Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

U

--- 434 ---

ubad-ubêd ~ udan barat.

ubad-ubêd :
kn nyukupake butuhe (sarana utang ing kene dianggo nyauri utang liyane); kc. obêd.
ubag :
êngg. kn ompak.
ubaya :
kn. ak jangji, kasaguhan; diubayani br: disaguhi.
(ubak) :
di-[x] kn diudhak, diubêk.
ubak-ubêk :
kn. ak udhak-udhêk (bola-bali tansah dumunung ing panggonan kang ora kobèt).
ubal :
kn mumbuling (urubing) gêni, wêtuning rêrêgêd ing banyu (uga . ent. wêtuning apa-apa kang bêbarêngan akèh); di-[x]: diplintir didadèkake tampar; di-[x]-ake: 1 digêdhèkake urube; 2 ak. dipitongtonake ing akèh (tmr. aji, kasêktèn lsp); kc. mubal.
ubang-ubêng :
kn 1 mlaku mrana-mrana (mubêng-mubêng) nggêgolèki; 2 pc. sênadyan migunakake cara warna-warna têmahane iya bali kaya sakawit; kc. ubêng.
ubanggi :
k. ak ubaya.
uba-rampe :
kn 1 ak. panganan lan lêlawuhan lsp. kang diaturake marang dhêdhuwuran ing nalikane duwe gawe lsp; 2 apa-apa sing kalêbu prabot ut. kapêrluan.
ubêd :
kn 1 (petungan) ênggone nalèkake ut. nyabukake mubêng, up. sêtagèn [x] papat; 2 lêlingkapaning kulit ing sikil tanpa sambungan (tmr. pitik); 3 ubêng-ingêring rêmbug (gunêm, padu, prakara); 4 ak. pintêr ngrigênake kabutuhane (padune, rêmbuge); [x]-[x]: (nganggo) tali lsp. blêbêd êndhas lsp; di-[x]-[x]-i: diblêbêd sarta ditalèni (êndhas lsp); di-[x]-ake: 1 ditalèkake mubêng (nggubêd); 2 diiguhake murih bisa kacukupan butuhe (panganggoning dhuwit lsp).
ubêk :
êngg. kn usrêk, tansah rame; di-[x] êngg: diubak, diudhak; [x]-an: rame usrêk dening kèhing wong.
ubêl-ubêl :
kn 1 kacu lsp. kang diubêd-ubêdake ing êndhas; 2 apa-apa kang dianggo isèn bolongan (blombongan, supaya rapêt panyambunge); di-[x]-[x]-i: 1 disêsêli ing gombal lsp. (tmr. bolongan lsp); 2 diubêd-ubêd kacu lsp. (tmr. êndhas lsp).
ubêng :
kn obah mangun buwêngan; di-[x]-[x]: ora diwangsuli cumêplos, ditakoni dikalang-kalang, tansah disêmayani (tmr. nagih utang); di-[x]-i: diliwati mubêng, dikitêri, diidêri, dikalangi; di-[x]-ake: 1 diobahake mubêng (rodha lsp); 2 digawa mubêng, diidêrake; [x]-an: 1 suwene (dawane, dohe lsp) ênggone mubêng; 2 giliran gênti-gêntèn; [x]-[x]-an: tansah mubêng; kc. kubêng, mubêng.
(ubêr) :
di-[x] êngg. kn. 1 diubak-ubak, diudhak; 2 (ut. di-[x]-[x]) dioyak-oyak, dikuya-kuya; [x]-[x]-an: oyak-oyakan.
ubin :
êngg. kn jobin; 2 ru pêsagi.
ubyar :
kn urub gumêbyar; kc. mubyar.
ubyang-ubyung :
kn grudag-grudug bêbarêngan wong akèh; kc. ubyung.
ubyêk :
êngg. pc rame bangêt (ênggone gunêman).
(ubyung) :
di-[x]-i kn dikancani (dirujuki) ênggone nindakake kang ora bêcik; [x]-[x]-an: mlaku bêbarêngan wong akèh; kc. ubyang-ubyung.
(ublak, ublêk) :
di-[x] êngg. pc diubak (tmr. barang kang rada plikêt, jladrèn, êndhog lsp).
(ubub) :
di-[x]-i kn diangini nganggo ububan; [x]-an: piranti kanggo nyêbulake angin ing prapèning pandhe.
ubud :
kn. ak tanpa pilih-pilih (ênggone njêjupuk lsp); kc. ubut, obod.
ubug-ubug :
êngg. kn nywara grubug-grubug (gêni, angin lsp).
(ubung) :
di-[x]-i êngg. kn. ak diubyungi (ênggone laku ala).
ubur :
I êngg. kn rame bangêt (tmr. pawarta). II di-[x]-[x], di-[x]-i êngg. kn: didokoki obong-obongan mêrang lsp. supaya ilang lêmude.
ubus :
kn. ak ubrus.
ubut-ubut :
êngg. kn 1 (esuk [x]) wayah esuk bangêt; 2 maling ing wayah esuk (mlêbu ing omah tanpa mbabah); di-[x]-[x] ak: dimalingi (ing wayah esuk).
ubon-ubon :
kw. ak bngs. endhang.
(ubral) :
di-[x]-[x] êngg. pc dibêbècèr (diborosake).
ubrêg :
pc rame, ribu[1] tumandang; di-[x] pc: diplêtêr pitakon lsp.
(ubrês) :
di-[x] kn dilari (digolèki) ana ing êndi-êndi.
ubrus :
I kn. ak opsir panggêdhening bètèng. II ora [x] êngg. pc: ora bisa.
uda :
I êngg. pc wuda. II [x]-[x] kn. ak: duga-duga, kira-kira; di-[x]-[x] ak: 1 dikira-kira; 2 ak. disuda-suda saka sathithik. III kw. ak: banyu.
udadi :
(S) kw sêgara.
(udag) :
di-[x]-[x] êngg. kn dioyak-oyak.
udaya :
kw. ak 1 sêgara; 2 plêthèking srêngenge; 3 munggah, mumbul.
udaka :
(S) kw. ak banyu, tuk.
udakara :
n. udakawis k kira-kira, kurang luwih.
udal :
(-an) kn pambuwaling banyu saka ing tuk; kc. mudal.
udama :
kw. ak nistha, asor; kc. adama.
udamamah :
kw bêcik ing pangucap (nalika nirokake gunêming wayang lsp).
udan :
n. jawah k (tibaning) banyu saka ing awang-awang; [x]-[x] n. jêjawah k: adus (dolanan lsp) ing banyu udan; di-[x]-i: ditibani panah lsp. saka ing awang-awang; di-[x]-ake: ditibakake saka ing awang-awang; di-[x]-[x]-ake: disèlèh lsp. supaya kêna banyu udan; kc. kodanan.
udanagara :
kn tata-trapsilaning pasrawungan (tata-krama, unggah-ungguh).
udan ampèl :
kn ar. dhapuring kêris.
udan asih, udan mas, udan sore :
kn ar. gêndhing.
udan barat :
n. jawah barat k udan awor angin gêdhe.

--- 435 ---

udani ~ udhêt.

udani :
kw wêruh; diudanèni: diwêruhi.
udan-kêthèk :
(macan dhedhe) kn udan nanging panas (srêngenge katon).
udan-sinêmèni (-suwèni) :
kw udan mawa swara kumrusuk nanging durung tumiba (kang udan ing panggonan liya).
udan tangis :
br akèh wong kang padha nangis.
udan-woh :
n. jawah-woh k udan kêcampuran ès.
udara :
I (S) kw awang-awang. II (S) kw. ak: wêtêng.
udaraga :
sabuk [x] br sabuk mawa corak warna-warna.
udarasa :
n. udaraos k. ak panduga, pangrasa (panggagas); ng-[x] ak: nduga, nggagas, ngunandika.
udarati :
(S) kw. ak sêgara.
udasmara :
kw panggagas, pamikir; ng-[x]: 1 nggagas, mikir, ngunandika; 2 ak. ngungrum.
udata :
(S) kw. ak sêru, bangêt, umuk.
udawiyah :
kn. ak pakurmatan ing pêpucuking layang; kc. adangiyah, adawiyah.
udêl :
êngg. pc wudêl.
(udi) :
di-[x] kn 1 diprêsudi murih bisa kêtêkan kang dijangka; 2 ditakoni (dijaluk) kanthi têmên-têmên.
udu :
êngg. pc dudu.
udud :
kn. (sês k): 1 êngg. rokok; 2 ngakêp rokok (disêrot kêbule); 3 êngg. nyêrèt (madat).
uduk :
, sêga [x] êngg. pc sêga wuduk.
udun :
êngg. pc wudun.
(udung) :
ng-[x] êngg. kn mangkêl atine.
udur :
I kn 1 prakara kang dadi pêpadon; 2 (ut. [x]-[x]-an) pêpadon rêbut bênêr, pasulayan. II êngg. kn alangan. III di-[x]-ake êngg. kn disambatake panggarape (sawah lsp); [x]-an êngg: sambatan nggarap sawah; kc. kudur.
udrasa :
kw tangis, luh; maca [x]: nangis.
udrêg-udrêgan :
kn rame pêpadon, grêjêgan.
udyana :
(S) kw taman, patamanan.
(uja) :
di-[x] kn 1 ditogake bae ing sakarêp-karêpe, dipituruti ing sapanjaluke; 2 êngg. diniyati.
ujana :
kw. ak taman, patamanan; kc. udyana.
ujani :
kn. ak opahan marang dhukun; kc. wêjani.
ujan-ujan :
(-an) kn (wong, kêlakuan) kang diuja.
ujar :
kn 1 gunêm, wêtuning têmbung; 2 niyat kang kawêtu (kaul, nadar); di-[x]-[x](-i): diunèk-unèkake ala; kc. mojar.
(ujêg) :
di-[x](-[x]) kn tansah dijaluk (ditagih).
ujêr :
kn. ak awit, mula, pancèn; kc. jêr.
(uji) :
di-[x] kn. ak dilèlèr (tmr. êmas).
(ujiwat) :
ng-[x] kw nglirik, mbalang liring; di-[x]-i: dilirik.
ujub :
kn tujuning slamêtan (katur marang Kangjêng Nabi, para wali lsp); di-[x]-ake: ditêrangake (dikandhakake) tujuning slamêtan katur marang para wali lsp.
ujubriya :
kn. ak; ([x] kibir) umuk ngêndêl-êndêlake kaluwihane ut. kasêktène.
ujud :
êngg. pc 1 wujud; 2 ujub.
ujug-ujug :
êngg. pc tanpa nganggo sraba-sraba banjur têka (tumandang lsp).
ujung :
kn 1 kw. pucuk(ing gêgaman), puncak; 2 pongol (dharatan kang nglojok ing sêgara); 3 ngabêkti sarana ngambung sarta nyêmbah dhêngkul; 4 (ut. [x]-an) (kêrêngan) sabêt-sabêtan sarta tangkis-tangkisan nganggo pênjalin; di-[x]-i: dikabêktèni; [x]-an êngg. k: godhong; kc. mujung.
ujungan liring :
kw lirik-lirikan, adu ulat.
ujur :
kn 1 ênêring apa-apa kang sumèlèh manut dawane; 2 sisih kang dawa kc. alang; [x]-[x] êngg: njaluk ujuran marang wong sing mêntas mênang main (olèh bathi, mêntas golèk iwak mênyang sêgara lsp); di-[x] êngg: 1 digarap (diwluku lsp) miturut ujure; 2 dijaluki ujuran; di-[x]-i: diwènèhi ujuran; di-[x]-ake: ditrap (disèlèh lsp) mujur; kc. kojur, mujur, ujuran.
ujuran :
kn 1 pawèwèhe wong kang mêntas mênang main (olèh bathi); 2 pituwase ngêdolake barang lsp.
ujwala :
(S) kw 1 cahya, sorot; 2 ak. rai; ng-[x]: sumorot, mawa cahya.
ujwalita :
(S) kw. ak sorot, sumorot.
(udhak) :
(wedang, jladrèn lsp).
udhak-udhêk :
kn bola-bali tansah dumunung ing sapanggonan (kang ora kobèt).
(udhal) :
di-[x]-[x] kn 1 diuculi lan dibukak (tmr. buntêlan, tumpukan sandhangan lsp), diudhari lan diiwir-iwir (tmr. têmbako lsp); 2 ent. diwiyak sarta dikandhak-kandhakake marang wong akèh tmr. wadi; kc. udhar, odhal-adhil.
udhang :
êngg. kn urang.
udhang-udhêng :
pc ubang-ubêng.
udhar :
kn ucul tmr. tali, gêlungan lsp; di-[x] br: dijèrèng, dijlèntrèhake; di-[x]-i: diuculi tmr. tali, gêlungan lsp; kc. mudhar, wudhar.
udhèt :
I kn wêlut cilik; trahing [x] ks: turune wong asor. II di-[x]-[x] kn: dicoblos banjur disuwèk (tmr. wêtêng lsp); kc. udhèt, sudhèt.
udhêg-udhêg :
kn. ak urut-urutaning turun kang kaping nêm (wong tuwane êmbah warèng ut. anake warèng).
(udhêk) :
di-[x] êngg. pc diudhak.
(udhêl) :
I [x]-[x] kn kurang dawa tmr. piranti lsp. (dadi ora kêpenak panganggone); kc. uthêl. II ng-[x]-[x] kn: 1 rasa sêpêt sêrak (kaya rasane jambu mete); 2 krasa sêbah (tmr. wêtêng).
udhêng :
êngg. k ikêt; di-[x](-[x])-i êngg: diikêt-ikêti; ([x]-[x]-an: ikêt-ikêtan.
udhêng gilig :
kn rêrêngganing êndhas awujud giligan bludru lsp.
udhêt :
kn 1 êngg. bngs. sabuk; 2 sabuk sutra lsp. rêrangkèning dodot.

