Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 16-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Dh

dha :
êngg. pc padha.
(dhabyang) :
di-[x] kn dicêkêli (disangga) baune ing nalikane mlaku.
dhablang :
kn dhaplang, dhèplèng.
(dhabrêg) :
nganti n-[x] pc nganti akèh bangêt.
dhajêng :
pc wc. adhi ajêng.
dhadha :
kn. jaja ki, gêmbung kang ngarêp (sadhuwure wêtêng); suku [x] atêkên janggut pr: kalawan rêkasa bangêt; ngilani [x] pc: ngina marang liyan; di-[x]: 1 ditadhahi ing dhadha; 2 dicakup wirasane (layang, wangsit); 3 (ut. didhadhani) disanggêmi, diakoni, didhadhagi; pan-[x]: anak kang katêlu (adhine panggulu).
dhadhag :
kn wani njaga (nanggung) kalawan panggah; n-[x] êngg. ks: mangan; di-[x] êngg. diwatun; di-[x]-i: disangga (diakoni) kalawan tatag (tmr. prakara ut. kaluputaning liyan).
dhadhah :
I kn:pagêr sing gawe têtuwuhan.II n-[x] êngg. kn: 1 akèh bangêt wêtune, (tmr. wowohan lsp); 2 bawera, ora kauban apa-apa.
dhadhak :
kn tlutuh kang nggatêli (kwèni, pakèl lsp); [x]-an: jalaraning pasulayan lsp; [x]-an nglayoni pr: rêmbug kang ngèrèni (amurih wurung, rusak lsp).
dhadhal :
kn 1 bêdhah (jêbol) sarta kentas dening banyu (tmr. bêndhungan, krêtêg lsp); 2 br. mawut (bubrah tatanane) tmr. baris; di-[x] êngg: dicabut tmr. sawah gadhuhan lsp (marga ora nêtêpi kang dadi kêwajibane); di-[x]-i êngg: dikêthoki (ditêgori) tmr. pang-pang, rêrencekan lsp.
dhadhali :
kn. ak: sriti.
dhadha-manuk :
n. dhadha-pêksi kn: dhadha sing mungal.
dhadhap :
I ([x] ayam, [x] bong, [x] srêp lsp) kn: ar. wit; si [x] lan si waru: ngarani jênênging wong sing ora têrang; [x] kêtuwuhan cangkring pr: prakara sing wis bêcik têmahane dadi[1] ana kang njalari ala. II kn: bngs. tamèng awangun lonjong; n-[x]: 1 namakake dhadhap; 2 (ut. laku [x]) êngg. mlaku sêmu mundhuk-mundhuk kaya yèn arêp mapan sila; di-[x]-ake: dicêkêlake (sêdhela) dianggo tanggungan utang.
dhadhap-mantêp :
kn ar. têmbang gêdhe.
(dhadhar) :
n-[x]-i kn: mêtu (tmr rêmbulan).
dhadharan :
kn. ak. panganan; kc. dhahar.
(dhadhat) :
an-[x] jk nyuwèk, mbêdhah, ngadhul-adhul.
dhadha-walang :
(kikir-[x]) kn kikir mawa lingiran têlu.
dhadhu :
(Prt) kn pêsagèn ing lumahe didokoki mata (plênikan 1-6) dianggo ngabotohan; digêbug ing [x]: diundhi nganggo dhadhu.
dhadhuk :
êngg. kn gêgodhongan garing (rapak, damèn lsp).
dhadhung :
kn tampar gêdhe (kanggo nancang sapi lsp); di-[x] pc: ditalèni lsp. nganggo dhadhung.
dhadhul :
(ut. n-[x]) êngg. kn: lêmu wêwêg.
dhadhon :
kn kang wangune kaya dhadhu.
dhaèng :
kn 1 sêbutane darah Bugis; 2 ar. prajurit ing Ngayogyakarta.
dhag :
êngg. kn 1 têlag, têndhang; 2 lowong (ora mlêbu ing panggawean, tungguk lsp); di-[x]-ake êngg. pc: 1 disuwungake (tmr. omah lsp); dilowongi (tmr pagawean).
(dhaga) :
n-[x]- [x] êngg. kn: ngangah-angah, kêpengin bangêt.
(dhagdhag) :
di-[x]-ake pc diêblak-êblakake; kc. dhag.
dhagdhog :
pc ora ajêg; kc. jagjog.
dhage :
êngg. kn: bngs tape.
dhagêl :
kn. ak:1 magêl, isih atos; 2 pc. wangkod, wangkal; 3 êngg. tanggung, têngahan; n-[x] êngg. pc: nglucu; [x]-an êngg: tanggung, têngahan; 2 pc. badhut, lêlucon.
dhagi :
êngg. kn: undhagi.
dhagu :
êngg. kn: janggut.
dhagrèg :
êngg. pc wis lawas tur wis rusak.
dhah :
(ndhah) (W) pc taklim (yèn kêpêthuk lsp); di-ndhahi pc. ditaklimi
dhaham :
dhahêm kn. ak dhèhèm.
dhahar :
ki 1 pangan; 2 ak. sêga sêdhiyan; 3 mangan; 4 êngg. ngombe; di-[x] ki: dipangan; 2 digugu; [x]-an ki: 1 (ut. dhêdhaharan) panganan (lêlawuhan lsp); êngg. wêtêng; dhêdhaharan kn. ak: padha kêmbul mangan; kc. dhadharan, padharan.
dhahas :
kn asat ut. garing (tmr palêmahan, lêmah).
dhahat :
kw bangêt; kc. dhahat.
dhah-dhèh :
ora [x] êngg. pc tanpa (nggêgawa lsp) apa-apa.
dhahga :
kw 1 ngêlak; 2 murka ngangsa-angsa; kc. dhaga.
dhahina :
jk rahina rina.
dhahyang, dhayang :
êngg. pc. dhayang.

--- 101 ---

dhai ~ dhanyang

dhai :
êngg. kn. bathuk.
dhaya :
êngg. kn. tlèdhèk; kc. bêdhaya.
dhayang :
I 1 kw. abdi wadon; 2 êngg. kn. palanyahan. II êngg. pc: dhanyang. III [x]-[x], [x]-an êngg. kn: lunga mrana-mrana golèk pangupa-jiwa.
dhayang-buruh :
kn. ak lunga bêburuh.
dhayuh :
pc êngg. dhayoh.
dhayum :
êngg. kn wis dilêrêmake supaya kêlêbon hawa (tmr. lêmah kang digarap); kc. dhayung.
dhayung :
I kn saèm, wêlah; [x] olèh kêdhung pr: olèh dalan (sarana) sing prayoga (tmr. wong nêdya ala lsp); di-[x]-(i): diwêlahi. II êngg. kn: wis dilêrêmake supaya kêlêbon hawa (trm. lêmah sing digarap); di-[x]-ake: dilêrêmake supaya kêlêbon hawa (trm. lêmah sing digarap).
dhayoh :
n. tamu kwong kang têka pêrlu tilik (ndêdêgi, arêp têtuku, ngajak rêmbugan, sanja lsp); duwe [x] êngg. pc: duwe anak (kang mêntas lair); dhêdhayoh ak: nêmoni dhayoh; di-[x]-i: ditêkani ing dhayoh; (pa-) [x]-an: panggonan sing didhayohi; kê-[x]-an: 1 kêtêkan dhayoh; 2 êngg. pc. duwe anak; 3 êngg. pc. kêmalingan; kc. mêrdhayoh.
dhayot :
êngg. knkukul; dheyot.
dhak :
I (ndhak) êngg. n ora. II (ndhak) pc: mundhak, up. aja nakal, ndhak disrêngêni. III (ndhak ene) pc: pêndhake dina (sasi lsp) iki. IV dipun-[x]-akên pc: dipun-êdhak-akên; kc. udhun. V di-ndhakake pc: diêndhakake; kc. êndhak
dhakah :
kn 1 ak. gêdhe tmr. wit ut. woh; 2 (ut. [x]-srakah) kumudu-kudu olèh (njaluk olèh) akèh.
dhakar :
(-e) êngg. kn pancèn, mula pancèn nyata yèn.
(dhakên) :
dipun-[x] êngg. k. didhaku.
(dhaku) :
di-[x] kn. diêpèk, diaku
dhakohan :
êngg. kn. brokohan.
(dhakom) :
n-[x] êngg. kn. ndhêkêm, mêngkurêb (têturon).
dhakon :
kn. ar. dolanan nganggo kêcik lsp. ing kayu; lêsungan mawa cluwokan jèntrèk-jèntrèk ing pungkasane ana cluwokane gêdhe diarani lumbung.
dhak-wa :
(ndhakwa) kn. sing siji cêndhak sijine dhawa.
dhalang :
kn. 1 wong kang nglakokake sarta nyritakake wayang (topèng, wayang wong lsp); 2 êngg. wong kang sêsorah, maca lsp. ana ing pasamuan; [x] mangsa kuranga lakon: ora bakal kêntèkan omong (reka); [x] kêrubuhan panggung pr: kandhêg (kapêdhot) omonge; n-[x]: nglakokake sarta nyritakake wayang.
dhalangan :
kn. saèm meja ut. dhingklik dawa dianggo nyèlèhake kayu sing dipasah (apa-apa sing digarap); êngg. awak-awaking graji, raganganing pit.
dhaldhalan :
pc. tansah arêp lunga.
dhalung :
êngg. kn. 1 kêndhil gêdhe, blencong.
dham :
I êngg. kn. giliran (jaga ing cakruk). II êngg. kn: bêndhungan. III ([x]-[x]-an) kn: ar. dolanan nganggo blabag lsp. digambari pêsagèn-pêsagèn (abang putih ut. irêng putih).
dhamang :
kn. 1 êngg. gampang cak-cakane (gayuh-gayuhane); 2 têrang pêngêrtiane, mangêrti têmênan; di-[x]-ake: dingêrtèkake têmênan, diyakinake; ora n-[x]-ake: ora terang tmr. kabar lsp.
dharmaga :
jk. dalan gêdhe
dhambul :
kn. ar. dolanan sarana ngumbul-umbulake watu ut. bal.
dhami :
êngg. pc. bedhami.
dhamis :
kn. rapêt sarta trêp tmr. sêsambungan, tangkêbing lambe lsp.
dhampa :
kn. ar. lêlara kulit padha mrêkotok abang-abang.
dhampak :
êngg. kn jêmbar dhadhane lan sêmbada (tmr. pawakan).
dhampar :
kn 1 êngg. ak. saèm. dhingklik ut. meja cilik cêndhèk; 2 palênggahaning ratu (saèm. kursi tanpa tanganan).
(dhampèng) :
n-[x] kn 1 (ndhêlik) mèpêt ing wit (bambing padhas karang lsp); br. ngayom, ngêmpèk-êmpèk njaluk pitulungan.
dhamping :
êngg. kn bambinging jurang lsp. kang njulêg.
dhampit :
kn bocah kêmbar lanang wadon.
(dhampyak) :
[x]-[x], dhêdhampyakan kn mlaku barêng jèjèr-jèjèr.
dhampyang :
I [x]- [x] pc dhampyak-dhampyak. II kn.: rangkêp gêgandhengan, kc. sagantilan ana wohe 3 ut. luwih; di-[x] pc: digandhèng dadi siji, dirajut; [x]-an: ombyokan, dhompolan.
dhampyuk :
pc dhumpyukan
dhampyung :
kn dhampyang.
dhamplak :
(ut. [x]-[x]) kn gêdhe dawa (tmr. sungu, asêm, gêdhang).
dhamplèng :
êngg. ks rupa wujud; kc. dhapur.
dhana :
(n-[x]) êngg. pc mrana.
dhana-dhini :
êngg. kn gêdhana-gêdhini.
dhandha :
(S) kw gada, pênthung; kc. dhêndha.
dhandhan :
kn1 garan payung; 2 êngg. tampar kawat, tampar gêdhe kang digawe pring ênom (dianggo nggèrèt glondhongan lsp); 3 jomblang; di-[x] kc: dicancang.
dhandhang :
I 1 kw. gagak; 2 (ut cucuk [x]) kn. ar. piranti kanggo ndhongkèli watu lsp. awujud wêsi lancip digarani; [x] diunèkake kuntul pr: sing ala dikandhakake becik; n-[x] (-ngêlak): nganjap supaya ènggal nêmahana cilaka (mati); kc. kudhandhangan. II n-[x] kn. ak: padhang bangêt, têrang bangêt.
dhandhang-gêndhis :
êngg.k dhandhang gula.
dhangdhang-gula :
kn ar. têmbang maca-pat.
(dhandhêng) :
n-[x] êngg. kn tansah lunga (mênyang ing ngêndi-êndi); kc. dhêndhêng.
dhandhêr :
êngg. kn kêtela kaspa.
(dhandhing) :
n-[x] kn cilik apik (luwis).[2]
dhanu :
êngg. kn tlaga; kc. ranu.
dhancang :
kn. ak bancang.
dhanyang :
kn 1 ([x] baurêksa, [x] pakayangan) [paka...]

