Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

S

sa :
kn. (atêr-atêr kang atêgês) 1 siji (tmr. ukuran, wêktu, dhuwit lsp); 2 tunggal ut. bêbarêngan, up. wong saomah; 3 (gêdhene, dawane, lsp.) padha karo, up: gêdhene sagajah: 4 kabèh, sakabèhe, up. saanane bae; 5 karo, dalah, up. saanak-bojone; 6 ing nalika, barêng wis, up: sapatine si Suta, satêkane ing Sala; 7 dumunung ing (tmr. papan, arah( up. sakiwane; 8 sabên, up. sadinane tampa rong rupiyah; 9 waton, anggêr, up. sabisane bae; 10 nganti, têkan ing, muput, up. salawase urip, jêrone sadhêngkul.
saambrah :
pc. akèh bangêt sarta ora tata.
saandhap :
k. sangisor; (ing) Saandhap Sampeyan Dalêm: kanggo sêsêbutane panjênêngane nata.
saandhene :
êngg. saupama, mênawa.
saantrah-antrahe :
êngg. sasolah tingkahe.
saat :
(A) kn. wêktu kang prayoga tmr. ngijabake lsp; kc. sangat.
sab :
êngg. pc. jalaran; kc. sabab, sap.
saba :
I (ut. sêsaba) kn. 1 lunga mrana-mrana golèk pangan tmr. kewan; 2 kêrêp têka ana ing; di-[x](ni): kêrêp ditêkani (diparani); saban, pasaban: papan sing kêrêp ditêkani (disaba). II (S) kw. ak: 1 pasamuan, paseban; 2 plataran, alun-alun.
sabab :
kn. 1 kang dadi jalarane; 2 awit, jalaran; [x] (dene) apa: kapriye jalarane, yagene; [x] dene: jalaran, amarga saka; [x] iku ak: mulane; di-[x]: ditakoni sababe, dianggo jalaran; di-[x]-ake: 1 dianggêp dadi sabab (jalarane); 2 dianakake marga saka.
sababag :
kn. padha têtandhingane; kc. babag.
sabaene :
n. sabaenipun k: (dudu [x]) ora lumrah; kc. bae.
sabaya :
(S) kw. ak. wêdi, kagèt.
sabaya-pati :
n. sabaya-pêjah k. sarujuk tumêka ing pati.
sabak :
kn. ar. watu warnane klawu digawe grip lsp, watu panulisan.
saban :
I (ut. pasaban) kn. papan sing kêrêp disaba; kc. saba. II kn: sabên. III (A) kn: sasi Ruwah.
sabar :
(A) kn. 1 sarèh ênggone nandhang, ngarêp-arêp lsp; 2 ora cêpak nêpsune; di-[x]-i, di-[x]-ake: disarèhake, ditahan kalawan sabar; ora-[x]-an: cêpak nêpsune.
sabar-drana :
kn. sabar.
sabat :
I kn. murid; kc. sakabat. II kn. ak: dina Sabtu.
sabawa :
kn. swara, uni.
sabda :
(S) kw. swara, gunêm, têtêmbungan; ina [x] pr. kelangan ora sêsaid; kaluhuran [x]: wis kalah padune; mêdhar [x] br: sêsorah; nabda, manabda: clathu; di-[x]: didadèkake apa-apa srana kuwasaning têtêmbungan; disabdani, disabdakake: disotake.
sabe :
ora [x] êngg. ora tahan, ora sae.
sabêg :
êngg. k. warêg.
sabên :
kn. 1 siji-sijine, anggêr, up. [x] wong; 2 ing dalêm sa- ... up. [x] dina, [x] minggu; 3 (adat [x], [x]-e) sing wis

--- 537 ---

sabêt ~ sadhêg.

kêrêp tumindak, sing lumrah; [x]-[x]: kêrêp.
sabêt :
1 kn. gitik dawa sarta lêmês; 2 ki. pêdhang; nyabêt: 1 nggitik nganggo sabêt; 2 ki. mêdhang; 3 pc. nibakake kêrtu (ing nalika main); 4 pc. mrabot, sarwa pêpak uba-rampene; [x]-an: 1 gênti nyabêt; 2 patraping dhalang nglakokake wayang.
sabêt-sapon :
kn. ak. 1 pakarangan; 2 tangga.
sabil :
(A) kn. 1 (pêrang [x]) pêrang karana nglabuhi agama (mungsuh wong kapir); 2 nyandhêt hawa napsu; mati [x]: 1 mati marga nglabuhi agama; 2 mati duwe anak; di-[x]-i: dilawan tmr. piala.
sabilullah :
(A) kn. (dalaning Allah) karana karsaning Allah.
sabin :
k. sawah.
sabit :
(A) kn. ora owah gingsir.
sablug :
dandang [x]-(an) kn. bngs. dandang sing digawe blèg; kc. sambogên.
sabuk :
I kn. paningsêt ki: apa-apa sing diubêdake ing bangkekan minangka têtalining bêbêd lsp; di-[x]-i: diubêdi (disingsêti) ing sabuk; [x]-an: 1 nganggo sabuk; 2 apa-apa sing saèmpêr sabuk. II kn: takêran bêras = 5 kati.
sabuk èpèk :
êngg. kn. sêtagèn.
sabuk cotha :
- wala kn. bêbêdan jarite sing saparo dianggo sabuk.
sabun :
kn. 1 kênthêlan campuraning bngs. gajih (lênga) karo bngs. landha dianggo ngrêsikake kumbahan lsp; 2 ar. panganan sing digawe gêdhang lsp; di-[x]: dirêsiki nganggo sabun.
sabran, sabrèn :
êngg. kn. 1 sabên; 2 sabên-sabên (kêrêp).
sabrang :
I kn. 1 têpining kali (sêgara) ing sisih kana; 2 (tanah [x]) tanah-tanah sajabane sêgara (sajabane tanah Jawa); bangsa (wong) [x]: wong ngamanca (asal saka sajabane tanah Jawa); godhong [x] godhong lombok (yèn pinuju dianggo têtamba); nyabrang: 1 ngambah (nasak) banyu; 2 mênyang ing sabrang; di-[x]-i: diambah (disasak) tmr. kali banyu lsp; di-[x]-ake: 1 digawa nyabrang; 2 dipraokake; [x]-an: papan kang disabrangi dianggo nambangake. II êngg. kn: bngs. kêtela; [x] gabus: kêtela kaspe. III êngg. kn: lombok.
sabruk :
êngg. pc. kathok kanggone yèn pinuju turu.
sabsab :
kw. ak. maling.
sabtu :
(A) kn. dina kang kapitu; kc. Sêtu.
sachabat :
(A) kn. ak. murid.
sad :
(S) kw. nêm.
sada :
I kn. balunganing blarak; [x] lanang: sada ut. sabêt sing dianggêp duwe kasiyat. II êngg. kn: rada.
sadaya :
k. kabèh.
sadak :
kn. conthongan suruh ing jêrone ana ênjête; [x] gêlung; bngs. susuk kondhe.
sadana :
(S) kw. sarana, dhuwit, bandha.
sadara :
(S) kw. ak. urmat, andhap-asor, sumèh, sumanak.
sadarga :
kw. panyana, kira-kira.
sadariyah :
kn. ar. sandhangane wong lanang Arab.
sadarum :
kw. kabèh.
sadarpa :
kw. kc. darpa.
sadasa :
k. sapuluh.
sadat :
pc. tandhaning pangandêl; di-[x]-ake: dikon ngucap sadat; kc. sahadat.
sade :
k. 1 dodol; 2 adol.
sadi :
I êngg. saka, sangka. II êngg. pc: rada.
sadu :
I (ut. sêdadu) kw: gunêman marang; disadoni êngg: 1 diwangsuli; 2 diaruh-aruhi kalawan manis. II (S) kw: 1 utama bangêt; 2 wong suci.
sadulur :
n. sadhèrèk k. 1 sanak (tunggal sing nurunake); 2 kang tunggal wong tuwa (bapa biyung); 3 ak. ari-ari, kawah lsp; 4 (ut. [x]-an) mitra, kanca; [x] asu ks: sadulur tunggal biyung; di-[x]-ake: dianggêp (didadèkake) sadulur; [x]-an: 1 sêsrawungane kaya sacaraning sadulur; 2 sanakan, mêmitran.
sadur :
I kn. kc. sadhur. II êngg. kn: 1 ganjêl; 2 banjêl, sêsulih.
sadpada :
(S) kw. (asikil nênêm) tawon.
sadrah :
ora [x] ing angin kw. ora mantra-mantra (sathithik bangêt).
sadran :
êngg. kn. Ruwah (Saban); nyadran ([x]-an): slamêtan ing sasi Ruwah nylamêti para lêluwur (kang lumrah ana ing kuburan ut. papan sing kramat ngiras rêrêsik tuwin ngirim kêmbang).
sadrêsa :
(S) kw. ak. padha, cocog, patut.
sadya :
(S) kw. ak. sêdya.
sajak :
kn. 1 êngg. pantês, mungguh; 2 cengkok, solahbawa; 3 sêmu, sêmu-sêmune, katone kaya.
sajarah :
kn. kc. sêjarah, sujarah.
sajèn :
(ut. sêsajèn) kn. kêmbang, panganan lsp. kang disajèkake marang lêlêmbut; kc. saji.
sajêg :
(-jumblêg) kn. salawase urip.
sajêng :
êngg. kn. 1 lêgèn sing digodhog; 2 tuwak, bêrêm.
saji, sêsaji :
kn. sêsaos, cêcaos ki. êngg. cêcawis, tata-tata pangan lsp; sumaji br: cumawis, wis disadhiyakake; disajèni: dicawisi kêmbang, panganan lsp. (tmr. lêlêmbut lsp); disajèkake (diosake[1] ki): (panganan lsp) dicawisake marang dhayoh ut.lêlêmbut.
sajiwa :
kw. sacumbana.
sajuga :
kw. siji.
sadha :
kn. mangsa karolas (Mei-Juni).
sadhana :
kw. ak. kc. sadana.
sadhang :
I kn. ar. wit bngs. palêm. II di-[x]-i kn: dicadhangi, diadhangi.
sadhela :
n. sakêdhap k. ora suwe.
sadhèng :
êngg. kn. sadhang.
sadhepah :
êngg. kn. pawakan gêdhe dhadhane jêmbar.
sadhengah, sadhengaha, sadhengahaneya :
kn. apa (sapa) bae ora nganggo pilih-pilih; kc. dhenga.
sadhêg :
(ut. [x]-an) kn. 1 êngg. uwur têmbako (rokok); 2 bubukan jamu; kc. sêdhêg.

--- 538 ---

sadhêgan ~ saya.

sadhêgan :
êngg. ki. janggut.
sadhêl :
(W) kn. lapak (ing pit).
sadhèrèk :
k. sadulur.
sadhiya :
kn. wis cumawis, wis cumêpak; disadhiyani: dicêpaki, dicawisi.
(sadhu) :
di-[x] êngg. kn. ditanduri pari (ing mangsa katiga); sadhoan, sadhon êngg: tanduran pari ing mangsa katiga.
sadhuk :
I di-[x] êngg. kn. diantêm wêtênge, dikêbuk; kc. cadhuk. II (W) pc: kacu, sap-tangan.
sadhur :
di-[x] kn. didus ing slaka, mas lsp.
sadho :
êngg. kn. bngs. kreta arodha loro.
sae :
I kn. ora duwe rikuh (isin); saèn ora isinan. II k.: bêcik.
saeka-kapti, saeka-praya :
kw. sarujuk, golong pikir.
saekong :
êngg. kn. bngs. pohung.
saemba, saèmpêr :
kn. mèmpêr, kaya.
(saèng) :
di-[x]-[x] kn. digawe beda-beda.
saèngan :
êngg. kn. bêbarêngan, lêlayaran.
saengga :
êngg. kn. 1 nganti, kongsi; 2 kaya, saèmpêr; 3 (ut. saenggane) saupama.
saengkrah-engkrahe, saentrah-entrahe :
êngg. pc. saparipolahe, satindak-tanduke.
saèngkrègan :
pc. mung sadhela bangêt.
saesuk :
êngg. sesuk.
saèstu :
k. 1 sida; 2 nyata.
saelah, sak-êlah :
pc: yèn diparêngake ing Allah; kc. in sa'Allah.
saêmbrah :
pc. kc. saambrah.
saga :
kn. ([x] blêndhung, [x] têlik, [x] mas) ar. woh cilik-cilik atos warnane abang (sok dianggo ukuran timbangan mas).
sagah :
k. saguh.
sagala :
kw. ak. kabèh.
sagantên :
k. sagara.
sagara :
n. sagantên k. kêndhonganing banyu asin sing jêmbar bangêt nasabi saperanganing bumi; [x] wêdhi: palêmahan jêmbar mung awujud wêdhi: [x] muncar: suwêng jêmblokan mênirane ditrètès intên; budi [x] br: sugih pangapura, awatak momot; jêmbar sagarane: sabar, sugih pangapura; rupak sagarane: ora sabar, nêpson; uyah kêcêmplung [x] (nguyahi [x]) pr: wèwèh marang wong sugih; kêbanjiran [x] madu pr: olèh kabêgjan (sih, pangalêmbana) sing kêluwih-luwih; disagarani: disabari, diwêngku kalawan pangapura.
sagêbyagan, sagêbragan, sagêdhakan iki :
pc. ing wêktu iki.
sagêd :
k. bisa.
sagêlar sapapan :
kn. wis miranti sarta sumadhiya.
sagêm :
kn. sa-agêm.
sagnyan :
kn. ak. wignyan.
sagu :
kn. bngs. wit arèn (wite dijupuk pathine).
saguh :
n. sagah k. sanggêm (prajanji) arêp nindakake (nglakoni); di-[x]-i: disanggêmi, dijanjèni.
saguna :
(S) kw. ak. utama, kautaman; kc. guna.
sagung :
(ut. [x]-ing) kw. kabèh, sakabèhe.
sagunggu :
kn. ar. têtuwuhan.
sago :
kn. sagu.
sagon :
kn. ([x] lêmpit, [x] rambon) ar. panganan.
sagotra, sagotrah :
kn. sakula-warga.
sagrabyagan :
kn. mung sadhela tmr. udan lsp.
sagrabyasan :
kn. mung sadhela bangêt tmr. gamêlan lsp.
sah :
I kw. pisah, pêgat, pêdhot; [x] saking: lunga saka; ora [x], tansah: pijêr, têrus bae, ora kêndhat. II di-[x] pc: digosok amrih landhêp; kc. asah. III (A) kn: 1 rêsik, tanpa cacad; 2 wis miturut pêpacaking agama (anggêr-anggêr); 3 wis pundhat tmr. utang, wis dituhoni (dilakoni) tmr. nadar, kaul lsp; di-[x]-i: disauri nganti sah; di-[x]-ake: 1 dipundhatake tmr. utang, dianggo ngêsahi utang; 2 wis dianggêp rêsik (bênêr) tmr. panêmu, piwulang, karangan lsp; 3 dikon niti-priksa, disêmantakake. IV di-[x]-ake pc: disusahake.
saha :
(S) kw. karo, lan.
sahab, sumahab :
kw. ak. jêjêl, kêbak bangêt, ngèbêki, nglimputi.
sahabat :
(A) kn. murid.
sahadat :
(A) kn. tandhaning pangandêl; kc. sadat.
sahaya :
(S) kw. ak. kanca, rowang.
sahakarya :
(S) kw. ak. pitulungan.
sahal :
êngg. kn. sakal, sanalika.
saharsa :
(S) kw. bungah.
sahasa :
(S) kw. pêksa, kanthi pêksan, ambêk wani.
sahasika :
(S) kw. ak. pêksa, ambêk wani, cênthula.
sahasra :
(S) kw. ak. sèwu; kc. sasra.
sahbandar :
kn. ak. panggêdhening plabuhan.
sahid, said :
(A) kn. saksi; layang [x]: layang palapuran; mati [x]: 1 mati nalikane duwe anak; 2 mati dadi bêbantêning agama; [x] kawudan pr: saksi (palapuran) sing kurang têrang; sêsahid, sêsaid: nglapurake prakara marang pradata; di-[x]-i: disêksèni.
sahir :
alam [x] (A) kn. alam kalanggêngan (akerat).
sahita :
(S) kw. ak. binarêngan, sarta.
sahitya :
(S) kw. ak. kc. sahita.
sahya :
(S) kw. ak. bêcik, endah; kc. sae.
sah-sunah :
kn. wis sah babar pisan.
sahwat :
(A) kn. 1 pakarêman sacumbana; 2 sacumbana.
said :
êngg. kn. bngs. tenggok gêdhe; kc. said, sait.
saiyêg :
kn. sarujuk, golong pikir.
saiki :
n. sapunika k. ing waktu iki.
saimêt, saipêt, saipit, saiprêt :
pc. sathithik bangêt.
saingan :
êngg. kn. bêbarêngan lêlayaran; kc. saèngan.
saingga :
êngg. kn. saengga.
sairib :
kn. mèmpêr kaya, saèmpêr.
(sait :
) di-[x] êngg. kn. disêndhal, ditarik; kc. kêsait.
saya :
I kn. tansah-mundhak, dadi

--- 539 ---

(sayab) ~ sakwèhning.

luwih akèh (bangêt lsp) tinimbang maune. II êngg. kn: wisaya; prau [x] êngg: prau dianggo golèk iwak. III êngg. kn: tulung-tinulung; kc. sraya, rêsaya.
(sayab) :
nayab kn. nyênyolong mblundhus ing omah ing wayah awan ut. bêngi.
sayabara :
kw. ak. kc. sayêmbara.
(sayad) :
Idi-[x]-i kn. diirisi (diilangi) koyor-koyorane, kulite lsp tmr. iwak daging; [x]-an: thethelan iwak daging. II di-[x]-ake êngg. kn: dianggo pawadan; [x]-an: pawadan, samudana.
sayaga :
kw. wis miranti, wis tata-tata; kc. siyaga.
sayah :
kn. êntèk kakuwatane marga kêsêl.
sayak :
kn. panganggo awujud lawon lsp. diwiru katèbèngake ing wêtêng kumlèmbrèh têkan ing dhêngkul.
sayaka :
(S) kw. ak. panah.
sayan :
I pc. saya. II êngg. kn: tulung-tinulung; kc. rêsaya.
sayana :
(S) kw. ak. palèrènan, pangason.
sayang :
I êngg. kn. congkok pucuke wujud canggahan. II êngg. kn: susuh. III kn: tukang gawe barang têmbaga. IV (M) êngg: wêlas, mêsakake, owêl.
sayarda :
kw. (saya arda) saya bangêt.
sayatin :
(A) kn. saèm. lawe gêdhe pating jriwut.
sayêkti :
kw. sanyata, têmênan; kc. yêkti.
sayêktos :
k. têmên, têmênan.
sayêmbara :
(S) kn. 1 ([x] pilih) pamilihing putri sing arêp mundhut garwa; 2 gawe pasang-giri sing sapa bisa minangkani olèh ganjaran putri lsp; 3 pasanggiri kang ginantungan ing ganjaran; disayêmbarakake: digawe sayêmbara.
sayid :
(A) kn. Sêsêbutane wong Arab turune Nabi Muhammad.
sayidina :
(A) kn. sêsêbutane Kangjêng N. Muhammad, para suci lsp.
sayub :
kn. wis rada ngilêr tmr. jangan lsp.
sayuk :
kn. rukun, sarujuk; di-[x]-ake: dirukunake, dirujukake.
sayur :
(-an) kn. jêjanganan (têtuwuhan saka Eropah).
sayut :
I kn. ak. sayuk. II êngg. kn: slendhang; di-[x]: 1 dirangkul; 2 diubêdi, ditalèni; 3 (ut. di-[x]-i) dipêkak tmr. hawa-nêpsu, pêpenginan lsp.
sayoga, sayogi, sayogya :
kw. prayoga, pantês, patut.
sayom :
êngg. kn. ayon, sabiyantu; di-[x] êngg: diajak ayon.
sak :
I (sak-) pc. sa. II (A) kn: sêdhih, lara atine; kc. mêsakake, sak-sêrik. III (W) êngg. pc: kanthongan klambi; di-[x]: dilêbokake ing sak. IV ngêsak-saki pc: nêsak-nêsaki; kc. sêsak.
saka :
I n. saking k. 1 nêrangake asale, up. têka [x] Sala; 2 nêrangake ênggone wiwit (kawitane), up. [x] kaca 10 têkan kaca 25; 3 tinimbang karo, up. luwih [x] ngêkat; 4 jalaran, marga, up. [x] kurang pangati-atine: 5 mbaka, sabên, up. dijupuki [x] 6 rupiyah; kc. sangka. II kn: cagak sangganing payon; [x] guru: saka gêdhe papat ing têngah tmr. omah joglo; [x] goco: cagaking blandar; [x] pananggap, [x] rawa: saka sakubênging saka guru cacahe 12; adêg-adêg [x]: mubêng ngganjrêt nganti kaya ora obah tmr. gangsingan. III taun [x] kn: petungan taun Indhu sing wiwite saka jumênênge Prabu Saka (Aji Saka). IV (S) kw. ak: 1 pang; 2 kanca, mitra.
sakabat :
(A) kn. murid.
sakabda :
(S) kw. ak. taun Saka.
saka desa :
(sêsaka desa) êngg. warganing pangrèh desa.
sakadi :
kn. ak. 1 kaya; 2 bok mênawa.
sakakala :
(S) kw. ak. taun Saka.
sakal, sakala :
êngg. kn. sanalika, dumadakan; sakalane êngg: 1 barêng; 2 ing nalikane; kc. kala.
sakala :
(S) kw. ak. kabèh, sakabèhe.
sakalaguna :
(S) kw. ak. sakabèhing kautaman.
sakaliyan :
k. sakloron (lanang wadon).
sakalir :
kw. kabèh, sakabèhe, sakèhe.
sakamantyan :
kw. bangêt.
sakanti :
(S) kw. ak. sumorot.
sakarêng :
kw. ak. sadhela.
sakang :
êngg. kn. wlakang.
sakat :
êngg. kn. wiwit saka.
sakatambe :
kw. ak. esuk umun-umun.
sakatha :
(S) kw. ak. kreta.
sakedah-kerah :
(-e) kn. kabèh sing dikarêpake.
sakesuk :
n. sakenjing k. sasuwene wayah esuk.
sakeca :
k. kapenak.
saki :
(S) kw. ak. 1 wit; 2 rewang wadon, para-nyai.
saking :
k. saka.
sakit :
k. lara.
saklah :
pc. 1 yèn Gusti Allah marêngake; 2 têmênan; kc. insa'Allah.
saklangkung :
k. luwih (bangêt).
sakloron :
n. sakaliyan k. wong loro lanang-wadon.
saku :
I ([x]-an, [x]-ku, [x]-e) êngg: rumangsaku, kiraku, ayake. II êngg. pc: kanthongan, sak.
sakur :
I ([x]-e) êngg. kabèh, sakabèhe. II kn. ak: mangan ing wayah bêngi ing sajroning pasa; kc. saur.
sakuthu :
(ut. sakuthon) kn. wis sabiyantu rêmbug sumêdya ngraman lsp.
saksana :
kw. enggal, tumuli.
saksat :
kn. ak. kaya, prasasat; kc. sasat.
sak-sêrik :
kn. lara atine, sêrik.
saksi :
kn. 1 wong sing nyipati (nyumurupi) tumindaking lêlakon sing dadi prakara; 2 wong sing diêkon nyumurupi têmêning prajanjian lsp; kc. sêksi.
sakta :
kw. ak. sênêng marang, karêm, doyan.
sakti :
(S) kn. duwe kaluwihan sing ngungkuli kodrat; kc. sêkti.
saktika :
(S) kw. ak. kuwasa bangêt.
saktiman :
(S) kw. ak. kuwasa (sakti) bangêt.
sakwat :
kn. ak. enggal, tumuli.
sakwèhning :
kw. sakèhe, sakabèhe.

--- 540 ---

sakwingi ~ salin slaga.

sakwingi :
êngg. k. wingi.
sal :
I (W) êngg. kn. bngs. rimong. II (W) kn: kamar gêdhe.
sala :
I kw. ak. salah, kliru; ka-[x] mana pr: kliru tampa. II (S) kw. ak: omah gêdhe.
(salab) :
kê-[x]-an kn. ak. kêlèpètan ala, katut didakwa.
salaba :
(S) kw. ak. walang.
salad :
(ut. sêsalad) kn. (gêni [x]) gêni wêwêlak (njalari kobongan).
salaga :
kn. kc. slaga.
salagewa :
êngg. kn. nglêgewa; ora [x]: ora nglêgewa, ora nggatèkake.
salah :
I kw. sèlèh; sumalah: sumèlèh; di-[x]-i kw. disèlèhi, didèkèki; 2 disêlani tmr. gêndhing ut. têmbang; di-[x]-ake kw: disèlèhake. II di-[x] êngg. kn: disilih. III kn: 1 kliru, ora bênêr; 2 kêluputan, tumindak sing ora bênêr; di-[x]-ake: diluputake, dianggêp (diarani) salah; kê-[x]-an: kêluputan, kêdosan.
salahasa :
kw. ak. 1 gêla, cuwa; 2 kliru tampa.
salah dalih :
kw. kliru tampa.
salah dêlêng :
kn. ndêdêlêng apa-apa sing dudu mêsthine, ora pati salah dêlêng: ora namatake (nggatèkake).
salah endah :
kn. ak. (ora-) ora pati bêcik.
salah gawe :
n. salah damêl k. tumindak (nindakake) apa-apa sing dudu mêsthine.
salah gêmèn :
êngg. kn. dahuwèn.
salah graita :
kn. ak. salah tampa.
salah ilik :
êngg. kn. salah dêlêng.
salah kapti :
kw. salah tampa.
salah karya :
kw. salah gawe.
salah kardi :
kw. salah gawe.
salah kêdadèn :
kn. 1 lair ora lumrah ing akèh; 2 ora dadi (kêlakon) kaya sing dikarêpake; 3 kliru ênggone matrapake; 4 (ut. salah rupa) malih dadi ala (kewan lsp).
salah mangsa :
kn. (udan-) udan sing ora mbênêri mangsa udan.
salah urat :
kn. urate owah.
salah pandêlêng :
n. salah paningal k. pandêlênge malih (up. alas dadi katon kêdhaton).
salah siji :
n.salah satunggal k. yèn ora siji iya sijine.
salah siki :
kw. salah siji.
salah surup :
kn. salah pandêlêng.
salah tampa :
kn. kliru panampane (pangrêtine).
salah ton :
(ên) kn. salah pandêlêng.
salah cipta :
kw. 1 salah tampa; 2 edan.
salah wèngwèng :
(-wèwèng) kn. tumindak (mlaku, nyambut gawe) ora tumêmên (ndadak dolanan lsp).
salak :
kn. ar. woh.
salaka :
kn. ar. logam warnane putih digawe dhuwit lsp.
salaki-rabi :
kn. bêbojoan.
salaku-jantrane :
kn. sapari-polahe.
salalune :
êngg. sabanjure.
salam :
(A) kn. 1 slamêt, têntrêm, rahayu; 2 kurmat; [x] pandonga, [x] pangèstu, [x] taklim: pakurmatan ing layang panganggone miturut unggah-ungguhe wong sing kirim lan sing dikirimi; (se)-[x]-an: têtabean sarana cêkêl-cêkêlan tangan (kaya wong Arab). II kn. ar. wit godhonge ambune sêdhêp dianggo bumbu olah-olah.
salang :
I kn. 1 tali (tampar) mrapat dicanthèlake ing pikulan dianggo sanggan ing barang sing dipikul; 2 kolongan pênjalin, pring lsp. digantung dianggo wadhah cêthing, kêndhi lsp; 3 (wong [x]) ak. kuli (tukang mikul). II ([x]-[x], balung [x]) kn: balung sangarêpe pundhak sing gathuk karo balung dhadha. III di-[x]-i kn. ak: disadhiyani dhisik; kc. calang.
salang gumun :
kn. ak. gumun bangêt.
salang sêbat :
kn. mèh padha.
salang sêngguh :
kn. ak. kliru surup, salah tampa.
salang siki :
kw. salah siji.
salang suduk :
kn. ak. gênti nyuduk.
salang surup :
kn. ak. sêling surup, salah tampa.
salang tunjang :
kn. tunjang-tunjangan (marga gugup ut. padha mlayu bantêr).
salap :
I dipun [x] êngg. kn. disèlèh(-ake). II êngg. k: salah. III satus [x] kw: satus kurang siji (99).
salapan :
kn. ([x] dina) 35 dina; [x]-an: slamêtan lêt 35 dina saka ênggone lair.
(salar) :
sêsalar kn. awèh wêruh; di-[x] diwèhi wêruh, dikandhani; di-[x]-i: dikandhani (diwêling lsp) luwih dhisik (supaya aja nganti kêbacut lunga, diêdol marang liya lsp); [x]-an: 1 beya; 2 êngg. dhuwit pupon saka wong sing dodolan.
Salasa :
(A) kn. dina sing katêlu.
salasilah :
kn. katêrangan asal-usuling turun.
salat :
(A) kn. sêmbahyang (cara Islam); di-[x]-ake: disêmbahyangake (tmr. wong mati).
salawana :
êngg. kn. sulaya, padudon.
salawat :
(A) kn. kc. slawat.
salju :
(A) kn. uwabing banyu sing kênthêl awujud kaya kapuk.
sale :
kn. ar. panganan.
salèh :
I (A) kn. suci, utama uripe; wong [x]: 1 wong suci; 2 êngg. wong sing mati kalap ing lêlêmbut. II êngg. kn: sale.
saleraman :
pc. satleraman.
salèrètan :
pc. saclèrètan.
salecun :
pc. akèh bangêt.
salêp :
(W) kn. tamba sarana dipopokake.
salêr :
kn. siji tmr. rambut lsp; kc. lêr.
salêran :
kn. (turu [x]) turu sadhela bangêt; kc. lêr.
salib :
(A) kn. kayu mrapat dianggo mênthang; di-[x]: dipênthang ing salib.
saliku :
(S) kw. ak. banyu; a-[x]: adus.
salikur :
kn. 21.
salin :
n. santun k. 1 ganti liya (tmr. sandhangan, jênêng lsp); 2 malih (ganti) kaanan, rupa lsp; di-[x]-i: 1 diganti, diênggoni panganggo liya; 2 diowahi; pi-[x] ak: pêparing awujud panganggo sing isih anyar.
salin gagasan :
n. santun gagasan k. katuwuhan gagasan liya.
salin slaga :
n. santun slaga k. kalakuane (panêmune) malih.

--- 541 ---

salin-sumalin ~ sambung obor.

salin-sumalin :
kn. gonta-ganti, owah-owah.
salingkuh :
kn. kc. slingkuh.
salira :
kc. slira.
salire, saliring :
kw. sakèhe, sakabèhing.
salisih :
kn. kc. slisih.
salit :
kn. ngêlak bangêt.
salu :
êngg. kn. 1 ambèn ing pandhapa; 2 pandhapa.
saluku :
([x] tunggal) kw. linggih sikile slonjor (sêmadi).
salulut :
(wor [x]) kw. sih-sinihan (sacumbana).
salok :
êngg. kn. kc. salong.
saloka :
kn. têtêmbungan kaya dene paribasan ananging ngêmu surasa pêpadhan (pêpindhan).
salong :
kn. saperangan ana kang.
saloka wêdhar :
kn. ak. undhi.
sam :
kn. tanah Siriyah.
sama :
êngg. k. padha.
samad :
kn. sawab; di-[x]-i êngg: disawabi.
samad-sinamadan :
kn. 1 gênti mènèhi sawab; 2 mong-kinêmong.
samadi :
kn. kc. sêmadi.
samadya :
kw. têngah-têngah, sêdhêngan; kc. madya.
samaja :
(S) kw. ak. gajah.
samagama :
(S) kw. ak. nunggal, awor, sacumbana.
samaya :
kn. kc. sêmaya.
samakita :
(S) kw. ak. mêlêng puja, sêmadi.
samak :
I êngg. k. klasa. II kn: 1 wlulang sing wis dimangsak; 2 wlulang tapihing layang; 3 dluwang buntêling (tapihing) layang; di-[x]: 1 dimangsak tmr. wlulang; 2 (ut. di-[x]-i) didokoki samak tmr. layang; [x]-an: 1 wis disamak (disamaki); 2 tukang gawe lapak.
samakta :
kn. ak. sumêkta.
saman, samang :
êngg. pc. sampeyan.
samana :
n. samantên k. kèhe padha karo sing ana ing kana; dhèk (jaman) [x]: ing nalika iku (dhèk biyèn).
samanta :
I kn. sêmanta. II (S) kw. ak: kabèh, sakabèhe.
samantara :
(S) kw. tumuli, dumadakan banjur.
samangke :
k. samêngko (saiki).
samangkin :
êngg. samangke.
samanya :
(S) kw. ak. lumrah.
samapta :
(S) kw. wis rampung, wis sadhiya, samêkta.
samar :
kn. 1 katon ramyang-ramyang, ora katon cêtha; 2 durung wêruh (mangêrti) kalawan têrang; 3 êngg. mutawatiri, mbêbayani; 4 sumêlang, kuwatir, uwas; di-[x]: disamun, dianggo wadi; ora ka-[x]-an: ora kêkilapan, wêruh (mangêrti) têmênan.
samara :
(S) kw. pêrang, paprangan.
samas sawe :
êngg. kn. 18 dhuwit (15 sèn).
samasta :
(S) kw. ak. kabèh, sakabèhe.
samata :
(S) kw. ak. nyata, padha.
sambada :
kn. kc. sêmbada.
sambah :
kw. ak. sêmbah.
sambang :
I êngg. kn. nganglang (rondha) ing wayah bêngi; di-[x]-i: dinganglangi, dirondhani. II kn: lêlara sing têkane dadakan sarta mbêbayani, jênênge warna-warna, kc: [x] kodhok, [x] rimpung lsp; [x]-ên: nandhang lara kêna ing sambang.
sambang lêlês :
(-lêlêt) êngg. kn. nggrajag gêtih sabakdane duwe anak.
sambang rimpung :
kn. bngs. bèri-bèri.
sambang suwêl :
pc. bajingan.
sambarana :
(S) kw. ak. sandhangan, panganggo.
sambartaka :
(S) kw. ak. rusak, pangrusak, kiyamat.
sambat :
kn. 1 njaluk tulung; 2 ngêsah dening krasa lara lsp; di-[x](i): dijaluki pitulungan; di-[x]-ake: dijalukake pitulungan marang liyan; [x]-an: 1 tulung-tinulung ing nalikane ngêdêgake omah, duwe gawe lsp; 2 wong sing disambat.
sambatara :
kw. ak. taun.
sambawa :
(S) kw. ak. 1 makiki, ana têmênan, ora mokal; 2 (a-[x]) mokal, nglêngkara; 3 kn. ar. rimbaganing têmbung kang olèh panambang -a. (têgêse nglêngkara, upama lsp).
sambega :
(S) kn. ak. 1 adrêng, pêpenginan; 2 bagus, utama.
sambekala :
kn. kacilakan, alangan.
sambèn :
kn. 1 dudu baku (pokok) tmr. pagawean; 2 pc. pawadan; kc. sambi.
sambewara, sambiwara :
kw. dêdagangan; bakul [x]: bakul, sudagar.
sambêl :
kn. bngs. lêlawuhan sing digawe lombok dibumboni warna-warna; di-[x]: digawe sambêl; nyambêl wijèn: katon pating plêtik putih-putih marga wis wanên tmr. rambut.
sambên :
êngg. pc. sabên.
sambêr :
I kn. bngs. jaring sing garane dawa. II di-[x] kn: disaut saka ing dhuwur cumlorot (manuk, blêdhèg lsp).
sambêran :
êngg. k. pitik.
sambêr-ilèn :
(-lilèn, -ilèr, -lilèr) kn. ar. kewan bngs. kwawung êlare ijo gilap.
sambêr-mata :
kn. ar. kewan ibêr-ibêran cilik.
sambêt :
I k. sambung. II ke-[x] kn: sumaput.
sambi :
I kn. karo, kambi; di-[x]: digarap (ditindakake) barêng karo liyane (ora dianggo baku). II pc: kêsambi.
sambilan :
kn. 1 kayu sindik ing pasangan sing ngapit-apit guluning sapi lsp; 2 kayu (pring) cagaking tracuk; 3 gandaring kêris sing ora nganggo pêndhok lan ora dikêmalo.
(sambit) :
di-[x] kn. 1 dibalang; 2 disabêt.
sambiwara :
kw. kc. sambewara.
sambu :
mowor [x] kn. nylamur dadi têlik lsp.
sambuk :
kn. pêcut gêdhe.
sambung :
I n. sambêt k. 1 gandhèng, ana gêgayutane; 2 (ut. [x]-an) sing dianggo muwuhi dawa; di-[x]: digandhèng, diundhakake dawane sarana diwuwuhi; di-[x]-i: 1 diwuwuhi murih mundhak dawa; 2 ditutugake tmr. crita, gunêman lsp. II êngg. kn: tanggul; kc. sambong.
sambung obor :
kn. 1 tansah dibanjurake (ditêrusake), 2. ditêrusake ênggone saduluran sarana njodhokake anake.

--- 542 ---

samburat ~ samplokan.

samburat :
kn. ak. sêmburat.
(sambut) :
di-[x] kw. 1 dicêkêl; 2 ditampa, ditampani; dipun [x] k: 1 disilih; 2 diutang; nyambut gawe n. nyambut damêl k: nindakake pagawean; ke-[x] kw: 1 kêcêkêl, kêcandhak; 2 (-ing prang, -ing yuda, -ing madyaning rana) mati ana ing paprangan.
sambodana :
(S) kw. ujar, pitêmbungan.
sambogên, sambrug :
kn. (dandang [x]) dandang gêdhe sing digawe blèg (kukusane irasan).
sambong :
êngg. kn. 1 tanggul, bêndungan; 2 (mantri [x]) mantri ulu-ulu (punggawa irigasi); kc. sambung.
sambrama :
(S) kw. ak. ngacarani kalawan urmat; kc. manêmbrama, panêmbrama.
samèk :
êngg. kn. sarapan; kc. sèmèk.
samepa :
kw. kc. samipa.
samêkta :
kw. wis miranti; disamêktani: disudhiyani, dicêpaki; kc. sumêkta, samapta.
sumêne :
kn. ak. isih tamban (ora kêslêpêk ing mangsa); kc. sumêne.
samêngko :
n. samangke k. saiki.
sami :
k. padha.
samida :
kw. ak. kayu obong.
samin :
kn. ar. lênga sok dianggo nyampuri sêga (pangane wong Arab).
samipa :
(S) kw. 1 cêdhak, sandhing; 2 têpi, pinggir.
samir :
I kn. godhong gêdhang diwangun bundêr (bundêr lonjong) dianggo tutup ut. lèmèk lêlawuhan; 2 bludru (sutra) ambane kurang luwih satêbah dilêmpit kandêl ing bontose nganggo gombyok (dianggo kalung para abdi-dalêm kraton); 3 êngg. gubah; 4 pinggiraning klambi kêbayak sing ngarêp; [x]-an ak: rèmèh, sapele. II êngg. kn: lapur kêmalingan lsp.
samirana :
(S) kw. angin.
samita :
kw. ngalamat, tandha; kc. sasmita.
samya :
kw. padha; kc. sami.
samubarang :
n. samukawis k. sakabèhe barang.
samudaya :
(S) kw. sakabèhe, samubarang; samudayanipun êngg. k: sakabèhe.
samudana :
(S) kw. 1 ujar manis (polatan sumèh); 2 ujar lêlamisan, pawadan, sêngadi; di-[x]. 1 disamun ing ujar (polatan) manis; 2 ditanggapi kalawan manis (bêcik).
samudra :
kw. sêgara; kc. samodra.
samuha :
(S) 1 kw. pakumpulan, gêgolongan, kabèh; 2 kn. ngêngrêng, katon sarwa bêcik; kc. samoha, samuwa, sêmuwa.
samukawis :
k. samubarang.
samun :
kn. 1 sêpi, ora rame; 2 suwung; 3 ora kêtara, ora katon cêtha; 4 êngg. tanpa karkat, katon kêmba; di-[x]: disamar, digawe murih ora kêtara; nyamun laku: nindakake apa-apa kalawan dhêdhêmitan.
(samur) :
di-[x]: 1 kw. disamar; 2 disamun, digawe murih ora kêtara; 3 kn. dianggo tumandang ing gawe (dolanan lsp) murih ilanga susahe (murih ora tansah kèlingan bae).
samuwa :
kn. ngêngrêng, katon sarwa bêcik; disamuwakake: 1 diramèkake, digawe sarwa samuwa; 2 êngg. dikêpyakake (digêbyagake) tmr. wayang wong lsp.pasamuwan:1 pakumpulan; 2 pakehan, karamean ing pista lsp.
samoda :
(S) kw. ak. bungah.
samodana :
(S) kw. kc. samudana.
samodra :
(S) kw. sêgara.
samoha :
kn. ak. ngêngrêng, katon sarwa bêcik.
sampad :
pc. tali ing trumpah, sandhal lsp; kc. srampad.
sampah :
êngg. kn. uwuh.
sampak :
I êngg. kn. nganti, kongsi; di-[x]-i êngg: digawe rampak; kc. kêsampak. II êngg. kn: kêplèk (mainan nganggo dhuwit). III kn: ar. gêndhing.
sampan :
êngg. kn. ar. prau cilik.
sampang :
kn. ar. wit apa dene blêndoke (dianggo kêmalo).
(sampar) :
I di-[x] kn. 1 disarug nganggo sikil; 2 mung digêpok sathithik (ora disatitèkake tmr. maca lsp); [x]-an: klèmbrèhing dodot, klèmbrèhing jarit (tmr. wong wadon sing njogèd). II (ut. [x]-an) êngg. kn: sapu; [x]-an êngg. ki: 1 sikil; 2 sapu, kêlud.
sampat :
kw. ak. 1 ganêp, pêpak; 2 rampung, cumawis.
(sampe) :
I di-[x] kn. dicandhak (disampluk lsp) karo mlaku (sêmu ora kêjarag). II di-[x] kw. ak: dipoyoki, dirèmèhake. III êngg. pc: 1 nganti, kongsi; 2 cukup.
sampeyan :
I ki. sikil. II k: kowe.
Sampeyan Dalêm :
ki. kanggo sêsêbutane panjênêngane nata.
sampèk, sampik :
êngg. pc. 1 nganti, kongsi; 2 cukup.
sampeka :
kw. paeka, julig; disampekani: dipaeka.
(sampêr) :
di-[x] êngg. kn. diampiri.
sampêt :
kn. wis tata, cukup; di-[x]-i: 1 dicukupi sakabutuhane; 2 disahi, diboti.
sampil :
kn. sikil sapi, wêdhus lsp, (sing wis dibêlèh).
sampir :
kn. slendhang (kacu lsp) sing dianggo katumpangake ing pundhak; klambi [x]: bngs. klambi kêbayak; sumampir: gumantung kumlèmbrèh; di-[x]-i: 1 ditumpangi (digantungi) apa-apa sing kumlèmbrèh; 2 dinunuti pagawean (kawajiban); di-[x]-ake: 1 ditumpangake (digantungake) ing (tmr. apa-apa sing kumlèmbrèh); 2 dinunutake marang (tmr. pagawean, kawajiban) lsp; [x]-an: 1 gèntèr (tampar lsp) piranti dianggo nyampirake jarit lsp; 2 pagawean nunutan; 3 êngg. ki. pundhak.
sampyan :
pc. sampeyan.
sampyêng :
pc. dêdrêg, rame tmr. dolanan.
sampyuh :
kn. kalah (mati) barêng.
(sampyuk) :
di-[x] kn. kêna (ditrajang) ing banyu.
sampyoh :
êngg. kn. sampyuh.
samplak :
I (sampluk) kn. padha trêp. II di-[x], disampluk kn: dibabit wange (raine) nganggo gêgêring tangan, pênthung lsp.
sampluk :
kn. kc. samplak.
samplokan :
pc. saêmplokan; kc. êmplok.

