Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

L

la :
I pc.wangsulane yèn diundang (wc. kula). II pc: (lah) têtêmbungan kanggo ngantêbake surasa.
(lah) :
ka-[x]-an kw. kêleban, kêlêban.
laba :
(S) kw. bathi, kauntungan, kabêgjan.
labah :
êngg. kn. labuh (mangsa ngarêpake rêndhêng).
laban :
I kn. ar. wit. II êngg. kn: gêjliganing tambak. III kw. ak: kilat, thathit.
labas :
êngg. kn. êntèk babar pisan (ing sanalika bae); [x]-an êngg: 1 ar. mainan cêki; 2 butulan, têrusan.
labda :
(S) kw. 1 kalêksanan, katurutan; 2 pintêr marang sawijining prakara ut. kawruh; kc. lêbda.
labdajaya :
(S) kw. ak. olèh kamênangan.
labdajiwa :
(S) kw. ak. 1 urip manèh; 2 ar. têmbang gêdhe.
labdagati :
(S) kw. ak. kalêksanan kang disêdya.
labdakarya :
(S) kw. ak. rampung ing gawe.
labdawara :
(S) kw. ak. rampung pamilihe (olèh sih).
labêh :
êngg. k. labuh.
labêt :
1 kn. tipak, tilas; 2 êngg. k. tatu; 3 labuh (jasa, panggawe bêcik); 4 kn. marga saka, kagawa saka; 5 êngg. k. labuh (mangsa ngarêpake rêndhêng); 6 (jawah [x]) êngg. k. udan awu; 7 êngg. k. labu.
lab-lub :
kn. katêranganing ngêclup ut. nyêmplung.
labu :
I kn. ar. woh bngs. bligo. II kw. ak: tiba, jugrug, rusak.
labuh :
I 1 kw. tiba, runtuh, rusak; 2 ([x] jangkar) kn. nibakake jangkar arêp lèrèn tmr. prau; di-[x]: dicêmplungake ing (kawah, sêgara lsp) kanggo sêsaji; pa-[x]-an: papan sing dianggo labuh. II kn: 1 ([x] kapat) mangsa ngarêpake rêndhêng (Sèptèmbêr, Oktobêr); 2 êngg. wiwit nggarap sawah; 3 êngg. wiwit; [x] adang: wiwit adang; di-[x]-i êngg: diwiwiti. III n. labêt k: gawe jasa karana mèlu nandhang lara-lapa; [x] nêgara: ngêtohake jiwa-raga amrih karaharjaning nêgara; [x] pati: ngêtohake patine kanggo ing liyan; ng-[x]-i: mèlu nandhang lara-lapaning liyan, ngêtohake jiwa raga marang; lêlabuhan: jasa, kabêcikan.
labur :
kn. jur-juran gamping; di-[x]: diputih nganggo labur.
laburan :
(W) kn. 1 (laboratorium) papan kanggo mriksa obat lsp; 2 tukang ngadoni obating gula lsp.
labrag :
di-[x] kn. 1 (ut. [x]-an) digarap kasar-kasaran; 2 dilurugi disrêngêni (diujar-ujari); 3 dipilara.
(lad) :
ang-[x] kw. ngiris, mapras.
ladak :
kn. angkuh, pambêkan; [x] kêcêngklak pr: wong ladak nêmahi kacilakan marga kalakuane; [x] kêwarisan pr: sênêng ngêpak ing liyan, nanging tansah slamêt bae; di-[x]-i: dipoyoki njalari nangis (muring).
ladan :
êngg. pc. luwih-luwih.
ladat :
(A) kn: mirasa, nikmat.
ladèn :
n. ladosan k. 1 juru ladi, wong sing ngladèni; 2 nulungi nyambut gawe (pista lsp); 3 apa-apa sing diladèkake; kc. ladi, lumadi.
(ladi) :
lêladi n. lêlados k. nyênyawisake lan kaulungake marang (ing sajroning pista, nyambut gawe lsp); ngladèni: 1 nyawisake (ngaturake) apa-apa marang; 2 nuruti apa sing dikarêpake ing liyan; ngladèkake: ngaturake marang, nyawisake lan kagawa marang; lêladèn: apa-apa sing diladèkake marang.
lading :
I kn. piranti dianggo ngiris-iris; kc. peso. II [x]-ên êngg. pc: sêdhih, tansah kuwatir.
(laduk) :
di-[x]-i kn. diwuwuhi akèh; ke-[x]: kakehan, kêluwihên; kc. lajuk.
(lados) :
k. ladi.
ladrag :
ng-[x] êngg. kn. nggluyur kaya palanyahan.
ladrang :
(ut. [x]-an) kn. 1 ar. wanguning wrangka; 2 ar. gêgolonganing gêndhing.
(ladrêg) :
ng-[x] êngg. ak. rêgêd mblêdêr.
(ladya) :
br. ladi.
laja :
I êngg. kn. laos. II (S) kw. ak: wirang, isin.
lajar :
êngg. k. luku.
lajêng :
I k. 1 banjur, têrus; 2 layu; lêlajêng êngg. k. lêlayu. II êngg. k: payu.
lajêr :
kn. 1 oyod sing pokok; 2 congkok uwat-uwating bêndungan; 3 panggêdhe, pangarêp sing baku; 4 êngg. dhasar, kang dadi bêbaku.
lajim :
(A) êngg. kn. 1 slamêt, têtêp lêstari; 2 lêbda, pintêr ing; 3 lumrah ing akèh; 4 (ut. lajin) êngg. k. banjur lajita (S) kw. ak: wirang, isin.

--- 255 ---

laju ~ laip.

laju :
kw. 1 têrus, banjur; 2 maju (mlaku) bantêr, gancang; 3 banjur, nuli; di-[x] kn: 1 dirikatake lakune, digancangake; 2 diuja, diêtogake sakarêpe; kc. lajo, lajon.
(lajuk) :
ke-[x] kn. kêladuk, kêlacut.
lajur :
kn. ujuring lêlarikan nurut dawane; [x]-an: 1 (awujud) larikan dawa; 2 lonjoran pring.
(lajo) :
ng-[x] kn. 1 mênyang ing panggonan (nyambut gawe, sanja) tulak (ora nginêp; 2 êngg. sanja.
lajon :
I kn. 1 tulakan (sadina mulih) tmr. nyambut-gawe ut. sanja; 2 pasanjan; 3 (ut. lêlajon) kamanuhan, saradan, kagehan; kc. lajo. II êngg: bantêr ajune, gancang; kc. laju.
ladha :
kn. ak. mrica.
ladhang :
êngg. kn. ludhang, lêga, kobêr.
ladhat :
ut. [x]-an kn. 1 têmahan, wasanane; 2 gadhangan dadi.
ladhêg :
êngg. kn. lêthêk bangêt.
ladhu :
kn. 1 walêd saka ing gunung gêni kang katutu ing banjir; 2 pc. banjir; 3 pc. olèh kamênangan akèh (ing mainan kêrtu); 4 êngg. ar. punggawa desa sing ngurus bab pangêduming banyu; pa-[x](pladhu): banjir ladhu; kêladhon: kêbanjiran ing ladhu.
ladhug :
êngg. kn:mblêthok jêro tmr. sawah; di-[x] ks. diwori turu.
ladhon :
I (lêmah [x]): wêdhi saka ing ladhu. II [x] cacaran kn: cacar sing thukul sabakdane dicublik (dicacar).
lae :
dhuh [x] pc. wah! (pasambat marga sêdhih, susah).
laen :
êngg. pc. liya, beda; kc. lain.
laetulkadar :
(A) kn. wahyu kabêgjan.
lafal :
(A) kn. kc. lapal.
laga :
I ut. lêlaga kn. solah-tingkah, tandang-tanduk; dilêlaga: dibêbeda, diiming-imingi, dipêpengin. II kw: pêrang; a-[x], ma-[x], pra-[x]: lêlawanan pêrang; palagan: papêrangan. III (A) kn: muspra, ora absah.
lagag-lagag :
kn. lakak-lakak (gumuyu sêru).
lagak :
êngg. kn. lêlaga, solah-tingkah, cengkoking pratingkah; [x]-e kaya: sajake (pratingkahe) kaya.
lagan :
I êngg. kn. prabot pirantining pawon. II êngg. kn: karo; [x]-[x] êngg: lêladi, juru-ladi; di-[x]-i: diladèni; 2 dipitulungi, direwangi tumandang, up. nalika duwe anak di-[x]-i êmbahne.
laganu :
êngg. pc. dhèk anu, nalika sêmana.
lagang :
pc. gêlis gêdhe; kc. walagang.
(lagar) :
ng-[x] kn. 1 ngobong sukêt (alang-alang lsp) ing alas; 2 nunggang jaran tanpa lapak; [x]-an: 1 alas sing wis dilagar; 2 tanpa lapak tmr. nunggang jaran; 3 pc. tanpa kêris ut. tampa slendhang.
lagehan, lageyan :
kn. solah-tingkah sing wis dadi kamanuhan.
lagèk :
pc. lagi.
lagêp :
êngg. arêp.
lagi :
I n. sawêg k: 1 nêdhêng-nêdhênge tumandang, up. kowe [x] apa?; 2 ing mangsa (wêktu) sing mêntas kêlakon, up. ênggone lunga [x] dhèk Sêlasa: 3 trêp ngêmungake, up. anggonku maca [x] ping sapisan; 4 ngêmungake ing nalika, up. [x] iki aku tumon wong kaya ngono; 5 êngg. dhèk biyèn, up. kaya ing [x]; 6 (ut. [x]-a, sa-[x]-ne) sênadyan, sênadyana; [x]-[x]: 1 kw. biyèn; 2 pc. mêntas bae, anyaran. II pc: isih ana (tmr. main kêrtu). III kw: wong tapa; kalagèn, kalagyan: patapan.
lagis :
kn. 1 tanpa imbuh ut. tanpa lanjar;; 2 lêgèh, ora nggêgawa; 3 tanpa pituna lan tanpa bathi.
lagya :
br. lagi.
lagna :
(S) kw. lêgêna, wuda.
lagnyana :
kw. 1 aksara lêgêna (tanpa sandhangan); 2 wanda pungkasaning pada têmbang sing tanpa sandhangan.
lagu :
I ut. lagon kn. cengkoking gunêman (têmbang, gêndhing) êlak-êluking têmbang (gêndhing); dilagokake: diucapake (maca, nêmbang) miturut lagune. II (S) kw. ak: 1 bantêr; 2 ènthèng, cêkak tmr. swara ut. aksara ing têmbang gêdhe; kc. guru-lagu.
lagur :
êngg. kn. blandar (palang) krêtêg, pyan lsp; kc. galur.
lah :
kn. têmbung sabawa kagèt, bungah lsp.
laha :
I êngg. kn. 1 kêre; 2 pring iratan diênam dianggo sero; di-[x]: dipagêri ing laha (kanggo pasangan iwak ing sêgara). II ng-[x] kn: 1 lêgèh, tanpa gawan, ngglendhang; 2 suwung, up. dina ng-[x] (dina ora ana karamèan); lahan êngg: 1 suwung ora tinanduran; 2 barès, wantahan; lêbar lahan pr: tanpa ana kêdadean, tanpa tilas; lahanan, lêlahanan: 1 lêgèh, tanpa nggêgawa; 2 tanpa mbayar (wragad).
lahang :
êngg. kn. lêgèn; [x] karoban manis pr: bêcik rupane tur bêcik bêbudène.
lahar :
I kn. êndhut panas saka ing gunung gêni. II wis [x] êngg. pc: lumrah, pancèn mula; kc. lakar.
lahêng :
kw. aluwung.
lahya :
br. lai, lêlai.
lahuyang :
kw. ak. suwiwi.
lahru :
kw. mangsa katiga; kêlahron: kêsrakat.
lai :
1 (ut. lêlai) kn. saradan, lageyan ala; 2 êngg. nakal tmr.jaran; ciri wanci lêlai ginawa mati pr: kalakuan ala ora bisa mari.
la ilaha illa'llah :
(A) kn. (ora ana Pangeran kajaba mung Allah) têmbung sabawane gumun lsp.
lailatul kadri, laitul kadri :
(A) kn. wahyu kabêgjan (barkahing Allah).
lain :
êngg. kn. 1 liya, seje; 2 mokal, nglêngkara.
laip :
(A) kn. 1 ringkih, sèkèng; 2 mlarat

--- 256 ---

lair ~ laknat.