--- 102 ---

dhang ~ dhasar

[...yangan)] dhêmit sing mbaurêksa ing sawijining panggonan; 2 ak. sanggan ut. congkok tembok; kc. bau-dhanyang, dhanghyang.
dhang :
jk têmbung sêsêbutan pakurmatan saèm, sang.
dhangah-dhangah :
kn (mlaku) gagah.
(dhangak) :
n-[x] kn êndhase nglênggak munggah raine tumênga; kc. dhêngak.
dhangan :
kn 1 êngg. ènthèng, ènthèngan ing gawe; 2 êngg. kêpenak (waras, mari); 3 ([x] ing ati) kanthi sênêng sarta lega-lila; 4 (yèn [x]) yèn lêga (kobêr); n-[x]-ake: mêrlokake minakake wêktu kanggo; [x]-an: ènthèngan, sênêng têtulung.
dhangdhang :
kw gagak; kc. dhangdhang.
dhang-dheng :
kc tansah nyuwara mak dhêng.
(dhandhêng) :
n-[x] kn ndhandhêng.
dhangdhêr :
êngg. kn kêtela kaspa
dhangdhing :
ora [x] êngg tanpa apa-apa.
dhangdhong :
kn têrkadhang sok.
(dhangêt) :
di-[x]-ake êngg. kn dirungokake; kc. midhangêt.
dhangglongan :
êngg. kn ora ajêg; rada nganèh-anèhi (gêndhêng).
dhangbyang, dhangyang :
kw 1 sêsêbutane para pandhita; dhêmit kang mbaurêksa; kc. dhanyang.
dhangir :
kn maculi lêmah (diadhuk sarta dirêsiki rêrêgêde); [x] alis br: kêrik alis; di-[x]: dipaculi (diadhuk sarta dirêsiki rêrêgêde).
dhangka :
1 jk. guwa (rong) pambuwangan mayit; 2 ks. padunungan, omah.
dhangkak :
êngg. kn. ak gulune cêndhak sarta dhadhane mungal; 2 kc. dhêngkak.
dhangkal :
êngg. kn 1 kaku; 2 wangkal, wangkod; 3 atos tmr. wowohan; 4 bolot (rêrêgêding awak); n-[x], [x]-ên: bolotên, awake rêgêd.
dhangkèl :
kn oyot lajêr sing mbêdhênggol; di-[x]: dibêdhol (dikêdhuki) dhangkèle; n-[x] êngg.ak: tanpa mung mangan oyod-oyodan.
dhangklèh-dhangklèh :
pc dhèngklèh-dhèngklèh.
dhangklak-dhangklik :
kn. ak dhêngklak-dhêngklik.
(dhangkruk, dhangkrok) :
n-[x] pc linggih, mbêngkuk (mêthangkruk ing wit lsp).
dhanglêng :
kn. ak gêndhêng.
dhangling :
kn gêndhêng.
dhangsah :
kn njogèd cara Eropa.
dhangsul :
êngg. k 1 kêdêle; 2 kêndhali.
(dhangsur) :
n-[x] ks turu (turon) saênggon-ênggon.
dhauk :
pc wis tuwa bangêt; kc. dhawuk.
dhaulu :
kn. ak 1 ula êndhase loro (mung ing dongèng); 2 atine mangro; gunêman krama karo ngoko dicampur baè.
dhaun :
kw godhong.
dhaup :
kn 1 pc. jodho karo; 2 wis jêjodhohan (salaki rabi) karo; di-[x] êngg: ditêmokake (tmr. pêngantèn), dijodhokake karo.
dhaut :
I ki 1 ompong; 2 pupak (ganti untu); 3 puput pusêr; [x]-an ki: slamêtan (jagongan) puputan. II kw: budhal, bedhol (tmr. prajurit) di-[x]: kw. dibêdhol, dijabut; 2 kn. dibêdholi (tmr. winih pari arêp diêlih ditandur ing sawah).
dhaon :
1 êngg. k. godhong; 2 êngg. kn. nipah.
dhaos :
êngg. k dhacin.
dhapa :
(ndhapa) n. ndhapi k. kc pendhapa.
dhapêt :
kn 1 pc. ak. rapêt; 2 (ut. n-[x]-i êngg. pc. olèh,entuk.
(dhaplang) :
n-[x] kn mbapang, njêpaplang.
dhaplok :
wis -[x] (an) ks wis tuwa.
(dhapuk) :
di-[x] kn 1. ak. ditumpuk pêpanthan (tmr. pari sing mêntas diênèni); 2. ditata sarta dirancang (tmr. prakara sing arêp dirêmbug, crita, buku lsp), [x]-an: 1. êngg.pc.pêpanthan, tumpukan; 2. rancangan, tatananing crita, layang lsp.
dhapur :
I kn: 1. (ut. [x]-an) grombolaning pring, têbu lsp; 2. sêsipataning wêwangunan (minăngka titikaning jênênge, asale lsp. tmr. kêris, omah, lsp); 3. (ut dhêdhapuran) ks. rupa, wujud (praèn); 4 ([x]-e) êngg. pc. sêmune, wangune, ayake; 5 êngg. pc. pancèn mula, dhasar mula; ora [x]: ora mèmpêr; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-i) êngg. digolongake dadi siji; 2 diwangun, didhapuk saka pêpiridan crita kuna. II êngg. kn: 1 pawon; 2 jagrag kêmudhi.
(dhar) :
di-[x]-ake pc diwêdharake
dhara :
kn 1 wis mèh dadi babon (tmr. pitik), wis mèh ngêtokake woh (tmr. têtuwuhan); 2 tanggung (ora gêdhe ora cilik), up. piring [x], basi [x].
dharah :
êngg. kn 1 darah; 2 pc. gêtih; [x] mudha pc: wêwatakane wong nom gampang kêbrangas, ora sabaran.
dharaka :
(S) kw. ak sabar momot.
dharak-dharak :
êngg. kn lêlarikan tharik-tharik
dharani :
(S) kw ak bumi.
(dharang) :
ke-[x]-[x] kn kêtula-tula têkan ngêndi-êndi.
dharat :
kn 1 lêmah têpining sêgara (dadi têtimbangane ing banyu); 2 (ut. n-[x]) ngambah ing lênah (têtimbangane ngambah in sêgara ut. mabur); 3 (ut. n-[x], [x]-an) mlaku barès (ora nênunggang); [x]-an: tanah, lêmah (têtimbangane lautan, banyu).
dhar-dhèr :
pc tansah nyuwara dhèr (mêrcon, bêdhil lsp).
dhari :
(S) kw. ak (wong) wadon.
dharik-dharik :
kn lêlarikan tharik-tharik.
dhas :
(ndhas) pc êndhas.
dhasar :
kn 1 bontos (perangan kang ngisor) tmr. wadhah, kêndhil lsp; 2 lêmah sangisoring banyu (sêgara, kali, tlaga lsp); êngg. tlasah jogan, jrambah; 4 (ut. dhedhasar) têtalês kang minangka lêlèmèk, up. dhedhasaring piwulang; 5 (ut. dhedhasar) têtalêsing wêwatakan (kapintêran lsp) gawan wiwit lair mula; 6 lapisan kang ngisor (tmr. watu, cèt lsp); 7 kang dadi bêbakuning warna (tmr. tênunan, pulas lsp); 8 garis ut. lêmah kang ngisor (tmr. gêgambaran ing èlmu wangun); 9 êngg. sawah pusaka; 10 êngg. pc. mula, mula pancèn; 11 (ut. [x] ya mêngkono) mula nyata; 12 (ut. [x]-e) jêr pancèn, amarga pancèn; 13 (ut. [x] uga) êngg. tur;

