
biru :
kn. warna kaya dene warnaning langit; dibironi: ditembok ing malam wêdêlane (supaya yèn disoga ora katut abang); biron: jarit sing wis diwêdêl.
bis :
I (W) kn. 1 pêthèn (lêmarèn) wadhah layang; 2 (montor x) montor tunggangan (digawe sewan).II (W) kn; blombongan wêsi (dalan banyu). III (W) pc: diambali manèh, sêpisan êngkas.
bisa :
n. sagêd k. 1 kuwagang (kêconggah) nindakake (nglakoni, nggarap); 2 pintêr; 3 ora mokal (kêlakone).
bisae :
(C) pc. ala.
bisala :
(S) kw. ak. jêmbar.
bisana :
(S) kw.ak. mêmédèni, susah.
bisaos :
êngg. k. bae.
bisatya :
(S) kw. ak. bangêt.
biseka :
kw. jêjuluk; di- [x] kw: dijumênêngake ratu.
(bisik) :
[x]-[x] kn. gunêman lirih; di-[x]-i: dikandhani lirih-lirihan.
bisikan :
kw. ênêng, jêjuluk.
bisit :
êngg. pc. bisa.
biskal :
kn. ak. bêskal.
biskucing :
kn. ar.têtuwuhan.
biskuwit :
(W) kn. ar. roti.
biskop :
(W) kn. panggêdhening ngulama Kristên Katulik.
bismillah :
(A) kn. atas asmaning Allah.

--- 46 ---

bisu ~ blak.

bisu :
kn.ora bisa gunèman; m-[x] ora gunêman.
bisuwa :
(S) kw. ak. sajèn.
bita :
(S) kw.ak. wêdi. jirih.
biting :
I kn. iratan pring kaya sada dianggo nyublês wungkusan (supaya ora udhar); di-[x]-i: dicublês dianjingake nganggo biting. II êngg.kn: bètèng.
bituwah :
kn.ak. bêtuwah.
bicantên :
êngg. kn. bicara.
bicara :
êngg. kn gunêman, rêmbugan.
bithêt :
kn. gèthèk tilas tatu (ing kulit).
bithi :
kn. gêgêman tangan; di-[x]: diantêm, dijotos.
biwada :
di-[x] kw. ak. disungga-sungga, diurmati.
biwara :
kn.ak. (layang [x]) layang palapuran bab colong-jupuk kawènèhake marang kang kelangan diwênangake nggolèki.
byabya :
kw.ak. lor kulon.
byah :
mak [x][ kn. sanalika, pêcah.
byaya :
(S) kw.ak. wragad.
byayah :
êngg.kn. pating blengkrah, ora karuwan.
byayakan :
kn. yab-yaban sarwa kêsusu; kc. biyayakan.
byak :
mak [x] kn. sanalika sigar, mênga.
byak-byakan :
kn. (nggêgolèki) sarwa kêsusu.
byamoha :
(S) kw. ak. ngênglêng (kedanan).
byantara :
(ing [x]) kw. ingarêpan (pasowanan).
byang-byangan :
pc. tansah nyat-nyatan arêp lunga (saka ing omah).
byapaka :
(S) kw.ak. 1 sumêbar wrata; 2 ngêrèh, nguwasani.
byapara :
(S) kw.ak. kalakuan, pratingkah.
byapi :
(S) kw.ak. isi, ngêmot.
byar :
kn. 1 sanalika mênga (mêlèk); 2 sanalika padhang (katon); 3 sanalika buyar (bubar, pêpisahan: 4 (wayah [x], [x] esuk, [x] rahina) wayah esuk mbênêri srêngenge mlêthèk; ngêbyar: mêlèk têkan wayah esuk; [x]-[x]-an: lèk-lèkan ngêbyar.
byar-byur :
kn. pêpindhan swaraning adus (nyirami).
byar-pêt :
pc. gèk murub gèk mati (diyan lsp).
byasana :
(S) kw. ak. bêbudèn ala, hawa napsu.
byat :
nêmpuh [x] br. nêmpuh kanthi sêrêng; kabyatan kw: kabotan; kc. bwat.
byuha :
(S) kw. ak. gêlaring baris.
byuk :
mak [x] kn. (disokake) sanalika lan akèh, têka bêbarengan.
byuk-byukan :
kn. bêbarêngan padha têka (wong akèh).
byung :
mak [x] kn. sanalika mabur (lunga) bêbarêngan.
byung-byungan :
kn. padha bêbarêngan mabur (têka, lunga) tmr. tawon lsp.
byur :
I mak [x] kn. katêranganing ambyur ing banyu (nggrujug, lunga bêbarêngan, bubar bêbarêngan). II kn: ora nganggo kêcampuran liya (padha bakale), tanpa kêsêlan warna liya, up. putih [x].
byur-byuran :
kn. ambyur-ambyuran ing banyu.
byoma, byomantara :
(S) kw. ak: langit, awang-awang.
byor :
kn. ak. sumorot padhang; kc. abyor.
blaba :
kn. loma, sênêng wèwèh.
blabag :
kn. 1 prejengan kayu pêsagèn tipis; 2 wêwêngkon kang dianggo, papan padunungan kang baku; 3 wong kang mbakoni; [x] tanêmên, [x]-an ak: têgal kang ditanduri têmbako; m-[x]: kaya blabag (atos tmr. wêtêng); ke- [x]: kêpokok, sing kêjibah.
blabak :
kn. ar.têmbang têngahan; ke-[x] ak: kêblêbêg ing banyu.
blabar :
I kn. 1 kênthêng (tali, kawat dianggo matêsi kalangan lsp); 2 êngg. tampar dipanthêng (dianggo ancêr-ancêr lakuning kewan bêburon, iwak lsp); di-[x](-i): 1 dikênthêngi ing kawat (tampar lsp); 2 didondomi tutus-kajang (mung diênggo cêngkorongan); 3 ak. dicêngkorongi dhisik (tmr. gêgawean, mbathik lsp); [x]-an: cêngkorongan. II m-[x] (-[x]) kn: mili mrana-mrana.
blabar-kawat :
br. glanggang (paprangan).
(blabuk) :
di-[x]-ake êngg.kn. dikatutake ut. dipayokake (tmr. barang palsu).
blabur :
kn. 1 êngg. banjir, mbludag mblabar-mblabar; 2 sarwa turah-turah akèh bangêt (tmr. pangan lsp); 3 pc. bawur, ora cêtha pandêlênge.
blad :
(W) kn. 1 lêmbaran (dluang); 2 dluwang mawa garisan kandêl dianggo lambaran nulis kasasabake ing sangisore dluwang kang ditulisi banjur diturut garisane.
(bladêr) :
m-[x] êngg. kn. 1 pc. mblêdêr (rêgêd akèh uwuhe); 2 akèh bangêt (tmr. wowohan).
blajar :
êngg. kn. ajar, sinau; [x]-an engg: 1 piwulang; 2 isih ajaran.
bladhah :
kn. ak. ngêblak ora dialing-alingi: di-[x]: dibukaki aling-alinge (gêdhège lsp).
(bladhak) :
m-[x] kn. 1 nggiwar nyimpang saka ênêring laku (tmr. lakuning kreta, jaran lsp); 2 ent. laku ala (tmr. wong wadon).
(bladhêg) :
m-[x], [x]-an kn. têrusan bae (tanpa ganti).
bladhêr :
ut. bladhêr kn. mawa êndhut rêgêd (tmr. tuk lsp).
bladhu :
êngg. kn. êndhut kang katut ilining banyu.
bladho :
(lintang [x] kn. êngg. lintang panjêr esuk.
bladhog :
I êngg. ks. drêmba, ludhuk. II di-[x] êngg. kn: diplathok (kayu lsp).
blaèr :
ut. [x]-an kn. tansah kumocor idune (arêp mutah).
blaès :
pc. kêtiwasan kc. bilahi.
blag-blagan :
mênga amba (ora ditutup).
blai :
pc. cilaka, kêtiwasan; kc. bilahi.
(blayang) :
m-[x], [x]-an êngg. pc. lunga (saka ing omah) mênyang êndi-êndi tanpa jujug.
(blayu) :
m-[x] êngg. mlayu.
blak :
I kn. dluwang gambar (dianggo pola bathikan lsp); di-[x]: dipola.

--- 47 ---

blaka ~ (blèbèr).

II mak [x] pc: katêranganing mênga amba lawang lsp); [x]-[x]-an pc: tanpa nganggo ditutupi.
blaka :
kn. 1 walèh, kandha ing sabênêre; 2 êngg. pc. wantah, ora nganggo apa-apa; diblakakake: dikandhakake ing sabênêre, diwalèhake.
blaka-suta :
kn. kandha ing sabênêre.
blaki :
êngg. k. blaka.
blakin, blaking :
kn.ak. tir.
blalak-blalak :
kn. amba sarta katon bêning (tmr. mata).
(blalo) :
m-[x] kn. nekad êmoh ngrêmbug apa-apa (nggugu karêpe dhewe).
blanak :
kn. ar. iwak loh saèm. bandêng.
blandar :
kn. (balunganing omah) pring ut. kayu sangganing êmpyak.
blandaran :
êngg. kn. balapan.
blandêr :
(W) kn. tutup sumbu diyan (supaya padhang urube, ing diyan triom lsp).
(blandrêng) :
m-[x], [x]-an êngg. kn. têrusan bae tanpa lèrèn.
blanja :
kn (ut. [x] pasar) dhuwit sêdiyan têtuku kabutuhan padinan; 2 têtuku barang-barang kabutuhan padinan; 3 dhuwit kang diwènèhake marang batur (anak lsp) dianggo jajan; 4 bayar (sasèn); di-[x]: diwènèhi blanja; diblanjakake: ditukokake kabutuhan padinan; blanjan: 1 kang dibayar ing dhuwit ora sawah lsap); 2 mbênêri mangsa bayaran.
(blandhang) :
m-[x] kn. mlayu bantêr bangêt.
blandhit :
pating [x] kn. 1 ubêd-ubêdan ora karuwan (tumpang suh, ruwêt lsp); 2 pc. molah-malih sarta mingar-mingêr (gunêmane).
blandhong :
kn. tukang nêgor kayu (ing alas); m-[x] êngg: nêgori kayu; [x]-an: babagan nêgor kayu ing alas-alas; 2 pakaryan kayu jati; 2 êngg. kayu glundhungan dikworoki (dianggo prau lsp).
blandhos :
êngg. pc. bilahi.
(blanèt) :
m-[x] êngg.pc. katon bagus.
blantik :
kn. bakul raja kaya ut. manuk, tukang ngêdolake raja-kaya (pc. uga barang-barang liyane).
(blancang) :
di-[x]-i êngg.kn.dicêgat arêp dicêkêl.
blang-blangan :
pc. tansah lunga saka ing omah (tmr. wong wadon).
blang-blêng :
pc. kêrêp mlêbu.
blanggrèng :
kn. kêmbang kopi; m-[x] pc: katon gagah abagus.
blangkêmên :
pc. kaya krasa kaku kumudu-kudu arêp gunêman ut. mêmangan.
(blangkêp) :
m-[x] êngg.kn. ngrangkêp.
blangko :
kn. 1 layang klowongan kang kudu diisi (poswisêl lap); 2 êngg. layang palilah saka panggêdhe (bab mbêlèh raja-kaya, babad alas lsp); 3 pc. ora mèlu nyêtèm (milih ut. nêtêpake ing pakumpulan lsp); tukang [x] (-ikêt): tukang gawe ikêt blangkon; diblangkokake: 1 êngg. dijalukake layang palilah; 2 pc. digadhèkake mênyang pagadhean; 3 didandakake mênyang tukang blangko (tmr. ikêt); kc. blangkon.
blangkok :
kn. slewah (tmr. ulês, warna).
blangkon :
kn. ikêt kang wis ditata (diwiru lsp) sarta didondomi.
blangkrèh :
pating [x] kn: têtumpukan ora tata.
blangsi :
êngg. kn. goni wadhah gula pasir.
blau :
(W) êngg. 1 biru; 2 bngs. nopal biru.
blaur :
êngg. kn. nggugu karêpe dhewe.
blaos :
pc. bilahi.
blarahan :
êngg. kn. mambu ora enak (bosokan larahan lsp).
blarak :
kn. godhong krambil.
(blarat) :
m-[x] êngg. ak. lunga minggat.
blarudan, blarutan :
kn. nandhang kacilakan lan kasangsaran (dening pêgêblug, kêbanjitan lsp).
blarut :
pating [x] kn. padha blarud-blarud.
blarongan :
kn. mambu bangêr ora enak (kc. bathang lsp).
blas :
kn. 1 sanalika lunga (ilang, mari); 2 êngg. babar-pisan; 3 êngg. êntèk babar-pisan; kc. bablas.
(blasah) :
m-[x] kn. padha sumèlèh ing lêmah (ora tata lan akèh).
(blasak) :
m-[x], [x]-an kn. mlaku nasak (ora ngambah ing dalan kang bênêr); ke-[x]: kêblasuk.
(blasar) :
m-[x] kn. 1 nasar, ora ngambah dalan kang bênêr; 2 ak. ora anjog ing (tmr. dalan); 3 (ut. [x]-an) ora tata ut. ora karuwan (panêmune, kalakuane).
blas-blus :
pc. slundap-slundup.
(blasuk) :
di-[x]-ake kn. diklerokake dalane, disasarake; ke-[x]: klèru dalane, kêsasar, olèh apa-apa sing ala.
blastêr :
kn. 1 turunan campuran seje jinis ut. seje bangsa; 2 êngg. turunan dara karo putêr.
blastin :
êngg. pc. krikil ing ginjêl.
blatèr :
kn. bisa srawungan karo sapa bae.
blatung :
kn. 1 bngs. sèt; 2 êngg. anak kucing.
blacan :
kn. bngs. macan cilik.
blacu :
kn. mori mêntah.
blathok :
êngg. kn. bngs. wadung.
blawah :
êngg. kn. glondhongan kayu dilêgoki dianggo wêwadhah lsp; m-[x] 1 pc amba bolongane (tmr. kuali lsp); 2 (ut. [x]-an êngg. blabaran (lubèr nyrambahi mrana-mrana); 3 (sugih m-[x]) pc. sugih bangêt.
(blawan) :
( m-[x] êngg. kn. tandhing karo, babag; m-[x]-i, [x]-an êngg: tumandang rêrukunan; [x]-an pc: gunêman kasar-kasaran.
blawe, blawèh :
êngg. kn. ora bisa (-kêna, -olèh).
blawu :
êngg. kn. klawu sêmu biru; sêmèn [x]: sêmèn rupane klawu.
blawur :
kn. ora têrang pandêlênge.
blawus :
kn. 1 katon klawus rêgêd; 2 ulês kuning ut. abang sêmu irêng.
blawong :
(ut. panjang [x]) êngg. kn: panjang gêdhe.
blèlèk :
I ut. [x]-an kn: tipis lêlêmbaran (tmr. têmbaga, êmas lsp). II m-[x] êngg.kn: mili ngiwa nêngên (tmr. barang cuwèr, mangsi, ditètèsake lsp).
(blèbèr) :
m-[x] êngg. pc. mblabar.