kêsrakat; 3 br. lara; ke-[x], ke-[x]-an: kêsrakat, kêkurangan pangan, kalirên.
lair :
I (A) kn. 1 mung katone ing jaba, kb.. batin; 2 wadhag, kang dudu batin, up. kawruh [x], prakara [x]: di-[x]-ake: diwêdharake ing gunêm: ke-[x]:kawêtu, kawêdhar; ka-[x]-an: laladan ing lair kb. kabatinan. II kn. misos[1] ki: mêtu tmr. jabang bayi; ng-[x]-ake: ngêtokake jabang bayi; [x]-an kn. wiyosan ki: 1 anggone lair; 2 titi mangsa anggone lair; ka-[x]-an: papan anggone lair.
lair-batin :
kn. jaba jêro, lair kalawan batin, têrusing ati.
lair-mula :
n. lair-mila k. wiwit lair tumêka ...
lais :
êngg. kn. barangan.
laya :
I (S) kw. 1 rusak, sirna; 2 mati. II lêlaya (mlaya, nglaya) kw: lêlana, lunga midêr-midêr. III (S) kw: panggonan, padunungan,
layad :
(ut. ng-[x], ng-[x]-i) kn: mara (tilik) mênyang panggonane wong kang mêntas kasangsaran (kêsripahan, kêmalingan lsp); dadi [x]-an: nêmahi kasangsaran.
layah :
kn. saèm. cowèk nanging rada gêdhe.
layak :
kn. 1 pantês, patut; 2 ([x] ta, [x] bae) mèmpêr bae, pancèn mèmpêr; 3 êngg. bok mênawa; kc. ayak.
layan :
kn. 1 luwêng cilik sisihane luwêng gêdhe sing dianggo adang, lumrahe dianggo nggodhog banyu kang arêp dianggo ngaru; 2 sisihan ut. timbanganing pikulan, up. sa-[x] (sasisih tmr. pikulan); 3 êngg. lawan, karo, lan uga; di-[x]-i: 1 dilawan, ditanduki, ditimbangi; 2 digarap (dirêmbug) kalawan têmên-têmên; lêlayanan êngg: lêlawanan; kc. kalayan, lumayan.
layang :
n. sêrat k: 1 dluwang kang tinulisan dikirimake minangka gantining rêrêmbugan; 2 buku kang ngêmot crita lsp; di-[x]-i: dikirimi layang; [x]-[x]-an, lêlayangan: kirim-kiriman layang; pa-[x]-an kn: 1 upas pos; 2 (sawah pa-[x]-an) sawah sing dadi darbèking desa. II ng-[x] kn: 1 mabur tanpa kêbêt-kêbêt; 2 lêlana, nglaya; [x]-an: 1 ar. dolanan awujud dluwang didokoki ragangan diulukake tinalenan ing kênur (bolah); 2 (ut. lêlayangan) dolanan layangan; 3 wayangan, wêwayangan; ora kêna kêpidak [x]-ane pc: ladak bangêt; [x]-[x]-an: 1 mabur nglayang; 2 ngumbara, lunga ijèn; mentar pa-[x]-an br: ngumbara, lêlana.
layang-biwara :
n. sêrat-biwara k. layang palapuran bab colong-jupuk sing kawènèhake marang kang kelangan, kang kelangan banjur wênang nggolèki.
layang ibêr-ibêr :
n. sêrat ibêr-ibêr k. (ut. layang-ibêran) layang kiriman.
layang-idêran :
n. sêrat-idêran k. layang sing diubêngake, sèrkulèr.
layang kabar :
n. sêrat-kabar k. layang kang ngêmot pawarta apa-apa sing mêntas kêlakon ut. ngêmot kawruh sing cêpak-cêpakan.
layang-wacan :
n. sêrat-waosan k. buku ngêmot crita lsp.
layap :
br. kaanan rumamyang ing nalikane arêp turu; [x]-[x] kn. satêngah turu, turu sing isih wêruh (krungu) apa-apa; ng-[x] ks: lunga saparan-paran; sa-[x]-an: salêsan tmr. turu.
layar :
kn. 1 motha kanggo nampani panêmpuhing angin supaya praune bisa mlaku; 2 motha dianggo aling-aling lsp; 3 (ut. lêlayaran) lêlungan nunggang prau, mangkat tmr. prau; 4 ar. sandhangan ing aksara Jawa ( ); ng-[x]-i: 1 lêlayaran ing; 2 êngg. lunga mênyang ing panggonaning liyan prêlu arêp njêjaluk ut. njêjupuk; pa-[x]-an: babagan lêlayaran; tuju [x]-an: ar. tuju (guna gawe).
layat :
I lumayat kw. lumayu, lunga; ke-[x]-an kn. 1 katinggal lunga; 2 kasèp, kêsuwèn, kèri. II kc. layad.
layu :
I kw. 1 alum; 2 mati; sirna marga [x] br: ilang mati; layon: 1 kn. kêmbang kang wis layu; 2 ki. mayid, bangke. II lumayu n. lumajêng k. mlaku bantêr; nglayoni: 1 lumayu nututi; 2 nêbus barang gadhean sing wis mèh lêbur; kc. mlayu, klayu. III lêlayu kn: 1 tumbak ing pucuke mawa gêndera cilik; 2 utusan, duta.
layung :
kn. mega kuning ing wayah sore ngarêpake surup; [x]-[x] br: nangis ngandik-andik; ng-[x]: pucêt marga sêdhih ut. lara.
layur :
kn. ar. iwak sêgara.
layon :
1 kn. kêmbang sing wis alum; 2 ki. jisim, bangke; 3 kw. mati; kc. layu I.
layos :
êngg. kn. tratag, omah tambêlan.
laywa :
br. layu.
laywan :
kw. layon.
lak :
I kn. bangsaning jabung warnane abang. II ut. [x]-[x]-an kn: tulakan, rolak, kalènan ing bêndungan lsp. III [x]-[x]-an kn: têlak.
laka :
I êngg. kn. langka, ora ana. II (S) kw: warna abang; linaka: diêcèt abang.
lakak-lakak :
kn. gumuyu cêkakakan.
lakang :
pc. wlakang.
lakar :
I êngg. kn. apa-apa sing dadi bêbakaling dandanan; di-[x]-i: dibakali, diprèjèngi balok lsp; [x]-an: cêngkorongan, isih dilakari. II kn: mula nyata, dhasar nyata.
lakèn :
ut. lêlakèn kn. sanggama tmr. kewan; kc. laki.
lakên :
(W) kn. sêngkêlat.
lakêt :
kw. rakêt, krakêt; [x]-an: bêras kêtan.
laki :
I kn. garwa ki. bojo (sing lanang); 2 (a-[x]) kn. krama ki. omah-omah tmr. wong wadon; dilakèni: disanggama tmr. kewan; dilakèkake ks: dijodhokake, diomah-omahake; kc. palaki.
laki-bi, laki-bini :
kw. laki rabi (lanang wadon).
laki-rabi :
kn: 1 jêjodhoan lanang wadon; 2 bab jêjodhoan.
lakya, lakwa :
br: laku.
laklak :
êngg. kn. (dipangan) mêntahan.
lak-lakan :
kn. 1 êngg. tulakan, kalenan sing anjog ing sawah lsp; 2 têlak; kc. lak.
laknat :
(A) kn. sumpah, supaya, sot.

--- 257 ---

laknatullah ~ lalêr-wilis.

laknatullah :
(A) kn. (supataning Allah) setan, eblis.
laku :
n. lampah k. 1 (tindak ki) obah maju sarana napakake sikil; 2 tumindak, obah maju, ora mandhêg, up. [x]-ning sêpur; [x]-ning dhuwit; 3 (tindak ki) lêlungan; up. tumuli mbanjurake [x]-ne; 4 kawajiban nindakake ayahan kraton, up. nggantung [x], nampa [x]; 5 cara, patrape anggone nindakake, up. durung ngêrti [x]-ne etungan iki; 6 patrap, solah-tingkah, up. ngênggoni [x]-ning satriya; 7 sêsirik ut. tapabrata, up. turune wong ahli [x]; 8 êngg. payu, up. jarit iki yèn diêdol ana ing Sala ora [x]; 9 kèhing wanda ing dalêm sapada tmr. têmbang gêdhe, up. têmbang Witana kuwi [x] wolu; kalah (mênang ) [x]; kalah (mênang) atas tmr. main; kêputungan [x] pr: kandhêg marga kêkurangan sarana; oleh [x]: bisa gampang ênggone nyambutgawe; lêlaku: 1 lêlungan (adoh); 2 sêkarat, wis ndungkap mati; [x]-[x]-ne: 1 cara-carane, pratikêle; 2 tata urut-urutane lêladèn lsp; lumaku, mlaku n. lumampah, mlampah k: 1 (tindak ki) obah maju sarana njangkahake sikil; 2 tumindak obah (ora mandhêg), up. sêpure wis mlaku; 3 kang lagi linakonan tmr. taun, up. umure si Amat nêm taun mlaku; 4 nindakake pakaryan, up. wong mlaku ing gawe kuwi ora kêna sêmbrana; nglakoni: 1 ngambah (lumaku) ing; 2 nindakake, ngêcakake, up. nglakoni agama Islam; 3 nandhang, nêmahi, ngalami, up. aku mono mung sadêrma nglakoni; 4 nindakake tapa-brata (sêsirik lsp), up. lagi nglakoni ora mangan iwak ambêkan; nglakokake: 1 akon (gawe) supaya mlaku, up. nglakokake montor; 2 ngangkatake, mbudhalake, kongkonan, up. nglakokake prajurit (utusan lsp); 3 nindakake, ngêcakake, up. nglakokake ngèlmu kêdhaton; 4 nganakake dhuwit; pa-[x] n. palampah k: 1 wong kang dikongkon; 2 dhuwit opahan wong sing dikongkon; kê-[x] n. kêlampah k: lumrah ditindakake ing wong akèh; ka-[x]-an kn: solah-tingkah (patrap) sing mêtu saka ing dhêdhasaring watak; kc. lakon.
laku-bêngi :
n. lampah-dalu k: lêlungan ing wayah bêngi.
laku-bokong :
(dhodhok) n. lampah-bokong (dhodhok) k: ndhodhok banjur lumaku.
laku-dagang :
n. lampah-dagang k. nindakake pakaryan dagang (dêdagangan).
laku-gawe :
n. lampah-damêl k. êngg. duwe kawajiban nindakake pakaryan nêgara (gugur-gunung).
laku-ngiwa :
n. lampah-ngiwa k. sèdhèng.
laku-prau :
(sêpur lsp) n. lampah baita (sêpur lsp) k: (lêlungan) nganggo nunggang prau (sêpur lsp).
lakon :
n. lampahan k. waktu sing dianggo mlaku, up. Sêmarang kuwi saka kene [x] sêdina; 2 crita ing wayang lsp; up. [x] Sêmbadra larung; 3 saprangkat (sasêtèl) tmr. panah ut. kêrtu; lêlakon n. lêlampahan k: 1 apa-apa sing kêlakon; 2 crita, lakon; 3 bêgja-cilaka sing tinêmah (sinandhang): 4 pangkat ut. pakaryan sing dilakoni, up. nggêntèni lêlakone wong tuwane; kêlakon n. kêlampahan k: 1 wis tumindak (dilakoni, wis kêpungkur); 2 kêturutan sêdyane, kalêksanan.
laksa :
I (S) kw. lak. II kw: 1 tuju, ênêr; 2 laku; lumaksa: lumaku; ang-[x]: ngênêr, nuju. III kn. ak: 10 ewu; kc. lêksa. IV kn. bngs. mihun.
laksana :
I (S) kw. 1 ciri, têngêr, pratandha, ngalamat; 2 kabêgjan. II kw: laku, laku: lumaksana: lumaku; kc. laksana.
laksita :
(S) kw. 1 (kacihna, kawêruhan) laku, kalakuan; 2 laku tapa.
laksya :
I kw. kc. laksa. II (S) kw: katuju, kaênêr; laksyan: lesan, tujuan.
laksmana :
(S) kw. bêgja, kabêgjan.
laksmi :
(S) kw. endah, ayu.
laksmiwati :
(S) kw. (sugih endah) endah bangêt, bêgja bangêt.
lakwa :
br. laku.
lala :
di-[x] pc. diêla-êla.
lalah :
ut. [x]-an kn. 1 wowohan (gêgodhongan) mêntah kang dianggo lawuh mangan; 2 kayu bngs. paju dianggo nêsêli kayu sing arêp disigar; di-[x]-i: disêsêli lalaban.
(lalad) :
[x]-an kn. 1 tlatah, wêwêngkon; 2 solah tingkah kang dadi dhadhakan, patrap.
lalah :
kw. luluh, lèlèh, jêmèk; [x]-an êngg. kn: leleran (mung kari nanduri tmr. sawah).
lalahan :
(an) kn. lêlahanan, tanpa mbayar.
lalai :
kn. saradan, kamanuhan; kc. lai.
lalay :
kw. ak. lali.
lalayan :
kw. pagêr bata, bètèng.
lalaluya :
kn. kurang wêweka.
lalalucu :
kn. sêmbrana, lêlucon.
lalana :
(S) kw. 1 ngenggar-enggar, sênêng-sênêng; 2 midêr-midêr, lêlungan njajah.
lalang :
kw. alang-alang.
lalar :
kn. dhangkal (rêrêgêd) sing lumèngkèt ing kulit; ng-[x]: 1 ngrêsiki lalar sarana digosok; 2 niti-priksa, nyêtitèkake, ngurus; 3 akèh dhangkale; 4 êngg. nggluyur; kc. klalar.
lalaran :
n. sêsakitan k. wong ukuman; kc. lara.
lalasa :
kn. ar. têtuwuhan.
lalatha :
(S) kw. bathuk, maèsi bathuk.
lalawa :
kw. lawa.
lalawora :
kn. 1 rèmèh, tanpa têgês; 2 gunêm sing awuran (tanpa têgês).
laleyan :
kw. kc. lalayan.
lalèn :
n. kêsupènan k. gampang laline; kc. lali.
lalêh :
(a-[x]) kw. ak. endah, asri.
lalêr :
kn. ar. kewan ibêran sing dadi sèt; cumbu [x] pr: inggatan; ng-[x]: (wêwatakane) kaya lalêr.
lalêr-mencok :
kn. brêngos sing pucuke kiwa têngên rada kandêl sing têngah tipis.
lalêr-mêngêng :
kn. ar. gêndhing.
lalêr-wilis :
kn. lalêr sing warnane ijo; ng-[x]: 1 (kaya lalêr wilis) nguthuh, ora idhêp isin; 2 warna ijo sêmu wungu.