--- 103 ---

dhasèn ~ dhèk - ere

14 (ut. dhedhasar) nata dodolane supaya katona ing akèh; 15 (ut. dhasaran) dagangan sing didhasarake; 16 ak. petungan kèhing pangombene minuman kêras, up. têlung [x] (= têlung sloki); n-[x]: 1 têkan ing dhasar; 2 ngambah ing dhasar; 3 pc. andhap asor bangêt; di-[x]-i: 1 didokoki dhasar (lapisan cèt kang ngisor lsp); 2 ditrapi (didokoki) têtalês; 3 pc. slondhoh; di-[x]-ake: ditata supaya katona ing akèh (tmr. dagangan).
dhasèn :
kn nganggo dhasi
dhasi :
(W) kn ([x] klawèr, [x] kupon, [x] sêtrik) ewoning panganggo pacakan awujud sutra lsp. kaubêdake ing gulon kêmejan.
dhat :
kn. ak cat, up. [x] eling [x] ora; [x]- [x]-an: ora jênjêm, kêrêp nglilir gragapan kc. dhat-nyêng.
dhatêng :
k 1 têka; 2 mênyang; 3 marang; 4 êngg. têkan; (nuwun inggih) [x] sêndika br: iya, sêndika; [x] kasuwun br: matur nuwun.
dhatêngan :
êngg. k dhayoh.
dhat-nyêng :
pc ora ajêg (tmr. pêpenginan lsp).
dhatu, dhatuk :
kw ratu, bêndara; kc. kêdhaton.
dhatulaya :
kw dalêming ratu, kêdhaton.
dhacah :
kn pating slêbar, warta ingêndi-êndi.
dhacin :
(C) kn 1(ut. [x]-an) êngg. têkênan mawa gêrêt-gêrêt têngêran bobot dianggo nimbang; bobot abote ana 100 kati (± 61,761 kg); di-[x]: ditimbang (nganggo dhacin).
dhawah :
I k: tiba. II ki. ak: pakon, clathu, tutur; kc. dhawuh.
dhawahan :
êngg. k dhawuhan (bêndungan).
dhawak :
êngg kn 1 dhewe; 2 ijèn.
dhawêt :
kn ar. ombèn-ombên (santên karo juruh dicampuri tape lsp).
dhawuh :
I kn. ak tiba; wayah (sa-) [x]: wayahe lèrèn ênggone mluku (± jam 9 esuk). II ki: clathu, tutur; [x] (-pangandika) dalêm ki: kandhane, kandhamu III ki: 1 pakon; 2 ak. panganyang; [x] (-timbalan) dalêm: pakon ut. prentah (dhêdhuwuran kang luhur); di-[x]-i ki: dikon, diprentahi; di-[x]-ake ki: 1 diprentahake; 2 ak. diênyang.
dhawuhan :
êngg kn bêndungan.
dhawuk :
kn 1 abang, irêng lsp. rada kêcampuran putih (tmr. ulêsing jaran); 2 (wis [x]) pc. wis tuwa bangêt.
dhawul-dhawul :
kn madhul-madhul ora tata tmr. rambut.
dhawoh :
êngg. kn: tiba; kc. dhawuh.
dhe :
I pc badhe, up. [x] ora sida! II (ndhe) êngg. pc: kanca; kc. êndhe.
dhebat :
(W) kn pêpadon arêbut bênêr (ana ing pakumpulan lsp); di-[x]: dipadoni; [x]- [x]-an: pêpadon arêbut bênêring panêmu.
dhèblèng :
(-an) kn dhablang mêmburi rada nyongat munggah (tmr. sungu, sinthingan ikêt).
dhedhe :
kn kêkaring ing panasan
(dhèdhèh) :
n-[x] êngg. kn 1 thênguk-thênguk, (têturon) ana ing njaban omah; 2 ndhudhah buntêlan lsp.
(dhèdhèk) :
di-[x]-i êngg. kn. diêsiri arêp diêpèk (diarah lsp); [x]-an: sing didhedheki.
dhèdhèl :
êngg. kn. 1 ucul (udhar) dondomane; 2 thèthèl; di-[x]: 1(ut. di-[x]-i) didhadhali, 2 êngg. diudhari trm. dondoman; 3 dijabêl, dicabut (tmr. sawah gadhuhan); di-[x]-i: dicopoti sandhang panganggone; kc. dhadhal, thèthèl.
dhèdhèl-dhowèl :
pc êntèk-êntèkan dhuwite (sandhang panganggone).
(dhèdhèr) :
di-[x]-(ake) kn. ak dibèbèr, diêgarake (tmr. swiwi lsp).
dhèdhès :
kn ar. wêwangi sing asal saka klênjar rase; kc: dhidhis, kadhèdhèsan.
dhèdhèt :
I di-[x]-i êngg kn dibêdholi (disêbroti) tmr. têtuwuhan rambat; [x] -an êngg: sulur (wit) ing têtuwuhan rambat (kacang lsp). II (gêtêr patêr) [x] erawati kw: (gêtêr ing prahara) gumlêgêr swaraning blêdhèg.
dhèg :
I kn kamli. II kn: jogan, (gladhag) ing prau kapal; kc. dhèk.
(dhega) :
(ndhega) êngg. pc bêndhega.
(dhèglèg) :
n-[x] êngg. pc 1 linggih gulune ditungkulake memburi; 2 bodho bangêt; kc. dhêglag, jêglag.
dhèglèng :
pc rada edan
dheglog :
kn bêjog, pincang (sikile dhakwa).
dhegus :
kn (wc. gêdhe bagus) gagah gêdhe dhuwur sarta bagus (tmr. pawakane wong lanang).
dhegol :
kn mêndhokol athik-athikane (tangan, sikil).
(dhèh) :
[x]-ku, [x]-mu êngg ênggonku, ênggonmu (olèhku, olèhmu).
dhèh-dhèh :
êngg. kn njaluk sêthithik
(dhèhèh) :
n-[x] pc njêhèh.
dhèhèm :
kn saèm, watuk gawean (hrm, hrm, hrn!); di-[x]-i: disasmitani lsp. sarana dhèhèm.
dheyang-dheyang :
kn ak sênêng-sênêng, mlaku-mlaku (anggur-angguran, dolan-dolan).
dheye :
kn ar. walang saèm, walang wadung.
dhèyèk :
(-dhèyèk) kn rada mbengkok sarta lara (tmr. gêgêr); 2 rêkasa bangêt (kelangan dhuwit akèh lsp).
dheyog :
kn sikile dawa cêndhak.
dheyos :
kn rêca, golek (Cina).
dheyot :
kn kukul.
dhèk :
I pc adhi (kanggo pangundang). II n kala k: nalika, ing nalika; [x] gawe (-ku, -mu, -ne) êngg: ing nalika aku (kowe, dhèwèke) dadi pêngantèn. III pc: bêdhèk, badhe; [x]-ku: tak bêdhe, kiraku. IV (-e, -ku, mu) pc: dhuwek(e, -ku, mu). (V) di-[x]-i êngg. pc: didhèdhèki.
dhèk-e :
êngg. pc 1 dhèwèke; 2 kowe.
(dhèkên) :
di-[x] (W) pc diadhangi, dialingi (balbalan lsp).
dhèk-ere :
(-èri, -iya) êngg bok-mênawa iya.

--- 104 ---

dheklarasi ~ dhèsèl

dheklarasi :
(W) kn wragading lêlungan (alih-alihan lsp) ing nalika nglakoni ayahan nêgara.
dhèkman, dhèknèh, dhèkneya :
êngg. pc mêsthi bae.
dhèkne, dhèknèn(-e) :
êngg. pc 1 dhèwèke; 2 kowe (dhewe).
(dhekor) :
n-[x] êngg. kn linggih ngglungsar (tanpa lèmèk).
dhekor :
(W) kn gambaran rêrekan ing tonil.
dhèkwur :
kn êndhèk dhuwur (ora padha dhuwure).
(dhela) :
[x]-[x] êngg. pc kêrêp, bola-bali; kc. sadhela.
(dhèlèk) :
di-[x]-i êngg. kn didhèdhèki.
dhelik :
kn gêdhe cilik (ora padha gêdhene).
dhelik :
(g) (W) kn nêrak anggêring nêgara (kêsalahan) ana ing koran (tulisan) ut.paomongan (sêsorah); kêna [x]: disêrêg ing pulisi (nêgara) marga dhelik.
(dhèm) :
di-[x](-i) êngg. kn didhèp, didhèdhèki.
dhèmbèl :
êngg. kn gèmbèl (tmr. rambut); kc. dhêmbèl, dhêmbêl.
dhèmèl :
êngg. kn kêmpêl plikêt.
dhèmês :
kn sarwa tata sarta luwês (tmr. solah bawa lsp).
dhemokrasi :
(W) kn tatananing paprêntahan para kawula wênang cawe-cawe (mèlu ngrêmbug).
dhèmpèl :
kn 1 gathuk tumèmpèl; 2 (mondhok [x]) êngg. ngindhung tèmpèl; kc. dhimpil, dhumpil.
dhèmpèt :
kn 1 (barang loro ut. luwih) gathuk mèpèt arakêt; 2 tuwuh krakêt dadi siji (tmr. pring, gêdhang lsp); di-[x]-ake: dirakêtake supaya dhèmpèt.
dhèmpyèk-dhèmpyèk :
êngg. pc dhampyak-dhampyak.
dhèmpyèng-dhèmpyèng :
engg pc dhampyak-dhampyak; di-[x]-ake êngg. pc: digandhèng dadi siji, diblèngkètake.
(dhèmplèk) :
n-[x] êngg.pc nèmplèk, nèmpèl.
(dhèmpok) :
n-[x] êngg. kn linggih ndheprok; kc. dhepok.
(dhèmpol) :
n-[x] êngg. kn ngindhung; kc. dhèmpèl, dhumpil.
dhendhang :
kn 1 ar. kewan bngs. kuwawung; 2 ar. racun.
dhendhang-dhendhung :
êngg pc dheyang-dheyang.
dhèndhèk :
êngg. kn dheyog, sikile lsp. dawa cêndhak.
dhèndhèng :
kn 1 irisan iwak (daging) dibumboni sarta dipè (banjur digorèng ut. dibakar); 2 (ut. [x]-an) êngg. tumpukan lêmbaran godhong têmbako; maling [x] êngg. ks: nyidra asmara; di-[x]: 1 digawe dhèndhèng; 2 êngg. diêpe banjur diênggo manêh (tmr. sandhangan).
(dhènèh) :
[x]- [x], n-[x] kn (mlaku, linggih) dhadha lan wêtênge diungalake maju.
dhènok :
kn 1 êngg. mlêmpung, abuh; 2 pc. lêmu mêmpuh-mêmpuh (tmr. bocah wadon); 3 êngg. panyêluk marang bocah wadon.
(dhèncèng) :
dhèdhèncèngan pc runtung-runtung, gêgandhengan.
(dhèng) :
di-[x] êngg. pc diblakake bae, ora ditutupi; kc. êdhèng.
dhenga :
(ut. [x] piliha) êngg. kn sapa (apa) bae; kc. sadhengah.
(dhengah) :
kc sadhengah
dhengan :
kn ar. manuk.
dhèngdhèng :
êngg. kn dhèndhèng.
(dhèngèk) :
n-[x] pc ndhangak, njèngèk.
dhèngèn :
êngg. kn ènthèng, gampang; kc. dhangan.
(dhèngèr) :
n-[x] kn. ak njêngèngèk.
(dhèngêr) :
êngg. pc 1 krungu; 2 wêruh.
dhèngkèl :
kn lêlara ing sikil pêpês ut. kaku (ora bisa mlaku); [x]-ên: nandhang lara dhèngkèl.
dhèngkèl :
êngg.pc lèngkèt, krakêt.
dhèngklang :
êngg. kn pincang tmr. sapi lsp.
dhèngklèh-dhèngklèh :
kn gumantung sêmplah-sêmplah (tmr. pang, sungu arêp copot lsp).
(dhèngklèk) :
n-[x] êngg. kn èngklèk.
(dhèngkok) :
n-[x] kn. ak linggih manglung (tumungkul).
(dhèngsèl) :
n-[x] êngg.kn akèh pating pêndhèsèl.
(dhèngsèr) :
n-[x] êngg. kn. ak mlorot; kc. lèngsèr.
dheos :
kn kc. dheyos.
(dhèp) :
I di-[x] pc didhèdhèki dhisik. II di-[x] pc: diêndhêg (tmr. layang dhinês lsp).
dhepah :
(ut. sê-[x]) kn cêndhèk kiyêng (tmr. pawakan).
(dhepara) :
n-[x] êngg. kn ndupara.
dhepartêmèn :
(W) kn: bêbadan paprêntahan sing nindakake salah sawijining pakaryan ing praja.
dhepe-dhepe :
kn ngêmpèk-êmpèk njêjaluk lsp.
(dhèpèl) :
[x]-[x], n-[x] kn 1 linggih tumèmpèl; 2 rumakêt marga duwe melik (arêp njêjaluk lsp).
dheplak-dhèplèk :
êngg. pc dhèpèl-dhèpèl.
dhepo :
kn1 gudhang patandhon; 2 papan panyimpênan (titipan) barang-barang ing sêtasiun; 3 omah dianggo nglumpukake kuli kontrakan.
dhepok :
I (ut. pa-[x]-an) kw. omah ut. padununganing ajar (pandhita); dhêdhepok: dêdunung (gawe padhêpokan). II kn: tanpa sikilan tmr. gêlas, diyan lsp; n-[x], [x]-an ak: linggih ing lêmah (lesehan).
(dhepor) :
n-[x] êngg. pc. ndhekor.
(dheprok) :
n-[x] kn. linggih niba ngambruk saênggon-ênggon.
dhèr :
I mak [x] kn. pêpindhan swaraning blêdèg, bêdhil lsp. II di-[x]-[x] êngg. kn: diudhal-udhal mrana-mrana.
dhere :
kn. pitik mèh dadi babon; kc.dara.
(dhèrèk) :
I n-[x] 1(engg.k) ki.mèlu; 2 ki. nyarah; 3 êngg. ki. miturut; di-[x] (-ake) 1 ki. diiring (-ake), ditut (-ake); 2 êngg. kn. diturut, diênut; kc. sadhèrèk. II [x]-[x] êngg. kn: jèjèr-jèjèr lêlarikan
dhèrèkan :
êngg. kn. kêmiri.
dhèsèl :
engg. kn. watu gamping; n-[x] êngg: akèh pating pêndhèsèl.