--- 48 ---

blèdru ~ (blêkathêk).

blèdru :
êngg.ak. pasulayan.
(blèjèd) :
di-[x]-i kn. 1 diuculi sandhangane (diwudani); 2 ent. dijupuki barang darbèke kabèh.
blèg :
(W) kn. 1 blebekan wêsi tipis (dianggo dandanan); 2 wadhah lênga lsp (kang digawe blèg).
blèkèn :
êngg.pc. wantahan;kc. blaka.
(blela) :
m-[x] kn. mbangkang prentah, ngraman.
blelu :
êngg.kn. bodho;kc. blilu.
blèndèr :
êngg.kn. kayu bulugan lsp. dianggo sanggan balok lsp. kang disodhokake (supaya gampang); m-[x], [x]-an êngg: 1 ngglundhung mlèsèd; 2 gunêman plèsèdan; 3 ora kêna diugêmi gunême; 4 laku ngiwa (tmr. wong wadon); di-[x]-ake êngg: dilembatake marang liyan (tmr. wêwênang lsp).
blendrang :
kn. ar. lêlawuhan.
(blendre) :
m-[x] kn. 1 mletre, mlèsèd; 2 ora kêna diprêcaya.
(blenja) :
mblenjani kn. ora nuhoni ênggone sêmayan.
(blèndhêr, blêndhêr) :
m-[x] kn. lêmu bangêt (sarta wêtênge gêdhe).
blendho :
êngg.pc. blondho.
(blendhot) :
m-[x] êngg.kn. 1 lêmês ora kukuh; 2 ora nêtêpi jangji.
blencong :
kn. diyan nganggo tèdhèng dianggo madhangi wayang (digantung sangarêping kêlir).
blence :
êngg.pc. wantahan;kc.blèkèn.
blengah-blengah :
êngg.kn. kuning sarta sumèh nyênêngake (tmr. pasêmoning praèn).
(blèngèr) :
m-[x] kn. katon abang awaras (tmr. lambe, pasêmon).
blèngkèt :
kn. 1 êngg. cakêt karo, rakêt; 2 pc. rakêt bangêt (ênggone mêmitran, sih-sinihan); di-[x](-ake): digamblokake dadi siji (tmr.desa lsp).
blengkrah :
pating [x] kn. pating jlêmpah ora tata; di-[x]-i: didhudhahi diudhal-udhal.
blepot :
êngg.kn. rêgêd glumut, gluput.
blerang, blèrèng :
êngg.kn. lorèk-lorèk.
blere :
kn. gampang ngguyu (kêrêp ngguya-ngguyu).
blèrèk :
I êngg.pc. blirik. II di-[x] êngg.pc: dibèrèk.
blèrèng :
êngg.kn. lorèk-lorèk.
blero :
kn. 1 campur larase ut. ora bênêr larase (tmr. swara); 2 pc. yèn ndêdêlêng katon dumpyuk; 3 pc. bingung ênggone arêp milih.
blècèn :
êngg. pc. blèkèn.
blewah :
pêndhok [x] kn. pêndhok sing ing buri mênga, kb. pêndhok bunton.
(blèwèh) :
m-[x] kn. mênga amba (tmr. cangkêm, bolongan lsp); [x]-an: 1 bolongan; 2 cluwokan nggalur (dianggo ilèn-ilèn banyu).
blêbah :
kn. 1 dêrês bangêt (tmr. udan ing mangsa rêndhêng); 2 ([x] panenan) êngg.pc.mangsa murah pari (bêras) marga ing êndi-êndi mbênêri panèn.
blêbêd :
kn. mori lsp. kang dianggo nggodhi; di-[x]: digodhi lan diubêd-ubêdi ing gombal, mori lsp.
blêbêk :
kn. pêpindhaning swaraning apa-apa sing disilêmake ing banyu; di-[x] pc: diombèni akèh bangêt; di-[x]-ake pc: disilêmake ing banyu.
blêbêr :
pating [x] kn. padha mabur (lunga lsp) mênyang êndi-êndi.
blêbês :
I kn. garisan gèpèng dawa (piranti tukang batu, panênunan lsp). II mak [x] kn: katêranganing amblês ing banyu.III m-[x] kn: ora gampang kobong (kayu têlês lsp); apês m-[x] pc: apêse.
(blêdag) :
pc. 1 mbludag (loma bangêt); 2 umuk bangêt.
(blêdêr) :
m-[x] êngg.kn. rêgêd bangêt dening akèh uwuhe lsp.
(blêdig) :
di-[x] kn. dioyak arêp dicêkêl.
blêdug :
kn. 1 lêbu kang katut ing angin; 2 ([x]-ing nêgara) ak.bayar wuwuhan (kanggo wragad lêlungan tmr. priyayi pangrèh praja); 3 pc. pamêtu kang dudu pokok; 4 ak.anak gajah.
blêjat-blêjêt :
kn. capêt-capêt.
blêjêd :
pc. wantahan, babar-pisan up. kosok-bali [x]; wuda m-[x]: wuda babar-pisan (tanpa awêr-awêr).
(blêjog) :
di-[x] kn. dikandhani (dijaluki, ditakoni) kanthi dadakan; [x]-an: dadakan, ora nganggo antal-antalan.
(blêdhag) :
m-[x] kn. mblêgag, bênthèt (nêla) amba.
blêdhèk :
kn. 1 kaanan ing awang-awang awujud gêbyaring gêni sarta swara kêdadean saka èlèktris ing mêndhung; 2 (godhong [x]) ak. godhong jarak (yèn arêp dianggo têtamba).
(blêdhèh) :
m-[x] kn. 1 dhadha ut. wêtênge katon (tmr. klambèn lsp); 2 kêmba lan cêbêlèh rasane (up. iwak sing wis wayu).
(blêdhêk) :
m-[x] kn. ora bisa atos kêsêt (tmr. bata, bêras lsp).
blêdhêng :
pc. katêranganing mlêbu.
blêdhês :
kn. katêranganing nyilêm ing banyu; di-[x]-ake: dilêbokake (disilêmake) ing banyu lsp.
blêdhu :
êngg.kn. êndhut, blêthok; kc.pladhu.
blêdhug :
I êngg.kn. êmbêl, blêthok, êndhut. II m-[x], mblêdhog êngg.kn: njêbluk, njêblos (kanthi swara sêru); [x]-an, blêdhogan êngg: mêrcon long.
(blêdhos) :
m-[x] kn. (pêcah) njêblug tmr. mêrcon lsp.
blêg :
kn. 1 (mak [x]) swaraning barang antêp tiba; 2 êngg. dina patine ...; 3 pc. padha plêk; 4 pc. byur (tmr. warna); di-[x]-i: ditibani ing watu lsp.
(blêgag) :
m-[x] kn. bênthèt (nêla lsp) amba.
(blêgêdhêg) :
m-[x] kn. nywara sarta umob (tmr. jênang digodhog lsp); alas [x]-an pc: alas gêdhe.
blêgêdhir :
êngg.ak. pangarêping prajurit.
blêgêr :
kn. jênggoronging wujud ut. wêwangunan.
(blêgidhig) :
m-[x]-i êngg.kn. njêlèhi.
(blêgug, blêgog) :
m-[x] êngg.pc. lêmu bangêt.
blêkak-blêkuk :
kn. ora tètèh sarta mondhag-mandhêg (tmr. gunêman).
(blêkathêk, blêkêthêk) :
m-[x] kn. rêgêd bangêt (ora dikumbah lsp).

--- 49 ---

(blêkênêk) ~ (blubuk).

(blêkênêk) :
m-[x] kn. mêthuthuk jêmèk (njijiki).
blêkêtepe :
kn. nam-naman blarak dianggo payon, aling-aling lsp.
blêkêtupuk :
kn ar. manuk bngs. guwêg.
blêkêcêk :
kn buthêk sarta umob (tmr. lênga digodhog lsp); m-[x]: katon rêgêd bangêt (tmr. banyu, kalèn lsp).
blêkuk :
pating [x] padha blêkak-blêkuk gunêmane.
blêkuthak :
kn. ar. iwak loh.
(blêkuthuk) :
m-[x] kn. 1 mbuwal sarta nywara (tmr. wedang umob lsp); 2 êngg. goroh.
blêkok :
kn. ar. manuk bngs. kuntul.
blêman :
êngg.kn. gêni blubukan; kc. bêlêman.
blêmbên :
kn. bngs. sukêt godhonge dawa-dawa.
(blêmbêng) :
m-[x] êngg.kn. bulug gêdhe.
blêndok :
I kn. tlutuhing wit kang ngyiyit rupane sêmu abang. II di-[x], ut. diblêndog êngg.kn: ditêrka, didakwa, ditakoni dadakan.
blênjat :
pating [x], [x]-an êngg.kn. ora urut, ora kalawan tata lêlarikan.
(blênjog) :
di-[x] êngg.kn. diblêjog, didakwa dadakan.
(blêndhang) :
m-[x] pc. gêdhe marga akèh isine (tmr. wêtêng).
(blêndhing) :
m-[x] kn. 1 njêmbluk ing isor (tmr. wêtêng); 2 ks.mêtêng.
(blêndhuk) :
m-[x] kn. 1 gêdhe jêmbluk (tmr. wêtêng); 2 gêdhe ing têngah (tmr. gêndul lsp); 3 ks.warêg, mêtêng.
blêndhung :
êngg.kn. agung pipilan digodhog.
blêndhong :
êngg.kn. benggol (2½ sèn).
blênêk :
[x]- [x], m-[x] pc. gêdhe lêmu (sarta cêndhèk).
blêntèng-blêntèng :
kn. 1 pating dlêmok; 2 pc. rada bisa, rada eling.
blênto :
êngg.kn. 1 palson (tmr. dhuwit, slaka lsp); 2 ala (tmr. gêgaman landhêp); di-[x] êngg.pc: 1 disêdul barang palsu; 2 êngg.ditêrka sing ora nyata.
blêntong :
kn. dlêmok (ent. cacad).
(blêncung) :
m-[x] êngg.pc. mlaku tanpa nolèh-nolèh.
blênthot :
kn. kiyêng sarta kêncêng (tmr. tawakan).
blênyak-blênyak :
kn. ora gancar, ora urut, ora ajêg.
(blênyèk) :
m-[x] êngg.kn. mlênyèk.
blênyik :
kn. iwak têri kang diasin lan diglindhingi.
blêng :
I mak[x] kn. sanalika mlêbu; ngêblêng: nglakoni ora mangan lan ora ngombe. II kn: (banyu [x]) banyu kang ngêmot uyah; di-[x]: dikum (dicêncêm) ing banyu blêng.
(blêngêr) :
[x]- [x], m-[x] kn. unêg-unêgên (marga mambu kang ora enak).
blênggi :
kn. plisiran bênang mas; klambi blênggèn: klambi mawa plisiran bênang mas.
blênggu :
kn. gêlangan wêsi (kayu) dianggo mbêlok tangan.
blêngkêr :
kn. wêngkuning rodha, tong, tenggok lsp; pating [x], m-[x]: ngringkuk (marga wêdi, kadhêmên), nêkuk nyêngkuwêr.
blêngkik :
pating [x] pc. têtêkukan ora karu-karuan.
(blêngkuk) :
m-[x] kn. mbêngkuk (tmr. linggih lsp); bengkong nêkuk (tmr. paku lsp); di-[x]-ake: ditêkuk dibêngkukake.
blêngur :
kn. anak banyak.
(blêrêk) :
m-[x] êngg.kn. mblêrêt.
blêrêng :
kn. ora bisa ndêlêng cêtha marga kêsorotan; m-[x]-i: 1 njalari blêrêng; 2 ent. mêdèni (marga sugih, luhur).
(blêrêt) :
m-[x] kn. suda padhange, kurang padhang; di-[x]-ake: dikurangi padhange (tmr. lampu, diyan lsp).
blês :
kn. katêranganing amblês, nyublês, nyilêm lsp.
blêsak :
êngg.kn. ala.
blêsak-blêsêk :
pc. kêrêp bangêt ênggone nglêbokake.
blêsar :
pating [x] kn. pating slêbar, ora ngumpul.
blêsêk :
mak [x] pc. mak blês; m-[x] kn: amblês nunjêm ing; di-[x]-ake: dilêbokake ing (lêmah, êndhut lsp).
blêthok :
kn. lêmah jêmèk lumèr.
blibar :
kn. pêntil manggis (manggis ênom).
blibuk :
di-[x] kn.ak. diapusi, diblithuk.
bligang-bligung :
mbligung pc. wuda mblêjêt.
bligo :
kn. ar. woh bngs. waluh.
bligon :
kn. 1 bundêr lonjong; 2 êngg. sapi lsp blastêran.
bliyar-bliyar :
ut. bliyar-bliyur kn. rêmêng-rêmêng pandêlênge (marga ngantuk bangêt).
(bliyut) :
m-[x] kn. ngantuk bangêt.
bliyo :
kn.ak. panggêdhening pulisi.
blikon :
santri [x] pc.ak. santri kang ora nglakoni salat.
blila :
êngg.kn. ngraman, mbangkang.
blilêt :
êngg.k. blilu.
blilu :
kn. bodho (durung mangêrti); [x] tau (pintêr durung nglakoni) pr: sênadyan durung mangêrti nanging wis bisa nindakake; m-[x]: 1 mbodho; 2 êngg. ak. ngapusi.
blimbing :
kn. ar. wit sarta wohe; [x]-an: mawa lingir luwih saka papat (tmr. garisan lsp).
(blindrik) :
m-[x] êngg. pc. ayu bangêt.
blindhis :
kn. 1 tanpa rambut ut. tanpa wulu; 2 êngg. wuda mblêjêt; 3 pc. êntèk kabèh bandhane (sandhangane).
(blingêr) :
ke-[x] kn. kliru, kêsasar pikirane.
blirik :
(-blirik) kn. irêng kaworan trutul-trutul putih (tmr. ulêsing pitik lsp).
(blithing) :
m-[x] êngg. kn. mlincur, kêsèd.
(blithuk) :
di-[x] kn. diapusi, dipalsu sarana apus.
bliwur :
kn. ak. 1 bawur (pandêlênge); 2 bingung atine.
(blubud) :
m-[x] êngg. kn. nekad ora duwe isin.
(blubuk) :
m-[x], [x]ian kn. lêmbut mbludhuk (tmr. lêmah, awu); di-[x](-ake)

--- 50 ---

(blubur) ~ blorok.