--- 258 ---

lali ~ lamus.

lali :
n supe k. 1 ora kèlingan; 2 ora eling (ing nalikane sêmaput); dilêlali, dilali-lali br: disamur-samur murih aja kèlingan; kêlalèn n. kêsupèn k. kalimêngan ki: kêkilapan, ora kèlingan.
lali-jiwa :
kn. ar. pêlêm.
lalilah :
êngg. pc. la ilaha!
lalim :
kn. ak. bêngis, ambêk siya.
lalis :
kw. 1 lunga, ilang; 2 mati; wêlas têmahan [x] (kêlantur wêlas tanpa alis) pr: wêlas marang wong kang ndadèkake sangsarane; linalisan: pinatenan.
lalita :
(S) kw. 1 ayu, endah; 2 bungah-bungah, sênêng-sênêng.
lalita-wisama :
(S) kw. ar. têmbang gêdhe.
lalitya :
kw. kc. lalita.
lalya :
br. lali.
lalu :
I 1 kw. liwat; 2 êngg. banjur, têrus; ka-[x] kw: kaliwat, kêluwih-luwih. II ng-[x] kn: njarag mati, matèni awake dhewe. III kc. milalu, pilalu.
lalu-mangsa :
kn. wis kasèp.
(lalun) :
ka-[x] kw. kanyut ing ombak, katut; kc. alun.
lalon-lalon :
kn. tekadan; kc. lalu III.
lalos :
êngg. k. lali.
(lam) :
kc. lamlam.
lama :
1 kw: lawas, suwe; 2 êngg. k. lawas.
lamad :
ut. [x]-[x] kn. sawanging kêmangga lsp; kc. lamat.
lamak :
I kw. gajih; dhèndhèng [x] kn: dhèndhèng kang katutan gajih. II 1 kw. lèmèk; 2 kn. babag, timbang, padha kasantosane; 3 lumrah (ora monjo); di-[x]-i: 1 dipadhani, ditimbangi; 2 ditandhing-tandhing; di-[x]-ake: 1 dianggêp padha karo; 2 disêpèlèkake, diêpak.
(lamar) :
ng-[x] kn. 1 nakokake wong wadon arêp dipèk bojo; 2 njaluk supaya diwènèhi pagawean, up. lowongan carik kawêdanan sing ng-[x] wong nêm atus; [x]-an: 1 tindak anggone nglamar; 2 pawèwèh kang kawènèhake marang wong tuwane (sanak sêdulure) sing dilamar.
lamat :
I [x]-[x] kn. 1 ora cêtha tmr. pandêlêng, pangrungu; 2 ora kandêl tmr. mulas, pupuran lsp; lêlamatan br: pupuran mung lamat-lamat. II kn: sasmita, ngalamat; kc. alamat.
lamba :
kn. 1 ora rangkêp, dudu camboran; 2 barès, pasaja, wantah; nglambani: masajani, ngandhani barès; lamban: 1 ora rangkêp; 2 ora duwe bojo.
lambah-lambah :
kn. ngêcêmbong akèh banyune (mêntas udan lsp).
lambak-lambak :
kn. lembak-lembak.
lamban :
kn. 1 ora rangkêp; 2 ora duwe bojo; kc. lamba.
lambang :
I 1 ([x]-gantung) kn. kayu malang sangisoring takir (peranganing omah); 2 êngg. pangrèhing desa; [x]-an: blabak malang sanggan tiyang prau. II 1 kw. kidung, gêgambaran; 2 kn. têtêmbungan ut. lêlakon sing ngêmu surasa pitutur ut. wêwêcan; kc. pralambang. III êngg. k: ijol; dipun-[x]-i(akên) k: diijoli(ake).
lambang-jangka :
kn. pralambang ngêmot wêwêcan.
lambang-sari :
(santun, sêkar) br. liron sih.
lambau :
(C) kn. lilin gêdhe sarta abang.
lambao :
(W) kn. pc: tani; têtanèn, up. mantri [x], sêkolah [x].
lambar :
ut. [x]-an kn. 1 cawan; 2 cawan lèmèking gêlas lsp; 3 lèmèk; 4 lèmèk dianggo nyêkêl barang panas lsp; 5 br. dhêdhasaring panêmu, wêwaton; 6 awêwaton, adhêdhasar; di-[x]-i: dilèmèki, didèkèki lambaran.
lambat :
I êngg. k. lawas; [x]-laun (M) êngg. pc: suwe-suwe, sêlot-sêlote. II ma-[x] kw: miyur, manutan.
lambe :
1 kn. lathi ki. pinggiraning cangkêm; 2 kn. pinggiraning cangkir, piring lsp; 3 bambing, têpining prau, sumur lsp; 4 ks. têtêmbungan; ènthèng (tipis) [x]-ne: sênêng nyatur ala (misuh); kanggo abang-abang [x]: 1 kanggo sambèn gunêman nyatur alaning liyan; 2 kanggo lêlamisan; [x] satumang kari samêrang pr: wong nênuturi ora digugu; kêlambèn: sugih omong, sênêng nyatur.
lambe-dang :
(dandang) kn. pinggiraning cangkir lsp. sing njêbèbèh.
lambe-gajah :
kn. peranganing kêris sandhing kêmbang kacang.
lambe-gangsa :
kn. lidhah gangsa.
(lambir) :
[x]-an êngg. kn. bambinging kali sing cêndhèk.
lambung :
kn. iring (sisih) kiwa têngên ing perangan kang têngah tmr. awak, gunung lsp; ng-[x]: 1 nyuduk (numbak lsp) ing lambung; 2 nganggo kêris mèpèt lambung; 3 nêmpuh barisan saka ing iringan; 4 mbangkèk, mêrit ing têngah.
lambung-lêngis :
kn. lêkikan sadhuwuring bokong sangisoring iga.
lamèn :
kn. tlakupaning gagang pari; kc. damèn.
lamêng :
kn. pêdhang cêndhak amba wilahane.
lami :
k. lawas.
lamis :
ut. lêlamisan kn. mung ing lahire (têtêmbungane) bae sing bêcik, batine ora; ng-[x]-i: tumanggap (gêgunêman) lêlamisan.
lamit :
êngg. pc. têtêmbungan mratelakake njawab njaluk pangapura ing sadurunge tumindak kang kalêbu ora urus, kayata nglangkahi, ndumuk sirah lsp; kc. amit.
lamlam :
kn. ([x] ing ati) sênêng (gumun) ing ati; ng-[x]-i:nêngsêmake, nggumunake; [x]-ên: sumlêngêrên marga gumun ut. kasêngsêm bangêt.
lamuk :
I ut. lêlamuk, [x]-[x] kn: 1 pêdhut sing tipis; 2 burêng (ora bêning) marga kasaput ing uwab tmr. kaca lsp; ng-[x]: kasaput ing lamuk (burêng, ora bêning). II êngg. kn: 1 lêmud; 2 kurang ajar.
lamun, lamon :
êngg. kn. yèn, samangsa.
lamur :
1 kw. lamuk; 2 kn. ora awas (têrang) pandêlênge; ng-[x]-i: 1 njalari lamur; 2 êngg. nêdhêng-nêdhênge lamur tmr. iwak loh (ing wayah sore); 3 êngg. pc. nêdhêng-nêdhênge birahi bangêt tmr. jêjaka; [x]-an: nandhang lara lamur.
lamuran :
kn. ar. sukêt.
lamus :
I kn. warna kaya ulêsing kêbo. II kn: ububan sing digawe wlulang

--- 259 ---

lamon ~ landhêp-dhêngkul.

wedhus; di-[x]: 1 dimangsak tmr. wlulang; 2 diububi.
lamon :
kc. lamun.
lamong :
kw. rada edan; ng-[x]: ndlêming, ngame.
(lampad) :
[x]-an êngg: rampadan.
lampah :
k. laku.
lampèng :
êngg. kn. gampèng.
lampêg :
êngg. kn. rob.
lampês :
kn. ar. têtuwuhan.
(lampêt) :
ng-[x] kn. mampêt, nutup bêndungan lsp.
lampi :
êngg. kc. lampin.
lampin :
kn. apa-apa sing digawe lambaran nyênyêkêl (nggawa) barang sing panas.
lamping :
êngg. lampin.
lampir :
I kn. wis tipis sarta landhêp tmr. lading lsp, wis nglingir alandhêp tmr. untu dipasahi lsp. II di-[x]-i kn: dikanthili layang liyane; [x]-an: layang kanthilan; kc. lêmpir.
lampit :
kn. lante ki. bngs. klasa sing digawe irat-iratan pênjalin (bamban, pring).
lampita :
(S) kw. 1 têtêmbungan; 2 pêpindhan, pralambang, ngalamat.
lampu :
I ut. di-[x] êngg. kn. aluwung, milaur; kc. pilampu, milampu. II kn: diyan (sing gagrag Eropah), kayata: [x] dhudhuk, [x] gantung, [x] teplok.
lampus :
kw. pati, mati; ng-[x]: matèni, nglalu.
lampor :
kn. swara rame (miturut gugon tuhon swaraning lêlêmbut arak-arakan).
(lampra) :
ng-[x] êngg. kn. lunga saparan-paran.
(lamprah) :
ng-[x] êngg. kn. nglêmbrèh kangsrah ing lêmah.
lan :
I 1 n. kaliyan k. lawan, karo; 2 kn. jalarane, up. dadi [x] patine. II êngg. pc: lahan.
lana :
I kn. lêstari, ora owah gingsir. II kc. lalana.
lanang :
n. jalêr k: 1 (kakung ki) kb. wadon; 2 sing mênjila ut. ngijèn tmr. gunung, kali, alas, lsp; 3 mung awuluh siji tmr. bêdhil; 4 ent. kêndêl; [x] kêmangi pc: wong lanang sing jirih; sing [x](ingkang kakung ki): bojo (laki); ng-[x]-i: 1 kaya sipate wong lanang (kêndêl, gumêdhe); 2 solah-tingkahe kaya wong lanang tmr. wong wadon; [x]-an: 1 kewan lanang sing dijodhokake dipurih turune; 2 pucuk (purusing) saka ut. êmur sing diêncêbake; 3 ks. bojo (laki); pa-[x]-an: dakar, purus.
lanas :
kn. 1 alum (garing, lèlèh) marga kêna ing panas; 2 lantap, brangasan tmr. wong wadon.
lanat :
kn. laknat.
landa :
n. landi k. pc. Walanda.
landang :
I kw. batur, rowang; pa-[x] kn: juru ladèn. II ma-[x] (mlandang) êngg. kn: tansah kolehan anggone nyambut gawe, enggal sugih.
(landêng) :
ng-[x] kn. 1 ajêg ora suda-suda tmr. urub, kukus, ganda; 2 olèh kabêgjan ajêgan, ora suda-suda kasugihane; di-[x]-ake: diulur (disuwèkake) tmr. pagawean.
landêp :
kn. 1 ar. têtuwuhan; 2 ar. wuku sing kapindho.
landi :
k. landa.
landrat :
(W) kn. pangadilan sing mriksa prakara sing rada gêdhe; di-[x]: dipriksa ing pangadilan landrat; ng-[x]-ake: ngunggahake prakara mênyang landrat.
lanja :
ut. lêlanja kn. kêrêp lunga ut. sanja; ng-[x]: sanja mênyang panggonane tangga sing adoh.
lanjah :
êngg. pc. gonta-ganti sing nduwèni; kc. lènjèh.
(lanjak) :
ng-[x] kn. 1 nglojok, ngluwihi wêwangên ut. watêse; 2 êngg. nyewa sawah ing sawêtara mangsa; ng-[x]-ake: 1 ngulur prakara ing pangadilan sing luwih dhuwur; 2 êngg. nyewakake sawah.
lanjam :
êngg. 1 kêjèn; 2 singkal; [x]-an: lancip tmr. jalu.
lanjang :
êngg. kn. prawan, wong wadon sing durung omah-omah.
lanjar :
I pc: kn. warandha sing durung duwe anak (sarta isih ênom); kc. wulanjar, lanjar. II kn: imbuh (wuwuhan mirunggan) kawènèhake wong sing tuku tmr. dol tinuku wowohan lsp; di-[x]-i: diwènèhi lanjar. III di-[x]-i kn: didokoki lanjaran; [x]-an: 1 wilah (kayu) dianggo pikukuh rambataning têtuwuhan (kacang lsp); 2 turutan, panutan, sarana; 3 anak angkat (dianggo sarana supaya banjur bisa duwe anak).
lanjar-ngirim :
kn. ar.lintang (cêdhak karo gubug-pèncèng).
lanjèn :
êngg. kn. nyoba, njajal, isih coban-coban; kc. lanji.
lanji :
I êngg. kn. bngs. linggis kayu, paju. II kn: 1 ngolah-ngalih, ora têtêp ênggone; 2 ks. palanyahan; di-[x]: 1 dicoba arêp disumurupi trêp lan orane, kayata sindik dicoba ing bolongane; 2 ditanjihake, dinyatakake dhewe; kc. lanjèn. III kn: atos, tansah atos (tmr. kacang).
(lanjuk) :
di-[x] êngg. kn. diranggèh.
lanjung :
êngg. kn. ora duwe kêkuwatan, dhêlêg-dhêlêg.
lanjut :
êngg. kn. 1 dawa, mulur; 2 têrus; 3 krungu saka ing kadohan; ng-[x] êngg: nglajo; di-[x]-ake êngg: ditêrusake, dibacutake.
lanjo :
kc. lajo.
lanjrat :
kn. landrat.
landha :
kn. banyuning awu; ora ana [x]-ne ent: ora ana tabête; di-[x]: dikumbah (diêkum) ing banyu landha.
landhak :
kn. ar. kewan ngrikiti mawa wulu kuku lancip-lancip kaya êri; ng-[x]: mbabah (ut. gawe trowongan) sing dawa; ng-[x]-ake: mêndhêm mayit rada diêrongake; [x]-an: 1 babahan sing dawa; 2 trowongan, trowongan dalan banyu.
landheyan :
kn. 1 garan tumbak (gêndera); 2 êngg. ukiran kêris.
landhêp :
kn. 1 ora kêthul; 2 gathèkan, gampang mangêrtine; 3 nyêrikake (pêngpêngan) tmr. gunêm; lêlandhêp, gêgaman sing landhêp; di-[x]-i: diasah supaya landhêp; 2 digêgasah, diojok-ojoki, landhêp-dhêngkul kn. (landhêp kaya dhêngkul) bodho bangêt.