--- 543 ---

(samplong) ~ santosa.

(samplong) :
di-[x] êngg. kn. dibalang, dibêntur.
sampun :
I. k. wis, uwis. II. k. aja.
sampur :
kn. sondhèr (dikalungake ut. diubêtake ing bangkekan).
sampurna :
(S) kn. 1 gênêp, wutuh; 2 tanpa cacad, ora ana kakurangane; disampurnakake: 1 digawe nganti sampurna; 2 dipulihake; 3 dilêksanani tmr. pangarêp-arêp; 4 dirampungake, dirêsikake.
sampriti :
(S) kw. ak. mitra, kanca.
samsu :
(A) kn. ak. srêngenge.
san :
durung (ora) [x] êngg. durung (ora) babarpisan.
sana :
I kn. ar. wit kayune digawe dandanan. II kw: papan, panggonan.
sanadyan :
kn. têmbung pangikêt sing nêrangake yèn prakara sing disêbutake ing candhake mêngku surasa luwih (bangêt, ora lumrah lsp); ewa dene mêksa ...
sanajan :
pc. sanadyan.
sanagi :
êngg. k. sanadyan.
sanaya :
(S) kw. ak. pakumpulan.
sanak :
kn. 1 kula-warga sing wis rada adoh; 2 pc. kawanuhan, mitra karuh; di-[x]: dianggêp sanak, diajak mêmitran; sêsanakan: mêmitran, têtêpungan.
sanalika :
kn. sakala, ing wêktu iku uga.
sananta :
kn. ar. rimbaganing têmbung (dak + tanduk).
sanatiku :
(-mu, -ne) pc. prasan-atiku (-mu, -ne).
sande :
1 k. wurung; 2 êngg. k. wade; 3 êngg. k. sarung.
sandeha, sandeya :
(S) kw. 1 gojag-gajêg, tidha-tidha; 2 sumêlang, kuwatir; sandeyan êngg: ayake, bok-mênawa.
sande kala :
kn. wayah surup.
(sandêr) :
di-[x] êngg. kn. dioyak kalawan bantêr; sêsandêran: mlayu (oyak-oyakan) bantêr.
sandi :
I (ut. sandik, sandhik) êngg. kn: rada. II kw: 1 wadi; 2 winadi, disamar, disamun.
sandi-asma :
kw. jênêng sing disamar ana ing sajroning ukara ing têmbang.
sandika :
kn. kc. sêndika.
sandi-upaya :
kw. paeka, krenah, kajuligan.
sandi-lata :
kn. ar. têtuwuhan.
sandi-sastra :
kw. tulisan (aksara) wadi.
sandya, sandyakala, sandyawela :
(S) kw: wayah surup.
sanja :
kn. madhayoh ana ing tangga prêlu omong-omongan; disanjani: didhayohi; ke-[x] baya pr: kêna ing kacilakan ana ing pasanjan (paran).
sanjang :
(k. tutur) êngg: kandha.
(sandha) :
I disandhakake êngg. kn: digadhèkake tmr. sawah lsp; kc. sendhe. II sandhanên, kamisandhanên kn: susune mrongkol.
sandhal :
(W) kn. bngs. cripu.
sandhang :
I kn. panganggo; di-[x]: 1 dianggo, ditrapake ing badane; 2 ditêmahi, dilakoni; di-[x]-i: ditrapi panganggo, diwènèhi panganggo; [x]-an: 1 panganggo (jarit lsp); 2 praboting aksara Jawa (wulu, suku) lsp. II kn: kêna luwih saka siji tmr. manah, mbêdhil lsp.
sandhang lawe :
kn. ar. manuk bngs. cangak warnane irêng.
sandhang wlikat :
kn. kaêtrap sangisoring kèlèk tmr. nganggo kêris.
sandhat :
êngg. kn. 1 tali salang; 2 tali dianggo ngrèntèng iwak loh lsp; kc. bandhat.
sandhene :
pc. saandhene (saupama).
sandhi :
kw. kc. sandi.
sandhing :
kn. cêdhak karo, sacêdhake; di-[x]: (ênggone sumèlèh ut. linggih) dicêdhaki.
(sandhung) :
nyandhung kn. 1 mlaku sikile kêtanggor watu lsp; 2 olèh bathi akèh; di-[x]-i pc: olèh (nêmu) apa-apa sing ora kêjarag; ke-[x] ing rata kêbêntus ing awang-awang pr: kêna bêbaya sing ora kinira-kira; [x]-an: 1 alangan, aral; 2 pc. bêbathèn akèh.
sandhung-lamur :
kn. daging kêbo ing dhadha.
sandhung-watang :
kn. prakara sing mbêbayani (dadi waril) ora kêna ditêrak.
sandhur :
êngg. kn. bngs. badhut, banyolan.
sanega :
kw. siyaga.
sanèngga :
(-ne) êngg. mênawa, ing saupama.
sanepa :
kw. têtêmbungan minangka pêpadhan (pêpindhan): disanepakake: dipindhakake, diupamakake.
sanès :
k. 1 liya; 2 seje; 3 dudu.
saniki :
pc. k. saiki.
saningga :
êngg. kn. mênawa, ing saupama.
saniskara :
kw. sakabèhe, sakèhe.
sanityasa :
kw. tansah, pijêr.
sanmata :
(S) kw. ak. palilah, idin.
sanubari :
kw. (têlênging) ati.
santa :
(S) kw. sarèh, suci.
santah :
kn. wong wadon suci (tmr. agama R.K.).
santak :
kn. sêntak.
santan :
kn. bubukan kuning dianggo tamba gudhig.
santana :
kn. kc. sêntana.
santên :
I kn. banyu pêrêsan krambil; [x] kanil: santên kênthêl; di-[x]-i: dicampuri (dibumboni) ing santên. II kn: sangganing kawat rêbab lsp, sanggan tanganan traju, sanggan pangêrêt (blandar); kc. srêntên.
santêr :
kn. 1 rikat bangêt tmr. ilining banyu lsp; 2 êngg. rikat ut. kanthi kas tmr. pagawean; 3 br. bangêt tmr. lara.
santi :
(S) kw. 1 ak. sarèh, têntrêm, rahayu; 2 (ut. sêsanti) donga, pêpuji (-an); 3 (ut. sêsanti) kêkidungan; sêsanti jaya-jaya: padha mêmuji kamênangan (karahayon).
santiyo :
kn. bngs. sutra wêton nêgara Cina.
santika :
kw. wasis ulah gêgaman (ing prang).
santun :
k. 1 salin; 2 êngg. k. sasi; 3 êngg. k. gambir; 4 êngg. k. sari.
santustha :
(S) kw. ak. marêm, lêga.
santo :
kn. wong suci (ing agama R.K.).
Santo Bapa :
kn. raja pandhita ing Room (agama R.K.).
santog :
I kw. katog; 2 kn. ar. pêlêm.
santolan :
kn. sangsalan sing dianggo pawadan.
santosa :
kn. kukuh, panggah; disantosani: dikukuhi.

--- 544 ---

santri ~ sangkuh.

santri :
kn. 1 êngg. batur lanang, batur sing ngupakara rajakaya lsp; 2 murid sinau ngaji ut. sinau agama Islam; 3 pc. têmên-têmên ênggone nglakoni agama Islam; nyantri: 1 êngg. ngèngèr calon mara tuwa; 2 nginêp sawêngi ing omahe mara-tuwa (sadurunge ijab); 3 sinau ngaji mênyang pondhok; disantrèkake êngg: dingèngèrake supaya dipèk mantu.
santwa :
(S) kw. ak. têmbung manis; ma-[x]: ngaruh-aruhi.
santya :
br. santi
sancaya :
(S) kw: 1 kêklumpukan; 2 ar. windu.
sancurna :
(S) kw. ak. lêbur, rusak.
sang :
kw. têmbung panyilah pakurmatan.
sanga :
I (sangang) kn. wilangan 9. II di-[x] kw: digorèng; kc. disangan.
sangadi :
kn. sêngadi.
sangahulun :
kw. panjênêngan.
sangan :
kn. wajan lêmah lsp. dianggo panggorengan sing tanpa lênga.
sangapa :
kw. sapa.
sangar :
kn. nduwèni daya sing njalari kacilakan (tmr. lêmah, panggonan, dina lsp).
sangara :
kn. kc. sêngara.
sangaskara :
kw. ak. nucèkake, mbêrkahi, ngubur.
sangat :
(A) kn. 1 golongan pêprincèning waktu ing sadina-dinane (sadina diperang dadi 5, sagolongane nganggo dijênêngi asmane Nabi ut. Malaekat); 2 waktu sing bêcik dhewe ing sajroning dina (kanggo ngijabake pangantèn lsp).
sangêt :
k. bangêt.
sangga :
I di-[x] n. dipunsanggi k. 1 dicuwak (dipadal diduwa) saka ingisor; 2 ditumpangake ing tangan (tmr. piring, pincuk lsp); 3 disanggêmi bakal dianakake (tmr. pangan, pajêg, dhêndhan lsp); 4 dilakoni (tmr. giliran caos, paukuman, dosa lsp), 5 ditahan, dilawan tmr. tindak pêksa lsp); ora kêna di-[x] miring: ora kêna dianggo gampang-gampangan; disanggakake: 1 dianggo nyangga; 2 dikon nyangga pangan lsp; sanggan: 1 apa-apa sing dianggo nyangga (disanggakake). II êngg. kn: wilanganing pari 5 ut. 6 gèdhèng (± 50 kati). III (S) kw. ak: golongan, pêpanthan, sakabèhe.
sangga-buwana :
kn. 1 congore putih tmr. kêbo, sapi; 2 ulês klawu dhadhane putih tmr. pitik.
(sanggah) :
di-[x] kw. disêngguh, dikira.
(sangga-krama) :
di-[x] kn. diwangsuli (ditanggapi lsp) kalawan sakapenake.
sangga-langit :
kn. 1 ar. têtuwuhan; 2 ar. lênga sok dianggo sajèn.
sanggama, sanggami :
kw. awor turu.
sangga(-u)wang :
kn. 1 (linggih) tangane disanggakake janggut (pipi); 2 êngg. kêrbil.
sanggap :
êngg. kn. sanggup.
sanggar :
I kn. bngs. langgar, omah dianggo muja sêmadi. II êngg. kn: cêcawangan ngrêmpoyok tmr. cèngèr.
sangga-runggi :
kn. sujana (ora pati pracaya); disanggarunggèni: disujanani.
sanggata :
(S) kw. ak. pêrang.
sangga-siti :
êngg. k. sangga-wêdhi.
sangga-wêdhi :
kn. kolongan wêsi lsp. dianggo pancadane wong sing nunggang jaran.
sangga-wêni :
êngg. kn. sangga wêdhi.
sanggêm :
I kn. sanggup arêp nglakoni; di-[x]-i: disanggupi yèn arêp dilakoni (ditandangi). II [x]-an êngg. kn: wêwênang ndarbèni sawah ing padesan.
(sanggi) :
k. sangga.
sanggine :
êngg. karêbèn.
sanggitan :
êngg. kn. sambungan (kayu lsp); kc. anggit.
sanggya :
kw. kabèh, sakabèhe.
(sangguh) :
di-[x] kw. disêngguh.
sanggul :
êngg. kn. gêlungan.
sanggup :
êngg. kn. saguh, sanggêm; di-[x]-i: disaguhi, disanggêmi.
sanggraha :
(S) kw. 1 cawisan, sêsuguh; 2 kêklumpukan; di-[x]: dicawisi, disuguh; kc. pasanggrahan.
(sanggrak) :
di-[x] kn. diwêtokake gêtihe.
sanggrama :
(S) kw. ak. pêrang, paprangan.
sanggrêkan :
êngg kn. sanggrokan.
sanggrêng :
kn. ar. iwak loh.
(sanggrok) :
kê-[x] kn. kêpalang ing pang-pang lsp. (apa-apa sing kèli; [x]-an: pang-pang lsp. sing ngêndhêg-êndhêgi.
sanghara :
(S) kw. ak. rusak, lêbur, kiyamat.
sangharakalpa :
(S) kw. ak. jaman kiyamat.
sangi :
kn. jangji, kasaguhan, punagi; disangèni: dikauli, dinadari.
sangit :
kn. ambu kaya dene ambune kêbul.
sangiwèn :
kw. biyèn; kc. sêngiyèn.
sangka :
I 1 kn. kc. sangkan. II n. sangking k: saka. III kw: gong; kc. sêsangka.
sangka dene :
n. saking dening k. amarga saka.
sangkal :
I kn. garan pêthèl. II di-[x] êngg. pc: dipadoni.
sangkala :
kw. kc. sêngkala.
sangkan :
I kn. pinangka, asal; tanpa [x]: ora kasumurupan saka ngêndi pinangkane; [x]-paran: pinangka sarta tujuan sing diparani; di-[x]-i: diwiwiti saka. II sangkane êngg: supaya, kongsi.
sangke :
kw. ak. saka ing.
sangkèng :
kw. sangka ing.
sangkèt :
I kn: (kagèt [x]-e) rada kêsliyo boyoke; 2 sanalika kaku marga kagèt. II kn: ar. têtuwuhan godhonge digawe tamba.
sangketa :
kw. ak. patêmbayan.
sangkêp :
kw. pêpak, miranti; di-[x]-i: dipêpaki.
sangkêr :
(walang [x]) kw. pêpalang, kangelan.
sangkin :
kw. ak. saya.
sangking :
pc. k. saking.
sangkya :
(S) kw. ak. cacah, wilangan.
sangklètan :
kn. bngs. japitan.
sangku :
I kw. bokor, tuwung. II (S) kw. ak: panah.
sangkuh :
kn. lêlandhêp ing pucuking wuluh bêdhil; di-[x]: ditojoh ing sangkuh.

--- 545 ---

sangkuk ~ sapocapan.

sangkuk :
kn. wungkuk.
sangkul :
1 (ut. sêsangkul) kw. pikulan, sanggan; 2 êngg. kn. wong sing kêbênêr nindakake ayahan mèlu lurah (panggêdhe lsp); di-[x] gawene: direwangi nyambut-gawe, disulihi nyambut-gawe.
(sangkut) :
di-[x] kn. 1 digèyèt nggubêd (tmr. tali, tampar lsp); 2 dièmbèt-èmbèt, dikatutake ing prakara.
sangkobak :
kn. ar. têtuwuhan godhonge digawe jamu.
sangkolan :
êngg. kn. sawah warisan.
sangkrah :
kn. rêrencekan lsp. sing dianggo ropoh ut. sing kèli ing banyu; di-[x]-i: dipêpêti ing sangkrah.
(sangkrib) :
sêsangkrib(-an) kw: aling-alingan; di-[x]-i: dialing-alingi.
sanglang :
êngg. kn. angsang.
sanglad :
(ut. sêsanglad) kw. wêwêlak; kc. salad.
sangli :
kn. sêlèn, ora srêg.
(sangling) :
di-[x] kn. digilapake tmr. êmas.
sanglir :
kn. sing siji cilik tmr. pringsilan.
sangluk :
êngg. kn. ndhungkluk, tumungkul.
sangu :
kn. dhuwit, pangan lsp. sing digawa sajroning lêlungan; disangoni: diwènèhi sangu; sangon, pasangon: apa-apa sing dianggo sangu.
(sangub) :
di-[x] kn. digawe abang irêng tmr. slaka lsp.
sangut :
êngg. kn. wadung.
sangsaya :
I kn. saya. II kw: rêkasa, sêdhih.
sangsalan :
pc. santolan, pawadan.
sangsam :
k. mênjangan.
(sangsang) :
sumangsang kn. sumèlèh (cumanthèl lsp) ing pang, bondhotan lsp; di-[x]-i ki: 1 dikalungi; 2 dicundhuki; di-[x]-ake kn: disèlèhake lsp. sumangsang ing; [x]-an: 1 êngg. kn: sampiran, pamepean; 2 ki. kalung; 3 ki. cundhuk.
sangsara :
kn. urip cilaka (kêtula-tula).
sangsara desa :
êngg. (dhuwit) kas desa.
sangsêkarta, sangsêkêrta :
kn. basa Hindhu kuna.
(sangsrang) :
[x]-an, [x]-sungsrung êngg. kn: kêsusu, grusa-grusu.
saudara :
kn. mitra (dianggo sêbutan wong ngamanca marang wong Jawa ut. kosok baline sing padha dene ngajèni).
sauga :
n. saugi k. êngg. anggêre, samangsa.
(saulon) :
di-[x]-i kn. 1 diajak gunêman; 2 diwangsuli, disauri.
saum :
(A) kn. ak. pasa; kc. siyam.
saur :
I kn. wangsulan; sumaur: mangsuli gunêm; di-[x](-i): dibalèkake (disahi) utange; di-[x]-i: diwangsuli, dijawab; sêsauran: nywara timbang-timbangan. II (A) kn: mangan ing wayah bêngi sabakdane jam 12 (ing mangsa Pasa).
saur-manuk :
n. saur-pêksi k (saur-kukila kw): mangsuli bêbarêngan.
sausap :
kn. sathithik.
(saut) :
di-[x] êngg. kn. dicêkêl (disambêr lsp) rêrikatan; 2 kw. dicokot.
sauwèn-uwèn :
êngg. pc. suwe bangêt.
saokah :
(A) kn. ak. landhêp.
saong :
ora [x] pc. ora sudi.
saos :
I 1 ki. tungguk; 2 êngg. sowan; 3 ki. cawis; di-[x]-i ki: 1 dicawisi; 2 diwènèhi. II (W) kn: ar. lêlawuhan ut. panganan. III êngg. k: bae; kc. bêsaos.
saoto :
(C) kn. ar. jangan.
sap :
. kn. lapisan, sungsun, tundha.
sapa :
I n. sintên k. têmbung pitakon nakokake jênênge wong; di-[x] kn: 1 ditakoni jênênge; 2 (ut. di-[x] aruh) diaruh-aruhi. II (S) kw: supata, sot, sumpah.
sapadang sapanginang :
kn. sadhela (sasuwene wong adang, wong nginang).
sapah :
êngg. kn. tela kaspa.
sapala :
kw. sapele, rèmèh.
sapandurat, sapangu :
kw. sakêdhèpan, sadhela.
sapangat :
(A) kn. pangèstu, sawab; kc. supangat.
Sapar :
(A) kn. ar. sasi Arab sing kapindho; [x]-an: slamêtan ing sasi Sapar.
sap-asta :
ki. sap-tangan.
sapata :
(S) kw. wêwêlak, ipat-ipat, sumpah; kc. supata.
sapèh :
êngg. pc. sapih.
sapele :
kn. rèmèh, tanpa aji; disapèlèkake: dirèmèhake.
sapêkêt :
kn. rakêt ênggone mêmitran (sêsanakan); kc. supêkêt.
sapêt :
êngg. kn. têkan ing, gadhug.
sapi :
n. lêmbu k. ar. kewan rajakaya; sapi sapèn n. lêmbu sapèn k: sapi momotan; wong sapi (sapèn): wong nggirèkake sapi momotan.
sapih :
kn. 1 pisah, lèrèn ênggone padudon (kêrêngan); 2 lèrèn (mari) ênggone nusu; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-i) dipisah, dililihake; 2 (dipêgêng ki) dilèrèni ênggone nusu; [x]-an: bocah sing mêntas disapih.
sapit :
kn. piranti dianggo njapit gêni lsp, piranti dianggo nggapit iwak lsp, sikile yuyu lsp. sing dianggo njapit.
saplak :
kn. padha trêp, plêk.
sapu :
kn. 1 piranti dianggo rêrêsik uwuh lsp. sing digawe sada, duk, sêpêt lsp; 2 êngg. kêlud; 3 gêbug (gitik) dianggo ngukum; [x] ilang suhe pr. kelangan kang dadi paugêran (têtalining sanak sêdulur lsp); di-[x]: 1 (ut. disaponi) dirêsiki nganggo sapu; 2 diukum sarana digêbugi; sapon: 1 apa-apa sing disapu; 2 pc. dhuwit beyane wong dodolan ing warung lsp.
sapu-dhêndha :
kw. 1 gêbug, gitik; 2 paukuman, siksa, bêbêndu.
sapu udhar :
(-wêdhar) êngg. kn. 1 udhar; 2 panduman nggarap gawe ing padesan.
sapunika :
k. saiki.
(saput) :
di-[x]. kn: 1 (ut. di-[x]-i) disasabi, ditutupi; 2 diusar-usari ing pupur lsp; di-[x]-i: disampêti sakabutuhane.
sapu-tangan :
kn. sapu-asta ki: kacu; kc. sap-tangan.
saput-dhêngkul :
kn. têkan ing dhêngkul (sadhêngkul).
saput-lêmah :
n. saput-siti k. wayah esuk rêpêt-rêpêt.
saput-pranti :
kn. (sa-[x]-ne) saubarampene, kabèh.
sapocapan :
kn. gêgunêman, omong-omongan; kc. ucap.

--- 546 ---

sapragi(-ne) ~ sari.

sapragi :
(-ne) kn:sauba-rampene kabèh.
saprantu :
kn. ar. wit wohe digawe jamu.
saprêtitala :
kw. ar. têmbang gêdhe.
sapta :
I (S) kw. pitu. II kw. ak: doyan, sudi; kc. sakta, sêkta.
sap-tangan :
kn. sap-asta ki. kacu.
Saptu :
(A) kn. dina sing kaping nêm; kc. Sêtu.
sar :
mak [x] kn. rasaning ati kagèt.
sara :
I (S) kw. panah. II (S) kw. ak: blumbang, tlaga. III (S) kw. ak¨1 pathi, galih; 2 kukuh.
sarab :
I kn. ar. lêlaraning bocah cilik. II di-[x] kn: dicaplok (ing iwak loh); kc. sarap.
saraba :
(S) kw. ak. bngs. kidang.
sarabuta :
(S) kw. ak. juru wuruk (kusir).
sarad :
êngg. kn. seredan (piranti dianggo nggawa kayu lsp); di-[x] êngg: disèrèd, digèrèd; [x]-an êngg: pagawean aradan.
saradan :
kn. lageyan (kamanuhan) sing ora bêcik.
saradula :
kw. ak. macan; kc. sardula.
sarajiwandana :
kw. ar. têmbang gêdhe.
saradhadhu :
kn. prajurit.
saraf :
(A) kn. kc. sarap.
sarag :
kw. ak. 1 kêsusu; 2 sêrêng, muring; tan a-[x]: sarèh, sabar.
saraga :
(S) kw. sêngsêm, kêsêngsêm.
sarag-sarug :
êngg. kn. sêrêng, bêngis.
sarag-sèrèg :
êngg. kn. maju.
sarah :
I kn. 1 uwuh, larahan; 2 gêgodhongan lsp. sing ora kopèn; di-[x]: 1 diêntas saka ing banyu; 2 diênut ing sakarêpe; kc. sumarah. II êngg. kn: panduman olèh-olèhane misaya iwak lsp; (sarah-) [x]-an êngg: srah-srahan (pawèwèh barang-barang marang pangantèn). III (A) kn: katêrangan babagan agama Islam.
saraya :
kc. sraya.
sarayuda :
kn. 1 êngg. palaku, kongkonan; 2 ar. gêndhing.
sarak :
I (A) kn. anggêr pranataning agama; murang [x]: 1 nêrak pêpacuhing agama; 2 pc. nakal; ngenaki [x] pr: tumindak ing sasênênge, nggampangake nalar. II êngg. kn: kêthaha, srèi.
sarana :
kn. 1 apa-apa sing dianggo lantaran (sarat, piranti lsp); 2 alantaran; kc. srana.
saranangga :
êngg. kn. tikus.
sarandu :
kn. ([x] ning awak) awak sakojur, badan kabèh; kc. srandu.
sarani :
êngg. kn. kristên; kc. nasarani, srani.
saranta :
n. sarantos k. sarèh, sabar, ora kêsusu; kc. sranta.
sarang :
I êngg. kn. 1 (ut. [x]-an) garangan; 2 yèn didèkèki banyu (lênga) enggal asat tmr. kwali, wajan lsp; 3 ngêrak (garing) bangêt tmr.lêmah; 4 tanjêge ala tmr. pakarangan ut. omah; 5 ([x] anak) anake akèh sing mati; 6 (ut. [x]-an) nam-naman blarak awangun wadhah arêng lsp. II di-[x] êngg. kn: 1 disingkiri, disirik; 2 ditulak sarana donga tmr. udan lsp. III 1 êngg. kn: susuh; 2 ([x] burung) susuh manuk lawèt (dianggo tamba kuwat lsp).
sarangan :
kn. ar. woh.
sarangi :
(A) kn. ak. cocog karo sarak.
sarap :
I êngg. kn. lèmèk ing tenggok lsp; di-[x]-i: dilèmèki, dilambari. II êngg. [x]-an kn: mangan (pangan) ing wayah esuk; di-[x]-i: diwènèhi sarapan. III (A) kn: urat lêmbut lantaraning rasa.
saras :
k. waras.
sarasa :
br. tunggal rasa, tunggal laras.
sarasija :
(S) kw. kêmbang tunjung.
sarasilah :
pc. salasilah.
sarat :
I êngg. kn. 1 kakèhan (kêkêbakên) momotan; 2 kandhas tmr. prau. II kn: 1 sarana, apa-apa sing dianggo sarana; 2 êngg. wragad; 3 jimat, sajèn lsp. sing dianggo sarana murih slamêt lsp; di-[x]-i: 1 diwènèhi sarat (jimat lsp); 2 êngg. diwragadi. III (A) kn: janji, janggêlan (apa-apa sing kudu dianakake miturut unining pranataning agama); di-[x]-i(-ake): dijanjèkake, dijanggêlake.
sarati :
kn. srati.
sarawèdi :
(tukang [x]) kn. tukang adol (nggosok) intên; di-[x]: digosok tmr. intên; disarawèdèkake: 1 digosokake (tmr. intên); 2 ditêpsirake, ditakokake rêgane lsp. (ent. disêmantakake).
sardana :
(S) kw. ak. sugih.
sardula :
(S) kw. macan.
sardulawikridita :
(S) kw. ar. têmbang gêdhe.
sarjana :
kw. 1 wong utama; 2 wong pintêr (putus ing kawruh).
sarjawa :
(S) kw. ak. bêcik bêbudène.
sarju :
kn. condhong atine, kalawan sênênging ati; kc. sêrju.
sardhin, sardhincis :
(W) kn. ar. iwak cilik-cilik.
sare :
ki. turu; nyare ki: nginêp; disarèkake ki: 1 diturokake; 2 dikubur; [x]-an ki: 1 turon; 2 lêson; pa-[x]-an ki: 1 paturon; 2 kuburan.
sarèh :
kn. sabar, ora kêsusu; di-[x]-ake: 1 dilêrêmake, disabarake; 2 diasokake, disumênèkake.
sarèhne, sarèhning :
kn. amarga saka.
sareyan :
kn. sêrsan.
sarekat :
kn. pakumpulan.
sarèn :
I (ut. sari) kn. banyu ênjêt dianggo mbabar; disarèni, disarèkake: diêkum ing sarèn tmr. babaran. II kn: dhidhih, gêtih pitik lsp. sing kênthêl.
sarengat :
(A) kn. anggêr-anggêr pranataning agama; kc. sarak.
sarêm :
k. uyah; [x]-an k: uyahan (anakan dhuwit).
sarêng :
k. barêng.
sarêsmi :
kw. awor turu.
sarênti :
kn. ora bêbarêngan, nganggo antara; kc. srênti.
sarga :
kw. bab ing layang-layang sing nganggo têmbang gêdhe.
sari :
I kw. 1 asri, endah; 2 kêmbang; rêbut [x] br: rêbuk bêcik (bêcik-bêcikan). II kn: 1 pathining samubarang sing cuwèr (bakuning samubarang) up. sarining pangan; 2 glêpung kêmbang (sing

--- 547 ---

sarib ~ sastrika.

nangkarake wiji); 3 gêtihing wong nggarap banyu; 4 mani, nutfah; 5 (timah [x]) sing (ar. logam); nggantung [x] br: mêtêng; nggarap [x]: kèl; kc. sarèn. III (asari) kw: sarèh, rindhik, lirih; tan-asari: kêsusu, enggal-enggalan; tan-sari: ora suwe, ora sarèh.
sarib :
ki. êntut, ngêntut.
sarik :
(tulak [x]) kw. wêwêlak, bêbêndu.
sarika :
I kw. ak. dhèwèke. II (S) kw. ak: wong sing pinracaya.
sariki :
kw. ak. iki, kiyi.
sari-kuning :
kn. ar. kêmbang dianggo adon-adon mbabar.
sari-kurung :
kn. kêmbang nagasari.
sarilaya :
kn. ar. gêndhing.
sarilak :
sêdulur [x] kw. sêdulur tunggal suson.
sarimbit :
kn. sakloron (lanang wadon).
sarimpi :
kn. kc. srimpi.
(saring) :
I di-[x] kn. 1 dipilah ampase (êndhêg-êndhêge lsp) karo sing bêning; 2 dilimbang digolèki kang bênêr (bêcik lsp); [x]-an: 1 ayakan; 2 piranti dianggo nyaring; 3 sing wis disaring. II [x]-an êngg. kn: mujur, ora sêbêl (ênggone mbêburu lsp).
sarip :
kn. sêbutane wong Arab sing isih darah.
saripah :
kn. sarip wadon.
sarira :
(S) kw. awak; cs. 8; kc. salira, slira.
sari-wose :
kn. woh nagasari.
sarya :
kw. sarwa, sarta.
sarkara :
(S) kw. 1 gula; 2 têmbang dhandhanggula.
saru :
kn. ora pantês (tmr. gunêm, tindak-tanduk); di-[x]: 1 disruwe (dicacad) tindake sing saru; 2 dirigoni, dikagolake; nyaru wuwus pr: nyêla-nyêla ngrigoni wong rêrêmbugan; ke-[x]: (dumadakan) kandhêg.
sarujuk :
kn. mupakat; kc. rujuk.
(sarug) :
di-[x] kn. disampar (sikile nggèsrèk lêmah).
saruni :
kn. sruni.
sarung :
kn. 1 wrangka, brongsong; 2 jarit sing disambung; di-[x]-i: 1 diwrangkani, dibrongsong; 2 diênggoni sarung; di-[x]-ake: diwrangkakake (dilêbokake ing wrangka); [x]-an: 1 wrangka, brongsong, urung lsp); 2 ([x]-an kêndhali) abah-abah saprabot; 3 nganggo sarung.
sarung kaki :
êngg. kn. kaos kaki, mojah.
sarung tangan :
êngg. kn. kaos tangan.
saru-siku :
1 kw. dêduka, bêbêndu; 2 (saron-sikon) kn. sêndhon-waon.
(saruwe) :
kn. kc. sruwe.
saroja :
I kw. 1 rangkêp; 2 êngg. bngs. bêthèk; di-[x] kw: dirangkêp. II (S) kw: kêmbang tunjung.
saron :
kn. ar. rêricikaning gamêlan (awujud wilahan prunggu lsp).
sarong :
êngg. kn. 1 sarung; 2 bngs. guthêkan.
sarpa :
(S) kw. ula.
sarsa, sarsana :
kw. ak. (sa + harsa, sa + harsana) bungah.
sar-saran :
in.[2] 1 dhêg-dhêgan marga kagèt; 2 kisruh salang tunjang (mlayu lsp).
sarsêg :
kw. sêsêg (kêbak) bangêt.
sar-sur, sar-sor :
pc. mili (mancur) gumlontor.
sarta :
kn. 1 lan, lan uga; 2 karo; disartani: dikanthèni.
sarwa :
(sarwi êngg. k) kn: 1 kabèh, sakabèhe, sakèhe; 2 wutuh tanpa gothang, babar pisan.
sarwa-sarwi :
êngg. kn. kabèh pêpak.
sarwi :
kn. sarta, karo.
sarwya :
br. sarwa.
sasa :
I kw. pêksa; kc. sahasa. II (S) kw. ak: truwèlu (pêpêthan ing sajroning rêmbulan).
sasab :
I kn. 1 tutup, larab; 2 apa-apa sing dianggo tutup; di-[x]-i: ditutupi; nasabi dhêngkul pr: mikolèhake sanak-sadulure dhewe; ke-[x]-an tapih pr: wong lanang kalah karo sing wadon. II êngg. pc: mênang.
sasadara :
(S) kw. rêmbulan.
(sasag) :
di-[x] kn. ditrajang.
sasak :
I kn. 1 bngs. gêdhèg kasar dianggo lèmèk ing prau, jrambah, lumbung lsp; 2 êngg. krêtêg; di-[x]: ditrapi sasak. II di-[x] êngg. kn: ditrajang, ditlasak (tmr. gêgrumbulan lsp).
sasalancana :
(S) kw. rêmbulan.
sasana :
I kw. ênggon, papan, palinggihan. II (S) kw. ak: piwulang, pituduh.
sasangka :
(S) kw. rêmbulan.
sasar :
(ut. [x]-susur) kn. kliru bangêt; nasar: nyimpang saka kang bênêr; di-[x]-ake: diblusukake, diklèrokake dalane.
sasat :
kn. 1 ([x] kaya) mèh padha karo, yèn ...; 2 aja sing, up. [x] padha yèn padhaa kn: kc. prasasat.
sasêle :
kn. mung siji tmr. apa-apa sing pêpasangan; kc. sêle.
sasêlot-sêlote :
kn. alon-alonan (saya suwe saya ...).
sasi :
(S). 1 kw. rêmbulan; 2 n. wulan k. wêktu sing suwene ana 1/12 taun; sasèn: sabên sasi; sasèn-sasèn n. wêwulanan k. nganti pirang-pirang sasi.
sasih :
êngg. sasi.
sasmaya :
kw. bêcik, endah.
sasmita :
kw. 1 polataning praèn; 2 ngalamat, pratandha; disasmitani: diwènèhi tandha sarana obahing praèn lsp, dingalamati.
sasukuring :
êngg. kn. sakabèhe.
sasur :
kn. dianggo wilangan saluwihe 30 atêgês liman, up. kapat [x] (35), kalima [x] (45), kanêm [x] 55 lsp.
sasra :
(S) kw. 1000.
sasrahan :
kn. 1 êngg. pari panenan sing kawènèhake marang kang duwe sawah; 2 pawèwèh barang-barang lsp. saka pangantèn lanang marang pangantèn wadon.
sasrangan :
kw. sêngkud nyêrang (nêmpuh).
sasrêntane :
êngg. lan saprabote.
sastra :
I (S) kw. 1 layang, kawruh; 2 tulisan; 3 layang-layang, kawruh bab layang-layang (têtulisan). II (S) kw. ak: gêgaman.
sastra-banyu :
kn. ar. dhapuring kêris.
sastradaksa :
(S) kw. ak. putus ing kawruh.
sastra-wyanjana :
kw. urut-urutaning aksara; kc. dênta-wyanjana.
sastrika :
(S) kw. ak. gêgaman, pêdhang.