--- 105 ---

Dhesèmbêr ~ dhêkong

Dhesèmbêr :
kn. ar. sasi (Eropah) kang karolas.
dhesèntri; dhesêntre :
(W) kn. lara mêjên (ngising gêtih umbêl).
dhèsi :
pc. dhasi.
(dhèto) :
di-[x] êngg. kn. diturut digugu.
(dhècèh) :
di-[x] êngg. kn: kabèh diwêtokake nganti ngambruk-ambruk.
dhècol :
kn. ak. gècol, pènjol.
(dhèthèng) :
n-[x] kn. (mlaku) ndêgèg dhadhane mungal pundhake kêncêng.
dhewe :
n. piyambak k. 1 ijèn (tanpa rewang) up. kowe apa [x] bae; 2 kang pancèn mung dinarbè ing up. iki klambiku [x]; 3 dudu wong liyane, up. aku [x] sing salah, kowe [x] sing goroh; 4 mligi saka dayane dhewe (ora karana barang ut. jalaran liyane), up. obah [x], mlaku [x]; 5 (mung ... dhewe) mligi mung, ngêmungake, up. mung kowe [x] sing ora sowan; 6 êngg. pc. awaku, aku; 7 wis ora ana kang ngungkuli (ngluwihi) kaanane up. iki sing gêdhe [x], n-[x] n. miyambak k: ngijèn, ora tunggal karo liya-liyane, mênjila; di-dhèwèni êngg: didhèwèki; kc. dhèwèk.
dhèwèk :
êngg. dhewe; n-[x]-i n.miyambaki k: ngijèn (ora ana tunggale) nylênèh; di-[x]-i n. dipunpiyambaki k: ditandhangi (digarap diêpèk) dhewe; di-[x]-([x])ake n. dipunpiyambak (-piyambak)akên k: dipisah karo panunggalane (dipilah-pilah).
dhèwèkan :
b. piyambakan k 1 mung ijèn; 2 (ut. dhêdhèwèkan) ijèn-ijèn, dhewe-dhewe; 3 rêrêmbugan (omong-omongan) dhewe.
dhèwèke :
n. piyambakipun k. 1 sêsulihe wong kang dicritakake (pratama-purusa); 2 êngg. pc. kowe.
dhèwèkne, dhèwèknèn :
êngg. n. dhèwèke.
dhewutan :
kn ar. sukêt.
dhewot-dhewot :
êngg. pc akèh rambute dhiwut-dhiwut.
dhêbat :
(W) kn pêpadon; kc. dhebat.
dhêdhak :
kn lêmbutan kulit pari (kang ditutu); sa-[x] mêrange pr: bale pomahan lan saisine kabèh.
dhêdhali :
kn. ak sriti.
dhêdhêg :
I êngg. kn kêbak bangêt, jêjêl riyêl; n-[x] ak dhepe-dhepe, rumakêt marga duwe pangarah. II kn: bngs. palu dianggo nglaras gamêlan lsp; di-[x]-(i): dithuthuki nganggo dhêdhêg, palu lsp.
dhêdhêk :
êngg. kn dhêdhak.
dhêdhêl :
kn 1 bêbêl, ora gampang miline (mêtune) ing bolongan; 2 ([x] atine) ora gathekan.
(dhêdhêm) :
ma-[x] jk nyuwara klêrêg-klêrêg.
dhêdhêp :
I 1 ([x] nyênyêt, [x] tidhêm) kw nyênyêt tanpa swara apa-apa; 2 ([x] sirêp) kw. sirêp, sarèh. II n-[x] kn: (ndhêlik) dingkik; di-[x]-i: didingkik.
(dhêdhêpa) :
n-[x] kw ngrêrêpa njaluk ngasih-asih.
(dhêdhêr) :
di-[x] kn 1 ditandur yèn wis rada gêdhe diêlih (tmr. wiji), diurit; 2 ks. dipêndhêm (dikubur); [x]-an: 1 wiji kang didhêdhêr; 2 (pan-[x]-an) pawinihan.
(dhêdhês) :
di-[x] (-[x]) kn 1 ak. didhêsêk, didhêsuk; ditakon-takoni supaya gêlêma mblakakake.
(dhêdhêt) :
I n-[x] kn kandêl sarta pêtêng (tmr. mêndhung); pêtêng n-[x]: pêtêng bangêt; di-[x] (-i): diidak-idak supaya madhêt. II di-[x]-(i) kn: disêndhal-sêndhal lirih (talining pansing lsp).
dhêg :
I sadina [x] n. sadintên [x] k sadina muput. II mak [x] pc: 1 nratab (kuwatir); 2 sanalika, dadakan dadi lsp; kc.dhêg-dhêgan. III (ndhêg) pc: mandhêg! di-ndhêg (-ake) pc: diêndhêg (-ake); kc.andhêg, êndhêg.
dhêg-dhêgan :
kn kêkêtêging jantung obah dening kagèt, uwas, sumêlang lsp.
dhêgèl :
dhêgil êngg. kn kaku mêndhêkêl.
dhêgêl :
êngg. kn pêgêl atine, mangkêl; kc. bêdhêgêl.
(dhêglag) :
n-[x] kn ndhangak gêgêre sêmu mêmburi; kc. jêglag.
dhêglag-dhêglèg :
kn jêglag-jêglèg.
dhêglag-dhêglug :
kn 1 mlaku dheglog; 2 êngg. dhêklak-dhêkluk (ngantuk).
dhêglêg :
pc gêblêg, bodho bangêt, gêndhêng.
dhêglêng :
pc dhegleg, dhèglèng.
(dhêgling) :
n-[x] kn (sikil) sêmu nêkuk dhêngkule maju; di-[x]: disodhok lêngêne (saburining sikut) ut. sikile (saburine dhêngkul) supaya nêkuk; kc: dhêngkling.
dhêglo :
kn dhêglêg, dhêglêng.
dhêgol :
kn dhegol.
dhêgrès :
êngg. pc gêndhêng.
(dhêgrus, dhêgros) :
n-[x] êngg. pc njêgos, njêgogros.
dhêkah :
êngg. kn dhukuh.
(dhêkakak) :
n-[x] êngg. kn ndhêngangak, nglongok.
dhêkêh :
êngg. k dhukuh.
dhêkêk :
kn gulune cêndhak pundhake mungal.
(dhêkêkêl) :
n-[x] êngg. kn awake kabèh dijêngkêrutake marga adhêm bangêt.
(dhêkêm) :
n-[x] kn njêrum (tmr. pitik lsp), linggih ngrungkuk; di-[x]-i: didhêlikake (dialingi lsp) sarana ndhêkêm.
dhêkêman :
1 (ut. dhêkêm) êngg. kn. bronjong (kranjangan) diisèni watu dianggo mbêndung kali, tanggul lsp; 2 êngg. k. kêdhêle.
(dhêkêr) :
n-[x] pc. ks linggih nyêkukruk, turu.
(dhêkês) :
n-[x] êngg. pc linggih mèpèt; kc. kêdhêkês.
dhêkêt :
kn. ak rêngkêt, rapêt; kc. dhêngkêt.
dhêkik :
kn lêgok sêthithik, lêkik.
(dhêkis) :
n-[x] êngg. kn ndhêlik.
dhêklak-dhêkluk :
kn rêrenggotan (ngantuk).
dhêklarasi :
kn kc. dheklarasi.
(dhêku) :
n-[x] kn linggih tumungkul (urmat bangêt)
(dhêkukul) :
n-[x] kn ndhêngkluk tumungkul.
dhêkok :
kn 1 lêgok; 2 nggêrong tmr. mata; n-[x] ks: turu; di-[x]: 1 dilêgok; 2 êngg. dilêrêmake sadhela supaya kênthêl (tmr. wedang tèh); [x]-an: 1 lêgokan; 2 êngg. wedang sing didhêkok.
dhêkong :
êngg. kn dhêkok.