--- 260 ---

landhês ~ (langgat).

landhês :
I êngg. kn. trêp, plêk; kc. tandhês. II di-[x]-i kn: didèkèki ganjêl tmr. apa-apa sing arêp diiris (dikêthok); [x]-an: 1 ganjêl (sanggan) barang sing arêp dikêthok (dipalu lsp); 2 (dadi [x]-an) dadi parang tutuhan (nyangga yèn ana alane); 3 êngg. pc. dhêdhasar, wêwaton.
landhung :
kn. 1 dawa tmr. klambi (kathok lsp); 2 mêmbat, mulur, ora sêsak tmr. napas (swara lsp); 3 ora cugêtan atèn; kc. plandhungan.
lan-kas :
(W) kn. kantor Nêgara sing nampa lan mbayari dhuwit.
lantak :
kn. piranti dianggo, ndudul bolonganing mriyêm (bêdhil lsp); ng-[x]: 1 (ut. ng-[x]-i) ndudul nganggo lantak; 2 nglarag (nglurug) arêp nglabrag; [x]-an: 1 (bêdhil [x]-an) bêdhil sing anggone ngisèni nganggo dilantaki; 2 gilingan dawa tmr. wêsi, mas, têmbaga lsp.
lantang-lantang :
kw. ak. ali-ali.
lantap :
kn. dhêmên padu (nyrêngêni) tmr. wong wadon.
(lantar) :
ng-[x]-i kn. njalari - bisane kêlakon asarana ...; ng-[x]-ake: 1 nêkakake rêmbug marang; 2 mbacutake, (mbanjurake, nêrusake) marang; [x]-an: 1 kayu (pring) dianggo gocèkaning wod lsp; 2 senggot; 3 ki. têkên, sendhok, suru, bêdudan; 4 sarana kang njalari bisa kalêksanan sêdyane (bisa kêlakon); 5 wong kang nglantarake rêmbug lsp; 6 jalaran, sêbab.
lantas :
I kn. 1 dawa lan lêncêng tmr. têkên lsp; 2 lêncêng, pênêr (ngênêr sing tinuju); 3 bantas tmr. swara. II êngg. kn: banjur, tumuli.
lante :
ki. lampit.
lantèh :
êngg. pc. kc. lantih.
lantera :
kn. kc. lêntera.
lantih :
kn. wis prigêl (bisa) marga wis kulina nindakake; dilêlantih: digêgulang, dikulinakake, dimêmanuh.
(lantik) :
[x]-[x] kn. nangis sêru bangêt.
(lanting) :
ng-[x] kn. 1 nyêkêli apa-apa tangane diacungake, up. ng-[x] mrêcon; 2 nyêkêli wong sing ajar nglangi ut. nyabrang ing kali; 3 pc. nglagani, mitulungi; [x]-an: 1 apa-apa sing dilanting; 2 k. kêndhi.
lantip :
kn. landhêp pikirane, gathèkan.
lantun :
êngg. k. 1 lari; 2 larik.
lantung :
kn. kc. latung.
(lantur) :
ng-[x] kn. mbanjur bae nganti kêliwat ing wêwangênane; ke-[x]: 1 kêbanjur, kêbacut; 2 owah saka têgêse sing asli tmr. têmbung.
(lantrah) :
ng-[x] kn. dawa (rowa bangêt) tmr. crita, gunêman lsp.
(lantrang) :
[x]-[x] kn. ndhangak ginawe-gawe tmr. patrap lakune wong wadon; kc. plantrang.
lancana :
(S) kw. cihna, têtêngêr, itikan.
lancang :
I kn. tumandang ndhisiki prentah (pakon); di-[x]-i: 1 disêtut didhisiki; 2 ditindakake ndhisiki prentah; [x]-[x]-an: sêtut-sêtutan arêp ndhisiki. II kn: wadhah kinang wangune kaya praon.
lancap :
kn. awangun bundêr lonjong tmr. praèn.
lancar :
I kn. 1 cilik dawa tmr. buntut lsp; 2 êngg. jarit kadèn. II kn: bantêr, rikat, gancang: di-[x]-i br: dilêpasi gêgaman; lêlancaran: gêgancangan. III [x]-an êngg. k: piring.
lancêng :
kn. ar. bngs. tawon cilik: malam [x]: 1 malame tawon lancêng; 2 ar. malam sing gêtas.
lancing :
I êngg. kn. durung rabi; kc. loncang-lancing. II [x]-an: 1 êngg. cawêd; 2 ki. kathok, sruwal.
lancip :
kn. 1 mawa pucuk sing mêrit; 2 (têmbunge [x]) têtêmbungan agawe pinggêting ati; ng-[x]-i: agawe supaya lancip.
lancung :
1 êngg. kn. palsu. II têlèk [x] kn: têlèk pitik sing jêmèk.
lancur :
kn. 1 laring buntut jago; 2 (ut. [x]-an) êngg. jagoan; 3 (ut. lêlancur) pangarêp, gêgembong, têtunggul.
(lanthang) :
[x]-[x] kn. mlaku ora nolah-nolèh ut. ora nggêgawa tmr. wong wadon.
lanyah :
kn. wis kêrêp nindakake, pundhuh; lêmah [x] êngg: 1 palêmahan darbèking umum; 2 sawah sing tansah tinanduran pari; pa-[x]-an: wong wadon ala.
(lanyak) :
ng-[x] kn. nranyak, ora urus.
lanyap :
kn. lancap; [x]-an: wanguning praèn ndhangak lancap tmr. wayang.
lanyo :
ut. [x]-[x] pc. umuk-umukan, tumindak kurang tata-krama.
(langak) :
I [x]-[x] kn. linggih (mlaku) ndhangak; ng-[x]: ndhangak, tumênga. II lêlangak, [x]-an kn: pawongan cèthi.
langar :
kn. ladak, lantap.
langèn :
ut. lêlangèn kn. lêlumban nglangi; kc. langi.
langêh :
kw. ak. endah, sênêng.
langên :
kw. 1 sênêng, endah; 2 kasênêngan, kaendahan; 3 (ut. lêlangên) sênêng-sênêng, mangun suka; 4 (ut. ka-[x]-an) sêlir; ka-[x]-an ki: 1 apa-apa sing disênêngi; 2 sêlir.
langênarjan :
kn. bngs. klambi sikêpan ingarêp mawa bukakan.
langên-driya :
kn. wayang wong sing nyritakake Damarwulan.
langênjiwa :
kn. ar. têmbang gêdhe.
langên-gita :
kn. ar. têmbang gêdhe.
langêrèh :
(W) pc. pangadilan sing mriksa prakara palanggaran cilik-cilik.
langês :
kn. angusing diyan; ng-[x]: kumêlun mêtu langêse.
(langga) :
I di-[x] kn. diombe sarana kaêcurake saka ing kêndhi tinadhahan cangkêm. II di-[x] kn: disuduk (dijotos) wêtênge.
langgala :
kw. wluku; kc. nênggala.
langgana :
(S) kw. ora miturut, ndaga, êmoh nurut; kc. lênggana.
langganan :
kn. lêngganan.
langgar :
I kn. omah cilik dianggo sêmbahyang ut. mulang ngaji. II di-[x] (M) kn: 1 ditêrak, ditrajang; 2 êngg. ditumbuk, ditabrak, disêrang; 3 êngg. disêtut, didhisiki; pa-[x]-an: prakara-prakara bab nêrak pêpacuhing nêgara.
(langgat) :
ng-[x]-i kn. 1 nimbangi, nglayani; 2 nanggapi wong sing njawat lsp; [x]-an, lêlanggatan: lêlawanan, lêlayanan;

--- 261 ---

(langgên) ~ lapli.

sanggar pa-[x]-an: omah ginawe sêmadi ut. mêmêjang.
(langgên) :
[x]-an kn. 1 congkokan; 2 landhêsan.
langgêng :
kn. 1 lêstari ora owah gingsir; 2 waktu sing tanpa pungkasan; di-[x]-ake: dilêstarèkake; ka-[x]-an: jaman sawise pati, akerat.
langgi :
kn. sêga sing diraciki lêlawuhan garingan.
langguk :
kn. umuk, gumêdhe.
langgula :
(S) kw. ak. buntut.
langgung :
êngg. kn. langgêng.
(langgur) :
ng-[x] êngg. kn. milihi wiji pari.
(langi) :
ng-[x] kn. kumambang (nyilêm) ing banyu banjur obah maju; nglangèni: nglangi marani; nglangèni tai baya pr: nindakake pagawean rêkasa bangêt, ora ana pituwase.
langip :
kn. kc. laip.
langir :
kn. ar. woh sing sok dianggo kramas.
langit :
kn. 1 awang-uwung sing katon biru; 2 (ut. [x]-an) lapisan ing jênang (puhan) kang dumunung ing dhuwur; padhang [x]-e: sêmuning polatan bingar; bisa njara [x] pr: pintêr bangêt; têkan ing [x] biru (sap pitu): dhuwur bangêt pangkate lsp; ng-[x]: mêtu langite tmr. puhan lsp; [x]-an: 1 (ut. pa-[x]-an) pyan, tutuping paturon lsp; 2 kc. langit 2; 3 êngg. pc. têlak.
langka :
kn. 1 ora tau (arang) anane, arang-arang bangêt; 2 nglêngkara, mokal anane.
langkah :
kn. 1 jangkah sing ngungkuli apa-apa; 2 luwih, punjul, ora trêp; [x] loro(têlu lsp): nganggo lêt 2, 3 lsp. tmr. nam-naman; lumangkah, mlangkah: 1 njangkah ngungkuli; 2 ngliwati (tmr. maca lsp); 3 nglancangi, ndhisiki tmr. omah-omah lakèn rabèn lsp; ng-[x]-i pundhak pr: matur marang dhêdhuwuran ora nganggo palantar; pa-[x]: pawèwèh awujud sandhangan sapangadêg marang sêdulur tuwa sing dilangkahi ênggone omah-omah.
langkak :
êngg. kn. langka.
langkap :
kw. gêndhewa.
langkas :
kn. cukat, trêngginas, kuwat.
langkêp :
êngg. k. gênêp, ganêp; kc. jangkêp.
(langkib) :
ng-[x] kn. 1 nêkuk lêmbaraning buku, nêkuk klasa lsp; 2 nyidhêm palêmahan (sing dipundhut ing nêgara); 3 nêkuk tumutup; ke-[x]: 1 katut kêtêkuk (kêtutup); 2 katut kêcacah.
langking :
1 kw. irêng; 2 kn. lamus sêmu irêng tmr. ulês.
langkir :
kn. ar. wuku sing kaping têlulas.
langkung :
I kn. wêsi panggandhènge sangga-wêdhi karo lapak. II k: 1 liwat; 2 luwih; sa-[x] êngg. k: salawe (25); kêrtas [x]-an êngg. k: dhuwit kêrtas lawean (f 25)..
langlang :
êngg. kn. midêr-midêr, kliling; kc. nganglang.
langu :
kn. ambu kaya dene ambune godhong têmbako lsp; tikus [x]: tikus clurut.
langun :
br. langên.
(langut) :
ng-[x] kn. 1 katon adoh bangêt (tmr. wêwujudan ut. swara); 2 sêdhih bangêt nganti tanpa wasana.
langsan :
(W) pc. alon, rindhik.
langsang :
kn. angsang, wlangsang.
(langsar) :
ng-[x] kn. ngingsêt, nyèrèt apa-apa sing kangsrah ing lêmah; [x]-an: dianggo padinan tmr. sandhangan; kc. lèngsèr.
langse :
kn. gubah putih dianggo tutup ing paturon ut. cungkup (kuburan); di-[x]: ditrapi langse.
langsêb :
kn. woh bngs. dhuku.
langsêng :
kn. piranti diênggo ngukus panganan lsp. rupane saèm. tenong; di-[x]: dikukus nganggo langsêng.
langsing :
êngg. kn. lêncir.
langsir :
I (W) kn. prajuit jêjaranan nggawa tumbak. II (W) kn: ngrakit sêpur.
langsung :
(M) pc. têrus, tanpa lantaran.
(langsur) :
ng-[x] kn. ngglangsur.
laun :
êngg. kn. rèndèng (godhong kacang cina).
laup-laup :
êngg. pc. bêngok-bêngok sêru.
(laur) :
[x]-an êngg. kn. mbukak palêmahan sing wis dilêmparake; kc. plaur.
laut :
I êngg. kn. sêgara; di-[x]: dibuwang ing sajabaning pulo; [x]-an: 1 wong buwangan; 2 apa-apa sing gêgayutan karo sêgara, up. pêrang [x]-an: 3 sêgara gêdhe. II kn. pc: wis lèrèn tmr. wong nyambut gawe. III di-[x]-i êngg. pc: digèndèng, digèrèd, dikatutake; ke-[x]: katut, kêlantur.
laos :
kn. ar. êmpon-êmpon dianggo bumbu lsp.
lap :
mak [x] kn. 1 sanalika ilang; 2 turu sakêplasan. II (W) kn: gombal lsp. sing dianggo ngrêsiki. III kn: dluwang pèl sing kandêl.
lapa :
kw. ngêlih, kêlapan: kalirên, kêlangip (kêlaip).
lapak :
I kn. kambil ki. abah-abah jaran kang dianggo palinggihane wong sing nunggang; di-[x]-i: ditrapi lapak. II ut. [x]-e êngg: mulane, sawise iku.
lapal :
(A) kn. têtêmbungan (basa Arab) sing dianggo ndongani (sêmbahyang lsp); di-[x]-i: didongani.
lapan :
kn. (sa-[x] )35 dina.
lapang :
êngg. kn. bawera, jêmbar tmr. pamandêngan (sawah lsp).
lapat :
pc. ilapat.
(lapgang) :
di-[x] kn. dirêbut kanthi pêksa; kc. alap.
lapis :
I kn. 1 waja lsp. kang dianggo rangkêpan; 2 sap-sapan; [x]-[x], lêlapisan: sap-sapan; kuwih [x]: ar. panganan sing digawe sap-sapan; di-[x](-i): dirangkêpi nganggo lêmbaran waja lsp. II (W) kn. ar. olah-olahan sing digawe daging.
lap-lapan :
kn. tansah sumêlang ing ati; kc. lap I.
lapli :
(A) kn. miturut unining lapal; dudu [x]: dudu sapantêse, ora patut; kc. lapal.