--- 548 ---

sasti ~ sawêndran.

sasti :
(S) kw. ak. sawidak (60).
sat :
di-[x](ake) pc. ditawu lsp. supaya asat; kc. asat.
sata :
I k. têmbako. II 1 kw. jago; 2 êngg. k. pitik. III (S) kw: 100.
satak :
êngg. kn. 100 dhuwit; [x] sawe: 1½ wang (± 10 sèn); [x] sadhuwit êngg: 9 dhuwit (7½ sèn).
satang :
kn. gèntèr dianggo nglakokake prau; di-[x](i): dilakokake nganggo satang; kc. watang.
satapatra :
(S) kw. ak. 1 kêmbang tunjung; 2 mêrak.
satata :
I kn. padha tata. II (S) kw: tansah, tanpa kêndhat, lêstari.
sate :
kn. bngs. lêlawuhan sing digawe iwak disunduki sarta digarang.
sateja :
(S) kw. ak. sumorot.
satêmah :
kn. ing wasanane, tundhone.
satiti :
br. satata.
satmaka :
(S) kw. 1 tunggal sukma; 2 urip, nyawa.
satmata :
(ut. ka-[x]) kw. katon, kêna didêlêng; di-[x] kw: ditamatake, didêlêng.
satmripat :
k. ak. satmata.
satu :
ut. saton kn. cithakan; lir [x] mungging rimbagan pr: trêp (cocog) bangêt.
satu budi :
kw. nunggal karêp, rukun.
satuhu :
(-ne) kn. sanyatane, satêmêne.
satungan, sathungan :
êngg. kn. rêrukunan, tumandang.
satus :
kn. 100, kc. atus.
sato :
kn. kewan; [x] kewan: sakèhing kewan; [x]-an êngg: kewan-kewan sing mitunani.
saton :
I kn. cithakan, rimbagan. II kn: têtiron (pêpêthan) kewan; kc. sato.
satriya :
kn. wong luhur, prajurit luhur; nyatriya: duwe watak kaya satriya (utama, kêndêl).
satru :
I kn. mungsuh; [x] munggèng cangklakan pr: mungsuh sing kêcêdhak (isih sanak-sêdulur); nglêlêmu [x] pr: mbêciki mungsuh; di-[x], disatroni: dimungsuh, dianggêp satru; sêsatron: mêmungsuhan. II kn: ar. panganan sing digawe glêpung kacang ijo.
satru-ati :
n. satru-manah k. mêmungsuhan batin (butarêpan, rêbutan wong wadon lsp).
satru-batin :
n. satru-batos k. satru sing ora kêtara.
satru bêbuyutan :
(kabuyutan) kn: mungsuh sing turun-tumurun (wiwit kuna mula).
satru manêngah :
kn. sabarang prakara sing nganggo mêmungsuhan.
satwa :
I (S) kw. sato, kewan. II (S) kw: kasuciyan.
satwika :
(S) kw. ak. utama, têmên.
satya :
(S) kw. sêtya, têmên, tuhu.
satyawada :
(S) kw. ak. têmên têmbunge, nêtêpi ujare.
sacêmit, sacêmlik :
êngg. pc. sathithik bangêt.
sacleraman, satleraman :
êngg. pc. sagêbyaran, sadhela bangêt.
saclèrètan :
kn: sagêbyaran, sadhela bangêt.
sacumbana :
kw. awor turu.
sacumlik, sacublik, sacuplik :
êngg. pc. sathithik bangêt.
sathekruk :
pc. akèh bangêt.
sathêk :
(-kliwêr) pc. sakèh, sakabèhe, ngêndi bae.
sathêkan :
pc. sapisan.
sathim :
kn. palanangan.
sathithik :
n. sakêdhik k. ora akèh.
sawa :
I kn. ar. ula ora mandi. II (S) kw: bangke.
sawab :
I (S) kn. daya sing ngolèhake bêrkah; di-[x]-i: olèh sawab. II ([x] dene, [x] saking) êngg: sabab, jalaran.
sawadi :
[x]-ne n. sawadosipun k. 1 salugune, sabab-sabab sing baku; 2 prayogane; kc. suwadi.
sawah :
n.sabin k. palêmahan sing ditanduri pari sarana diêlêbi ing banyu; sêsawah: nggarap sawah, têtanèn.
(sawak) :
di-[x] kw. diundang, dicêluk.
Sawal :
(A) kn. ar. sasi Arab kang kaping sapuluh.
sawala :
(S) kw. ak. rêrêsik, adus.
sawanan :
kn: (banyu [x]) banyu mêntas dianggo ngumbah gêgaman, têturuh lsp.
sawang :
I (ut. [x]-[x]) kn. klamating kêmangga ut. rêrêgêd sing pating srawe (marga kukus lsp); [x]-ên: akèh sawange. II kw: katon kaya; di-[x] kn: dipandêng (saka kadohan); [x]-an: 1 pandêngan, apa-apa sing disawang (ditamatake); 2 (ut. sawang-sawung) pasêmone, katone; [x]-ên: mripate rada mêlèk tmr. wong mati.
sawangan :
I kn. sungapaning kali ing sêgara; kc. suwang. II kn: bngs. sêmpritan kapasang ing buntut dara.
sawastu :
kw. ing sanyatane, satêmêne; kc. wastu, saèstu.
sawarga :
kn. ak. swarga.
sawarna :
n. sawarni k. tunggal warna, sarupa; sawarnane: sakabèhe sing nunggal jinis.
sawat :
I kn. watu sing dianggo mbalang; di-[x]: dibalang ing watu. II kn: sanalika, tumuli. III kn: sahwat. IV kn: ar. coraking bathikan.
sawatgata :
kw. sanalika, tumuli.
sawawa :
kw. timbang, tandhing karo; kc. suwawa.
sawe :
êngg. kn. 2½ dhuwit (± 2 sèn); kc. satak.
sawega :
kw. 1 sadhiya, cumawis, miranti; 2 ak. kêsusu.
sawèhwèhyan :
(-nèn) êngg. pc. wis wêtara suwene, sawènwèn.
sawêd :
kn. angkul-angkul (kayu ing pasangan sapi lsp).
sawêg :
k. lagi.
sawêgung :
kw. kabèh, sakabèhe, sakèhe.
sawênang-wênang :
kn. ambêk siya.
sawêndran :
kw. akèh bangêt; kc. wêndra.

--- 549 ---

sawênèh ~ selog.

sawênèh :
êngg. kn. 1 ing sawêtara, ana; 2 liyane; 3 nêrangake apa-apa sing ora cumêtha jênênge; 4 (ut. sawênèh-wênèh) sakabèhe, apa bae; kc. wanèh, wênèh.
sawêr :
k. ula.
sawi :
I (ut. [x] janur) kn. tali dipanthêng ing sawah lsp, dianggo têtêngêr watês lsp; disawèni: 1 dipasangi sawi; 2 dicalangi, diwêkas ing sadurunge. II kn: 1 sayuran; 2 êngg. tela kaspa.
sawidak :
kn. 60.
sawiji :
n. satunggal k. mung siji ora ana tunggale; 2 ([x]-ning) nêrangake apa-apa sing kurang gumathok.
sawiyah :
I êngg. kn. sabên, apa ut. sapa bae, sabarang; disawiyah (-wiyah): disiya-siya, disapèlèkake bangêt. II êngg. kn: anak cêcak.
sawiyos :
kw. sawiji.
sawismaya :
(S) kw. ak. gumun.
sawit :
kn. jarit lan ikêt padha bathikane; [x]-an: saanggon (jarit lan ikêt) bathikane padha; krambil [x]: bngs. palêm.
sawita :
(r) (S) kw. ak. srêngenge.
sawud :
I kn. ar. panganan sing digawe kêtela diparud dicampuri gula; di-[x] êngg: dipyur-pyurake sarta dicampur. II kn. ar: corak ing bathikan.
sawung :
I 1 k. jago; 2 êngg. k. pitik. II di-[x] kn: 1 dikumpulake, dibarêngake; 2 ditata, dianggit, dikarang; 3 diwangsuli, dijawab. III di-[x] kn: dibopong tanpa êmban-êmban tmr. bocah cilik.
sawur :
kn. dhuwit karo bêras kuning disêbar-sêbar ing sangarêping layon sing digawa mênyang kuburan; di-[x](-ake): 1 disêbar-sêbarake; 2 disêbar tmr. wiji pari; di-[x] ingon (-rancah, -tinggal): têrus disêbar ing leleran (ora nganggo didhêdhêr dhisik); di-[x]-i: disêbari, dikêpyuri wêdhi lsp.
sawo :
kn. ar. wit sarta wohe.
sawon :
êngg. k. salah.
sawonga, sawonge :
n. satiyanga, satiyangipun k. anggêr wong, sapa bae.
sè :
I êngg. toh! II êngg: sêmune, katone.
(sèb) :
a-[x] kn. atop, glègèkên; [x]-[x]-ên: tansah glègèkên marga kakèhan mangan durèn lsp.
seba :
n. sowan k. ngadhêp ingarsane priyayi gêdhe (para luhur); disebani: diandhêp ing.
sebak :
kw. ak. anjrah, katon akèh bangêt.
sèbêt :
I êngg. kn. sabêt; di-[x](i): disabêti. II êngg. kn: plas! lap!; [x]-(an): sêdhêngan (trêp) bangêt tmr. klambi lsp. (kêpenak anggone, cancingan).
seblak :
êngg. kn. selak.
sebok :
êngg. kn. cêndhèk alêmu; kc. slebok.
(sebrat) :
di-[x]-ake kn. ora diaku anak (sêdulur lsp).
seda :
ki. pati, mati; sedan ki: pêpati (kêpatèn), wong mati.
seje :
n. sanès k. 1 liya, liyane; 2 beda, ora padha; 3 ora nunggal, dudu gêgolongane; 4 êngg. mêncil, mênjila, pisah saka panunggalane; disèjèkake: dipisah karo panunggalane, didhèwèkake.
sèjèn :
êngg. seje.
sedhangan :
êngg. kn. tengosan (pèncèngan); kc. sidhang.
sèdhèng :
kn. laku ngiwa tmr. wong wadon.
sèdhêt :
I kn. singsêt sarta bêcik tmr. wanguning pawakane wong wadon. II kn: kêmbang kêncur.
sedhum :
êngg. kn. edhum, eyub.
sedhung :
kw. prahara, angin gêdhe; kc. sindhung.
sedhok :
nyêmbah [x] ([x]-[x]) kn. nyêmbah bola-bali.
sèg :
êngg. pc. rikat, enggal, gêlis.
sègêl :
(W) kn. 1 cap atas namaning Pamarentah (minangka pasaksining prajangjian lsp); 2 layang blangko mawa cap (dianggo rêkès lsp); di-[x]: 1 dicap ing sègêl; 2 êngg. diraja-darbe (dibêslag).
segogan :
êngg. kn. enggok-enggokan ing dalan; kc. sigug.
sègsègan :
êngg. kn. ora antêng.
sèh :
I pc. katêrangan swaraning pambêlèh. II kn: 1 sêsêbutane wong Arab; 2 sêsêbutane para wali ut. para ahli agama Islam.
sehat :
I (A) kn. waras (ora lêlaranên). II êngg. pc: cara; di-[x]-ake êngg. pc: ditirokake, ditulad.
seyat-seyot :
êngg. kn. sarwa rikat ênggone tumandang.
sèyèg :
kn. sêngkayigan, tansah oyag.
seyub :
pc. eyub.
seyos :
êngg. k. seje.
seka :
êngg. kn. 1 kacu lsp. sing dianggo nggosok; 2 gêndul lsp. isi wedang (watu dipanasi lsp) sing dianggo nggosok ut. manasi wêtêng lara lsp; 3 mawa (watu dibakar lsp) dicêmplungake ing sumur (ing wedang kopi lsp) supaya bêning; di-[x]: digosok (ditambani, dirêsiki lsp) nganggo seka.
sèkat :
kn. waras; kc. sèhat.
(sèkèk) :
di-[x](-ake) pc. didèkèkake, didokokake.
sèkèlên :
êngg. kn. krasa lara ing saperanganing awak.
sèkèng :
kn. 1 ringkih; 2 êngg. apês, mlarat.
sèkêt :
kn. 50.
sèl :
(W) kn. kamar cilik ing pakunjaran lsp.
sela :
I 1 k. watu; 2 k. mênyan; 3 br. intên. II êngg. k: lapak.
selak :
kn. ora gêlêm ngakoni; di-[x]-i: ora diakoni.
selakarang :
kn. 1 bngs. busik (gudhig) tmr. jaran; 2 êngg. rêrêgêd sing krakêt ing êndhas; [x]-ên: kadunungan selakarang.
selakrama :
êngg. kn. tata-krama; kc. sila.
selat :
kn. bngs. anggar ut. pêncak; kc. bêselat.
sele :
êngg. pc. pece.
sèlèh :
kn. 1 lèrèh, mari ngrênggêp pangkat lsp; 2 wis mapan, wis gumathok, wis lêrêm; di-[x](ake): didokokake; di-[x]-i: 1 didokoki; 2 dikon nggêntèni pangkat lsp.
sèlèr :
êngg. kn. licik tmr. gêmak.
selog :
êngg. kn. bngs. uwi ut. gadhung alasan.

--- 550 ---

semah ~ sero.

semah :
k. 1 somah; 2 êngg. dhayoh.
sèmbukan :
kn. ar. têtuwuhan rambat.
sèmbong :
kn. bngs. jarit dilêmpit dianggo kaya dododan tmr. wong wadon ing kraton; [x]-an: nganggo sembong; kc. simbong.
sèmèk :
êngg. kn. 1 lèmèk, lambaran; 2 (ut. [x]-an) sarapan.
semog :
pc. katon lêmu blengah-blengah.
sèmpèr :
kn. pêpês sasisih tmr. sikil.
sèmpèt :
êngg. kn. 1 bngs. gombal dianggo mbêbuntêl; 2 êngg. k. jarit.
(semplang) :
di-[x] pc. ditepang.
sempol :
êngg. kn. sampil.
sempor :
êngg. kn. grojogan.
sèn :
(W) kn. dhuwit têmbaga ajine 1/100 rupiyah.
sena :
(S) kw. prajurit, wadya-bala.
senapati :
(S) kw. lêlurahing prajurit.
senjing :
êngg. kw. sesuk.
sèndhak :
(-pama), sèndhaka, sèndhakneya êngg. manawa, saupama.
sendhe :
I adol [x] (sèndhèn êngg): adol nganggo prajangji kêna dituku manèh. II disèndhèni, disèndhèhi kn: dilèndhèhi, dilèndhèti; disèndhèkake: disèlèhake aliyangan (tmr. tumbak bêdhil lsp); sèndhèn, sendheyan: linggih (ngadêg) aliyangan.
sendhe kala :
êngg. kn. wayah surup (layung).
sèndhèr :
kn. dhoyong.
sendhok :
kn. lantaran ki. piranti dianggo nyuru (nyidhuk).
sènès :
êngg. k. 1 liya, seje; 2 dudu; kc. sanès.
senor :
pc. rusak matane.
sèntêg :
1 mak [x] pc. krasa abot (antêb); 2 êngg. antêb, kukuh, mantêp.
sèntêr :
I pc: (lampu [x]) lêntera listrik; di-[x]: ditlorong ing lêntera listrik. II pc: barisan têngah (ngarêp) tmr. bal-balan.
sènti :
(W) kn. sapraatus (c).
sèntir :
(W) êngg. kn. bngs. rimong (slendhang) sutra.
sèntol :
pc. kiyêng tmr. pawakan; ora [x]-an êngg: ora prêduli.
senthe :
kn. ar. têtuwuhan bngs. kimpul (godhonge gatêl).
sèng :
I di-[x]-(i) êngg. kn. diajak. II kn: 1 timah sari; 2 wêsi blebekan tipis diputih.
sèngan :
êngg. kn. rada ngantuk.
sengar :
(glethak [x]) kn. barès, pasaja, blaka.
sèngèk :
kakehan [x] êngg. kakehan pratingkah.
(sèngèn) :
di-[x]-i êngg. kn. diajak.
sengga :
êngg. kn. saengga; sengganane êngg: saupama.
sènggèk :
êngg. kn. sènggèt.
sènggèt :
kn. gèntèr mawa grèthèl dianggo ngundhuh wowohan; di-[x]: diundhuh nganggo sènggèt.
sènggun :
(ut. sèndhak [x]) êngg: manawa, saupama.
(senggol) :
di-[x] kn. 1 digêpok (didumuk) sathithik; 2 pc. katut dirêmbug (dirasani lsp); kc. gêpok.
senggot :
kn. pring lsp. didokoki sanggan, sing sasisih dibandhuli watu, liyane ditrapi timba.
(sènggrok) :
di-[x]-i kn. disanggroki; kc. sanggrok.
sèngkèk :
pc. rêkasa bangêt, siyal.
sèngklak :
êngg. kn. selak.
sèngklèh :
kn. mêntêlung marga coklèk tmr. pang.
sèngkong :
êngg. kn. tela kaspa.
sèngoh :
kn. katon blengah-blengah nyênêngake tmr. wong wadon.
sengok :
kn. katêranganing ngambung; sa-[x]-an: saambungan.
sengon :
kn. ar. wit.
sèngsèngan :
êngg. kn. jothakan.
sèngso, sèngslo :
êngg. kn. pating jlêmpah.
sèp :
(W) kn. panggêdhe (sêtasiyun lsp).
sepa :
ora sepa-sepa: ora mèmpêr, ora mantra-mantra; disepakake: dipadhakake, dièmpêrake; sêsepan kw: rêrupan, wêwujudan; kc. sanepa.
(sepak) :
di-[x] kn. dipengkal, ditêndhang nganggo sikil buri.
sepak-raga :
êngg. kn. bal-balan.
sèpêr :
I êngg. kn. carik desa. II di-[x] êngg. kn: 1 diwilang, digolongake; 2 dianggêp kaya.
sepi :
kn. ar. donga (aji).
seple, sèplèk :
pc. sapele bangêt.
sèr :
mak [x] pc. 1 katêrangan nggèsrèk lsp; 2 katêranganing mancur santêr.
serad-sèrèd :
pc. gumampang nyênyilih sandhangan lsp.
serang :
sawah [x]-an kn. sawah sêdhiyan para luhur.
serap-serop :
pc. katêranganing nyênyidhuk (muluk) akèh.
sèrèd :
êngg. kn. bngs. grobag cilik (geredan); di-[x]: digèrèd sarta dilarak; [x]-an: adu jago totohane jago sing kalah; kc. sèrèt.
sèrèg :
(-an) êngg. kn. rikat.
sèrèh :
I kn. lèrèh, sèlèh. II di-[x]-i êngg. kn: dileropi umpluke.
(sèrèk) :
di-[x] êngg. kn. digèsrèk, dibêlèr.
sèrèn :
kn. 1 êngg. lèrèn, ngaso; 2 sèlèh pagawean (pangkat); tampa [x]: nggêntèni pangkat (pagawean) ing liyan; [x]-ing taun: ganti taun; di-[x]-i: 1 êngg. dilèrèni, dicopot; 2 (ut. disèrèkake) dilintirake, dipasrahake tmr. pangkat ut. pagawean.
sèrèng, sering :
êngg. pc. 1 kera, kurang awas pandêlênge; 2 rada gêndhêng.
sèrèt :
kn. corak (kuning, putih lsp) ing pinggiraning payung, jarit lsp; di-[x](i): didokoki sèrèt.
sèrêp :
(W) pc. apa-apa sing dianggo nglunggèni.
sèri :
(W) kn. urut-urutan.
sèring :
êngg. pc. sèrèng.
serub :
kn. kacu lsp. tutup mata; di-[x]: ditutupi matane nganggo kacu lsp; [x]-an: dolanan matane diserup (jelungan lsp).
serum :
(W) kn. tamba awujud barang cuwèr dilêbokake ing awak sarana dicoblosake lan disemprotake; di-[x]: dicoblos lan disêmprot ing serum.
sero :
kn. saèm. widhe katancêbake ing pasisir dianggo masangi iwak.

--- 551 ---

serok ~ (sêbrot).

serok :
kn. nam-naman pring lsp. digarani dawa dianggo nyidhuki wêdhi, ngêntas gorèngan lsp; di-[x]: dicidhuk nganggo serok.
serong :
(-an) kn. sêmu mèncèng (ngewas); di-[x]: digawe mèncèng (ora jêjêg).
(serop) :
di-[x] pc. dicidhuk.
sèrtipikat :
(W) kn. layang katêrangan (tamat sêkolah lsp).
sesa :
I kw. sisa; tanpa [x]: tanpa turahan. II [x]-[x] kn: walak-walak, mung gumantung marang; kc. wisesa.
seseyan :
êngg. kn. sluwiran, ora aji.
sèsèk :
I kn. bngs. sasak (gêdhèg). II kn: jagung digodhog disisiri (didhêplok); [x]-an êngg: gombalan, sêmbêt; kc. sèsèt. III di-[x] êngg: disasak.
sèsèr :
kn. bngs. jaring (irig) digarani.
sèsèt :
kn. bêsèt; di-[x](i): dibêsèt, dithèthèl.
sèsi :
[x] ning bumi br. saisining bumi.
sesuk :
n. benjing-enjing k. dina candhake; sesuk-esuk n. benjing-enjing k: dina candhake ing wayah esuk.
sèstu :
pc. k. sida; kc. saèstu.
sèt :
kn. bngs. singgat sok ngrubung bathang lsp; [x]-ên: dipangan (dirubung) sèt.
seta :
I kw. putih. II êngg. kn. bngs. cêplik.
setan :
(A) kn. roh ala; [x] nggawa ting pr: wong dhêmên adu-adu; [x] nunggang gajah pr. wong sing mung murih kêpenake awake dhewe; ngunjara setan: nyandhêt hawa napsu; di-[x]-i: digêgasah (diadon-adoni) murih muring; [x]-an: têtironing setan (dhêmit) ing wayang lsp; [x]-ên: kêpanjingan setan.
sètu :
(-banda) (S) kw. bêndungan, krêtêg.
setra :
(S) kw. 1 têgal; 2 (ut. pasetran) papan pambuwangan bangke; di-[x], disetrakake: dibuwang (disingkirake) mênyang ing alas lsp. tmr. mayit.
sece :
êngg. kn. sakêthip (10 sèn); kc. ece.
secok :
êngg. pc. siji.
sethap-sethop :
pc. (mangan) puluke gêdhe.
sèthèlên :
pc. ora lumrah (sênêng bangêt, anèh bangêt lsp).
sèthèng :
êngg. kn. saigar (½ dhuwit), sabribil.
sèthèp :
kn. blobok garing.
sethom :
pc. drêmba, ludhuk.
sewa :
I êngg. (sewan kn): 1 nyilih kanthi mbayar pituwas; 2 dhuwit pituwasing nyênyilih; 3 êngg. pajêg tanah; di-[x]: disilih kanthi bayaran minangka pituwas; disewakake: disilihake kanthi bayaran; sewan: 1 apa-apa sing disewakake; 2 dhuwit pituwasing nyewa; 3 êngg. sawah darbèke desa. II di-[x] kw: diseba, diadhêp.
(sewak) :
di-[x] êngg. kn. dibagi-bagi tmr. sawah lsp; kc. siwak.
sewaka :
(S) kw. ak. juru lêladi; sinewaka kn: lênggah diadhêp para kawula; pasewakan: paseban.
sewang :
siji [x] êngg. siji edhang.
sewa-sogata :
(S) kw. pandhita agama Siwah lan Buda (para ngulama).
sèwèk, sèwèt :
êngg. n: jarit.
(sèwèr) :
di-[x] êngg. kn. disuwèk.
sèwu :
kn. 1000: [x] (dina): slamêtan lêt 1000 dina saka gêblage (patine).
sèwot :
êngg. kn. nêpsu, muring; [x]-ên: wringutên, muring.
sêbab :
pc. sabab.
sêbae :
êngg. pc. bok manawa (dak kira); sêbaene: lumrah; kc. bae.
sêbah :
kn. 1 rasa kaya sênêb ing wêtêng; 2 êngg. pc. jêlèh, bosên, wis ora sênêng; nyêbahi: njalari sêbah.
(sêbal) :
nyêbal kn. beda (nyimpang) karo kang lumrah; di-[x]-ake: dikêjabakake.
sêbandar :
kn. ak. panggêdhening palabuhan.
(sêbar) :
di-[x] kn. 1 disawur-sawurake, diwratakake; 2 dibudhalake mrana-mrana; di-[x]-i: disawuri, diwratani ing kêmbang, wiji lsp; di-[x]-ake: diwratakake (tmr. kawruh, kabar lsp); [x]-an: 1 wiji lsp. kang disêbar; (layang [x]-an) layang sing diwratakake mênyang êndi-êndi.
sêbara :
êngg. kn. samangsa, mênawa.
sêbat :
I adoh [x]-e karo êngg. akèh bangêt bedane; salang [x] êngg: mèh padha, mèh mèmpêr. II dipun-[x](akên) êngg. k: disêbut (-ake); kc. sêbut.
sêbawa :
kn. swara; kc. bawa.
sêbda :
kn. kc. sabda.
sêbe :
kn. bngs. rimong (sing dianggo para kaji).
(sêbêt) :
di-[x] êngg. kn. disuwèk tmr. dluwang lsp; kc. sêbit.
sêbêl :
kn. ora gangsar, siyal; nyêbêli: njalari sêbêl.
sêbit :
kn. suwèk, siwal; di-[x]: 1 disuwèk, disiwal; 2 disigar dadi gêbingan tmr. balok lsp; [x]-an: 1 suwèkan; 2 gêbingan balok lsp.
(sêblak) :
I di-[x](i) kn. digêbug(-i) nganggo barang kang tipis mêntul. II di-[x]-ake kn: diwêngakake ngêblak; kc. sumêblak.
(sêblok) :
di-[x](i) êngg. kn. disêblak(-i).
(sêbul) :
di-[x] kn. didamu bantêr (mêtu ing bolongan lsp).
sêbut :
I mak [x] pc. katêranganing njupuk, mbuwang lsp. rêrikatan; sêbute ..., sêbute ... êngg: gèk ..., gèk ... II kn: 1 pangundang; 2 pangrêsula, pangêsah; ora duwe [x] (ora nyêbut): ora ngrumangsani; di-[x]: 1 diarani, dikandhakake araning pangkate lsp; 2 (ut. di-[x]-ake) dikandhakake, dicritakake araning pangkat, darah lsp.
sêbrak :
pc. katêranganing apa-apa sing suwèk (ditarik lsp); di-[x] pc: 1 ditarik nganti suwèk; 2 disilih (diutang) sawatara dina.
(sêbrang) :
di-[x] êngg. pc. disêbrak (disilih sawêtara dina).
sêbrang-sêbrung :
pc. padha mabur.
sêbrèbètan :
kn. satleraman, didêlêng sadhela katon kaya.
(sêbrèt) :
di-[x] pc. disêmbrèt.
sêbring :
mak [x] pc. mak sêmprung.
sêbruk :
pc. sêbrak.
sêbrung :
mak [x] pc. mak sêmprung.
(sêbrut) :
di-[x] pc. disêmbrèt.
(sêbrot) :
di-[x] kn. dicolong sarana disêndhal

--- 552 ---

sêbsêb ~ sêgotrah.

têrus digawa mlayu (tmr. panganggo sing dianggo).
sêbsêb :
kw. ak. hawa, asêp, ambu.
sêda :
pc. sabda.
sêdadal :
êngg. kn. jêjak-jêjak (ing nalikane nglangi).
sêdagar :
pc. sudagar.
sêdaya :
pc. k. kabèh; kc. sadaya.
sêdantên :
pc. k. kabèh.
sêdarum :
kw. kabèh.
sêdene :
kn. 1 lan, lan uga; 2 mungguh ing.
sêdik :
êngg. sidik.
(sêdul) :
di-[x] êngg. pc. 1 didudul (disogok saka ing bolongan); 2 diijoli barang liya sing dudu mêsthine, dipalsu.
sêdulur :
kc. sadulur.
sêdut :
mak [x] pc. mak sêndut, mak sêdhut.
sêduwa :
pc. siduwa.
(sêdrah) :
di-[x] kn. 1 diclupake ing ancur lsp. tmr. bolah layangan; 2 êngg. disoga; [x]-an êngg: sogan.
sêdriyah :
kn. dêdana; kc. driyah.
sêdya :
kn. 1 niyat; 2 pc. maksud, karêp; di-[x]: dijarag, disêngaja; kc. sumêdya.
sêja :
pc. sêdya.
sêjarah :
kn. sarasilah; di-[x]-ake: diandharake, dicritakake; kc. sujarah.
sêjati :
n. sêjatos k. sanyata, kang ora palsu.
sêjid :
êngg. pc. mêsjid.
sêjimat, sêjimpit :
kn. sathithik bangêt.
sêjujung :
kn. sêlonjor (sikil).
sêdhabrêg :
pc. akèh bangêt.
sêdhah :
k. suruh; dipun-[x]-i k: disuruhi (diulêmi).
sêdhakêp :
pc. sidhakêp.
sêdhandhungan :
êngg. pc. bok mênawa kapinujon ana (kêtêmu).
sêdhar :
êngg. k. asu.
sêdhèdhèk :
êngg. sathithik.
sêdhèh :
êngg. pc. sêdhih.
sêdhela :
n. sakêdhap k. ora suwe.
sêdhelat, sêdhèlèt, sêdhelit, sêdheluk, sêdhelut :
êngg. pc. sêdhela.
sêdhèngah :
pc. sadhengah.
sêdhèngêt :
êngg. sêdhela.
sêdhepah :
êngg. kn. dêdêg piadêg cêndhèk santosa.
sêdhèrèk :
pc. k. sêdulur; kc. sadhèrèk.
sêdhèt :
pc. katêrangan obah rikat (mripat, gêgaman ditarik lsp).
sêdhêg :
êngg. kn. êndhêg-êndhêg, ampas.
sêdhêk :
êngg. kn. sêlak.
sêdhêkah :
êngg. kn. sidhêkah.
sêdhêku :
êngg. kn. sidhêku.
sêdhêl :
êngg. kn. ora gangsar, sêbêl.
sêdhêng :
([x]-an) kn. (cêkap, [x]-an k): 1 ora sêsak, bisa amot (kêna dilêboni lsp); 2 cukup (ora kurang); 3 tanggung, ora gêdhe ora cilik, têngah-têngah; 4 mbênêri, pinuju, ing wêktu; wis [x]-e: wis wayahe (wêktune); [x]-an êngg. kn: dêgan; sêdhêngane êngg: gênah bangêt yèn.
sêdhêngklang :
êngg. kn. liggih[3] tangane siduwa.
sêdhêp :
kn. 1 enak tmr. ambu (ambuning pandhan lsp); 2 êngg. rada pait; 3 br. sarwa nyênêngake tmr. gunêm lsp.
sêdhêp-malêm :
kn. ar. kêmbang.
sêdhêpêk, sêdhepok, sêdheprok :
kn. linggih dadakan (marga urmat).
sêdhidhik :
êngg. pc. sathithik.
sêdhih :
kn. 1 êngg. jijik; 2 susah bangêt.
sêdhiya :
kn. kc. sadhiya.
sêdhil :
kn. 1 ora mèntèr urube tmr. rokok lsp; 2 ora gangsar; kc. sêdhêl.
sêdhilit, sêdhiluk, sêdhilut :
êngg. pc. sêdhela.
(sêdhuh) :
di-[x] êngg. kn. disoki wedang.
sêdhumil :
pc. sathithik bangêt.
sêdhut :
mak [x] pc. krasa kaya didudut.
sêdhot :
mak [x] pc. mak sêdhut; di-[x] kn: disêrot (tmr. udud); kc. sumêdhot.
sêg :
I êngg. k. lagi; kc. sawêg. II êngg. pc: katêranganing mati dadakan, lêga bangêt lsp.
sêga :
n. sêkul k. bêras sing wis matêng (diliwêt ut. diêdang); mambu-mambu yèn [x] pr: sênadyan ala nanging isih sêdulur.
sêga jagung :
n. sêkul jagung k. jagung sing diliwêt (diêdang).
sêga gêbuli :
(kêbuli) n. sêkul gêbuli (kêbuli) k. sêga dicampuri iwak daging lsp.
sêga gurih :
(-liwêt, -uduk, -wuduk) n. sêkul gurih (-liwêt, -uduk, -wuduk) k. sêga dicampuri santên.
sêga golong :
n. sêkul golong k. sêga diglindhingi dianggo slamêtan.
sêga gorèng :
n. sêkul gorèng k. sêga dibumboni sarta digorèng.
sêga lulut :
n. sêkul lulut k. sêga dicampuri kêtan.
sêga mas :
(-punar) n. sêkul jêne (-punar) k: sêga dikuning ing kunir.
sêga pênak :
(-pulên) n. sêkul pênak (-pulên) k. sêga diangi.
sêga pondhoh :
n. sêkul pondhoh k. jênang jagung dikênthêlake.
sêga ramês :
n. sêkul ramês k. sêga lan lêlawuhan dicampur.
sêgah :
k. suguh.
sêganu :
êngg. wingènane; kc. sêg.
sêgantên :
k. sêgara.
sêgara :
n. sêgantên k. kc. sagara.
sêgawon :
k. asu.
sêgèh :
pc. cêgèh.
sêgêh :
kw. ak. suguh.
sêgêr :
kn. 1 krasa enak asumyah tmr. pangrasa ilat ut. badan; 2 katon waras tmr. badan, têtuwuhan lsp; sêsêgêran, [x]-[x]-an: panganan (ombèn-ombèn) sing sêgêr rasane.
sêgêr kuwarasan :
kn. awake krasa kêpenak sarta waras.
sêglang-sêglèng :
pc. lembeyan sêmplah-sêmplah.
sêgu :
(ut. sêgunên) kn. cêkikên, glègèkên; ora [x]: ora nywara (tanpa uni).
sêgulud :
êngg. pc. satumpuk (sapunthuk), rukun, rujuk.
sêgung :
kn. ar. kewan (mawa ambu ora enak).
(sêgurah) :
di-[x] kn. diuja (dilêbêng) ing pangan (pisuguh).
(sêgok) :
di-[x] êngg. pc. disogok.
sêgotrah :
êngg. kn. dunung, ênggon; kc. sagotrah.

--- 553 ---

sêgrag ~ sêlang-surup.

sêgrag, sêgrèg :
êngg. kn. sigrak.
sêgrak :
kn. sêngak bangêt.
sêgrèk :
kn. bngs. graji cilik (piranti mranggi).
(sêgrok) :
di-[x] kn. disosog (ngundhuh wowohan lsp).
sêgsêg :
(-an) êngg. kn. rikat, enggal.
sêk :
mak [x] pc. sanalika mati; kc. sêg.
sêka :
I êngg. pc. saka, sangka. II êngg. k. suku (satêngah rupiyah).
sêkabat :
kn. murid.
sêkade, sêkadi :
pc. cocog, patut tmr. panganggo.
sêkait :
(-an) kn. sêkuthon, wis sarêmbug dhisik.
sêkal :
I (ut. sêkala) êngg. kn. sanalika; kc. sakal, sakala. II (W) kn: digêdhèkake ut. dicilikake ukurane (tmr. gambar bumi lsp).
sêkalir :
êngg. kn. sakabèhe, sakèhe.
sêkalor :
êngg. kn. saèm. ayan nanging ora nganggo muruh.
sêkang :
êngg. pc. sangka, saka.
sêkaut :
(W) kn. panggêdhe pulisi.
sêkar :
k. 1 kêmbang; 2 têmbang; dipun [x] ki: dikijing; dipun-[x]-akên k: ditêmbangake; [x]-an: 1 k. kêmbangan; 2 êngg. k. kuburan; 3 ki. kijing.
sêkarat :
(A) kn. kongah-kongehan nalikane ngarêpake mati.
sêkatèn :
kn. (sêkatos k. ak): 1 ar. gamêlan ing kraton (Ngayogya, Surakarta, Cêrbon); 2 karamean ngarêpake grêbêg Mulud (nganggo nabuh gamêlan kasêbut).
sêkatêr :
(W) kn. tukang nêksir ing pagadhean.
sêkati :
êngg. kc. sêkatèn.
sêkatha :
kw. kreta.
(sêkathung) :
di-[x] êngg. kn. diapusi, diblithuk.
sêkawan :
k. papat.
sêkèbêr :
kn. ak. ar. pangkat priyayi pangrèh praja.
sêkèki :
êngg. pc. bngs. wrana mawa canthelan.
sêkeca :
k. kêpenak.
sêkèci :
êngg. kn. prau cilik (sêtum barkas).
sêkèthèng :
kn. gapura kang anjog marang nêgara, kutha lsp.
sêkewuh :
n. sêkèwêd k. pakewuh.
(sêkêb) :
di-[x] êngg. kn. diungkêb murih matêng tmr. wowohan.
sêkêdhap :
k. sêdhela.
sêkêdhik :
k. sêthithik.
sêkêl :
kw. susah, sêdhih.
sêkêmbu :
êngg. kn. sêkuthon, tumandang bêbarêngan.
sêkêndi :
êngg. pira.
sêkiye, sêkiyèn :
êngg. saiki.
sêkilwak :
(W) kn. (prajurit) jaga.
sêking :
kn. lading cilik; di-[x]: diiris nganggo sêking (gulune lsp).
sêkloron :
n. sêkaliyan k. wong loro lanang wadon.
(sêkuja) :
di-[x] êngg. kn. diuja ing sakarêpe.
sêkul :
k. sêga; disêkuli kn. dikanji.
sêkung :
I kw. adrêng (kêpengin) bangêt. II êngg. kn: rambuting oyod arèn (sok digawe kala).
sêkuthu, sêkuthon :
kn. wis sêkaitan (sarujuk) sumêdya ngraman lsp.
sêkojur :
kn. (awak [x]) awak kabèh.
sêkolah :
kn. 1 lumêbu sinau ing pamulangan; 2 (ut. [x]-an) pamulangan; di-[x]-ake: dilêbokake ing pamulangan.
sêkon :
kn. 1/60 mênit.
sêkong :
êngg. kn. ar. prau cilik.
sêkongkêl :
kn. sêkaitan, sêkuthu.
sêkonyar :
kn. ar. prau.
sêkop :
(W) kn. ar. piranti dianggo nyidhuk, ngulêd labur lsp.
sêkotor :
kn. ar. prau.
sêkotri :
kn. prajurit mirunggan.
sêkoci :
(W) kn. ar. prau cilik; 2 êngg. bngs. dhokar.
(sêkrap) :
di-[x] kn. dikêrok, dibusêk.
sêkrip :
(W) kn. buku panulisan.
sêkrup :
(W) kn. mur.
sêkrok, sêkrop :
êngg. kn. sêkop.
sêksêkan :
kn. kêbak bangêt, sêsak bangêt.
sêksi :
kn. kc. saksi.
sêkti :
kw. duwe kaluwihan ngungkuli kodrat; kc. sakti.
sêl :
mak [x] pc. katêranganing nglêbokake lsp.
sêla :
kn. 1 (ut. [x]-[x]) antaraning barang loro sing lowah; 2 lowong ora ana isine, lêga; 3 kêbênêr nganggur (ora duwe pagawean); 4 êngg. sasi Dulkangidah; nyêla: mêdhot (nêngahi) gunêm, pagawean lsp; disêlani: 1 disêsêli (ditêngahi, diantarani) prakara liya; 2 ditêngahi ing gunêm; disêlakake: didokok ing sêla-sêlane.
sêlag :
êngg. kn: banjêl; di-[x] êngg: disilih sêdhela; di-[x]-i êngg: dibanjêli tmr. pagawean.
sêlaga :
kw. kc. slaga.
sêlagi :
kn. 1 ing nalikane; 2 (ut. sêlagiya) sênadyan.
(sêlah) :
I di-[x] êngg: disèlèh, didokok. II di-[x] êngg: disilih.
sêlayan :
pc. sulaya.
sêlak :
kn. 1 wis ndungkap (mèh ...), up. [x] mangkat; 2 enggal (rikat, kêsusu) arêp ...; di-[x]: digêlak supaya enggal rampung; ke-[x]: 1 kêsusu arêp (bakal) ...; 2 saèm. watuk dadakan marga ngombe lsp. kêsasar ing gurung.
sêlam :
kn. 1 pc. Islam; 2 êngg. têtak; di-[x]-ake êngg: ditêtakake.
sêlan :
ut. sêsêlanan kn. 1 antara, lowahan; 2 apa-apa sing dianggo ngantarani (êlêt-êlêt); kc. sêla.
sêlang :
I kn. gênti, silih. II di-[x] êngg. n: disilih; di-[x]-i êngg: disilihi. III (ut. [x]-an) êngg. kn: ora usah, ora pêrlu.
sêlang-gumun :
(-ên) êngg. kn. gumun bangêt.
sêlang sêbat :
êngg. kn. mèh padha, mung sathithik bedane.
sêlang-sêling :
kn. gonta-ganti (urut) nanging ora digawe padha bae).
sêlang-silih :
kn. nyênyilih apa-apa.
sêlang-surup :
kn. kliru tampa.