--- 106 ---

(dhêkos) ~ dhêngkak

(dhêkos) :
(W. in de kost) di-[x]-ake kn dipondhokake (sarta numpang mangan).
dhêl :
kn 1 katêrangane tali lsp. pêdhot; 2 pêpindhan swaraning bêdhil; 3 sanalika, dadakan têtuku lsp.
(dhêlak) :
n-[x] kn 1 ndhêngangak sarta mlongo (marga ngêlak); 2 ngangah-angah, kêpengin bangêt; di-[x] êngg: 1 didêlêng; 2 ks. dicolong.
dhêle :
pc kêdhêle.
dhêlêg-dhêlêg :
kn lêgêg-lêgêg (lêngêr-lêngêr) dening sêdih lsp.
(dhêlêlêg) :
n-[x] kn ora sigrak, tansah dhêlêg-dhêlêg.
(dhêlês) :
n-[x] êngg. kn ngglêlês, lunga dhêdhêmitan.
(dhêlik) :
n-[x] kn umpêtan, singidan; di-[x]-ake: diumpêtake, disingidake; [x]-an: jelungan; 2 climèn (dhêdhêmitan supaya ora kawêruhan) 3 (ut. pan-[x]-an) papan sing dianggo ndhêlik.
(dhêluk) :
n-[x] êngg ndhungkluk tumungkul.
dhêlog :
êngg. kn kuwali
dhêlog-dhêlog :
kn (linggih ijèn) dhêlêg-dhêlêg.
dhêm, mambu :
[x] kn wis ora angêt (kasèp) tmr. panganan lsp; di-[x]-ake pc: diadhêmake; kc. adhêm, êdhêm.
dhêmbèl, dhêmbêl :
kn kêmpêl krakêt (plikêt) tmr. rambut, lsp.
dhêmle, dhêmblèk :
êngg. pc 1 krakêt, kêmpêl krakêt; 2 ar. mainan.
dhêmèl, dhêmêl :
êngg. kn têlês akrakêt (ngyiyit lsp).
dhêmêk-dhêmêk :
êngg. kn mlaku alon ciyut jangkahe.
dhêmên :
n. rêmên k 1 sênêng sarta asih (tmr. wong lanang marang wong wadon utawa kosok baline); 2 duwe kasênêngan bab ... kanthi sênêng (ênggone nindakake), up. [x] ngabotohan; di-[x]-i: disênêngi sarta disihi; 2 dibedhang; 3 disênêngi bangêt; [x]-an: kang didhêmêni; 2 bedhangan.
dhêmên-nyar :
n. rêmên-nyar k (dhêmêne mung yèn isih anyar) jêlehan.
dhêmit :
kn 1 ak. lêmbut, cilik; 2 (ut [x]-an, dhêdhêmitan) kalawan wadi, ora blak-blakan; 3 (ut. dhêdhêmit) lêlêmbut (roh sing dêdunung ana ing papan sing angkêr, wit lsp).
dhêmpèl :
êngg. kn wong sing mitulungi nggêgarap pagawean; 2 (kantor, toko lsp) cabang; kc. dhèmpèl.
(dhêmpèng) :
n-[x] kn ndhamping.
dhêmpès :
pc kêmpès.
dhêmpêl :
I kn 1 kêmpêl arakêt; 2 pc. rakêt bangêt ênggone sêduluran (mêmitran); lênga [x] êngg. lêngan jarak. II kn: 1 lawanganing cêndhela; 2 kayu ugêr-ugêring lawang (cêndhela).
(dhêmpil) :
n-[x] êngg. pc ndhèmpèl, ndhumpil.
(dhêmping) :
n-[x] pc ndhamping.
(dhêmpit) :
n-[x] êngg. kn linggih ndhêmpis.
dhêmplo-dhêmplo :
êngg. kn lêmu ginuk-ginuk.
dhêmpul :
kn gamping dijuri lênga jarak lsp. dianggo ngrapêtake kayu lsp; di-[x]-(i): dirapêtake lsp. nganggo dhêmpul.
dhêmpo :
kn lêmah (lêmpung) dikêpêl-kêpêl diwangun kaya bal; bandhêmpo.
dhêmpok :
kn cêndhak nanging amba (tmr. irung, praèn).
dêmraga :
êngg. kn dalan gêdhe; kc. dhêrmaga, dhamarga.
dhêndha :
I kw pênthung, gada. II (ut. dhêndhan) kn: 1 dhuwit kang dipupu ing nagara alantaran pangadilan minangka paukuman ênggone nêrak anggêr-anggêr; 2 dhuwit kang kudu dibayar minangka paukumane ênggone nêrak pêpacuh (pc. ing sêpur lsp); dhêndhaning dosa: panggawe bêcik (sêmbahyang lsp) minangka pêpulih ênggone nglakoni dosa; di-[x]: dikênakake dhêndha. III kn: ar. golonganing têmbang gêdhe. dene jênênge: dhêndhajiwa, dhêndhabaswara, dhêndhapralêbda, dhêndha ulapsimparan, dhêndhaprangwara, dhêndhapratandha.
dhêndhêm :
kn. ak êndhêm-êndhêman.
(dhêndhêng) :
n-[x] kn 1 êngg. ngêndhêng (katon dawa tmr. mega, mêndhung, wong akèh); 2 bêbarêngan akèh bangêt; 3 êngg. suwe bangêt sarta mbanjur bae (ora lèrèn-lèrèn); 4 êngg. ora gampang diêrèh (dielikake, dituturi, diundang lsp).
(dhêndhês) :
n-[x] pc 1 gêmlontor; 2 êngg. enak (mirasa, bêcik) bangêt.
(dhêndhi) :
n-[x] pc tansah ngglêjêg bae.
dhêndhongan :
êngg. pc ura-ura tanpa têtêmbungan.
dhêng :
pc pêpindhan swaraning bêdhug lsp; sadina [x] êngg.: sadina dhêg (muput).
(dhêngak) :
n-[x] pc ndhangak; di-[x]-ake: 1 dijongkèng êndhase; 2 pc. dicungulake (kasalahaning liyan).
dhêngal-dhêngil :
pc.bola-bali mênthungul.
(dhêngal) :
n-[x] kn ngadêg mêthungul (njêngat).
(dhêngat, dhêngit) :
n-[x] pc njêngat.
(dhêngèk) :
n-[x] pc ndhêngak, njèngkèk.
(dhêngèl) :
n-[x] pc ndhêngal.
(dhêngèngèk) :
n-[x] pc ndhêngèngèk, njêngèngèk.
dhêngên :
kn. ak ar lêlêmbut kang nganakake lêlara; [x] balung: saèm. lara encok nganggo ndhrodhog; [x] panas: lara panas nganggo kêjêng.
dhêngêr :
êngg. pc 1 krungu; 2 wêruh.
dhênggar :
êngg. pc njênggar.
dhêngglêng, dhêngglong :
pc gêndhêng, bodho bangêt.
dhênggul :
kn. ak jêjênggul.
dhênggung :
kn 1 ak. jêjênggul, kang dadi pangarêp; 2 watu (pangarêp) kang dilembat-lembat ing dolanan gulaganthi; kêtiban [x]: 1 kêpênêr tampa dhênggung (ing dolanan gulaganthi); 2 pc. tampa giliran, didakwa, diunyêri.
dhênggungan :
êngg. kn ora ajêg, ngot-ngotan.
(dhênggruk) :
n-[x] êngg. kn njênggruk.
(dhêngil) :
n-[x] pc ndhêngèl (tmr. barang cilik).
dêngis :
mak [x] pc dumadakan mêncungul.
(dhêngit) :
n-[x] pc njêngit.
dhêngkak :
I kn 1 gulune cêndhak dhadhane

--- 107 ---

(dhêngkèk) ~ dhil

mungal (bucu ingarêp); 2 êngg. ks. wis tuwa (ora kanggo ing gawe). II êngg. kn: 1 budhêg; 2 ora cumêngkling tmr. swaraning dhuwit, gamêlan lsp.
(dhêngkèk) :
n-[x] kn. ak dhadhane kêladuk mungal.
dhêngkèt :
êngg. pc gathuk arakêt, krakêt.
dhêngkêk :
êngg. kn budhêg.
dhêngkêt :
êngg. pc gathuk arakêt, krakêt.
(dhêngklak) :
n-[x] êngg. kn mbêngkuk mêmburi tmr. gêgêr; tuwa [x] êngg. ks: tuwa bangêt; ke-[x]: kêtêkuk gêgêre.
dhêngklak-dhêngklik :
kn bisa nywara klak-klik (nêkuk-nêkuk) tmr. athik-athikan (marga kuru lsp).
dhêngklak-dhêngkluk :
pc ndhingklak-ndhingkluk.
(dhêngklang) :
n-[x] kn mlêngkung sikute mlêbu (tmr. tangan).
dhêngklèh-dhêngklèh :
kn dhèngklèh-dhèngklèh.
dhêngklik-dhêngklik :
kn dhêngklak-dhêngklik.
dhêngkling :
kn pincang; n-[x] êngg. ndhêngklang; di-[x] êngg. didhêgling sikile.
(dhêngkluk) :
n-[x] pc ndhingkluk.
(dhêngklok) :
n-[x] pc ndhingkluk.
dhêngklong :
êngg. kn pincang, dhêngkling.
dhêngkul :
kn. jêngku ki ros-rosaning sikil antarane pupu karo kempol (kang kaprênah ngarêp); atine landhêp [x] ks: kêthul bangêt (bodho); ngikêt-ikêti (nasabi, ngopyahi) [x] pr: mikolèhake sanak sadulure (mitrane); kêndhangan [x] pc: mung kari sênêng-sênêng (ngenak-enak); [x] ikêt-ikêtan ks: wong sing pancèn ora cakêp didadèkake priyayi (mung marga kêcêdhak karo dhêdhuwuran); 2 tanpa guna, sêpele; di-[x]: disodhok ing dhêngkul.
dhênglêng :
pc dhêglêng, dhêngglêng.
(dhêp) :
di-[x] (-i, -ake) pc diadhêp(-i, -ake).
dhêpa :
kn sadawaning tangan kajêpapangake (± 1.70 m); didhêpani: diukur nganggo dhêpa; (njêbabah) ndhêpani bumi (lêmah, bantala, pratala) br: (njêbabah) mêngkurêb tangane njêpapang.
(dhêpaplang) :
n-[x] êngg. pc njêpapang.
dhêp-dhêpan :
pc apa-apa kang diadhêp.
(dhêpèpèl) :
n-[x] kn linggih tumèmpèl.
(dhêpèpès) :
n-[x] pc linggih ndhêpès.
dhêpès :
kn pèsèk (tmr. irung); n-[x]: linggih mèpèt sêmu ndhêlik.
(dhêpis) :
n-[x] kn ndhêpès.
(dhêplok) :
di-[x] kn dilêmbutake sarana digêcêk ing gandhik (alu).
dhêpus, dhêbus :
êngg. pc (lênga [x]) lênga patra.
(dhêpok) :
di-[x] êngg. kn digêpok.
(dhêrak) :
n-[x] êngg. kn padha nggrombol akèh bangêt (saèm, jirap).
(dhêrdhêg) :
n-[x] pc ndhrêdhêg.
(dhêrêk) :
n-[x] êngg. kn ndhêrak.
dhêrik :
êngg. kn ara-ara ing pagunungan.
(dhêrum) :
n-[x] êngg. kn njêrum.
(dhêrok) :
n-[x] êngg. pc linggih mbêgogok (ora tumandhang apa-apa).
(dhêsak) :
n-[x] êngg. kn ndhêsêk.
dhêsak-dhêsok :
êngg. pc padha pesok (dhêkok).
(dhêsêk) :
di-[x] kn diêsuk, diêsur; di-[x]-ake: disodhokake maju; kc. dhosok.
(dhêsêl) :
n-[x] kn mlêbu ngêsuk (nlusup); kc. drêsêl.
(dhêsuk) :
di-[x] pc didhêsêk, disuk.
dhêsok :
êngg. kn pesok, dhêkok, lêgok.
dhêstrik :
pc dhistrik.
dhêstha :
kn. ak ar. mangsa kang kaping sawêlas (19 April-12 Mei).
dhêsthar :
ki ikêt.
dhêsthi :
kw 1 ak. piala; 2 (ut. guna [x]) sarat-sarat kanggo nggunani (ngguna-gawe).
dhêt :
kn 1 obahing kêkêtêg; 2 (mak-[x]) katêranganing ndhêdhêt (narik); di-[x] (-[x]) pc: didhêdhêt.
dhi :
pc adhi (kanggo panyêluk).
dhi-ajêng :
pc adhi-ajêng (panyêluk marang adhi wadon tmr. para luhur).
dhidhal :
kn nglinyam (sèsèt) kulite.
dhidhèh, dhidhih :
êngg. kn sarèn (gêtih kewan bêlèhan).
dhidhik :
I sa-[x] kw. ak sêthithik. II di-[x] (M) kn: 1 digula-wênthah; 2 pc. dimêmanuh, dikulinakake.
dhidhil :
wis [x] pc wis kalong, wis suda (utange).
dhidhis :
kn linggih karo nlusur rambut (wulu, kathok lsp) digolèki tumane; di-[x]: diltusur-tlusur digolèki tumane.
dhidhong :
(Walanda [x]) kn. ak wong Jêrman.
dhigul :
di-[x]-ake pc dibuwang mênyang ing Dhigul (Papuwah).
dhihik, dhihin :
kn. ak 1 biyèn; 2 dhisik; kc. dhingin.
dhiyêm :
êngg. pc mênêng.
dhik :
I êngg. pc adhik; kc. dhi; dhèk. II (ut. [x]-an, [x]-e) pc. satêmêne, nyata têmênan (kanggo mbangêtake), up. ora [x], iya [x]; kc. dhing. III (ndhik) êngg. pc: ing. IV (S) kw: têmbung pamisuh mratelakake ora sênêng. V [x]-e, [x]-ku, [x]-mu êngg. pc: dhuwèk (-e, -ku, mu); kc. dhèk.
dhikara :
(S) kw. ak panyampah, pisrêngên.
dhik-e, dhikne :
êngg. pc dhèwèke.
(dhikêp) :
di-[x] êngg.kn didhêkêp.
(dhikêr) :
n-[x] êngg. kn mantêp bangêt.
dhikih :
kn. ak: cilik (tmr. wit wowohan), kb. dhakah.
dhikik, dhikin :
êngg. n dhisik.
dhikir :
(A) kn: sêmbahyang sarana ngucapake sahadat (nyêbut asmaning Alllah lsp) mawali-wali (nganggo diwilangi ing têsbèh); di-[x]-ake: disêmbahyangake sarana dhikir; [x]-an: padha dhikir bêbarêngan (nyêmbahyangake wong mati lsp).
dhikut :
êngg. kn ribut ênggone tumandang ing gawe, rikat sêmu kêsusu (ênggone mlaku).
dhiktat :
(W) kn layang cathêtaning piwulang.
dhiktator :
(W) kn wong kang nyêkêl paprentahan (praja) kang kuwasane sasat tanpa watês.
dhikte :
(W) kn piwulang nglêlantih nulis kang bênêr sarana nulis apa sing diucapake ing guru; di-[x]: dikon nulis kaya apa sing diucapake.
dhil :
I kn katêranganing apa-apa sing dicopot.