êngg. kn: diblibuk, diblithuk; gêni [x]-an: gêni mawa campur karo awu.
(blubur) :
m-[x] êngg. kn. êmpuk sarta gampang ajure (tmr. kapur, gril lsp).
(blubus) :
m-[x] êngg. kn. tanpa nganggo isin (mèlu kêndurèn lsp).
(bludag) :
m-[x] kn. 1 mbuwal, lubèr banjur wutah; 2 sugih umbag; 3 loma bangêt.
bludêr :
kn. ar. roti.
(bludir) :
di-[x] kn. ditrapi gambar kêkêmbangan lsp. nganggo bênang mas lsp; [x]-an: bludru lsp. kang dibludir.
bludru :
kn. ar. bakal (cita alus mawa wulu).
(bluju) :
m-[x] kn. 1 ak. gilig dawa ora karuan bongkot pucuke; 2 barès (tanpa nganggo rêrênggan, kêris lsp).
(bludhuk) :
m-[x] êngg. kn. lêmbut sarta ora kêmpêl (tmr. lêmah); [x]-an êngg; 1 lêmah kang mbludhuk; 2 lêmbutan; 3 blubukan.
(bludhus) :
m-[x] kn. 1 nlusup mlêbu (tanpa diulêmi, tanpa diundang lsp); 2 mblubut.
blung :
kn. 1 katêranganing barang kang tiba; 2 êngg. pc. turu (têtêmbunganing bocah cilik).
blui :
êngg. pc. kunjara.
blukang :
êngg. kn. bongkok (bongkoting papah krambil).
(blukèk) :
m-[x], [x]-an kn. mutah-mutah (sabakdane mangan).
blukèran :
êngg. pc. kumudu-kudu mutah.
(blungkok) :
m-[x] êngg. pc. mukok, mutah.
bluluk :
kn. pêntil krambil.
bluluk lupa :
kn. ak. bluluk kang wis gogrog.
blumbang :
kn. 1 jugangan gêdhe isi banyu; 2 (ut. [x]-an siwakan êngg.) jugangan gêdhe isi banyu dianggo ngingu iwak; [x]-an ikêt (kêmbên) kang bathikane mung turut pinggir.
(blunat) :
m-[x] êngg. kn. ndhugal, kurang ajar.
blundrah, blundrèh :
êngg. kn. rêgêd pating dlêmok.
(blunthah) :
m-[x] êngg. kn. royal (sênêng nglakoni maksiyat).
blung :
kn. pêpindhan swaraning barang kêcêmplung ing banyu.
blungkang :
êngg. kn. 1 sigaran tabon krambil; 2 bongkok; kc. blukang.
blungkêr :
êngg. kn. nêkuk njêngkêrut; kc. bungkêr.
blura-bluru :
êngg. kn. bubar pating blêsar.
(blurut) :
m-[x] kn. nyênyolong ing omah ing wayah awan (sore).
blus :
I mak [x] kn. sanalika nancêp (tmr. dom lsp). II êngg. kn: klambi rangkêpan (ing klambi jas bukak).
blusak :
êngg. kn. kasur.
blusak-blusuk :
kn. mlêbu ingêndi-êndi (sêmu murang tata).
(blusuk) :
m-[x] kn. mlêbu ing; di-[x]-ake: 1 diblêsêkake (dilêbokake) ing êndhut lsp; 2 ent. diloropake; 3 dipayokake (tmr. dhuwit palsu, barang sing ala lsp).
bluthak :
kn. ar. iwak loh.
bluthèh :
kn. ak. kuthah, rêgêd kêcipratan.
bluwak-bluwêk :
kn. bola-bali mlêbu, kêrêp ênggone ngêmplok lsp.
bluwèn :
êngg. kn. kunjara.
bluwèran :
kn. kumudu-kudu mutah.
bluwêk :
mak[x] pc. sanalika mlêbu ing bolongan; [x]-an êngg: bolongan ing lêmah, wokan.
(bluwêr) :
m-[x] kn. 1 gêgupak ing blêthokan; 2 jêblog akèh blêthoke (tmr. dalan); 3 êngg. awangun mlêngkung bundêr.
bluwi :
êngg. kn. kunjara; di-[x] êngg: dikunjara.
bluwus :
kn. katon rêgêd sarta wis lawas (tmr. sandhangan); m-[x]: mênganggo sandhangan sing wis lawas.
blobok :
kn. rêrêgêding mata; m-[x]: tansah mêtu bloboke (marga lara lsp).
(blobor) :
m-[x] kn. 1 mili pating jlèbrèt (tmr. mangsi ing dluwang, malam ing lawon); 2 (ut. [x]-an) nyêmbèrèt (tmr. bathikan, tulisan mangsi lsp); 3 êngg. mblubur.
(blobos) :
m-[x] êngg. kn. mbrobos.
(blojod) :
di-[x]-i kn. diblèjèdi.
blodhog :
kn. ar. iwak loh.
blog :
I kn. pêpindhan swaraning barang tiba, nggablog lsp.II: (W) kn. 1 pêpanthan peranganing palêmahan (sawah, omah); 2 (ut. emblog) gulungan wilanganing mori (sêmbagi lsp).
blog-blogan :
(ut. êmblog-êmblogan) pc. pating dlêmok.
blokèng :
êngg. kn. blukang, blungkang.
blolok :
êngg. kn. blolok; kêtonjok [x] pr: nyatur uwong sing dicatur ana; [x]-ên: ora wêruh marga blêrêng; m-[x] mblêrêngi.
(blombong) :
m-[x] êngg. kn. bolong amba; [x]-an êngg: bolongan amba, urung-urung ut. pipa dalan banyu kang amba.
(blondor) :
êngg.pc. kc. blèndèr, blondrok, blondrong.
(blondrok) :
di-[x]-ake êngg. kn. diblondrongake.
(blondrong) :
di-[x]-ake kn. disasarake, diloropake; ke-[x] kn: kêblasuk, kêlorop.
blondho :
kn. kênthêlaning santên kang diklêntik.
blondhos :
êngg. kn. blindhis, plonthos.
(blondhot) :
m-[x] êngg: 1 ngyiyid, jêmèk; 2 mblenjani kasaguhane.
blonthang-blonthang :
nganggo dlêmok putih (tmr. ulês).
(blonyo) :
di-[x] kn. diusar-usari parêm, borèh lsp. awake sakojur.
blonyoh :
nangka [x] kn. nangka sing nyamplungane mlênyèk; di-[x] êngg. diblonyo.
blong :
kn. bolong njêmblong.
blongor-blongor :
kn. katon sêgêr kawarasan (tmr. bocah lsp).
blongsong :
kn. 1 ulês ut. krakab (êmas, sutra lsp. rêrêngganing kêris); 2 êngg. brongsong; 3 êngg ar. lurik tênunan nganggo dislundhingi sutra.
blorok :
kn. saèm. blirik nanging gêdhe corake (tmr. ulêsing pitik).

--- 51 ---

blorong ~ budhêng.

blorong :
êngg. kn. lorèk-lorèk irêng karo putih.
blos :
kn. katêranganing bolong, nyoblos lsp.
(blosok) :
m-[x]-ake êngg.kn. dislorogake mlêbu.
blosong :
pc. blongsong.
(blothong) :
m-[x] êngg.kn. mblotrong.
(blotrong) :
m-[x] kn. gêdhe kang ngisor (tmr. wêtêng).
blocok :
(-an) kn. bathikane ora cêtha (tmr. jarit lsp).
blothong :
kn. êndhêg-êndhêging lênga kacang lsp. sok dianggo rabuk; [x] uyah êngg: ar. rabuk yasan.
(blowok) :
kê-[x] êngg. kn. 1 kêcêmplung ing wokan; 2 kêblasuk, kêblondrong (ênggone têtuku lsp).
bu :
pc. 1 wc. ibu; 2 wc. babu.
(bubak) :
di-[x] kn. dibabadi lan digarap didadèkake têgal lsp (tmr. alas); 2 dipaculi (digarap) tmr. palêmahan sing durung tau ditanduri.
bubak-kawah :
kn. 1 sarat (bêras kuning, dhuwit lsp) diênggo nêmokake pangantèn jaka-lara; 2 mantu kang kawitan.
bubar :
n. bibar k. 1 (ut. [x]-an) padha pêpisahan (tmr. mêmitran, pangantèn anyar), buyar pêpisahan (tmr. prajurit); 2 wis rampung (tmr. tontonan, pamulangan, wong mantu lsp); 3 (ut. sa-[x]-ing) sarampunge, sawise; di-[x]-ake; dikon padha bubar.
bubar-lahan :
([x] lêlahan, [x] nglahan) kn. ora ana tumanjane (tanpa woh).
bubat :
êngg. kn. rambut buntut jaran.
bubu :
êngg. kn. wuwu.
(bubuh) :
I di-[x] pc. diwuwuhi, ditumpa-tumpa (kasusahan lsp). II. di-[x][-i n. dipunbêbahi k. dibagèhi (dipasrahi) nindakake pagawean; [x]-an: pagawean lsp, sing dikon nindakake.
bubuk :
kn. 1 dheplokan kang wis lêmbut (kêdhêle lsp); 2 ([x] kopi) kopi sing wis digorèng lan didhêplok lêmbut; 3 (wedang [x]) wedang kopi; 4 ar. kewan bngs. tètèr (sok ngrusak kayu); [x] olèh êlèng pr: duwe niyat ala olèh dalan; di-[x] (-i): didhêplok lêmbut; [x]-an: apa-apa sing dibubuk; [x]-ên: 1 dipangan ing bubuk (tmr. kayu); 2 (ut. bubuk êngg.) ora payu laki (tmr. prawan).
bubul :
kn. 1 bngs. lara pathèk kang thukul ing tungkak (dlamakan); 2 êngg. thikilan pongge; suwasa [x]: swasa sing ala (bisa tainên); m-[x] ak. ora kêtara marga lawas (tmr. tulisan lsp); 2 jênang.
bubus :
kn. ar. lêlawuhan sing digawe godhong lumbu.
bubut :
I kn. ar. manuk. II di-[x](-i) kn: didudut lan dibêdhol (tmr. sukêt, rambut, jenggot lsp). III di-[x] kn: diêlus lan diwangun sarana diubêngake sarta disisrik (tmr. kayu, wêsi lsp); [x]-an: 1 piranti dianggo mbubut; 2 apa-apa sing dibubut.
bubrah :
n. bibrah k. 1 rusak sarta padha copot (tmr. piranti-piranti); 2 ilang tatane (tmr. pranatan, barisan, pikiran); di-[x](-ake): 1 dirusak (tmr. dandanan omah lsp); 2 diowahi ut. disuwak (tmr. tatanan, pranatan lsp).
bubruk :
ptj. 1 ora payu (tmr. dagangan); 2 ora payu laki (tmr. prawan).
buda :
(S) kw. 1 ak. ar lintang planit (Mercurius); 2 dina Rêbo; 3 kn. ar. agama yasane Sang Buda Gotama; 4 kn. kang kagolong ing jaman kuna (sadurunge Islam), up. sastra [x].
budaya :
kw. budi, nalar, panêmu, angên-angên; kabudayan kn: babaring nalar-pambudining manungsa maujud kagunan, kapintêran, kawruh lsp.
buda-cêmêngan :
kw. Rêbo Wage.
budi :
kn. 1 nalar, pikiran (kang ginawe nggêgayuh, golèk reka lsp); 2 (ut. m-[x])gudi nggêgolèki, ngrancang golèk reka (srana), mikir; 3 br. migunakake nalare; 4 caraning pamikir; 5 watak; 6 polah arêp oncat, ora manut; ngulir [x] br: golèk reka-daya; bêbudèn: wêwatakan.
budi-arda :
kw. pêpenginan.
budidaya :
kw. reka ut. sarana kang digawe nggayuh (nindakake); di-[x] kw: direka lan diudi; kc. kabudidayan.
budiman :
(S) kw. pintêr (sugih pamikir)
buja :
(S) kw. bau (lêngên, tangan); cs. 2.
bujad :
kn. rusak pisah-pisah saka athi-athikane (sêsambungane) tmr. kurungan lsp; di-[x]-i: 1 dirusak kaya kang kasêbut; 2 ak. dicopot, dilèrèni.
bujaga :
(S) kw. ak. ula; cs. 8.
bujana :
kw. pista mangan enak.
bujang :
kn. 1 êngg. jêjaka (ora duwe pomahan ing desa): 2 (ut. [x]-an) êngg. buruhing wong tani; 3 ak. buruh, kuli.
bujangga :
(S) kw. 1 pujangga (wong pintêr babagan basa ut. kasusastran); 2 ak. ula.
bujêl :
kn. papak, tanpa pucuk (tmr. driji lsp).
(bujêng) :
dipun-[x] k. diburu.
bujidên :
kw. engg. bajang (ora bisa gêdhe tmr. badan).
bujil :
kw. engg. kc. bujidên.
bujug-bêsèt, bujug-bujug :
engg. toblas-toblas! (mratelakake gumun bangêt).
bujuk :
kn. pangapus; di-[x]: dirimuk, ditawani têmbung manis supaya kèlu.
bujul :
êngg. kn. bngs. wluku; kc. brujul.
bujung :
I êngg. k. godhong têbu. II êngg. k: buru
bujur :
(-an) êngg. kn. 1 gombal; 2 (kanggo ngasorake) sandhangan.
budhak :
kn. batur tukon.
budhal :
n. bidhal k. mangkat (bêbarêngan wong akèh); di-[x](-i): dicopoti (tmr. nam-naman), dijupuki diwêtokake (tmr. barang-baranging omah): di-[x]-ake: diangkatake bêbarêngan.
budhêg :
kn. 1 rusak pangrungune (ora bisa ngrungokake); 2 ora bêning suwarane (tmr. gamêlan, dhuwit lsp.); 3 pc. palsu (tmr. dhuwit); 4 êngg. bodho bangêt.
budhêl :
(W) pc. barang-barang warisan.
budhêng :
kn. 1 êngg. bodho, ora lantip: 2 êngg. lutung; 3 ora cumêngkling (tmr.