--- 436 ---

udhi ~ uyun.

udhi :
êngg. kn udhu.
udhik :
I kn. ak wêwêngkoning kali kang cêdhak karo tuke; di-[x]-ake: dilakokake munggah (nungsung kali) tmr. prau; kc. mudhik. II [x]-[x] kn: nyêbar dhuwit (dianggo dêdana marang wong miskin).
udhil :
kn. ak odhil, uthil.
udhip :
êngg urip.
(udhis) :
di-[x]-[x] kn digrêmêti ing tuma lsp. (tmr. sandhangan, rambut).
udhu :
kn 1 dhuwit kang dianggo toh; 2 urun(-an); diudhoni: diuruni dhuwit (rêmbug).
udhuh :
kw. ak dhuh.
udhun :
kn. ak 1 (ut. [x]-[x]-an) obahing kaanan saka ing dhuwur mangisor; 2 sudaning rêrêgan; di-[x]-i: 1 ak. diliwati (diparani) saka ing dhuwur mangisor; 2 ([x] dipunandhapi k) dikurmati (dibagèkake lsp) sarana mêdhun saka ing kreta (pêndhapa lsp); 3 diwènèhi utangan (dagangan) manèh, diuruni wragad (dhuwit lsp); 4 dijori rêgane; di-[x]-ake n. dipunandhapakên k: 1 digawa (ditarik, lsp) mêdhun; 2 disuda rêrêgane; 3 dilorod pangkate; kc. dhun, mêdhun.
udhung :
êngg durung.
uga :
n. ugi k 1 iya kaya kang kasêbut, iya kaya mêngkono; 2 padha karo kang kasêbut; 3 lan iya, tur iya; sok [x]: anggêre, yèn; bisa [x]: ora mokal yèn; mêngkono [x], samono [x]: iya kaya mêngkono; ugane, [x]-[x] êngg: bisa uga yèn, ora mokal yèn, bok mênawa iya ...
ugag-ugêg :
pc 1 obah nanging ora bisa maju ora bisa mundur; 2 isih gojag-gajêg; kc. mugag-mugêg, ugêg.
ugah :
êngg. kn wêgah, êmoh.
(ugal) :
[x]-[x]-an kn ndhugal, kurang ajar; kc. ngugal.
ugat-ugêt :
pc krugat-krugêt.
(ugêg) :
di-[x]-[x] kn dioglèk-oglèk supaya mênga.
ugêl-ugêl :
kn athik-athikan sambunganing tangan karo èpèk-èpèk.
(ugêm) :
di-[x] êngg. kn diwêca (dipêthèk) sarana mbukak primbon; di-[x]-i: diandêl sarta digugu (tmr. gunêm, wêwaton, panêmu lsp).
ugêng :
êngg. kn mêmpêng.
ugêr :
kn 1 ak. pikukuh (ing cancangan); 2 ut. pa-[x]-an br. bêbaku, wêwaton; 3 (êngg. k) anggêre, janji (waton); 4 ak. katêrangan kang katur marang pradata; [x] gugat: katêrangane wong kang gugat; [x] wangsulan: katêranganing dakwa; [x]-[x] êngg: cagak (cêncangan), cagak adêg-adêging lawang (pangantihan); [x]-[x] lawang ak: anak loro lanang kabèh; di-[x]: dicancang ing pathokan lsp. (tmr. kewan, prau lsp); di-[x]-i ak: 1 dirungokake paturan katêrangane (saksi ing pangadilan); 2 diwatoni; layang [x]-an ak: layang katêranganing prakara kang bakal katur marang pradata (prosès-pêrbal).
ugêt-ugêt :
kn 1 cacing cilik ing banyu; 2 ar. kewan cilik-cilik kang bakal dadi lêmud.
ugi :
k uga.
ugung :
I êngg durung. II di-[x] kn: diêla-êla sarta diuja ing sapanjaluke (tmr. bocah); [x]-an: bocah kang wis manuh diugung.
ugrag-ugrêg :
pc sêrêt angèl ênggone mlêbu(-mêtu); diugrag-ugrêg: dioglèk-oglèk arêp dibukak (tmr. kunci lsp).
(uhut) :
di-[x](i) kn. ak dipênggak, dipalangi, dicandhêt.
uyab :
kn 1 ak. ora têntrêm atine; 2 êngg. ak. krasa gatêl gumrayah (êndhas akèh tumane); di-[x] rambute pc diuyêk-uyêk lan diadhul-adhul rambute (wong wadon padu); kc. muyab.
uyag-uyug :
êngg. kn sêngkayigan arêp rubuh (tmr. wong mlaku).
uyah :
I n. sarêm k ar. jasad rasane asin asal saka kênthêlane banyu sêgara ut. saka pamêlikan; [x] tampêr: uyah lêmbut (kaya wêdhi); [x] gorèng: srundèng didhêplok lêmbut; [x] carat: uyah dikênthêlake (disunduki); [x] wuku: uyah pringkilan; kakèhan [x] êngg. pc: rada gêndhêng; wis akèh ênggone mangan [x] pc: wis tuwa, wis akèh kupiyane; digêbyah [x] pr: diracak, dianggêp padha bae; [x] kêcêmplung sêgara pr: tanpa tanja (wèwèh marang wong sugih); di-[x]-i: dibumboni nganggo uyah; 2 ak. dianaki; di-[x](-i di-) asêmi: dialêm bangêt di-[x]-ake ak: dianakake dirèntênake; [x]-an anakan (rèntên); [x]-[x]-an êngg. pc: wis diuyahi, diasini (iwak lsp). II di-[x]-ake êngg. pc: dikon nyandêr lan nyakot (tmr. asu); kc. oyah.
(uyak) :
di-[x] kn. ak dioyak.
uyang :
I kn. ak 1 krasa panas (badan); 2 ora jênjêm (ati); kc. gêrah-uyang. II ng-[x] kn. ak: 1 lunga mênyang ing panggonan liya pêrlu tuku bêras ut. pari; di-[x]-ake: diêdol (ditêmpurake) pari ut. bêras.
uyang-uyung :
pc wira-wiri nggêgawa (mêmikul).
uyar-uyur :
pc gluyuran mrana-mrana.
uyèb :
kn. ak uyab.
uyêg :
kn kêpyêk rame (wong gunêman); di-[x](-[x]): diusêk-usêk (dipusus lsp) nganggo tangan supaya rêsik ut. campur (tmr. kêrtu, rambut lsp); [x]-[x]-an: jêjêl uyêl-uyêlan (akèh bangêt tmr. wong lsp); kc. muyêg.
uyêk :
kn. ak uyêg.
(uyêl) :
di-[x]-[x] kn dikêkêp-kêkêp (tansah dicêkêli, diêlus-êlus lsp); [x]-[x]-an: jêjêl riyêl suk-sukan (wong akèh).
uyêng-uyêng :
êngg. kn. ak unyêng-unyêng.
(uyêr) :
di-[x]-i êngg. pc diunyêri.
uyil :
êngg. pc usil (ora bisa antêng).
(uyu) :
I ng-[x]-[x] êngg. kn gêgêndhingan nabuh gamêlan (ing nalikane duwe gawe lsp). II [x]-[x], mang-[x] kw: abdining pandhita.
uyuh :
kn. (toya k) turas ki banyu kang mêtu saka ing palanangan (pawadonan); ng-[x] n. toyan k. turas ki: ngêtokake uyuh; kc. kêpoyuh, puyuhan.
uyuk-uyukan :
êngg. pc têka bêbarêngan akèh bangêt; kc. kruyuk.
uyun :
sa-[x] kn 1 sadhapur tmr. têbu;

--- 437 ---

uyung-uyung ~ ulap.

br. sagrombolan, padha tunggal karêp; di-[x]-[x]: 1 br. dipantha-pantha miturut gêgolongane; 2 ak. digêmatèni bangêt; di-[x]-i br: dirojongi, dirêksa sarta diayomi (murih lêstari slamêt).
uyung-uyung :
kn. ak uyang-uyung.
(uyup) :
[x]-[x] kn jamu ombèn-ombène wong duwe anak (kanggo nyêgêrake banyu susu); di-[x]: 1 diombe (sêmu disruput); 2 ak. diêpèk kabèh.
uyoh :
êngg. pc uyuh.
ukantên :
êngg. k ukara.
ukara :
kn 1 rêrangkèning têmbung-têmbung kang mêngku surasa (lairing gagasan); 2 ak. aksara u.[2]
ukèh, ukih :
êngg akèh.
ukêl :
kn 1 (sa-[x]) êngg. satukêl (tmr. lawe); 2 gambar lung-lungan ing bathikan, ukiran lsp; 3 ki. gêlung; 4 panêkuking tangan ing nalikane njogèd; di-[x]: 1 (-rambute) dicêkêl banjur ditêkuk sarta ditarik (wong wadon padu); 2 ki. digêlung.
ukêl-mayang :
kn ar. ukêl ing jogèd.
ukêl-pakis :
kn 1 clêkênthung ing gêlungan; 2 lung-lungan ing bathikan (ukir-ukiran lsp); 3 ar. ukêl ing jogèd.
ukêr :
êngg. kn cèt bubukan.
ukih :
I êngg akèh. II di-[x] kn. ak 1 diarah; 2 diundurake (dioyak, dikalahake, didhêsêk).
ukir :
I êngg. k. ak gunung; kc. wukir. II di-[x](-i) kn: ditatah lsp. diwangun lung-lungan, kêkêmbangan lsp. (tmr. kayu, gadhing lsp); [x]-an: 1 (ut. [x]-[x]-an) rêrênggan kang diukir; 2 (n. jêjêran k.) garan kêris. III di-[x]-i pc: ora diakoni, diselaki; kc. mukir, mungkis.
(suku) :
sa-[x] kn 6 wang; kc. ukon, suku.
(ukub) :
di-[x] kn 1 êngg. diimbu (sarana disasabi gêgodhongan); 2 ak. dikutugi ing ratus lsp. (tmr. sandhangan lsp); kc. ukup.
ukum :
kn 1 ak. wêwaton, anggêr-anggêr; 2 ak. pêpancasaning pangadilan; 3 pidana (siksa) minangka piwalêsing kaluputan; 4 ak. pangadilan, pradata (babagan agama); di-[x]: disiksa (dipidana), dipancasi kudu dilêbokake ing kunjara (didhêndha lsp); [x]-an: 1 (ut. paukuman) pidana, siksa; 2 (wong [x]-an) wong kang diukum; 3 papan ut. wêktu nalikane nglakoni siksa.
ukum badan :
kn pidana sarana disiksa badane.
ukum dhêndha :
kn pidana sarana didhêndha.
ukum gantung :
kn pidana sarana digantung.
ukum kisas :
kn pidana sarana dikisas.
ukum'ullah :
(A) kn pangadilaning Allah.
ukum pati :
n. ([x] pêjah k): pidana sarana dipatèni.
ukung :
pc pêpindhan swaraning pêrkutut.
ukup :
I (sabuk [x]) kn. ak bngs. sabuk praboting dodod (yèn dianggo nganggo ana kang nglawèr mêmburi). II di-[x] kn: dikutugi ing ratus lsp. (tmr. sandhangan lsp). III di-[x] kn. ak: dikukup.
ukur :
kn sarana kang dianggo nyumurupi dawa, amba ut. gêdhening barang; 2 klambi lsp. kang dianggo blak (conto gêdhe cilike); 3 (ut. [x]-an) pc. ing saupama ditumrapake awake dhewe; 4 êngg. pc. jangji, anggêre; 5 pc. apa (sapa) bae; 6 êngg. pc. mung; (mung) [x]-[x] (bae) pc: ora pati bangêt; di-[x]: disumurupi sapira dawane (gêdhene lsp); [x]-an: 1 sarana kang dianggo ngukur.
ukon :
kn têngahan (dhuwit slaka ajine f 0,50; [x] mas; dhuwit êmas (gêdhene saukon, dianggo bênik lsp).
ula :
I n. sawêr k ar. kewan kalêbu bngs. kewan rumangkang (ana kang mawa wisa lan ana kang ora); [x] marani gêbug (gitik) pr: nêmaha marang kacilakan (up. marani wong kang ngincim-incim); dolanan [x] mandi pr: nglakoni (nindakake) apa-apa sing mbêbayani bangêt; [x]-[x] dawa pc: kêdawa-dawa tmr. prakara. II [x]-[x] kn: balung gêgêr têrusane balung gulu.
ulad :
kn. ak urubing gêni kang mubal; kc. mulad.
ulah :
kn 1 êngg. lagi nindakake; 2 (ut. ngulah) br. nindakake, ngêcakake, up. [x] gêgaman, [x] pêrang: 3 (ut. ng-[x]) br. nggêgulang, ngudi (kawruh, kabisan, kagunan lsp); di-[x]: 1 êngg. ditindakake, ditandangi; 2 ak. diolah (lêlawuhan lsp); kc. molah, olah, polah.
ulah-kridhaning jagat :
br sakèhing lêlakon ing jagat.
ulah nêgara :
(-praja) br (babagan) ngiguhake adêging nêgara.
ulah raga :
kn nggêgulang saranduning badan murih waras (kuwat).
ulah sastra :
br nggêgulang sarta ngudi kasusastran.
ulah sêmu :
br nandukake pratingkah kang sinamun ing pasêmoning praèn.
ulam :
k iwak.
ulama :
kn. (ulami k. ak.): 1 (para) sarjana babagan agama (lmr. Islam); 2 pc. ak. wong kang mungkul ênggone nglakoni agama Islam (mutihan); kc. ngulama.
ulan-ulan :
kn têtironing ula, wêwangunan mèmpêr ula; kc. olan-olan.
(ulang) :
[x]-[x], [x]-an êngg. kn lunga mênyang êndi-êndi golèk pangupajiwa lsp; wong [x]-an êngg. ak: wong klambrangan; [x]-an cumbon pr: wong kang inggatan.
ulang-ulêng :
kn. ak bola-bali tansah kumpul nunggal sapanggonan; kc. ulêng.
ulang-ulês :
kn. ak ulang-ulang, ulangan.
ula-uli :
kn. ak tansah kumpul karo; kc. uli.
ulap :
I kw wêdi, rada sumêlang. II [x]-[x] kw: mandêng (nyawang) nênamatake (tangane ditèdhèngake ing dhuwur mata); di-[x](-[x]): disawang sarta ditamatake.