--- 108 ---

dhilêng ~ (dhudhuh)

II (W) kn: perangane (crita ing gambar sorot, jilidan buku). III (ndhil) êngg. kn: bribil (1/2 sèn).
dhilêng :
êngg kn cacad matane.
dhilman :
(W) êngg. kn kreta arodha loro, dhokar.
(dhiluk) :
n-[x] êngg. pc ndhingkluk, tumungkul.
dhimas :
wc adhimas (panyêbut marang adhi).
dhimik, dhimin :
êngg. n dhisik.
dhimik-dhimik :
kn mlaku jangkahe ciyut.
dhimpil :
kn 1 sênthongan ing èmpèr; 2 êngg. siwil; n-[x] êngg: ndhèmpèl, dhumpil.
dhin :
êngg. pc 1 kawajiban nindakake pagawean; 2 pagawean sing wajib ditindakake; 3 giliran nindakake pagawean (tungguk lsp); kc. dhine, dhinês, dhis.
(dhindhal) :
di-[x] êngg. kn (omahe, panggone lsp) diêdol marga kêkurangan dhuwit ut. dianggo nyaur utang kc. didhal.
dhindhing :
êngg. kn aling-aling, gêdhèg, wrana.
dhine :
I êngg. pc dhinêse, pancène; kc. dhin. II (W) kn: (pista) mangan ing wayah sore.
dhinês :
(W) kn 1 kang gêgayutan karo pakaryan nêgara, up. layang [x]; suwene ênggone ngawula marang nêgara (maskape lsp), wis [x] 6 taun; 3 miturut pranatan sing didhawuhake, up. ngaggo sandhangan [x]; 4 nindakake apa-apa nêtêpi kawajibane (atas dhawuhing nêgara); 5 kagungane nêgara, up. sêkolahan [x]; 6 êngg. pc. pêrlu, wigati, ora sêmbranan; dhinêse êngg. pc. pancène, yèn miturut pranatane.
dhing :
I pc sing. II pc: 1 satêmêne, nyata yèn, up. iya [x], ora [x]; 2 kanggo ngantêpake surasane wêwadul lsp, up. gilo [x] Siman nakal!
dhinga :
kc dhènga.
dhingan :
êngg. kn jêrnèh.
dhingdhing :
êngg. kn dhindhing.
dhingik, dhingin :
êngg.n dhisik.
dhingkal-dhingkul :
kn bola-bali tumungkul (ndhingkul).
dhingkêl :
I kn watu (bata lsp) ditata nggronggong dianggo kêrên; n-[x] pc. ndhuwêl ana ing omah bae. II kn: ar. lêlaraning pitik (sanalika kaku banjur mati).
dhingklang :
êngg. kn mlaku pincang; pc. kêdhingklangan.
dhingklik :
kn blablag pêsagi nganggo sikilan (piranti linggih).
(ndhingkluk) :
n-[x] kn tumungkul ndhungkluk.
dhingkul :
I êngg. kn 1 lara kaku; 2 dhingkêl (laraning pitik). II n-[x] êngg. kn: ndhingkluk.
(dhingkruk) :
n-[x] êngg kn ndhingkluk.
(dhingkrung) :
n-[x] êngg. kn 1 ndhingkluk; 2 njingkrung.
dhipan :
(W) kn bngs kanthil (dianggo turu lsp).
dhipêt :
êngg. kn rapêt bangêt, mêrêm rapêt.
dhipik, dhipin, dhipit :
êngg. pc dhisik.
dhiplikat :
(W) kn layang rangkêpan (turunan).
dhiploma :
(-h) (W) kn layang pratandha (tamat sêkolah lsp).
dhipo :
pc dhepo.
dhir :
êngg. kn kênèkêr; [x]-[x]-an: dolanan kênèkêran.
dhirèksi :
(W) kn pagawean lsp kang gêgayutan karo kawajibaning dhirèktur.
dhirèktur :
(W) kn kêpala (pangrèh)ing pamulangan, dhepartêmèn lsp.
dhiri :
I kn angkuh, suthik kasoran karo sapêpadhane. II [x] pribadi kw: awake dhewe; man-[x]: ngadêg, madêg.
dhis :
kn dadi saradhadhu, up. mlêbu [x], amèk [x]; 2 dhinês (suwene ênggone ngawula, kontrak lsp); 3 (ut. wis [x], êntèk [x]-e) wis rampung (êntèk) wangênane ênggone kudu nyambut-gawe (kontrak, dikunjara lsp); [x]-e êngg. pc: pancènane; kc. dhin, dhinês.
dhisik :
n. rumiyin k 1 (ditandangi, digarap, dilakoni lsp) ngluwihi tinimbang liyane, up. lèrèn [x] bae, mênyang [x]; 2 (ut. [x]-e) kawitane, wiwitan; 3 êngg. biyèn; di-[x]-i: 1 dilancangi; 2 wis dilakoni (ditandangi lsp) dhisik; di-[x]-ake: dikon mlaku (dikirimake, ditindakake, digarap) dhisik.
dhisin :
êngg. kn jisim.
dhisit :
êngg. n dhisik.
dhistrik :
(ut. ka-[x]-an) (W) kn 1 wêwêngkon kang diêrèh ing wêdana; 2 omahe wêdana.
dhit :
pc dhuwit.
Dhit, Dhitslan :
kn Jerman.
dhito :
(W) êngg. kn padha, kaya kang kasêbut.
(dhithing) :
n-[x] pc ndhèthèng.
dhiwut :
(ut. [x]- [x]) kn mawa rambut (wulu) pating jêbrig.
dhuble :
(W) kn dhoble.
dhudha :
kn wong (lanang) sing wis ora duwe bojo.
dhudha bangsong :
kn. ak dhudha wis tuwa mlarat tur sugih anak.
dhudha bantat :
kn bngs. jingklong.
dhudha bocah :
n. dhudha lare k. ak jêjaka sing ditinggal mati pacangane.
(dhudhah) :
di-[x] kn 1 dibukak sarta dijupuki isine (tmr. buntêlan, pêthi lsp); 2 dijupuki diwêtokake (tmr. suwakan, simpênan, kuburan lsp).
dhudhak :
kn ula bêdhudhak.
dhudha kalung :
kn. ak dhudha sing wis duwe anak wadon sing bisa ngingoni.
dhudha kawuk :
ks dhudha wis tuwa.
dhudha kêmbang :
kn dhudha kang isih ênom (durung duwe anak).
dhudhan :
cangkir [x] kn cangkir sing wis ora ana lèpèke.
dhudha ngasag, dhudha wangkot :
kn ar. pari.
(dhudhat, dhudhèt) :
di-[x] êngg. kn disuwèk (diudhèt-udhèt) diwêtokake isine.
dhudha calak :
kn. ak wong lanang sing purik.
(dhudhuh) :
di-[x] êngg. kn dirombak (tmr. damèn-damèn lsp. ing sawah) arêp diganti ditanduri pala-wija.

--- 109 ---

dhudhuk ~ (dhungsak)