--- 52 ---

budhug ~ bumbu.

dhuwit); 4 (layang [x], -budhêg) layang tanpa tèkên (ngêmu rasa nacad, ngala-ala lsp.).
budhug :
kn. lara leprah (lmr. ing sikil): [x]-ên: nandhang lara leprah.
budhug-mumuk :
pc. doyan mangan lan doyan turu.
budhur :
êngg. kn. lêgèn.
bug :
kn. katêrangan swaraning barang tiba lsp.
bugêl :
kn. ak. 1 tumpêr (tugêlan kayu sing wis diobong sêthithik); 2 ak. wong bodho; nyugokake [x] kayu sêmpu pr: ngajokake wong bodho.
buh :
I êngg. kn. jêmpo. II (mbuh) kn: 1 ora wêruh; 2 ora kawruhan. III (W) pc: plêngkungan.
bui :
pc. kunjara.
(buya) :
ka-[x]-[x] kw. dioyak-oyak.
buyan :
pc. edan, gêndhêng.
buyar :
kn. pating slêbar mrana-mrana.
buyuk :
êngg. kn. wit nipah.
buyung :
êngg. kn. klênthing, jun.
buyut :
kn. 1 (ut. putu [x]) anaking putu; 2 (ut. êmbah [x]) wong-tuwane êmbah; 3 kw. lurah ut. têtuwane padhukuhan; 4 êngg. jaratan: [x]-ên: ndhrêdhêg thêk-thêkan amarga wis tuwa; satru bêbuyutan: satru wit kuna-mula (turun-tumurun); k-[x]-an kw: 1 panggonaning para pêndhita: 2 sanggar pamujan.
buk :
I kn. 1 sah-sahan (panagih lan panyaure padha); 2 êngg. pc. ora tuna (kalah) ora bathi (mênang); 3 pc. ora duwe apa-apa (ora ana); ora [x] pc: ora sêthithik, ora kurang: di-[x]-ake: dikurupake supaya sah, digawe buk; [x]-[x] êngg. pc: ora tuna (kalah) ora bathi (mênang). II urung-urung banyu kang nrajang dalan lsp. III (W) kn: buku (cathêtan lsp.); klêbu ing [x] pc: ditulisi (dicathêti alane, dipetung); ora ngêbuk ora ngêpèn pc: ora bisa maca ora bisa nulis.
buka :
I kn. mangan (tmr. wong kang pasa). II bêbuka kn: 1 ak. wiwitan, jalaran; 2 pêpucuking katêrangan ing layang; di-[x] kw: diwêngakake; dibukani: 1 kw. diwiwiti saka; 2 diwiwiti nêmbang (tmr. gêndhing): kc. buka.
bukak :
n. bikak. 1 wis mênga ut. wis diwêngakake (tmr. lawang, kantor, toko lsp.); 2 ora ditutup, up. [x] topi; 3 êngg. dicopot (dilèrèni ênggone cêkêl gawe); di-[x]: 1 diwêngakake: 2 diwêngakake kêna diliwati, dilêboni lsp. (tmr. krêtêg, dalan, toko, kantor lsp); 3 dicopot (tmr. topi, tudhung lsp); 4 dibiyak (tmr. layang, buku, sandhangan lsp); 5 dicopot (dilèrèni nggone nyêkêl gawe); 6 ut. di-[x]-i) dirucati (sandhangane, pakeyane tmr. jaran); 7 diwêdharake (tmr. wêwadi); [x]-an ut. [x]: 1 mênga, kêna dibukak lan ditutup (tmr. klambi, lsp); 2 wis dibukak (ora ditutup); 3 wis dibabadi (tmr. palêmahan, alas); 4 kang wis dicopot (dilèrèni).
bukak-kunci :
êngg. kn. dhuwit minangka opahane wong kang tunggu kuburan (nyewakake lsp).
bukakundur, bukasari :
kw. ak. mêkutha, tropong.
bukên :
(-an) êngg. kn. turun-tumurun dumunung ing.
bukêt :
êngg. kn. 1 ak. buthêk; 2 êngg. ak. kênthêl (tmr. jangan); 3 êngg. ora bêning (polatane).
buki :
kn. 1 ak. mlinjo tuwa; 2 ak. kêtuwan, wis tuwa (ora apik).
buku :
(W) kn. 1 layang (lmr. cap-capan lan dijilid); 2 layang cathêtan; dibukani: dicathêti.
(bukuh) :
sila ma-[x] kw. sila tumungkul kanthi tata.
bukung :
kn. ora nganggo buntut (tmr. manuk, pitik lsp); di-[x]-i: dikêthok buntute (tmr. pitik lsp).
bukur :
kn. bngs kêrang.
bukti :
1 kw. pangan, mangan; 2 (ut. cihna-bukti) kn. barang-barang kang ginawe pasêksèn, tandha yêkti, 3 kn: ak. bêkti; dibuktèkake: diwèhi katêrangan minangka pasêksèn; kê-[x]: têtela kaluputane dening wis kasumurupan buktine.
bul, bol :
êngg. kn. jêmbangan gêdhe (dianggo gawe nila lsp).
bul :
mak[x] kn. sanalika murub (mabul).
bula :
bulah êngg. kn. 1 seje; 2 mênawa yèn.
bulak :
ut. bêbulak kn. patêgalan jêmbar tanpa wit-witan lan adoh desa.
bulan :
êngg. pc. sasi.
bule :
kn. putih pakulitane marga lêlara.
bulêk, bulês :
êngg. kn. mulêk njalari sêsêk (tmr. kêbul).
bulêt :
êngg. kn. bundêr gilig; m-[x]: 1 (ut. bêbulêtan) êngg. ak. nggubêd; 2 (ut. m-[x]-ake êngg) ngingar-ingêrake rêmbug (prakara, pêpadon).
buli :
(-buli) êngg. kn. ak. bngs. jun cilik.
bulu :
kn. ar. wit.
bulu-bêkti :
kw. pisungsung minangka pajêg (tandhaning sungkêm).
bulu-bulu :
kn. 1 wulu kanggo cundhuk (ing topi lsp); 2 êngg. pc. sulak (kêbut wulu).
bulud :
êngg. kn. trêp (ora kurang ora luwih).
bulug :
kn. bundêr gilig (cêndhak lan gêdhe).
buluk :
ut. bulug êngg. kn. rêgêd dening kêbak blêdug; 2 (ut. bulukên) jamurên.
bulus :
kn. ar. kewan rumangkang bngs. pênyu nanging ana ing dharatan (dudu ing sêgara).
bulsak :
(W) kn. kasur.
bum :
(W) kn. 1 wêsi (kayu) dawa cacadaning kreta; 2 kantor ing palabuhan, pabeyan.
bumandhala :
(S) kw. jagat, bumi.
bumbu :
kn. 1 jantuning olah-olahan (kc. trasi, uyah lsp), adon-adoning mbakar ut. mbathik (kyt. soga, tingi, malam lsp); 2 pc. wuwuh-wuwuhan (murih

--- 53 ---

bumbung ~ bungis.

rame lsp); dibumboni: 1 dijantoni, didèkèki bumbu; 2 diwuwuh-wuwuhi (supaya saya agawe rame lsp); bumbon (-crakèn): bakul dodol bumbu jamu.
bumbung :
kn. kêthokan pring saêros ut. luwih (dianggo wêwadhah lsp); [x] wung-wang: bumbung bontos pucuke bolong; m-[x] ut. mbrumbung êngg: mêtêng têrusan (tanpa lêt nggarap sari); [x]-an 1 awangun bundêr gilig kaya bumbung; 2 peranganing suwêng kang dilêbokake ing bolongan pasuwêngan.
bumi :
(S) kn. 1 jagat (kb. langit); 2 lêmah, palêmahan; 3 ak. bageaning pagawean; wong [x] n. tiyang siti k: wong kang asal (dêdunung) ing sawijining panggonan; bêdhah [x]: dhuwit minangka opahane gawe kluwat; [x] pinêndhêm pr: andhap asor bangêt; malik [x] pr: mbalik ngiloni mungsuh; bumèn êngg: sawah darbèke wong akèh.
buminata, bumipala, bumipati :
(S) kw. ratu.
bumitala :
(S) kw. dhasaring bumi.
bumpêt :
êngg. kn. buntu.
bun :
I kn. banyu sing pating prênthul ing gêgodhongan, pasukêtan lsp (ing wayah esuk); adhang-adhang tètèsing [x] pr: ngarêp-arêp kabêgjan (sih) kang durung karuwan; di-[x]-[x]-ake: diwêtokake ana ing jaba ing wayah esuk. II kn. ak: bngs. cêpukan cilik.
bunar :
ut. mbunari êngg. kn. ak. blêrêng.
bundêr :
kn. 1 awangun kaya wanguning bal ut. cakram; 2 pc. wis golong rêmbuge, wis têtêp niyate.
bundhas :
ut. babak bundhas kn. babak sarta èmu.
bundhat :
êngg. pc. pundhat.
bundhêl :
kn. 1 (ut. m-[x] mawa sindhêtan ing pucuke (tmr. tali, kolor lsp); 2 êngg. sèwu iji (tmr. wilangan jagung, têmbako); 3 tangkêp ulêt-ulêtan (tmr. kupu lap); 4 (ut. bêbundhêl) ak. pinituwa ing padesan; 5 pc. rakêt bangêt (ênggone mêmitran); di-[x]-i: 1 ditalèni disindhêt pucuke (tmr. tali lsp); 2 dilêbokake ing padoning kacu lsp. banjur disindhêt; 3 ent. dianggit sajroning ati, diantêpi (tmr. piwulang lsp); [x]-an: 1 sindhêtan kang dibundhêli; 2 pc. simpênan (dhuwit, kawruh lsp); 3 pc. sêmayan.
bundhêt :
kn. ruwêt tmr. rambut, bolah lsp.
bundhu :
kn. ak. bodho (ora bisa ngudhoni rêmbug).
bunèn :
êngg. kn. papan pamepean pari ing sawah.
bunêk :
êngg. kn. krasa sumpêk bangêt (kaya ana ing sênthongan kang ciyut); 2 krasa sêdhih bangêt, ora bingar.
bunêl :
kn. susah sarta bingung atine, ora bingar.
bunuh :
ut. bunoh (-atine) êngg. bingung, kuwur.
bunuh dhiri :
(M) pc. nglalu.
buntak :
kn. ar. iwak loh.
buntal :
kn. rentengan gêgodhongan ut. kêmbang warna-warna dianggo rêrênggan.
buntala :
kw. bumi, lêmah; kc. buntala.
buntar :
kn. ak. bongkotimg landheyan tumbak; 2 pungkasaning wuwungan; 3 (ut. [x]-an) êngg. dumunung ing pungkasan ilèn-ilèning banyu (tmr. sawah); di-[x]: disodhog nganggo buntaran tumbak.
buntas :
kn. 1 êntèk -êntèkaning dalan lsp; 2 tutug ing pungkasan; 3 ak. wis rampung (ênggone sinau, ngudi ngèlmu lsp); 4 bantas (tmr. swara).
buntêk :
kn. cêndhak nanging gêdhe.
buntêl :
kn. 1 êngg. kacu; 2 apa-apa sing dianggo mbungkus; di-[x]-(i): diblêbêd lan dicakup ing kacu lsp.
buntêl-kadut :
kn. kabèh wis kêcakup (buruhan tanpa ingon).
buntêl-mayid :
kn. 1 ana wulune sêlap putih (tmr. prêkutut); 2 ana tilase klokopan klika kang putih (tmr. kayu).
buntêt :
kn. 1 buntu, ora bolong; 2 (ut. [x]-an ak. ora nggronggong (tmr. sungu lsp); di-[x]-i: ditutupi supaya buntêt.
(bunting) :
m-[x] kn. mênggik, cilik (tmr. bangkekan).
buntit :
êngg. kn. pating prênthêl saèm. brintik.
buntu :
kn. 1 ora bolong têrus (tmr. blombongan), pantog (ora têrus tmr. dalan); 2 êngg. pc. buntêt; 3 ganêp ora kurang tmr. wilangan, dhuwit lsp; 4 ora nganggo cowokan tmr. ngijolake dhuwit; 5 ak. wis rampung tmr. sêdya, garapan; 6 pc. judhêg pikire; dibuntoni: 1 dipampêti (tmr. bolongan lsp); 2 (ut. di-[x]) diganêpake (tmr. wilangan, dhuwit rêrêgan lsp).
buntul :
êngg. kn. ragil.
buntung :
kn. tugêl sikile ut. buntute; gêrèh [x] kang diilangi êndhase; klambi [x]: klambi tugêl lêngêne.
buntut :
kn. 1 perangan angganing kewan têrusane balung ula-ula; 2 êngg. prakara kang nusuli; m-[x] ak: tutburi.
buntut-urang :
kn. rambut ing githok.
(buncang) :
di-[x] êngg. kn. dibuwang (dikentasake) adoh.
bunci :
kn. petunganing wong main pèi (ajine nêlu-las); klêbu [x] pc: klêbu pilihan (kagolong bêcik).
buncing :
êngg. kn. ragil.
buncis, boncis :
kn. bngs. kara.
buncit :
kn.1 kang kari dhewe; 2 ragil.
buncur :
kn. tatu ing bathuk (êndhas) marga kêtatab lsp.
bunyak :
ut. babak bunyak kn. tatu nglècèp kulite.
bung :
kn. thikilan pring (pênjalin, alang-alang lsp).
bungah :
n. bingah k. sênêng bangêt (dening diwènèhi, olèh kasênêngan lsp); bêbungah: 1 pawèwèh; 2 opahan, bayaran; 3 ak. anakan; m-[x]-i: bungah kang kêladuk.
bungas, bêbungas :
kn. ak. wakêd, buntasan.
bungbang :
kw. ak. bolong; kc. wungwang.
bungêng :
êngg. kn. 1 kropos (tmr. tela lsp); 2 judhêg bangêt.
bunggan :
êngg. kn. kc. bonggan.
bungis :
kn. ak. congor babi (cèlèng); di-[x] ak: (diukum) diiris lambene.