--- 554 ---

sêlangkung ~ sêmbah.

sêlangkung :
k. ak. sêlangkung (25-).
(sêlap) :
di-[x]-ake êngg. kn. disêsêlake ing, dislêmpitake ing.
sêlap-sêlip :
kn. katon ana sing sumêla (sumlêmpit).
sêlapan :
kn. ([x] dina) 35 dina.
sêlar :
kn. bngs. gêrèh.
sêlarik :
êngg. kn. 6 dhuwit (± 5 sèn).
sêlasa :
pc. salasa.
sêlat :
I (ut. [x]-an) êngg. kn. 1 supitan (sêgara ing antarane pulo); 2 kidul, angin saka kidul. II ([x]-an) êngg. kn: kaanan. III êngg. kn: ar. sayuran.
sêle :
I kn. mung siji tmr. apa-apa kang pancèn ana jodhone; nyêle: ndhewe, katon anèh dhewe, ora padha karo liyane; sêlèn: ora padha tmr. barang rêrakitan. II ut. sêlèi kn: ar. panganan sing digawe wowohan lsp.
(sêlèg) :
I nyêlèg êngg. kn. nyêle, nganèh-anèhi. II [x]-[x] êngg. kn. katêrangan lakuning wong wadon sing bêcik.
(sêlèh) :
di-[x] êngg. disilih.
(sêlèk) :
di-[x]-ake pc. diwêlèhake; ke-[x]: 1 pc. kêwêlèh; 2 pc. kêsangkut ing bolah sing dudu gêlasan.
sêlèn :
kn. ora padha tmr. barang rêrakitan (pêpasangan); kc. sêle.
sêlèt :
I mak [x] pc. katêranganing nyabêt, mêcut lsp. banter. II di-[x] êngg: disilih.
sêlêk :
êngg. kn. sêlak.
(sêlêr) :
di-[x] kn. dicolong (kalawan nglimpe).
sêlikur :
kn. 21; [x]-an: ar. mainan nganggo kêrtu gêdhe.
sêling :
ut. di-[x] kn. digonta-ganti ing warna lsp. liyane; kc. sêlang.
sêling-surup :
n. sêling sêrêp k. kliru tampa.
sêlip :
I êngg. pc. mèncèng, nlisip, ora pênêr. II di-[x]-ake êngg. kn: ditlêsêpake, disêlapake.
sêlir :
kn. ampil, ampeyan ki. bojo sing dudu baku, gundhik; di-[x]: 1 êngg. dipilih, dipilihi; 2 diêpèk sêlir; (sê-)[x]-an êngg: prajurit pêpilihan; kc. sinêlir.
sêlup :
(W) kn. ar. prau.
sêlur :
(ut. anglur) [x] kn. nggalur, urut-urutan dawa bangêt.
sêlut :
kn. mas, slaka lsp, kang dianggo mblêbêd peranganing barang adèn-adèn (ukiran, têkên lsp); di-[x]: diblêbêd ing êmas, slaka lsp.
sêlok :
êngg. kn. bngs. pangot sing nyanthuk.
sêlon :
êngg. kn. bumbung dianggo wadhah bumbu lsp.
sêlop :
(W) kn. bngs. cênela.
sêlot :
I kn. 1 êngg. saya; 2 (ut. [x]-[x]) saya suwe saya. II (W) kn: kancing lawang.
sêma :
kw. ak. kuburan.
sêmada, sêmadan :
êngg. kn. rada.
sêmadi :
kw. ngêningake cipta.
sêmados :
k. sêmaya.
sêmagar :
(-an) êngg. kn. kanthi têmên-têmên (mêmpêng).
sêmaya :
n. sêmados k. njaluk mundur ing liya dina (wêktu); disêmayani: disaguhi nanging ing liya dina (wêktu); sêmayan n. sêmadosan k: kêncan, prajanjian wêktu lsp.
sêmayi :
kn. ar. lêlawuhan sing digawe ampas krambil diwayokake.
sêmak :
I êngg. kn. jêblog. II êngg. kn: 1 bapa, biyung. III kn: ar. woh sing ngyiyid (dianggo ngusari payung); di-[x]: diusari ing sêmak (saèm. diêlim) tmr. payung; kc. kêsêmêk. IV di-[x] kn: ditamatake sarta diturut (tmr. maca lsp).
sêmakeyan, sêmangkeyan :
pc. umuk, ngunggul-unggulake pangkate lsp; kc. sumakeyan.
sêmambu :
êngg. kn. têkên pênjalin.
sêmana :
n. sêmantên k. 1 kèhe padha karo kae; 2 ing nalika.
sêmandan :
êngg. kn. rada.
sêmandi :
êngg. kn. ditandhing karo; kc. sumadi.
sêmantên :
k. sêmana.
sêmang :
I êngg. kn. 1 têka; 2 ndadak, ndadak nganggo. II kn: panyana, pawadan, sangsalan; ora [x] êngg: ora susah, ora sumêlang; [x]-[x]: kuwatir, sumêlang, gojag-gajêg.
sêmangat :
êngg. kn. jiwa, roh.
sêmangêr :
êngg. kn. bêcik, bagus.
sêmanggi :
kn. ar.têtuwuhan.
sêmangka :
kn. ar. woh bngs. timun gêdhe; sigar [x]: diparo byak.
sêmangkeyan :
pc. sumakeyan.
sêmangkin :
I kn. ak. saiki. II êngg. kn: saya.
sêmaur :
êngg. kn. mangsuli; kc. saur.
sêmaput :
kn. (dadakan) ora eling.
sêmar :
ut. [x]-[x] kn. congkoking cagak, lawang lsp. dipasang mrapat dianggo pikukuh; di-[x]-i: dicongkogi.
sêmara-bumi :
kn. sing mbau-rêksa bumi.
sêmar-mêndêm :
kn. ar. panganan sing digawe kêtan karo iwak.
sêmar-mèsêm :
kn. ar. lurik lan ar. bathikan.
sêmar-tinandhu :
kn. omah joglo tanpa saka guru.
sêmat :
I êngg. kn. biting (dianggo nyunduki wungkusan). II êngg. kn: kumat, angot. III êngg. kn: ringgit.
sêmata-mata :
digawe [x] pc. dituduh-tuduhake (ora ginawe wadi).
sêmawon :
êngg. k. bok manawa.
sêmbada :
kn. 1 sarwa kacukupan (sêntosa, kuwat lsp); 2 cocog, patut, pantês; 3 pc. rada sugih, kacukupan; disêmbadani: 1 disêntosani (dipêpaki ing sakapêrluane); 2 ditanggulang, dilawan; 3 dituruti, dilêksanani pangarêp-arêpe lsp.
sêmbados :
êngg. k. sêmbada.
sêmbaga :
pc. sumbaga.
sêmbadi :
kn. cita wêton ngamanca.
sêmbah :
I êngg. kn. bapa-biyunge wong tuwa; kc. êmbah. II kn: tandhaning pangaji-aji sarana nangkêpake tangan kang kapênêr jêmpol kagathukake ing irung ut. bathuk; di-[x]: diajèni (diurmati) kaya kang kasêbut; sêsêmbahan: pêpundhèn.

--- 555 ---

sêmbah-bêkti ~ sêmpana.

sêmbah-bêkti :
kw. urmat sarta ngaji-aji.
sêmbahyang, sêmbayang :
kn. 1 salat (limang wêktu); 2 mêmuji sarta nênuwun marang Allah; di-[x]-ake: disêsuwunake marang Allah.
sêmbah-sungkêm :
kw. sêmbah-bêkti.
sêmbarang :
(-an) kn. sapa ut. apa bae; digawe [x]-an: dianggêp rèmèh.
sêmbari :
êngg. kn. kambi, karo; kc. bari.
sêmbawa :
kw. macan.
sêmbèn :
êngg. pc. sambèn.
sêmbèr :
(-lèwèr) kn. gêlêman (lanji) tmr. wong wadon.
sêmbèrèt :
pating [x] kn. padha mancur (mili lsp) mlèncèng-mlèncèng.
(sêmbèt) :
di-[x] pc. disêmpèd, dièmbèt.
(sêmbêlèh) :
di-[x] kn. dipatèni sarana diiris gulune.
sêmbêt :
kn. 1 (ut. barang [x], sêsêmbêtan) panganggo sing awujud jarit, klambi lsp; 2 gombal.
sêmbiyang :
êngg. pc. sêmbahyang.
sêmbir :
I kn. suwèk dawa, dawir; di-[x]-[x]: dipituturi (disêmoni) saka sathithik. II kn: ar. wit kayune sok digawe gambang.
(sêmbuh) :
I di-[x] kn. dianyarake manèh tmr. jarit sing wis lawas (sarana dibathik lan disoga manèh). II sinêmbuh, kêsêmbuh br: winuwuhan, wuwuh-wuwuh, tur.
sêmbulih :
kn. pituwasing kangelan; di-[x](i): 1 dipulihake, didandani manèh; 2 dililihake supaya mari nêpsu.
sêmbung :
I kn: ar. têtuwuhan. II di-[x] êngg: disambung.
sêmbur :
kn. 1 wisaning ula sing disêbulake; 2 mamahan mênyan lsp. sing disêmprotake dianggo sarana nambani, ngilangake lêlêmbut lsp; luput [x] pr: 1 ora kêna dipênggak kêkarêpane; 2 kalis ing lêlara; sêmbur-sêmbur adas pr: pamuji ut. pandonganing wong akèh bok manawa njalari lan bêcike; ora uwur ora [x] pr: ora gêlêm ngrêmbug sathithik-sathithika; di-[x]: 1 didamu ing ula lsp; 2 disêmprot ing mamahan apa-apa minangka tamba lsp.
sêmburat :
kn. sêmu (kêcampuran ing warna liya), up. [x] abang.
sêmboja :
kn. ar. wit sok ditandur ing kuburan.
sêmbok :
êngg. pc. êmbok, biyung.
sêmborot :
(-an) êngg. kn. palanyahan.
sêmbrama :
kw. mbagèkake; di-[x]: dibagèkake slamêt.
sêmbrana :
kn. 1 kurang wêweka, kurang tumêmên; 2 êngg. ngajak gêguyon; [x] parikêna: njêjaluk mung winiwitan ing gêguyon; 2 ditêmbung kalawan sêmbranan; (sê-)sêmbranan: 1 ora têmênan; 2 gêguyon.
sêmbrani :
kn. ar. jaran sing bisa mabur (miturut crita).
sêmbrantên :
êngg. k. sêmbrana.
sêmbrèt :
kn. thèthèl sarta suwèk; di-[x]: dithèthèl lan disuwèk.
sêmèdi :
kw. ngêningake cipta; kc. sêmadi.
sêmèlèh :
êngg. pc. sumèlèh.
sêmèn :
I kn. 1 thukulan, trubusan; 2 ar. coraking bathikan; kc. sêmi. II (W) kn: bubukan gamping karo lêmpung dianggo adon-adon labur.
sêmendhe :
pc. sumendhe.
sêmene :
n. sêmantên k. (ukurane) padha karo iki.
sêmèni :
udan [x] kw. udan kaworan angin; kc. sinêmèni.
sêmèngke :
êngg. k. sêmene.
sêmèt :
êngg. kn. sathithik bangêt.
sêmêga :
kn. lagi sênêng-sênênge mangan; kc. sêga.
sêmêk :
êngg. kn. jêblog, jêmbêk; kc. sêmak.
sêmêkan :
ki. kêmbên.
sêmêkta :
êngg. kn. samêkta, sumêkta.
sêmêlak :
kn. ar. ombèn-ombèn kang digawe pace.
sêmêndhang, sêmêndhik, sêmêndhing :
êngg. kn. cilik (sathithik) bangêt.
sêmêndhi :
êngg. kn. ditandhing karo; kc. sumandhi.
sêmêne :
êngg. kn. kobêr; kc. mêne, sumêne.
sêmêng-sêmêng :
êngg. kn. sumlêngêt panas tmr. badan.
sêmêngguh :
êngg. kn. umuk, sêngguh.
sêmêngkin :
êngg. saiki.
sêmêngko :
n. sêmêngke k. saiki.
sêmêpêr :
êngg. kn. mampir.
sêmêrap, sêmêrêp :
êngg. kc. k. wêruh.
sêmi :
kn. trubus, tuwuh godhonge.
sêmiyur :
êngg. kn. sumêlang.
sêmil :
êngg. pc. sathithik bangêt.
sêmilih :
êngg. kn. sênadyan mêngkonoa.
sêmingi :
pc. njèngèk; kc. sumingi.
sêmir :
(W) kn. ar. barang alintrêg-lintrêg dianggo nggosok sêpatu lsp.
sêmita :
kn. sasmita.
sêmu :
kn. 1 glagat sing kawahya ing polatan (praèn); 2 katone kaya; 3 rada kadunungan warna (sipat lsp); 4 nyênêngake; disêmoni: diwèhi pitutur lsp. sarana têtêmbungan (pratingkah) sing sinamun; pasêmon: 1 pralambang, crita pêpindhan; 2 sêmu.
sêmukirang :
kn. ar. coraking bathikan.
sêmungguha :
n. sêmênggaha k. êngg: manawa, saupama.
sêmur :
kn. ar. lêlawuhan.
sêmuruh :
kn. manutan.
sêmut :
kn. ar. kewan bngs. rangrang cilik; [x]-ên êngg: gringgingên.
sêmut gatêl :
kn. 1 ar. sêmut; 2 êngg. bangsat, durjana; 3 êngg. (Ngayogya) abdi-dalêm panakawan yèn grêbêgan nganggo jarit lurik abang ngore rambut acundhuk jungkat (kêmbang)
sêmuwa :
kn. samuwa, samuha.
sêmono :
n. sêmantên k. (ukurane) padha karo iku; [x] iku: mêngkono iku; [x] uga: mêngkono uga.
sêmontên :
pc. k. sêmono.
sêmongkêl :
êngg. pc. sêkongkêl.
(sêmpad, sêmpèd) :
di-[x] kn. disrèmpèt (digêpok, dièmbèt) sathithik.
sêmpal, sêmpèl :
kn. putung sarta sêmplok tmr. pang lsp; di-[x] dipokah, diputung lan disêmplok; sêmpalan: 1 apa-apa sing wis sêmpal; 2 sidhatan (cawang) tmr. kali; 3 carangan tmr. crita; 4 dudu baku tmr. agama.
sêmpana :
kn. ar. dhapuring kêris.

--- 556 ---

sêmparat ~ sêntana.

sêmparat, sêmparèt :
kn. katêranganing lunga (mlayu) rikat.
sêmpêt :
êngg. pc. kobêr.
(sêmpit) :
di-[x] êngg. kn. ditêmpil.
(sêmpyok) :
nyêmpyok kn. nyampyuk ngênani (tmr. banyu lsp); ke-[x]: 1 kêsampyuk ing banyu lsp; 2 katut ala, katut kadakwa.
sêmplah :
kn. 1 saèm. sèngklèh; 2 nglumpruk êntèk dayane (pangarêp-arêpe lsp); [x]-[x]: mlaku lèmbèhane sêmu dhèngklèh-dhèngklèh.
sêmplak :
êngg. kn. sêmplok.
sêmple :
êngg. kn. sêmplah.
sêmplèh, sêmplèk :
êngg. kn. sêmplok.
sêmplok :
kn. bujat, sêmpal pisah saka gathukane.
sêmpu :
kn. ar. wit.
sêmpug :
kn. bujêl, papak bangêt.
sêmpulur :
kn. gangsar, tansah kêrêjêkèn.
sêmpoyongan :
kn. mlaku sênggoyoran.
sêmporot :
pating [x] kn. muncrat mrana-mrana.
sêmprang :
kn. bngs. kêndhêla.
sêmprat-sêmprut :
pc. tansah nyêrot umbêl.
sêmprit :
1 ki. sisi; 2 kn. angkuping godhong suruh; 3 ([x]-an) kn. ar. piranti dianggo awèh têngara ênggone ngunèkake sarana disêbul: di-[x]-i: 1 ki. disisèni; 2 kn. diwèhi têngara sarana unining sêmpritan.
sêmprul :
êngg. kn. têmbako sing ala dhewe.
sêmprung :
mak [x] kn. katêranganing lunga (mabur).
sêmprong :
kn. 1 bumbungan piranti kanggo ndamoni gêni; 2 bumbungan kaca tutup diyan; 3 kèkêr; 4 ar. kuwih-kuwih; di-[x]: 1 didamoni nganggo sêmprong; 2 dikèkêr, didêlêng nganggo sêmprong; 3 dienggalake matênge (wowohan sing mêntah) sarana dipanasi lan diêpêp.
sêmprot :
(-an) kn. piranti dianggo nyuratake banyu lsp; di-[x](i): disiram lsp. sarana sêmprot; di-[x]-ake: 1 disiramake sarana sêmprot; 2 disêmburake.
sêmrawang :
kn. ora rapêt (rêntêt) tmr. tênunan lsp.
sêmrinthil :
pc. agahan mèlu (mlaku, gêlêm).
sêmriwing :
kn. krasa isis bangêt, rasa kaya rasaning adas.
sêmrobot :
êngg. kn. wiwit tuwuh kêtêl tmr. pari.
sêmromong :
êngg. kn. krasa panas.
sênaja, sênajan :
êngg. sênadyan.
sênagi :
(-a) êngg. sênadyan.
sênag-sênig :
êngg. pc. rasaning ati sumêlang.
sênaos :
(a) êngg. k. sênadyan.
sênapan :
kn. bêdhil.
sênar :
(W) kn. kawating rêbab, crêmpung lsp.
sênasa :
êngg. k. sênadyan.
sêndarèn :
kn. pring diwangun kaya gêndhewa cilik didokoki sêndhêng iratan pring ut. godhong gêbang dipasang ing layangan yèn katampêg ing angin bisa muni.
sêndari :
kn. ak. sêndarèn.
sêndawa :
I kn. bngs. manuk sriti. II kn: 1 jasad sing digawe obat; 2 êngg. k. obat.
sêndawi :
êngg. k. sêndawa.
sêndika :
kn. sandika.
sêndut :
êngg. kn. kêdut.
sênjata :
k. bêdhil.
sênjata-pitulung :
kn. bantu sarta pitulungan.
sêndhakêp :
êngg. kn. sidhakêp.
(sêndhal) :
di-[x] kn. ditarik ngêgèt (tali lsp).
(sêndhal-mayang) :
di-[x] kn. ditarik (dijêbol) ngêgèt (tmr. sukma saka ing badan lsp).
sêndhal-pancing :
kn. diulur banjur disêndhal (didudut).
sêndhang :
kn. bêlik gêdhe ing pagunungan lsp; [x] kaapit pancuran: sêdulur têlu lanange loro wadone siji; pancuran kaapit sêndhang: sêdulur têlu wadone loro lanange siji.
sêndhêng :
êngg. kn. talining gêndhewa.
sêndhêt :
kn. rêndhêt, ora bancar iline.
sêndhi :
êngg. kn. congkok, sikilan, ganjêl; kc. sumêndhi.
sêndhu :
kn. swara sêntak (sêrêng); di-[x]: diwaoni kalawan swara sêntak (sêmu nyrêngêni).
(sêndhul) :
di-[x] êngg. kn. disundhul.
(sêndhol) :
di-[x] pc. disondhol.
sêndhon :
kn. 1 gamêlan (binarêngan ing têtêmbangan).
sêndhon-waon :
kn. sênêng nyêndhu lan maoni; kc. sêndhu.
sêne :
êngg. k. uyuh, nguyuh.
sênèn :
kn. ar. dina sing kapisan; [x]-an êngg: watangan ing dina sênèn.
(sênèn) :
di-[x]-i êngg. pc. disrêngêni.
sênenjong, sêninjong :
êngg. kn. 1 sêga karo lêlawuhan dicampur-adhuk; 2 campur-adhuk.
sênengga :
êngg. pc. manawa, saupama.
sênès :
êngg. k. 1 seje, liya; 2 dudu; kc. sanès.
sênèt :
mak [x] êngg. pc. krasa kaya dicocog (kêna gêni lsp).
sênèwên :
êngg. pc. lara saraf, rada gêndhêng.
sênêb :
kn. saèm. sêbah.
sênên :
kw. 1 sorot, cahya; 2 endah, kaendahan; ka-[x]-an: kasorotan.
sênêng :
kn. 1 dhêmên marang; 2 bungah sarta marêm; di-[x]-i: didhêmêni, dikarêmi; [x]-[x]: nglêlipur ati supaya sênêng.
(sênêt) :
[x]-an kw. ndhêlik, umpêtan; pa-[x]-an: pandhêlikan.
sêni :
êngg. k. uyuh, nguyuh.
sênig-sênig :
êngg. pc. dhêg-dhêgan marga sumêlang.
sêniyèn, sêniyin :
êngg. k. biyèn.
sênik :
kn. 1 bngs. tenggok; 2 êngg. bngs. kopyah.
sêninjong :
kn. kc. sênenjong.
sênit-sênit :
kn. krasa kaya dijiwiti.
sênuk :
kn. ar. kewan (tapir).
sênunggal, sênunggil :
pc. k. siji.
sênut-sênut :
kn. saèm. sênit-sênit.
sêntak :
I kn. wêngku sing digawe ngêncêngake wlulanging trêbang, kêndhang lsp. II kn: têtêmbungan sing sêrêng sarta ngêgèt; di-[x]: 1 disrêngêni kanthi swara ngêgèt; 2 disêndhal, dikagètake.
sêntana :
I kn. 1 sanak sêdulure priyayi

--- 557 ---

sêntani ~ sêngir.

gêdhe; 2 êngg. pangiring sarta brayate lurah desa. II êngg. k: pakuburan.
sêntani :
kw. bantal.
sêntèg :
kn. katêranganing ngênêtake wlira ing tênunan; [x] sapisan anigasi pr: gunêman sapisan dadi; di-[x]: 1 diênêtake ngêgèt supaya madhêt (tmr. tênunan lsp); 2 disêkul, disur (ênggone, pangkat lsp).
sêntèlèng, sêntèlêng :
pc. 1 andhan-andhan, jlagragan; 2 kaklumpukaning barang-barang kang dipitontonake.
sêntika :
kw. pintêr ulah gêgaman.
sêntil :
kn. 1 daging nyênil ing sadhuwuring poking ilat; 2 jêpatan ing bêdhil, kala lsp.
sênting :
êngg. kn. ar. klambi (wong lanang).
sêntlap-sêntlup :
pc. tansah nyêrot umbêl.
sêntug :
mak [x] pc. mambu kang ora enak sumêgrak.
sêntul :
kn. ar. wit.
sêntut :
pc. sabuk wlulang.
sêntoyang-sêntaying, sêntoyongan :
kn. sêmpoyongan, sênggoyoran.
sêntolo :
I êngg. kn. bngs. planggrangan prau, pathokan. II êngg. kn: ar. woh bngs. durèn.
sêntolop :
lampu [x] kn. bngs. lampu gantung.
(sêntor) :
di-[x] kn. 1 digrujug (dikentasake) ing banyu; 2 (ut. di-[x]-ake) dikatogake, diporake.
sêntosa :
kn. kc. santosa.
sêntrap-sêntrup :
pc. tansah nyêrot umbêl.
(sêntrong) :
di-[x] êngg. kn. dicêngkolong.
sênthak-sênthuk :
kn. tansah nangis (monthak-manthuk).
sênthar-sênthir :
pc. kêmpas-kêmpus (udud).
sênthèt :
I pc. panas (tmr. srêngenge); di-[x]-ake pc: 1 diglanthang, dipepe; 2 digawe panas atine. II êngg. kn: bênthèt. III di-[x] kn: dijupuk (tmr. lawe ing pangantihan).
sênthêng :
kn. 1 tali lsp. sing dipanthêng; 2 (kayu [x]) kayu, wilah lsp. sing dicuwakake malang (ing andha lsp); graji [x]: graji sing nganggo tali dipanthêng.
sênthiyêng, sênthiyêr, sênthiyot :
mak [x] pc. katêranganing lunga (mangkat lsp) rêrikatan tanpa sêbawa.
sênthir :
kn. 1 diyan cilik nganggo ucêng-ucêng (sumbu); 2 (mak [x]) pc. mancur cilik.
sênthit :
I kn. swaraning sêmpritan sêpur lsp. II di-[x]-ake êngg: diunthêt, dislingkuhake.
sênthuk-sênthuk :
pc. sênthak-sênthuk.
sênthong :
(-an) kn. guthêkan ing sajroning omah (dianggo papan turu lsp); [x] têngah: sênthong ing têngah-têngahing omah buri (dianggo nêmokake pangantèn lsp).
sênthot :
mak [x] pc. katêranganing lunga (mangkat, mlayu lsp) rikat.
sêng :
I mak [x] pc. katêrangan sumêbaring ambu sing ora enak. II êngg: sangka.
sêngadi :
kn. api-api, pawadan.
sêngados :
k. ak. sêngadi.
sêngaja :
êngg. pc. njarag; di-[x] êngg. pc: dijarag; 2 pancèn diniyati ing sadurunge.
sêngak :
kn. ambu sing sumêgrak (kaya ambuning cokak).
(sêngap) :
di-[x] kn. disêndhu sarta disêntak.
sêngar :
kn. pêngar.
sêngara :
1 kw. wêwêlak sing njalari cabar (wurung lsp); 2 kn. ak. prasêtya ora bakal nglakoni; 3 êngg. mokal, nglêngkara yèn kêlakon; disêngarakake kw: ditibani sêngara (wêwêlak).
sêngèn :
I êngg. k. biyèn. II di-[x]- êngg: disrêngêni.
sêngenge :
pc. srêngenge.
sêngèr :
mak [x] pc. mak cêngèr.
(sêngên) :
di-[x] pc. disrêngêni.
sênggak :
(-an) kn. nywara giyak arame mbarêngi (nyambungi) unining gamêlan (sindhèn); di-[x]-i: dibarêngi ing sênggakan.
sêngganèn :
kn. ar. gamêlan, gêdhah.
sênggani :
kw. 1 barung ing swara (cahya lsp); 2 sêngganèn.
sênggang :
1 êngg. k. sêla; 2 êngg. k. mayar; 3 ki. waras.
(sênggara) :
di-[x] kw. disapa (diaruh-aruhi) kalawan manis; di-[x] macan kw: digêtak, dipêksa.
sênggata :
êngg. k. suguh; kc. sugata.
(sênggèh, sênggih) :
di-[x] êngg. kn. disêngguh.
sêngglèng-sêngglèng :
pc. (tangane) dhêngklèh-dhêngklèh.
sêngguh :
I kn. 1 êngg. dhiri, ora sumlondhoh; 2 êngg. duwe ambêk kaya; di-[x]: dikira, dianggêp kaya. II di-[x] êngg. kn: disêmbuh.
sênggung :
kn. bngs. rase sing mawa ambu ora enak.
sênggur-sênggur :
kn. pêpindhan swaraning wong ngorok.
(sênggut) :
nyênggut kn. mangan sukêt ing pasukêtan tmr. sapi lsp.
sênggutru :
kn. calon kinjêng (sêmprang) sing isih ana banyu.
sênggoyongan, sênggoyoran :
êngg. kn. sêmpoyongan arêp tiba.
sênggor-sênggor :
kn. sênggur-sênggur.
(sênggrak) :
di-[x] pc. disênggrang.
sênggrak-sênggruk :
kn. 1 sêntrap-sêntrup; 2 nangis mingsêg-mingsêg.
(sênggrang) :
di-[x] kn. disêndhu (dinêpsoni) kalawan sêrêng.
(sênggrèk) :
di-[x] pc. disènggèt.
(sênggrèng) :
di-[x] kn. digosok (diunèkake) tmr. rêbab lsp.
sênggring-sênggring :
kn. kuru bangêt.
sênggruk :
kn. 1 têmbako lsp. dianggo ambon-ambon (sêrotan); 2 obat ambon-ambon dianggo nglêngêrake wong sing arêp dibêdhèl; di-[x]: 1 diamboni sênggruk; 2 diklêngêrake sarana sênggruk.
sênggruk-sênggruk :
kn. 1 sêntrap-sêntrup; 2 nangis mingsêg-mingsêg.
sênggrok-sênggrok :
kn. swaraning cèlèng, babi lsp.
sêngiyèn :
êngg. k. biyèn.
sêngik-sêngik :
kn. swaraning ambêkane wong mêngi.
sêngir :
kn. ambu kaya dene ambune jêruk purut.

--- 558 ---

sêngit ~ sêpit.

sêngit :
kn. 1 ora ngrêsêpake (njalari mangkêl) tmr. watak ut. têtêmbungan; 2 gêthing bangêt; nyêngit, nyênyêngit: ora ngrêsêpake, ora nyênêngake; di-[x]-i: digêthingi.
(sêngka) :
I nyêngka kn. 1 ndêdêr, munggah ndêdêr; 2 nyrêmpêng, ngêpêng; 3 nggayuh apa-apa kanthi rêkasa; 4 sing dhuwur (akèh, bangêt lsp) dhewe; disêngkakake: 1 (ing aluhur) br. dijunjung pangkate, dikulawisuda; 2 diunggahake, didhuwurake; 3 disrêmpêng, diêpêng; 4 dienggalake, dirikatake; kc. sêngkan, sumêngka. II pc: sangka.
sêngkayèg, sêngkayig, sêngkèyèg :
pc. ora kukuh (rusak) tmr. omah lsp.
sêngkala :
I kn. 1 têtêngêring taun sing sinandi ing têtêmbungan (ukara); 2 petungan taun; surya [x]: petungan taun miturut lakuning srêngenge; candra [x]: 1 petungan taun miturut lakuning rêmbulan; 2 têtêngêring taun sing sinandi ing ukara (têtêmbungan); disêngkalani: dicirèni angkaning taun; sêngkalan: ciri angkaning taun sing sinandi ing têtêmbungan, gambar lsp. II kn: cilaka, kêcilakan.
sêngkalang :
êngg. kn. rodha, blêngkêring rodha; kc. cêngkalang.
sêngkan :
I kn. 1 èrèng-èrèng lsp. sing ndêdêr munggah; 2 unggah-unggahan (saka asor munggah); 3 gêlakan tmr. pagawean; kc. sêngka. II wong [x] êngg: wong nênêka (ngamanca); kc. sangka.
sêngkang :
I 1 êngg. k. suwung; 2 ki. suwêng. II êngg. pc: sangka.
sêngkap :
êngg. kn. bngs. cêmpuling.
sêngkeyangan, sêngkèyèngan :
êngg. kn. sêmpoyongan.
(sêngkèk) :
I di-[x] êngg. kn. disêndhal kêndhaline supaya bantêr; kc. sêngkrak. II kn. ak: singkèk.
sêngkêl :
êngg. kw. sêdhih, susah; kc. sêkêl.
sêngkêlat :
kn. lakên.
(sêngkêlang) :
êngg. k. sêngkêlit.
(sêngkêlit) :
di-[x] kn. ditlêsêpake ing bangkekan (ing iringan ut. buri) tmr. panganggone kêris lsp.
(sêngkêr) :
di-[x]-i kn. 1 êngg. dibêthèki, dipagêri mubêng; 2 mligi disêdhiyakake kagêm para luhur tmr. wowohan lsp; 3 dipingit tmr. pangantèn wadon; 4 dikêkêr, digawe wadi; 5 k. dikurung(-i); [x]-an: 1 wit (wowohan lsp) sing disêngkêr; 2 pingitan; 3 k. kurungan.
sêngkil :
êngg. kn. rêkasa, ora gangsar, sêrêt ênggone watuk.
sêngklèh-sêngklèh :
pc. sêmplah-sêmplah tmr. lembeyan.
sêngkud :
kn. kalawan rêrikatan sarta mêmpêng; di-[x]: digêlak, disrêmpêng.
sêngkoyag-sêngkayig :
pc. ora kukuh (arêp rubuh).
sêngkoyang-sêngkoyong, sêngkoyongan :
kn. sêmpoyongan.
(sêngkrak) :
di-[x] kn. 1 disêndhal kêndhaline supaya bantêr; 2 pc. disênggrang, disêntak.
sêngkrang, sêngkring :
kn. krasa kaya dicocog ing kulite.
sênglèn :
êngg. kn. sêlèn.
sênguk :
I mak [x] pc. sengok. II êngg. kn: mambu bangêr (basêng). III [x]-[x] pc: swaraning ambêkan rêkasa.
sêngung :
kn. umbag, umuk.
sêngur :
I êngg kn. mambu bangêr (basêng). II êngg. kn: sêngung.
sêngol :
êngg. pc. songol.
sêngsêm :
kw. sênêng marang; agawe [x]-ing ati: nênarik ati; di-[x]-i: disênêngi; ke-[x]: kêladuk sênêng.
sêpa :
kn. tanpa rasa.
sêpada :
n. sêpaos k. pc. waspada.
sêpah :
I êngg. k. tuwa; kc. sêpuh. II kn: ampasing apa-apa sing dimamah (kinang lsp).
sêpai :
kn. prajurit bangsa Indhu.
sêpala :
kn. sêpele, rèmèh.
sêpan :
pc. mung trêp-trêpan bae.
sêpana :
kn. ar. dhapuring kêris.
sêpantên :
êngg. kn. sêpele.
sêpang :
kn. ar. wit sing digawe cèt abang.
sêpangat :
pc. pandonganing para Nabi.
sêparbang :
(W) kn. celengan ing kantor pos.
sêpasmat :
kn. ak. sêmat.
sêpasthika :
kw. pasthika, musthika.
sêpat :
kn. ar. iwak loh.
sêpata :
n. sêpaos k. pc. supata.
sêpatu :
kn. bngs. sêlop sing nlakup sikil.
sêpedhah :
êngg. kn. pit.
sêpèi :
kn. prajurit bangsa Indhu.
sêpèkuk :
(W) kn. ar. kuwih-kuwih.
sêpèksi :
(W) kn: pamriksa, mriksa.
sêpèktur :
(W) kn. juru mriksa.
sêpèl :
(W) pc. ajar (nglêlantih) bal-balan lsp.
sêpèlan :
(W) kn. ejaan tulisan.
sêpele :
kn. rèmèh, tanpa aji.
sêpèn :
(W) kn. 1 kamar wadhah panganan ut. rampadan; 2 (tukang [x]) juru ladèn.
sêpèrsi :
(W) kn. ar. sayuran.
sêpêkêt :
pc. supêkêt.
sêpên :
k. sêpi.
sêpêr :
kw. mampir, lèrèn.
sêpêrti :
n. sêpêrtos k. êngg. 1 kaya; 2 samangsa, manawa.
sêpêt :
I kn. 1 rasa kaya dene rasane sawo mêntah; 2 krasa tabêl kaya ngantuk tmr. mata. II kn: tabon, kulit krambil.
sêpêt madu :
br. lêgi bangêt.
sêpi :
n. sêpên k. ora rame (ora ana wong, swara lsp); 2 suwung, ora ana; 3 tanpa, ora kadunungan; [x] ing pamrih: ora duwe melik; ora [x]: ora towong, tansah; nyêpi: mênyang ing papan sing sêpi; nêpi, nênêpi: tirakat ing papan sing sêpi.
sêpiyun :
pc. mata-mata.
sêpir :
(W) kn. 1 (ut. tukang [x]) wong kang njaga kunjara; 2 (ut. [x]-an) êngg. pc. kunjara; di-[x] êngg. pc: dikunjara.
sêpira :
n. sêpintên k. pitakon nakokake kèhe; ora [x]: mung sathithik.
sêpiral :
(W) kn. bêbulêtan.
sêpit :
êngg. kn. têtak; di-[x]-i êngg: 1 k. disêmbêlèh; 2 ditêtaki; kc. supit.

--- 559 ---

sêpud ~ sêsêg.

sêpud :
(W) pc. rikat, kêsusu.
sêpuh :
I k. tuwa. II (ut. sêsêpuh) kn: waja dianggo ngatosake arit, pacul lsp; di-[x](i): 1 diatosake sarana dilapis ing waja tmr. arit lsp; 2 dituwakake warnane tmr. êmas; 3 didokoki jênu lsp. tmr. kali, banyu (arêp digolèki iwake).
sêpundi :
k. pc. kêpriye.
sêpur :
(W) kn. kreta api; nyêpur: nunggang sêpur.
sêpura :
n. sêpuntên k. êngg. pangapura.
sêpoh :
êngg. sêpuh.
sêpon :
(W) kn. ar. barang sing kapês-kapês dianggo piranti rêrêsik lsp. (asal saka kewan sêgara).
sêporêt :
(W) pc. ulah raga.
sêpragi :
kn. mrabot, pêpak saubarampene.
sêprana, sêprono :
n. sêprika k. nganti ing wêktu sêmana.
sêprana-sêprene :
n. sêprika-sêpriki k. wiwit dhèk sêmana têkan saiki.
sêprapat :
n. saprasêkawan k: 1 ¼; 2 2 ½ sèn.
sêpre, sêprèi :
(W) pc. lèmèk kasur.
sêprene :
n. sêpriki k. tumêkane saiki.
sêpritus :
(W) kn. ar. barang cuwèr sing enggal nguwab sarta bisa murub.
sêpta :
k. ak. doyan; kc. sapta.
sêptu :
kn. dina sing kaping nêm.
sêr :
I mak [x] pc. katêranganing mingsêr, ngalih lsp. II kn: lêr-lêraning tampar; [x] têlu: (tampar) lêr-lêrane rangkêp têlu.
sêrada, sêradan :
êngg. rada.
sêrak :
I kn. kapuk (sêrat nanas, gombal lsp) sing didokok ing watanging bêdudan (wadhah mangsi, wadhah malam panutulan) minangka saringan. II kn: krasa gatêl lan klêkêr-klêkêr ing gulu (gorokan).
sêrambi :
pc. pandhapaning mêsjid; kc. surambi.
sêrang :
I kw. trajang, têmpuh; di-[x]: ditrajang, ditêmpuh. II (ut. [x]-an) kn: peranganing prau kang ngarêp; juru [x]: bngs. lêlurahing punggawa prau.
sêrap :
I k. 1 surup; 2 êngg. pc. wêruh. II êngg. kn: kêlud; di-[x]-i êngg: dikêludi.
sêrat :
I kn. 1 salêraning gêdêbog, godhong nanas lsp; 2 galêr-galêraning kayu; 3 urating godhong. II k: 1 layang; 2 jungkat; dipun-[x] k: 1 ditulis; 2 dibathik.
sêrban :
kn. tulban.
sêrba-sêrbi :
êngg. pc. sarwa, sruwa-sruwi.
sêrbat :
kn. ombèn-ombèn nganggo jae lan bumbu liyane.
sêrbèt :
kn. 1 kacu; 2 pc. kacu lap. dianggo lap; di-[x]-i pc: dilapi.
sêrdu :
êngg. kn. sarju.
sêrju :
kn. kc. sarju.
sêrdhadhu :
kn. prajurit.
sêre :
kn. bngs. alang-alang sing godhonge mambu sêdhêp sêngir (dianggo bumbu, lênga lsp).
(sêrèt) :
di-[x] kn. disês ki. diudud tmr. candu; [x]-an: padha nyêrèt (madat).
sêrêg :
I êngg. kn. tau, sok. II êngg. kn: rikat, rêrikatan; di-[x](ake): 1 êngg. ditundhès, diujêg ing pitakon (panjaluk); 2 dirikatake, dienggalake; 3 êngg. dikon enggal (rikat); 4 ( - ing prakara) digugat, dikêlah(-ake); [x]-an: 1 srêpêgan, gêlakan tmr. pagawean lsp; 2 êngg. tundhêsan; 3 panggugat, kêlah. III êngg. kn: sorog. IV iso [x]-an kn: iwak iso (usus) sing cilik-cilik.
sêrêh :
kw. ak. suruh.
sêrêng :
I kn. kalawan grêgêt (kêras), rada nêpsu; di-[x]: 1 disrêmpêng, diêpêng; 2 ut. di-[x]-i) dinêpsoni. II kn: banyuning kulit jêruk; di-[x]: dikêcêri sêrêng (tmr. mata).
sêrêp :
k. surup.
sêrêtan :
kn. ([x] olèh) gampang ut. enggal olèh.
sêrêt :
kn. ora lobok, ora logro; 2 ora lancar tmr. gunêman; di-[x](ake): diulir lsp. supaya sêrêt; ke-[x]-ên: ora bisa kolu.
sêrga, sêrgi :
pc. swarga, swargi.
sêrik :
kn. lara atine; di-[x]-ake: dilarakake atine.
sêrikne :
êngg. pc. bêgja dene, tujune.
sêring :
êngg. kn. sok, kêrêp.
sêrit :
I kn. jungkat sing unton-untone lêmbut sarta rapêt (dianggo golèk tuma); sêsêrit: jêjungkat nganggo sêrit; di-[x]-i: dijungkati nganggo sêrit (digolèki tumane). II kn: timun ênom.
sêrkah :
êngg. kn. srakah.
sêru :
kn. 1 banter (ora lirih) tmr. swara; di-[x] br: disêngkudake, disrêmpêng; disêroni: ditandangi (ditindakake) kanthi sêru; disêrokake: dibantêrake, dibangêtake.
sêrung :
I kn. pang êrèn lsp. dianggo blongsong wit supaya aja dipènèki; di-[x]: 1 ditrapi sêrung; 2 br. disêngkêr, dikêkêr. II [x]-an kn: gêlakan, kanthi rêrikatan.
sêrut :
kn. ar. têtuwuhan.
sêrucun :
êngg. kn. sapangadêg (tmr. sandhangan).
sêro :
êngg. pc. sêru.
(sêrog) :
di-[x]-ake kn. diêntêbake, disèlèhake ngêgèt; kc. srog.
(sêrot) :
di-[x] kn. diisêp.
sêrsan :
(W) kn. pangkating sêrdhadhu.
sêrsan-mayor :
(W) kn. ar. pangkating sêrdhadhu.
sêrta :
kw. sarta.
(sêrtu) :
di-[x] kn. wis ora digape (dipêrduli, ditêpungi); sêsêrton: padha dene ora mêrduli (ora sapa aruh).
sêrwa :
êngg. pc. sarwa.
sês :
k. 1 udud; 2 rokok; 3 ki. sêrèt.
(sêsa) :
dipun-[x]-[x] k. disusu-susu; ke-[x] k: kêsusu.
sêsah :
êngg. k. 1 suruh; 2 susah.
sêsak :
kn. ora sêdhêng, ora amot (ora bisa mlêbu).
sêsêk :
kn. 1 kêbak bangêt (tanpa sêla, jêjêl); 2 rikat tmr. panabuhing gamêlan;

--- 560 ---

sêsêh ~ sêtrali.