dhudhuk :
I di-[x] kn 1 dikêdhuk (tmr. lêmah); 2 dikêdhuki didhudhah isine; 3 ent. nyungulake prakara sing wis lawas (wis lali); [x]-an: apa-apa sing didhudhuk, olèh-olèhane ndhudhuk, jugangan. II êngg. pc: [x] prèi pc: pacangan nanging wis kaya bêbojoan (tmr. bngs Eropah); wis [x] bojo pc: wis bêbojoan kalawan absah; [x]-e pêrkara pc: lungguhe prakara; angin [x] pc: mangsuk angin sing nganti suwe; lampu (diyan) [x]: diyan sing nganggo sikilan.
dhudhuk lumpur :
kn. ak dhuwit saka wong cilik (ing padesan) minangka gêgêntining pakaryan aradan.
(dhudhul) :
n-[x] êngg. kn ndlêdêg, mbrubul.
dhudhut :
jk padha cuwil-cuwil.
dhug :
mak [x] kn pêpindhan swaraning meja kêthuthuk lsp.
dhugal :
I kn ar. lêlara ing wêtêng mbanggal atos. II n-[x] kn: kurang ajar, ugal-ugalan.
dhugdhag :
kn. ak dhugdhèng.
dhugdhèng :
kn (wong [x]) wong kang kêdhot (patohan).
(dhugdhug) :
di-[x]-ake pc digêdhug-gêdhugake.
dhugêl :
êngg. kn bugêl.
dhugulan :
êngg. pc ora mênganggo; kc. bêdhugul.
dhuh :
kn 1 têmbung sabawa nelakake lara, ngêsah, sêdhih lsp; 2 br. sabawa kanggo srana amrih nggatèkake.
dhuhak :
jk suwèk, bêdhah.
dhuhun :
jk 1 dhisik; 2 biyèn.
dhuhung :
jk kêris; kc. dhuwung.
dhuhur :
kw dhuwur, luhur.
dhuyung :
kn bngs. iwak lodan; lênga [x]: lênga asal saka gajihe iwak dhuyung (dianggo nggunani wong, mèrêk lsp).
dhuk :
I di-[x] êngg. pc didhudhuk, dikêdhuk. II di-[x]-ake pc: diudhunake. III (ndhuk) pc: gêndhuk.
dhukan :
jk sêlir, gundhik.
(dhudhuk) :
di-ndhudhuki pc diêndhuk-êndhuki.
(dhukil, dhukir) :
di-[x] êngg. kn: didhungkar, didhongkèl.
dhuku :
kn ar. wit sarta wohe (bngs. pijêtan).
dhukuh :
I n. dhêkah k desa cilik (kêbawah ing kalurahan desa liyane); dhêdhukuh: gawe dhukuh (desa anyar). II êngg. kn: dhuku.
dhukuhan :
êngg. kn pakarangan kang ditanduri witwitan (dipurih wohe).
dhukun :
kn 1 wong kang gawene nênambani (mêthèk lêlakon lsp); 2 ([x] bayi) wong wadon sing ngupa-kara wong duwe anak; 3 [x] pijêt) tukang mijêti (ngurut lsp); kaya [x] kurang tindhih: grayahan; di-[x]-i: ditambani (diupakara) ing dhukun; di-[x]-ake: ditambakake (dijalukake sarat lsp) marang dhukun; kc. mêdhukun.
dhukur :
êngg. kn dhuwur, luhur; kc. ngêndhukur.
dhukut :
êngg. k sukêt.
dhukut kruwut :
kn. ak sakèhing têtanduran sing ana ing pakarangan.
dhul :
I pc: swaraning bêndhe lsp. II (W) pc: 1 gul (ing bal-balan); 2 tujuan, maksud.
dhulang :
kn bngs. lèngsèr kang digawe kayu kawangun bundêr; sangga [x]: wanguning sungu kêbo (pucuke njongat munggah).
dhuma :
(S) kw.ak kukus, kêbul.
dhumatêng :
br marang, mênyang, kc. dhatêng.
dhumbul :
êngg. kn dhumpyuk, jumbuh.
dhumil :
sa-[x] pc sathitik bangêt.
(dhumpak) :
di-[x] êngg. kn didhupak.
dhumpal :
kn têngkêran kayu, dilêgok ing têngahe dianggo sanggan kor'an ut. dianggo bantal.
(dhumpil) :
n-[x] êngg. kn ngindhung, nunut mondhok; ndhêdhumpil, [x]-an: manggon (linggih) sêk-sêkan dening ciyut bangêt papane.
dhumpyuk :
kn gêbyug padha rupane (karêpe, pamilihe) dhompo (kêpindhon ênggone ngetung lsp).
(dhun) :
di-[x]-i (-ake) pc diudhuni (-ake); kc. dhundhunan, udhun.
dhunak :
êngg. kn bngs. tenggok gêdhe wangune pêsagi.
dhundhunan :
kn 1 dalan kang dianggo mêdhun; 2 barang-barang kang diudhunake; kc. udhun.
dhundhung :
kn lêsung kang katabuh dhung (tmr. kothèkan); 2 larasaning kêndhang kang nywara dhung.
dhung :
I pc pêpindhan swaraning kêndhang lsp. II êngg. durung.
dhungdhungprong :
pc swaraning kothèkan.
dhungkah :
kn. ak ngrantang, pating plêkah, bêngkah-bêngkah.
dhungkar :
kn. ak sol, rungkad; di-[x]-(i): ditêgor sarta dikêdhuki oyode (dhangkèle).
(dhungkèl) :
di-[x] êngg. kn disongkèl, didhongkèl.
(dhungkil) :
di-[x] êngg. kn disongkèl, didhongkèl.
(dhungkir) :
di-[x] (-i) êngg. kn didhungkar (-i).
dhungklak :
êngg. kn 1 tunggakan pring (têbu têmbako lsp); 2 bongkok (papah krambil lsp); [x]-an: 1 têgal (sawah) kang isih akèh dhongklake (mêntas ditanduri têmbako ut. têbu); 2 dhuwit saka kabudidayan marang wong desa minangka pituwas dene palêmahane isih akèh dhungklake; kc. dhongklak.
dhungklèh :
kn. ak sèngklèh tmr. pang lsp.
(dhungkluk) :
n-[x] êngg. kn ndhingkluk, tumungkul.
dhungkul :
kn mlêngkung mêngisor mèpèt êndhas (tmr. sungu).
(dhungkrah) :
di-[x] êngg. kn didhudhah lan diabul-abul.
(dhungkruk) :
n-[x] êngg. kn 1 ndhungkluk, ndhingkluk; 2 ngrungkuk.
(dhungu) :
n-[x] êngg krungu.
(dhungsak) :
n-[x] êngg. kn nasak, nlasak.

--- 110 ---

(dhungsal) ~ dhokdhokan

(dhungsal) :
n-[x] êngg. kn ngasag pala kêpêndhêm ing têgal.
(dhungsang) :
ke-[x]- [x]-an kn tansah nandhang sangsara.
(dhungsil) :
di-[x]-i êngg. kn didhungsiri.
(dhungsir) :
di-[x]-i kn dikêruki (ing cèlèng lsp).
(dhupak) :
di-[x] kn dijêjak (lmr. karo linggih ut. têturon).
dhuplak :
kn 1 piranti dianggo nocoh kinang; 2 êngg. lumpang, clowokan (lumpang) ing lêsung.
dhur :
(W) pc 1 (sêpur-[x]) sêpur têrusan tanpa mandhêg; 2 têrus, banjur bae, mbandhang.
dhurit :
êngg. kn bngs. arit.
dhurlup :
(W) kn èmpèr dawa, omah dawa minangka gandhengane omah siji lan sijine.
dhurlopên :
(W) pc tamat pasinaone.
dhus :
(W) kn wadhah kothakan kang digawe dluwang kandêl.
(dhusir) :
di-[x] êngg. kn didhungsir.
dhusun :
k desa.
dhustha :
(S) kw piala, kajuligan; di-[x]: dicolong, diinggatake.
dhusthi :
(S) kw. ak kc. dhustha.
dhucung :
rêbut [x] n. rêbat [x] k (padha mlayu) rêbut dhisik.
dhuwak :
kw suwèk, bêdhah.
dhuwèl :
I pc kc. dhèdhèl-dhuwèl. II (W) kn: kêrêngan padha ijèn (kêstul-kêstulan ut. pêdhang-pêdhangan).
dhuwêl :
kn ar. ula cilik (mandi); n-[x]: (ngringkêl kaya ula dhuwêl) ora lunga-lunga saka ingomah.
dhuwêt :
kn ar. wit sarta wohe.
dhuwik :
êngg. pc dhuwit.
dhuwit :
1 kn. 1/10 wang; n. yatra k. sarananing urup-urupan kang diwujudi ing cithakan têmbaga, slaka lsp; n-[x] pc: mbayar; ora n-[x] pc: lêlahanan (tanpa mbayar); di-[x]-i n. dipun yatrani k: dibayar (rêgane, wragade); mata [x]-ên kn: ngangsa-angsa melik marang dhuwit.
dhuwung :
k kêris.
dhuwur :
n. inggil k 1 dawa tmr. dêdêging barang kang ngadêg (pawakan lsp), up. wit iki [x] tênan; 2 ukuran miturut dawaning dêdêge, up. [x]-e limang kaki; 3 adoh antarane yèn kasawang saka ngisor, up. ênggone mabur [x] bangêt; 4 ent. luhur (tmr. pangkat, gêgayuhan), muluk, unggul (tmr. panêmu, kawruh), lumuh kasor (tmr. wêwatakan); ing [x] n. nginggil(-ipun) k: 1 (ut. sadhuwure n. sanginggilipun k) ngungkuli; 2 tumumpang ing; n-[x]-i br: mêncungul dhuwur, ambêk luhur; di-[x]-i: 1 (di-[x]-ake) diwuwuhi dhuwure; 2 diungkuli; dhêdhuwuran kn: panggêdhe, wong kang luwih dhuwur pangkate.
dhuwuran :
kn (kêmbang [x]) kêmbang borèh kang ditumpangake ing tukon pasar (sajèn).
dhuwok :
êngg. kn 1 bngs. cuwo cilik; 2 cirak.
(dhuwowog) :
n-[x] êngg. kn linggih mbêgogok thênguk-thênguk bae.
dho :
kw. ak loro.
dhobêl :
(W) kn 1 rangkêp (loro ut. luwih); 2 karcis mênyang mulih (tmr. sêpur lsp).
dhobis :
kn wêsi panithikan patrum (bêdhil kuna).
dhoble :
(W) kn mas lapisan.
dhodhal-dhadhil, dhodhal-dhodhèl :
kn. ak tatu pating brocèl.
dhodhèt :
êngg. kn dhudhèt.
dhodhog :
I di-[x]-(i) kn saèm. dijagur (-i) tmr. gêgêr, lawang lsp; n-[x] lawang: 1 njaluk lawang; 2 nakokake arêp nglamar. II êngg. kn: bngs. kêndhang wlulange mung sasisih; layang [x]-an êngg: wanguning layangan bapangan.
(dhodhok) :
n-[x] kn 1 êngg. linggih; 2 linggih (mlaku) kaya patrape wong linggih nanging bokonge ora kambah; di-[x] (-i): 1 dikurmati sarana ndhodhok; 2 êngg. dipondhoki; di-[x]-ake: dikon ndhodhok.
dhodhok acung-acung :
êngg. kn kc. dodok.
(dhodhos) :
n-[x] kn nyrudug nganggo congor (tmr. cèlèng); di-[x] (-i): didhungkiri nganggo congor banjur dipangan (tmr. têtanduran, lmr. cèlèng); kc. dhrodhos.
(dhodhot) :
n-[x] êngg. kn ndhêlik ndhêdhêpi (ndingkik).
dhog :
I kn pêpindhan swaraning nggêdhog meja, ndhodhog lawang lsp. II (têka [x]) êngg. lagi mêntas têka bae. III êngg. kn: benggol (2 ½ sèn). IV (ndhog) pc: êndhog.
dhogjêr :
êngg. kn 1 ora ajêg; 2 rada edan.
dhogjur :
êngg. pc dhogjêr.
dhogdhèng :
pc dhugdhèng.
dhogèr :
kn ar. tontonan barangan (jogèdan).
dhoglag-dhaglig :
kn oyag-ayig (tmr. meja lsp).
dhoglèg-dhoglèg :
kn pêpindhan swaraning grobag lsp.
dhoglèng, dhogling, dhoglong :
pc rada edan, gêndhêng.
dhoglong-dhoglong :
pc gêdhe dhuwur wagu (tmr. pawakan wong wadon).
dhogol :
I êngg. kn 1 durung ana wulune (isih ênom); 2 ngliga (ora klambèn). II ks: palanangan; [x]-an ks: anak.
dhograg, dhogrèg :
êngg.pc 1 oyag-ayig ora kukuh; 2 ora kanggo ing gawe (wis lawas, tuwa).
dhogcur :
êngg. pc dhogjêr, dhogjur.
(dhoyok) :
[x]- [x], n-[x] kn ngadêg (mlaku) mbungkuk nglèyèk.
dhoyong :
(ut. n-[x]) kn 1 ora jêjêg (mayat) tmr. cagak, omah, wit lsp; 2 miring tmr. tulisan.
dhok :
I (ut. ndhok) 1 (ut. dhokan) êngg. pc panggonan sing didunungi (diênggoni); 2 êngg. ing, ana ing; kc. andok, dhokdhokan, kadhokan. II di-[x]-ake pc: 1 disèlèhake, didokokake; 2 ditopake (dianggo nyauri utange).
dhokar :
kn kreta arodha loro (kreta sewan).
dhokdhokan :
êngg. pc panggonan kang didunungi (diênggoni).