--- 262 ---

lap-lip ~ laryan

lap-lip :
pc molah malih; kc. sêlap-sêlip.
lapur :
(W) kn. ngaturake prakara apa-apa marang pulisi lsp; di-[x]-ake: 1. diaturake marang; 2. dikandhakake (dipratelakake) tmr. papriksan lsp; (pa) [x]-an. 1. prakara sing dilapurake; 2. katêrangan olèh-olèhaning pakaryan (papriksan lsp).
lar :
I kn. 1. wuluning suwiwi; 2. suwiwining kupu lsp; 3. wulu sing dianggo nulis; 4. rujining rodha; 5. garis sing saka pusêr mênyang kubêng tmr. cakran; ang-[x] br. ngêlar kn: kaya êlar; ngêlar gangsir: (kaya lar gangsir) klobot sing sêrate kasar-kasar; ngêlar bango: wanguning pêdhang kaya lar bango; ngêlar kombang: (kaya lar kombang) irêng njangês tmr. untu disisigi; ngêlar walang: wanguning pêdhang kaya lar walang; mang-[x]: wis duwe lar tmr. jangkrik, gangsir lsp; kc. êlar. III. di-[x] kn: didawakake (diambakake, dijêmbarake); kc. mêlar, êlar.
lara :
I n. sakit k. gêrah ki: 1. nandhang ora kêpenak ing badane; 2. (ut. lêlara) apa-apa sing njalari lara; [x] atine: sêrik; nguyang (ngêmping) [x] nggenjah pati pr: njaluk sangsara (pati); lêlaran n. sêsakitan, pasakitan k: paresan, wong ukuman; nglarani: krasa lara ngarêpake nglairake jabang bayi; nglarakake ati: nyêrikake; sing dilarakake: nandhang lara; kc. kêlara-lara, pilara. II (ut. rara) 1. kw. prawan; 2. kn. kanggo sêsêbutane bocah wadon, up. mas [x], radèn [x]; kc. palara-lara. III kw: susah, sêdhih; ma-[x]: susah, sêdhih.
lara-ayu :
n. sakit-ayu k: lara cacar.
larab :
kn: tutup sing minangka kêkêmul (lapisan): di-[x]-i: ditutupi nganggo larab, dilapisi; kc. klarab, larap.
lara-bentrok :
kn: ar. têmbang gêdhe.
lara-brangta :
kw: susah marga kêsêngsêm.
larad :
kn: suda, larud, dhadhal tmr. bêndungan; kc. larud.
(larag) :
ng-[x] kn: nglurug, nglantak mênyang panggonaning mungsuh; [x]-an: têka ing panggonan sing adoh pêrlu nyambut gawe lsp; kc. lurug.
larah :
I (ut. [x]-an) kn: rêrêgêd (uwuh) sing sumêbar ing lêmah; [x]-[x]: 1. sumêbar ing lêmah; 2. kangsrah kumlèmbrèh ing lêmah; ng-[x]: katon nglumbruk ana ing lêmah; kc. klarah. II kn: 1. tilas, lari; 2. êngg. pc. pawarta kasangsaran lsp; di-[x]: dilari, digolèki mênyang êndi-êndi.
lara-irêng :
kn. pc: candu.
(larak) :
di-[x] kn: digèrèd kanthi pêksa (ut. sing digèrèd kangsrah ing lêmah).
lara-karuna :
kw: nangis karanta-ranta.
lara-kudan :
kn: bêdhil sing awuluh siji.
laran :
, ut. lêlaran n. (sê) sakitan k: paresan, wong ukuman; kc. lara.
laran-atèn :
n. sakitan-manah k: gampang lara atine, sêrikan.
lara-lapa :
kw: (lara lan ngêlih) sakèhing kasangsaran.
lara-ngêndhat :
kn: ar. têmbang.
lara-uyang :
kn. gêrah uyang ki: prungsang.
lara-sêtu, lara-wastu :
kn: ar. bngs. sukêt sing oyode wangi.
larang :
I n. awis k: 1. arang-arang, up. [x] udan; 2. luwih akèh tinimbang kalumrahane tmr. rêrêgan; kb. murah. II di-[x]-i n. dipunawisi k: dielikake supaya aja nglakoni (nêrak pêpacuh); [x]-an: 1. pêpacuh; 2. apa-apa sing dilarangi (ora kêna ditêrak).
larap :
I kn: 1. lakuning apa-apa sing niyup (nglayang, nyiruk, nylorot) bantêr; 2. tujuning têtêmbungan, karêping pasêmon; [x]-e pc: sêmune, katone kaya duwe karêp; [x]-[x]: katon niyup (cumlorot) bantêr; ng-[x]: niyup bantêr; di-[x]-ake: 1. diclorotake, ditiupake; 2. diladèkake, diaturake marang; tanpa [x]-an: tanpa nganggo diladèkake (tanpa lantaran, tanpa awèh wêruh). II [x]-an kn: 1. blebekan sêlaka (mas lsp) sing tipis dianggo rêrênggan ing bathuk lsp; 2. êngg. kayu landhêsaning pangrajangan têmbako lsp; 3. kayu pating cromplong (gêdêbog) dianggo nancêbake wayang; 4. (ut. pa-[x]-an) ki. bathuk.
laras :
I kw: gêndhewa. II. 1. (ut. raras) kw. endah, nêngsêmake; 2. kn. swara thinthinganing gamêlan; laguning gamêlan (pc. sajaking pratingkah); 4. wis runtut (cocog) karo swara sing bênêr tmr. gamêlan; 5. wis runtut (cocog) karo kaanane; di-[x]: 1. dicocogake karo swaraning gamêlan sing bênêr (ora blero); 2. dipêpatut; ditata murih runtut; di-[x]-[x]: digagas-gagas murih runtute. III. ng-[x] êngg. kn: lunga saparan-paran pêrlu nglari (nggêgolèki); [x]-an: lêmbaran dluwang sing wis dianggo; ma-[x]-an, pa-[x]-an kw: lunga tanpa pamit, lunga saparan-paran.
lare :
k: bocah.
lare-angon :
kn: ar. ula sing ora mandi.
larèk :
êngg. k: 1. bocah; 2. anak.
larèn :
(ut. [x]-an) kn: kalenan; di-[x]-i: dikalèni.
lari :
I kn: ajèr tmr. patri, timbêl, lsp; dilarèkake: diêsokake tmr. jèr-jeran timah lsp. II kn: lacak, tilas, larah; di-[x]: dilacak, dilarah. III (M) êngg. pc: mlayu, minggat.
(larih) :
ng-[x]-(-ake) kn: ngisèni minuman kêras tumuli kaladèkake; di-[x]-i: 1. diwènèhi ombèn-ombèn inuman kêras; 2. br. ditatoni, disuduk; [x]-an: ênggone ngladèkake panganan lsp. mubêng urut-urutan saka siji.
larik :
I kn: 1. garis, tharik; 2. (ut. [x]-an) jejeran urut-urutan; 3. luwangan sing dawa, kalenan; di-[x]-([x]): 1. dijèjèr lêlarikan; 2. dikalèni, dijugangi lêlarikan. II. 1. kn. sigitan ki. pilis; 2. êngg. ki. pilis; di-[x]-i: dipilisi.
laris :
1. kw. laku; 2. kn. payu bangêt, akèh sing tuku; ng-[x]-i: 1. njalari laris; 2. mènèhi murah supaya enggala laris; pa-[x]-an: jimat (guna-guna) sing njalari bisa laris; kê-[x]-an: dagangane (dodolane) êntèk kabèh.
laryan :
kw: larèn, kalèn.

--- 263 ---

laru ~ lawang lèrègan

laru :
I. 1. kn. tatal nangka karo banyu ênjêt kacampurake ing lêgèn supaya ora bisa kêcut; 2. êngg. k. tèh; 3. êngg. k. arêng. II. [x]-[x] kw: laron.
larud :
kn: 1. katut kentas dening kurdaning banyu; 2. ilang kabèh, sirna sanalika; di-[x]-(ake): disirnakake, dikentasake.
larug :
kn: 1. mingsêd alon-alon tmr. lêmah ing pèrèng lsp; 2. ajuning prajurit; 3. lêgokan ing lêmah tipak barang kang dilarak; di-[x]: 1. disarug-sarug; disodhokake; 2. êngg. digarap mung kasar-kasaran; kê-[x]: kèngsêr, kêsêsêr tmr. prajurit.
(laruh) :
di-[x]-i êngg. pc:diaruh-aruhi, dituturi.
larung :
1. kw: krêndha, bandhosa; 2. mbuwang mayid mênyang ing sagara (kali); di-[x]: dilabuh (mayit lsp) ana ing banyu (kali, sêgara).
laron :
kn: ar. kewan ibêran kêdadean saka rayap.
larwan :
kw: laron.
las :
I. kn: 1. ijèning bêras; 2. apa-apa sing awujud glintiran cilik; 3. kang pinunjul dhewe saka ing gêgolongane; [x]-[x]-an: 1. awujud las wijang-wijang; 2. cêtha bangêt wêwijangane tmr. tulisan lsp. II. wc: wêlas, bêlas ing wilangan: rolas, têlulas, lima-las, pitu-las, wolu-las, sanga-las.
lasa :
kw. ak: urub, padhang.
(lasah) :
di-[x] êngg. pc: dilari, dilacak; kc. lèsèh, tlasah.
lasak :
wêdhi [x] êngg. kn: grasak.
lasar :
êngg. k: dhasar (pancèn nyata).
lasêm :
kn: 1. ar. jarit lurik; 2. ar. laguning gêndhingan miturut larasane.
(lasir) :
di-[x] êngg: diukur lan diprinci-princi tmr. sawah.
laskar :
(Prs) kn: prajurit.
las-lês :
kn: tansah (kêrêp) lunga ut. turu; kc. lês.
las-los :
êngg. kn: kêrêp lunga; kc. los.
lasun :
êngg. kn: 1. ora oleh-olehan; 2. ora ana, kurang, lowong.
lastantun :
k: lastari; kc. lêstari.
lastari :
n. lastantun k: kc. lêstari.
lastri :
kw: bêngi; kc. ratri.
lat :
(W) pc: kasèp.
lata :
(S) kw: têtuwuhan rambat, godhong.
latah :
1. (ut. [x]-[x]) kw: gumuyu sêru; 2. êngg. nirokake gunêm ut. pratingkahing liyan sing ora kêjarag (dadi ewoning lêlara).
latak :
1. kw. blêthok, êndhut; 2. kn. êndhêg-êndhêging nila.
latar :
kn: 1. pakarangan sangarêping omah; 2. ([x] irêng, [x] putih) dhasaring warna ing bathikan; ma-[x] kw: njênggar mratani; pa-[x]-an: 1. latar sing jêmbar; 2. lumahing raèn wrata; 3. ambèn-ambènan ing ngarêp gupon.
latêk :
kn: 1. latak; 2. êngg. blêthok.
latêng :
kn: ar. têtuwuhan godhonge nggatêli.
latiyu :
(W) kn: kayu sanggan ing sadhuwuring lawang (cêndhela).
latin :
aksara [x] kn: aksara Rum.
latip :
kw: ringkih.
latlatan :
kn: kasepan (dhuwit kawènèhake marang wong tani yèn ênggone nêbang têbu kasèp).
latu :
1. êngg. kn. gêni sapêlik; 2. k. gêni; ma-[x]-[x] kw: murub gêbyar-gêbyar.
latuh :
I. kw: blêthok, rêrêgêd. II. kn: ar. lumut sêgara.
latung :
(lênga) [x] kn: lênga pitroli.
latoh :
pc: latuh.
latra :
êngg: rata.
latri :
I êngg. kn: êndhut, walêd; latrèn; êngg: kêlêban ing êndhut tmr. sawah, walêdan; kc. sêtrèn. II. kw: bêngi; kc. ratri.
lacak :
kn: tilasing tapak (kewan, wong, grobag lsp.); di-[x]: digolèki nurut lacak, dilari; kê-[x]: kêcandhak larine, kêna ing dakwa; kêpathak kê-[x] pr: wis têrang bangêt kaluputane nganti ora bisa mukir.
laca-lucu :
kn: lêlucon.
laci :
(W) kn: slorokan ing meja; di-[x]: dilêgoki nggalêr tmr. kayu lsp. dikalèni tmr. sawah; lacèn: lêgokan nggalêr.
lacur :
kn. êngg: 1. tansah cilaka, sêbêl bangêt; 2. madon; pa-[x]-an: palanyahan.
lacut :
kn: kêladuk, kêbanjur; kê-[x]: kêtrucut, kêladuk tmr. gunêm ut. têtêmbungan.
latha :
I. êngg. kn: lêkikan ing janggut. II. di-[x] kn: dipaèsi tmr. pangantèn. III. kw: kc. latha.
latha-lithi :
êngg. pc: wira-wiri.
lathêk :
kn: êndhêg-êndhêging lênga klêntik.
lathi :
ki: 1. lambe; 2. sisig.
lathya :
br: lathi.
lawa :
kn: ar. kewan bngs. codhot (kalong).
lawad :
kw: tilik, tinjo.
lawayan :
kw: gêmbung, badan.
lawak :
êngg. kn: perangan awak-awaking prau kang minangka wêtêngane (gêmbunge); lêlawak: 1. omah-omahan sing disèlèhake ing gigiring gajah; 2. (ut. tandhu [x] ) tandhu gandhul.
lawan :
kw: 1. mungsuh, tandhing; 2. lan, karo, lan uga: ng-[x] kw: nêmpuh pêrang, nanggulang mungsuh; ng-[x]-i kn: 1. mitulungi supaya bisa ngadêg ut. mlaku; 2. nglayani, nandhingi; [x]-an: 1. êngg. mungsuh, tandhing; 2. (ut. lêlawanan) mêmungsuhan; 3. (ut. lêlawanan), lêlayanan, gêgayutan, gêgêpokan.
lawana :
(S) kw: uyah, asin; cs. 6.
lawang :
n. kontên k: butulaning omah (sênthong lsp.) sing dianggo mlêbu-mêtu; [x]-an kn: 1. dalan (bolongan) sing dianggo mlêbu mêtu; 2. lawang cilik; pa-[x]-an kn: wong sing dipatah tunggu lawang (regol).
lawang butulan :
n. kori butulan k: lawang ing sakiwa-têngên (saburining) cêpuri.
lawang kupu tarung :
n. kontên kupu tarung k: lawang sing mawa inêb-inêb loro
lawang kori :
n. kontên kori k: lawang ing regol (gapura).
lawang lèrègan :
n. kontên lèrègan k: lawang sing dilèrègake.