--- 438 ---

(ular) ~ (uluk).

III [x]-[x] kn: wlulang blêbêting sangkal. IV di-[x]-i kn: diilangi (rêgêde, klilipe lsp).
(ular) :
I [x]-[x] kn 1 ak. bolah (arêp dianggo ndondomi); 2 bêbuka minangka pêpucuking pangrêmbug lsp; 3 ak. pawitan; di-[x]-[x]-i: 1 didondomi dirapêtake manèh (jarit suwèk lsp); 2 dibukani, diwèhi pêpucuking pangrêmbug lsp; 3 ak. dipawiti (diwènèhi pawitan). II di-[x]-i êngg: digolèki.
ulas-ulas :
kn 1 tutup (kang dianggo nasabi); 2 br. mung katone ing lair bae, pawadan.
ulat :
kn 1 gêbyaring pandêlêng; 2 (ut. polatan) sêmuning praèn; [x] madhêp ati karêp pr: wis kêpengin bangêt; angon ulat (ngumbar tangan): ngawasake polataning liyan (arêp nyênyolong lsp); di-[x]-i: 1 br. ditamatake, disawang; 2 êngg. digolèki; di-[x]-i ala pc: diplêruki, ditêmoni lsp. kanthi ulat ala; di-[x](-[x]-)-ake: diawasake sapari-polahe, diawat-awati; kc. mulat.
ulat-ulêt :
pc bêbulêtan, gêgulêtan.
(ulêg) :
[x]-[x] kn munthu (pranti kanggo ngulêg sambêl lsp); di-[x]: dilêmbutake nganggo ulêg-ulêg.
ulêk :
I êngg. kn kêbul; [x]-an; 1 ilining banyu (angin) kang mubêng; 2 br. uyêk-uyêkan mubêng (wong akèh). II di-[x]-[x] kn: 1 ak. tansah dicêkal-cêkêl (diuthêk-uthêk); 2 pc. tansah disrêngêni (dicêngèsi).
ulêm :
I êngg. kn jatmika, sarwa tata (tandang-tanduke). II kn: anggrung kêpenak dirungokake (tmr. swara). III [x]-[x](-an) kn: awèh wêruh sarta nyuruhi supaya têka (ing nalikane duwe gawe mantu, nêtakake lsp); di-[x](-[x]-)i: disuruhi; [x]-an: dhayoh kang diulêmi.
ulêng :
I kn gêlut rukêt-rukêtan (wong wadon padu); [x]-[x] campur-bawur: kêmbang campuran (dianggo sajèn lsp); di-[x] ak: 1 dirukêt (ing nalikane padu); 2 (ut. di-[x]-[x]) tansah dirangkul-rangkul (dirukêt-rukêt); [x]-[x]-an: 1 rêrukêtan banting-binanting; 2 padha kumpul uyêk-uyêkan (wong akèh). II kn: kayu têtumpukan sungsun-sungsun ing sadhuwuring saka guru (tmr. omah joglo).
ulêr :
kn ar. kewan gêgrêmêtan (yèn wis tuwa ngênthung dadi kupu); [x]-[x] ak: alèn-alèn ing wuluhing bêdhil dianggo nyindikake lantak; di-[x]-i: dicolongi (diunthêt, diapusi) saka sathithik; [x]-(-[x]-)-ên: dipangan ing ulêr (wowohan lsp).
ulêr-kagèt :
kn canthelan diyan (coraking bathikan lsp) sing wangune kaya aksara S.
ulêr-kambang :
kn 1 ws. lintah; 2 ar. gêndhing; ng-[x]: ws. satitahe (alon-alonan, sakêpenake).
ulês :
kn 1 mori lsp. tutuping barang-barang kang pangaji (wêsi aji, mas-intên lsp); 2 mori lsp. minangka urunging bantal (tutup kursi lsp); 3 ak. krakab ut. lèmèking kasur lsp; 4 lawon buntêling mayit; 5 ak. tapihing layang; 6 warnaning wulu kewan (jaran, pitik lsp); di-[x]-i: 1 dikrakabi (ditutupi lsp) ing ulês; 2 dibuntêl ing lawon (tmr. mayit).
ulêt :
I pc wulêt. II kn: wis campur dadi siji (tmr. barang campuran kang wujude kaya jladrèn kênthêl); di-[x]: 1 dicampur srana diudhak ut. diwênyêt-wênyêt; 2 ak. dibulêt, digubêt; [x]-[x]-an: bêbulêtan, pêpulêtan; [x]-[x]-ên: lara wêtêng kaya dipuntir-puntir; kc. mulêt, pulêt.
uli :
I pc wulu. II di-[x]-[x], diulèni kn: 1 diuyêk-uyêk sarta diwênyêt-wênyêt (tmr. wasuhan, parudan krambil lsp); 2 pc. dicêthoti.
ulig :
, sa-[x] kn. ak salunthungan (tmr. kuwih dadar lsp); di-[x] ak: 1 diginyêr-ginyêr (tmr. wêtêng lsp. supaya mari lêlarane); 2 digarap supaya patohan (tmr. kêmiri, jago); [x]-[x]-an pc: atos (patohan) bangêt.
ulih :
n. antuk k. kondur ki 1 bali mênyang ing omahe; 2 têka ana ing omahe; 3 {ut. [x]-([x]-)an} êngg. kn. ak. bali, mati; [x]-[x] kn: pawèwèh awujud sêga salawuhane lsp. marang wong kang nyumbang (dhukun kang nambani, lsp) minangka tandhaning atur panuwun; di-[x]-i n. dipunantuki k: dibalèni (bojone kang wis dipêgat); di-[x]-[x]-i kn: diwènèhi ulih-ulih; di-[x]-ake n. dipunantukakên k. dikondurakeki:[3] digawa (diêtêrake) mulih; 2 dibalèkake (tmr. barang silihan); [x]-[x]-an kn: balèn karo bojone kang wis dipêgat; kc. mulih, pulih.
uliya :
pc wong suci (ahli tapa); kc. oliya.
ulik :
ki petan; di-[x]-[x] êngg. kn: diuthik-uthik.
uling :
kn bngs. wêlut gêdhe; kc. oling.
ulir :
êngg. kn bngs. sêkrup cilik (ing suwêng lsp); di-[x] êngg: 1 diputêr (sêkrup lsp); 2 dikotrèk (tmr. gabus sumpêl gêndul); ng-[x] budi: mikir kanthi têmên-têmên; [x]-an: 1 nganggo sêkrup, sêkrupan; 2 putêran (ing diyan kanggo ngungalake sumbu); paku [x]-[x]-an ak: paku sêkrup.
ulu :
I kw êndhas; 2 êngg. pangarêp, kang dhisik; 3 ak. sandhangan wulu ( i );[4] di-[x] ak: diwulu; kc. ulon, pangulu, wulu. II [x]-[x] (banyu) kn: punggawa desa (mantri) kang ngurus babagan banyu (irigasi). III di-[x] kn: diêlêg, diêlêd (pangan sing wis dimamah lsp); kc. kolu, kolon.
ulu-ati :
êngg pulung-ati.
ulubalang :
kw pangarêping prajurit (senapati).
ulu-bêkti :
(-pêkti) kw: bulu-bêkti.
ulu-guntung :
kw bngs. cantrik.
uluh :
êngg. kn (pring) wuluh.
(uluk) :
I [x]-[x] kn 1 ngunèkake bêdhil (mriyêm) diincêngake mêndhuwur (kanggo têngara lsp); 2 têtêmbunganing gandhèk kang nglantarake dhawuh-dalêm marang patih; 3 br. têtêmbungan minangka bêbukaning rêmbug (usul lsp); 4 ar. gêndhing; di-[x]-[x]-i: diwènèhi sasmita (dikurmati lsp) sarana uluk-uluk; di-[x]-ake; 1 êngg. diundha diumbulake (tmr. layangan); 2 diunèkake lan disipatake mêndhuwur (bêdhil, mriyêm); kc. muluk. II di-[x]-ake êngg: diulungake.

--- 439 ---

uluk-salam ~ umum.

uluk-salam :
kn. ak mbagèkake (têtabean) sarana ngucapake "assalam 'alaikum"; diuluki salam: dibagèkake sarana uluk-salam.
ulun :
kw 1 batur, karerehan; 2 aku.
ulung :
I (ut. [x]-[x]) kn: manuk wulung. II di-[x]-i kn: diwènèhi (ênggone mènèhake tangane diathungake); di-[x]-ake: 1 diwènèhake (sarana tangan diathungake); 2 dililakake marang, dipasrahake; kc. mulung.
ulung-ati :
êngg. ak pulung-ati.
ulur :
I kn. ak nandur wiji jagung, kacang lsp. ing tanjan; di-[x](-ake): ditandur ing tanjan (jagung lsp); di-[x]-i: ditanduri (kacang lsp); [x]-an êngg: lowahan ing pinggiring sawah lsp. II kn: 1 ak. mundhak dawa (tali lsp); 2 êngg. sangkutan (tmr. layangan); 3 sungsum ula-ula (kewan bêlèhan); [x]-[x]: 1 sabuk cathokan (ing pakeyan jaran); 2 bngs. kalung rêrênggan (mubêt ing gulu têrus ing dhadha sarta bangkekan); 3 êngg. lesus; di-[x](-ake): 1 didawakake, dikalar (tmr. tali, bolah lsp); 2 diunggahake (tmr. pêpancasaning prakara), diundhaki wangênane; di-[x]-i: 1 dikalar, didawani; 2 diwènèhi pitulungan (pangan); kc. kolur, mulur, olor.
ulon :
I kn swara (larasing wong gunêman, nêmbang). II [x]-[x] kn: papan kang kaprênah ing êndhas, kb. dagan; kc. ulu. III (sawah) [x]-[x] êngg. kn: sawah kang enggal kêna diêlêbi (ing mangsa rêndhêng).
um, hum :
êngg. pc wis kalumrah ing akèh, mratah; kc. umum.
umad-umêd :
kn (obahing lambe kaya arêp gunêman) gêdumêlan.
umah :
êngg. ak omah.
uman :
I ut. di-[x]-i kn bisa olèh panduman; ora [x] papan: kalah dhêsêk; di-[x]-i ak: dipandumi, dibagèhi; di-[x]-ake êngg: dibage, diêdum marang. II di-[x]-[x] kn: diunèk-inèke[5] kanthi têmbung panyampah, diundhat-undhat.
umat :
I êngg. kn kumat. II (A) kn. ak: 1 sakèhing tumitah, rakyat; 2 wong-wong kang padha nglakoni agama (Islam, para pandhèrèke K. N. Muhamad).
umatyaka :
kw. ak sandhangan cêcak (...).[6]
umbag :
kn. ak sênêng sêsongaran (umuk).
umbah-umbah :
êngg. kn 1 masuh sandhangan; 2 nggarap-banyu; kc. kumbah.
umbak :
êngg. kn ombak.
umbal :
êngg. kn 1 nyewa (têtunggangan), numpang; 2 bêburuh; 3 (ut. [x]-an) sewan (tmr. kreta, grobag lsp); di-[x] êngg. ak: disewa; [x]-an êngg. ak: 1 opahan, buruhan; 2 dhuwit pasewaning nênunggang (momot).
umbang :
kn. ak umbag, umuk; di-[x]-[x] êngg: diuman-uman, diundhat-undhat; kc. ombang.
umbar :
kn padha ngaso ana ing jaba (tmr. murid ing pamulangan); di-[x]: 1 ora dikurung, diuja ing sakarêpe; 2 ak. ora ditutupi, diwadèkake; 3 ent. diuja, ditogake bae, ora dicandhêt; ng-[x] hawa: nguja hawa napsune; ng-[x] kunca br: mbèbèr kunca; ng-[x] suku br: mlaku saparan-paran; ng-[x] swara: ngucap sêsongaran (nantang lsp); [x]-an: 1 kewan lsp. sing diumbar; 2 ujan-ujanan.
(umbara) :
ng-[x] kw lunga saparan-paran; kc. ambara.
(umbe) :
di-[x] êngg diombe.
umbêl :
kn. gadhing ki banyu ngyiyid kang mêtu saka ing irung (ut. katut ing sêsukêr).
(umbyung) :
di-[x]-i kn. ak diombyongi, diumyungi.
(umblug) :
di-[x]-ake êngg. pc diumuk-umukake; kc. mumbluk.
umbuk :
kn 1 ak. tumpuk(-an); 2 toh kang diklumpukake si sapa mênang ngukup; di-[x]-[x] êngg: diklumpukake nganti têtumpukan akèh; [x]-[x]-an, ng-[x] (-kêruk): têtumpukan akèh bangêt (ora ditata).
umbul :
kn 1 ak. obah saka ngisor mêndhuwur; 2 tuk (kang mbuwal wujud blumbangan, asaling kali); 3 êngg. ak. lêlurah, pangarêping pajagan ing padesan; [x]-[x]: gêndera ciyut dawa ing pucuk nganggo kloncèr; di-[x]-ake: diunggahake supaya mêndhuwur (balon lsp); kc. kombul, mumbul.
umbut :
êngg. kn bung pênjalin.
umbris :
êngg. kn cirak, jirak.
(umbruk) :
di-[x]-ake kn disèlèhake têtumpukan ora ditata (jarit lsp); [x]-an êngg: tumpukan (watu lsp).
ume :
kw. ak nglangi.
umèb :
kw. ak wrata, kêbak mratani.
umèr :
kn. ak têlês ngêmu banyu.
umès :
kn ngêmu banyu (tmr. lêmah lsp); kc. umês.
umêb :
êngg. pc umob.
umêd :
I kw. ak ndhêlik, singidan. II [x]-[x] kn: 1 obah lambene kaya arêp gunêman; 2 pc. gêdumêlan.
umêk-umêk :
êngg. kn kumropyak (swaraning banyu), rame tmr. swaraning gunêman.
(umêl) :
di-[x]-[x]-i kn digrênêngi (sarana gêdumêlan).
umêt :
kn ngêmu banyu, rada têlês.
umêt-umêtan :
êngg. kn ubêng-ubêngan; kc. komêt, mumêt.
umi :
(A) kn. ak biyung.
umik-umik :
kn obah-obah lambene (kaya nalika njapani lsp).
umil-umil :
pc umik-umik.
umindhuwur :
jk munggah, mêndhuwur.
umingsor :
jk mudhun, mêngisor.
umis :
kw. ak mili.
umyang, umyêng, umyung :
kw rame (swarane wong akèh).
umyêk :
êngg. kn rame (swaraning wong gunêman).
umuk :
kn 1 ak. unggul, ungkul; 2 ngajèni awake (barang darbèke) ngungkuli samêsthine; di-[x]-i: dituduhi apa-apa (ngêmu karêp ngunggul-unggulake).
umum :
(A) kn 1 wis kêlumrah ing akèh, mratah ing êndi-êndi; 2 nyrambahi sakabèhe (ora mligi); 3 pc. wong akèh;