--- 54 ---

bungkah ~ (busêk).

bungkah :
kw. pok, dhasar, sikiling gunung.
bungkak :
kn. 1 (lêri [x]) lêri kang sapisanan; 2 ak. ora bêning (tmr. swara); 3 wuwung ing moloning omah joglo; 4 êngg. berag, bungah.
(bungkar) :
di-[x] kn. 1 didhudhahi (tmr. momotan, kothak lsp); 2 dirombak (tmr. omah), dicopoti (tmr. mêsin lsp); kc. bongkar.
(bungkêm) :
di-[x] kn. 1 ditutupi cangkême nganggo tangan supaya ora bisa gunêman; 2 pc. diwènèhi ruba.
bungkêr :
kn. 1 mlungkêr ora bisa mundhak gêdhe (tmr. têtuwuhan, wowohan lsp); 2 êngg. pc. mêntah, rada gêndhêng.
bungkik :
kn. cilik (ora bisa mundhak gêdhe tmr. wowohan, bocah).
bungkil :
kn. 1 êmplèng-êmplèngan ampas kacang lsp (sawise dijupuk lêngane); 2 (ut. [x]-an êngg. bongkotan (pring, wit gêdhang).
bungkuk :
kn. wungkuk; m-[x]: mbêngkêluk gêgêre.
bungkul :
kn. 1 pênthol ing gamparan (têkên, garan payung lsp); 2 wilangan ing bawang (kapas).
bungkus :
kn. 1 (ut. [x]-an) buntêlan (nganggo dluwang tmr. têh, rèk lsp); 2 (ut. lair [x]) bayi lair kabuntêl ing kêndhangan; di-[x] (i): dibuntêli nganggo dluwang.
bungkrah :
ut. bungkrah-bangkrèh êngg. pc. pating blangkrèh, rusak pating bêsasik.
bungkrèk :
êngg. kn. 1 bngs. bungkil; 2 ak. lêlara gudhig, pathèk lsp.
bungkruh :
êngg. pc. kuru sarta ringkih (kêrêp lêlaranên).
bungkrung :
êngg. pc. bungkuk.
bunglon :
kn. bngs. kadhal kang saba ing wit-witan (bisa molah malih warnane); m-[x] pc: molah-malih patrape (kaantêpane).
bungur :
kn. 1 januring irung (jaran, kêbo lsp); 2 ar. kêmbang.
bungsu :
kw. ragil.
bupala :
(S) kw. ratu.
bupati :
(S). 1 kw. ratu; 2 kn. panggêdhe pribumi ing tlatah paresidhenan ut. asistèn -rêsidhènan; 3 ar. pangkat sangisoring nayaka (ing tanah Kêjawan).
bupatos :
êngg. k. bupati.
bur :
I kn. 1 êngg. muspra tanpa tanja (tmr. wragad lsp), ilang; 2 wis ilang ora kêna ditêbus tmr. gadhèn; [x[-[x]-an: barang gadhèn sing wis bur; kc. abur, lêbur. II (W) kn: jara (piranti dianggo nguncêki, gawe bolongan lsp).
burak :
I êngg. kn. bubrah; di-[x] êngg: 1 dibubrah; 2 digusah (tmr. manuk kang saba ing tanduran). II (A) kn. ak: jaran arai wong.
burakrakan :
êngg. kn. rusak bubrah (pating blangkrèh).
buras :
kn. lêlaraning kulit wujud blêntong putih.
burat :
(-sari, -wangi) kw. borèh.
burbuwah :
(S) kw. 1 ak. bumi lan awang-awang; sirna, rusak.
burdir :
kn. bludir.
burêk :
êngg. kn. ora cêtha, burêng.
burêng :
kn. 1 ora bêning (tmr. gêdhah, pangilon); 2 (ut. burêm). êngg. pc. surêm (tmr. rêmbulan), bruwêt (tmr. pandêlêng); 3 êngg. ak. ora cêtha (tmr. tulisan, gambaran).; 4 êngg. pêtêng tmr. prakara; main [x] pc: nekad ora prêduli apa-apa.
burhan :
(A) kn. ak. tandha yêkti, minangka katêrangan.
buri :
n. wingking k. 1 (ing [x]) sisih ut. ênêr sing diungkurake, kb. (ing) arêp; 2 perangan kang kari; 3 (ut. [x] omah) pakarangan ing pungkuraning omah; 4. (ut. [x]-[x], têmbe [x]) ing têmbe, besuk; 5 (ut. [x]-[x], pamburine n. pawingkingipun). ing sabakdane, ing besuke; 6 (ut. wong [x]) êngg. wong desa kang ora duwe wêwênang lan ora dikudokake nindakake pakaryan kaya panunggalane; kanca [x] êngg: bojo (somah); putra saka [x]: putra saka sêlir; mêtu [x] pc: silip.
burik :
kn. lêkik-lêkik ing rai tilas lara cacar.
buritan :
êngg. kn. 1 perangan kang buri; 2 pakarangan buri omah.
bur manuk :
kn. ak. lunga ut. alihan tanpa nggêgawa apa-apa.
buru :
I êngg. kn. mêntas bae, lagi bae. II m-[x], mbêburu n. mbujêng, mbêbujêng k: 1 mbêbêdhag kewan ana ing alas; 2 pc. ngoyak; 3 br. njangka marang; 4 êngg. mung murih bêcike (kang dipindêng ngêmungake bêcike, kaanane lsp); up. m-[x] sênêng; ke-[x]-[x]: 1 êngg. kêsusu; 2 br. kêtula-tula, tansah sangsara; buron alas: kewan-kewan ing alas; bêburon: 1 kewan-kewan (kang diburu); 2 pc. wong kang diubêr ing nêgara.
buruh :
n. bêrah k. 1 (ut. wong [x] wong kang ngalap opah sarana nyambut gawe; 2 (ut. bêburuh) nyambut gawe sarana opahan (dadi kongkonan lsp); di-[x]-ake: dikon nandangi marang buruh, diopahake marang buruh; [x]-an: opahan marang buruh.
buruh-sawah :
(-tani) kn. wong sing buruh nênandur.
buruk :
kn. ar. lêlaraning pitik.
burukan :
kn. mêmangsaning kewan galak.
burus :
kn. 1 tanpa cacad (tanpa soca lsp. tmr.kayu); 2 têmên lan bêcik (tmr. bêbudèn).
buron :
n. bujêngan k. kc. buru.
burcèt :
kn. ar. manuk bngs. trinil.
bus :
kn. pêpindhaning swara wêtuning kêbul, uwab lsp.
(busak) :
di-[x] êngg. kn. dibusêk.
busalèn :
kn. ak. bêsalèn.
busana :
1 kw. rêrênggan, sandhangan; 2 êngg. ki. dandan, sandhangan; dibusanani: 1 dirêngga, disandhangi; 2 êngg. ki. didandani (dianggon-anggoni).
busèt :
êngg. kn. 1 munyuk; 2 sabawa mratelakake gumun.
(busêk) :
di-[x] kn. dibubrah tmr. tulisan ing blabag lsp; [x]-an: bubaran uyêk-uyêkan.

--- 55 ---

busik ~ bobrok.

busik :
kn. êlaraning kulit padha nglingkap pating jlêprik; ora [x] pc: ora tatu sêthithik-sêthithika.
buslêng :
êngg. pc. slingkuh, ora barès.
busnan :
(W) kn. ar. punggawa bêbauning kapal.
busu :
I kw. ak. wusu. II êngg. kn. ak:bngs. klênthing mawa tutup.
busuk :
kn. 1 ora mangêrti apa-apa (ora ngrêtènan); 2 êngg. mêjên (tmr. mrêcon lsp).
busung :
kn. 1 (ut. [x] banyu) lara abuh wêtênge isi banyu, ks. mêtêng; [x] kèkèt: lara abuh sikile (awake kuru); [x] watu: wêtênge abuh mrongkol atos.
but :
mak [x] kn. katêranganing mbuwang ngêbutake lsp; kc. êbut.
buta :
kn. jinising mênungsa kang gedhe bangêt.
butajêngan :
k. butarêpan.
butala :
(S) kw. ak. lêmah, bumi; k. buntala.
butamal :
kn. ak. barang kang dadi cihna (bab colong jupuk).
butarêpan :
n. butajêngan k. tansah duwe pandakwa yèn bojone dhêmên karo wong liya; dibutarêpake: didakwa dhêmên karo wong liya.
butêng :
kn. nêpson bangêt.
butuh :
n. bêtah k. 1 (ut. m-[x]-ake) pêrlu bangêt arêp migunakake (nganggo, lsp); 2 (ut. ka-[x]-an apa-apa sing pêrlu dianggo (dipigunakake lsp); m-[x](-[x])-ake: 1 njêjaluk marang; 2 êngg. alok-alok ana maling lsp; kc. kêbutuh.
butul :
kn. 1 bolong têrus; 2 êngg. anjog ing, têkan ing, jêbul ing; 3 êngg. tamat tmr. crita ing wayang wong lsp; di-[x]-ake: 1 dibolong têrus, dijêbulake; 2 êngg. ditamatake tmr. crita wayang lsp; [x]-an: 1 lawang ing pagêr-bata (kiwa-têngên ut. buri omah); 2 êngg. crita tamating lêlakon.
butun :
kn. ar. jêruk.
butoh :
êngg. butuh
(bucal) :
dipun-[x] k. dibuwang.
bucêk :
kn. rênyêk kulite (tmr. êndhog, woh lsp).
bucik :
kn. tatu ing kulit (kêgarit lsp); [x]-ên: saèm. gudhigên nanging tatune mênga-mênga.
bucu :
kn. pêndhukul ut. mêndhukul ing gêgêr.
buthak :
I kn. tanpa kathukulan rambut (tmr. êndhas), tanpa katuwuhan sukêt (tmr. puncaking gunung). II êngg. kn: buthêk.
buthêk :
kn. ora bêning (tmr. banyu lsp).
buthuk :
kn. wiwit arêp bosok (tmr. iwak loh).
buthung :
kn. cêthik (tmr. jaran, sapi lsp).
buwah :
ut. buwah-buwahan (M) kn. woh-wohan.
buwaya :
kn. 1 êngg. ak. baya; 2 pc. wong ala.
(buwak) :
di-[x] êngg. dibuwang.
(buwal) :
m-[x] êngg. kn. mêncurat mêtu (tmr. tuk).
buwana :
(S) kw. 1 jagat; 2 tanah kang jêmbar; gawe [x] balik pr: ngraman.
buwananên :
ut. kabuwanan kn. mêlèk nanging ora bisa ndêdêlêng.
(buwang) :
di-[x] n. dipunbucal k. 1 diuncalake (supaya ilang, wis ora kanggo); 2 ditibakake (tmr. dhadhu, jala); 3 disèlèhake saênggon-ênggon (tmr. bayi); 4 diukum dilungakake sajabaning sêgara; wis ora dianggo (tmr. tata-cara, padatan, kamanuhan lsp); m-[x] dhuwit: ngêcèh-êcèh dhuwit; m-[x] layang êngg. kirim layang; m-[x] tilas pr: nindakake apa-apa dianggo nylamur supaya ora konangan pialane; mbêbuwang: bêbanyu; buwangan: 1 wong kang dibuwang; 2 barang-barang lsp. kang wis ora kanggo; 3 (ut. pambuwangan) papan kang dianggo ngukum wong buwangan; 4 (ut. pambuwangan) kalenan (bolongan) dianggo ngilèkake banyu sing wis ora kanggo.
(buwara) :
m-[x] êngg. kn. 1 nglurug nyambut-gawe ana ing liya nêgara, mbêbara; 2 angon nganti adoh.
(buwat) :
di-[x] êngg. dibuwang.
buwèk :
êngg. kn. krowaking tatu (gudhig lsp).
buwèn :
êngg. pc. kunjara.
buwêl :
êngg. kn. kumêlun munggah (kêbul lsp).
buwêng :
(-an) kn. kubênging cakran; [x]-an: 1 cakran, bundêran; 2 plêngkungan.
buwi :
(W) kn. kunjara; di-[x]: dikunjara.
buwis :
(W) kn. layang katêrangan; bêdhil [x]: bêdhil cilik.
(buwuh) :
di-[x] êngg. kn. 1 diwuwuhi; 2 disumbang; [x]-an êngg: sumbangan.
(buwoh) :
êngg. kn. buwuh.
bobab, bobad, bobag :
êngg. kn. goroh
bobat :
kn. rambuting buntut jaran.
bobuk :
êngg. pc. turu (têtêmbunganing bocah).
bobo :
I êngg. kn. gapuk, bubukên (tmr. kayu, pring); 2 bubruk (tmr. barang dagangan). II êngg. pc: turu (têtêmbunganing bocah).
bobok :
I kn. bngs. parêm dianggo mblonyo awak; di-[x]-i: diparêmi. II di-[x] kn: 1 dibolong (tmr. tembok arêp dianggo lawang lsp); 2 êngg. didhudhah (tmr. cèlèngan); 3 êngg. dibabah.
bobol :
kn. bêdhah jêbol (tmr. goni, pagêr lsp).
bobor :
êngg. kn. 1 gombyar, ora dadi (tmr. êndhog diêngrêmake); 2 ent. wurung, cabar; 3 ar. jangan; 4 bubruk.
bobot :
n. wawrat k. 1 aboting barang; 2 aboting barang kang ditimbang; 3 (watu [x]) watu kang dianggo nimbang; 4 br. kakuwatan (kasugihan lsp); (sa-) [x]-e n. sawawratipun k: ing atase, sênadyana; m-[x]: mêtêng; di-[x]: ditimbang disumurupi bobote; di-[x]-i ak: dijaluki rêmbug; [x]-an ki: ngising.
bobot-timbang :
kn. mung gumantung marang ...
bobrak :
êngg. kn. rusak bangêt (tmr. omah, dandanan lsp; 2 rusak (tmr. awak); 3 ak.