--- 264 ---

lawang monyetan ~ lèhèh-lèhèh.

lawang monyetan :
n. kontên monyetan k. lawang sing inêb-inêbe paron (ngisor-dhuwur).
lawang sêkèthèng :
n. kontên sêkèthèng k. lawang ing gapuraning nêgara (desa).
lawang tangkêban :
n. kontên tangkêban k. lawang sing inêb-inêbe mung siji.
lawang-tobat :
kainêban [x] kn. wis ora bisa olèh pangapura.
lawar :
ut. [x]-an kn. wantahan, tanpa nganggo wuwuhan apa-apa tmr. ngombe, nguntal jamu lsp.
lawas :
n. lami k. 1 (ut. dangu k.) wis kêpungkur suwe, wis suwe wêktune; 2 wis wiwit dhèk biyèn; 3 (ut. dangu k.) suwening wêktu; 4 wis suwe ênggone nganggo tmr. barang-barang, kb. anyar; [x]-[x]: suwe-suwe; sa-[x]-e: sasuwene ing sajroning wêktu sing suwe; sa-[x]-[x]-e: sajêge, tumêka ing wêktu sing suwe bangêt.
lawat :
I êngg. kn. layat, tilik, tinjo. II ng-[x]-ake kn: 1 ngaburake dara supaya kêkalangan ut. dianggo balapan; 2 pc. nglilakake somahe nglakoni ala; [x]-an êngg. balapan (dolanan) dara.
lawe :
kn. 1 bolah lêmbut sing arêp ditênun; 2 sa-[x] bêntêt: 25 wutuh; di-[x]: digantung sarana dijirêt gulune; kêrtas [x]-an (lawenan): dhuwit kêrtas f 25.
lawèh, lawih :
(ut. [x]-an) kn. ganjêl ing lambening kêrên (luwêng) supaya nggronggong; di-[x]-i: 1 didèkèki lawèh (lawih); 2 dilawani, dipitulungi supaya bisa ngadêg (mlaku).
lawe matêng :
kn. lawe sing wis diputih lan disêkuli.
lawe mêntah :
kn. lawe sing durung digarap.
lawèt :
kn. bngs. sriti.
lawe wênang :
kn. lawe sing dianggo gêlang (kanggo nulak lêlara).
(lawêd) :
ng-[x] kn. 1 ngulêd barang sing lêmbut nganggo banyu; 2 mluku sing kapindho.
lawêh :
kw. lawuh.
lawêr :
êngg. kn. 1 lawas, suwe; 2 kasèp ênggone awoh (manak).
lawih :
kn. kc. lawèh.
lawis :
pc. lawas bangêt.
lawuh :
kn. 1 êngg. wuwuhan dianggo nyampuri (adon-adon ing jamu lsp); 2 iwak lsp. sing dipangan bêbarêngan karo sêga; di-[x]-i: 1 dicampuri, didèkèki adon-adon; 2 didèkèki lawuh.
(lawun) :
I [x]-[x] êngg. kn. ampak-ampak, pêdhut, kc. awun. II ka-[x]-[x] kw: kaluwih-luwih, gêlis gêdhe.
lawung :
I kn. tumbak; ora candhuk [x] pr: ora têpung babar pisan; ora têmbung ora [x] pr: njêjupuk apa-apa tanpa nêmbung; ng-[x]: numbak; duta pang-[x] br: utusan sing bali awêwarta katiwasan; pa-[x]-an: piranti (papan) dianggo nyimpên tumbak (kêris, pusaka). II kêbo [x] n. maesa [x] k: kêbo umbaran (ora dimêgawèkake); ng-[x] br: ngumbara, ngumbar; di-[x]-ake: diumbar ora dimêgawèkake tmr. kêbo.
lawon :
I kn. mori; [x] mêntah: lawon sing durung disêkuli lan durung diputih. II kc. lawun.
(lawung) :
(lê) [x]-an êngg: nywara sêru; kc. tumlawung.
le :
I pc. thole. II pc: olèhe (ênggone).
(lèb) :
ngê-[x]-i kn. 1 nglubèri, ngêlêbi, nglimputi; 2 êngg. ngêsahi; ka-[x]-an: kêlubèran, kêlimputan ing banyu lsp.
(lebot) :
ng-[x]-ake êngg: ngliyêrake (ngijolake) panggawean; [x]-an êngg: liyêran panggawean (gêntenan).
(lebrag) :
ng-[x] êngg. pc. katon jêmbar, ngglodhag.
lebrak :
kn. ar. gêndhing.
leda :
kn. sêmbrana, kurang tumêmên; lêleda: lêlewa, saradan.
lèdèng :
kn. lèlèh, mèh luluh tmr. malam lsp.
lèdèr :
pc. jêmèk, lèdèng.
ledre, lèdrèg :
kn. jêmèk, mblêthok.
lèdrèk :
kn. ngêmu banyu, jêmèk.
leja :
kn. ar. bakal.
lèjèg :
kn. 1 jêblog lan mbludhuk tmr. dalan lsp. (marga kêrêp diambah); 2 kêrêp têka ing; [x]-an ks: palanyahan; kc. lijig.
lèjêm :
ut. lêlèjêm kw. 1 karêp, maksud; 2 pc. sêmune, pasêmoning polatan; di-[x]-i: disasmitani, disêmoni.
ledhang :
ut. lêledhang kn. dolan-dolan nglêlêjar ati.
lèdhèk :
I pc. tlèdhèk. II nglèdhèk kn: mbêbeda.
lèdhès :
kn. jèlès marga kakèhan mêlèk.
lèdhêng :
(W) kn. 1 pipa dalan banyu pangombèn, banyu pangombèn mêtu ing pipa; 2 sidhatan kalenan dalan banyu.
lêdhog :
êngg. kn. jêmèk, blèthok.
legang :
êngg. kn. lêgèh.
(lègèg) :
[x]-[x] pc. linggih ndêgèg sarta ndhangak.
(lègèh) :
kc. lègèg.
(lègèr) :
ng-[x] êngg.pc. wuda.
lègêr :
I (W) kn. tong gêdhe kanggo wadhah banyu. II (W) kn. 1 layang turunan sing disimpên (bab pajêg lsp); 2 êngg. wong lanang sing dadi warganing desa.
legung :
kc: plegung.
legoh :
kn. regoh.
(legok) :
[x]-[x] kn. têtikungan menggak-menggok tmr. dalan, kali lsp; [x]-an: 1 êngg. enggok-enggokan; 2 tikunganing kali lsp; kc. lenggok.
lèh :
I (ut. [x]-e pc. olèhe (ênggone). II êngg. pc: 1 lah, ta!; 2 jêr. III di-[x]-ake pc: diwêlèhake; kc. wêlèh, walèh. IV di-[x] êngg pc: diêlih; kc. lih.
lehah-lehah, leha-leha :
êngg. pc. ngenak-enak, anggur-angguran.
lèhèh-lèhèh :
êngg. kn. linggih sendhenan ngenak-enak.

--- 265 ---

lèhèr ~ lèmpèng.

lèhèr :
êngg. kn. gulu.
lèhya :
(S) kw. ak. panganan.
lèi :
(W) kn. sabak.
leyad-leyod :
kn. ora jêjêg tansah arêp mleyot.
leyak-leyok :
kn. ngidak (ndumuk) apa-apa sing mlênyok (jêmèk).
(leyang) :
[x]-an kn. sêsèndhèn nyangga; kc. liyang.
leyar-leyor :
kn. 1 miyar-miyur, ora jêjêg; 2 ora têtêp atine.
(lèyèh) :
[x]-[x], [x]-an kn. têturon mlumah sarta sendhenan.
(lèyèk) :
ng-[x] kn. mayat (dhoyong) arêp rubuh; [x]-an: ar. dolanan bocah (bocah loro padha nglèyèk, sikile digathukake, tangane cêkêl-cêkêlan banjur mubêng).
leyo :
(W) kn. singa.
(leyod) :
[x]-[x] kn. miyut-miyut ngiwa nêngên; ng-[x]-i pc: 1 nggandhuli, nggèndholi; 2 ndhêlik ing.
(leyok) :
ng-[x] kn. ndulit apa-apa sing jêmèk; kc. leyak-leyok.
leyong :
(C) kn. bngs. naga gêdhe.
lèk :
I kn. katon tmr. rêmbulan; 2 tanggal (ênom); 3 br. sasi; 4 sasi (suwene wong mêtêng_; 5 wêktu lairing jabang bayi; padha dene [x] sanga: padha dene wong lumrah (sing ênggone ana ing guwa-garba sangang sasi). II pc: wc. mêlèk, (akon mêlèk); di-[x]-i: ditunggoni (dijaga) kalawan mêlèk; di-[x]-ake: dibukak matane; [x]-[x]-an: padha mêlèk (nunggoni wong lara lsp); kc. êlèk, mêlèk. III pc: 1 olèhe; 2 duwèke; kc. olèh. IV (ut. [x]-e, [x]-ne) êngg. pc: yèn, samangsa. V êngg. pc: banjur, nuli, enggal. VI ([x] kêpeiye) êngg. gèk kêpriye.
lekak-lekok :
pc. menggak-menggok, têtikungan; kc. likak-likuk.
lèkèk-lèkèk :
kn. gumuyu cêkakakan.
lèkêr :
(W) pc. 1 enak; 2 kêpenak, nikmat; [x]-an: 1 nikmat-nikmatan; 2 ulah rêsmi padha wadon.
lèkne :
êngg. yèn, samangsa, mênawa; kc. lèk.
lekoh :
kn. 1 campur adhuk tmr. pangan lsp; 2 crêmêdan, jênês tmr. gunêm ut. têtêmbungan.
lèkrèk :
kn. lokro, logro, wis ora sêrêd.
lela :
I kn. ak: bngs. mriyêm cilik. II ng-[x] êngg. kn: ngegla, tetela, cêtha bangêt. III [x]-[x] kn: têtêmbungan ing sindhenan ngênêng-ênêngi bocah; di-[x]-[x]: dirêngêng-rêngêngake murih mênêng ut. turu (tmr. bocah cilik).
lelah-leloh :
kn. peloh, tanpa kakuwatan.
lelang :
(Prt) kn. adol tuku) barang ing umum sing pangênyange sarana onjon-onjonan; di-[x]: dituku sarana lelang; di-[x]-ake: diêdol sarana lelang; [x]-an: 1 barang-barang sing dilelang (dilelangake), rêgane, anggone lelang; 2 papan dianggo lelang.
lelar-lelur :
kn. aras-arasên (tanpa krekat).
lele :
kn. iwak kali.
lèlèh :
I kn. lèdèng arêp ajèr tmr. malam lsp; ng-[x] kn: têturon katon aras-arasên (kêluwèn).
lèlèr :
I kn. 1 panyoba (panguji) arêp nyumurupi ala bêciking êmas; 2 telaking kalakuan (kapintêran); di-[x]: 1 digosok ing watu uji arêp disumurupi ala bêcike tmr. êmas; 2 didadar (dicoba) arêp disumurupi kapintêrane ut. ala bêcike: pang-[x]-an: piranti kanggo nglèlèr. II di-[x], [x]-an êngg. kn: wis digaru kang wêkasan (mung kari nanduri tmr. sawah); kc. anglèr, lèr. III kn: ganjaran; di-[x]: diganjar; kc. palèlèr.
lèlès :
I kn. 1 nisih, sumingkir; 2 êngg. pc. têtêmbungan kanggo ngêlokake yèn ngonangi gunêming liyan sing sumêdya ngapusi lsp; kc. anglès, lalis. II ng-[x] êngg. kn: 1 grèsèk-grèsèk, golèk kècèran pari lsp; 2 njêjaluk.
(lèlèt) :
di-[x]-i kn. 1 digupaki sarana driji kadulitake; 2 pc. dikatutake ala; di-[x]-ake: didulitake ing; kc. klèlèt.
(lelur) :
ng-[x] kn. aras-arasên (tanpa daya); kc. lelar-lelur.
lembak-lembak :
kn. 1 obahing alun; 2 êngg. kumambang kumpul-kumpul.
lembang, lumembang, mlembang :
kn. mlembar, ngalih ênggon; di-[x] êngg. kn: diiling ing wadhah liya; kc. limbang.
(lembar) :
lumembar, mlembar kn. alihan mêncolot (mènèk) ing wit liya, alihan mênyang panggonan liya; di-[x]-ake: dilembatake.
(lembat) :
lumembat, mlembat kn. mlembar, mlembang; ng-[x]-ake: ditundhakake (pagawean dhawuh, lsp) marang liyan; (lê)[x]-an: 1 alihan marang liya panggonan; 2 nundhakake pagawean lsp. marang liyan; 3 sêsèndhèn ing liyan supaya katut kadakwa lsp.
lembehan, lembeyan :
kn. 1 obahing tangan maju mundur ing nalikane mlaku; 2 mlaku tangane obah maju mundur.
lèmbèr :
êngg. pc. kênès.
lèmbon :
kn. karêm (gampang enggal) turu; ng-[x]-i: umur-umurane bocah lagi sênêng-sênênge turu; ke-[x]: 1 kêturon; 2 weya, kurang ngati-ati.
lembong :
kn. bngs. kimpul.
lèmèk :
kn. apa-apa sing dianggo lambaran (dluwang, klasa, godhong lsp); di-[x]-i: didèkèki lèmèk, dilambari; pa-[x]: opahan marang bong; [x]-an têbu êngg: sawah sing sabakdane panèn tumuli ditanduri têbu.
lèmèr :
ut. [x]-ên kn. 1 ora antêpanl gleca-glece; 2 dhêmên laku ngiwa tmr. wong wadon.
lèmèt :
kn. gèpèng atipis, tipis ora nyaprang tmr. brêngos; ng-[x] êngg: nglelur, ngêlêr.
lemunan :
êngg. kn. sinaput ing pêdhut; kc. limun.
(lempar) :
di-[x] (M) êngg. pc. dibalang. dibuwang.
lèmpèng :
kn. 1 gèpèng tipis; 2 ar. panganan.