--- 440 ---

(umun) ~ undhak.

di-[x]-ake: diwratakake ing wong akèh (pawarta lsp); kc. êmum, makmum.
(umun) :
[x]-[x] kn wayah esuk sadurunge srêngenge mlêthèk.
umung :
kw rame (swaraning wong akèh lsp).
umur :
(A) kn. yuswa ki 1 suwene ênggone urip (ent. ênggone tumitah, dumadi); 2 pc. urip, nyawa; wis (durung) (ng)umur pc: wis (durung) diwasa; sa-[x]-ing jagung pr: sadhela bangêt.
umus :
kn. ak umus.
umob :
kn mumpal-mumpal marga wis panas (tmr. banyu sing digodhog lsp).
umok :
êngg. kn mundhak gêdhe banyune (tmr. kali lsp).
umor :
I kn idune tansah kumocor (kumudu-kudu mutah). II kw: umor, awor; kc. wor.
umos :
kn mbrabas ngêmbês banyune (tmr. gênthong lsp).
(umpah) :
di-[x]-[x] kn. ak diuman-uman, diundhat-undhat.
umpak :
kn watu sangganing cagak (ganjêl saka); [x]-[x]: 1 coraking bathikan kang dadi dhêdhasare cêmukiran; 2 ak. têtêmbungan pangalêmbana ing layang kiriman; 3 ak. rêrêngganing kêkarangan; 4 antaraning wilêt ing pungkasaning gêndhing (yèn arêp bali kaya sakawit); di-[x]: dialêm, dionggrong; di-[x]-i: ditrapi ompak; kc. ompak.
umpal :
êngg. kn 1 ak. gêdêbog lsp. kanggo nglangi; 2 kambang (ing jaring); kc. mumpal.
umpama :
êngg. pc upama.
umpan :
êngg. kn pakan (ing pancing).
umpang :
êngg. kn. ak luwih karo bobote.
umpag-umpêg :
kn cêndhak buntêk (papak).
umpêl-umpêlan :
kn ngumpul dadi siji uyêl-uyêlan; kc. ngumpêl.
umpêng :
êngg. kn urung-urung dalan banyu (kang ciyut).
(umpêt) :
di-[x](-ake) kn didhêlikake, disingidake; [x]-an ak: ndhêlik.
umplêng :
êngg. kn diyan sinthir.
umpling :
êngg. kn 1 diyan sinthir; 2 pc. impling.
umpluk :
kn unthuk, wuruh; kc. mumpluk.
umpuk-umpukan :
kn. ak umbuk-umbukan, têtumpukan.
umpon :
êngg. kn rumpon.
umprik :
êngg. kn umrik.
umpruk :
I êngg. kn umpluk. II di-[x]-ake pc: diumbrukake.
umrang, umrêng :
êngg. kn. ak nywara rame (wong akèh).
umrêg :
kw swara gumrêbêg (rame).
(umrês) :
di-[x] pc diubrês.
umrik :
kn mundhak gêdhe (rob, tmr. kali).
un, hun :
(C) timbangan boboting candu (1 tail, 1 timbang).
una :
tanpa [x] uni pc: ora duwe rêmbug apa-apa.
unakara :
kn. (unakawis k) ak udakara.
unandika :
kw gunêm ing sajroning ati; ng-[x]: gunêman sajroning ati.
unang :
I kw. ak susah dening kêsêngsêm; kc. onêng. II ka-[x]-[x] kn. ak; kondhang, misuwur; kc. konangan.
unar :
, gawe [x] êngg. pc gawe ramening akèh (martakake pawarta sing ora bêcik); kc. onar.
(undang) :
di-[x] kn. (diaturi, ditimbali ki 1 dikon têka (mara); 2 dicêluk jênênge (pangkate ut. sêsêbutane); 3 êngg. disuruhi, diulêm-ulêmi; kc. kondangan.
undar :
kn. ak ikalan.
(undêr) :
[x]-(-[x]-)-an kn 1 bundêran (cumplêngan) cilik tmr. wudun lsp; 2 ent. lajêring sêbab (prakara lsp).
undur :
I 1 kn. ak. obah (mlaku) mêmburi; 2 ki. ulih; [x]-[x]: 1 ar. kewan bngs. yuyu (ing pasisir); 2 bngs. jara (bur); di-[x]: 1 ak. disuwak (tmr. pangkat, sêsêbutan); 2 ak. dilèrèni, dipocot; 3 disumênèkake, diulur wangênane; di-[x]-[x] ak: disuda (dikurangi) saka sathithik (tmr. pakarêman lsp); di-[x]-i ak: 1 disingkiri sarana mundur (marga kalah pêrange lsp); 2 ditunjang lsp. ing nalikane mundur; 3 disirik (disingkiri sawêtara), disèlèhake (pakaryan lsp); di-[x]-ake: 1 digawa (dikon, dilakokake lsp) mundur; 2 dikalahake (tmr. prajurit pêrang); 3 disumênèkake; kc. kondur, mundur. II êngg. ak: udur.
unjal :
ut. ng-[x] kn 1 êngg. dijupuki disinggahake (pari kang mêntas diênèni); 2 njupuki bakaling susuh banjur digawe (tmr. manuk); (ng-) [x] ambêkan(-napas): ngampêt ambêkan nganti suwe; di-[x](-[x]) êngg: digotong, diusung; di-[x]-i êngg: dijupuki (diusungi); sa-[x]-an: sasêrotan (tmr. napas).
(unjar) :
di-[x] kn. ak diumbar, ora diblênggu (tmr. pasakitan); [x]-an ak: ora diblênggu.
unjêl-unjêlan :
êngg. kn suk-sukan (wong akèh bangêt).
unjuk :
I di-[x]-ake kn diunggahake (sarana disodhokake lsp); kc. munjuk. II ki. ak: atur; wêling [x] ki: wêling supaya diaturake; [x]-[x] ki. ak: pawèwèh (katur marang dhêdhuwuran); di-[x]-i uninga ki: diwèhi wêruh; di-[x]-ake ki: diaturake marang, diwènèhake marang; kc. konjuk, munjuk. III di-[x] ki: diombe; di-[x]-i ki: 1 diombèni; 2 disusoni; [x]-[x]-an ki: ombèn-ombèn.
(unjung) :
di-[x]-i êngg. kn diujungi; di-[x](-[x])-ake: ditumpuk-tumpuk, diundhung-undhung; kc. ujung, munjung, punjung.
(undha) :
di-[x] kn 1 (ut. di-[x]-[x]) ak. diumbul-umbulake (gada lsp); 2 diulukake (tmr. layangan), dicêncang banjur diburake (tmr. manuk).
undhag :
êngg. kn baud (pintêr gêgawean).
undhagi :
kn 1 êngg. baud (pintêr gêgawean); 2 ak. tukang kayu (gawe dandanan kayu).
undhak :
n. indhak k wuwuh; di-[x]-i: diwuwuhi (kèhe, ukurane, rêgane lsp); di-[x]-ake: 1 diunggahake rêgane (pajêge lsp), diwuwuh-wuwuhi (tmr. pawarta [pa...]

--- 441 ---

(undhamana) ~ untara.