--- 56 ---

bod ~ (bolos).

ora dadi (tmr. olah-olahan, gawe apêm lsp); 4 bangkrut (tmr. dêdagangan lsp).
bod :
kn. 1 êngg. êntèk, rampung; 2 sah (tmr. utang cicilan); di-[x]-i: disahi.
bodin :
êngg.kn. tela kaspa.
bodong :
kn. 1 mlênto wudêle; 2 êngg. pc, bodho.
boja :
(S) kw. pangan, pêpanganan.
boja-krama :
kw. nampani dhayoh kanthi pasugatan.
bojana :
(S) kw. pista mangan enak.
bojo :
kn. garwa ki.sisihaning wong jêjodhoan (laki, rabi); bêbojoan: salaki-rabi.
bojod :
kn. bojad sarta jêbol (tmr. tenggok lsp).
bojog :
kn.ak. tompo takêran bêras (± 7 kati).
bojrod :
êngg.pc. bojod.
bodhag :
kn. bngs. tenggok gêdhe cêndhèk dianggo wadhah bêras lsp.
bodhal-badhil :
êngg. pc. pating bradhil (-sranthil).
bodhèh :
kn. 1 suruh alasan; 2 êngg. kasar, groboh.
bodhèng :
êngg.kn. isih akèh pagaweane.
bodhik :
êngg.kn. bodhing.
bodhing :
kn. bngs. arit dawa.
bodho :
kn. angèl mangêrtine marang piwulang; mangsa [x]-a: dak-pasrahake marang; m-[x]: api-api bodho; dibêbodho ak: diapusi; dibodhokake:1 dianggêp bodho; 2 dipasrahake marang.
bodhol :
kn. 1 lolos rontog (tmr. wulu rambut lsp); 2 êngg. copot, cêpol; 3 êngg. ak. budhal (padha mangkat).
bodhon :
kn. kaya carane wong bodho.
bodhor :
êngg.kn. badhut (lêlucon).
bog :
kn. 1 pêpindhaning barang tiba; 2 pc.bod, sah; di-[x] pc: 1 diborong; 2 ditohake kabèh.
boga :
1 (S) kw. pangan; 2 êngg.k. jagung.
bogang :
kn. akèh kang ompong (tmr. jagung), akèh kang gabug (tmr. pari).
bogèl :
kn. 1 cupêt (congklang tmr. klambi, cêndhak tmr. gulu); 2 ak. cabar, ora dadi.
bogêm :
kn. 1 ar. woh; 2 cêpukan dianggo wadhah mas intên.
boging :
êngg.pc. ompong; 2 tuwa bangêt; kc. bogang.
bogya :
(S) kw.ak. pangan.
bogoh :
kn. ar. wit.
(bogol) :
di-[x] êngg.kn. diapusi; kc. bagol.
bogor :
êngg.kn. arèn; di-[x]êngg: didèrès.
bohong :
êngg.kn. 1 goroh; 2 mblenjani.
boya :
êngg.kn. ora.
boyak :
êngg.kn. ora.
boyo :
êngg kn. ringkih sarta jêmpo.
boyok :
kn. peranganing awak antaraning bangkekan karo bokong.
boyong :
(-an) kn. alihan ênggon (padunungan omah); di-[x] (i): 1 digawa ngalih mênyang panggonan liya; 2 ak. digawa (ditawan) mênyang ing (tmr. wong têlukan lsp); [x]-an ak: wong-wong kang diboyong (lan ditawan).
bok :
I (mbok) kn. biyung. II (mbok) kn: 1 (ut. mbokan êngg.ak) mênawa; 2 (ut.mbok iya) mratelakake pakon alus (pangarêp-arêp, pamuji supaya).III (ut. mbok) êngg: ko-(kok-).
(m)bok-ajêng :
(-ngantèn) kn. sêsêbutaning wong (bocah) wadon kang golongan têngahan.
(m)bok-ayu, bakyu :
kn. sêdulur wadon kaprênah tuwa.
(m)bok-bèn :
pc. karêbèn.
(m)bok-bilih :
kn. 1 bok mênawa; 2 ak. yèn, mênawa.
(m)bok-bok :
êngg.pc. sabawa mratelakake gumun.
(m)bok-gêdhe :
n. mbok-agêng k. 1 siwa wadon; 2 êngg. êmbah wadon.
(m)bok-mênawa :
n. mbok-mênawi k durung karuwan kêlakon.
(m)bok-mas :
kn. sêsêbutaning wong wadon tuwa ora dhuwur pangkate.
(m)bok-nom :
kn. bojo kang ênom (tmr. wayuh).
bokong :
kn. pocong ki. daging kang ngapit jubur (sangganing linggih); di-[x]-i pc: disangga wragad kabutuhane (tmr. anak mantu kang isih magang lsp); [x]-an: 1 pèrèngan tanggul lsp; 2 nganggo bokong (tmr. wayang).
bokor :
kn.ar. wadhah saèm. cêmung nganggo sikilan.
(m)bok-tuwa :
n. mbok-sêpuh k. bojo kang tuwa (tmr. wayuh).
(m)bok-cilik :
n. mbok-alit k. sadulure wadon wong tuwa kang kaprênah ênom.
bol :
I kn. pungkasaning usus (ing jubur).II kn: 1 êngg. pc: plintiran lawe (dianggo ndondomi lsp); kc. bênang.
bolak-balik :
êngg.kn. mênyang mulih, bola-bali; mbolak-mbalik: mingar-mingêr (têtêmbungane lsp).
bolèd, bolèg :
êngg.kn. 1 kêtela pêndhêm; 2 kêtela kaspa; mbolèd pc: dhuwur sarta kuru (tmr. pawakan).
(bolèh) :
di-[x]-i, dibolèhi kn.ak. 1 êngg. dielikake, 2 dirêmbugi supaya mbangkang (gêlêm ngurungake karêpe lsp).
bolèng :
I ut. bolèngên kn. lêlaranên atos (tmr. têbu, pala kêpêndhêm). II di-[x] êngg.kn: dikêlèti, dibèlèh.
bolèr :
kn. bngs. urèt cilik sok mangan wowohan, kelor lsp; [x]-ên: dipangan ing bolèr (tmr. wowohan lsp).
bolèt :
êngg.ak. tela kaspa.
bolu :
kn. ar. têtuwuhan sarta wohe; [x] rambatan lêmah pr: prakara kang embet-embetan tanpa wasana.
bolong :
kn. 1 mawa cêplongan têrus, kb. buntu; 2 (atine [x]) wis lêga ut. wis têrang pangêrtine.di-[x](-i): dicêmplongi têrus; [x]-an: cêmplungan, lompongan.
bolor :
kn. bolèr; [x]-ên: bolèrên; 2 êngg. loro pilêg tmr. jaran.
(bolos) :
m-[x] kn. lunga dhêdhêmitan (tanpa pamit saka jagongan, pamulangan lsp).

--- 57 ---

bolot ~ borong

bolot :
(ut. kokot-bolot) kn. dhangkal (rêrêgêd sing kêlèt ing badan); [x]-ên (ut. kokot-bolotên): rêgêd dening akèh dhangkale.
bom :
(W) kn. 1 piranti pêrang dijêblukake kanggo ngrusak bètèng, matèni mungsuh lsp; 2 mrêcon gêdhe (kang swarane bantas bangêt).
boma :
(S) kn. 1 awang-awang, langit, cs.0; 2 ak. kobongan (pêturon); 3 ak. sukêt garing.
(bombang) :
kê[x] kn. rumangsa pakewuh ut. rêkasa (dening ditinggal ing rewang lsp).
bombong :
(-atine) êngg. mantêp, sênêng, bungah; ora [x] êngg: ora kêpenak (lara); di-[x]: 1 digarap sarta diajokake (tmr. jago); diajokake supaya dipilih (tmr. calon lurah lsp); 2 dialêm supaya mantêp sarta wani; m-[x] prakara: ngêmbani prakaraning liyan ana ing pangadilan.
(bombrong) :
m-[x] kn. durung jêjungkat lan durung dandan (tmr. wong wadon).
bon :
I kn. bngs. wudun ing pupu; kc. turukbon.II (W) kn: girik cathêtan têtuku (ut. utang); ngêbon: 1 têtuku sarana utang; 2 lêngganan layang kabar. III (W) pc: pakumpulan (bal-balan lsp); di-[x] pc: dijaluk tulung supaya mèlu ngrewangi (bal-balan lsp).
bonang :
kn. ar. rêrincikaning gamêlan wujude kaya kênong cilik-cilik ditata jèjèr-jèjèr ing rancakan.
bonjor :
êngg.kn. bumbung dawa.
(bondhan) :
m-[x] kw.ak. njogèd, m-[x] tanpa ratu. pr: tumindak sasênênge dhewe (ora mrêduli anggêr-anggêr lsp).
bondhèt :
kn. ar. gêndhing; m-[x]; [x]-an kw: nggubêl marang, gandhèng.
bondhol :
kn. ar. manuk; m-[x] êngg: nggembol, ngandhut.
bondhotan :
(ut. bêbondhotan) kn. têtuwuhan kang rumambat ulêt-ulêtan.
bonekah :
kn. anak-anakan (lmr. wêton ngamanca).
bonên :
kn. lara bngs. wudun ing wlakang; kc.bon.
bontèng :
êngg.kn. timun.
bonto :
kn. 1 êngg. bosok; 2 ks. bodho.
bontos :
kn. 1 êngg. pungkasan (ing barang sing dawa) 2 br. buntas, wêkasan.
bontot :
I (ut. [x]-an, pam-[x]) êngg.kn. wragil II di-[x] êngg.ak: dibuntêl sarana ditalèni ing bongkot, pucuk lan ing têngahe; [x]-an êngg.ak. buntêlan kang dibontot.
(boncèng) :
m-[x] êngg.kn. 1 nunut nunggang ana ing buri; 2 pc. nunut; di-[x]-i êngg: dinunuti nunggang ing buri.
boncèhan :
pc. gudhigên lsp. pating bênyinyih.
bonyoh :
êngg.kn. borèh, parêm.
bonyok :
kn. 1 rêmak-rêmak arêp bosok (tmr. wowohan); loro (ut. [x]-ên) gudhigên ngêmu banyu (ing êndhas).
bong :
I kn. tukang nêtaki. II pc: 1 ayo; 2 êngg.turu (têtêmbungan bocah). III kn: kuburan Cina.
bongbong :
êngg.kn bungah; kc. bombong.
bonggan :
kn. salahe dhewe; di-[x]-ake: diarani yèn marga salahe dhewe.
bonggol :
kn. bongkoting wit gêdhang, tela lsp.
(bongkak-bangkèk) :
di-[x] kn. digonta-ganti (tmr. pêpanganan lsp).
bongkang :
kn. ar. kewan gêgrêmêtan.
(bongkar) :
di-[x] êngg.pc. dibungkar; [x]-an êngg: patêbon sing wis dirêmbang; kc. bungkar.
bongkèng :
kn. lêlaranên atos (tmr. têbu, wowohan lsp).
bongko :
kn. ar. lawuh sing digawe gudhe (kêdhêle lsp).
bongkok :
I kn. papah krambil. II (ut. [x]-an) kn. bêntèlan barang kang dawa-dawa (ditalèni); di-[x]-(-i): dibêntèli (tmr. barang kang dawa-dawa).
bongkor :
(-an) êngg.kn. ora digarap mênèh (tmr. babadan).
bongkot :
(-an)kn. perangan kang pungkasan (tmr. barang kang dawa, pring, têbu lsp); ora ngêrti [x] pucuke: ora wêruh mula-bukane apadene kawusanane.
bongkrah :
êngg.pc. bubrah;kc. bungkrah.
bongkrah-bangkrèh :
êngg.kn. pating blengkrah.
bongkrèk :
êngg.kn. bngs. bungkil; [x]-an êngg: buwangan têbu.
bonglot :
I kn. bolot. II kw: lunga, sumingkir.
bongoh :
kn. katon bêcik nyênêngake (tmr. pawakan, rêrênggan lsp).
bongsor :
êngg.kn. longgor, wlaga (gêlis gêdhe).
bopati :
pc. bupati
bopong :
I kn. ar. ulêsing jaran (kuning sikile irêng). II di-[x] kn: digawa sarana ditumpangake ing tangan loro; [x]-an êngg: jago kang diwènèhake marang lurah nalikane duwe gawe mantu lsp.
bor :
(W) kn. blabag panulisan (-tèkên lsp).
borah-barèh :
kn. pating blengkrah ora tata.
boral :
êngg.kn. royal.
boran :
(mboran) êngg. kn. bok manawa.
borang :
kn. pring lsp. dilincipi dianggo masangi wong mlaku (supaya kêcublês).
borèh :
kn. konyoh ki: campuraning atal, kêmuning, pandhanwangi lsp dianggo blonyo awak.
borêg, borêk :
(W) kn. 1 tanggungan (tmr. utang lsp); 2 tukang nêbas pamêtuning têtanèn. lsp; 3 êngg.pangrèh pangarêping pirukunan; 4 êngg. tukang nampani barang colongan; di-[x]: ditêbas.
borok :
kn. bngs. gudhig ing êndhas; [x]-ên: nandhang lara borok.
borong :
I êngg.kn. bodho; mangsa[x]: mangsa bodhoa. II di-[x] kn: 1 ditêbas (tmr. pagawean lsp); 2 dituku kabèh; 3 (ut. di-[x]-ake)

--- 58 ---

boros ~ bral-brol.