--- 111 ---

dhokèr ~ dhot.

dhokèr :
êngg. kn ar. piranti dianggo nyokèri; di-[x]-i: dicokèri, diorak-arik.
dhokkur :
pc ndhodhok mungkur.
dhoklonyo :
êngg. kn bngs. banyu wangi (Eau de Cologne).
dhokur :
êngg. dhuwur.
(dhoko) :
n-[x] kn. ak tiba nglumpruk.
dhokoh :
kn 1 akèh sarta katon enak ênggone mangan; 2 ent. sêngkut tanpa wigah-wigih (ênggone tumandang).
dhokot :
êngg. kn dhokoh.
dhoktêr :
(W) kn 1 (ut. dhoktor) (sêsêbutane) wong kang putus ing sawijining kawruh (wêton pamulangan luhur sarta wis gawe layang pandadaran); 2 wong kang ahli nênambani lêlara (dhêdhasar kawruh); di-[x]-i: diupakara ing dhoktêr; di-[x]-ake: ditambakake marang dhoktêr; [x]-an: papan kanggo ngupakara wong lara.
dhoktêr Jawa :
n. dhoktêr Jawi k wong Jawa kang dadi dhoktêr.
dhoktêr gula :
n. dhoktêr gêndhis k wong kang ahli èlmu pamisah juru nitipriksa (ngadoni) gula ing pabrik gula.
dhoktêr kewan :
kn dhoktêr kang nambani lêlaraning kewan.
dholog :
I kn kayu bulugan (glondhongan) lmr. kayu jati. II n-[x] êngg. kn: wagu, kêsèd, mbêgogok bae.
dhom :
main (kasukan) [x] pc main dhomino.
dhoman-dhoman :
êngg. kn jadhuman.
dhomas :
kw 800.
(dhompèl) :
n-[x] êngg. ndhumpil..
dhompèt :
kn tlêkêman wlulang dianggo wadhah dhuwit.
dhompyok :
kn. ak dhompol; n-[x] pc: ndhèmpèl, ngindhung; dhêdhompyokan: dhêdhompolan.
dhompyong :
I kn ombyokan prabot (piranti) cilik-cilik kang digawe êmas (slaka lsp) digandhulake ing pucuking kacu, rante jam lsp. II bngs, dhuwêt cilik-cilik.
(dhomplèng) :
n-[x] êngg. kn ndhumpil.
dhompo :
kn 1 dhumpyuk, rangkêp kêpindhon (tmr. nam-naman); 2 br. kurang pêtitis (sêtiti).
dhompol :
kn ombyokaning wowohan; n-[x] pc: ndhèmpèl, ndhumpil; (dê)- [x]-an: mangun ombyokan (wowohan lsp).
dhondhang :
êngg. kn jodhang.
dhono :
êngg. kn pêntil jambe.
dhong :
I pc pêpindhan swaraning gêndhong kênthongan. lsp. II kn 1 pc. trêp, pênêr; 2 êngg. pc. lagi kêbênêran, pinuju, up. aku lagi [x] kojur; 3 tampa giliran, up. sapa sing [x] maca; 4 pc. wis mangêrti têmênan, up. aku durung pati [x]; kêtiban [x]: 1 kêtiban giliran; 2 ditêrka; di-[x]-i pc: diiyani bae; kê-[x]-an: kêtiban dhong; kc. dhonge, dhongding.
dhongdhang :
êngg. kn jodhang.
dhongdhangan :
êngg. pc kêbênar-kêbênêr, kala mangsa, ora mêsthi.
dhongdhing :
kn tibaning wanda lêgêna (wulu, suku lsp) ing wêkasaning gatraning têmbang (guru lagu); ora ngêrti [x]-e pc: ora ngêrti marang lungguhing prakara (rêmbug).
dhongdhongan :
êngg. pc kêbênar-kêbênêr, kala mangsa, ora mêsthi.
dhonge :
êngg. pc 1 lagi dhong (kêbênêr ...); 2 bênêre, pancène.
dhongglèng :
I mak [x] pc mak jêngglèng. II kn. ak: rada edan; kc. dhêngglêng.
dhongkah :
kn. ak dhungkah.
dhongkal :
êngg. kn rubuh, sol, rungkad.
(dhongkèl) :
di-[x] kn 1 dikêdhuki sarta disongkèl diwêtokake (watu, oyod, tunggak lsp); 2 pc. ditundhung (tmr. wong ngindhung, mondhok lsp); [x]-an êngg: patêbon sing wis dirêmbang.
(dhongkèr) :
di-[x]-i kn didhungkari.
dhongklak :
êngg. kn tunggakan pring lsp; kc. dhungklak.
dhongklèh :
kn dhèngklèh, sèngklèh.
dhongkloh-dhongkloh :
pc dhèngklèh-dhèngklèh.
(dhongkok) :
n-[x] êngg. kn njongkok, linggih ndhêkung.
dhongkol :
(ut. [x]-an) kn tilas (wis dilèreni saka pangkate) up. lurah [x].
dhongkrah :
I kn piranti dianggo ngêgol montor lsp; di-[x]: diêgol nganggo dhongkrah. II di-[x]-i êngg. kn: didungkrahi.
dhongkrak :
I kn dhongkrah. II n-[x] pc: ndhongkrah.
(dhongkroh) :
kn wanguning sungu kêbo mêmburi pucuke ndhungkluk.
(dhongkrok) :
n-[x] pc linggih mbêgogok (ora tumandhang ing gawe).
(dhongkrong) :
n-[x] pc ndhongkrok.
dhongoh :
kn lêmu wêwêg.
(dhongok) :
n-[x] pc njongok.
(dhongol) :
n-[x] pc mêncungul mêtu; kc. dhêngal, dhêngèl.
(dhongsok) :
di-[x]-ake êngg. kn didhosokake.
dhop :
I (W) kn 1 dobis; 2 bngs. topi. II di-[x]-ake êngg. pc: diurupake, diijolake.
dhopèt :
êngg. kn dhompèt.
(dhopok) :
n-[x] êngg. kn gunêman umuk.
(dhoprok) :
n-[x] pc ndheprok.
dhor :
I mak [x] kn pêpindhan swaraning bêdhil lsp. II (ndhor) pc: wc. mandhor.
dhorèng :
I (ut. [x]- [x]) kn pating glalêr, mawa corèkan (tmr. marmêr, kayu lsp); di-[x]- [x]: dicorèng-corèng, digalêr-galêr. II n-[x]-i (-ake) êngg. kn: nyritani, nyritakake, ngandharake.
dhorit :
êngg. kn bngs. arit.
(dhorong) :
di-[x]-ake êngg. kn dijorogake, dijongorake.
dhos :
êngg. kn watêsan, pas-pasan (balapan lsp).
dhoso :
(ut. n-[x]) kn srogal-srogol ngoso (tmr. gunêman, wangsulan).
(dhosok) :
I di-[x] êngg. kn didokok. II di-[x] (-ake): 1 didhêsuk, didhêsêk 2 disodhokake maju, disurung maju.
(dhosot) :
di-[x] êngg. kn didhêsêk, didhêsuk.
dhot :
kn pêpindhan swaraning slomprèt

--- 112 ---

dhocang ~ ejaan

montor; 2 slomprèt montor (tutêr); 3 piranti dianggo ngombèni bayi digawe karèt)
dhocang :
kn parudan krambil dicampur kêdhêle.
dhocèng :
pc ora ajêg (tmr. pagawean lsp).
dhocêng :
pc kêndho kêncêng (ora ajêg ênggone mlaku, nyambut gawe lsp).
(dhothong) :
di-[x]-[x] kn diothong-othong (digawa dhewe).
(dhothor) :
n-[x] pc ndhongkrok kêsèd.
dhowah-dhowah :
êngg. kn mênga amba bangêt (tmr. tatu lsp); n-[x] ks: nangis.
dhowak-dhowak :
pc dhowah-dhowah.
dhowan :
tawon [x] kn tawon gula.
dhowang :
êngg. kc ngêmungkake, mligi.
dhowèk-dhowèk :
pc dhowak-dhowak.
dhowèl-dhowèl :
kn padha dhèdhèl (tatu, sèsèt lsp) akèh.
(dhradhag) :
n-[x] kn. ak bêdhah, (bêngkah) amba.
dhradhasan :
kn mlayu rikat (wêdi yèn sêlak konangan lsp).
dhradhatan :
kn.ak kagèt dhêg-dhêgan, trataban.
dhradhil :
pating [x] kn. ak pating bradhil.
dhrakalan :
kn ngadêg banjur mlayu gita-gita (gurawalan).
(dhrandhang) :
n-[x] kn swaraning bêdhug nggêjêg; bêdhug n-[x]: jam rolas awan (mangsane bêdhug muni).
dhrastha :
(S) kw. ak siyung.
dhrawul :
patung[3] [x] kn ora tata (alus); kc: dhawul.
(dhrèkèl) :
[x]- [x], [x]-an êngg. pc: (mènèk) kêthèkèlan).
dhrèndhèngan :
kn swaraning tambur.
dhrèngkol :
pating [x] kn ora lêncêng tmr. pang lsp; kc. dhèngkol.
(dhrêdhêg) :
n-[x] kn obah gêtêr (tmr. awak).
(dhrêdhêt) :
n-[x] kn obah gêtêr (tmr. tali lsp. sing didhêdhêt).
dhrêmplah :
pating [x] kn. ak pating sêmplah.
(dhrêsêl) :
n-[x] kn mlêbu, (nlusup) ndhêsêl.
dhrêstha :
kw. ak siyung.
(dhridhil) :
n-[x] kn tanpa kêndhat (wêtune sêsambate lsp).
(dhridhis) :
n-[x] kn tansah njêjaluk, ndrêmis.
(dhridhit) :
n-[x] êngg. kn ndhridhil.
(dhrindhil) :
n-[x] kn tanpa kêdhat, ndhridhil.
(dhrudhul) :
n-[x] kn mêtu brol-brolan tanpa kêndhat.
(dhrudhus) :
n-[x], [x]-an kn blusukan mlêbu ingêndi-êndi.
(dhrudhut) :
n-[x] êngg. kn ndhrudhul.
(dhrusul) :
n-[x] kn mlêbu (nlusup) ndhrêsêl.
(dhrodhog) :
n-[x] kn ndhrêdhêg bantêr (wèl-wèlan).
(dhrodhos) :
[x]-an kn dhrudhusan, ndhrudhus.
dhwa :
jk loro; kc. dho.
dhwani :
(S) kw. ak swara.
dhwasta :
(S) kw. ak rusak, lêbur.
dhyaksa :
(S) jk pintêr, wêgig.
dhyam :
(S) jk mênêng.

 


dadi ala amarga ... . (kembali)
(luwês). (kembali)
pating. (kembali)