[...warta] lsp); 2 diwuwuhi supaya dadi luwih akèh; [x]-an: 1 wuwuhan; 2 kw. jaran; [x]-[x]-an: 1 pancadan (ambal) ing bêbatur, tlundhag sungsun; 2 êngg. pc. tanggul (ing pinggir dalan); kc. mundhak.
(undhamana) :
di-[x] kn disrêngêni kanthi diundhat-undhat (ênggone ora malês kabêcikan lsp).
undhang :
(-undhang) kn 1 dhawuh (pranatan) kang digiyarake; 2 ak. anggêr-anggêr; di-[x]-i ak: diwènèhi wêruh sarta didhawuhi; di-[x]-([x])-ake ak: digiyarake (tmr. pranatan, dhawuh lsp); kc. kondhang.
undha-undhi :
pc mèh padha, mung sathithik bedane (kacèke).
undha-usuk :
kn 1 nganggo têtandhingan miturut kaanane (gêdhene lsp); 2 urut-urutan beda-beda saka sathithik; 3 pc. mung sathithik bedane (mèh padha).
(undhat) :
di-[x]-[x] kn diundhamana kaluputane kang uwis.
(undhêr) :
ng-[x] kn tansah dumunung ing sapanggonan (ora ngolah-ngalih, ora mêtu-mêtu).
undhi :
I kn. ak apa-apa kang diumbal-umbulake nuli ditadhahi (kyt. bal ing dolanan gêritan, dhadhu lsp. sing dianggo nglotre); di-[x], diundhèkake ak: dilotre (tmr. giliraning njogèd lsp). II pc: udhi.
(undhil) :
ora ng-[x] br ora olèh gawe, ora mitayani.
undhig :
êngg. kn baud (ing gawe).
(undhuh) :
di-[x] kn 1 dipêthik (tmr. wowohan sing wis tuwa lsp), dijupuk (tmr. susuh, madu ing tala); 2 ditêtakake ana ing panggonane sanak-sêdulur lsp. kanthi bojana kaya wong duwe gawe (tmr. pangantèn), diajangi ênggone ngebarake kabisane (tmr. pakumpulan nabuh gamêlan lsp).
undhuk :
kn 1 ak. papan kang rada pêtêng (dening kalingan ing wêwayangan); 2 ak. kranjangan pring ing jêro dilêboni wong dianggo nggêgiro macan sing arêp dirampog; 3 ak. pêpêthan rêca cilik dianggo njontrot manuk (nggunani wong wadon lsp) sarana dijapani; 4 ak. ar. iwak sêgara digaringake dianggo sarana nututake jaran; 5 kayu awak-awaking pasah; 6 (ut. sambang [x]) lara mrongkol ing wêtêng (kaya-kaya bisa munggah mêpêti napas); 7 (caping [x]) caping gêdhe kang digawe blarak ut. clumpring; di-[x]-i; 1 dikrudhuki supaya suda padhange (tmr. diyan); 2 (ut. di-[x]-[x]-i) dijontrot supaya mara (tmr. pitik lsp); kc. mundhuk.
(undhung) :
di-[x]-[x] kn. ak: ditumpuk-tumpuk sungsun-sungsun; [x]-[x]-an: têtumpukan tumpang tindhih; kc. mundhung.
unèn :
pc. ak micara; [x]-[x] kn. (ungêl-ungêlan k): têtêmbungan ing layang, têtêmbungan kang wis kaprah dianggo saèm. bêbasan; 2 têtabuhan (gamêlan, musik lsp); kc. uni.
unêk :
kn. ak rasa kumudu mutah; kc. ênêk, munêk.
unêm :
kn ar. bumbon-crakèn.
unêng :
kw prihatin dening kêsêngsêm; kc. onêng.
uni :
I n. ungêl k 1 swara (lmr. diwêtokake ing kewan lsp, ut. dianakake ing liyan kyt. bêdhil, gamêlan lsp); 2 pc. têmbung, pangucap; 3 ak. surasaning layang; 4 ênggone ngucapake tulisan (pamacane); mara [x] ak: sabar bangêt (ora tau nyrêngêni lsp); kakehan [x]: kakehan gunêm (rêmbug); diunèn-(unèn)-i ala: diujar-ujari kang ora bêcik; diunèkake: 1 ditabuh (disêbul lsp) tmr. gamêlan, slomprèt lsp; 2 disulêd lsp. supaya muni tmr. bêdhil, mrêcon lsp; 3 diucapake (diwaca) tmr. tulisan, layang lsp; 4 diarani, dianggêp kaya; diunèk-unèkake: diujar-ujari ala; kc. unèn-unèn, muni. II (ut. [x]-[x] êngg. wingi-[x], ing [x] ak): biyèn; [x] (-bêngi) êngg: wingi; kc. nguni.
uning :
êngg. k wêruh.
uninga :
ki wêruh; diuningani kw diwêruhi, disumurupi; diuningake kw: diwêruhake, dituduhake, dikandhakake.
unu :
I êngg. kn keceran bêras (pari, jagung) campur karo lêmah lsp; kc. wunu. II di-[x] êngg. ak: diilèni (disoroti) banyu tmr. sawah lsp; kc. unon.
unur :
êngg. kn punthukan lêmah (omah rayap).
unus :
I êngg. kn duk. II kn: 1 wujuding wilahan kêris; 2 br. telaking wêwatêkan kang katon ing pasêmoning praèn; ora ganja ora [x] pr: tanpa ana pilihane babar pisan; di-[x]: 1 êngg. ak. dilolosi; 2 dilolos saka wrangkane (tmr. kêris lsp); 3 ak. dipupu (ditarik) ing pajêg (awujud wulu-wêtuning padesan lsp); [x]-an: 1 ak. bngs. pajêg dipupu saka wong duwe gawe lsp. katur marang lurah; 2 br. pêpilihan, kang pinunjul (tmr. wong); 3 br. iga.
unon :
kn 1 êngg. panggêng, tansah ajêg bae (ora gonta-ganti); 2 êngg. têtêp diêdol (diwènèhake) tmr. sawah; 3 êngg. sorotan, tansah kêna diêlêbi tmr. sawah.
unta :
kn ar. kewan kalêbu kewan nggayêmi (gulune dawa, mawa punuk ing gêgêre).
untab :
kn wêtuning wong (prajurit lsp) bêbarêngan, up. [x]-ing wadya-bala: kc. muntab, kontab.
(untal) :
I di-[x] kn 1 têrus diulu (tanpa dimamah); 2 ks. dipangan; [x]-[x]-an lêmah: mangan lêmah pêrlu dianggo supata. II di-[x]-ake êngg. kn: didhêsêk lsp. nganti kontal; kc. kontal.
(untap) :
di-[x]-ake kn 1 diêtêrake ing nalikane mangkat, lunga lsp; 2 br. dipatèni; [x]-[x]-an: 1 ak. mlaku tut-buri; 2 mèh barêng têkane; 3 pc. mèh padha, mung sathithik bedane.
untar :
I kw urub; ng-[x]-[x] kn. ak: 1 murub mobyar; panas bangêt (tmr. rasaning badan); 2 br. muring bangêt. II ki: wudun; [x]- n ki: wudunên.
untara :
I wis [x] pc wis sawêtara suwene (ênggone ngêntèni lsp); diuntarakake pc: dititakake; kc. watara, antara. II kw: 1 lor; 2 kiwa; kc. utara.

--- 442 ---

untas ~ (ungar).

untas :
êngg. kn. ak bantas (tmr. swara).
untawis :
êngg. k untara.
(untêl) :
di-[x]-[x] kn digulung diuwêl-uwêl (sandhangan lsp); [x]-[x]-an: 1 katon gêgulungan uwêl-uwêlan; 2 ent. padha ngumpul akèh bangêt uyêk-uyêkan; kc. muntêl.
untêk) :
[x]-[x]-an êngg. kn katon riyêl akèh bangêt (tmr. sèt lsp); kc. muntêk.
until :
, sa-[x] kn saunting; kc. unting.
unting :
, sa-[x] kn sabêntèlan (godhong, rèncèk lsp); di-[x]-i: dibêntèli, ditalèni sabêntèl-bêntèl; [x]-an: bêntèlan.
(untir) :
di-[x] kn dicêkêl banjur diputêr mubêng (tmr. tali, pang lsp); kc. muntir, puntir.
untu :
kn. waja ki 1 balung jèntrèk lêlarikan ing cangkêm tumancêb ing bam; ent. cringihing graji, jungkat, rodha jam lsp; 3 ambal (palang-palang pancadan ing andha); kc. unton-unton.
untu-gêlap :
êngg. kn rodha wêsi mawa cringih-cringih ing pinggire.
untul :
êngg. kn janur arèn.
untung :
kn 1 êngg. bêgja, kabêgjan; 2 êngg. pc. bathi; [x]-[x]-an ak: bêgjan-bêgjan; kc. kontung.
(untup) :
di-[x]-ake kn 1 dikatonake pucuke sathithik; 2 ent. diwahyakake sathithik (gagasane, panêmune); kc. muntup.
(untut) :
di-[x] kn 1 dipangan saka sathithik (tmr. barang kang mawur, bubuk lsp); 2 êngg. diirit-irit; 3 (ut. di-[x]-i) pc. dipangani bae (panganan lsp).
(untu-walang) :
di-[x] kn 1 disambung ing gathukane sambungan mawa cringih-cringih cêcathokan (tmr. blèg lsp); 2 ditandur (ditanja lsp) awujud rong larik kang blênjat-blênjat (ora jèjèr).
unton-unton :
kn 1 mawa cringih-cringih kaya untu; 2 kn. ambal (palang-palang pancadan ing andha); 3 tipak ing cakotan; kc. untu.
uncal :
I kn. ak sondhèr kang disabukake. II di-[x]-i kn: ditibani apa-apa sing disawatake; di-[x]-ake: 1 dibalangake, disawatake; 2 ditibakake (tmr. pancing).
(uncang) :
di-[x] kw dibuncang, diuncalake; kc. panguncang.
uncar :
kn. ak soroting banyu (pêpadhang lsp) kang sumirat; kc. muncar.
uncêk :
kn wêsi giligan (cilik) ing pucuke lancip piranti dianggo mbolong, jara cilik; di-[x]-i: dibolong nganggo uncêk.
uncêt :
êngg. ak pucuking tumpêng.
(uncit) :
di-[x]-[x] kn 1 dijambak lan dicènèng; 2 êngg. pc. tansah dioyak-oyak; [x]-[x]-an êngg. pc: oyak-oyakan; kc. buncit.
(unclung) :
[x]-[x], ng-[x] êngg. pc mlaku rikat sarta tumungkul.
(uncul) :
di-[x]-ake kn dicungulake, diwêtokake saka ing; kc. muncul.
uncung :
êngg. kn anak mêrak.
uncuwi :
(C) kn pipa têmbako.
(uncrat) :
di-[x]-i kn disirati ing banyu lsp. kang marga kocaking wadhah; kc. muncrat.
(uncrit) :
[x]-[x]-ên êngg. kn kuru sarta tansah lêlaranên.
(unthêl) :
di-[x]-[x] pc digêlung lsp. diuwêl-uwêl.
unthêr :
kn ukêl lung-lungan (ing bathikan lsp); di-[x]-i: didokoki unthêr.
(unthêt) :
di-[x] kn 1 dilongi sathithik, dislingkuhake; 2 ent. ora diblakakake kabèh (tmr. kabar lsp); kc. ênthêt, untut.
unthil :
sa-[x] êngg. ak saunting, sauntil.
unthul :
kn 1 keseran (grobag) cilik; 2 batur tlèdhèk (bocah wadon); 3 jangkrik, gêmuk lsp. sing dianggo nggêgiri (ngêndêlake) jangkrik, gêmak lsp. liyane (kang arêp diêdu); ng-[x] êngg: 1 dadi unthul (ent. tmr. wong); 2 mlaku tut-buri ing liyan; di-[x]-i: digêgasah (diêdu) karo unthul (gêmak, jangkrik lsp).
unya :
I êngg. ak lunga (ngalih) mênyang liya ênggon, oncat. II kw. ak: uni; kc. munya.
unyak-unyuk :
pc bênyunyak-bênyunyuk.
(unyal) :
[x]-[x]-an êngg. pc ugal-ugalan.
unyar :
êngg. kn untingan (pari, godhong, lsp) kira-kira satêkêm; di-[x]-i: diuntingi; kc. unyêr.
unyar-unyur :
pc bênyunyak-bênyunyuk.
(unyêl) :
di-[x]-[x] êngg. kn diuyêl-uyêl.
(unyêng) :
[x]-[x](-an) kn. (panêngêran ki. ak): 1 undêraning rambut kang mungsêr (ing êndhas); 2 undêraning wulu kang mungsêr (tmr. kewan, jaran lsp); kc. munyêng.
(unyêr) :
di-[x]-i kn ditudingi nganggo driji (ent. didakwa, diarani ala); di-[x]-[x]-ake êngg: diubêngake ngganjrêt; kc. munyêr.
(unyêt) :
di-[x]-[x] êngg. kn dipênyêt-pênyêt, diwênyêt-wênyêt.
unyik :
pc kang kèri dhewe (tmr. main, balapan lsp).
unylêng, unyling :
êngg. pc enak bangêt.
(unyuk) :
[x]-[x] pc têka (mlaku) rindhik-rindhikan; kc. munyuk.
(unyur) :
[x]-[x] pc mara (têka) bênyunyak-bênyunyuk.
(ungak) :
[x]-[x] kn 1 ndêlêng manglung mlêbu; 2 ent. nganggo ngèlingi kaanane, di-[x]: didêlêng (kanthi manglung mlêbu); di-[x]-[x]-i: dipêthukake lan didêlêng (wong kang arêp têka, barang kang adoh lsp); kc. anguk, inguk.
ungak-ungik :
kn. ak gojag-gajêg.
ungal :
I k. ak uni; kc. ungêl. II di-[x]-ake kn: 1 diodotake mêtu (tmr. sumbu, ucêng-ucêng lsp); 2 didêgèkake munggah tmr. dhadha; kc. mungal.
(ungang) :
di-[x] kw. ak diungak, diinguk.
ungap :
kw rada ringga, gojag-gajêg; di-[x]-[x]-i êngg: dianguk-anguki, diungak-ungaki.
ungapan :
kn. ak papan kang dadi têmpurane kali, dalan lsp; kc. sungap.
(ungar) :
di-[x]-i êngg. kn. ak diwiwiti; [x]-an êngg: 1 isih wiwitan, isih anyaran, kang mêtu kawitan; 2 ak. isih tigas; 3 (ut. [x]) prabot-prabot pananduring têbu.

--- 443 ---

(ungas) ~ upa.