3 cêkak sarta ora kêpenak tmr. napas; di-[x]: 1 dijêjêl, dikêbakake; 2 (di-[x]-ke) dirikatake tmr. panabuhing gamêlan; 3 (ut. di-[x]-ake) dienggalake, diajokake wêktune; [x]-an: rêrikatan tmr. panabuhing gamêlan; [x]-ên: cêkak sarta rêkasa ambêkane.
sêsêh :
kw. ak. susuh.
sêsêk :
êngg. pc. sêsak.
(sêsêl) :
di-[x]-i kn. dijêjêli, dilêboni (ditlêsêpi) apa-apa tmr. bolongan lsp.
sêsêp :
I di-[x] kn. diisêp, disêrot, dicêcêp; dipun-[x]-i k: disusoni; [x]-an k: suson. II di-[x]-ake kn: disusupake, ditlêsêpake.
sêsêr :
I (ut. [x]-an) kn. ar. ali-ali (ubêd rangkêp); di-[x] êngg: diubêngake bantêr. II di-[x](i) kn: dikon mbanjêl (nggêntèni) pagaweaning liyan; ke-[x]: kalah pêrange nganti kêplayu.
sêsi :
pc. sêksi, saksi.
sêt :
mak [x] pc. katêranganing nalèni.
sêta :
I kn. kc. asta. II k. ak: doyan; kc. sapta, sêpta, sêkta. III dipunsêtani pc: dipun-wastani.
sêtabêl :
(-an) kn. prajurit nggawa mriyêm.
sêtajab :
pc. mustajab.
sêtagèn :
kn. sabuk sing digawe bakal tênunan kandêl.
sêtaking :
(W) pc. mogok (ora gêlêm nyambut gawe).
sêtal :
(W) kn. gêdhogan.
sêtalèn :
êngg. pc. sêtali.
sêtali :
n. sêtangsul k. 25 sèn.
sêtalpèn :
(W) kn. gagang pèn.
sêtambuk :
(W) kn. buku cathêtan jênêng (salasilah).
sêtambul :
komidhi [x] kn. bngs. wayang wong cara Eropah.
sêtana :
êngg. kn. pakuburan.
sêtandar :
pc. jagragan pit, cagak diyan lsp.
sêtang :
kn. 1 kêndhali; 2 cêkêlaning pit.
sêtangan :
êngg. pc. sap-tangan.
sêtat :
(W) kn. layang klowongan kang diisèni katêrangan ing prakara warna-warna (pambayaran, lsp).
sêtata :
kc. satata.
sêtatit, sêtatitên :
(W) kn. wêwaton pêpacaking pakumpulan.
sêtatur :
pc. administratir.
sêtatsêblad :
(W) kn. kala-wartining nagara.
sêtatsiun :
(W) kn. papan êndhêg-êndhêgan sêpur.
sêtègêr :
(W) pc. planggranan[4] (andhan-andhan) pancikaning tukang-tukang kang nggarap omah.
sêtegram, sêtegrap :
pc. telegram, telegrap.
sêtèk :
(W) kn. turus (bibit pohung).
sêtèl :
(W) pc. 1 saprangkat tmr. patean lsp; 2 cocog (jodho); di-[x]: 1 diputêr tmr. jam, mêsin lsp; 2 dirakit; [x]-an pc: 1 rêrakitan, prangkatan; 2 kathok klambi (panganggo cara Eropah).
sêtèlêng, sêteling :
kn. kaklumpukaning barang-barang sing dipitongtonake.
sêtèm :
(W) kn. 1 swara; 2 laras; 3 cocog, jodho, mupakat; di-[x]: 1 dipilih sarana swara sing akèh dhewe; 2 dimupakatake; 3 dilaras.
sêtèmpêl :
(W) kn. cap.
sêtèn :
pc. asistèn-wadana.
sêteneya :
êngg. witikneya.
sêtèng :
kn. 5 dhuwit (± 4 sèn).
sêtêngah :
kn. 1 sêparo; 2 paroning sawutuh; 3 dumunung ing têngah-têngah; 4 50 sèn (sêtêngah rupiyah); 5 pc. magêl, mogol, rada gêndhêng; kc. têngah.
sêtêngah tuwuh :
kn. ± umur 35 taun.
sêtijab :
kn. mandi tmr. tamba lsp; kc. mustajab.
sêtiyar :
kn. istiyar.
sêtik :
kn. dondoman plipidan; [x] balik: plipidan diwalik; di-[x]: didondomi, diplipid.
sêtilah :
kn. 1 êngg. pc. cara, pratingkah; 2 pc. lêlakon sing wis dialami (dianggo tuladha); 3 pc. sêkarat.
sêtilpun :
kn. tilpun, telepun.
sêtin :
I kn. êngg. ar. cita. II êngg. kn: kênèkêr, dhir.
sêtinggar :
kw. bêdhil.
sêtingkul :
(W) pc. arêng watu.
sêtip :
kn. karèt dianggo mbusak tulisan.
sêtipar :
kn. donga nyuwun pitulungan marang Allah.
sêtir :
(W) pc. obengan dianggo nglakokake montor.
sêtiti :
kn. satiti, titi; disêtitèkake: ditamatake kalawan titi.
sêtiwêl :
(W) kn. wlulang urunging sikil.
sêtlika :
êngg. pc. sêtrika.
sêtu :
pc. dina Sabtu.
sêtuju :
pc. cocog, mupakat.
sêtum :
(W) kn. 1 mêsin sing dilakokake ing uwab; 2 mêsin sêpur (lokomotip); 3 mêsin dianggo nggilês dalan; 4 êngg. sêmprong lampu, pipa; di-[x] pc: digilês tmr. dalan.
sêtum-barkas :
kn. sêkoci.
sêtumbut :
(W) pc. kapal api.
sêtun :
êngg. kn. dêstun.
sêtunggal :
k. siji.
sêtunggil :
k. ak. siji.
sêtup :
(W) kn. ombèn-ombèn nganggo ampas wowohan.
sêtut :
I di-[x] pc: ditututi banjur dilancangi. II pc: congkok, cuwak. III pc: tomprang ing mainan nganggo kêrtu gêdhe. IV kn: 1 pungkasaning sabuk wlulang; 2 sabuk.
sêtokêr :
(W) kn. tukang njaga gêni ing lokomotip.
sêtolêp, sêtolup, sêtolop :
(W) kn. kc. sêntolop.
sêton :
kn. ak. watangan ing dina Sabtu.
sêtop :
(W) pc. mandhêg; di-[x]: 1 diêndhêg, diêndhêgake; 2 dilèrèni, ora dibanjurake, ditutup.
sêtoplas :
(W) pc. papan êndhêg-êndhêgan trèm.
sêtoplès :
(W) êngg. pc: 1 gêndul; 2 lodhong gêlas.
sêtor :
(W) pc. pasok dhuwit; di-[x]-ake: dipasokake.
sêtori :
êngg. pc. padu, padudon, tukaran.
sêtotêr :
kn. kêrtu gêdhe (wêton Eropah); [x]-an: main nganggo kêrtu gêdhe.
sêtrali :
kn. ar. lampu.

--- 561 ---

sêtrap ~ sigar sêmangka.

sêtrap :
(W) pc. paukuman (ing pamulangan lsp); di-[x]: diukum, dirès.
(sêtrèk) :
di-[x] êngg. kn. disèrèt saka ing alas nganggo sapi (kayu glondhongan).
sêtrèn :
kn. sawah ing têpining kali.
sêtrèng :
(W) kn. 1 talining kêndhali; 2 kêras bangêt.
sêtri :
êngg. k. wadon; kc. sêtrèn.
sêtriya :
pc. satriya.
sêtrik :
pc. 1 dhasi kupon; 2 ([x] orkès) musikan.
sêtrika :
kn. ar. piranti dianggo ngêlus klambi lsp; di-[x]: diêlus nganggo sêtrika tmr. klambi lsp.
sêtrikêl :
êngg. pc. 1 kêjêngklok tmr. jaran; 2 kapitunan akèh tmr. dêdagangan.
sêtriko :
kn. triko.
sêtrilam :
êngg. kn. sêtrali.
sêtring :
êngg. kn. talining kêndhali; kc. sêtrèng.
sêtrip :
(W) kn. 1 galêran, gêrêtan ing tèrmometêr lsp; 2 pita lsp. têtêngêring pangkat kapasang ing gulon (lêngênan); 3 (sa-[x]) 1 mm.
sêtripu :
êngg. kn. cripu.
sêtriwêl :
kn. sêtiwêl.
sêtruksi :
(W) kn. pêpacak.
sêtrup :
(W) kn. jurjuran gula dicampuri banyuning wowohan.
sêtroli :
êngg. kn: 1 lampu dhudhuk; 2 lênga patra.
sêtya :
(-tuhu) kn. tansah mantêp ing pasuwitane, ora gêlêm nglungani bêndarane lsp. sênadyana wis ora ana pamrihe (ana bêbaya lsp); disêtyani: 1 dituhoni; 2 dijanjèni, disaguhi; sêtyan(-an) ak: sêmayan, kêncan.
sêca :
pc. sêtya; sêcan pc: sêmayan, kêncan; kc. sêtya.
sêcang :
kn. ar. wit (sok dianggo ngabang).
sêthapruk :
pc. akèh bangêt.
sêthekrak, sêthekruk :
pc. akèh bangêt.
sêthêmlik, sêthêmlok, sêthêmplik :
pc. sêthithik.
sêthiya, sêthi wae :
êngg. pc. mêsthi bae.
sêthithik :
n. sêkêdhik k. ora akèh.
sêthuling, sêthumil, sêthumlik :
êngg. pc. sêthithik.
sêwalang-walang :
pc. rusak (ajur, rêmuk) babar pisan.
(sêwèk) :
di-[x] êngg. kn. disuwèk.
sêwêng :
êngg. k. suwung.
sêwidak :
pc. 60.
sêwiwi :
pc. suwiwi.
si :
I n. pun k. nyêbutake jênênging wong lsp. (ora ngajèni). II êngg. kn: 1 ta!; 2 jêr, jênèh.
sibar :
kn. tamba sing usar-usarake[5] ing dhadha (gulu, tênggok); di-[x]-i: diusar-usari sibar.
sibat :
wc. musibat; kêna ing [x] ks: têmbung pamisuh.
sibin, sibing :
adus [x] kn. rêrêsik badan sarana dilap ing kacu lsp; di-[x]-i: dilapi.
siblon :
êngg. kn. ciblon.
sibu :
pc. êmbok, biyung.
(sibrat) :
di-[x]-ake kn. disebratake.
sida :
n. siyos k. ak. (sa-)èstu k: kêlakon têmênan, ora diwurungake; disidakake: dilulusake, ora diwurungake.
sidadal :
kn. sêdadal.
sidaguri :
kn. ar. wit.
sidarsi :
(S) kw. ak. pandhita putus, dewa.
sidawayah :
kn. ar. wit.
sida wurung :
êngg. têmahane ora sida (ora dadi).
sidêha :
kw. siduwa.
sidêkah :
kn. 1 (awèh) dana marang wong kang kêcingkrangan; 2 slamêtan; di-[x]-ake: didanakake marang wong kang kêcingkrangan.
(sidêp) :
di-[x] kn. dianggêp.
sidi :
(S) kw. ak. sampurna, kêlakon ing sinêdya.
sidik :
kn. 1 nyata, sanyata; 2 waskitha, wêruh ing sadurunge winarah; di-[x]-ake: dinyatakake, dipriksa.
(sidikara) :
di-[x] kw. dipuja, didongani, ditibani mantra.
siduwa :
kn. linggih tangane nyêngkah lêmah (dhêngkul).
siji :
n. satunggal k. 1; sijine: liyane; siji-sijine: sabên siji.
sijok :
êngg. siji.
sidhakêp :
kn. tangane kasèlèh mrapat dhadha ut. têmpuk tumpang tindhih; di-[x]-ake: ditata tangane sidhakêp.
(sidhang) :
di-[x] kn. diparo sarana diiris (ditêkuk, dilêmpit) nyerong (kaya ikêt); [x]-an: 1 serongan tmr. garis lsp; 2 ar. coraking bathikan.
sidhang-siring :
kn. (nganggo [x]) nganggo dirêmbug bisane ora ana sing kapitunan.
sidhat :
I kn. bngs. wêlut. II nyidhat êngg. kn: ngencos (nrabas) murih luwih cêdhak; [x]-an: sêmpalan (simpanganing) dalan ut. kalèn.
sidhêkah :
kn. kc. sidêkah.
sidhêku, sidhêkul, sidhêkung :
kn. linggih ngrungkuk tangane dipadalake ing pupu.
sidhêkus :
kn. linggih sikile ditêkuk dhêngkule dumunung ingarêp dhadha.
sidhêm :
kw. sirêp tanpa sabawa; di-[x] kn: digawe wadi, ora dikandhak-kandhakake tmr. prakara lsp; (sê-) [x]-an: mênêng-mênêngan tanpa pêpoyan, dhêdhêmitan.
sidhêm-prêmanêm :
kw. sêpi (nyênyêt) bangêt.
sidhum :
êngg. kn. eyub, edhum.
sigak :
êngg. pc. têtêmbungan dianggo nggusah asu lsp.
sigan-sigun :
kn. (ora [x]) ora nganggo rikuh.
sigar :
kn. 1 pêcah paro byak; 2 ½ dhuwit; 3 êngg. ½ sèn; 4 êngg. têngah, up. karo [x] (1½), têlu [x] (2½), kapat [x] (3½); di-[x]: diparo byak; [x]-an: 1 paron, kang wis disigar; 2 êngg. diwilang nganggo dhuwit sigar (½ dhuwit).
sigar jambe :
kn. wêwangunaning lambe ingisor lan ing dhuwur padha kandêle sarta tumangkêb dhamis.
sigar jantung :
kn. wanguning wilahan tumbak ut. dhapuring kêris.
sigar pênjalin :
kn. ali-ali (gêlang) sing wangune kaya pênjalin disigar (ora gilig).
sigar sêmangka :
kn. diparo bênêr.

--- 562 ---

sigawe ~ silar.

sigawe :
kn. ar. wit.
sigêg :
kn. 1 mandhêg, pantog tmr. dalan; 2 ora dibanjurake tmr. crita; 3 matèni tmr. wanda (ing paramasastra); 4 br. cugag, judhêg; di-[x]: 1 dicugag, diêndhêgake tmr. crita; 2 dipatèni (tmr. wanda); sigêgên gênti kocapa br: crita sing uwis disigêg, banjur gênti nyritakake liyane.
sigi :
I kn. salêran-salêran lawe ing pungkasaning bakal tênunan (ora katut ditênun); pêra [x]-ne: isih anyar tmr. bakal tênunan. II disigèni kn: disujanani.
sigid :
êngg. kn. mêsjid.
sigit :
kw. bagus.
sigung :
êngg. kn. 1 kidhung, kau; 2 nyampar sikile dipênthalitake (tmr. dolanan bengkat).
sigun :
kn. (ora [x]) ora nganggo rikuh, ora wigih-wigih; kc. singgung, suminggun.
sigra :
I ki. waing. II kw: 1 rikat, enggal; 2 banjur, nuli.
sigrak :
êngg. kn. sarwa cukat (ora katon aras-arasên).
sigrêng :
kw. katon mawa prabawa (gêdhe ut. wingit bangêt).
sigrong :
kw. sigrêng.
sih :
I kn. 1 trêsna, katrêsnan; 2 kawêlasan; 3 pawèwèh kang mêtu saka kawêlasan (katrêsnan); di-[x]-i: ditrêsnani, diwêlasi; sih-sinihan: trêsna-tinrêsnan; kc. asih. II pc: isih. III êngg. pc: sigak, sikak.
sihung :
kw. siyung.
siya :
I êngg. kn. bngs. kalam (piranti dianggo nulis). II (ut. ambêk [x], [x]-[x]) kn: sênêng nganiaya, tumindak sawênang-wênang (tanpa wêlas); di-[x]-[x]: disawiyah-wiyah, disingkang-singkang.
siyaga :
kn. wis cêcawis.
siyal :
kn. sêbêl, tansah ora sêmpulur (ora bêgja).
siyam :
k. pasa.
siyang :
k. 1 awan; 2 êngg. panas.
siyas :
kn. bngs. dhokar.
siyasat :
(A) kn. siksa, paukuman; di-[x]: dipilara, disiksa.
siyèn :
êngg. k. biyèn.
siyub :
pc. eyub.
siyung :
kb. 1 untu lancip (antarane bam karo untu ngarêp); 2 irah-irahan (perangan) ing bawang ut. salak; ngudang [x]-e Bathara Kala br: nêdya wani nampani gêgaman (lêlandhêp).
siyut :
kn. swara lumaraping angin; ora [x]: ora sudi.
siyos :
1 k. ak. sida; 2 êngg. k: siji.
sik, sikak :
êngg. pc. sigak.
sika :
(S) kw. ak. pucuk, kuncung.
sikantên :
êngg. k. sikara.
(sikang) :
di-[x] êngg. kn. disingkang-singkang.
sikara :
I kn. ngganggu-gawe, milara; di-[x]: diganggugawe, dipilara. II kw: tangan, bau; kc. kara. III (S) kw. ak: pucuk; kc. sika.
sikarini :
(S) kw. ar. têmbang gêdhe.
sikat :
I êngg. kn. cukat, trêngginas. II kn: 1 piranti dianggo ngrêsiki sing digawe rambut, kawat lsp. ditata rantap digarani; 2 êngg. lothèking cèt, labur lsp; 3 êngg. lirangan (gêdhang); di-[x]: 1 dirêsiki (digosok) nganggo sikat; 2 êngg. dilabur.
sikatan :
kn. ar. manuk (cingcinggoling).
sikêp :
kn. 1 ([x] gêgaman) nggawa (sadhiya) gêgaman; 2 êngg. wong padesan sing wajib gugur-gunung lsp; 3 (saka ing padesan) mênyang ing nêgara (panggonane lurah patuh lsp) sumêdya nglakoni ayahan (kawajiban); manikêp kw. nyêkêl, nyandhak; di-[x]: dirukêt (tangane dirangkulake ing awak); [x]-an: klambi lakên irêng dianggo pasowanan grêbêgan lsp.
siki :
I kw. siji. II êngg. pc: saiki. III (S) kw. ak: mêrak, gêni.
sikiah, sikyah :
(C) kn. ar. mainan.
sikik :
êngg. pc. dhisik.
sikil :
n. suku, sampeyan ki. 1 peranganing anggane badan sing nyangga awak; 2 cagaking kursi meja lsp; 3 peranganing gunung sing ngisor; pidak [x] jawil mungkur pr: wêwangsitan, sêkaitan; kc. suku.
sikir :
(A) kn. ngèlmu tênung (panggêndaman).
siku :
I kn. 1 êngg. pojok jêjêg, mangun pojok jêjêg; 2 êngg. blabag lsp. diwangun maju-têlu jêjêg (ut. apojok jêjêg) piranti dianggo nggambar lsp; 3 kw. sikut; sêsikuning gunung br: lêlêngkèhing gunung; di-[x]: disipat (diukur) nganggo siku. II (ut. sêsiku) kw: dêduka, bêbêndu; di-[x], disikokake ak: diwaoni, dicacad; ke-[x]: kêna bêbêndu (kêluputan).
sikut :
kn. blabak lsp. maju-têlu jêjêg (mangun pojok jêjêg) piranti nggambar lsp; kc. siku.
siksa :
(S) kn. pidana, paukuman; di-[x]: dipilara, diukum.
sila :
I kn. linggih kanthi tata; [x] panggung: sila dhêngkule diunggahake (kaya silane para-nyai); [x] tumpang: sila sikile sing siji ditumpangake ing pupu liyane (kaya dhalang); pasilan br: pajagongan; madal pasilan br: lunga saka ing pajagongan. II (S) kw: watu. III (S) kw. ak: watak, patrap, kalakuan.
(silad) :
di-[x]-i kn. diirati (pring, pênjalin); [x]-an: irat-iratan (sesetan) pring ut. pênjalin.
siladri :
(S) kw. gunung (watu).
silah :
(ut. [x]-[x]) êngg. kn. pilah-pilah, dhewe-dhewe; di-[x]-([x]): dipilah-pilah, didhèwèk-dhèwèkake.
(silak) :
di-[x]-ake kn. 1 diunggahake supaya ora pating krêmbyah tmr. rambut; 2 dibiyak (dicalikake); kc. sumilak.
silakrama :
kw. tata-krama; di-[x]: diaruh-aruhi (dibagèkake) kalawan alus (urmat).
silaning akrama :
kw: (nambut-) rabi (laki).
(silang) :
di-[x] êngg. kn. disilih.
silar :
kw. kc. singlar.

--- 563 ---

silat ~ sindhu.

silat :
kn. selat, bêselat.
silaturahmi :
kn. mahyakake kurmat sarta njaluk pangapura ing mangsa lêbaran (bakda pasa).
silèh :
I êngg. pc. jênèh. II pc: silih.
silêm :
kn. 1 amblês ing banyu; 2 ngilang, ora katon; nyilêm: amblês (mblêdhês) ing banyu; di-[x]-i: digolèki (dijupuk) sarana nyilêm; di-[x]-ake: diblêdhêsake ing banyu lsp.
silêp :
I kn. klêlêp ing banyu; di-[x]-ake: 1 disilêmake ing banyu; 2 ora dikatonake, didhêlikake; ke-[x]: klêlêp, kêtutupan banyu, ora katon. II kn: godhong gêdhang sing dianggo tutup liwêt sawise ditajini; di-[x]-i: ditrapi silêp.
sili :
kn. ar. iwak loh.
silib :
(ut. sêsiliban) kn. slingkuh, kanthi dhêdhêmitan (ora ngêdhèng); di-[x]-ake: 1 dilimpèkake; 2 dislingkuhake; 3 didhêlikake, diumpêtake.
silih :
I kw. gênti, gênti-gêntèn, up. [x] ungkih (gênti-gêntèn ngalahake); kc. sumilih. II di-[x] n. dipunsambut k. diampil ki: dianggo ing sawatara mangsa banjur dibalèkake; di-[x]-i: dililani nganggo yèn wis banjur dibalèkake; [x]-an: 1 barang kang disilih; 2 têmbung entar. III (sêsilih) kw: 1 jênêng; 2 pêparab, ajênêng. IV kn: rak, ta, jênèh.
silih-asih :
kn. warna loro ditunggalake (disêlang-sêling) tmr. pêndhok, bênik lsp.
(siling) :
di-[x] êngg. pc. diiling.
silir :
I êngg. kn. rada njomplang nisih tmr. traju lsp. II kn: abdi-dalêm sing rumêksa diyan ing kraton; di-[x](i) êngg. kn: diiling(i). III kn: 1 isis marga kanginan midid; 2 rada adhêm; 3 (ut. [x]-an) êngg. k. angin; di-[x]-i: dikêbuti amrih isis; ke-[x], ke-[x]-an: kanginan; kc. sumilir. IV êngg. kn: glabat, kulit tipis.
silit :
kn. 1 dalaning sêsukêr; 2 dhasaring cèrèt, kwali lsp.
silit-kodhok :
kn. balung pungkasaning ula-ula.
siluk :
êngg. kn. 1 growongan; 2 pêtêng marga rungkud.
siluman :
kn. bngs. dhêmit (lêlêmbut) kêdadean saka manungsa.
silo :
I êngg. pc. blêrêng, kêblêrêngên. II êngg. kn: siluk.
silsilah :
kn. ak. salasilah.
silsilan :
kn. rongèh, tansah obah tmr. pratingkah.
silwak :
kn. sêkilwak.
sima :
k. macan.
simah :
êngg. semah.
simak :
I êngg. êmbok, biyung. II pc: babag, lamak. III di-[x] kn: disêmak.
simbah :
pc. êmbah.
simbar :
kn. 1 bngs. anggrèk; 2 ([x] dhadha) rambut sing thukul ing dhadha.
(simbat) :
di-[x] êngg. kn. 1 dijaluk (disilih) sathithik; 2 disambat.
(simbing) :
di-[x]([x]) êngg. kn. diiling-ilingi, disawang-sawang.
simbun :
êngg. kn. ar. bakal.
simbung :
êngg. kn. sembong.
simbok :
pc. êmbok.
simêt :
pc. sathithik bangêt.
simik, simin :
êngg. pc. dhisik.
simit :
pc. sathithik bangêt.
(simpang) :
nyimpang kn. 1 nisih, sumingkir; 2 nlisir, nlisib saka paugêran; di-[x]-i: disisihi, disingkiri; [x]-an: 1 pêthukan padha dene nisih; 2 sêmpalaning dalan lsp.
simpar :
I êngg. kn. mênjila, sêpi. II di-[x] pc:1 disampar; 2 (di-[x]-[x]) dibuwang-buwang (ora diopèni); kc. kêsimpar.
simpe :
I di-[x] êngg. kn. dilimpe. II êngg. kn: blêngkêring rodha.
simpên :
kn. rawat, nyinggahake, nyingidake; di-[x]: 1 dirawati, disinggahake; 2 dikêkêr tmr. wadi.
simping :
I kn. bngs. kima. II kn: sumping. III di-[x] kn: ditata jèjèr-jèjèr tmr. wayang.
simpir :
I kn. ak. sèmpèr, sèngklèh; kc. kêsimpir. II di-[x] kn: diwilang nganggo kêthekan (cipoa).
simsin :
kn. ak. ali-ali.
sinamar :
br. digawe wadi, dikêkêr; kc. samar.
sinambat :
[x] ing wêwangi br: ajênêng.
sinandi :
br. digawe sandi (wadi); kc. sandi.
sinang :
kw. abang sumunar (sumorot).
sinangjana :
kw. waskitha, sidik.
sinangkalan :
br. ditêngêri angkaning taun; kc. sangkala, sêngkala.
sinangling :
br. disangling.
sinangsaya :
br. nêmahi sangsara; kc. sangsaya.
sinau :
kn. ajar, nggêgulang kawruh lsp; di-[x]: 1 diwulang, diajar; 2 digêgulang, dilêlantih.
sinaos :
êngg. k. sênadyan.
sinapan :
kn. ak. bêdhil.
sinar :
kw. sorot, cahya.
sinarawèdi :
sêdulur [x] kn. mitra sing wis kaya sêdulur.
sinaroja :
kw. 1 sarwa turah-turah; 2 dirangkêp; kc. saroja.
sinartan :
kw. dibarêngi, didhèdhèki; kc. sarta.
sinatmata :
kw. ditamatake; kc. satmata.
sinatriya :
br. satriya.
sinawung :
br. 1 disawung; 2 ([x] ing kidung) dikarang sarana kidung (têmbang); kc. sawung.
sinawur :
br. disawur-sawurake; kc. sawur.
sindap :
kn. rêrêgêd ing êndhas awujud putih nggatêli.
sindêr :
kn. 1 tukang mriksa (punggawa pabrik); 2 juru mriksa pamulangan.
sindik :
1 kn. pantèk cilik; di-[x]: disêsêli ing sindik. II di-[x]-ake pc: dinyatakake, dipriksa; kc. sidik.
(sindikara) :
kw. kc. sidikara.
sindir :
êngg. kn. tlèdhèk sarta pasindhèn; sêsindhiran êngg: sindhenan wêwangsalan lsp.
sindu :
(-upaka) kw. banyu, kali.

--- 564 ---

sindur ~ (singi).

sindur :
I 1 kw. abang ênom; 2 kn. lawon diabang ênom pinggirane putih (dianggo sabuk lsp). II êngg. kn: tlèdhèk; di-[x] êngg: diibing; kc. sindhir.
sindura :
(S) kw. abang ênom.
sinjang :
I k. jarit. II di-[x] êngg. kn: dipilah, didhèwèkake.
sindhat :
êngg. kn. singgat, sèt.
sindhèn :
kn. nêmbang mbarêngi gamêlan tmr. tlèdhèk; di-[x]-i: dibarêngi ing têmbang tmr. gamêlan; pa-[x]: tukang nyindhèni (tlèdhèk).
sindhèt :
(-an) kn. bundhêlaning tali (tampar lsp); di-[x]: dibundhêli tmr. tali lsp.
sindhi, sindhyan :
kw. ak. sindhèn.
sindhung :
(-riwut) kw. angin gêdhe, prahara.
sindhutan :
êngg. k. pête.
sineba :
br. diseba, diadhêp.
sinèh :
pc. jênèh.
sinewaka :
kn. lênggah diadhêp.
sinêbaran :
br. disêbari (ing kêmbang lsp); kc. sêbar.
sinêbit :
br. disuwèk; kc. sêbit; kupinge lir [x] br: nêpsu bangêt (nganti kupinge kaya disuwèk).
sinêbut :
br. disêbut, disêbutake.
sinêdya :
br. disêdya, dijarag; kc. sêdya.
sinêkti :
br. sêkti.
sinêlir :
br. dipilih, disihi.
sinêmèni :
udan [x] kw. adon[6] awor angin gêdhe.
sinêngkalan :
br. ditêngêri ing angkaning taun; kc. sêngkala.
(sinêp) :
di-[x] êngg. kn. disidhêm (tmr. prakara lsp).
sinêrtan :
br. kc. sinartan.
sinidikara :
kw. dipuja, didongani; kc. sidikara.
sinipi :
duka yayah [x] kw. nêpsu bangêt.
siniwi :
kw. diurmati, diseba (diadhêp); kc. siwi.
sinuba-suba :
br. diurmati bangêt kanthi pisuguh lsp; kc. suba.
sinudarsana :
kw. ditulad, ditiru; kc. sudarsana.
sinukarta :
kw. diaji-aji, dipêpêtri; kc. sukêrta.
sinuhun :
kw. disungga-sungga; Ingkang [x]: panjênênganing ratu.
sinung :
(-an) kw. diwènèhi; kc. sung.
sinungga-sungga :
kw. diurmati bangêt; kc. sungga.
sinuwun :
kn. kc. sinuhun.
sinom :
kn. 1 kw. pradapa; 2 godhong asêm ênom; 3 rambut sing pating clêkênthung ing pilingan; 4 ar. wanguning omah limasan nganggo èmpèr mubêng; 5 ar. têmbang maca-pat; 6 ar. dhapuring kêris; 7 (sang [x], sang lir [x]) kw. sang putri.
sinoman :
kn. 1 êngg. wong nonoman sing dadi paladèn ing padesan (yèn ana wong duwe gawe lsp); 2 êngg. paladèn ing pista (mantu lsp); 3 êngg. sambatan, tulung-tinulung ngêdêgake omah lsp; 4 êngg. rêroyoman, rêrukunan.
sinrah :
kw. dipasrahake; kc. srah.
singrang :
kw. ditrajang, ditêmpuh; kc. sêrang.
sinrasah :
br. disrasah.
sinta :
kn. ar. wuku kang kapisan.
sintên :
k. sapa.
sintrèn :
êngg. kn. bngs. sulapan, janturan.
sintru :
kn. 1 êngg. sapi; 2 katon wingit, (sêmu pêtêng); 3 êngg. wrana.
sinthing :
(-an) kn. 1 gombyoking layangan ing kiwa têngên; 2 jêntharing ikêt ing sakiwa têngêning mondholan.
sinthir :
I kn. bngs. dhadhu (lumahe ênêm). II êngg. kn: diyan cilik. III pc: rada kera (amba ciyut matane).
sinwam :
kw. sinom.
sing :
I êngg. pc. kang. II êngg: sangka. III êngg: ora. IV pc: sèng.
singa :
I [x] wong (wonge): sadhengah wong, sapa bae. II kn: bngs. macan (ulêse kuning sing lanang nganggo suri).
singabarong :
kn. 1 singa; 2 barongan.
singanada, singanabda :
kw. panggêroning singa.
singanêgara :
kn. ak. lêgojo (tukang ngukum kisas).
singangsana :
kw. dhampar.
singasana :
kw. dhampar.
singat :
k. sungu.
(singèk) :
di-[x] êngg. kn. 1 disok; 2 ks. disanggama.
singèn :
I êngg. k. biyèn. II kn: cithakan (tmr. logam); kc. singi. III di-[x]-i êngg: 1 diajak; 2 diajak gunêman tmr. kewan; kc. sèng.
singêb :
ki. kêmul.
(singêd) :
di-[x]-ake êngg. kn. disingidake.
singêl :
êngg. ikêt; [x]-an: ikêt-ikêtan.
singêr :
kn. 1 katon mawa prabawa; 2 êngg. wingit, angkêr.
singgah :
I (ut. [x]-an) kn. canthas sarta bingar, sigrak. II [x]-[x] kn: donga nyingkirake lêlêmbut ut. nyajèkake marang lêlêmbut; di-[x]-i ak: disingkiri; di-[x]-ake: 1 disingkirake; 2 disimpên, dirumati; kc. suminggah.
singgang :
kn. sêmèn (thukulan) pari sabakdane diênèni.
singgat :
kn. bngs. sèt; di-[x]-(i): diparud nurut sêrate tmr. krambil.
singgêl :
êngg. ikêt.
singgêt :
I êngg. kn. 1 cumpèn; 2 gêmi; di-[x]: 1 dicumpi; 2 diguthêk, diêlêt-êlêti; 3 êngg. digêmèni, diirit; [x]-an: êlêt-êlêt, guthêkan. II (ut. [x]-an) kn: 1 sênêng mogok tmr. jaran; 2 cugêtan atèn, sêdhihan.
singgih :
I kw. iya, mula nyata; ma-[x]: ngandêl, manut; ka-[x]-an kn: mula bênêr mêngkono. II kn: ngrênggêp pangkat; sugih [x]: sugih tur ngrênggêp pangkat luhur.
singgul :
kn. dhêplokan dringo bêngle diusarake ing pok kuping ut. dianggo pupuk (digawe srana nulak sawan lsp); di-[x]-i: dipupuki (diusari) singgul.
singgun :
kn. kc. sigun, suminggun.
singha :
(S) kw. ak. singa.
singhasana :
(S) kw. ak. dhampar.
(singi) :
di-[x] kn. dicithak tmr. logam (kuningan lsp).

--- 565 ---

(singid) ~ sirik.

(singid) :
di-[x](ake) êngg. kn. didhêlikake, diumpêtake; (sê)[x]-an: 1 êngg. umpêtan, ndhêlik; 2 dhêdhêmitan, sêsidhêman.
singir :
(A) kn. kidung pujian (saèm. dhikir); (sê)[x]-an: pêpujian.
singit :
êngg. kn. wingit.
singkab :
I kn. iringaning dhadha (sacêdhake kèlèk). II di-[x] kn: diungkabi, dibiyak.
singkal :
kn. 1 kayu ancêbing kêjèn (dianggo ngglebagake lêmah); 2 êngg. wluku gêdhe; 3 gêdhang ing lirangan sing pinggir dhewe; di-[x]: 1 êngg. diwluku; 2 diglebagake, disisihake.
(singkang) :
di-[x]-([x]) kn. disiya-siya, ditundhung-tundhung; di-[x]-ake êngg: disingkirake, ditundhung.
(singkar) :
di-[x]-ake êngg. disingkirake, ditundhung.
singkèk :
kn. 1 Cina sing isih totok; 2 êngg. anthèking juragan.
singkêl :
kw. susah, sêdhih; kc. sêkêl.
singkik :
kn. 1 sumingkir; 2 mbêbayani (angèl ambah-ambahane lsp); kc. sèngkèk.
singkin :
êngg. kn. saya.
singkir :
I kn. sikir. II di-[x]-i kn: disimpangi, dilungani; di-[x]-ake: digawa lunga, didohake.
singkur :
êngg. kn. pungkur, buri; di-[x]: 1 diungkurake; 2 ora digape, wis ditampik (diêmohi).
singkong :
êngg. kn. tela kaspa.
(singkrèh, singkrih) :
di-[x]-ake êngg. disingkirake.
singlar :
kn. 1 nyimpang, sumingkir; 2 mangsuli selak; di-[x]-i: disingkiri, disimpangi.
singlu, singlo :
kn. singup, wingit.
singluk :
kn. singlu.
singlur :
êngg. kn. liru, ijol; di-[x]-i êngg: diijoli, dilironi.
singlon :
(ut. sêsinglon) kn. 1 dhedhêmitan, winadi; 2 jênêng sing sinandi (samaran).
singub :
kn. 1 pêtêng sarta mêdèni (wingit); 2 pyan ing antarane saka guru.
singunên :
kn. krasa uwas (wêdi) marga ndêlêng jurang jêro bangêt lsp.
singsal :
(ut. ke-[x]) kn. 1 uwal kontal adoh; 2 kêtriwal, kêtlingsut.
singsèh, singsèk :
(C) kn. dhukun (tukang adol jamu) bangsa Cina.
singsêt :
kn. 1 kêncêng (ênggone nalèni); 2 ora kêndho tmr. pawakan; di-[x]-i: 1 (ut. di-[x]-ake) ditalèni singsêt; 2 diwènèhi pikukuh (calon pangantèn wadon); kc. paningsêt.
sing-sing :
pc. neka-neka, warna-warna.
singsot :
kn. gawe swara sarana lambe katangkêbake banjur disêbul; di-[x]-i: disasmitani sarana singsot.
sinyo :
kn. 1bocah lanang (bangsa Eropah); 2 pc. Walanda pranakan.
sipat :
I kn. 1 garis kêncêng; 2 tali (diangus) dianggo nglêncêng (murih ora mencang-mèncèng); 3 pênêr, lêncêng karo; di-[x]: 1 dipênêr, dilêncêng; 2 ditrapi sipat murih lêncêng; di-[x]-ake: dipênêrake, diênêrake; [x]-an: kang disipat. II di-[x]-i kn: disumurupi dhewe. III kn: tamba mata sarana diusarake ing mata; di-[x]-i: diusari tamba (tmr. mata). IV (A) kn: 1 kaanan; ut. wataking Allah; 2 kang kaanane kaya (awujud, arupa kaya); 3 êngg. sabên, anggêr; 3 êngg. barêng, samangsa; sêsipatan: rupa, wujud.
sipat banyu :
(-toya k); wrata kaya lumahing banyu.
sipat-gantung :
kn. 1 timbêl (kuningan) digantung dianggo nyumurupi jêjêg lan orane; 2 (garis [x]) garis jêjêg mangun pojok 900; 3 wis jêjêg (mangun pojok 900).
sipat kuping :
kn. mlayu bantêr bangêt.
sipat wong :
êngg. sabên (anggêr) wong.
sipêng :
1 êngg. k. bêngi; 2 k. nginêp.
sipêt, siprêt :
êngg. pc. sathithik bangêt.
sipi :
tan [x] kw: bangêt, kêluwih-luwih.
sipik, sipin :
êngg. pc. dhisik.
sipil :
kn. 1 ora ginantungan ing paukuman (tmr. prakara); 2 êngg. pc. rèmèh, sêpele.
sipir, sipwa :
kn. kêthekan Cina; kc. sêpir.
sir :
I pc. karêp, niyat, pangarah, melik; duwe [x] pc: duwe niyat arêp, duwe melik; di-[x]-i pc: dimelik, dipangarah; sasire pc. sasênênge, sakarêpe. II mak [x] pc: katêranganing ngisis lsp. III pc. wc: kusir.
sira :
1 kw. dhèwèke; 2 êngg. kowe (kb. ingsun).
sirah :
1 k. êndhas; 2 kn. (cacah [x]) dianggo petungan kèhing wong; 3 kn. tuking kali (sing gêdhe); sêsirah: saperanganing pasokan sing dhisik dhewe.
siram :
ki. adus; di-[x] kn: 1 (ut. di-[x]-i) disoki banyu (wrata); 2 ditutup ing bêbathèn liyane (tmr. kapitunan lsp); di-[x]-i: 1 ki. didusi; 2 kn. disoki (dicuri) banyu; [x]-an: 1 (ut. pa-[x]-an) ki. padusan; 2 kn. upacara ngêdusi pangantèn lsp; 3 êngg. imbuh; 4 pituwas.
sirap :
kn. gêndhèng kayu; di-[x]: ditrapi sirap.
sirara :
êngg. kn. godhong aking (alum).
sirat :
kw. pancuring sorot; di-[x]-i kn: 1 êngg. disirami; 2 diciprati banyu lsp; kc. sumirat.
sirèki, sirèku :
kw. 1 dhèwèke; 2 kowe; kc. sira.
sirêm :
kw. surêm.
sirêp :
kn. sarèh, sidhêm. mari panas (murub, rame, gègèr lap); di-[x]: dilêrêmake, disarèhake, diilangake panase (urube lsp); di-[x]-i: ditibani aji (donga) supaya padha turu.
sirêp bocah :
n. (-lare k): wayah sore kira-kira jam 8.
sirêp jalma :
(wong) kn. wayah bêngi ± jam 10.30.
sirig :
(ut. sêsirig) kn. mlaku sêmu mumbul-mumbul tmr. jaran; nyirig: mlaku sirig (tmr. jaran); di-[x]-ake: nunggang jaran digawe sêsirig.
sirih :
kn. 1 êngg. sarèh, lêrêm; 2 (sêsirih) ngêngurangi mangan ngombe ing sawatara.
sirik :
I kn. 1 êngg. êmoh, suthik, ora gêlêm; 2 ak. ora patut; di-[x]: 1 êngg. disingkiri, ditampik; 2 dicêgah, ditampik (tmr. panganan lsp) marga lagi nglakoni ut. dadi larangan; [x]-an: 1 pangan lsp. sing

--- 566 ---

sirikan ~ slabruk.

kudu disingkiri; 2 prakara sing kudu ditampik (didohi). II di-[x] êngg: ditarik tmr. toh lsp; [x]-an êngg: gantangan manuk.
sirikan :
kn. ar. pangkat.
siring :
I kn. mayat, miring sisih. II kn: ar. dolanan. III êngg. kn: 1 watês, têpi, pinggir; 2 (wong) jaban nêgara (desa lsp); 3 br. mungsuh. IV sêsiring kw: saka ingiringan. V di-[x] êngg: digiring.
sirkaya :
kw. ar. wit sarta woh.
sirkawin :
êngg. kn. srikawin.
sirna :
(S) kw. 1 rusak, lêbur; 2 ilang babar pisan; [x] marga layu: mati; ala [x]-ne: ora prayoga yèn ... (luwih bêcik ...); disirnakake: 1 dilêbur, dirusak; 2 diilangake babar pisan.
siru :
êngg. kn. suru.
siruk :
êngg. pc. cidhuk.
sirung :
kn. pêtêng asingup.
sirsa :
(S) kw. ak. êndhas, pucuk.
sirsak, sirsat :
kn. nangka sabrang.
sisa :
kn. turahan (pangan lsp); disisani: diturahi, diwènèhi sisa.
sisah :
êngg. k. susah.
sisan :
êngg. pc. pisan, babar-pisan; disisakake: dibabar-pisanake.
sisan gawe :
êngg. pc. dibarêngake ênggone nandangi.
(sisèt) :
di-[x]-i êngg. pc. disèsèti.
sisi :
kn. sêmprit ki. ngrêsiki (ngêtokake) umbêl ing irung; disisèni: dirêsike[7] umbêle.
sisig :
kn. 1 êngg. susur; 2 (lathi[8] ki) untune diirêng; di-[x]-i: diirêng untune.
sisih :
kn. (ênêr, lumah, ênggon) kang dumunung ing iringan (têpi), up. [x] kiwa, [x] kidul; nisih: mênyang ing sisih, sumingkir; di-[x]-i: didokoki têtimbangan; 2 êngg. disingkiri; di-[x]-ake: disèlèhake ing sisih, disingkirake; [x]-an: 1 kang dadi têtimbangan; 2 pc. bojo; 3 padha dene ana ing sisih.
sisik :
I kn. kuliting iwak loh, ula lsp. sing lêlingkapan. II [x]-[x] kn: ngêlus (ngongoti) pring lsp.
sisik-mêlik :
kn. kc. titik mêlik.
(sisil) :
di-[x](-i) kn. dicucuk (dipangan) karo dioncèki kulite.
sisilan :
êngg. kn. singsot.
sisip :
kn. luput, salah; nisip: mèncèng, ora pênêr.
sisip-sêmbir :
(-e) kn. luput-luput, kurang-kurang bêgjane.
sisir :
I êngg. kn. 1 jungkat; 2 lirangan gêdhang; 3 èmpèr, ampok. II di-[x] kn: 1 diirisi mayat kaya dikêrik (gula Jawa lsp); 2 êngg. diwluku sing kapindhone; kc. sèsèr.
sisya :
(S) kw. murid.
(sisrik) :
di-[x] êngg. pc. dikêsrik, dikêrik.
sistha :
(S) kw. ak. pinunjul, linuwih.
siswa :
kw. murid.
sita :
I ora [x]-[x] kw. ora taha-taha, grusa-grusu. II di-[x] kn: 1 digugat; 2 dibêskup (dirajadarbe) banjur dilelangake. III (S) kw: 1 adhêm, anyêp; 2 putih.
(sitah) :
di-[x] êngg. disita.
sitakara :
(S) kw. rêmbulan.
sitala :
(S) kw. ak. adhêm, anyêp.
sitangsu :
(S) kw. rêmbulan.
sitarêsmi :
(S) kw. rêmbulan.
sitèn :
I k. lêmahan; [x]-ên k: lêmahên. II pc: asistèn-wadana.
siti :
I k. 1 lêmah; 2 bumi. II kn: sêsêbutane bocah wadon (Arab).
sitingarah :
êngg. kn. istingarah.
sitinggil :
kn. papan sing dhuwur saburining alun-alun (pasowanan).
siti-payah :
kn. panguripan, pangan.
situ :
I êngg. kn. tlagan, blumbang; kc. sètu. II [x]-[x] êngg. kn: kêsusu, rêrikatan.
situn :
kn. jaetun.
sitok :
êngg. pc. siji.
sicok :
êngg. pc. siji.
sithèng :
êngg. kn. sabribil (½ sèn).
sithik, sithil :
êngg. pc. sathithik.
sithip :
êngg. kn. blobok garing.
sithok :
êngg. pc. siji.
siwa :
pc. sêdulure bapa-biyung sing tuwa; kc. uwa.
siwah :
kw. gèsèh, beda; di-[x]-i êngg: diblenjani, ora ditêtêpi.
siwak :
êngg. pc. siwa.
siwakan :
kn. blumbangan pinggir kali dianggo ngingu iwak.
siwal :
kw. sêmpal, cowèl.
siwalan :
kn. wit sarta woh tal (lontar).
siwamba :
kw. ak. banyu panguripan.
siwar :
kn. 1 êngg. kèpèt iwak sacêdhaking angsang (gigir); 2 brêngos kucing, cèlèng lsp.
siwat-siwut :
kn. sarwa kasar (grusa-grusu).
siwêg :
êngg. k. lagi; kc. sawêg.
siwêr :
I kn. irêng sêmu biru (tmr. warnane têlênging mata). II di-[x] kn: 1 êngg. disêngkêr, dipilah saka panunggalane; 2 disita (dibêskup).
siwi :
I kw. anak, bocah; sêsiwi: anak-anak. II di-[x] kw: diurmati, diadhêp (diseba).
siwil :
kn. drijine 6; [x]-an: pang trubusan (têlu lsp).
(siwir) :
di-[x] êngg. pc. disuwir.
siwul :
kn. pucuking wadung sing diancêpi pêsi.
siwur :
kn. cidhuk sing digawe bathok lsp. digarani.
(siwut) :
kn. kc. siwat-siwut.
(siwo) :
ma-[x] kw. gudêran, gojèg; disêsiwo, disiwoni: 1 diaru-biru, diganggu-gawe; 2 digidhuhi.
syadana :
(S) kw. ak. kreta.
(syang) :
ma-[x] kw. mbêngok, ngundang, nantang, ngajak.
syapa :
kw. ak. sapa.
syara :
kw. ak. swara.
syuh :
kw. lêbur, rusak, rêmuk.
slabar :
êngg. kn. kandha, kabar; di-[x]-i êngg: dikandhani, diwèhi wêruh.
(slabêr) :
di-[x] kn. dipèl (tmr. jrambah lsp.).
slabruk :
kn. kathok dianggo nalikane turu.