dipasrahake marang (tmr. pêgawean); [x]-an: (pagaweaan, garapan, barang-barang lsp) kang diborong(-ake).
boros :
I kn. ora irit (panganggoning dhuwit, barang lsp); m-[x]-i ut. mbêborosi: njalari boros, ora irit. II kn: bung kunci (sok dianggo gudhangan).
borot :
I kn. bocor (tmr. wadhah, cèrèt lsp). II m-[x] êngg. pc.lunga dhêdhêmitan.
bos :
I mak [x] kn. nywara kaya wêtuning angin, gas lsp. II (W) kn: bêngkakan. III kn: pungkasaning indhên (tancêbaning rujining rodha).
bosah-basih, bosah-basèh :
pc pating bêsasik, pating blèngkrah.
bos-bosan :
êngg. pc. bolongan.
bosên :
kn. wis jêlèh (marga wis kêrêp mangan, nganggo lsp); m-[x]-i: njalari bosên.
bosin :
êngg. kn. sêbêl, siyal (ênggone mbêburu lsp).
boso :
kn. ar. iwak loh.
bosok :
kn. bènyèk ngatarani arêp rusak (tmr. wowohan lsp); m-[x]-i: 1 lagi wiwit arêp bosok; 2 dagangan sing wis ora payu; 3 ak. wis sah mbayar sewan palêmahan.
boswahtêr :
(W) kn. panjaga alas (pêjatèn lsp).
boswèsên :
(W) kn. urusan babagan alas pêjatèn, tutupan lsp.
bot :
I n. wrat. k ak. bobot, abot; [x] repot: karibêdan, kangelan (pakewuh). II êngg. kn: wis sah (tmr. cicilan utang, kontrak lsp).
botêl, botol :
(W) kn. gêndul.
botên :
k. ora.
botoh :
kn. 1 wong sing adu-adu (main); 2 ent. wong sing njagohi (ngrewangi supaya bisa kêpilih lsp); 3 ut. bêbotoh êngg. ak. wong sing ngêmbani prakara; bêbotohan: 1 totohan; 2 ut. ngabotohan) main nganggo toh (dhadhu, kêrtu lsp).
botol :
I kn. butul, mawa bolongan ing dhasare. II ut. botêl kn: gêndul.
botor :
kn. isi kêcipir.
botrawi :
kw. blumbang (ing patamanan lsp).
bot-repot :
kn. karibêdan, kangelan; kc. bot.
bocah :
n. lare k. 1 wong sing isih cilik (durung ngumur); 2 anak (ent. turun, murid, kalerehan); 3 êngg. batur lanang (sing isih cilik); m-[x]-i: kaya bocah.
bocèl :
êngg. kn. cowèl.
bocok :
êngg. kn. akèh tatune (ing rai, êndhas); kc. bonyok.
bocong :
ki. bokong.
bocor :
êngg. kn. 1 borot, trocoh; 2 nggantêr (kêrêp ngocèh); 3 ks. sugih omong.
bothèkan :
kn. saèm. pêthi mawa slorogan dianggo wadhah jamu lsp.
bothi :
êngg. ak. kêba, kanthong klasa bangka.
bothok :
kn. ar. lêlawuhan sing digawe parudan krambil; di-[x] êngg: digawe lênga klêntik (tmr. krambil).
bowèk :
êngg. kn. krowak, krowok; di-[x] êngg: dibolong, dikrowok.
bowol :
kn. bobol (jêbol tmr. kanthong, goni lsp); di-[x]-i: diboboli.
bowong :
kw. ak. macan.
bra :
kw. sorot, cahya.
brabadan :
êngg. kn. (bêbakulan) bumbu-bumbu lan kabutuhaning omah.
brabah :
kn. braok, crawak (yèn gunêman sêru).
(brabak) :
m-[x] kn. 1 matane kêmbêng-kêmbêng arêp nètèsake luh; 2 abang raine dening muring bangêt.
(brabas) :
m-[x] kn. enggal rumêsêp (asat) tmr. banyu lsp; 2 tambas ngêmbês (tmr. angin ing ban pit lsp).
brabat :
mak [x] kn. sanalika mlayu bantêr; kc. brèbèt.
brabèh :
êngg. kn. rêkasa; 2 (ut. kêbrabehan) juwèh, dhêmên nyatur.
brabon :
êngg, ak. bngs. barang sêmbêt kang dikêthèl ing kudhu.
braja :
kw. 1 gêgaman; 2 ak. barat gêdhe; sumêngka pangawak [x] pr: kumawani, kumêndêl.
brajag :
êngg. kn. ak. borang; 2 wong kang dadi pangarêp (jêjênggul); di-[x]-i êngg: disêlani ing tanduran liya; kc. ajag.
bradhat :
mak [x] kn. sanalika mlayu bantêr; m-[x] 1 mlayu bantêr (minggat, lunga); 2 nyolong raja-kaya ana ing pangonan.
bradhil :
pating [x], m-[x] pc. pating jriwut ora alus.
brag-brèg :
kn. pêpindhaning swaraning gêdhèg lsp. ditêbak.
brah :
êngg. kn. njênggar sumêbar, mratani.
brahala :
kn. rêca lsp. kang disêmbah-sêmbah.
brahat :
kn. slamêtan ing sasi Ruwah.
brah-brèh :
êngg. pc. ngêbrèh, ora gêmi.
brahi :
pc. birahi.
brahmana :
(S) kw. (gêgolonganing) pêndhita.
brahmani :
(S) kw. brahmana wadon.
brahmacari, brahmanacari :
(S) kw. ak. brahmana isih murid.
brai :
pc. birahi.
brayan :
kn. 1 (ut. bêbrayan) êngg. padha rêrukunan (njangka, nindakake); 2 bêbrayatan, rêrukunan sêsomahan; 3 ak. sabên; ke-[x] ak: sugih anak (sanak).
brayat :
kn. sanak sêdulur sabatih (tunggal saomah); bêbrayatan: sêsomahan.
(brayut) :
di-[x] kn. 1 ditalèni (diêrut) dadi siji; 2 digendhong lan diêmban (nggawa bocah luwih saka siji).
brak :
I kn. katêranganing jarit suwèk lsp. II (W) êngg: gêdhong kumpêni (pajagan, pasimpênan lsp).
brakara, brakatha :
kw. ak. sulung.
brak-bruk :
kn. sabawaning nyênyèlèhake mung ditibakake bae.
brakithi :
kw. ak. sêmut.
(brakot) :
di-[x] kn. dicakot (tmr. kewan), dikrokoti (tmr. wowohan).
bral-brol :
kn. pêpindhan swara ut. katêranganing apa-apa kang mêtu (bêdhol lsp).

--- 59 ---

brama ~ (brèngkèl).

brama :
êngg. kc. gêni.
bramana :
kw. kc. brahmana.
bramanta :
(S) kw. ak. bingung, kêkalahan.
bramantya :
kw. nêpsu bangêt.
bramara :
(S) kw. tawon (kombang).
bramataya :
kw. ak. nêpsu bangêt; kc. bramaantya.
brama-corah :
êngg. ak. wong kang kêna ing dakwa dianggo nglari kang pancèn kêluputan.
brambang :
kn. 1 bngs. bawang rupane abang; 2 ar. lêlaraning pari; m-[x](-i) pc: kêmbêng-kêmbêng arêp nangis.
brambêt :
êngg. k. brambang.
braminta :
kw. susah, sêdhih, bingung; kc. bramita.
bramita :
(S) kw. bingung, klambrangan, susah.
bran dina :
êngg. ak. sabên dina.
brana :
I (ut. raja-brana) kn. bandha kasugihan. II kw: tatu; kêbranan kw: kêtaton. III m-[x] êngg: mrana.
(branah) :
m-[x], (be-)[x]-an kn. sugih anak, tangkar-tumangkar akèh.
(branang) :
m-[x] kn. abang bangêt; kê-[x]: 1 kêbrongot; 2 ent. kêbrangas (sanalika nêpsu).
(brandhang) :
m-[x], [x]-an êngg. kn. ora kêna disêmayani (tmr. panjaluk, kabutuhan).
(brandu) :
m-[x] êngg. ak. utang tanpa nganaki; kc. brandon.
branduwin :
(W) kn. ar. inuman kêras.
brandon :
(-an) pc. têtuku bêbarêngan, bathon dêdagangan.
branjang :
(-an) kn. lêmpung campur karo wêdhi.
branjangan :
kn. ar. manuk.
brandhal :
(-an) kn. wong kang gawene ngrêrêbut (njarah-rayah); [x]-an: 1 (ajar) pêrang lèrès; 2 êngg. jèlungan.
brani :
(M) pc. wani, kêndêl.
branta, branti :
(S) kw. kêsêngsêm, kedanan.
branta-mara :
kn. ar. têmbang gêdhe.
brancah :
kn. ora tampikan (wong wadon ut. wong lanang).
brancuh, brancoh :
kn. ak. carub dadi siji (ala bêcik campur).
branyak :
m-[x] kn. lancap sarta ndhangak (tmr. wêwangunaning polatan).
brang :
wc. sabrang; [x]-wetan (-lor, -kulon, -kidul): sisihing kali kang wetan (lor, kulon, kidul).
(brangas) :
m-[x] kn. ak. 1 manasi, nggosongake; 2 gawe muring; ke-[x]: 1 gosong kêna ing gêni; enggal nêsu marga digêgasah; 3 enggal katon tuwa marga kêrêp susah (muring); [x]-an: gampang nêpsune.
brang-brèng :
kn. pêpindhan swaraning blèg, gêmbrèng lsp.
brangah :
kn. 1 cêcawangan njênggar (tmr. sungu mênjangan); 2 ar. wanguning wrangka ladrang; 3 (wong [x]) êngg. wong tani sing duwe raja-kaya.
brangkal :
kn. 1 prongkalan wadhas, watu lsp; 2 (ut. [x]-an) ak. wong ukuman sing dikon nyambut gawe ngêbrug (ngrata lsp) dalan.
(brangkang) :
m-[x], [x]-an kn. mlaku sarana tangan tuwin dhêngkul.
brangus :
kn. brongsong cangkêm supaya ora nyokot (tmr. jaran, asu); di-[x]: ditrapi brangus.
brangsang :
êngg. kn. prungsang, sumuk.
brangta, brangti :
kw. kêsêngsêm, kedanan.
(braung) :
m-[x], [x]-an êngg. kn. lunga saparan-paran.
braok :
(ut. broak-braok) kn. yèn gunêman sarwa sêru.
bras :
pc. bêras.
brasak :
kn. 1 (wedhi [x]) wêdhi kang kasar; 2 êngg. ak. kasar, ora alus (tmr. tata-krama).
(brasat) :
di-[x] kw. diplayokake, dibandhang; ke-[x] kw: kêplayu, katut bablas.
brastha :
(S) kw. rusak, sirna; cs. 0.
brat :
kw. ak. 1 prasêtya; 2 tapa, pasa.
bratayuda :
kw. 1 pêrang padha kadang; 2 pêrang pungkasan.
bratawali :
kn. ar. têtuwuhan godhonge pait bangêt.
brati :
I êngg. kn. bngs. bèbèk (anak bèbèk karo enthok). II (S) kw. ak: wong kang tapa (prasêtya).
bratu :
kn. ak. dhuwit kang diutangake (supaya bisa têrus main ut. dianggo êmpingan buruhan).
bratos :
êngg. k. bratu.
bracok :
kn. tampar ing cangkêm jaran.
brawala :
kw. pêpadon, congkrah.
(brawuk) :
m-[x] kn. ak. ngabuk, ndhaku darbèking liyan.
(brèbèl) :
di-[x](-i) pc. diwènèhi dhuwit lsp. sêthithik-sêthithik.
(brèbès) :
m-[x] kn. ak. 1 ndlèwèr (tmr. luh); 2 mili tumular (tmr. tulisan mangsèn).
(brèbèt) :
sa-[x](-an) kn. satleraman, sakêclapan.
(brèjèl) :
m-[x] m-[x] pc. saèm. mbrojol (mêtu); ke-[x] pc: kêwêtu têmbunge kang pancèn ora dikandhakake.
brèg :
kn. pêpindhaning swarane barang digébrag lsp).
(brèh), ngêbrèh :
pc. ora gêmi.
breya-breyo :
êngg. kn. pating slêmbrèh (sandhang panganggone ut. rambute).
(breyot) :
m-[x] kn. rêkasa panggawene marga abot (gêdhe bangêt).
(brèndhèl) :
m-[x]-i êngg. kn. padha bodhol wulune (rambute, godhonge); kc. brindhil.
brèndhi :
(W) kn. ar. inuman kêras.
brene :
(mbrene) pc. mrene.
(brèntèk) :
m-[x] êngg. kn. nular-nular (tmr. gêni); kc. prèntèk.
brèncèk :
êngg. kn. dodolan eceran.
brèng :
kn. pêpindhan swaraning gémbrèng lsp.
brènggèh :
kn. ak. 1 branggah; 2 ora barès, jail (tmr. wêwatakan).
(brengkal) :
di-[x] kn. 1 diungkabi sarana dijongkèng lan diglebagake; 2 pc. digugah kanthi pêksa.
(brèngkèl) :
m-[x] êngg. kn. ngèngkèl, sênêng madoni; [x]-an êngg: palêmahan ênggone babad dhewe; kc. bringkil.