(ungas) :
di-[x]-[x] kw diambu-ambu, diambus-ambus; di-[x]-ake kw: diumukake kabisane lsp; kc. kongas.
ungêl :
k uni.
(unggab) :
di-[x]-i êngg. kn diungkabi.
unggah :
n. inggah k obah mêndhuwur; di-[x]-i: 1 dipènèk (diliwati, diparani lsp) kalawan mlaku mêndhuwur; 2 ent. dilawan lan dipadoni tmr. rêmbugan lsp; 3 (ut. di-[x]-[x]-i) ditêkani ing wong wadon njaluk supaya diêpèk bojo; di-[x]-ake: 1 dijulukake (digawa, disodhokake lsp) mêndhuwur; 2 dilêbokake ing (lumbung tmr. pari, ing buku cathêtan lsp); 3 dijunjung pangkate; 4 diladèkake mênyang pangulon (tmr. ningkahan); 5 diundhakake (tmr. rêrêgan, pajêg lsp); [x]-an: 1 kang mêntas diunggahake pangkate; 2 êngg. mêntas ditêtêpake duwe hak ndarbèni sawah; 3 kanggo wilangan atêgês suwene lsp. ênggone munggah (ngunggahake) up. sa-[x]-an: [x]-[x]-an: 1 papan kang dianggo munggah (ing gunung lsp); 2 ênggone munggah; 3 ak. cara lsp. ênggone ngunggah-unggahi; 4 wêktu lsp. ngunggahake pangkat; 5 kang mêntas diunggahake (pangkate lsp); 6 ak. slamêtan ngarêpake pasa; kc. munggah, punggahan.
unggah-ungguh :
kn tata-pranataning basa miturut lungguhing tata-krama; kc. mungguh.
unggal dina :
n. unggil dintên k. êngg sabên dina.
(unggar) :
di-[x] êngg. kn 1 ak. dijênggarake (tmr. apa-apa sing kêmpêl; kyt. sêga, kêtan lsp); 2 br. diuja (diumbar) tmr. kêkarêpan, hawa nêpsu lsp.
(unggêb) :
di-[x] êngg. kn diungkêb.
unggyan :
kw. ak ênggon.
(ungguh) :
: kc. unggah-ungguh, mungguh.
unggul :
kn 1 mêncungul luwih dhuwur karo panunggalane; 2 luwih akèh totohane tinimbang mungsuhe, kb. asor; 3 mênang; di-[x]-i ak: diungkuli; di-[x]-([x])-ake: 1 dicungulake munggah; 2 diluhurake, dikaton-katonake; kc. munggul.
unggon, unggwan :
kw ênggon.
(ungkab) :
di-[x]-i kn 1 dibukak (dilingkap) tutupe; 2 br. dikatonake, dipitongtonake (tmr. kabisan lsp); kc. mungkab.
(ungkad) :
di-[x] kn. ak 1 dicidhuk banjur diwalik (tmr. godhogan kêtela lsp); 2 ent. ditêtangi (nêpsune kang wis lêrêm), dicungulake manèh (tmr. prakara sing wis sirêp); [x]-[x]-an êngg: blêthok (saka ing kalèn lsp); kc. mungkad.
ungkag-ungkêg :
kn 1 kaanane wong ndudut lsp. diogak-ogak angèl; 2 pc. obah ora maju ora mundur (bayi mêngkurêb lsp), mlêbu mêtu atine (ênggone arêp wèwèh lsp); kc. ugag-ugêg, ungkêg.
(ungkak) :
ng-[x] krama kn ninggal tata-krama (kurang ngajèni).
ungkal :
I pc wungkal; di-[x]: diasah ing wungkal; ng-[x] gêrang br: kaya wungkal gêrang (wangune uwang). II di-[x] kn. ak: disongkèl; kc. kongkal.
ungkara :
kw. ak pêpuji, donga.
ungkêb :
êngg. kn panas dening ditutup rapêt: [x]-[x]: têturon mêngkurêb; di-[x]: 1 dilêbokake ing kuwali lsp. banjur ditutup rapêt; 2 diimbu sarana ditutup rapêt (wowohan lsp).
(ungkêg) :
di-[x]-[x] kn diogak-ogak arêp dicopot (paku lsp).
ungkêr :
kn 1 ênthung (ulêr, urèt lsp); 2 êngg. ikalan lawe; tiba [x] ak: bayi lair têrus mati.
(ungkih) :
di-[x] kn 1 ak. dicènèng, digèrèd banjur disingkirake; 2 êngg. ak. dikalahake, ditêlukake; 3 disur (kalungguhane lsp), didhêsuk; 4 êngg. ak: diudi, dijangka.
(ungkil) :
di-[x] kn disongkèl, digol nganggo antru lsp, dijongkèng diunggahake (diwalik).
ungking :
êngg. kn. ak gêlut.
ungkul :
kn kumudu luwih karo pêpadhane; di-[x]-i: dilangkahi (dumunung ing sadhuwure), diluwihi (dhuwure, kèhe lsp).
ungkur :
, sa-[x]-e n. sapêngkêripun k sawise mangkat lunga (ent. sawise mati); di-[x]-i n. (dipunpêngkêri k): ora diarêpake; di-[x]-ake: 1 didokok ing saburine, ora diarêpake; 2 ditrap (didokok lsp) mungkur; 3 ent. disingkur, diêmohi; [x]-[x]-an: 1 padha dene mungkur (ora arêp-arêpan); 2 pêpisahan ênggone mlaku (padha mlaku kosok balèn ênêre); kc. mungkur, pungkur.
ungkrag-ungkrêg :
pc. obah ora bisa mlêbu ora bisa mêtu.
(ungkrah) :
di-[x]-[x] kn. ak dijupuki nganti pating blengkrah; kc. ongkrah.
(ungkrêd) :
di-[x] kn 1 diêlongi dawane; 2 dikurangi; kc. mungkrêd.
(ungkrêg) :
di-[x]-[x] pc diungkêk-ungkêk.
ungup :
kn. ak mêncungul sathithik; [x]-[x], [x]-an ak: kang dadi pêpucuking bab lsp. kang katon, usul kang dicungulake; kc. mungup.
(ungsêb) :
di-[x]-[x]-ake kn raine digangsur-gangsurake ing lêmah; kc. kongsêb.
(ungsêd) :
di-[x] kn. ak 1 diudi bangêt bisane nggayuh (ngèlmu lsp); 2 dijaluk kanthi adrêng.
(ungsêl) :
di-[x]-[x] kn didrêsêli sarta disrondholi ing êndhas; di-[x]-[x]-ake pc: dijaluk-jalukake supaya bisa olèh pagwean[7] (pangkat lsp).
(ungsêng) :
: di-[x]-ake kn. ak diubêngake ngganjrêt; kc. mungsêr.
(ungsi) :
ng-[x] kn lunga nyingkiri bêbaya (banjir lsp); ng-[x] urip(-pangan) ak: lunga golèk panguripan (pangan); diungsèkake: digawa (diajak) ngungsi.
(ungsil) :
di-[x]-[x]-ake kn dijaluk-jalukake supaya bisa olèh pagawean (pangkat lsp); kc. usil.
(ungsir) :
di-[x] kw dioyak têrus, digusah; kc. usir.
ungsum :
kn 1 lagi mangsa akèh-akèhe (wowohan, lêlara lsp); 2 êngg. k. taun; [x]-[x]-an: mangsan; kc. usum.
upa :
kn las-lasaning sêga; di-[x]: ditèmplèkake nganggo upa; di-[x]-[x] êngg: didulang saka sathithik (bocah cilik).

--- 444 ---

upaboga ~ upsir.

upaboga :
(S) kw kanikmatan, pangan; ng-[x]: golèk pangan.
(upadamêl) :
k upagawe.
upadana :
kw. ak pêparing, pawèwèh.
(upadi) :
di-[x] kw digolèki.
(upados) :
ng-[x] k. ak golèk; dipun-[x]-i k. ak: digolèki; kc. upadi, pados.
upadrawa :
(S) kw kasusahan, kasangsaran, wêwêlak; di-[x]: disiksa, kêna ing wêwêlak (kasusahan).
upajati :
(S) kw. ak ar. têmbang gêdhe.
upajiwa :
(S) kw. ak pangan, rêjêki; ng-[x]: golèk rêjêki (nyambut gawe); pang-[x]: saranane olèh rêjêki (panggawean lsp).
upajiwana :
(S) kw. ak rêjêki, pangan.
(upagawe) :
di-[x] n. dipunupadamêl k. ak: digarap, diupakara.
upah :
êngg opah.
upaya :
(ut. sandi [x]) (S) kw krenah, reka, paeka, sarana; di-[x]: 1 ak. dikrenah, direkani, diapusi; 2 digolèki.
upaka :
kw. ak kali.
upakara :
(S) kw. ak 1 rêrênggan kang adi-adi; 2 panggawe (panindak) kang bêcik; di-[x]: 1 ak. dirêrêngga kang bêcik; 2 digarap (ditandangi) kalawan bêcik (mayit, wong lara lsp), diopèni kanthi têmên-têmên (têtanduran, omah lsp).
(upakarya) :
di-[x] kw diupakara, diupagawe.
upakarti :
kw pacawisan (rêrênggan, prabot-prabot lsp).
(upakat) :
di-[x]-i êngg. pc dimupakati.
(upakawis) :
k. ak upakara.
upakyana :
(S) kw. ak crita, dongèng.
upaksama :
(S) kw. ak apura, di-[x] ak: diapura.
upaksi :
atur [x] kw awèh wêruh, ngandhani.
upala :
(S) kw. ak watu.
upalabi :
(S) kw. ak pênêmu, pangrêti, pangrasa.
upalamba :
(S) kw. ak kêturutan, kasêmbadan.
upama :
n. upami k 1 (ut. sandi [x] kw) têtêmbungan lsp. kang minangka pêpindhan; 2 tuladha kang dianggo nggamblangake; 3 (ut. sa-[x], [x]-ne) mungguha, mênawa kaya (kêlakona) ... mêngkono; tanpa [x] br: ora ana sing madhani; upamane: kang dianggo tuladha kayata ...; diupamakake: dipadhakake kaya dene ...
upaos :
k. ak supata.
upapanji :
kn. ak têmbung kang purwane mawa sandhangan pêpêt diringkês sarana karangkêp karo wanda candhake. kyt [...][8]
upapati :
(S) kw. ak jêksa; ang-[x] ak: mulang.
uparêngga :
kw rêrênggan, pêpajangan; di-[x]: dirêngga, dipajang, dipacak.
upas :
I kn wisa, racun; di-[x]-i: diwisani, diracun. II kn: 1 batur kang dianggo kongkonan (ing kantor-kantor lsp); 2 pulisi agèn.
upasadana :
(S) kw. ak pakurmatan, panyuba-nyuba.
upasaka :
(S) kw. ak calon pandhita Buda.
upasama :
(S) kw. ak: sabar sarèh, lêmbah manah.
upasanta :
(S) kw. ak: sabar sarèh, lêmbah manah; ng-[x] ak: nglipur, ngrêrapu.
upasantwa :
(S) kw. ak panglipur.
upasaraya :
kw. ak kc.upasraya.
upas dinar :
kn. ak pulisi kang mênganggo cara saradhadhu.
upas gêlap :
kn. ak pulisi kapêtêngan (rêsisir).
upasuba :
(S) kw. ak rêrênggan lan pakurmatan; di-[x]: disuba-suba, dirêngga-rêngga.
upas-pos :
kn palayangan ing kantor pos.
upasraya :
(S) kw. ak njaluk tulung (bantu).
upata :
kn. ak supata.
upat-upat :
I kn talining pêcut (sambuk). II êngg. kn ipat-ipat ora bakal nindakake (nglakoni).
upacantên :
êngg. k upacara.
upacara :
kn barang-barang kang kalêbu ampilan kêprabon (kyt. wadhah kinang, banyak dhalang, sawung-galing lsp); 2 pasamuwan dhinês ing nalikane ngêpyakake jumênêngan bupati lsp.
upawada :
(S) kw. ak pisrêngên, panyampah.
upawasa :
(S) kw. ak pasa.
upèksa :
(S) kw. ak wêruh, paniti priksa, pangêrti; di-[c] ak: dititi-priksa, disumurupi.
upèksi :
kw wêruh; kc. upèksa.
upêkti :
kw bulu-bêkti; kc. upêti.
upênur :
êngg. kn gupênur.
upêrklaring :
êngg. kn. ak 1 katêrangan (ing prakara); 2 prosès-pêrbal; kc. pêrklaring.
upêt :
kn iratan mancung (disulêd pucuke dianggo nyunyukan rokok lsp).
upêti :
(S) kw 1 ak. pamêtu, wulu-wêtu; 2 pisungsung marang ratu minangka pajêg, bulu-bêkti.
upêtya :
br upêti.
upih :
kn clumpringan bongkok godhong jambe (sok dianggo mbêbuntêl lsp).
upiksa :
kw wêruh; kc. upèksa.
upil :
kn umbêl garing, angus ing diyan sinthir; di-[x](-i): 1 dilèlèti upil; 2 êngg. dipipili (tmr. jagung); 3 êngg. diopèli (tmr. cènggèr).
upyêk :
(-upyêkan) kn rame padha omong (marga kelangan lsp).
uplik :
êngg. pc diyan sinthir.
upmandhor :
êngg. kn lêlurahing mandhor.
uput-uput :
(-jêput) êngg. kn. ak esuk umun-umun; kc. umun-umun.
(uprêt) :
di-[x]-[x] kn diubêr-ubêr, mênyang ing êndi-êndi dioyak.
upruk :
êngg. ks palanyahan.
upsêkodhur :
(W) kn 1 dipanggul ing pundhak (bêdhil, aba prajurit Jawa); 2 pc. baris; 3 pc. dolanan cara saradhadhu.
upsindêr :
(W) kn. ak sindêr.
upsinêr :
(S) kn. ak juru mriksa pamulangan.
upsir :
(W) kn ar. pêpangkatan ing saradhadhu.