--- 266 ---

lèmpèr ~ (lèpi).

sing digawe kêtan ut. kêtela diplènèt gèpèng; 3 êngg. tampangan têmbako; 4 (ut. [x]-an) êngg. blabag, blebekan.
lèmpèr :
I kn. cowèk, layah. II kn: mèh pêpês (apês) tmr. sikile bocah cilik.
lempoh :
kn. 1 pêpês sikile (ora bisa mlaku; [x] ngidêri jagat pr: wong asor njangka pangkat kang luhur (nglêngkara).
lempong, lêmpong :
êngg: kasur.
lèn :
kw. liya, seje.
lena :
I kn. kurang wêweka, kêtlompèn nganti nêmahi bêbaya lsp; lêlenan: kêtiwasan marga kurang wêweka. II (S) kw: ilang, mati.
lenah :
I kn. ar. bakal rupane putih digawe klambi jas lsp. II êngg. kn: sawah sing dumunung ing ngisor (loh lan prayoga bangêt ditanduri).
lenang :
êngg. lanang.
lèndèr :
sêmbèr [x] kn. mblabak, dhêmên laku ngiwa tmr. wong wadon.
lènjèh :
kn. 1 logro, lobok marga kêrêp dianggo tmr. kunci lsp; 2 jêlehan, ora antêpan.
lendhang :
êngg. kn. 1 kêmbên; 2 slendhang.
lendhe :
(ut. [x]-[x]) êngg. kn. gumampang, ora kêna dipracaya.
(lèndhèh) :
ng-[x]-i kn. lungguh awake sumendhe ing; [x]-an: lungguh sêmendhe.
lendheyan :
êngg. ukiran; kc. landheyan.
(lèndhèt) :
ng-[x]-i êngg. pc. nglèndhèhi.
lèndhêk :
êngg. kn. rêmbên, rêndhêt ajune.
lèndhi :
kw. palanyahan.
lendho :
êngg. kn. loh bangêt tmr. sawah.
(lendhot) :
ng-[x]-i êngg. kn. nglèndhèhi; [x]-an: 1 lèndhèhan karo nggondhèli; 2 migunakake pitulunganing liyan.
lènèng :
êngg. kn. matêng kabèh.
lening :
I (W) kn. palang gocèkan ing krêtêg lsp. II (W) kn: utang dhuwit, piutang.
leno, lenong :
mak [x] kn. katêranganing nglèlèti sing nganti akèh dlêmoke.
lentab :
êngg. kn. mrèmèn.
lentrah-lentroh :
kn. tanpa daya; kc. lentroh.
(lèntrèng) :
ng-[x] kn 1 katon dawa larikane; 2 mènyèt-mènyèt supaya tipis lan amba.
lentring :
kn. ar. wanguning timang mawa mata intên.
(lentroh) :
ng-[x] kn. katon tanpa daya, ora sigrak.
lèncèr :
I êngg. kn. jagoan. II ng-[x] kn: 1 dolan-dolan; 2 êngg. sanja.
lencok :
êngg. kn. ngliyêr, ngalih.
lenthang-lenthang, lènthèng-lènthèng :
êngg. pc. lonthang-lonthang (mlaku ora nggêgawa apa-apa).
lènthêng :
mak [x] pc: katêranganing pambalang kang kêna.
lenyam-lenyom :
êngg. pc. mencla-mencle.
lènyèd :
kn. lèdrèk ngêmu banyu, mlênyèk.
lènyèh :
pc. mlènyèk.
lèng :
kn. 1 bolongan ing lêmah dadi dununging gangsir lsp; 2 bolonganing dom; 2 (ut. [x]-[x]--an) bolongan irung lsp; ang-[x] br. ngêlèng: lumêbu ing lèng.
lenga-lengo :
kn. thingak-thinguk katon bodho.
lengah :
ut. [x]-[x] êngg. kn. lena, sêmbrana.
lengah-lèngèh :
pc. tansah gumuyu mlèngèh; kc. plèngèh.
lengah-lengoh :
kn. katon sumèh ndêmênakake tmr. wong wadon.
(lenge, lênge) :
[x]-[x] kn. ora obah-obah marga warêg bangêt, sayah lsp.
(lèngèh) :
ng-[x] kn. gumuyu ora nywara (mung mênga cangkême); kc. plèngèh, plêngèh.
(lèngèk) :
[x]-[x] kn. lungguh (mlaku) gulune nglangak; ng-[x]: nglangak, ndhangak, nglongok.
(lèngèng) :
di-[x] ks. têmbung pêpisuh.
lèngèr :
êngg. kn. sêmbrana, gumampang.
lenggak-lenggok :
kn. gela-gelo munggah mudhun; kc. lengkak-lengkok.
lenggang :
kn. oyag-ayig kabandul ing alun, lembeyan.
lènggèr :
êngg. kn. tlèdhèk lanang.
lenggok-lenggok :
kn. gela-gelo kaya patrape ula nglangi; kc. lenggak-lenggok.
(lenggong) :
[x]-an êngg. legokan, lengkongan.
(lenggor) :
ng-[x] êngg: milihi wiji pari.
(lenggot) :
[x]-[x], [x]-an kn. miyat-miyut kaya patrape wong sing ngantuk.
lenggot-bawa :
kw. bngs. tlèdhèk kadewan.
lengkak-lengkok, lengkat-lengkot :
kn. gela-gelo mingar-mingêr (mratandhani yèn êmoh).
lengkang :
êngg. k. longkang.
lèngkèr :
kn. ar. gêndhing.
lèngkèt :
kn. rakêt (kêlèt) bangêt.
lengko-lengko :
kn. engkol-engkol, lengkok-lengkok.
(lengkok) :
di-[x]-[x] pc. digawe têtikungan (engkol-engkol); kc. lengkak-lengkok.
lengkong :
kn. tikung, enggok-enggokan; ng-[x]: menggok nikung; [x]-an: 1 tikungan, enggok-enggokan; 2 lempongan; 3 êngg. sênthong guthêkan.
lèngkrèngan :
êngg. kn. rengrengan bathikan.
lènglang :
êngg. kn. lelang.
lengoh :
kn. ndêmênakake; kc. lengah-lengoh.
lengos :
kc. plengos.
lengot :
êngg. kn. lali, lalèn.
lèngsèr :
I kn. 1 bngs. tembor bundêr; 2 ar. watu kang atos. II kn: mundur saka ing pasowanan; di-[x]: diingsêt, dilorod tmr. piring lsp.
lepa :
1 (S) kw. pupur, blonyo; 2 kn. adon-adonan gamping karo wêdhi dianggo ngrakêtake bata ut. mopok tembok; 3 lêmah sing dianggo mopok galêngan lsp; di-[x]: 1 dipopok nganggo lepa; 2 pc. ditutupi murih aja katon ala.
lepak-lepak :
êngg. k. lopak-lopak.
lepaka :
(S) kw. jênês, rêgêd.
lèpèk :
kn. 1 lètèr, wrata, tanpa jalu tmr. jago; 2 êngg. (ut. [x]-an) cawan, piring cilik.
lèpèn :
1 k. kali; 2 êngg. k. ali-ali.
lèpèt :
kn. rêrêgêd sing krakêt (dilèlètake); ng-[x]-i: 1 ngrêgêdi, ndlêmoki, nglèlèti; 2 njalari alaning liyan; ke-[x]-an: 1 kêdlêmokan rêrêgêd; 2 katut ala.
(lèpi) :
kalepyan kw. 1 bingung, kuwur, lali; 2 êngg. k. lali.

--- 267 ---

lepya ~ (lecun).

lepya, lepyan :
êngg. k. lali; kêlepyan: kêlalèn.
lèplèpan :
êngg. kêlap-kêlap, gêbyar-gêbyar.
lèpca :
êngg. kn. kêjèn.
lèr :
I k. lor. II di-[x] kn: 1 dijèmbrèng (diwratakake) supaya kanginan; 2 dibukak (diblak) supaya isis; 3 pc. diwartakake tmr. prakara wadi lsp; kc. anglèr. III kw: turun; ang-[x]-ake: nurunake.
lerab-lerab :
kn. katon bêning gumêbyar tmr. banyu ing papan sing jêmbar.
lerag-lèrèg :
kn. 1 mingsêd sumodhog bola-bali; 2 êngg. kalawan kas lan cancingan anggone tumandang (têtulung lsp); kc. lèrèg.
lerah-lerah :
kn. katon abang sarta akèh tmr. gêtih.
lera-lere, lera-lero :
kn. mletre (obah) ngiwa nêngên rikat.
leram :
êngg. kn. pangling, lali.
lerang-lerong :
pc. clerongan.
lerap-lerap :
kn. katon bêning gumêbyar tmr. lumahing banyu.
lere :
mak [x] kn. kateranganing kêplèsèd (obah) sing rikat; kc. plere, pletre.
lèrèg :
kn. 1 obah mingsêt (mletre) rikat; 2 dhoyong marang, nisihing surasa, up. [x]-ing gunêm, [x]-ing têmbung; ng-[x]: sumingkir nisih (pêrlu ngendhani); di-[x]-ake: disodhokake, diingsêt; [x]-an: 1 lawang sing yèn ngêngakake ut. nginêb sarana dilèrègake; 2 slorokan; kc. lumèrèg.
lèrèh :
kn. 1 êngg. sarèh, lêrêm; 2 êngg. lèrèn, mandhêg; 3 êngg. nginêp; 4 sèlèh (lèrèn) anggone ngrênggêp pangkat; di-[x]-i: 1 disarèhi, diêlon-êlon; 2 dipocot anggone cêkêl gawe; di-[x]-ake: 1 disarèhake, ditêntrêmake, dilêrêmake; 2 disèlèhake tmr. pagawean; ka-[x]-an: bawah, wêwêngkon; kc. rèh, rèrèh.
lèrèh-lèrèh :
kn. pating dlarèng abang tmr. gêtih.
(lèrèk) :
[x]-[x] pc. lorèng-lorèk; ng-[x]-ake: nglèlètake apa-apa mangun corèk dawa.
lèrèn :
n. kèndêl k. 1 mandhêg ora nêrusake lakune (pêrlu ngaso); 2 mandhêg, ora têrus tmr. nyambut gawe lsp; 3 lèrèh (saka pagawean); dci-[x]-i: 1 ora ditêrusake lakune, diuwisi; 2 dilèlèhi, dipocot.
lèrèng :
kn. corèk dawa mayat tmr. bathikan.
lèrèp :
I kn. walulang sing kêna dilèrèg-lèrègake kaya dene cathok, sangga-wêdhi lsp. II êngg. kn: saèm. cangkir sing digawe lêmah. III êngg. kn: blêntong putih ing gèmbèling jago ut. ing godhong.
lèrès :
I kn. 1 mundur ngendhani tmr. pêrang; 2 pc. mung lêlamisan, mung dianggo gêlar; pêrang [x]: pêrang sing agêlar mundur. II di-[x] êngg. kn: diiris (disigar) mujur.
(lèrèt) :
[x]-an kn. 1 kayu palangan ing wod dianggo gocekan; 2 tali (tampar) dibancang ing kali dianggo gocèkane wong sing nglakokake prau; 3 lantaran, sarana murih katêkan sing dadi sêdyane.
lèri :
êngg. pc. lori.
lering :
êngg. kn. pit.
lèrlèran :
kn. 1 apa-apa sing diêlèr; 2 sawah sing wis digaru sing wêkasan (mung kari nanduri); kc. lèr, lèlèr, anglèr.
(lerob) :
di-[x]-(i) kn. dicidhuki (disisihake) sing padha kumambang (umpluking barang sing digodhog).
(lerod) :
di-[x]-i êngg pc. dikêsudi, dikorèdi.
(lerong) :
di-[x]-pc. dilèrèki, diclerongi.
lèrwèh :
kn. kurang ngati-ati ênggone sêsimpên (nyèlèhake), lalèn.
lès :
I kn. lis, kêndhali jaran rakitan; diê-[x]-i: dikêndhalèni. II di-[x] kn: dituju, diênêrake ing; kc. lesan. III ang-[x] kw: lunga, sumingkir, ngoncati; di-[x]-i kn: ditinggal, dioncati, disingkiri. IV (W) kn: piwulang, kursus.
lesa :
kw. wc. klesa, kalesa.
lesan :
I kn. 1 apa-apa sing diêlès (dituju, diincêng); 2 wong-wongan lsp, sing dipanah (dibêdhil); 3 (dianggo [x]) dianggo patèn; 4 apa-apa sing nandhang wasesane tmr. paramasastra; kc. lès II. II kn: calon jabang-bayi, widhungan. III (ut. lisan) (A) kn: 1 cangkêm; 2 ijoan (mung sarana gunêman ora katulis).
lèsèh :
kn. 1 padha sumèlèh ngglasah lng lêmah; 2 pc. têturon (linggih) ing lêmah; [x]-an: padha linggih (sumèlèh) ing lêmah (klasa).
lèsèng :
êngg. kn. madhas tmr. lêmah.
(lèsèr) :
di-[x] êngg. kn. ditarik, disèrèd.
lèsêng, lesing :
(W) kn. sêsorah.
lesiyun :
(W) kn. prajurit.
lesya :
kw. ak. ulas-ulas, sêngadi, api-api.
lesyus :
kw. lesus.
lèsnar, lêsnar :
(W) kn. 1 meja cilik sing lumahe mayat; 2 pêthèn, slorokan (wadhah layang-layang).
lesus :
kn. têmpuking angin sing mungsêr.
lesoh :
êngg. kn. lisuh.
lèstrik, lèstris :
kn. elèktris.
leswa :
kw. lesya.
lètèh :
êngg. kn. lèthèh.
lètèr :
I kn. wrata (ora mbrênjul lan ora lêgok). II ng-[x] êngg. kn: 1 nglêtêr (njogèd alus sarta suwe); 2 ngglèntèr tmr. bocah cilik.
lètêr :
(W) kn. 1 aksara; 2 tulisan sing aksarane gêdhe-gêdhe; 3 blabag lsp. sing tinulisan jênêng lsp; di-[x](i): didokoki lètêr.
lètêrsètêr :
(W) kn. tukang nata aksara cap-capan.
(letre, lètrèk) :
di-[x] kn. diêlèr (jênang lsp) diwratakake.
lètrèk :
kn. ar. lurik tênunane arang-arang warnane abang lsp.
lècèk :
kn. 1 wis ora sêrêt tmr. anjing-anjingan; 2 ora antêpan pasuwitane; 3 êngg. licik tmr. jago; 4 êngg. pc. sênêng mêmisuh.
(lecun) :
sa-[x] êngg. pc. akèh bangêt; di-[x] êngg. pc: diapusi.

--- 268 ---

(lecok) ~ (lêgèyèh).