--- 567 ---

sladri ~ slêlêp.

sladri :
pc. slèdri.
sladhah :
kn. ar. sayuran.
sladhang :
pating [x] kn. padha sumèlèh malang; di-[x]-ake: disèlèhake malang (tmr. barang sing dawa).
slaga :
kn. têtapihing kêmbang.
slagang :
pating [x] kn. pating sladhang; di-[x]-ake: disèlèhake malang (ing papan sing dhuwur).
slagrang :
êngg. kn. kc. slagang.
slaka :
kn. kc. salaka.
slakang :
êngg. kn. wlakang.
slaka wêdhar :
kn. ak. undhi, diundhi.
(slakup) :
di-[x]-ake êngg. kn. ditlakupake.
slaman-slumun :
kn. sluman-slumun.
slambêr :
pating [x] pc. padha sêsambêran.
slambu :
êngg. kn. klambu.
(slambur) :
di-[x]-i êngg. kn. dicampur (tmr. wiji sing disêbar); [x]-an êngg: campuran warna-warna.
slambrang :
pating [x] êngg. kn. klambrangan.
slambruh :
êngg. kn. jumbuh (mèh padha rupane).
slamêt :
n. wilujêng k. sugêng ki: 1 ora ana sakara-kara; 2 luput ing bêbaya (kacilakan lsp); 3 waras, kawarasan; di-[x]-i: dianakake sidhêkah (kêndhuri) supaya slamêt; [x]-an: sidhêkah, kêndhurèn.
(slamur) :
di-[x] kn. dilêlali (kasusahane lsp) sarana nindakake pagawean, dolan-dolan lsp; kc. slimur.
slampar, slampêr :
êngg. kn. tampar dikolongi dianggo pancadan mêmènèk.
slandhok :
êngg. kn. slondhok.
slan-kas :
(W) kn. kantor pambayaran (kagungane nêgara).
slang :
(W) pc. pipa (usus-usus) karèt.
slangan :
êngg. kn. ora usah.
(slanggap) :
di-[x]-i kn. ak. diomongi., diajak gunêman; [x]-an ujar: gunêman, omong.
(slanggrang) :
di-[x]-ake pc. dislagangake.
slangking :
kn. ar. wit kayune digawe gambang.
slangkrah :
pc. sangkrah.
slangsang :
I kn. wadhah kêmbang (suruh lsp); kc. langsang. II pating [x] kn: padha pating crongat; kc. tlangsang.
slarak :
kn. 1 kayu (blabag) lèrègan dianggo palang êlêt-êlêt gêdhogan, kancing lsp; 2 êngg. palang antarane cagak loro; di-[x] êngg. pc: dilèrègake (disodhokake); kc. slorok.
Slasa :
kn. dina kang kapindho.
(slasab) :
di-[x]-ake kn. ditlêsêpake (trape mayat).
slasah :
kn. lari; di-[x]: dilari; kc. tlasah.
(slasak) :
di-[x] kn. disasak.
slasar :
kn. tlasar.
slasih :
I kn. ar. têtuwuhan sarta kêmbang. II pating [x] êngg. kn: bosah-basih, pating blengkrah.
slaton :
êngg. kn. galak, brangasan.
slawat :
kn. 1 sêmbahyangan; 2 dhuwit opahing ndonga (ndhikirake).
slawatan :
kn. têtêmbungan lagu Arab binarêngan ing têrbang.
slebok :
kn. gêdhe cêndhèk, gêndhêg.
slebor :
êngg. kn. tèdhèng rodha (supaya aja nyiprat-nyiprat).
slebrak :
kn. lèmèk lapak.
slèdèr :
(-an) kn. 1 nglirwakake wajib; 2 êngg. sênêng ngumukake sandhang panganggone.
slèdri :
kn. ar. sayuran.
slègrèng :
I kn. palang kayu ut. pring; kc. slagrang. II mak [x] (mak slègrêng) pc: (nyênyilih, mlêbu ing omah lsp) tanpa nêmbung.
sleyar-sleyor :
kn. mleyot ora kukuh.
sleyat-sleyot :
kn. sleyar-sleyor.
sleyoran :
kn. sleyar-sleyor.
sleyotan :
kn. sleyar-sleyor.
slekam-slekom :
pc. sluman-slumun.
sleko :
kori [x] êngg. kn. gapura (lawang) kang anjog ing desa (nêgara lsp).
slemar :
êngg. kn. lèmèk linggih sing digawe pring.
(slembat) :
di-[x]-ake êngg. kn. dilembatake.
slempang :
I kn. wlulang (samir, cita lsp) sing disampirake ing pundhak têrus ing dhadha; di-[x]-ake: disampirake ing pundhak kaya slempang. II êngg. kn: sumêlang, sangga-runggi.
slempatan :
kn. nglarapake watu ing lumahing banyu (supaya bisa mêncungul tundha-tundha).
slèndêr :
(W) kn. 1 bumbungan wêsi gêdhe; 2 bumbungan wêsi ing mêsin; 3 bumbungan; 4 giligan wêsi gêdhe dianggo nggilês dalan (dilakokake sarana mêsin ut. disurung); di-[x]: digilês tmr. dalan.
slendro :
kn. ar. larasing gamêlan.
slendhang :
kn. jarit sing dianggo ngêngêmban (ut. kasampirake ing pundhak).
(slènthak) :
di-[x] êngg. kn. dipengkal (ing jaran).
slènggrang-slènggrêng :
pc. nyênyilih tanpa têmbung; kc. slènggrèng.
slengkrah :
pating [x] pc. pating blengkrah.
slèngkrang :
mak [x], [x]-an pc. linggih sikile diunggahake (murang tata).
slèngkrèng :
mak [x] pc. mak slengkrang; sa-[x]-an pc: mung dianggo sadhela (tmr. sandhangan lsp).
slèngso :
êngg. kn. ora tata, pating jlêmpah.
slepe :
kn. cathok êmas (slaka).
slètêl :
(W) pc. kunci (ing mêsin lsp).
slewah :
kn. 1 warna paron (up. saparo abang, saparo irêng); 2 êngg. gèsèh, beda.
slewak :
kn. sêkilwak.
slewang-slèwèng :
kn. mencang-mèncèng saka ing dalane sing bênêr; kc. slèwèng.
slewar :
mak [x] pc. sanalika pêthal (pisah).
slewar-slèwèr :
kn. tansah pêthal (pisah).
slèwèhan :
êngg. pc. kalenan.
(slèwèng :
nylèwèng) kn. menggok (nyimpang) saka dalan sing bênêr; [x]-an: tansah nylèwèng.
(slèwèr) :
[x]-an kn. 1 tansah pêthal (pisah); 2 êngg. dalan (kalèn) simpangan.
slêbar :
pating [x] kn. mawut (sumêbar) mrana-mrana.
slêbrèh :
pating [x] kn. padha klèmbrèhan.
slêkak, slêkêk :
kn. cêkak bangêt, ciyut bangêt tmr. gulon lsp.
slêlêp :
êngg. pc. silêp ing banyu; di-[x]-ake: disilêpake ing banyu.

--- 568 ---

slêmbur ~ slumbat.

slêmbur :
pating [x] pc. padha nyêmbur.
slêmbrah :
pating [x] êngg. padha klèmbrèhan; kc. slebrah.
slêmbrèh :
pating [x] êngg. padha klèmbrèhan.
slêmêt :
I pating [x], [x]-[x] kn. krasa lara ing wêtêng. II dipangan [x] pc: dipangan gêgrêmêtan.
(slêmpêd) :
êngg. kn. kc. slêmpit.
(slêmpit) :
nylêmpit kn. dumunung ing antarane barang; di-[x]-i: ditlêsêpi; di-[x]-ake: ditlêsêpake ing antarane barang.
slêmprit :
pating [x] pc. padha ngunèkake sêmpritan.
slêndêp :
pating [x] pc. krasa kaya dicocogi; di-[x]-i pc: dicocogi; kc. slundup.
slêntêr :
mak [x] pc. enggal-enggalan lunga tanpa pêpoyan.
slêntham-slênthêm :
pc. (nindakake apa-apa) mênêng-mênêngan.
slênthang-slênthing :
kn. 1 tansah mambu sing ora enak; 2 pc. (krungu) pakabaran sing durung têrang.
slênthar-slênthir :
pc. thar-thir.
slênthêm :
I kn. ar. rêricikaning gamêlan (panêmbung sing wilahane mawa pêncu). II di-[x] pc: dijupuk tanpa têmbung; [x]-an: (nindakake apa-apa) mênêng-mênêngan, climèn.
slênthêr :
mak [x] pc. enggal-enggalan lunga tanpa pêpoyan.
(slênthik) :
di-[x] kn. 1 disêntèg ing driji sing ditêkuk banjur dijêpatake; 2 dipengkal (ing jaran).
slênthing :
mak [x] kn. dumadakan mambu apa-apa sing ora enak.
slênthir :
pating [x] pc. 1 padha udud; 2 padha lunga saka siji (ora bêbarêngan).
slêngêt :
mak [x] pc. dumadakan krasa angêt (panas).
slênggring :
pating [x] kn. katon padha kuru-kuru; kc. sênggring.
slênggruk :
pating [x] kn. padha nangis lsp. sênggruk-sênggruk.
slênggrok :
pating [x] kn. padha nywara sênggrok-sênggrok.
slêngkrang :
pating [x] kn. krasa kaya dicokoti; kc. sêngkrang.
slêngkring :
pating [x] kn. krasa kaya dicocogi.
(slêngsêng) :
di-[x] pc. digolèki mrana-mrana.
slêp :
mak [x] pc. katêranganing mlêbu.
slêpa :
kn. wadhah sing digawe nam-naman mendhong dianggo wadhah kinang.
slêpèn :
kn. wadhah rokok lsp. sing digawe namnaman mendhong lsp.
slêpêk :
kn. sêsak, ora longgar; kc. kêslêpêk.
slêpi :
êngg. kn. slêpèn.
slêra :
kn. wilah pikukuhing gêdhèg.
(slêsêp) :
di-[x]-ake pc. ditlêsêpake.
slêsih :
kn. tlêsih.
slêthêman :
pc. slênthêman, climèn.
(slibik) :
di-[x] êngg. kn. dilimpe, diapusi.
(slibuk) :
di-[x](ake) kn. (dhuwit ut. barang palsu) dipayokake (diwènèhake).
sligi :
kn. bngs. kayu cêndhak kiwa têngên lancip (dianggo tlorong lan piranti panênunan).
slikur :
I pc. 21. II êngg. kn: pantèk wluku; kc. tlikur.
slilit :
kn. turahaning pangan (daging) sing sumlêmpit ing sêla-sêlaning untu; mangsa dadia [x] pc. ora gandra sêpira; [x]-ên: (untune kêtlusupan slilit.
(slimur) :
di-[x] kn. dislamur.
slimut :
êngg. kn. kêmul dhèk (kamli).
slimpang :
êngg. kn. slempang.
(slimpe) :
di-[x] kn. dilimpe.
slimpêtan :
kn. umpêtan, ndhêlik.
slindhit :
pating [x] êngg. kn. menggak-menggok mbingungake tmr. dalan; [x]-an: pêpulêtan, ubêng-ubêngan ora karuwan.
slindhitan :
kn. ar. manuk bngs. bèthèt cilik.
slintru :
êngg. kn. sintru, wrana.
slingêr :
mak [x] kn. dumadakan menggok; nylingkêr: menggok dadakan (sêmu ndhêlik); di-[x]-ake: diingêrake.
slingkuh :
(-an) kn. 1 ora barès; 2 nganggo dhuwit lsp. sing dadi têtanggungane; 3 plingkuran, rikuh; di-[x]-ake: dianggo dhewe (tmr. dhuwit lsp. sing dadi têtanggungane).
slingsingan :
kn. pêthukan nanging sliringan (kêtlisipan).
slingso :
êngg. kn. kc. slèngso.
slira :
I kn. bngs. mênyawak gêdhe. II ki (êngg. kn): awak; [x]-mu, [x]-ne, kêng [x] pc: kowe (rada ngajèni); dislirani ki: diawaki (ditandangi dhewe lsp). III pc: ganêpe dadi atusan kurang ... (tmr. petungan ing mainan).
slira-sliri :
kn. mlaku lsp. bola-bali sarta kêrêp.
sliri :
pating [x] kn. slira-sliri.
sliringan :
kn. 1 mlaku pêthukan padha dene ana ingiringan; 2 mung beda (kacèk) sathithik.
slisiban :
êngg. kn. kliru, salah.
(slisip) :
I di-[x]-ake êngg. kn. ditlêsêpake. II [x]-an êngg. kn. kliru, salah.
slisik :
kn. dhidhis (ing wulu).
slisir :
kn. 1 nyimpang, mlèsèt, mèncèng; 2 ar. têmbang têngahan.
slisuh :
1 kw. sayah bangêt; 2 êngg. sumèlèh pating bêsasik; kc. lisuh.
slitha-slithi :
pc. tansah mlaku (liwat) wira-wiri.
sliwah :
kn. ak. slewah.
sliwar-sliwêr :
kn. katon pating sliri ora karuwan ênêre.
sliwêr :
pating [x], [x]-an kn. sliwar-sliwêr.
sliwing :
êngg. kn. nylèwèng.
(slubuk) :
di-[x]-ake êngg. pc. diblusukake, dislibukake.
(sludhah) :
di-[x] êngg. kn. disuguh akèh bangêt.
slugrak-slugruk :
êngg. kn. ngranggèh-ngranggèh ora tata.
sluku :
kn. linggih sikile slonjor; kc. saluku.
slukup :
kn. saèm. kopyah.
slulup :
kn. raine (êndhase) disilêpake ing banyu; di-[x]-i: disilêmi; di-[x]-ake: (raine, êndhase) disilêpake.
sluman-slumun :
kn. bludhas-bludhus ing êndi-êndi tanpa rêringa; sluman-slumun slamêt: sanadyan ugal-ugalan ewadene tansah slamêt bae.
slumbat :
kn. kayu lancip dianggo ngilangi [ngi...]

--- 569 ---

slumpring ~ suduk.

[...langi] (nèsèt) sêpêting krambil; di-[x](i): diilangi sêpête nganggo slumbat.
slumpring :
êngg. pc. clumpring.
slundap-slundup :
pc. 1 mlêbu mêtu (dom sing dianggo ndondomi); 2 tlêsap-tlêsêp.
(slundêp) :
di-[x]-i kn. dicublêsi, didèkèki apa-apa sarana dicublêsake.
(slundup) :
di-[x]-ake kn. 1 disurupake (bolah ing bolongan dom); 2 dicublêsake nganti mlêbu; 3 pc. dislibukake.
(slundhing) :
di-[x]-i êngg. kn. dibanjêl (diganti) ing sawatara mangsa; 2 disêlani ing tanduran liya; di-[x]-ake: dibanjêlake; [x]-an: 1 banjêl, sêsulih; 2 pagawean sambèn; 3 tanduran lsp. sing dianggo nyêlani (nylundhingi).
(slungsum) :
di-[x]-i êngg. kn. disulami (tmr. payon, nam-naman); [x]-an êngg: wlungsungan.
slup :
mak [x] pc. angslup (mlêbu) rêrikatan; di-[x]-i pc. dilêboni, ditlêsêpi.
slura-sluru :
kn. kêrêp kliru (luput) marga kêsusu.
slurup :
êngg. kn. slulup.
(slusub) :
di-[x]-ake kn. dislundêpake, dicoblosake.
slusup :
pating [x], [x]-an kn. tansah ngilang amblês (nlusup).
(slusur) :
di-[x] êngg. pc. ditlusur.
slutha-sluthu :
kn. mlêbu tanpa tata-krama.
sluwag :
pating [x] kn. pating krêmbyah tmr. rambut.
sluwir :
pating [x] kn. padha suwir.
slobog :
kn. ar. bathikan.
(slobok) :
di-[x]-i kn. dilêboni ing driji, tangan lsp. (tmr. bolongan, gêlangan, lêngênan lsp); di-[x]-ake: dilêbokake ing bolongan (gêlangan, lêngênan lsp); kc. lobok, slubuk.
slodha-slodho :
kn. sumlonong mlêbu.
slodho :
mak [x] pc. mlêbu tanpa tata-krama.
slogrong :
mak [x] kn. enggal katon gêdhe; [x]-[x]: katon gêdhe.
slohak-slohok :
pc. gêgunêman tanpa tata-krama.
sloka :
kn. kc. saloka.
slokan :
êngg. pc. kalenan.
sloki :
kn. gêlas cilik dianggo ngombe inuman kêras.
(slomod) :
di-[x] kn. dinyunyuk ing gêni.
slomprèt :
kn. 1 ar. unèn-unèn ênggone ngunèkake sarana disêbul; 2 tukang ngunèkake slomprèt.
slonang-slonong :
kn. kurang ajar, murang tata.
slondam-slondom :
êngg. kn. slonang-slonong.
slondom, slondop :
êngg. kn. klênyêm.
slonjor :
kn. (linggih) sikile digêjojorake.
(slondhoh) :
di-[x](i) kn. diaruh-aruhi (ditêpungi) kalawan andhap-asor (marga ngrumangsani yèn salah, ênom lsp).
slondhok :
kn. lèrèp, timangan (gêlangan) sing diingsat-ingsêt; di-[x]-ake: dilèrèpake dislorokake.
slonong :
pating [x] kn. padha murang tata.
slonthongan :
êngg. kn. 1 klonthongan; 2 blombongan, pipa, wuluhan; 3 wadhah layang.
slongopan :
êngg. pc. tansah angop.
slop :
kn. bngs. cênela.
slorogan :
êngg. kn. kothakan ing meja, pêthèn lsp. dianggo wêwadhah (pambukane sarana didudut); kc. slorok.
slorok :
kn. 1 êngg. slarak; 2 (ut. [x]-an) slorogan; 3 (ut. [x]-an) pêndhok sing ditrètès; pating [x]: padha têka nawakake apa-apa; di-[x]-ake: dilèrègake.
(slosor) :
di-[x]-ake pc. ditlosorake.
slotho :
êngg. kn. slêpèn.
smara :
(S) kw. sêngsêm, trêsna, katrêsnan; kc. asmara.
smaradana :
kn. ar. têmbang maca-pat.
smarandana :
kn. smaradana.
smita :
(S) kw. ak. mèsêm.
suba :
I (S) kw. endah, kaendahan, bêcik. II di-[x]-([x]) kn: disungga-sungga, diurmati bangêt.
subada :
(S) kw. ak. kukuh, sêntosa, mantêp, sêtya.
subaga :
(S) kw. ak. misuwur, bêgja bangêt, bagus.
subagya :
(S) kw. ak. bêgja bangêt.
subakti, subaktya :
(S) kw. ak. sungkêm bangêt.
subal :
kn. 1 apa-apa sing disêsêlake dianggo malsu; cêmara (sayèt) dianggo gêlungan; di-[x]: 1 êngg. pc. disêsêli; 2 dicampuri sing seje jinise (sing luwih ala), dipalsu.
subasita :
(S) kn. tata-kramaning pasrawungan.
subuh :
kn. wayah sêmbahyang esuk (jam 5).
subur :
I kn. bêcik thukule, katon lêmu-lêmu (ora lêlaranên). II di-[x] êngg: dilapis êmas (disêpuh).
suda :
kn. kalong, ora mundhak; di-[x]: dilongi, dicêngklong, dikurangi; sudan: cêngklongan, cowokan.
sudagar :
kn. wong dagang (gêdhe); sudagaran: dêdagangan.
sudagnyana :
kw. ak. alus bêbudène.
sudama :
I kw. lintang. II (S) kw. ak: mêndhung, sagara.
sudana :
(S) kw. ak. loma bangêt, sugih bangêt.
sudara :
kw. sêdulur.
sudarawèdi :
kw. mitra bêcik (mitra thing).
sudarma :
(S) kw. 1 ak. loma bangêt, bêcik atine; 2 bapa.
sudarsana :
kw. tuladha, têtuladan.
sudi :
kn. kalawan sarjuning ati, gêlêm ngrahapi; ora [x] ks: suthik, êmoh.
sudibya :
(S) kw. 1 luhur (sakti) bangêt; 2 pinunjul, linuwih.
sudigawe :
wuruk [x] kn. gawe rêrusuh, ngrêrigoni.
suding :
êngg. kn. tuding.
sudira :
(S) kw. kêndêl bangêt.
sudiradraka :
kw. ar. têmbang gêdhe.
suduk :
I kn. gêgaman sing dicoblosake (kêris lap); pêdhang [x]: pêdhang sing landhêpe karo sisih; di-[x]: dicoblos ing kêris lsp; ([x])-[x]-an: gênti-gêtèn[9] nyuduk; [x]-ên:

--- 570 ---

suduk jiwa ~ suku dirga.

krasa pating slêngkrang ing wêtêng.
suduk jiwa :
(slira) br. nglalu sarana nyuduk awake dhewe.
suduk maru :
kn. lading sing landhêpe karo sisih.
sudra :
(S) kw. wong asor; [x] papa: asor sarta nistha.
sujalma, sujanma :
kw. wong, manungsa.
sujana :
I kw. (wong) pintêr. II kn: sangga-runggi, disujanani: disanggarunggèni, dikawekani; sujanan: awatak sujana.
sujarah :
kn. 1 urut-urutaning salasilah; 2 êngg. nênuwun mênyang ing pakuburan lsp., jiyarah.
sujèn :
kn. iratan wilah lancip-lancip dianggo nyunduki sate lsp; di-[x]-i: disunduki ing sujèn; kc. suji.
suji :
kw. suduk, lêlandhêp; pancak [x] kn. pagêr rajêg wêsi.
suju :
I êngg. kn. gêndhuk (panyêbut marang bocah wadon). II [x]-ne pc: tujune.
sujud :
(A) kn. sumungkêm ndhungkluk (kaya yèn salat); [x]-an êngg. ki: dhêngkul.
sudha :
(S) kw. ak. 1 rêsik, tulus, suda; 2 mega.
(sudhah) :
di-[x] êngg. kn. didhudhah.
sudhang :
I êngg. kn. lodhong pring. II (di-[x]) kn: dicublês ing sungu; kc. sundhang.
(sudhat) :
di-[x] êngg. kn. disudhèt.
(sudhèt) :
di-[x] kn. 1 dicublês banjur dibêdhah (disuwèk); 2 dibêdhah banjur disimpangake tmr. kalèn lsp; [x]-an: kalèn simpangan.
sudhi :
kn. saèm. pincuk bundêr ing têngahe munggul lancip.
sudhiya :
kn. cêcawis, wis cêcawis; kc. sadhiya, sêdhiya.
sudhing :
êngg. pc. ora sudi, suthik, sungkan.
sudhung :
kn. 1 gêgrumbulan omah cèlèng; 2 omah (dianggo ngêsorake).
sugal :
kn. bêngis, songol tmr. têtêmbungan.
sugat :
êngg. sugata.
sugata :
kw. (êngg. k): suguh, pisuguh; di-[x]: disuguh.
sugèh :
êngg. pc. sugih.
sugêng :
1 êngg. kn. umuk, gumêdhe; 2 ki. slamêt; 3 êngg. ki. lêmu.
sugih :
kn. 1 duwe bandha akèh; 2 kadunungan apa-apa sing akèh, up. [x] kawruh; nyugihi: njalari sugih; ka-[x]-an bandha lsp; pa-[x]-an: sarana (jimat lsp) sing njalari bisa sugih.
sugih-singgih :
kn. sugih sarta ngrênggêp pangkat gêdhe.
sugya, sugyan :
kw: têrkadhang, sok, mênawa.
sugu :
êngg. kn. 1 wilah pring wuluh dianggo ngêlus; 2 bngs. lading; disugoni: 1 disogok ing sugu; 2 dilêboni kayu (tmr. kêrên lsp); disugokake: dilêbokake ing kêrên lsp. (tmr. kayu bong).
suguh :
( ut. sêsuguh) n. sêgah (sêsêgah) k: panganan lsp. sing diladèkake marang dhayoh; di-[x]: diwènèhi sêsuguh; di-[x]-ake: diwènèhake marang dhayoh; [x]-an: apa-apa ding disuguhake.
sugun-sugun :
kw. gupuh-gupuh (gita) ênggone nampani dhayoh; di-[x]-[x]: disungga-sungga, disuba-suba.
sugoh :
êngg. pc. suguh.
sugrêng :
kn. katon singub tmr. alas lsp.
sugri :
êngg. kn. kabèh.
suh :
I kn. gêlangan (pênjalin lsp) dianggo pikukuhing sapu; di-[x]-i: ditrapi suh. II kw. lêbur, rusak; kc. syuh.
suhud :
(A) kn. ak. pangibadah, nyingkur kasênêngan.
suhul :
kn. mindêng, ngèsthi.
(suhun) :
I di-[x] êngg. kn. dijaluk (saka wong kang kinurmatan); kc. suwun. II di-[x]-([x]) kw: dipundhi(-pundhi).
suyasa :
kw. omah, gêdhong; kc. yasa.
suyud :
kn. asih sumarah, lulut marang; di-[x]-i: disihi (ing wong akèh).
suk :
I di-[x]([x]) kn. didhêsêk, didhêsuk. II pc: besuk. III kw: lumêbu; kc. asuk.
suka :
I kn. bungah; [x]-[x], [x] pari [x], sukan-sukan: bungah-bungah, sênêng-sênêng; kc. kasukan. II k. awèh, olèh (nglilani); dipunsukani k: diwènèhi; dipunsukakakên k: diwènèhake. III êngg. kn: luwung, luwih bêcik ...
suka-lila :
(-rila) kn. kanthi sênênging ati sarta lila.
suka-nrima :
(-sokur, -panarimah) kn. matur nuwun.
sukak :
êngg. kn. suka.
sukan :
kn. sungkan, suthik.
sukara :
(S) kw. ak. cèlèng.
suka :
-(pi-)rêna kn. bungah lan sênêng.
sukarsa :
kw. bungah, sênêng.
sukarta :
I di-[x] kw. diaru-biru, disruwe. II di-[x] kw: dibêbêcik, disungga-sungga.
suka-wibawa :
kw. bungah-bungah sarta sênêng-sênêng.,
sukêr :
kn. 1 ewuh, rêkasa angèl; 2 rêgêd, jênês; 3 (tarab ki) nggarap banyu (pambêngan); 4 êngg. sêdhih, susah; di-[x]-i: 1 dirêgêdi; 2 êngg. disusahake.
sukêr-sakit :
kn. pakewuh (kangelan) sarta lara.
sukêrta :
kw. kc. sukarta.
sukêt :
n. rumput k. têtuwuhan sing lumrah thukul ing ara-ara lsp. (dianggo pakan raja-kaya); (pa)[x]-an: papan sing ana (katuwuhan) sukêt.
suk-iki :
êngg. sesuk.
sukla :
(S) kw. ak. putih, bêning, rêsik.
sukle, suklih :
pc. diyan corong (sorote bisa bablas).
sukma :
I kw. alus, bangêt; 2 kn. roh (jiwaning manungsa); Hyang [x]: Allah.
sukmana :
kw. sukma.
suku :
I k. sikil. II kn: ar. sandhangan ing aksara Jawa (...); di-[x]: dirakêti sandhangan suku; sukon: mawa sandhangan suku. III êngg. kn: 1/2 rupiyah.
suku dirga :
(mêndut) kn. sandhangan suku swarane dawa (...).

--- 571 ---

sukun ~ sumangkeyan.

sukun :
I kn. tanpa untu, tanpa isi (tmr. wowohan sing lumrahe ana isine). II kn: bngs. kluwih (tanpa isi).
suk-un :
(C) kn. bngs. bihun lêmbut.
sukup :
kn. kêbak bangêt (dhêdhêt, riyêl).
sukur :
kn. sokur.
sukra :
kw. Jumuwah.
sukrêta :
kw. kc. sukarta.
sukska :
(S) kw. ak. susah.
suksma :
(S) kw. 1 alus, lêmbut, samun, ilang; 2 roh (jiwaning) manungsa; Hyang [x]: Allah; manuksma, nuksma: manjing, nitis; di-[x]: dilêbokake ing batin (tmr. maca).
suk-sukan :
kn. dhêsuk-dhêsukan, dhêsêk-dhêsêkan.
sukci :
kn. suci.
sula :
(S) kw. lêlandhêp, tumbak; kc. sulah.
sulah :
kw. lêlandhêp, tumbak; di-[x]: diukum sarana dikrocok ing gêgaman (ditumbaki lsp).
sulaya :
kn. 1 gèsèh, ora cocog; 2 padudon; disulayani: ora dirujuki, digèsèhi; (pa-)sulayan: padudon, congkrah.
sulayah :
pating [x] kn. padha pating glimpang, padha rubuh; ka-[x] br: 1 ambruk, rubuh; 2 kalah pêrange; 3 nglumpruk tanpa daya.
sulak :
I kn. kêlud kang digawe wulu pitik; di-[x]-i: dikêluti nganggo sulak. II êngg. kn: selak. III kn: 1 sorot sing sumamar (kc: soroting gêni omah kobong sing katon ing langit); 2 sêmu tmr. warna, up. abang [x] putih; ka-[x] br: kasorotan.
sulaksana :
(S) kw. ngalamat bêcik.
sulam :
kn. 1 apa-apa sing dianggo nyalini sing rusak; 2 bolah (bênang mas lsp) sing dianggo nyongkèt; 3 uwanên; di-[x]-i: 1 disalini sarana disêsêlake (ditambahake); 2 dibêdhol banjur disalini sing luwih bêcik tmr. tanduran; [x]-an: bludiran.
sulanjani :
kw. ar. têmbang gêdhe.
sulanjari :
kw. ar. têmbang gêdhe.
sulantên :
êngg. k. sulaya.
sulang :
I êngg. kn. thukulan anyar (tmr. têbu). II sêsulang kn: katêrangan nalar-nalaring prakara; di-[x]-ake: dijlèntrèhake (ditêrangake) nalar-nalare.
sulap :
I kn. ora bisa katon cêtha marga blêrêng ut. marga kang didêlêng mblêrêngi. II di-[x] kn: dimalihake wujude (kaanane) sarana rêrekan ut. kaprigêlan; [x]-an: tontonan elok-elokan sarana kaprigêlan ut. rêrekan.
sulbi :
kn. ak. pawadonan, guwagarba.
suldhadhu :
kn. prajurit.
suldhat :
(W) pc. prajurit.
(sulêd) :
di-[x] pc. disumêd; [x]-ên: kulite padha pating plêmpung kaya dislomoti.
sulêk :
êngg. kn. rupak, sumpêk.
suligi :
kw. sligi.
sulih :
kn. gênti: sêsulih: 1 kang dadi gêgêntine wong liya; 2 pc. wakil; 3 têmbung sing dadi gêgêntine têmbung aran (ing paramasastra); di-[x]-i: digênti (diwakili) wong liya; di-[x]-ake: didadèkake sêsulih.
suling :
kn. 1 ar. unèn-unèn sing digawe pring wuluh lsp. didokoki bolongan ênggone ngunèkake sarana disêbul; 2 êngg. pipa, wêsi wuluhan; glundhung [x] pr: rabi tanpa nggawa panganggo lsp.; nyuling: ngunèkake suling.
sulistya :
kw. bagus (ayu) bangêt.
sulit :
kn. 1 angèl ambah-ambahane (pangrêmbuge); 2 êngg. rêkasa, ruwêt tmr. prakara lsp.
suluh :
I êngg. kn. 1 colok, obor cilik; 2 kayu obong; 3 br. pacalang, kongkonan; di-[x](-i) êngg: 1 dicoloki, dipadhangi; 2 (golèk iwak, manuk lsp) sarana dipadhangi ing obor; 3 (ut. di-[x]-[x]) dilari, dipriksa. II kn: 1 katon sêmburat kuning (wis matêng) tmr. gêdhang; 2 raine katon kuning (awake irêng). III [x]-an kn: 1 padoning mata sing cêdhak irung; 2 adon-adon (sambungan) bata.
suluk :
kn. 1 êngg. têtêmbungan; 2 kêkidungan dhalang arêp nyritakake (ngocapake) wayang; 3 layang têmbang sing ngêmot piwulang (ngèlmu) gaib.
sulung :
I êngg. kn. dhisik. II kn: bngs. laron cilik.
sulur :
I kn. oyod sing ora kêpêndhêm ing lêmah. II êngg. kn: sêsulih, wakil; di-[x]-i êngg: disulihi, diwakili; di-[x]-ake: disulihake.
Sultan :
kn. ratu.
sultani :
kn. bngs. klambi lêngênane têkan ing sikut.
(sum) :
di-[x] êngg. pc. diplipit.
suma :
kw. kêmbang; kc. kusuma.
sumabarang :
n. sumakawis k. samubarang.
sumadi :
êngg. kn. ditandhing karo, tinimbang; kc. sumandi.
sumaji :
kn. sumaos ki. wis sumadhiya, cumêpak; kc. saji.
sumadhiya :
kn. wis disêdhiyakake.
sumagar :
(-an) êngg. kn. kanthi têmên-têmên, mêmpêng.
sumaguh :
n. sumagah k. katon saguh.
sumahab :
kw. katon gêgrombolan akèh.
sumaya :
n. sumaos k. sêmaya.
sumakawis :
k. sumabarang.
sumakeyan :
kn. sumangkeyan.
sumalah :
kw. sumèlèh; kc. salah, sèlèh.
sumamar :
br. rêmêng-rêmêng, ora padhang; kc. samar.
sumambirat, sumamburat :
kw. sumorot; kc. sêmburat.
sumambung :
n. sumambêt k. nyambungi gunêm lsp; kc. sambung.
sumanak :
kn. tangkêpe kaya sêdulur; kc. sanak.
sumanasa :
kn. ar. kêmbang.
sumandi, sumandhi :
êngg. kn. ditandhing karo, tinimbang.
sumandhing :
br. cêdhak bangêt karo; kc. sandhing.
sumanta :
kn. sêmanta.
sumantali :
kw. srati, juru wuruk.
sumangga :
1 kn. sakarêpmu; 2 ki. ênya, ayo; disumanggakake: dipasrahake ing sakarêpe.
sumangkeyan :
kn. umuk, ngunggul-unggulake kaluhurane (kaluwihane).