--- 445 ---

ura ~ urug.

ura :
I kn 1 ak. wudhar (ora kêmpêl, ora rumakêt); 2 ak. padha lunga sumêbar (tmr. manuk, iwak loh lsp); 3 êngg. ngambra-ambra (lêlara lsp); 4 ora dadi, bubar (tmr. rêrêmbugan, prakaran) 5 br. gorèh, ora têtêp (tmr. ati); di-[x](-[x]) ak: diudhar-udhar, ora dikêmpêlake (ora dirakêtake); kc. uran-uran. II [x]-[x] kn: têtêmbungan sêru (têtêmbungane mung apalan bae); diuran-urani, diurak-urakake: diênêng-ênêngi (dibêbungah atine) sarana ura-ura (tmr. bocah cilik lsp). III [x]-[x] êngg. ak: tali ut. wêsi kanggo ngêrut blandar lsp.
urab :
kn. ak campur, carub; di-[x] ak: dicampur, dicarub karo (kêmbang, parudan krambil lsp); (cangkême) [x]-[x]-an: ngunèk-unèkake nganggo têtêmbungan kang saru-saru.
urab-sari :
kw kêmbang campur-bawur.
(urag) :
ng-[x] kn mati tuwa (tmr. têtuwuhan, kewan); di-[x]-ake ak: diingu nganti mati tuwa.
uragapati :
(S) kw. ak ratuning ula.
urahan :
kn. ak padha nywara rame; kc. wurahan.
urak :
I kn. ak layang dhawuh bab giliran caos, tungguk lsp. (lmr. diwadhahi ing bumbung cilik ditampakake marang wong kang kêdhongan tampa); kêtiban [x] ak: 1 tampa urak; 2 pc. kêdhongan, tampa giliran. II di-[x]-[x] êngg.kn: dikon lunga, ditundhung-tundhung nganggo diujar-ujari; (wong) [x]-an: wong kang ora karuwan padunungane (pagaweane).
uraka :
kw. ak pasuguh, suguhan; di-[x] kw. ak: disuguh.
urak-arik :
êngg. pc cokèr-cokèr, nulis (pating clokèr); kc. urik.
uran-uran :
kn 1 ora kêmpêl, ora krakêt (tmr. kêtan lsp); 2 têmbang kang dianggo ura-ura; kc. ura.
urang :
kn ar. kewan gêgêlitan kalêbu bngs. yuyu; [x]-[x]-an: ar. manuk.
urang-ayu :
kn. ak ar. wanguning suwêng.
urang-utan :
kn. ak ar. kewan bngs. kêthèk gêdhe; kc. rangutan.
urat :
I êngg. kn 1 bayu ut. otot kang lêmbut; 2 pc. sêrating daging [x] gêtih-([x] rah k): bayu dalan gêtih. II (A) kn. ak: palanangan ut. pawadonan. III di-[x](-i) êngg: dibage manèh (tmr. sawah ing padesan).
urdah :
kn. ak sapa kuwi! (dianggo nyapa ing wayah bêngi); di-[x] pc. ak: disênggrang, digêrtak.
urdênas :
(W) kn utusan (abdi-dalêm dianggo kongkonan).
urdi :
kn. ak dhawuh, palilah.
ure :
mas[x] kn mas lêmbut (durung diluluh); di-[x] br: 1 diudhar(-i), dijlèntrèhake; 2 ora digêlung (tmr. rambut); kc. ore.
urèn :
êngg. ak wulèn.
urèt :
kn ar. kewan saèm. sèt gêdhe (calon dadi kuwangwung lsp).
urêg :
kn. ak gègèr arame; kc. orêg.
urêk :
I di-[x]-[x](-i) kn diuthêk-uthêk nganggo driji (arêp dikêruki lsp, tmr. bolongan). II kw. ak uyêk-uyêkan (tmr. kêrêngan lsp).
(urêng) :
I ng-[x] êngg. kn katon bolong jêro (tmr. gudhig lsp). II di-[x](-i) êngg. kn: dibolong saka sathithik (tmr. kayu ut. wit-witan kang mêntas dibabadi); kc. murêng. III [x]-[x] êngg. kn: ar. gêgrêmêt sok ana ing pêlêm.
urik :
I kn ar. pirantining mranggi dianggo ngurêki lsp; di-[x]-i: 1 dikrowoki (diurêki lsp) nganggo urik; 2 dicuthiki (dirêsiki) tmr. bêdudan. II (ut. urik klèlèt candu tike) pc: ora barès (tmr. main, dolanan lsp); di-[x]-i pc: diakali (sarana nyimpang pranatan tmr. main lsp).
(uring) :
di-[x]-[x] kn tansah disrêngêni; kc. muring.
urip :
n. gêsang k 1 (sugêng ki) kadunungan kaanan bisa mobah-mosik, mundhak gêdhe lsp. (tmr. kewan, manungsa, têtuwuhan); 2 kaanan bisa mobah-mosik, mundhak gêdhe lsp; 3 ent. bisa mlaku (tmr. main), bisa lêstari (tmr. bakulan lsp), bisa pêcah nalare (tmr. pikiran), ora mandhêg (tmr. jam, mêsin lsp), lêstari murub (tmr. gêni lsp); 4 nyawa; 5 kaya têmênan (tmr. gambaran, dongèng lsp), isih tumindak (tmr. kagunan, tata-cara lsp); urip-urip kn: ar. lêlawuhan (sing diolah iwak lele); di-[x]-[x] (dipun-gêgêsang k); diopèni lsp. armih lêstari urip; di-[x]-i: 1 dipitulungi lsp. supaya urip; 2 ora sida dipatèni; [x]-an: gampang uripe; [x]-[x]-an: 1 mung waton urip (kaya dene wis mati); 2 dipêndhêm, lsp. nalikane isih urip; pang-[x]-an: 1 kang njalari bisa urip; 2 pangupajiwa; kc. koripan.
(urit) :
di-[x](-i) kn didhêdhêr sarana diceblokake sawulène (tmr. wiji pari); [x]-an: 1 dhêdhêran wiji pari sing wis thukul; 2 calon êndhog sing isih ana ing jêroan tmr. pitik lsp. (uga wiji kang bakal dadi kewan lsp).
urmat :
kn 1 (solah tingkah lsp) kang dianggo nglairake tandha pangaji-aji; di-[x]-i: diajèni kanthi urmat; ka-[x]-an: 1 br. diurmati; 2 pangaji-aji, panyungga-nyungga; 3 ajining dhiri; kc. kurmat.
urna :
(S) kw. ak makutha, tulban.
uru :
(S) kw. ak pupu.
urub :
I kn gêbyaring gêni; [x]-[x]: 1 kayu lsp. kang dianggo dadèk gêni; 2 ak. bêbuka, pêpucuk (usul); di-[x]-ake: didamoni lsp. supaya murub; kc. murub. II di-[x]-i êngg. pc: dilurubi.
urud :
kw lorod, suda, undur; kc. korud, murud.
urug :
kn 1 (ut. [x]-[x]) ak. lêmah lsp. kang dianggo ngrata lêgokan; 2 êngg. imbuh (tmr. mêmangan); sêkul [x] pr: wèwèh lsp. sing ora ana gunane (muspra); di-[x](-[x]-i): disoki lêmah lsp. (tmr. lêgokan, jugangan lsp), diwrata sarana disoki ing lêmah lsp. (tmr. dalan lsp); di-[x]-i: diurug ing lêmah lsp; 2 êngg. diimbuhi (tmr. mêmangan); 3 ak. dirobi ing gunêm lsp; kc. korugan.

--- 446 ---

uruh ~ usur.

uruh :
kn. ak umpluking banyu (kang rêgêd); [x]-[x](-an): ilèn-ilèn banyu (kalenan) ing nalikane mêntas udan (ngèlèkake rêrêgêd); kc. muruh, wuruh.
uruk :
êngg. kn. ak wuruk; [x]-[x] êngg: gumantung marang; di-[x] êngg. ak: diwulang; kc. wuruk.
urun :
kn awèh panjurung (pasumbang); [x] lanang(-wadon): ngudhokake pangantèn lanang (wadon) tmr. wong besanan; [x] rêmbug: mèlu ngusulake rêmbug, ngudhoni rêmbug; di-[x]-i: diwènèhi panjurung (pasumbang): di-[x]-ake: dianggo urun.
urung :
I êngg. pc durung. II kn: 1 ulês bantal lsp; 2 awak-awaking kêndhang, trêbang lsp; 3 bumbungan garan bêdudan; [x]-[x]: trowongan sajroning lêmah (dalan banyu), bumbungan wêsi lsp. sing dipêndhêm (dalan banyu lsp); di-[x]-[x]: 1 ak. ditrapi urung-urung; 2 diiringake sarana dijajari kiwa têngên (rong larik).
urungan :
kn dina sanga-wara kang katêlu.
urup :
I kn 1 ak. padha ajine (tmr. ijol-ijolan); 2 êngg. sumbut, murwat (karo rêkasane lsp); tanpa [x] br: tanpa sêmbulih, ora ana pulihane; [x]-[x]: 1 ak. liron, ijol-ijolan; 2 ak. midêr-midêr buruh pijêt; di-[x]-i: diijoli ing barang kang ajine padha, dituku (dibayar lsp) sarana barang (ora nganggo dhuwit); di-[x]-ake: diijolake barang liya; [x]-[x]-an: dol tinuku sarana ijol-ijolan barang (ora nganggo dhuwit); kc. kurup, korup. II (A) kn. ak: aksara (Arab).
urus :
I ora [x] n. botên [x] k: ora miturut pranatan kang bêcik (ninggal tata-krama, tanpa suba-sita); di-[x]: digênahake sarta dititi-priksa (tmr. prakara), ditindakake miturut pranatane (tmr. pakumpulan, padagangan lsp); [x]-an: 1 pangrêmbug, paniti-priksa (babagan prakara); 2 caraning panindak (tmr. pakumpulan lsp); 3 prakara lsp. kang diurus; ora [x]-an karo pc: ora rêmbugan karo. II [x]-[x] kn: (ngombe) jamu kang marakake rêsik marang wêtêng; di-[x]-[x]-i: diombèni urus-urus; kc. murus.
urut :
kn 1 runtut, turut; 2 (ut. [x] kacang, [x]-[x]-an) jèjèr ngarêp buri lêlarikan; 3 gilir gumanti kalawan ajêg (tumruntun); 4 (ut. sa-[x]-e) liwat ing sadawane, up. [x]-dalan gêdhe: di-[x]: 1 diambah (diliwati, diampiri lsp) gênti-gênti saka siji; 2 (ut. di-[x]-ake) ditata (dicritakake lsp) urut-urutan; 3 (ut. di-[x]-i) ditêkêm (dijapit lsp) banjur ditlusurake supaya padha pêthil ut. pisah (tmr. godhong, sate lsp); 4 (ut. di-[x]-[x]) diginda ki. dipijêti sarana ditlusur-tlusur.
usada, usadi :
(S) kw tamba, jamu; diusadani ditambani.
usah :
ora [x] pc ora susah.
usaha :
êngg. kn pangudi.
usak-usêk :
pc 1 katêrangan swaraning wong mbusêk; 2 krusak-krusêk; 3 usrak-usrêk; kc. usêk.
usalli :
(A) kn (maca [x]) ngucapake donga sing têgêse: niyat ingsun arêp (wulu, sêmbahyang lsp).
usan :
êngg. kn lèrèn (ênggone nyambut-gawe); kc. wisan.
usana :
kw 1 kuna, jaman biyèn; 2 wasana, wusana.
usap :
ut. [x]-[x] kn. ak apa-apa kang dianggo ngêlap (kc. kacu lsp); [x]-[x]: ngulapi lambe lsp. nganggo tangan lsp; di-[x](-[x]-i): 1 digosokake ing rai lsp; 2 diulapi, dirêsiki; di-[x]([x])-ake: digosok-gosokake ing, dilèlètake ing, kalah, (kacèk) sa-[x]: mèh padha; [x]-[x]-an êngg: untap-untapan (mèh padha).
usap-tangan :
êngg. kn kacu.
usar :
I êngg. kn 1 jêgul lsp. kang dianggo nglèlètake lênga lsp; 2 lênga (mêrtega lsp) kang diwratakake ing wajan lsp, ragi dianggo gawe tempe; di-[x]([x])-i: dilèlèti lan diwratakake ing lumahe; kc. osèr. II (W) kn: prajurit jêjaranan.
usar-usir :
kn. ak pulisi sandi (rêsisir).
usêg :
êngg kc. usêk.
usêk :
I ut. [x]-[x] kn (linggih lsp) bola-bali mingsêd; [x]-[x]-an pc: uyêk-uyêkan. II di-[x](-[x]) kn: dicêcêk lan digosokake (tmr. têgêsan rokok lsp.
(usêl) :
di-[x]-[x](-ake) kn. ak diungsêl-ungsêl(-ake).
usên :
jk rikat, gancang.
(usêng) :
[x]-[x] kn 1 lênga lsp. diusarake ing wajan; 2 (irêng [x]-[x]) irêng bangêt; kc. ungsêng, mungsêng.
(usêr) :
di-[x]-[x]-ake kn. ak diubêngake ngganjrêt; kc. ungsêr, mungsêr.
(usi) :
di-[x] kw. ak dioyak.
usik :
kn watu dianggo nggosok jobin, piranti dianggo ngêlus; di-[x]: digosok supaya alus (tmr. jobin lsp).
usil :
ut. [x]-[x] kn tansah polah (ora antêng); di-[x]-[x] ak: diungsil-ungsil; di-[x]-[x]-ake: diungsil-ungsilake; kc. ungsil.
usim :
êngg. kn ungsum.
(usir) :
di-[x] kn 1 êngg. ditundhung, digusah, dikon lunga; 2 br. dioyak têrus (prajurit pêrang).
usna :
(S) kw. ak panas.
usnisa :
(S) kw. ak ikêt, tulban.
usu :
kn. ak wusu (piranti ngrêsiki kapuk).
(usug) :
di-[x] kn 1 ak. diparêmi (sabakdane dipijêti); 2 dijupuki (tmr. keceran bêras).
usuk :
kn kayu (pring) iga-iganing payon.
usul :
(A) kn 1 ak. asal, mula-buka, kawitan; 2 rêmbug (panêmu, panjaluk) kang diwahyakake (ing pakumpulan, srasehan lsp); 3 (duwe [x]) duwe rêmbug (panêmu, panjaluk) kang diwahyakake (ing pakumpulan lsp); di-[x]-ake: ditawakake marang pakumpulan lsp. (tmr. panêmu lsp); kc. asal.
usuludin :
(A) kn (kitab) piwulang babagan pangandêl (Islam).
usum :
êngg. kn lagi mangsa nêdhêng-nêdhênge akèh wowohan, lêlara lsp; kc. ungsum.
(usung) :
[x]-[x] kn nggêgawa apa-apa sing abot (ngalih omah lsp); di-[x]: digawa ngalih (bêbarêngan wong akèh).
usur :
(A) kn. ak dhuwit katur marang