--- 60 ---

brèsèt ~ brêtya.

brèsèt :
kn. 1 licik, ora mêmpêng (tmr. jago tarung lsp); 2 gampang dhêmên marang wong liya.
brèt :
kn. pêpindhan swaraning barang suwèk lsp.
brètèh :
êngg. kn. grètèh.
brètèn :
êngg. ak. climèn.
brewa-brewo :
kn. ora tata ênggone mênganggo.
brèwu :
pc. sugih bangêt.
brewok :
kn. godhèg kêtêl sarta dawa (wrata ing gulu lsp).
brêbah :
êngg. k. brubuh.
brêbêg :
kn. rasaning pangrungu kang kêtaman ing swara sing rame bangêt; m-[x]-i (-kuping): njalari brêbêg marang kuping.
brêbêk :
kn. gapuk sarta padha rontog tmr. kayu; [x]-an: rontogan kayu sing brêbêk.
(brêbêl) :
m-[x] kn. ak. tansah tumètès mili (tmr. luh, gêtih).
(brêbês) :
m-[x] êngg. kn. 1 mili tambas; 2 tansah mêtu banyune (tmr. mata); m-[x] mili: kêmbêng-kêmbêng arêp nangis.
brêbêt :
mak [x] kn. 1 katêranganing swaraning barang suwèk; 2 sanalika liwat rêrikatan (tmr. ambu, swara).
brêjêl :
ks. lair (mêtu).
brêg :
mak [x] kn. 1 rubuh sanalika; 2 bêbarêngan akèh bangêt.
brêgada :
kn. ak. golonganing prajurit.
(brêgadag) :
m-[x] kn. abang sêmu kuning (tmr. rambut, godhong lsp).
(brêgajag) :
m-[x], [x]-an êngg. kn. nyak-nyakan kurang ajar.
(brêgagah) :
m-[x] pc. mbêbungah; 2 nyanggêmi.
(brêgandang) :
di-[x] êngg. pc. diglandhang, diuja lsp.
(brêganjok) :
m-[x] êngg. pc. ngewuhake (tmr. bêbudèn).
brêgas :
(ut. m-[x] kn. 1 katon sigrak; 2 katon bêcik.
brêg-brêgan :
pc. sanalika bêbarêngan akèh bangêt.
(brêgènggèng) :
m-[x] pc. mbêgènggèng.
brêgêdèl :
kn. ar. lawuh kang digawe cacahan iwak karo kênthang.
(brêgêdud) :
m-[x] pc mbêgêgêg.
(brêgundung) :
m-[x] kn nekad nggugu karêpe dhewe.
brêk-brêkan :
kn sanalika bêbarêngan akèh bangêt.
brêkah :
kn bêrkah.
brêkasakan :
pc bekasakan.
brêkat :
kn bêrkat.
brêkêtepe :
êngg. kn blêkêtepe.
(brêkêcak, brêkêcêk) :
m-[x] kn: mbêkêcêk.
brêkik :
pating [x] kn padha mbêngok; kc.bêkik.
brêm :
kn (banyu [x]) êngg. ak. bngs. inuman kêras kang digawe duduh tape; 2 ar. panganan kang digawe kênthêlan duduh tape; 3 ar. kewan bngs.ampal cilik.
brêmana, brêmani :
kw kc. brahmana, brahmani.
brêmantya :
kw kc. bramantya.
brêmara :
kw kc: bramara.
(brêndang) :
m-[x], [x]-an kn blêjogan, kêsusu, dadakan.
brênjul :
kn pêndhukul; m-[x]: 1 mêndhukul, ora wrata; 2 ak. wangkod, ora manutan.
brêndhil :
pating [x] kn 1 akèh sêsindhêtane (tmr. tali lsp(; 2 akèh gêgawane (buntêlan cilik-cilik).
brêndhol :
pating [x] pc padha mbêndhol.
brêntêl :
kn ar. gêdhang; [x]-[x] pc: cilik mêmpuh-mêmpuh.
brênti :
êngg. kn gêmi; 2 mandhêg.
brêntos :
êngg. k brênti.
brênyèh, brênyihên :
êngg. kn gudhigên pating bênyinyih.
brêng :
mak [x] kn 1 (ut. [x]-[x]-an) mambu ora enak; 2 pc. lunga (mangkat) bêbarêngan.
(brêngangah) :
m-[x] pc katon abang (tmr. rai).
(brêngangang) :
m-[x] kn 1 katon abang cahyane (tmr. rai); 2 nywara sêru (tmr. sêndharèn, sawangan lsp).
(brêngêngêng) :
m-[x] kn 1 nywara gumrênggêng (tmr. tawon lsp); 2 pc. tansah nangis (tmr. bocah cilik).
brêngga-rowa :
kn 1 akèh sanak-sêdulure; 2 sugih bangêt.
(brênggèl) :
m-[x] êngg. kn: ana kang mêndhukul, ora lurus wrata.
(brêngkele) :
m-[x] kn mung mikir (ngrêmbug, golèk) butuhe dhewe, ora gêlêm ngalah.
(brêngkêlo) :
m-[x] kn nggêgêgi panêmune dhewe, ora nggugu ujar.
(brêngkiyêng) :
m-[x] kn kêncêng tmr. pawakan; kc. bêngkiyêng.
(brêngkunung) :
m-[x] pc nggugu karêpe dhewe; kc. bêkunung.
(brêngkut) :
m-[x] kn 1 mikul (nggêgawa) abot bangêt sarta akèh; 2 nyrêmpêng tumandang ing gawe.
brêngkutis :
kn. ak ar. kewan bngs. ampal kang mangan sêsukêr.
(brêngungung :
m-[x] kn nywara anggrung ana ing awang-awang ut. kêprungu saka kadohan.
brêngok :
pating [x] kn padha mbêngok ut. nywara sêru; kc. bêngok.
brêngos :
kn. rawis ki rambut ing sadhuwuring lambe.
brês :
mak [x] kn 1 sanalika udan dêrês bangêt; 2 sêpisan bêbarêngan ut. sêpisan rampung (tmr. nyaur, têtuku lsp).
brêsat :
pating [x] kn. ak pating slêbar pêpisahan.
brêsi, brêsih :
êngg. kn rêsik; kc. bêrsih.
brêsihan :
kn wadhah prabot pirantining macak (pupur, wêdhak lsp).
brêsih-desa :
n. brêsih-dhusun k karamean lan slamêtan ing padesan sabên taun (lmr.gêgayutan karo kramatan ing desa lsp. ut. mbênêri dina adêging desa).
(brêsot) :
m-[x] kn. ak têrus lunga ora mrêduli apa-apa.
brêt :
mak [x] kn katêrangan apa-apa sing suwèk.
brêtya :
(S) kw. ak wadya-bala, batur.

--- 61 ---

brêtyapati ~ brok.

brêtyapati :
(S) kw. ak senapati, lêlurahing prajurit.
brêcuh :
êngg. kn gunêman crêmêdan.
bribah :
(-an) êngg. k owah-owahan; kc. brubah.
bribik-bribik :
kn lagi wiwit saka sêthithik.
bribil :
kn êndhil, satêngah sèn.
bribin :
kn 1 (ut. mbribèni) êngg. ak. nywara rame; 2 (ut. [x]-[x]) êngg. nganggo kandha-kandha marang; mbribèni: (nywara) njalari tangining wong turu.
briga-brigi :
kn bêgita-bêgitu tandang-tanduke (marga nêpsu).
(briyêng) :
m-[x] êngg. pc ngêlu, mumêt.
(briyut) :
m-[x] êngg. kn 1 mbliyut (ngantuk bangêt); 2 mbiyêt (akèh wohe).
brikar :
êngg. pc kêrtu-pos.
bril :
êngg. kn bribil.
briman :
ut. bêbriman êngg. kn ngêmis; kc. priman.
brindhil :
kn 1 padha gogrog rambute (godhonge); 2 êntèk rambute (godhonge); 3 ent. êntèk bandhane (barang-darbèke); m-[x]-i: padha gogrog rambute (godhonge, wulune).
brintik :
kn pating prênthêl (tmr. rambut).
bringkang-bringkung :
êngg. kn jiguh, sêmu rikuh.
bringkil :
êngg. kn pringkil; m-[x] êngg: 1 sênêng madoni, ngèngkèl; 2 tansah melik darbèking liyan; kc. brèngkèl.
(bringkung) :
m-[x], pating [x] êngg. kn (padha) mlaku tumungkul.
(bringkut) :
m-[x] pc brêngkut.
bringsang :
êngg. kn prungsang (panas bangêt).
bris :
kw simbar dhadha.
(brisik) :
m-[x]-i êngg. kn nywara rame; kc. bribin.
brito :
(W) kn bobote barang dagangan sabuntêle lsp. (dudu rêsike bae).
bricik :
êngg. kn melikan sarta jail.
briwêt :
êngg. kn: sêdhih bangêt; kc. bruwêt.
briwitan :
êngg. kn saka sathithik.
brubah :
1 êngg. kn owah, ganti (tmr. pranatan lsp); 2 kw. kagèt, susah; [x]-an êngg: owah-owahan.
brubuh :
, pêrang [x] kw pêrang amuk-amukan akèh kang mati; di-[x](-i) kn: ditêgori, dipêdhangi lsp. nganti padha rubuh.
(brubuk) :
m-[x] kn padha mêtu bêbarêngan tanpa kêndhat.
(brubus) :
m-[x] êngg. kn: mêtu njêdhul, mêtu nywara bus-bus (tmr. kukus lsp); di-[x]-i êngg: digodhog dhisik supaya ilang sêngake (tmr. janganan lsp).
brubut :
pating [x] pc: padha mlayu (lunga).
brujul :
kn bngs. wluku sing singkale ora ngglebagake lêmah (mung dianggo ngadhuk); di-[x]: diwluku nganggo brujul.
brug :
I kn pêpindhan swaraning barang antêp tiba; 2 kayu (wêsi) digarani dianggo madhêtake lêmah; di-[x]: dipadhetake sarana brug. II êngg. kn: krêtêg.
bruk :
I kn 1 pêpindhan swaraning barang ambruk, rubuh lsp; 2 katêranganing nyênyèlèhake barang sêmbêt lsp. mung satiba-tibane bae; di-[x]-i: dirubuhi, ditibani barang kang antêb. II êngg. pc: kathok.
brukut :
kn rapêt bangêt (ênggone nutupi, nggêdhègi lsp); di-[x]-i: ditutupi (digêdhègi lsp) nganti brukut.
brul-brulan :
pc mbrubul, brol-brolan.
brumbun :
kn (pitik kang) wulune lêmbut-lêmbut.
brumbung :
I (ut. [x]-an kn bumbungan (pipa dalan banyu lsp). II m-[x] kn: mêntas manak tanpa pambêngan banjur mêtêng manèh.
brunjung :
kn êmpyaking omah joglo kang dhuwur; m-[x]: awangun lancip (tmr. êmpyak, payon lsp).
brundhul :
êngg. kn tanpa rambut (wulu); kc. brindhil.
(bruncah) :
di-[x] kn. ak dibage-bage tmr. wowohan, panganan lsp.
brung :
pc katêranganing lunga (mabur lsp) bêbarêngan.
brungkah :
I kn kayu oyod, tunggak saoyode (wit, pring). II m-[x] kn: mari pasa (lèrèn ênggone sêsirik).
(brungkus) :
di-[x] êngg. kn. ak dibuntêl, (diwungkus; kc. brongkos.
brungkut :
êngg. kn brukut.
brungut :
êngg. kn mêncungul, ngaton.
brus :
, mak [x] kn sanalika tumbuk; kc. gabrus.
brusahan :
êngg. kn. ak susah ut. kuwur (dening pasulayan lsp).
brutu :
kn janggêling buntut pitik, manuk lsp.
bruncèl :
pating [x] kn padha tatu lsp. pating crowèl.
(bruwah) :
m-[x] pc mêmangan apa-apa sasênênge (sabakdane sêsirik ut. pasa).
bruwang :
kn ar. kewan galak.
bruwès :
kn. ak godhèg lan brewok.
bruwêt :
kn 1 ora cêtha pandêlênge; 2 ent. kuwur, susah.
bruwun :
pc rambut pating jriwut; kc: mruwun; m-[x] êngg: golèk jêjanganan ana ing pakêbonan ut. patêgalan; mbêbruwun pc: ngêntèk-êntèkake dhuwiting liyan.
brobah :
êngg. pc brubah.
(brobol) :
m-[x] êngg. kn mbrojol, mêtu saka ing bêdhahan lsp.
(brobos) :
I m-[x](-i) kn mbrangkang nlusup (mêtu, mlêbu) ing bolongan ut. ing sangisoring apa-apa; [x]-an: bolongan ing bêthèk lsp. (dianggo mbrobos). II di-[x]-i êngg kn: dibrubusi.
brojol :
kn padha bodhol.
brog :
mak [x] kn pêpindhan swaraning barang tiba lsp.
brohak-brahok :
kn gunêman sêru; kc. braok.
(broyot) :
m-[x] êngg. kn mbreyot (abot gêgawane).
brok :
pc dhok-dhokan (panggonan ancêring

--- 62 ---

brokoh ~ dadi.

jèlungan lsp); ngê-[x]: 1 manggon, ndheprok; 2 ora gêlêm muluk tmr. layangan; 3 ks. ngising ngênggon; di-[x]-i pc: diênggoni, disur ênggone.
brokoh :
I êngg. kn kranjang mawa sikilan (dianggo mêmikul). II di-[x]-i kn: dislamêti nganggo pala-kêpêndhêm, êndhog lsp. (tmr. bayi kang mêntas lair lsp); [x]-an: 1 slamêtan mbrokohi bocah lsp; 2 êngg. pitulungan nggarap sawahing lurah desa.
brol :
mak [x] pc sanalika bêdhol (jêbol, mêtu bêbarêngan); kc. ambrol.
brol-brolan :
kn padha mêtu bêbarêngan akèh bangêt.
brom :
(W) kn bngs. praba (sing digawe dudu mas).
brombong :
(-an) êngg. kn brumbung(-an).
brondong :
kn jagung gorèngan; m-[x]: ngunèkake mrêcon (bêdhil) nggêjêg swarane; bêbrondongan: nywara ambal-ambalan (tmr. mrêcon, bêdhil).
bronjong :
kn 1 kranjang dawa gilig (wadhah babi lsp); 2 (ut. [x]-an) kranjangan pring (kawat lsp) diisèni watu dianggo mbêndung kali (ut. pikukuhing tanggul); 3 êngg. bngs. icir.
brondhol :
kn tanpa wulu; [x] êngg: turahan (kêthokan) têbu sing dirêmbang; kc. brindhil.
brunêng, broning :
(W) kn bngs. kêstul.
brontak :
pc ngraman, nglawan panggêdhe.
brontok :
kn pating pruntus marga kukulên lsp. (tmr. kulit).
brongkal :
(-an) êngg. kn prongkal(-an)
brongkos :
kn ar. jangan; di-[x] êngg: dibuntêl, dibungkus; [x]-an êngg: brongsongan (woh lsp).
(brongot) :
di-[x] kn diobong sêthithik (dinyunyuk gêni murub).
brongsong :
kn 1 krênêng (kranjang lsp) dianggo ngrakabi wowohan supaya ora dipangani lawa lsp; 2 buntêl (urung) barang-barang kang pangaji; 3 êngg. pc. brangus; di-[x]: dikrakabi ing brongsong.
(brosot) :
m-[x] êngg. kc lunga tanpa pamit, mlênthing.
brotol :
kn perangan sangisoring jubur (tmr. manuk, pitik).
brocèl :
pating [x] êngg pating brucèl.
bwang :
br bruwang.
bwat :
kw. ak abot, bobot.