--- 572 ---

sumangkin ~ sumêrêp.

sumangkin :
êngg. kn. saya.
sumangsang :
kn. gumantung (sumèlèh) ing wit-witan lsp; kc. sangsang.
sumaur :
kn. mangsuli gunêm; kc. saur.
sumaos :
ki. sumaji.
sumapala :
br. rèmèh, andhapasor; kc. sapala.
sumapantên, sumapawon :
êngg. k. sumapala.
sumaput :
kn. klêngêr ora eling; kc. saput, sêmaput.
sumar :
kw. 1 wrata ngèbêki; 2 ngambar tmr. ambu.
sumarah :
kn. pasrah, manut miturut; kc. sarah.
sumare :
kn. dikubur ing; kc. sare.
sumarma :
I kw. wêlas marang. II kw: mulane.
sumarmi :
kw. sumarma.
sumarsana :
kw. kêmbang cêpaka.
sumawah :
kn. panas, wis mèh umob.
sumawana :
êngg. kn. apa-dene, karo manèh.
sumawur :
kn. sumêbar disawur-sawurake; kc. sawur.
sumba :
pc. kasumba.
sumbaga :
kw. pc. subaga, sêmbaga.
sumbalinga :
êngg. kn. bisa uga kêtuhon.
sumbang :
I kn. wis timbang, wis padha. II (ut. [x]-an) kn: urunan marang wong duwe gawe lsp; di-[x] kn: 1 dipitulungi; 2 diuruni dhuwit lsp. (ing nalikane duwe gawe lsp).
sumbang-surung :
kn. (awèh) pitulungan ut. urunan sawêtara.
sumbar :
I (ut. sêsumbar) kn. ngêtokake têmbung panantang (ngajak unggul-unggulan lsp); di-[x]-i: ditantang (diajak) unggul-unggulan. II kn: ar. dolanane bocah wadon (nganggo kêcik lsp).
sumbat :
I kn. buk (ora tuna ora bathi). II di-[x](i) êngg. kn: dislumbat(-i).
sumbêr :
i kn. bêlik, tuk; 2 êngg. k. sumur; 3 êngg. kn. lêkikan ing cêniling kuping; [x]-an êngg: akèh banyune (ngêtuk) tmr. sawah.
sumbi :
kn. 1 wilahan diubêl-ubêli kapuk dianggo manthêng apa-apa sing ditênun; 2 êngg. cocohing cathokan ut. timang.
sumbilang, sêmbilang :
kn. ar. iwak sêgara.
sumbit :
êngg. kn. gèntèr nganggo canggahan dianggo nyènggèt wowohan..
sumbu :
kn. 1 êngg. ucêng-ucêng (bêdhil, mêrcon lsp) sing disumêd; 2 lawe lsp. ditrap ing kaling diyan (minangka urub-urubing diyan); sumbon: bolonganing bêdhil (mriyêm) sing dilêboni ucêng-ucêng.
sumbul :
kn. 1 êngg. wakul (cêthing) nganggo tutup; 2 wadhah saèm. cêthing nganggo tutup dianggo upacara; 3 bendha sing dipasang ing dhuwur (tmr. dolanan bengkat).
sumbung :
kw. kêwêntar, misuwur; kc. sombong.
sumbut :
pc. gutuk, kurup.
sumbon :
êngg. pc. ora sêbêl (siyal), olehan ênggone golèk iwak lsp; kc. sumbu.
sumèh :
kn. manis sêmu ngguyu tmr. polatan.
sumèlèh :
kn. 1 dumunung ing lêmah (ora ngadêg); 2 êngg. wis sèlèh (lêga) atine; kc. sèlèh.
sumendhe :
kn. 1 ngadêg asendhean; 2 sumarah marang; kc. sendhe.
sumèntêg :
kn. (krasa) abot junjung-junjungane; kc. sèntêg.
sumepa :
kw. mèmpêr (padha) karo; kc. sanepa, sepa.
sumewa :
kw. seba, ngadhêp marang; kc. sewa.
sumêbar :
kn. wrata ingêndi-êndi; kc. sêbar.
sumêblak :
kn. 1 mênga amba; 2 padhang bangêt; kc. sêblak.
(sumêd) :
di-[x] kn. dinyunyuk ing gêni murub (supaya murub); [x]-ên: sulêdên.
sumêdya :
kn. duwe niyat arêp; kc. sêdya.
sumêja :
pc. sumêdya.
sumêdhot :
kn. 1 krasa kêncêng kaya dicènèng; 2 (-atine) krasa sêdhih dadakan.
sumêgrak :
kn. kêras bangêt ambune; kc. sêgrak.
sumêk :
kn. rada apêk.
sumêksa :
kw. mêksa.
sumêkta :
kn. samêkta.
sumêla :
kn. dumunung ing antara; kc. sêla.
sumêlang :
I br. dadi slundhingan (amrih gonta-ganti); kc. sêlang, sêlang-sêling. II kn: kuwatir, samar, ora tega; di-[x]-i: dikuwatiri, disamari; di-[x]-ake: dikuwatirake; sumêlangan: gampang uwas (kuwatir).
sumêlap :
kn. sumlêmpit (tumlêsêp) ing; kc. sêlap.
sumêmbur :
kn. mêtu nyêmprot saka ing cangkêm; kc. sêmbur.
sumêndhe, sumêndhi :
kn. kakang wragil.
sumêne :
kn. sêmaya, isih tamban; disumênèkake: diundur (disarèhake) wêktune.
sumêntana :
kn. sumanak marang para luhur; kc. sêntana.
sumêntêk :
kn. lêncir (tmr. pawakane bocah wadon).
sumêntug :
kn. 1 (krasa) mambu ora enak; 2 krasa sêsêg wêtênge.
sumêntor :
kn. mili gumrajag; kc. sêntor.
sumênthir :
kn. mili bantêr (iline cilik).
sumênthor :
kn. mili bantêr (iline gêdhe).
sumêng :
êngg. kn. angêt (panas) awake.
sumêngah :
kn. umuk, kumlungkung; kc. sumungah.
sumêngèr :
kn. nywara sêru tmr. mênjangan; kc. cêngèr.
sumêngguh :
kn. umuk; kc. sêngguh.
sumêngit :
kn. 1 nyênyêngit; 2 umur-umurane bocah lagi sênêng-sênênge kêrêngan; kc. sêngit.
sumêngka :
kn. munggah (ndêdêr); [x] pangawak braja br: munggah (nggayuh) kang dudu mêsthine; kc. sêngka.
sumêngkrang :
kn. krasa mak sêngkrang.
sumêpêr :
êngg. kn. mampir; kc. sêpêr.
sumêr :
I [x]-[x] kn. angêt (panas) awake. II kw: ngambar tmr. ambu; kc. sumar.
sumêrap :
êngg. k. sumurup.
sumêrêp :
k. 1 wêruh; 2 sumurup.

--- 573 ---

sumêt ~ sumrêbêd.

sumêt :
êngg. pc. sathithik bangêt.
sumêta :
pc. sumêkta.
sumigung :
kn. kumliya, ora nggape; kc. sigan, sigun.
sumiyut :
kn. 1 nywara siyut-siyut tmr. angin; 2 lumarap banter.
sumilak :
kn. 1 rêsik sumisih; 2 rêsik apadhang; kc. silak.
sumilih :
I kw. gumanti, nyulihi. II kw: 1 sanadyan mêngkono; 2 mênawa; kc. silih.
sumilir :
kn. midid alon tmr. angin; kc. silir.
sumimpang :
kn. nisih, nyimpang; kc. simpang.
sumingêb :
kw. 1 kalimputan, katutupan; 2 sêmaput, klêngêr; kc. singêb.
suminggah :
kn. sumingkir, oncat saka; kc. singgah.
suminggun :
kn. sumigun.
suminge, sumingi :
kn. têturon êndhase njênggèlèk (tmr. wong mêntas manak).
sumingkir :
kn. nisih, nyimpang, ngoncati; kc. singkir.
sumirat :
br. 1 sumorot; 2 mancur muncrat; kc. sirat.
sumirih :
br. sêsirih; kc. sirih.
sumiring :
kn. ar. gêndhing.
sumisih :
kn. nyimpang, nisih; kc. sisih.
sumitra :
1 kw. mitra, kanca; 2 kn. ak: macan.
sumiwi :
kw. seba, ngadhêp marang; kc. siwi, sumewa.
sumyah :
kn. sêgêr sarta isis tmr. rasane awak.
sumyak :
(ut. [x]-[x]) kw. rame, gumyêk (tmr. swara, angin lsp).
sumyang :
kw. umyung arame.
sumyar :
kw. 1 sumêbar wrata; 2 sumringah, katon padhang; 3 umyung arame; 4 gumyur (rasaning ati lsp).
sumyuh :
kw. nglêbur, ngrusak; kc. syuh.
sumyur :
kn. ajur (ambyar), rêmuk.
sumladhang :
kn. sumèlèh malang; kc. sladhang.
sumlanggrang :
kn. sumèlèh (gumantung) malang ing papan sing dhuwur; kc. slagrang.
sumlêmpit :
kn. ditlêsêpake ing antarane barang; kc. slêmpit.
sumlêngêrên :
kn. njêngêr marga gumun bangêt.
sumlêngêt :
kn. krasa angêt (panas).
sumlêsêp :
kn. nlêsêp; kc. tlêsêp.
sumlirih :
kw. kc. sumirih.
sumlobok :
kn. lumêbu ing bolongan lsp; kc. slobok.
sumlodho :
kn. murang tata-krama.
sumlondhoh :
kn. ngaruh-aruhi lsp. ngrumangsani asore (rumasa ênom); kc. slondhoh.
somlonong :
kn. kurang ajar, murang tata.
sumub :
kn. uwab wedang; ke-[x]-an: kêna uwabing wedang.
sumugih :
(-sugih) kn. ambêk sugih.
sumugun-sugun :
kw. gupuh-gupuh, gita; kc. sugun.
sumuyud :
kn. asih lan miturut marang; kc. suyud.
sumuk :
kn. 1 krasa prungsang dening panas; 2 daya panasing gêni; 3 tumus, daya sing ora bêcik; ke-[x]-an: kêdayan sing ora bêcik.
sumunar :
kw. sumorot; kc. sunar.
sumundhul :
br. 1 sundhul ing; 2 dumadakan nututi (nusul); kc. sundhul.
sumunu :
kw. sumorot; kc. sunu.
sumung :
kn. sumêng.
sumungkêm :
br. 1 sujud, sungkêm marang; 2 bêkti bangêt marang; kc. sungkêm.
sumungsung :
kw. 1 nungsung; 2 nusul, mêthuk; kc. sungsung.
sumur :
kn. luwangan jêro isi banyu tuk; [x] mati: 1 sumur sing wis ora ngêtuk; 2 pc. wong sing ora tampikan; [x] lumaku tinimba pr: njaluk diguroni (nawak-nawakake ngèlmune).
sumur bur :
kn. pancuran pipa wêsi sing diburake sajroning lêmah.
sumur gumuling :
kn. urung-urung (blumbangan) ing sajroning lêmah; nyumur gumuling: 1 wêwatakane angèl dijajagi; 2 ora bisa simpên wadi.
sumurup :
n: 1(sumêrêp k) mlêbu ing; 2 (sumêrêp k) wêruh; 3 (sumêrêp k) minangka dadi, dianggêp dadi; di-[x]-i: diwêruhi; di-[x]-ake: diwêruhake, diwulang lsp; kc. surup.
sumusul :
br. nusul; kc. susul.
sumorot :
kn. ngêtokake sorot (cahya).
sumosor :
kw. kêbawah marang.
sumpah :
kn. nganggo pasaksining Allah diaturi nêksèni yèn apa sing dikandhakake pancèn nyata ut. bakal dituhoni; di-[x]: dikon sumpah; di-[x]-i: padha disumpah; 2 disêpatani.
sumpêk :
kn. 1 ora kobèt, kêciyutên; 2 jibêg, ora bingar.
sumpêl :
kn. 1 apa-apa sing dianggo nutupi bolongan (gêndul lsp); 2 katon mupruk ora ilap-ilapan (tmr. cènggèr); di-[x]-i: ditutupi nganggo sumpêl.
sumpêna :
k. ak. impèn, ngimpi.
(sumpêt) :
di-[x] kn. 1 (ut. di-[x]-i) ditutupi rapêt (aja nganti kêlêbon angin lsp); 2 disidhêm, dikêkêr tmr. wadi.
sumpil :
êngg. kn. sompil.
sumping :
kn. 1 rêrêngganing kuping (wujud wlulang tatahan lsp. dikolongake ing kuping); 2 (ut. [x]-an) êngg. kn: lunggèn, sadhiyan; di-[x]-i: diênggoni sumping; [x]-an: nganggo sumping.
sumpit :
êngg. kn. slêpèn.
sumpyuh :
kw. anglês (êntèk dayane).
sumpung :
kn. pothol (ilang) cucuke (irunge lsp).
sumrah :
I êngg. kn. sumyah. II kw: pasrah; kc. srah.
sumrambah :
kn. wrata (umum) ing êndi-êndi; kc. srambah.
sumranthal :
êngg. kn. mlayu rikat; kc. jranthal.
sumrasah :
kw. gumêlar (wrata) ing êndi-êndi; kc. srasah.
sumrawah :
êngg. pc. mêtu ing bolongan sarta nywara tmr. angin, banyu lsp.
sumrawang :
kn. ora rapêt tmr. tênunan lsp; kc. sêmrawang.
sumrèsèh :
kn. kalawan gapyak (sumèh) ênggone ngajak omong lsp.
sumrêbêd :
kn. midid tmr. angin, ngambar tmr. ambu.

--- 574 ---

sumrêg ~ sungkawa.

sumrêg :
kw. kalawan rame (gumyêg).
sumrêgêp :
kn. ambêk srêgêp.
sumrêpêt :
kn. krasa pêtêng pandêlênge (arêp klêngêr).
sumrêsêp :
kn. mlêbu (manjing) ing; kc. sêsêp.
sumrêt :
êngg. kn. sathithik bangêt.
sumribid :
kn. midid rada bantêr tmr. angin.
sumrik :
kw. mambu handuk.
sumrinthil :
pc. gêlêm mèlu lsp. kanthi agahan (rikat).
sumringah :
kn. katon bingar (padhang, waras) polatane, katon rêsik nyênêngake tmr. warna.
sumriwing :
kn. krasa kaya isis (didamoni).
sumrubud :
kn. 1 gumrubug tmr. angin; 2 mlayu rêrikatan.
sumrunthul :
kn. mlayu rikat; kc. jrunthul.
sumruwêng :
kn. nywara wêng (wing), nywara gumrênggêng.
sumruwung :
kn. nywara gumrunggung tmr. angin, rêrungonên swara gumrubug tmr. kuping.
sumruwo :
kw. mèlu-mèlu nrambul (nyruwe).
sumrobod :
kn. sumrubud.
sumrowong :
kn. akèh bolongane amba-amba.
sun :
kw. aku, dak -.
sunah :
I (ut. di-[x]-ake) êngg. kn. rampung, dirampungake. II kn. ak: kc. sunat.
sunan :
kn. 1 sêsêbutane para wali; 2 sêsêbutane panjênêngane nata ing Surakarta.
sunar :
kw. sorot, cahya.
sunat :
I (A) kn. 1 ora diwajibake nglakoni nanging prayoga yèn linakonan (babagan agama Islam); 2 êngg. jakat marang kaum lsp. II kn: 1 êngg. têtak; 2 (têtês ki) diislamake tmr. bocah wadon; di-[x]-i: 1 êngg. ditêtaki; 2 (ditêtêsi ki) diislamake tmr. bocah wadon; [x]-an (têtêsan ki): duwe gawe nyunatake. III di-[x]-i êngg. kn: dibêlèh.
sundari :
I (S) kw. ak. wong wadon endah. II kw. ak: sêndarèn.
sundawa :
kn. sêndawa.
sundêk :
êngg. kn. sumpêk.
sundêl :
ks. palanyahan.
sundêl-laut :
kn. jaran wêton pulo Sumba.
sundêp :
kn. ar. gêgrêmêtan sing dadi amaning pari; di-[x]: dicoblos; [x]-ên: kêna ing ama sundêp.
sunduk :
I kn. 1 saèm. sindik gêdhe; 2 sada (sujèn lsp) sing dianggo ngrèntèng (sarana dicoblosake); 3 kayu sangisoring blandar lan pangêrêt dianggo nyêngkah saka guru; di-[x](i): dirèntèng sarana dicoblosake ing sunduk; [x]-an: rentenganing apa-apa sing disunduki; kêbak [x]-ane: wis akèh kaluputane (kasalahane). II kn: cocog karo nalare; [x] prayogane: dicundhukake karo nalare; olèh etunge, luput [x]-e pr: mungguhing nalare (teyorine) wis bêcik, nanging barêng dicakake ora bêcik; di-[x]-ake: dicocogake karo nalare.
sundha :
kn. ambal kaping, sungsun; kc. tundha.
sundhang :
I kw. sungu; di-[x] kn: dibijig ing sungu. II di-[x] kn: (têturon) diumbulake êndhase ut. gulune (kaya wong sing arêp nglairake bayi, supaya enggal lair).
sundhul :
kn. 1 (êndhase, puncake) nganti nggêpok ing; 2 kêcêndhèkên tmr. lotèng, pringgitan lsp; di-[x]: 1 digêpok ing êndhas (puncak); 2 (ut. di-[x]-i) disusuli layang (atur) manèh; 3 durung mangsane wis kêtrênjêl liyane (tmr. untu durung pupak, bayi isih suson wis duwe adhi manèh); [x]-an: 1 susulan; 2 (ut. pa-[x]-an) ki. êmbun-êmbunan.
sundhul langit :
kn. 1 kêmbang kênanga; 2 ar. lênga wangi.
sundhul poyuh :
kn. diumbulake nganti dhuwur (bandhulan lsp).
sundhung :
êngg. kn. bngs. pikulan sukêt.
sunu :
I kw. sorot, cahya. II (S) kw. anak; sêsunu: anak-anak.
(suntak) :
di-[x] kn. diwutahake (disok) wadhahe dijungkir.
(suntêk) :
di-[x] êngg. kn. disuntak.
Suntên :
êngg. k. Sura.
(suntik) :
di-[x] kn. 1 dicoblos dijupuk gêtihe; 2 diserum.
sunting :
êngg. kn. sumping.
suntrut :
kn. katon kucêm (sêdhih) polatane.
sunthi :
kn. ar. êmpon-êmpon; irung [x]: irung cilik; prawan [x]: prawan cilik (durung nggarap banyu).
sunya :
(S) kw. sêpi, suwung; kc. sunya.
sung :
kw. awèh; di-[x]-ake: diwènèhake.
sunga :
kn. bolah sutra.
sungan :
(e) êngg. kn. bok mênawa.
sungapan :
kn. pantoganing kali sing wutah ing sêgara.
sungar :
kn. songar.
sungga :
I êngg. kn. borong. II di-[x]-[x] kn: disuba-suba, diurmati bangêt.
sunggal :
kn. ak. sugal.
sunggan :
êngg. kn. borang.
sunggar :
êngg. kn. jungkat; di-[x]: 1 dijungkati lsp. disungsang (diwalik); 2 diadhuk, diwalik tmr. lêmah; 3 diunggar, digêgasah.
sunggata :
kn. sugata.
sunggèk :
êngg. kn. sènggèt.
(sunggi) :
di-[x] kn. digawa ditumpangake ing êndhas; di-[x]-[x]: dipundhi-pundhi, diurmati bangêt.
sungging :
kn. 1 gêgambaran rêrênggan sing dicèt ngrêmit; 2 cèt sing dianggo marna wayang lsp; di-[x]: dicèt, dipulas ing cèt (tmr. gêgambaran, wayang lsp); [x]-an: 1 gêgambaran sing disungging; 2 ênggone (olèh-olèhake) nyungging.
sunge :
kw. ak. kali.
sungil :
kn. 1 angèl diambah tmr. jurang lsp; 2 êngg. angkêr, gawat.
(sungkal) :
di-[x] êngg. kn. dipêcah (watu).
sungkan :
êngg. kn. 1 suthik tumandang; 2 (ut. [x]-an) ora doyan ing gawe (kêsèd).
sungkawa :
kw. prihatin, susah.

--- 575 ---

sungkêm ~ surapsara.

sungkêm :
kn. 1 sujud, tumungkul konjêm ing lêmah; 2 bêkti bangêt; di-[x]-i: 1 diraup sikile pratandha urmat bangêt; 2 digêgêgi, diantêpi; di-[x]-ake: didhungklukake.
(sungku) :
di-[x] kw. dipêlêng, dièsthi.
sunglon :
kn. 1 sungapan (têmpuraning) kali; 2 sêgara sing nglojok ing dharatan; 3 tanjunganing ikêt; 4 luju, piranti dianggo nyithak pêndhok.
sungu :
n. singat k. barang sing nyongat ing êndhase kêbo, sapi lsp, minangka gêgaman.
sungut :
kn. 1 apa-apa sing dawa nyongat; 2 saèm. rambut ing êndhase gangsir lsp. dianggo piranti ngrêrasakake (nggrayang); 3 gantilaning sarining kêmbang; 4 pêpucuking baris (kongkonan lsp); adu [x]: padha dene golèk dhadhakaning padu; têpung [x]: wis têpung nanging durung wêruh rupane (mung sarana layang lsp).
sungsang :
I kn. kuwalik (sing dhuwur dadi ana ingisor); [x] buwana balik pr: wolak-walikan (sing asor dadi luhur, luhur dadi asor lsp); nungsang: 1 njungkir; 2 turu sandhing wong lara êndhase dumunung ing dagane sing lara; di-[x]: diwalik, dijungkir. II kn: ar. wuku kang kaping sapuluh.
sungsat :
(adoh) [x]-e kn. (akèh bangêt) bedane.
sungsud :
kn. ak. susud.
sungsum :
kn. 1 bngs. gêtih ing jêron balung; 2 ent. kakuwatan, karosan.
sungsun :
kn. 1 ([x] timbun) têtumpukan, tumpuk-tumpuk; 2 têtumpukan tundha-tundha, tumpang-tindhih; di-[x]: ditumpuk, ditundha-tundha.
(sungsung) :
nungsung kn. 1 mapagake, mêthuk; 2 mêthukake lakuning banyu (angin); nungsung guyu br: mapagake kambi mèsêm (ulat manis); nungsung warta (kabar): golèk (takon-takon) wartane.
sunya :
kw. suwung, sêpi.
sunyaruri :
kw. alam kaalusan (alame para roh).
sunyata :
kw. 1 ak. kasuwungan; 2 nyata, sanyata.
(sunyuk) :
di-[x] êngg. kn. dinyunyuk.
suul :
(A) kn. mêmpêng marsudi marang agama.
suun :
kn. kc. suk-un.
sup :
kn. ar. bakal tênunan.
supada :
(S) kw. ak. kewan galak.
supadi :
kw. supaya.
supados :
k. supaya.
supadya :
kw. supaya.
supaya :
n. supados k. murih (amrih) kêlakona mêngkono (têmbung pangikêt).
supak :
êngg. kn. supêk.
supangat :
kn. 1 pandonganing para Nabi, wali lsp; 2 bêrkah.
supaos :
k. supata.
supata :
n. supaos k. 1 wêwêlak, ipat-ipat; 2 nêtêpake bênêr (nyata)ning prakara kanthi sumpah ut. kanthi ngajab wêwêlak; disupatani: diipat-ipati, dipujêkake supaya kênaa ing wêwêlak.
supatni :
kw. ak. garwaning ratu.
supe :
1 k. lali; 2 (sêsupe) ki. ali-ali.
supêk :
kn. sumpêk, rupêk.
supêna :
k. impèn; 2 ngimpi.
supênuh :
kw. kêbak bangêt; kc. pênuh.
supi :
(A) kn. ngèlmu gaib.
supir, sopir :
kn. tukang nglakokake montor.
supit :
kn. 1 ciyut bangêt tmr. dalan lsp; 2 sapit gêni lsp; 3 sapiting yuyu lsp; 4 cukit sing dianggo bangsa Cina yèn mangan; 5 balung sangisoring brotol tmr. kewan iwèn; 6 ki. têtak; di-[x]: dijupuk (dicêkêl, dijapit) nganggo supit; di-[x]-i: ki: ditêtaki.
supitan :
1 kn. dalan sing ciyut; 2 kn. sêgara antarane pulo-pulo; 3 ki. têtakan.
supit urang :
kn. 1 dalan loro jèjèr sing anjog ing palataran; 2 nganggo plêngkungan; 3 bêbêdan kaprajuritan (mung têkan ing dhêngkul); 4 br. araning gêlaring baris.
supraba :
(S) kw. ak. sumorot, padhang bangêt.
supranata :
(S) kw. ak. sungkêm bangêt, nyêmbah.
suprandene :
n. suprandosipun k. sênadyan mêngkono ewadene.
suprèh :
êngg. kn. suprih.
suprih :
êngg. kn. kang dikarêpake (dituju), pamrih; [x]-e: supaya; di-[x]: 1 dipamrih, dimelik; 2 dipurih, dikon nandangi (tumandang).
sur :
I mak [x] pc. katrangane mancur ut. ngêsokake; di-[x]-i kn: dicuri, disoki; di-[x]-ake: dicurake, disokake. II di-[x] kn: 1 (ut. di-[x]-ake) êngg. disugokake (ing gêni), diungalake (tmr. sumbu); 2 disuk gênti diênggoni, dirêbut ênggone (pangkate lsp).
sura :
I kn. sasi kang kapisan. II êngg. kn: sarwa. III (S) kw: kêndêl, wani. IV (S) kw: 1 dewa; 2 (asura) dudu dewa (buta). V (S) kw. ak: singa. VI (S) kw. ak: arak, sajêng.
surabi :
(S) kw. ak. wangi, arum.
suraduhita :
(S) kw. ak. widadari.
suradhadhu :
kn. prajurit.
suraga :
kw. ak. bantal.
suragana :
(S) kw. para dewa.
surak :
kn. mbêngok giyak-giyak; di-[x]: dibêngoki sêru (kanthi giyak-giyak).
surakah :
br. srakah.
surakarsa :
kn. ar. prajurit ing Ngayogyakarta.
suraksa, suraksaka :
(S) kw. ak. ngrêksa, pangrêksa.
suralaya, suraloka :
(S) kw. kadewan, kayangan.
surambi :
kn. srambi.
suranata :
I (S) kw. ratuning dewa.II kn: abdi-dalêm mutihan ing kraton.
(surang) :
ke-[x]-[x] kn. kêtula-tula, tansah nandhang cilaka.
suranggakara :
kw. kêndêl bangêt.
suranggana :
(S) kw. widadari.
suraos :
k. surasa.
surapada :
(S) kw. kadewan, kayangan.
surapana :
(S) kw. ak. arak, sajêng.
surapati :
(S) kw. ratuning dewa.
surapsara :
(S) kw. dewa; kc. apsara, sura.

--- 576 ---

surapsari ~ (susul).

surapsari :
(S) kw. widadari; kc . apsari, sura.
surasa :
I n. suraos k. têgês, maksuding layang, têtêmbungan lsp; di-[x]: digolèki surasane. II kw: nikmat, enak bangêt.
surastri :
(S) kw. widadari.
surat :
I (S) êngg. pc. layang; manurat kw: nulis. II (ut. surah) (A) kn: bab ing korän.
surata :
I (S) kw. ak. sanggama. II (S) kw. ak: kakêndêlan.
surawadu :
(S) kw. widadari.
surawara :
(S) kw. dewa linuwih.
surawe :
br. srawe.
surba :
jênang [x] kn. jênang dicampuri cacahan iwak.
surjan :
êngg. kn. ar. klambine wong lanang (gulune amba, ingarêp kaya nganggo klèncèr).
surèn :
kn. ar. wit kayune dianggo balungan omah.
surèndra :
(S) kw. ratuning dewa.
surèngpati :
kw. 1 wani mati; 2 ar. dhapuring sumping.
surèngrana :
1 kw. kêndêl ing pêrang; 2 kn. ar. gêndhing.
surêm :
kn. 1 suda sorote (padhange); 2 ora sumringah (tmr. polatan); burêng tmr. pangilon lsp.
surêtna :
kw. 1 intên linuwih; 2 putri endah.
surga :
kn. ak. swarga.
suri :
kn. 1 êngg. jungkat; 2 êngg. sêrit; 3 peranganing panênunan wujude saèm. sêrit gêdhe; 4 rambut jaran; disurèni êngg: dijungkati, disêriti.
surya :
I (S) kw. 1 srêngenge; 2 êngg. kn. tanggal (miturut petungan Eropah). II kw: rai; suryan ki: raup; pasuryan ki: praupan (rai).
suryakantha :
kn. kaca bundêr sing bisa nglumpukake sorot (dianggo ndêlêng apa-apa supaya katon gêdhe, kacaning potrèt lsp).
suru :
kn. 1 (lantaran ki) sendhok; 2 godhong gêdhang disuwir ditêkuk dianggo nyênyidhuk (kaya sendhok); 3 êngg. untu warak sing ngarêp; 4 ar. têtuwuhan bngs. ilat-baya (sok dianggo pagêr); kêpêngkok pagêr [x] pr: nêmu pakewuh; di-[x]: dicidhuk nganggo suru.
surud :
1 kn. nisih, mundur wêdi; 2 kn. suda tmr. banyu (banjir); 3 ki. mati, pati.
suruh :
I n. sêdhah k. ar. têtuwuhan rambat godhonge dikinang; [x] ayu: suruh sing dianggo sajèn ut. dianggo sarating dhukun; grêgêt-grêgêt [x]: grêgêtên nanging ora kawêtu nêpsune. II di-[x]-i n. dipunsêdhahi k: 1 diulêmi, diundang dikon mèlu pista lsp; 2 diundang dijaluki tulung; [x]-an: 1 ak. kongkonan, utusan; 2 wong sing disuruhi; 3 sambatan.
surung :
I kn. ar. iwak sêgara. II êngg. kn: (klambi [x]) klambi kurung. II di-[x] kn: disodhokake maju.
surup :
n. sêrap, sêrêp k. 1 êngg. lêbu, manjing, mlêbu; 2 br. lumêbu ing, dêdalan sing mlêbu ing; 3 mlêbu ing tancêbing langit tmr. srêngenge; 4 wayah sore (srêngenge angslup); 5 omah ut. pakarangan (dianggo petungan), up. lêt têlung [x]; 6 kawruh, pangrêti marang; 7 ([x]-e n. sêrêpipun k) êngg. minangka dadi, dianggêp kaya; [x]-[x] n. sêrêp-sêrêp k: dianggêp kaya, prasasat dadi; di-[x]-i: 1 dilêboni, dipanjingi; 2 dianjing[10] (ditlêsêpi); 3 diudhoni rêmbug (gunêm lsp); 4 ditakêr manèh dicocogake bênêr lan orane; di-[x]-ake: 1 dilêbokake, diangslupake; 2 digutukake karo, dipetung minangka dadi; 3 dituduhake (dikandhani, diwèhi wêruh, dingrêtèkake); sêsurupan (sêsêrêpan k): 1 kawruh, pangrêti; 2 petung-petungan utang lsp; kc. sumurup.
suroh :
êngg. suruh.
surtanah :
kn. slamêtan wong sing mêntas mati; di-[x]: 1 dislamêti tmr. wong sing mêntas mati; 2 ks. wis mati.
surti :
kn. ngati-ati sarta sêtiti; disurtèni: diopèni kanthi ngati-ati.
sus :
(W) pc. kamar bolah.
susah :
kn. ora kapenak atine dening nêmahi lêlakon sing ora nyênêngake; ora susah: ora prêlu, tanpa nganggo; di-[x]-i: disêdhihi; di-[x]-ake: disêdhihake.
susêtya :
kw. sêtya tuhu.
susila :
(S) kw. bêcik bêbudène (kalakuane); kasusilan: tata-pranataning kalakuan kang bêcik.
susu :
I kn. 1 (prêmbayun ki) daging sing munggul ing dhadha; 2 êngg. pc. puhan; banyu [x] n. toya sêsêpan k: banyu sing mêtu saka ing susu (dadi ombèn-ombèning bayi); nusu n. nêsêp k: ngombe banyu susu (ing susu); disusoni n. dipunsêsêpi k: diombèni banyu susu (sarana ngakêp susu); suson n. sêsêpan k: (bayi) isih nusu. II di-[x]-[x] n. dipunsêsa-sêsa k: dikon enggal (rikat); kc. kêsusu.
susug :
kn. ar. piranti misaya iwak wujude kaya icir nganggo garan.
susuh :
kn. omahing manuk (tikus, bajing lsp) awujud gêgodhongan ut. rêrèncèkan; nusuh: manggon ing susuh, gawe susuh; di-[x]-i: dianggo nusuh.
susuhunan :
kn. 1 pêpundhèn, sêsêmbahan; 2 sêsêbutaning panjênêngane nata ing Surakarta; kc. sunan.
susuk :
I kn. 1 bngs. cèthok ut. wangkil (dianggo ngilangi sukêt lsp); 2 piranti dianggo ngolak-alik apa-apa sing digorèng; 3 dom êmas (waja, intên lsp) dilêbokake ing awak (mata lsp) sarana japa-mantra supaya kêdhot (katon bagus lsp); di-[x](-i): diilangi (diwalik, ditimpal) nganggo susuk; [x]-an: sidhataning kali, wangan. II kn: jujul (turahaning dhuwit sing dibayarake); di-[x]-i: dijujuli, diwènèhi susuk.
susuk kondhe :
kn. sindiking gêlungan.
(susul) :
di-[x] kn. ditututi, diparani dikon bali (mulih); di-[x]-i: 1 kongkonan wong dikon nusul; 2 dikirimi layang manèh, diwuwuhi paturan (dianggo ngganêpi sing kurang); 3 diwuwuhi manèh (tmr. namnaman); [x]-an: 1 kang têka kari; 2 tambahan, paturan (katêrangan, [(kat...]

--- 577 ---

susun ~ suwêngan.

[...êrangan,] layang lsp) sing diwuwuhake minangka gêganêp.
susun :
kn. sungsun.
(susung) :
kn. kc. sungsung.
(susup) :
nusup kn. nlusup, mlêbu (mbrobos); di-[x]-i: ditlusupi, dibrobosi, dilêboni; [x]-an: pandhêlikan.
susur :
I êngg. kn. sêsêlan, ganjêl. II di-[x] êngg. kn: diusari malam supaya wulêd (tmr. bolah). III kn. panasar ki: têmbako sing dianggo mut-mutan ut. ngrêsiki dubang ing nalikane nginang; di-[x]-i: dimuti (dirêsiki) nganggo susur.
susut :
I kn. 1 saya suda (kurang); 2 saya kuru (suda lêmune). II di-[x] êngg. kn: dilacak (nganggo asu).
susoh :
êngg. kn. susuh.
suson :
n. sêsêpan k. (bayi) isih nusu.
susra :
ka-[x] kw. misuwur, kawêntar; kc. susrawa.
susrama :
(S) kw. ak. kêndêl, gagah.
susrawa :
(S) kw. ak. misuwur.
surusa :
(S) kw. ak. mbangun-miturut.
susthu :
(S) kw. ak. têmên, nyata, blaka.
sustêr :
(W) kn. 1 wong wadon sing dadi ngulama (R.K.); 2 pc. dhukun bayi ut. juru ngrêksa wong lara (nyonyah Walanda).
sut :
I kn. rêbut mênang sarana adu driji (jêmpol = gajah, panuding = wong, jênthik = sêmut). II di-[x]-ake kn: digêgasah dikon nglacak (tmr. asu).
suta :
I (S) kw: anak; sêsuta: anak-anak. II (S) kw. ak: juru wuruk (kusir).
sutapa :
(S) kw. pandhita (wong ulah tapa); kasutapan: kapandhitan.
suteja :
(S) kw. ak. sumunar, sumorot, endah bangêt.
sutikna, sutiksna :
(S) kw. ak. landhêp bangêt.
suthustha :
(S) kw. ak. bungah bangêt.
sutra :
kn. ar. bakal alus (asal saka lamating ulêr).
sutrêpta :
(S) kw. ak. sênêng (marêm) bangêt.
sutri :
kn. bngs. rante (tampar) sing kumalung têrus ing wêtêng (abah-abah jaran).
suci :
kn. 1 rêsik; 2 rêsik bêbudène (utama uripe sarta tansah ngèstokake wêwarahing agama); sêsuci: rêrêsik (adus lsp); disucèni: dirêsiki, didusi (tmr. mayit).
suthang :
kn. 1 sikil buri (jangkrik, gangsir lsp); 2 ks. sikil (tangan).
suthik :
kn. ora gêlêm, sungkan.
suthil :
êngg. kn. bngs. solèt.
suthing :
êngg. pc. suthik.
suthup :
kn. ciyut sêmu pêndul tmr. mata.
suthur :
êngg. kn. suthup.
suwa :
kn. ada-adaning duk sok digawe kalam.
suwab :
êngg. kn. bêsêl, ruba; kc. suwap.
suwadi :
n. suwados k. kc. sawadi.
suwak :
I kn. suwèk; di-[x]: 1 disuwèk; 2 diilangi (ora nganggo) tmr. pranatan, pangkat lsp; 3 dicabut tmr. piagêm lsp; 4 êngg. disuwuk, diwurungake, dibubarake. II êngg. kn: uwa.
suwakan :
kn. blumbangan pinggir kali (kalèn) dianggo ngingu iwak; ngubak-ubak [x]-e dhewe pr: gawe rusuhing wêwêngkone dhewe; kc. siwakan.
suwal :
I êngg. kn. kathok cêkak; kc. sruwal. II kn: pitakon, prakara sing dadi pitakon (rêmbug); di-[x]: ditakoni, ditètèr kawruhe sarana pitakon; [x]-an: pitakonan (ing ngèlmu etung lsp).
suwala :
kw. 1 bangga, ora miturut; 2 nglawan, kêrêngan; disuwalani: dilawan; kc. sawala.
suwalapatra :
kw. layang.
suwan :
I kn. linggis kayu (dianggo dhudhuk-dhudhuk). II êngg. kn: uwa; kc. suwak.
suwanda :
kw. awak, wandha.
suwandagni :
kw. srêngenge.
suwantên :
êngg. k: suwara.
suwang :
i kn. 1 wang (10 dhuwit = ± 8½ sèn). II di-[x] êngg. kn: dibuwang.
suwangan :
kn. sungapaning kali.
suwau :
kw. mau, biyèn; kc. wau.
suwaos :
êngg. k. suwasa.
suwap :
êngg. kn. loloh; di-[x]; diloloh; kc. suwab.
suwara :
kn. swara.
(suwarat) :
di-[x](ake) êngg. kn. diundhangake tmr. dhawuh lsp.
suwarga :
n. suwargi k. kc. swarga.
suwari :
kn. ar. manuk (bngs. manuk unta).
suwarna :
(S) kw. 1 êmas; 2 endah bangêt.
suwasa :
kn. ar. logam campurane wêsi, kuningan karo timah (warnane kaya êmas).
suwat-suwut :
kn. njêjupuk (nyolong) rêrikatan.
suwawa, suwawi :
kw. 1 babag, timbang; 2 pantês, patut; di-[x]: dilawan, ditandhingi.
suwawi :
k. 1 ayo; 2 ênya; disuwawèni êngg. kn: dirujuki, dimupakati.
suwe :
n. dangu k. 1 dawa tmr. wêktu, kb. sadhela; 2 lawas tmr. wêktu kang kapungkur; [x]-[x]: sêlot-sêlote, saya suwe saya; disêsuwe, disuwèni: dirêrêndhe supaya suwe; suwèn-suwèn: nganti suwe.
suweda :
kw. driji.
suwèk :
kn. 1 sêmbrèt, bêdhah dawa, suwir; 2 (barang [x]) barang sêmbêt sing wis kanggo; di-[x]: disêmbrèt, dibêdhah dawa; [x]-an: apa-apa sing wis suwèk (disuwèk).
suwèni :
udan [x] kn. udan kaworan angin; kc. sinêmèni.
suwèntêr :
kn. ucêng-ucêng mriyêm.
suwerung :
tukang [x] kn. wong sing nyambut kawe rêndhêt sarta groboh.
suwêg :
kn. ar. têtuwuhan sing bêndholane oyod enak dipangan.
(suwêl) :
di-[x]-ake kn. 1 dilêbokake ing kandhutan (kanthongan lsp); 2 ditêkuk sarta dilunthung tmr. jarit lsp; kc. bêsuwêl.
suwêng :
I n. sêngkang k. rêrêngganing kuping (cêplik, krabu lsp); di-[x]: diênggoni suwêng; [x]-an: nganggo suwêng; kasèp lalu wong mêtêng sêsuwêngan pr. wis kasèp bangêt. II k: suwung.