--- 447 ---

usus ~ uthik.

dhêdhuwuran (tmr. prakaran lsp); kc. pausur.
usus :
kn 1 dalaning pangan saka wadhuk mênyang jubur; 2 ([x] êmbing-êmbing) dalan pangan mênyang pusêring jabang bayi saka êmbing-êmbing; 3 pc. ak. watêk (ati); mbalung [x] pc: kêndho kêncêng karêpe; dawa [x]-e pc: sabar; cêndhak [x]-e pc: gampang nêpsune; [x]-[x] êngg. ak: kolor, angkin.
usrêg :
kn tansah polah arame (dening kurang jênjêm); [x]-[x]-an: ora têntrêm, gegeran.
uswasa, usyasa :
(S) kw napas, ambêkan.
ustra :
(S) kw. ak unta.
utah :
êngg. kn. wutah; [x]-[x]-an: 1 pangan lsp. sing bali (saka ing cangkêm); 2 pc. panêmu lsp. sing wis ditampik; kc. mutah, wutah.
utak :
êngg. kn isèn-isèning êndhas kang dadi klumpukaning sarap-sarap pangrasa lsp; kc. utêk.
utama :
(S) 1 kw. bêcik, linuwih; 2 n. utami k. luwih dening bêcik (tmr. bêbudèn, watak lsp); utamane: prayogane, bêcike.
utamangga :
(S) kw êndhas.
utami :
k utama.
utang :
n: 1 (sambutan k) dhuwit silihan; 2 (nyambut k.) nyilih dhuwit (barang) ênggone nyauri lmr. nganggo anakan; 3 kn. ent. duwe kawajiban malês (marga dibêciki lsp); [x] lara nyaur lara. [x] pati nyaur pati: bakal diwalês ing samurwate; di-[x]-i (dipunsambuti k): disilihi dhuwit; [x]-an: 1 kn. sênêng utang; 2 (sambutan k) olèhe utang; kc. potang.
utang budi :
kn. ak utang kabêcikan (duwe wajib malês bêcik marga wis dibêciki).
utang-apiutang :
n. sambut-apisambut k. ak padha dene utang, babagan utang-utangan.
utang-(k)apipotang :
n. sambut-kapisambut(-sinambut) k. ak utang-utangan; kc. utang-apiutang.
utang-ulang :
pc lunga-lunga golèk panguripan (njêjaluk pitulungan); kc. ulang-ulang.
utang urip :
kn. ak duwe wajib malês bêcik marga wis diuripi.
utang pati :
kn agawe patining liyan (dosa pati).
utara :
I n. utawis k. pc antara, watara. II (S) kw: 1 lor; 2 kiwa. III diutarakake êngg. ak: diandharake, dicritakake.
utawa :
n. utawi k têmbung panggandhèng kang mratelakake yèn: 1 kaanan (panindak lsp) siji lan sijine padha; 2 yèn ora siji iya sijine.
utawaha :
(S) kw. ak: gêni.
utawi :
k utawa.
utawis :
k utara; kc. untara, watara.
utêk :
kn 1 isèn-isèning êndhas kang dadi klumpukaning sarap-sarap pangrasa lsp; 2 ks. pikiran.
(utêr) :
di-[x] kn 1 ak. diiris (digunting) kawangun bundêr (tmr. godhong gêdhang sing arêp dianggo lambaran panganan lsp); 2 dibêdhol dikatutake salêmahe banjur ditandur manèh (diêlih); kc. putêr.
(util) :
di-[x] êngg. kn dicolong sarana dilimpe (tmr. dhuwit, dadanan[9] lsp sing dianggo, dagangan sing diadhêp ut. diidêrake).
(utu) :
ng-[x] êngg. pc 1 mlaku rikat tanpa ngingêtake kiwa têngên; 2 ngamuk, ngiwut.
utuh, utoh :
êngg. pc wutuh.
utun :
êngg. pc wutun, yutun.
(utus) :
di-[x] ki dikongkon: [x]-an: 1 ki. kongkonan; 2 br. kongkonaning Allah; 3 kn. kongkonaning nêgara (pakumpulan lsp), kang dadi wêwakil.
utpala :
(S) kw. ak trate biru.
utri :
kn 1 ar. pari; 2 ar. panganan.
utsaha :
(S) jk ngêtog karosan, panjangka, pangarah, pangudi.
(ucal) :
dipun-[x] êngg. k 1 diolah; 2 diwulang; dipun-[x]-i êngg. k: diulati (digolèki).
ucap :
kn 1 wêtuning gunêm; 2 êngg. ak. kandha, ujar; ng-[x]: clathu, gunêman; di-[x]-[x]-i ak: diujar-ujari, diunèk-unèkake; di-[x]-ake: diwêtokake ing gunêm, dikandhakake; [x]-[x]-an: 1 unèn-unèn, saèm. bêbasan; 2 (dadi -)[10] tansah dirasani ing akèh; kc. kocap, pocap.
ucapên :
kw. ak kacarita.
ucarana :
(S) kw. ak: 1 kandha, gunêm, crita; 2 rêrênggan; mang-[x] kw. ak: 1 ngandhakake, nyritakake, clathu; 2 ngrêngga, ngrumpaka.
(ucêk) :
di-[x](-[x]) kn 1 dipênêt-pênêt ing driji (tmr. mata); 2 dirêmêt-rêmêt sarta digosok-gosokake (tmr. wasuhan lsp); 3 pc. tansah disrêngêni.
(ucêl) :
di-[x]-[x] kn tansah dicêkêl lan diuwêd-uwêd.
ucêng :
êngg. kn 1 ar. iwak loh; 2 ar. punggawa desa kang ngawat-awati pangêduming banyu; 3 lêlurahing dhukuh; 4 kêmbang mlinjo.
ucêng-ucêng :
kn sumbuning diyan sinthir (mrêcon).
(ucik) :
di-[x](-[x]) kn dielingake sarta dijaluk (tmr. kasaguhan, wêwênang lsp).
uci-uci :
kn ar. lêlara ing kulit (mlêmpung ing jêro ana isine).
ucul :
kn 1 uwal lan lunga (saka ing kurungan, cêncangan lsp); di-[x]-i: diudhari sarta diuwalake (tmr. tali, bêbandan, buntêlan lsp); di-[x]-ake: dimêrdikakake saka ing bêbandan, kurungan, cêncangan lsp; kc. cul, cucul.
ucus :
êngg. kn usus.
(ucut) :
di-[x] êngg. kn diuthut, dilolosi.
uthak-uthêk :
pc udhak-udhêk; diuthak-uthêk pc: didumak-dumuk nganggo driji; kc. uthêk.
(uthêk) :
di-[x]-[x] kn didumuk-dumuk nganggo driji.
uthêl-uthêl :
kn cêndhak umpêg-umpêg.
uthêm-uthêm :
êngg. pc katon kêpu (tmr. rai), katon njêbobog (tmr. ikêt-ikêtan).
uthêng-uthêng :
êngg. kn upêt.
uthi :
kn tansah tumandang ing gawe (nyênyêkêl lsp).
uthik :
kn (ut. [x] pêdhang) anggar; di-[x]-[x]: 1 êngg. diulik-ulik (tmr. rambut lsp);

--- 448 ---

uthil ~ obat.

2 didumuk diobah-obahake nganggo driji; 3 pc. dibêbeda.
uthil :
êngg. kn eman-eman bangêt (ênggone cucul dhuwit); kc. cêthil.
uthuk-uthuk :
I êngg. kn bngs. pêthèn cilik; 2 celengan; di-[x] êngg: diopèni (dirumati) kalawan prêmati. II esuk [x] pc: esuk bangêt.
(uthun) :
di-[x]-[x] kn diugung sarta diêmi-êmi.
uthut :
pc mêsthi bakal, up. [x] mênang; ana [x]-e pc: ana pangarêp-arêpe bakal; di-[x](-i) kn: 1 dibêsèt (dilolosi) godhonge kang katut ing wulèn (tmr. pari); 2 dicolong dipêthiki (pari ing sawah); 3 diiyat, dibukak sathithik (tmr. kêrtu, uga ent.).
uwa :
I kn sêdulure tuwa bapa ut. biyung. II kn: wilanganing pari (5 sangga). III diuwakake ak: 1 êngg. ditogake bae; 2 dilêmparakake, ora digarap (pagawean lsp). IV (sênjata [x]) kw. ak: walat, wêwalak.
uwab :
êngg. kn kukus (ing banyu kêpanasan lsp); ng-[x]: mêtu uwabe.
uwak :
kn sêdulure tuwa bapa ut. biyung; kc. uwa.
uwal :
kn pêthal (ucul) saka; di-[x]-ake: dipêthak (dipisah) saka ing.
uwan :
kn rambut kang wis putih; [x]-ên: duwe uwan.
uwang :
I kn balung sangisoring pipi; kc. wang. II kn: 1 pc. dhuwit; 2 10 dhuwit (8½ sèn); kc. wang.
uwangan :
êngg. kn suwangan.
uwa-uwa :
kn wawa.
(uwar) :
di-[x]-[x]-ake êngg. kn diwarak-warakake, diundhangake.
uwas :
kn samar, sumêlang; kc. waswas.
uwat :
I kn ngêdên ing nalikane arêp nglairake bayi; sa-[x] pc: sanalika iku. II [x]-[x] kn: kang dianggo pikukuh; kc. kuwat.
(uwèh) :
di-[x]-i pc diwèhi; kc. wèh, wènèh.
(uwèk) :
I di-[x] êngg diwèhi. II di-[x]-[x] êngg. pc: disuwèk-suwèk.
(uwèn) :
di-[x] êngg diwèhi. II sa-[x]-[x] êngg. pc: suwe bangêt.
(uwèt) :
di-[x]-[x] kn dianggo saka sathithik supaya awèt; kc. wèt.
uwêd :
kn 1 êngg. bolah; 2 tali kang dianggo ngubêngake gangsingan; 3 ak. tansah tumandang ing gawe, uthi; di-[x](-[x]): dicêkêl lan diêlus êlus (lmr. gêmak lsp); di-[x]-i: ditalèni (tmr. gangsingan kang arêp diubêngake).
(uwêk) :
di-[x]-[x] êngg. pc diulêg-ulêg, diuthêk-uthêk.
uwêl :
I kn kêndhangan wadhah bayi. II di-[x]-[x] kn: diuwêl-uwêl (dluwang, sandhangan lsp); [x]-[x]-an: untêl-untêlan, pating kruwêl; kc. kuwêl, kruwêl.
uwêr :
kn 1 gulungan suwiran janur (godhong gêdhang) dianggo nêsêli lèng pasuwêngan supaya mêlar; 2 êngg. alèn-alèn sanggan ukiran (mêndhak); kc. muwêr.
uwêt :
kn tali gangsingan; kc. uwêd.
uwi :
kn ar. pala kêpêndhêm bngs. gadhung.
(uwik) :
di-[x]-[x] kn 1 dicuwik-cuwik; 2 diuthik-uthik; kc. kuwik, kruwik, cuwik.
(uwil) :
di-[x]-[x] êngg. pc dicuwil-cuwil.
uwis :
ak kc. wis.
uwit :
kn: ak wit.
uwuh :
I kn rêrêgêd awujud godhong lsp; kc. wuh. II di-[x](-[x]) kn. ak: 1 dicêluk; 2 diundang (kanthi swara sêru).
uwuk :
kn. ak wurung, ora dadi; di-[x]-ake: diwurungake, dijugarake; kc. wuk.
(uwul) :
di-[x](-[x])i kn. ak diwuwuhi manèh; kc. wuwul.
(uwung) :
[x]-[x] kn. ak papan kang suwung; kc. awang-awung.[11]
uwur :
i kn 1 ak. apa-apa kang disawur-sawurake; 2 (ut. [x]-[x]) bubukan klêmbak, ratus lsp. dianggo bumbu rokok; 3 ak. nyêbar wiji ing pagagan (têgal); di-[x]-[x]-i: disêbari bêras lsp; di-[x]-[x]-ake: disêbar-sêbarake; kc. wur, wuwur. II [x]-[x] kn: ar. kewan sêgara (wujude kaya têtuwuhan).
uwus :
I ak wis, wus. II kw: ujar, têtêmbungan; di-[x]-[x] kn. ak: disrêngêni; kc. muwus, wuwus.
uwod :
kn. ak oyod; kc. wod.
uwoh :
kn. ak woh, awoh.
uwok :
kn. ak brewok; kc. wok.
uwol :
(W) kn 1 rimong lsp. sing digawe wulu wêdhus; 2 êngg. pc. kamli; 3 subal (ing rambut); kc. wol.
uwong :
n. tiyang k wong.
(uwor) :
di-[x]-ake êngg. ak diworake; kc. wor.
uwos :
k bêras; kc. wos.
uwot :
kn. ak wot; ng-[x]: mlaku ing wot.

 


ribut. (kembali)
Huruf Jawa: u. (kembali)
dikondurake ki. (kembali)
Huruf Jawa: i. (kembali)
diunèk-unèkake. (kembali)
Huruf Jawa: cecak. (kembali)
pagawean. (kembali)
Huruf Jawa: pdhang (pêdhang), lbu (lêbu). (kembali)
dandanan. (kembali)
10 dadi-[x]. (kembali)
11 awang-uwung. (kembali)