--- 578 ---

suwidak ~ (sokong).

suwidak :
kn. 60.
suwignya :
kw. pintêr bangêt.
suwike :
(C) pc. iwak kodhok ijo.
suwing :
kn. 1 suwèk, suwir; 2 suwèk lambene dhuwur.
suwir :
kn. 1 suwèk dawa; 2 suwèk nganti mujudake sêbitan dawa; di-[x]-i: disuwèki nganti mujudake sêbitan cilik-cilik (godhong lsp).
suwit :
pc. pêpindhaning swarane sêmpritan lsp.
suwita :
(S) kw. ngèngèr, ngabdi; disuwitani: dingèngèri.
suwiwi :
kn. êlaring manuk (sing dianggo mabur).
suwuk :
kn. 1 lèrèn tmr. gamêlan; 2 êngg. ora sida, wurung (ora ditêrusake); 3 japa-mantra sing disêbulake ing êmbun-êmbunan (tulak lêlara lsp); di-[x]: 1 disirêp (diêndhêgake) tmr. gamêlan; 2 diwurungake, disuwak; 3 dijapani sarta disêbul êmbun-êmbunane; di-[x]-ake: digawa marang dhukun supaya disuwuk; [x]-an: rêricikaning gamêlan sisihane gong.
suwul :
êngg. kn. 1 sindik wêsi ing ulap-ulaping pêthèl; 2 sêsêlan ing untu sing krowok.
(suwun) :
I di-[x] êngg. kn. disunggi; [x]-an êngg: 1 wuwungan; 2 gombal lsp. ganjêl êndhas yèn pinuju nyênyunggi; kc. suhun. II di-[x] ki: dijaluk; di-[x]-ake: dijalukake; ka-[x] êngg: matur nuwun; kc. nuwun.
suwung :
n. suwêng k. 1 ora didunungi ing wong (omah, desa lsp); 2 êngg. kothong, tanpa isi; 3 tanpa ngèlmu (sêsurupan, kawruh lsp); 4 ora ana dinane sing bêcik tmr. sasi; 5 ora ana, ora apa-apa; 6 (wis [x]) wis tanpa sêja nandhakake yèn wis ndungkap mati; di-[x]-ake: ditinggal lunga nganti suwung tmr. omah, panggonan lsp.
suwur :
kn. pawarta sing sumêbar; di-[x]-ake: diwartak-wartakake; ke-[x]: kalok, kondhang, kawêntar.
suwu :
I êngg. kn. bathok lsp. dianggo ngrata (ngêlus) salêraning lawe sing arêp ditênun. II di-[x] kn: disaut; kc. suwat-suwut.
suwolo :
êngg. kn. êmoh, lênggana.
(suwot) :
di-[x] kn. disuwut, disaut.
so :
kn. 1 wit mlinjo; 2 godhong mlinjo sing ênom.
sob :
pc. surud tmr. banyu; kc. sop.
sobat :
êngg. pc. kanca, mitra.
sobèk :
êngg. kn. 1 suwèk; 2 cilaka.
sobita :
(S) kw. ak. endah bangêt.
sobyung :
kn. ar. dolanan bocah (padha ngêgarake tangan banjur diwilang; janak, dêng (bandêng), urang, kèpêr.
soblugan :
dandang [x] êngg. kn. dandang sambogên.
sobong :
êngg. kn. 1 sênthongan; 2 omah (kanggo ngêsorake).
sobrah :
kn. 1 oyod sing pating srawe kaya gombyok; 2 êngg. rêrêngganing pangantèn wadon kaêtrap ing êndhas.
sodok :
êngg. rada.
sodor :
kn. tumbak nganggo jêbêng (dianggo watangan); di-[x]: ditumbak ing sodor, dijojoh ing gèntèr lsp; [x]-an: watangan.
sojah :
kn. ndhungkluk ngurmati (sêmbahyang) tmr. bangsa Cina.
sojar :
êngg. kn. 1 ngandhakake kandhaning liyan; 2 kw. sandika, iya; sêsojar êngg: omong, gunêman.
sodhèr :
I êngg. kn. sondhèr. II êngg. kn: patri; di-[x]: dipatri.
sodhog :
êngg. kn. wluku (ing patêbon); di-[x] êngg: dijotos (diantêm).
(sodhok) :
di-[x](-ake) kn. diajokake sarana didhêsuk (disêdul lsp).
soe :
êngg. pc. sêbêl,siyal.
(sog) :
di-[x]-ake êngg. disèlèhake; kc. sogsog.
soga :
kn. 1 ar. wit sing klikane dianggo ngabang jarit; 2 godhoganing klika lsp. sing dianggo ngabang jarit; di-[x]: diabang nganggo soga (tmr. jarit); sogan: 1 kang wis disoga; 2 warna abang kaya soga.
sogat :
êngg. k. suguh.
sugata :
I kc. sugata. II kc. sewa-sogata.
sogèl :
pari [x] êngg. pari genjah.
soglèng :
(-an) kn. sêmèn ing antarane godhong karo wit (tmr. têmbako); di-[x]-i pc: dipêthiki soglêngane.
sogok :
I kn. 1 apa-apa sing rada dawa dianggo ndudul, nyêdul lsp; 2 êngg. kunci, sosi; [x] untu: 1 biting lsp. dianggo nyuthiki rêrêgêd ing untu; 2 nyuthiki rêrêgêding untu; di-[x]: 1 didudul (disêdul lsp) nganggo sogok; 2 dibukak nganggo kunci (sisi);[11] 3 (ut. di-[x]-i êngg. ditêtangi atine, dibêbolèhi, digêgasah. II êngg. kn: bêngis, songol.
sogolan :
kn. sêmèn, trubusan.
(sogsog) :
di-[x] kn. dicakari (digrauki) sêru tmr. rambut (karêbèn mari ngêlu).
soyi :
kn. badhut, banyolan.
sok :
I n. asring k. ing kala-mangsa, up. [x] têkane mrene; [x] uga ([x] ugi k), [x] anaa ([x] wontêna k): anggêre, janji; [x] ngonoa, [x] mêngkonoa ([x] makatêna k): (dadi) yèn mêngkono; [x] wonga lsp. ([x] tiyanga lsp); sabên (anggêr) wong lsp. II kn: katêranganing barang sing wutah; [x] glogok (glogok [x]): 1 ngujar-ujari nganggo têmbung sing ora patut; 2 dikandhakake (diwalèhake) kabèh; di-[x]-(ake): 1 diiling (diwutahake) ing; 2 dibayarake marang (pajêg lsp); di-[x]-i: 1 diilingi, diwutahi; 2 dibayari; kc. sok.
soka :
I kn. ar. wit (kc. angsoka). II (S) kw. ak: susah, prihatin.
sok-an :
pc. sok (asring).
soke :
êngg. supaya, nganti.
soklat :
kn. ar. panganan (bubukan) asal saka wohe wit sing aran soklat.
sokur :
(A) kn. 1 (ngucap [x]) matur nuwun; 2 ([x] bage) dipuji bisaa, bêgja bangêt yèn; 3 (ut. sukurlah kamdulilah) pc. têmbung sabawa nelakake sênêng dene wong liya nêmahi sangsara lsp; di-[x]-ake: diêlokake sokur !
(sokong) :
di-[x] êngg. pc. dipitulungi (dhuwit lsp); [x]-an: pitulungan.

--- 579 ---

sokotêng ~ sorah.

sokotêng :
(C) kn. ar. wedang nganggo ampas kacang lsp.
soksi :
êngg. kn. kunci.
soksokan :
kn. 1 pasokan, bayaran; 2 kaya disokake, akèh bangêt; kc. sok.
sol :
kn. rubuh rungkad oyode; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-ake) dirungkadake; 2 êngg. didhêsêk.
solah :
kn. obahing badan, pratingkah; di-[x]-ake: diobahake, dipolahake.
solah-bawa :
kn. tandang-tanduk, pratingkah.
solah-tênaga :
kn. solah-tingkah.
solah-tingkah :
kn. tandang-tanduk, kalakuan.
solan-salin :
n. sontan-santun k. gonta-ganti, tansah (kêrêp) salin; kc. salin.
solèd :
kn. 1 wilah sing dianggo ngudhêg liwêt; 2 ks. kêris.
solo :
I pc. kc. suwolo. II sêsolo êngg. kn. njaluk tulung (palilah).
solung :
êngg. kn. pambarêp, sing dhisik; kc. sulung.
solok :
(-an) êngg. kn. kalèn, kalènan; kc. slokan.
solor :
êngg. kn. panging têtuwuhan rambat (nlosor, pêpulêtan); kc. sulur.
solot :
êngg. kn. mêmpêng, kêndêl.
som :
êngg. kn. mlayu jangkahe amba sêmu nganggo mumbul-mumbul (dolanan bocah).
soma :
(S) kw. 1 rêmbulan; 2 Sênèn.
somah :
n. semah k. 1 bojo; 2 (ut. [x]-an) brayat (dianggo petungan, up. rong [x]); sêsomahan: bêbojoan.
sombèng :
êngg. kn. suwèk.
sombong :
êngg. kn. umuk; kc. sumbung.
(sompang) :
sêsompang êngg. kn. sênthong.
sompèl :
kn. sêmpèl, cowèl.
sompèt :
êngg. kn. bngs. kêba (kampil).
sompil :
êngg. kn. bngs. kece; 2 (kupat [x]) kupat diwangun maju têlu dibuntêl ing godhong pring.
sompok :
kn. 1 rupêk, ora kobèt; 2 wis sêsêk bangêt wêktune, kêsusu; 3 rompok (gubug ut. omah cilik); 4 (bako [x]) êngg. godhong têmbako sing ala; di-[x]-ake: dipêngkokake, dirupak (dipèpèdake); ke-[x]: 1 kêpèpèd (dumunung ing papan sing sompok); 2 kêpêngkok.
sona :
(S) kw. asu.
sondhèl :
ora [x] êngg. pc. ks. ora butuh, ora sudi.
sondhèr :
kn. sampur kanggo njogèd ditalèkake ing bangkekan; (sê-) [x]-an: nganggo sondhèr.
sondhêr, sondêr :
(W) pc. tanpa.
sondhul :
êngg. kn. sundhul.
(sondhol) :
di-[x] kn. didhêsuk (dipadal) saka ingisor; kc. sundhul.
sondhong :
êngg. kn. gèntêr pucuke ditrapi tenggok dianggo ngundhuh wowohan; kc. sundhung.
sontak :
êngg. kn. ajur, rêmuk.
sontên :
k. sore.
(sontok) :
di-[x] kn. 1 disêntèg (disêdul, disodhok) bantêr; 2 êngg. dijotos, digoco, disongkol.
sontong :
kn. iwak mangsi (srotong).
sontrot :
kn. sêrating wowohan (tela-kaspa, pêlêm lsp).
sontèk :
êngg. kn. ajur, rêmuk.
song :
I kn. rong gêdhe (growongan) ing pinggir kali, jurang lsp. II kw. ak: aub, payung; di-[x]-i: diaubi, diayomi; kc. songsong.
songa :
kn. bolah sutra.
songar :
kn. sugih omong kang ora nyata sarta umuk-umukan; sêsongaran: ujar ut. patrap umuk-umukan.
songgèk, songgèt :
êngg. kn. sènggèt.
songglèngan :
pc. soglèng(-an).
songgo, songgom :
êngg. kn. pring ing pucuke ditrapi sosog (nam-naman pring) dianggo wadhah kêndhi ut. dupa.
songkèl :
èngg. kn. bngs. linggis (kayu pucuke wêsi); di-[x]: 1 disongkèl, diungkil; 2 pc. ditundhung dikon ngalih (lunga).
songkèt :
kn. bakal sing disulam ing bênang mas; di-[x]: disulam ing bênang mas.
songkil :
êngg. kn. songkèl.
(songkob) :
di-[x]-ake kn. (rambute) dikrêmbyahake ing rai (bathuk).
songkok :
kn. 1 tudhung sing digawe bludru ing buri nganggo tèbèng (ewone panganggo kaprajuritan); 2 êngg. tudhung pacul gowang; [x]-an: nganggo songkok.
(songkol) :
di-[x] kn. diantêm, dijotos; [x]-an: jotosan.
songkop :
êngg. kn. sosog, sondhong.
songkro :
pc. wis tuwa bangêt, rusak bangêt.
songol :
kn. sêntak sarta kasar (gunêman).
songot :
êngg. kn. kiyêng, gothot.
songsong :
ki. payung.
sonya :
kw. suwung, sêpi; kc. sunya.
sonyaruri :
kw. kc. sunyaruri.
(sonyok) :
di-[x] êngg. kn. dinyunyuk.
sop :
I kn. surud (tmr. banyu, banjir). II (W) kn: ar. jangan sing digawe duduh iwak; di-[x]: diolah sop.
(sopak) :
di-[x] kn. disambungi (dianjingi) minangka pikukuh (gêgêntine sing wis putung); [x]-an: 1 kang disopak, sambungan, untu palsu; 2 pc. ora murni, dudu panêmune dhewe.
sopal :
kn. alèn-alèn rêrêngganing tumbak.
sopan :
êngg. pc. wêruh ing tata-krama.
sopana :
(S) kw. 1 ambal, undhak-undhakan; 2 dalan, dêdalan.
sopi :
I kn. arak, inuman kêras; [x] manis: ar. inuman kêras rasane rada lêgi; [x] putih: jênèwêr. II êngg. kn: gêndul wangun pêsagi; kc. kopi.
sopir :
kn. tukang nglakokake montor.
sor :
I kw. 1 ingisor; 2 sangisore; 3 kalah; di-[x]-ake: dirèmèhake; kc. asor, kasor, ngisor. II mak [x] pc. mancur bantêr; di-[x]-ake êngg: dicurake.
sora :
kn. sêru (tmr. swara).
sorah :
kn. 1 ak. gêgambaran, pêpindhan, pasêmon; 2 kandha, andharaning crita lsp;

--- 580 ---

sore ~ srados.

sêsorah :
crita ngandharake sawijining bab, mêdhar sabda; di-[x]-i ak: dipituturi (kanthi pasêmon, pêpindhan lsp); di-[x]-ake: diandharake, dicritakake.
sore :
n. sontên k. 1 wayah ing antarane jam 3 - 6; 2 wayah wiwit suruping srêngenge têkan ± jam 10; 3 êngg. wingi; sa-[x] bêndhe pc: sasuwene wayah sore (têkan ing wayah sore); lagi [x] èntèh pc: isih sore; kêsorèn: kasèp nganti ing wayah sore; sorèn-sorènan: ing wayah sore bae (rada sore).
sorèng :
kumidhi [x] kn. tontonan ngebarake kaprigêlan (njêngkêlit, mlaku njungkir lsp).
sori :
kw. ratu putri, pramèswari.
(soro) :
sêsoro êngg. kn. omah (èmpèr) ngarêp.
sorog :
I kn. 1 kunci, sosi; 2 (ut. [x]-an) êngg. pisungsung marang dhêdhuwurane (supaya olèh sih ut. ing nalikane mantokake anake lsp); di-[x]: 1 dibukak (diêngakake) nganggo kunci; 2 êngg. diwènèhi sorogan (pisungsung); 3 dienggalake laire sarana diombèni jamu (wong mêtêng); 4 disêngkakake matênge srana rêrekan (tmr. durèn dikum, nangka dipantèk bontose pênêr gagang); 5 (-ing layang) dikirimi layang (surasane awèh pêpeling lsp); 6 disalini wilahane (tmr. gambang pelog yèn arêp ganti laras); [x]-an: 1 êngg. lorogan, lèrègan; 2 êngg. slorokan; 3 (jamu [x]-an) jamu dianggo ngenggalake laire wêtêngan; 4 matênge sarana rêrekan (durèn, nangka); 5 (layang [x]-an) layang pêpeling lsp; 6 wilahan gambang pelog sadhiyan kanggo nyalini, yèn ganti laras; 7 katêrangan ing layang (buku) kang mratelakake bab-bab apa dene kaca sing kasêbut ing sajroning buku mau; 8 (ngèlmu [x]) kawruh nyumurupi prakara-prakara sing gaib (sing bakal kêlakon lsp). II êngg. kn: sorok.
soroh :
kn. 1 masrahake (mènèhake); 2 ([x] barang) mènèhake dhuwite lan barang darbèke (tmr. wong wadon supaya olèh bojo); di-[x]-ake: diwènèhake, dipasrahake; di-[x]-[x]-ake: ditawak-tawakake supaya diêpèka (dianggoa).
sorok :
kn. 1 sigaran pring (kayu) malang didokoki garan dawa dianggo ngrêsiki uwuh lsp. (disurungake); 2 ar. piranti dianggo ngrauki dhuwit, gêni lsp; di-[x]-(i): dirêsiki (dirauk, digaruk lsp) nganggo sorok.
sorong :
klambi [x] êngg. klambi kurung; kc. surung.
sorot :
I kn. 1 pêpadhang kang sumirat (sumunar); 2 (gambar [x], kumidhi [x]) bioskup; 3 (gambar [x]) ak. potrèt; 4 (diyan [x]) diyan corong; di-[x]-i: disunari (ditibani sorot). II di-[x]-i kn: diêlêbi (diilèni) banyu (tmr. sawah); di-[x]-ake: diilèkake ing sawah; sawah [x]-an: sawah sing olèh banyu saka ing wangan (kalèn).
sosi :
(C) êngg. kn. sorog, kunci.
sosis :
kn. ar. panganan (lêlawuhan).
soso :
êngg. kn. 1 kasar (tandang-tanduke lan pangucape); 2 groyok sarta sarwa kêsusu (tmr. gunêman); [x] ulon: wicara (gunêman) kasar.
sosog :
I kn. nam-naman pring (saèm. tenggok, kranjangan) digarani dianggo wadhah patarangan, kêndhi ut. dupa; kc. songgom. II di-[x] kn: disogok, disodhok) nganggo sapu, obor lsp; di-[x] ing ujar br: diunèn-unèni nganggo têmbung kasar. III di-[x]-ake êngg: disèlèhake, didokokake.
(sosoh) :
di-[x] kn. dirêsiki (diputihake, diilangi kulite) sarana ditutu ing lumpang (tmr. bêras, lsp).
sosol :
êngg. kn. groyok, soso.
sosor :
kn. cocor; di-[x]: dicucuk nganggo sosor; kc. cocor.
sosoran :
kn. karerehan; kc. sor-soran.
(sosot) :
di-[x]([x])-ake kn. diunèk-unèkake (dipisuhi lsp).
sot :
I êngg. kn. uwal, mrucut, ucul; di-[x]-ake: diuwalake, diculake. II kw: pangajab ala (supaya salah kêdadèn, kêna wêwêlak lsp); di-[x]-ake: disupatani, diajap supaya salah kêdadèn.
sota :
kw. ([x]-ning ati) pangrasaning ati, gagasan.
sotah :
kw. sudi; ora [x]: ora sudi.
sote :
(-ne), sotèn êngg. 1 luwih-luwih, luwih manèh; 2 mula pancèn; 3 kambi, sêmbari.
sotèr, sotir :
ora [x] pc. ks. ora sudi, êmoh; kc. sotah.
soto :
kn. saoto.
sotya :
kw. 1 intên; 2 (ut. sêsotya) intên (warna-warna); disotyani: dipatik ing intên; kc. soca.
soca :
I kw. 1 intên; 2 ki. mata; 3 kn. mataning ali-ali. II kn: 1 blêntong irêng ing kayu tilas pang; 2 calon pang ing wit (pring, têbu); 3 pc. cacad. III disocani, disotyani kw: disucèni, dirêsiki (diraupi lsp).
sothal-sothil :
pc. mlarat bangêt sandhangane paring sranthil.
sothil :
êngg. kn. susuk pring ut. wêsi dianggo ngolak-alik gorèngan.
(sotho) :
di-[x] kn. dijotos (traping tangan digèpèngake ênggone namakake disodhokake).
sowak :
pc. suwak.
sowan :
1 k. seba; 2 mara mênyang ing omahe dhêdhuwuran (priyayi gêdhe).
(sowang) :
[x]-[x](-an) kn. dhewe-dhewe, pilah-pilah (pêpisahan).
sowangan :
êngg. kn. 1 sêndarèn; 2 bngs. sêmpritan.
sowe :
I êngg. pc. siyal, sêbêl, kojur. II kw. ak: suwe.
sraba :
kw. swara; tanpa [x](-[x]) kn: tanpa ana swarane, ora nganggo gunêman (nêmbung lsp); disrabani: diajak omong (didongani lsp) tmr. lêlêmbut.
srabat :
êngg. kn. donga panulak.
srabedan :
kw. pêpenginan (pakarêman) ala.
srabudan :
kn. tanpa nganggo pilih-pilih (kabèh ditandangi, didagang lsp).
srada, sradan, sradi :
êngg. rada.
srados :
êngg. k. sraya.

--- 581 ---

sragdhara ~ srèwèh.

sragdhara :
kw. ar. têmbang gêdhe.
srag-srog :
kn. padha têka (linggih, disèlèhake lsp) tumruntun.
srah :
kw. pasrah; di-[x]-i: dipasrahi; kc. asrah, pasrah.
srah-srahan :
kn. 1 pasrah-pasrahan; 2 sasrahan.
sraya :
êngg. kn. bantu, pitulungan; di-[x]: disambat, dijaluki bantu (pitulungan); disrayakake: ditindakake kalawan sêsambatan; srayan: 1 sambatan; 2 bêbarêngan tumandang; kc. rêsaya.
srakah :
I kn. kumudu-kudu olèh akèh, murka. II. kn: dhuwit wragading ningkahan.
srak-srèk :
pc. pêpindhan swaraning barang sing gêgosokan.
srama :
I kn. 1 pawèwèh (atur-atur) marang dhêdhuwuran; 2 pawèwèh marang wong sing duwe sawah (nunggal laras karo sewa, ut. parining panenan); [x] sawah: nyewa sawah nganggo srama; disramani: diwènèhi srama; disramakake: disewakake kanthi srama (tmr. sawah). II (S) kw: patapan, padhepokan; sêsrama: dhêdhepok, gawe patapan.
(srambah) :
di-[x](-i) kn. dicaki, diwratani (kabèh tanpa giliran, dianggo lsp); [x]-an ak: kêna dianggo apa-apa; kc. ambah, kêsrambah.
srambi :
pc. surambi.
srambu :
êngg. kn. klambu.
srambung :
pating [x] pc. akèh sambungane; kc. sambung.
srampad :
I kn. tampar nganggo kolongan dianggo pancadan mènèk. II di-[x] êngg. kn: dikênani perangane sing dhuwur; kc. srèmpèd.
(srampang) :
di-[x] kn. disawat ing lêlandhêp (arit lsp) sing dilarapake njlèmpèr.
srana :
kn. kc. sarana.
srandu :
I ([x] ning awak) kn. awak sakojur. II di-[x] êngg. kn: dicêcênggring, diewani.
srandhal :
êngg. pc. sandhal.
srandhul :
êngg. kn. ar. tontonan barangan (saèm. wayang wong).
srani :
êngg. kn. Kristên; disranèkake: didadèkake Kristên.
sranta :
kn. (ora [x]) (ora) sabar, (ora) sarèh; ora srantanan: ora bisa sabar (sarwa kêsusu); kc. sranti.
sranti, srantèn :
n. srantosan k. (ora [x]) (ora) bisa sabar; disrantèkake n. dipunsrantosakên k: disabarake, diêntèni kalawan sabar.
sranthal :
pc. jranthal.
sranthil :
pating [x] pc. padha amoh tmr. sandhangan; nyranthil pc: mlarat bangêt.
srang :
kw. nêmpuh, nrajang; kc. sêrang.
srang-srangan :
êngg. kn. kêsusu, ora srantèn.
srang-srèng :
pc. pêpindhan swaraning wong nggêgorèng.
srapat :
I di-[x] kn. 1 disrèmpèd; 2 disipat, diincêng; garis [x]: garis srèmpèdan (sing nggêpok cakran); [x]-an: 1 kang disrapat; 2 didêlêng (digêpok lsp) ora kalawan diêmên-êmênake. II kn: ([x]-e) rupa ut. wanguning praèn didêlêng satleraman, sêmune kaya; di-[x]: didêlêng satleraman, dikira-kira sarana didêlêng pasêmone (rupane, wangune).
srasah :
kn. apa-apa sing dianggo nglapis (ngrangkêpi); di-[x]: 1 dilapis, ditrapi srasah; 2 ditrapi blabag lsp. tmr. jrambah lsp.
(srasèh) :
di-[x]-ake kn. disêmantakake, dijalukake rêmbug; [x]-an: rêrêmbugan, kumpulan ngrêmbug sawijining bab (prakara).
srat :
br. sêrat.
srati :
kn. tukang ngupakara (nuntun, ngusiri) gajah; disratèni: diladèni (diêmong) kanthi diturut kêkarêpane; (angèl, gampang) sratèn-sratènane: (gampang, angèl)[12] anggone ngladèni (ngêmong).
sraton :
êngg. kn. galak, brangasan.
srawa :
kw. ak. sraba.
srawana :
(S) kw. mangsa kasa (kang kapisan).
(srawat) :
di-[x] êngg. kn. disawat.
srawe :
pating [x], [x]-an kn. 1 katon krêmbyah-krêmbyah (rawe-rawe); 2 padha obah-obah kumlawe tangane, padha ngawe-awe.
srawing :
kn. bngs. tèbèng dianggo aling-aling supaya aja tampu.
srawung :
1 kw. barung; 2 (ut. [x]-an) kn. wis tau têpung (lêlayanan); di-[x]-i: 1 kw. dibarung ing, dibarêngi; 2 kn. ditêpungi, dikumpuli; sêsrawungan, pasrawungan: têtêpungan, têtunggalan (woworan karo wong-wong akèh).
srèi :
kn. drêngki, kumudu-kudu njaluk mênang.
sreyag-srèyèg :
êngg. pc. pating sêngkèyèg.
srèk :
mak [x] pc. pêpindhan swaraning barang gêgosokan (trumpah lsp).
(srekal) :
di-[x] kn. 1 dicêngkolong, diplèsèdake têtêmbungane (sajroning pêpadon, bantah-bantahan); 2 êngg. diala-ala, dicatur ala; [x]-an: têtêmbungan sing dianggo nyrekal.
srekat desa :
êngg. pangrèhing desa.
srembong :
pating [x] kn. pating slêmbrèh ora karuwan tmr. manganggo, bêbêdan lsp.
srempang :
pc. slempang.
(srèmpèd) :
di-[x] kn. 1 digêpok (dikênani) sathithik, disrampad; 2 pc. dipêpiringi, disrêngêni (dituturi) mung digêpok sathithik-sathithik; 3 pc. disilih sadhela; [x]-an: 1 srapatan; 2 (garis -) garis kang nggêpok cakran; 3 pc. apa-apa sing mung digêpok sathithik. II mêrcon [x] kn: mêrcon panahan.
srengat :
pc. sarengat; owah [x]-e ks. edan.
srèpèt :
1 mak [x] pc. katêrangan panariking kêris lsp; 2 êngg. lara enc.
srèsèh :
kn. sumanak sarta sumèh.
srewat-srewot :
kn. grusa-grusu tandange.
srèwèh :
pating [x] pc. katon padha mili pêpêncaran; [x]-an: ilèn-ilèn banyu kang mêtu ing bêdhahan (bolongan).

--- 582 ---

srèngkad-srèngkod ~ srisig.

srèngkad-srèngkod :
kn. mengkat-mengkot, sajak ora kajat.
srêba :
êngg. pc. sarwa.
srêban :
kn. sêrban, tulban.
srêbat :
kn. sêrbat.
srêbèt :
kn. kc. sêrbèt.
srêbêd-srêbêd :
kn. 1 (swara) sumiliring angin; 2 swaraning jarit (yèn dianggo mlaku).
srêda :
kw. ak. 1 ngandêl, pitaya; 2 sudi.
srêdu :
kn. ak. sarju, kêsdu.
srêg :
êngg. kn. 1 katêranganing linggih; 2 trêp, wis cocog bangêt, wis mungguh.
srêgêp :
kn. tabêri, kanthi mêmpêng sarta tlatèn; di-[x]-i: ditabêrèni, ditlatèni.
srêmêt :
êngg. kn. 1 tikus lan kewan liyane sing dadi ama; 2 pc. wong sing dhêmên nyênyolong; dipangan [x] pc: ilang marga dicolong.
srêming-srêming :
I (krungu-) pc. krungu kabar angin. II pc: rada mbrêgènggèng.
srêmpal :
pating [x] pc. padha sêmpal, padha suwèk tmr. sandhangan.
(srêmpêng) :
di-[x] kn. digêlak kalawan mêmpêng (ngêtog kakuwatan).
(srêmpil) :
di-[x] kn. 1 dicuwil (dilongi, disuda) sathithik; 2 pc. anak kang mêtu saka sêlir pêtêng lsp.
srêmplah :
pating [x] pc. padha suwèk pating krêmbyah.
srênit, srênut :
pating [x] pc. krasa sênit-sênit (sênut-sênut).
srêntêg :
kn. sêdhêngan dêdêg-piyadêge (tmr. wong wadon).
srênti :
kn. ora bêbarêngan têkane (wêtune lsp).
srêntos :
êngg. k. srênti.
srênthit :
pating [x] pc. padha nywara sênthit (sêmpritan lsp).
srêng :
kw. sêrêng.
srêngenge :
kn. bundêran kaya bumi sing dadi tuking padhang lan panas ing wayah awan; pandêngan karo [x] pr: mêmungsuhan karo wong kuwasa.
srêngên :
kn. 1 ak. nêpsu; 2 (ut. nyrêngêni) kn ndukani ki: mituturi sarana têmbung sêrêng.
srêngga :
(S) kw. ak. pucuk, puncak, sungu.
srênggala :
kw. asu, asu ajag.
srênggara :
(S) kw. pangungrum, pamalat sih; di-[x]: dingungrum, dirêrêmih; di-[x] macan: 1 dipêksa, dirêbut kanthi pêksa; 2 digêrtak.
srênggi :
(S) kw. 1 gunung; 2 sapi.
srêngkara :
kw. ak. ngalamating nagara kang arêp rusak.
srêp :
I pc. adhêm. II kc. sêrêp.
srêpan :
kn. gangsar, olehan (yèn mancing lsp).
srêpêgan :
kn. ar. gêndhing saèm. ayak-ayakan sêsêg.
srêsêp :
pating [x] pc. padha sumêsêp (nlêsêp).
sri :
(S) kw. 1 sorot, cahya; 2 endah bangêt; 3 kanggo sêsêbutan atêgês sing minulya (luhur); 4 ratu; kc. asri.
sriawan, sriyawan :
kn. ar. jamu dianggo tamba lara mêjên.
sribid-sribid :
êngg. kn. sumilir tmr. angin.
sribombok :
kn. ar. manuk saba ing banyu.
sridanta, sridênta :
kw. srigadhing.
srigadhing :
kn. ar. kêmbang.
srigak :
kn. sarwa cukat tandang-tanduke (ora sêmu aras-arasên).
sriging :
êngg. kn. bngs. icir cilik.
srigunting :
êngg. kn. ar. manuk; [x]-ên: ora rampak tmr. tulisan.
srigunggu :
kn. ar. têtuwuhan.
sriya :
(S) kw. ak. rêja, bêgja.
sriyaban :
êngg. kn. klayaban.
(sriyat) :
di-[x]-i kn. disajèni (kanggo têtulak); [x]-an: sarana dianggo têtulak.
srikaya :
kn. ar. wit sarta wohe; kêtan [x]: kêtan diadoni juruh; wedang [x]: wedang dicampuri kêtan.
srikat-srikut, srikutan :
kn. srawean tangane.
srikawin :
kn. dhuwit pawèwèh marang pangantèn wadon.
(srikêp) :
di-[x] êngg. kn. didêkêp ing wayah bêngi (tmr. manuk).
srikuning :
kn. ar. pari.
srilak :
kn. (sêdulur-) sêdulur tunggal suson.
srilara :
n. srisakit k. bangke sing sumèlèh saênggon-ênggon.
srimaya :
(S) kw. ak. endah bangêt.
srimanganti, srimênganti :
kn. ar. regol (plataran, bangsal) sangarêping kraton.
srimangêpêl :
kn. sikile ngarêp putih (tmr. jaran).
srimbit :
pc. sarimbit.
srimpak :
êngg. kn. tlundhag lawang.
(srimpêd) :
di-[x](i) kn. digubêd (dijegung) ing tali lsp. (tmr. sikil); ke-[x]: 1 (sikile) kêjegung ing tali lsp; 2 pc. kêna ing alangan lsp.
srimpi :
kn. lêlangên jogèd sing njogèd wong wadon cacahe 4 ut. 5; srimpèn: lêlangên njogèdake srimpi.
srimpung :
kn. tali (tampar) dianggo nalèni sikil; srimpang-srimpung, srimpungan: jangkahe ciyut marga ênggone bêbêdan (tapihan) singsêt; di-[x]: ditalèni sikile karo pisan; di-[x] gajah: sikile disrimpung nanging ora didhèmpètake (dadi isih bisa mlaku).
srinata :
kw. têmbang sinom.
srindhitan :
kn. slindhitan (ar. manuk).
srinthil :
I kn. angusing tike ing bêdudan, klèlèt. II êngg. kn: tikus; kc. sumrinthil.
sring :
êngg. kn. rada kêrêp, sok; kc. sêring.
(sringah) :
kn. kc. sumringah.
sripah :
I kn. (ana [x]) ana wong mati; ke-[x]-an: kêpatèn. II pc: saripah.
sripanganti, sripênganti :
kn. srimanganti.
sriping :
êngg. kn. criping.
sripit :
I [x]-[x] kn. mlaku jangkahe ciyut sarta nywara srêbêd-srêbêd. II di-[x] êngg. pc: 1 disrèmpèd sathithik; 2 disruput.
srisakit :
k. srilara.
srisig :
I kn. 1 watu sangganing gêdhèg (tembok); 2 pagêr (nam-naman pring);

--- 583 ---

sriti ~ swarga.

3 (ut. [x]-an) êngg. saèm. jodhangan (wadhah koprah). II kn: njogèd sêsirig (wêdhi-kèngsêr)
sriti :
kn. ar. manuk.
sriwêd :
pating [x] kn. pating sliwêr (uyêk-uyêkan).
(sriwil) :
di-[x] kn. disrèmpèd sathithik, dijawil sathithik.
sriwing-sriwing :
kn. 1 krasa kaya didamoni (kêsiliran angin); 2 pc. kabar angin, srêming-srêming; kc. sumriwing.
sru :
kw. sêru (bangêt).
(sruba) :
di-[x]-[x] êngg. kn. disuba-suba.
srubud-srubud :
kn. swaraning angin bantêr.
(srudug) :
di-[x] kn. dibijig (disondhol) sêru.
(srudah) :
êngg. kc. sludhah.
srugal-srugul :
êngg. pc. kau, ora tata.
srumbung :
kn. 1 nam-naman pring ditrap ing sumur (supaya ora jugrug); 2 bngs. kranjang tanpa dhasar dianggo wadhah krikil, kurungan tanduran lsp; 3 kepang pêsagi ditata ing tenggok ut. sênik supaya amot akèh; 4 bngs. pagêr nam-naman pring; 5 êngg. pipa blombongan dalan kêbul; 6 pc. sêlut untu; di-[x](i): ditrapi srumbung; [x]-an êngg: wong wadon sing buruh nggêgendhong.
srundèng :
kn. gorèngan parudan krambil.
srunèn :
kn. 1 gamêlan Madura; 2 saèm. wayang wong (Madura); kc. sruni.
sruni :
kn. bngs. suling.
srunthul :
I mak [x] kn. mlayu ndhungkluk (mbrobos); [x]-an: dalan cilik ing patêbon; kc. jrunthul. II kn: 1 ar. ama; 2 êngg. ar. jamur.
srunggan :
êngg. kn. wiji-wiji warna-warna dicampur.
srupat-sruput :
pc. swara (katêranganing) wong ngombe.
(sruput) :
di-[x] pc. diombe sarana disêrot.
sruti :
I kn. surti. II (S) kw. kitab suci.
srutu :
I kn. rokok lintingan godhong tembako. II. nyrutu êngg. pc: mlaku rikat tanpa ngingêtake kiwa têngên.
sruwa :
I êngg. kn. ada-adaning duk digawe kalam; kc. suwa. II êngg. kn: srèi. III [x]-sruwi kn: kabèh sarwa.
sruwag :
pating [x] kn. madhul-madhul ora alus (tmr. rambut).
sruwal :
kn. lancingan ki. êngg. kathok.
sruwang-sruwing :
kn. krungu srêming-srêming.
(sruwe) :
di-[x] kn. 1 diaruh-aruhi, dielikake; 2 dicacad, diwaoni.
suwèk :
pating [x] pc. padha suwèk.
sruwêd :
pating [x] pc. pating sriwêd, pating sliwêr.
sruwêng :
pating [x] pc. nywara pating grênggêng (angin).
sruwil :
pating [x] pc. pating sluwir (cruwil).
sruwing-sruwing :
pc. sruwang-sruwing.
sruwi-sruwi :
kn. sruwa-sruwi.
sruwud :
pating [x] kn. pating jriwut, padha dhiwut-dhiwut.
(sruwuk) :
di-[x] êngg. kn. disrudug.
sruwung :
pating [x] kn. nywara grunggung-grunggung (angin).
srobod :
êngg. kn. rungkud, akèh thêthukulane.
(srobong) :
di-[x] êngg. kn. dibuntêl, digêdhong.
srodok :
I pating [x] pc. katon dawa-dawa tmr. alis lsp. II êngg. pc: rada.
srog :
mak [x] pc. têka dhog, linggih srêg; di-[x]-ake: disèlèhake.
srogal-srogol :
kn. kau, ora tata.
srombong :
êngg. pc. pagêr dianggo ngurung têtanduran lsp; kc. srumbung.
srompod :
I kn. thêthukulan sing ngrêgêdi (sukêt lsp). II êngg. kn: srêgêp tumandang ing gawe.
(srondhol) :
di-[x] pc. disondhol.
sronggot :
kn. congor cèlèng (babi); di-[x]: disrudug ing sronggot.
(sropot) :
di-[x] êngg. kn. disêrèt tanpa nganggo campuran apa-apa (tmr. candu).
srota, sroti :
(S) kw. ak. kuping.
srotiya :
(S) kw. ak. wong (pandhita, brahmana) pintêr.
srotong :
êngg. kn. 1 pipa, bêdudan; 2 sotong, cumi-cumi; [x]-an êngg: ar. wanguning omah (saèm. kampung nganggo payon èmpèr 2).
srothal-srathil :
pc. mlarat bangêt (sandhangane pating sruwèk).
srowal-srowol :
kn. srogal-srogol, murang tata.
srowod :
pating [x] pc. pating jlêbud (rambut), akèh sêrate (tmr. pêlêm); kc. sruwud.
srowoh :
pating [x] êngg. kn. pating srowong.
(srowok) :
di-[x] êngg. kn. disrudug; kc. sruwuk.
srowong :
pating [x] kn. akèh bolongane tmr. gêdhèg lsp; di-[x]-i: dibolong, didèkèki bolongan; [x]-an: bolongan dalan padhang (angin).
swa :
I kw. jaran; kc. aswa. II kw. ak: rai, êndhas; kc. asya.
swabawa :
I kw. swara; kc. sêbawa. II (S) kw. ak: watak.
swabrêtya :
(S) kw. ak. prajurit.
swadesa :
(S) kw. ak. padunungan (e dhewe).
swagata :
kw. sogata, sugata.
swagotra :
(S) kw. ak. turun.
swagrêha :
(S) kw. ak. patapan.
swah :
(S) kw. ak. langit.
swayambara :
kw. ak. sayêmbara.
swami :
(S) kw. ak. bêndara, ratu, bojo.
swana :
I (S) kw. ak. asu; kc. sona. II kw. ak: gêtih.
swandana :
kw. têtunggangan, kreta.
swanita :
kw. gêtih.
swantên :
k. swara.
swara :
n. swantên k. kêdhêring hawa sing tinampan ing pangrungu; ngumbar [x]: umuk, sêsongaran (sêsumbar); nywara: ngêtokake swara, muni.
swarga :
(swargi k. ak) kn. 1 alam kanikmatan padunungane para sukma (kang [(kan...]

--- 584 ---

swargaloka ~ tajêm.

[...g] padha utama uripe); 2 kayangan, kadewan; 3 karahayon, kabêgjaning sukma; sing wis [x] n. ingkang sampun swargi k. br: sing wis mati; [x] ginawe ayu br: têka bêcik têmên ! [x] nunut: kabêgjaning wong wadon mung nunut marang sing lanang; [x]-ne wong ...: bêgjane wong ...; nywarga pc. wis kêpenak (bêgja) uripe; kc. swargi.
swargaloka :
kw. kadewan, kayangan, swarga.
swargi :
ki. jênat, jênate.
swari :
kc. suwari.
swasa :
n. swaos k. suwasa; [x] bubul: swasa sing ala; swasan: swasa palson.
swasana :
kw. hawa.
swasta, swasti :
(S) kw. ak. rahayu, slamêt.
swawi :
kc. suwawi.
sweda :
I (S) kw. ak. kringêt. II kw: driji; kc. suweda.
swèni :
kc. suwèni, sinêmèni.
swèntêr :
kn. ucêng-ucêng mriyêm.
sweta :
(S) kw. ak. patih.
swi :
kw. adrêng, nggujêg.
swikara :
(S) kw. ak. mêksa, adrêng.
swipwa, swipowa :
(C) kn. kêthèkan dianggo etung-etung.
swiwi :
pc. suwiwi.
swuh :
kw. rusak, lêbur; kc. syuh.

 


disaosake. (kembali)
kn. (kembali)
linggih. (kembali)
planggrangan. (kembali)
diusar-usarake. (kembali)
udan. (kembali)
dirêsikake. (kembali)
lathi [x]. (kembali)
gênti-gêntèn. (kembali)
10 dianjingi. (kembali)
11 sosi. (kembali)
12 (angèl, gampang). (kembali)