(lecok) :
ng-[x] êngg. kn. nocoh kinang ing gobèk.
lèthèh :
kn. rêgêd sarta jêmèk; [x]-an: 1 papan sing rêgêd sarta jêmèk; 2 dolanan ana ing papan sing lèthèh.
letho :
mak [x] pc. mak leno (nglèlètake barang sing saèm. bubur lsp).
(lethok) :
sa-[x] kn: sadulitan (rada akèh tmr. sambêl lsp); di-[x]-i: dilorèngi, dilèlèti.
lethong :
pc. tlethong.
lethop-lethop :
êngg. pc. telap-tèlêp tmr. mêmangan.
(lewa) :
lêlewa kn. patrap sing digawe-gawe murih nggêgèndèng ati.
lewar :
kn. ora pênêr, ora nurut ênêre; kc. liwar.
(lèwèh) :
[x]-an êngg. pc. lêgokan kaya kalenan ing kayu lsp; kc. blèwèh.
lèwèr :
kn: 1 lobok, lècèk; 2 (sêmbèr [x]) dhêmên laku ngiwa.
lèwêg :
mak [x] kn. katêrangan tumamaning lêlandhêp ing barang sing êmpuk.
(lêb) :
I di-[x]-(i) kn: diilèni banyu nganti ngêndhong (warêg); ke-[x]-an: kêbanjiran, kilènan banyu nganti ngêndhong. II di-[x]-i êngg: diinêbi (lawang).
lêbak :
kn. palêmahan wrata sarta jêmbar dumunung ing papan sing èndhèk (jêjurang lsp); [x]ilining banyu pr: kalumrahane kaluputane panggêdhe ditibakake marang karèrèhane.
lêbar :
kn. 1 luwar, jugar; 2 wis rampung ut. lèrèn tmr. nyambut-gawe, mangsa ungsum wowohan lsp; 3 bakda, sawise; [x] lahan (nglalahan): tanpa ana kêdadeane (kawusanane); [x] tarub: 1 bakda duwe gawe; 2 wis kasèp; di-[x]-ake: 1 dibubarake, dijugarake; 2 dilêmparake (ora dirêmbug); 3 dirampungake, dianggêp sah tmr. utang-piutang.
lêbaran :
I êngg. kn. (lêbaran Pasa) riyaya bakda Pasa (tanggal 1 Sawal): [x] Bêsar (kaji, haji) êngg: riyaya ing sasi Bêsar tanggal 10 (mangsane wong munggah kaji); [x] kupat êngg: riyaya tanggal 8 Sawal. II kn: têgal (sawah) kang mêntas diundhuhi pamêtune; kc. bêra.
lêbda :
kw. mumpuni ing sawijining kawruh; kc. labda.
lêbe :
êngg. kn. kaum ing padesan.
lêbêk :
kn. kêrêp diambah ut. akèh sing liwat tmr. dalan.
(lêbêng) :
di-[x] kn. 1 dioncori nganti warêg bangêt; 2 diuja pangane supaya lêmu; [x]-an êngg: sawah ing têpining kali.
lêbêt :
k: 1 jêro; 2 lêbu (kb. wêtu).
lêbih :
êngg. luwih.
lêbu :
I kn: 1 blêdug, lêmah sing lêmbut; 2 êngg. wêdi sing ngêmot uyah. II n. lêbêt. k mênyang ing jêro, kb. wêtu; ma-[x] (mlêbu); 1 mênjêro, mênyang ing jêro; 2 mênyang ing, up. mlêbu sêkolah; 3 dadi, up. mlêbu kumpêni (saradhadhu); nglêboni: 1 mlêbu ing; 1 ngisèni sarana nglimpèkake; nglêbokake: 1 agawe supaya mlêbu; 2 masokake, ngladèkake; 3 ngaturake supaya katampa (ing iksamên, dadi murid lsp); ka-[x] (klêbu): 1 kêcêmplung ing, mlêbu sing ora disêngaja; 2 wis katampa anggone iksamên (njaluk pagawean lsp); 3 kagolong, kaewokake; kc. lêbon.
lêbuh :
kn. 1 ara-ara, palêmahan suwung (ora tinanduran); 2 dalan; 3 êngg. papan pambuwangan rêrêgêd; 4 êngg. bale desa; ora wêruh ing [x] pr: ora ndalan (ora mangêrti tata-krama); di-[x] êngg: dibuwang.
lêbuk-lêbuk :
êngg. pc. têmbung sabawaning gumun ut. kagèt.
lêbur :
kn. 1 ajur luluh; 2 sirna, rusak babar pisan; 3 ilang, bur tmr. gadhèn (ora kêna ditêbus); 4 wis diapura tmr. dosa kaluputan lsp; di-[x]: 1 diêjur, diluluh; 2 disirnakake; diapura dosane (kaluputane).
lêbus :
pc. katon rêgêd gupak awu (blêdug); kc. klêbus.
lêboh :
êngg. pc. lêbuh.
lêbon :
n. lêbêtan k. 1 apa-apa sing kudu diladèkake ing mangsa sing wis ditêtêpake; 2 cicilan utang; 3 kèhing wragad (bakal) sing dianggo gawe, up. omah iki [x] f 2000; klambi [x] 4 elo; kêna [x] êngg: kêlêbon wisa lsp; kc. lêbu.
lêd :
[x] pait kn. tabêt rasa pait; di-[x]: diulu, diêlêg tmr. idu; kc. lêd-lêd.
lêd-lêd :
kn. gurung; lêd-lêdan: apa-apa sing dianggo nggampangake panguntale jamu.
lêjar :
êngg. kn. mari sêdhih, mari mangkêl, wis sarèh sarta marêm; nglêlêjasr, ng-[x]-ake: ngarêm-arêmi ati, nglêlipur supaya lêjar.
lêdhêg :
êngg. kn. jêblog, mblêthok.
lêdhis :
I kn. mambu apêk (kaya upamane sandhangan ora tau diwasuh). II êngg. pc: ludhês, êntèk babar pisan.
lêdhung-lêdhung :
kn. katon subur sarta akèh godhonge.
lêdhok :
kn. 1 lêgok amba tmr. lêmah; 2 (ut. [x]-an) palêmahan sing lêgok (marga amblêg lsp).
lêg :
mak [x] kn. katêranganing ngulu; di-[x]: diulu; kc. êlêg, klêlêg.
lêga :
kn. 1 êngg. kobèt, ora sêsak; 2 ora bêbêg tmr. wêtêng; 3 krasa kêpenak ênggone bêbanyu (ora kêdhêdhêlên); 4 wis sênêng (marêm) dening kalêksanan sêdyane; 5 ([x]-lila) dhangan, lila bangêt, ora bakal gêtun; 6 êngg. kobêr, ora duwe pagawean; nglêgani: agawe lêga (marêm) ing liyan; nglêgakake: 1 njalari lêga; 2 marêmake.
lêgan :
kn. 1 angguran; 2 ora duwe anak bojo tmr. wong wadon; [x] golèk momongan pr: wong wis kêpenak golèk kangelan; kc. lêga.
lêgandha :
kn. ar. panganan sing digawe kêtan dibuntêl ing janur.
lêgawa :
kn. loma, dhêmên wèwèh (têtulung) kanthi lila têrusing ati.
lêgèh :
kn. 1 tanpa momotan (gawan); 2 mlaku ora nggêgawa apa-apa.
(lêgèyèh) :
ng-[x] kn. têturon (sêsèndhèn) ngaso.

--- 269 ---

lêgèn ~ lêmah.

lêgèn :
kn. banyu dèrèsan manggar; kc. lêgi.
(lêgese) :
ng-[x] pc. nglêgoso, têturon.
(lêgewa) :
ng-[x] kn. duwe panyana (mangêrti) marga nyumurupi pratingkahing liyan.
lêgêdan :
kn. watak, pêpenginaning ati.
lêgêg-lêgêg :
kn. mênêng bae dening judhêg (sêdhih lsp).
lêgên :
êngg. k. lugu (pokoking pawitan).
lêgêna :
aksara [x] kn. aksara sing tanpa sandhangan; sasi [x] êngg: sasi Dulkangidah; ng-[x]: 1 wuda; 2 pc. barès, wantahan.
lêgêndar :
kn. ar. panganan sing digawe bêras diadoni blêng; krupuk [x]:krupuk saka lêgêndar.
lêgêndêr :
mak [x] kn. katêranganing ngulu têrusan bae.
lêgênjong :
kn. lumaku amba jangkahe.
(lêgêr) :
ng-[x] êngg. pc. lêgêg-lêgêg.
lêgêsêr :
mak [x] pc. mingsêt (lunga) alon-alonan.
(lêgêsês) :
ng-[x] êngg. pc. (turu) kêpenak bangêt, anglêr.
lêgêtan :
I kn. ar. têtuwuhan. II kn: lêgêdan (watak, pêpenginaning ati).
lêgi :
kn. 1 rasa kaya dene rasaning gula; cs. 6; 2 ar. dina pasaran sing kapisan; dilêgèni: diladuki lêgine.
(lêgu) :
nglêgoni kn. mbungahake atining liyan.
lêgundêr :
(W) kn. prajurit jêjaranan.
lêgundhi :
kn: ar. têtuwuhan.
(lêguta) :
ng-[x] kn. manuh, matuh; dilêgutakake: dimêmanuh, dikulinakake; lêgutan: kamanuhan, pakulinan.
lêgo :
kw. ak. gojag-gajêg, rikuh, ringa.
lêgojo :
(Prt) kn. singa-nêgara (tukang ngukum kisas).
lêgog-lêgog :
kn. linggih dhêlog-dhêlog.
lêgoyoran :
êngg. kn. sênggoyoran, gloyoran.
lêgok :
kn. 1 dhêkok, ora mbrênjul; 2 êngg. lêdhok; 3 êngg. jêro anggone ngêdhuki; [x]-an: 1 jluwogan, lêdhokan; 2 lumah sing lêgok.
lêgon :
kn. sêmèn (trubusan) kelor ut. dhadhap (dianggo tamba).
lêgoso :
mak [x] kn. katêranganing têturon satiba-tibane; ng-[x]: têturon satiba-tibane.
lêhêng :
êngg. kn. luwung.
lêyêh :
kw. ak. lunyu; ka-[x]: kêplèsèd.
lêyêp :
kn. layap-layap.
lêk :
I a-[x], ma-[x], ang-[x] kw. sêdhih, ngênês. II lêk-lêkan kn. lêgokan ing lêkêraning kulit.
lêka :
kn. wêka.
lêkak :
kn. rasa kumranyas ana ing gurung.
lêkak-lêkik :
kn. akèh lêkikane, padha dhêkik.
lêkas :
kn. 1 wiwit, wiwit nggarap; 2 br. kalakuan, patrap; 3 êngg. pc. rikat, enggal; di-[x]-1: diwiwiti nggarap; [x]-an: wiwitan tmr. garapan.
lêkêk :
pc. cêndhak tmr. gulu.
lêkên :
êngg. kn. wêkêl, sabar sarèh.
lêkêr :
kn. 1 nêkuk rêringkêlan awangun bundêr tmr. ula, tampar lsp; 2 bundêr gêgêlangan; 3 kubênging bundêran; ng-[x]: 1 mbulêt mangun bundêran (têtumpukan). up. ula ng-[x]: 2 ks.turu ngringkêl; di-[x](-[x]): ditêkuk nglêkêr tmr. tali; ula ng-[x]-i mêmangsane; lêlêkêran: katon têtêkukan rêringkêlan tmr. kulit (marga saka lêmu bangêt).
lêkêt :
kn. 1 rakêt; 2 kulina bangêt, rakêt bangêt ênggone mêmitran (sêduluran).
lêkêtêp :
mak [x] kn. sanalika mlêbu kacêp.
lêkik :
kn. lêgok cilik ing pipi.
lêkoh :
kn. jêmbêg, mblêthok.
lêkok :
kn. lêgok, dhêkok.
lêkotro, lêkotrok :
mak [x] pc. sanalika mlotrok.
lêksa :
kn. 10.000; kc. laksa.
lêksana :
kw. kc. laksana.
lêksara :
êngg. kn. aksara.
lêlah :
I ut. [x]-an kn. 1 alon sarta mêmbat tmr. swara; 2 ora sigrak tmr. tandang-tanduk; 3 rindhik, rêmbên tmr. mlaku, tumandang lsp. II [x]-an pc. lalahan.
lêlana :
kw. lêlungan, midêr-midêr.
lêlara :
n. sêsakit k: kang njalari lara; kc. lara.
lêlaran :
n. sêsakitan (pasakitan) k. wong ukuman; kc. lara.
lêleda :
kn. kc. leda.
lêlêd :
kn. 1 rindhik nggalur tmr. gunêman; 2 kêsuwèn ênggone pocapan tmr. jêjêran wayang.
lêlêgan :
kn. lêgan.
lêlêh :
kw. 1 luluh; 2 sêdhih bangêt.
(lêlêp) :
ng-[x] kn. 1 nyilêm amblês ing banyu; 2 ora mêncungul-mêncungul; di-[x]-ake: diblêsêkake ing banyu; kc. klêlêp, lêlêb.
lêlês :
I (ut. [x]-an) kn. carang (kayu) diwangun palangan mrapat kanggo mlintir sêpêt (duk) sing arêp ditampar; ng-[x]: 1 mlintir duk (sêpêt) sarana lêlês; 2 pc: mangan nganti êntèk (ora lèrèn-lèrèn). II ng-[x] kn: tansah ngantuk bae kumudu turu (tmr. wong mêntas duwe anak); kc. lês. III di-[x]-(i) êngg. kn: dilolosi saka sathithik. IV di-[x] êngg. kn. diilês, digilês.
lêlêt :
I êngg. kn. lêlêb, rêndhêt. II mubêng [x] kn. mubêng ngganjrêt; nga [x]: [...];[2] di-[x]: diplintir, diubêd-ubêdake, dililit, dilinting; mlêlêt: mulêt ing. III ng-[x] êngg. kn:nyewa raja-kaya dianggo mêgawe; kc. lêt.
lêluhur, lêluwur :
kn. sing nurun-nurunake.
lêm :
I êngg. panyêluk marang wong tuwa. II wc: alêm; di-[x]: dalêm.
lêma :
k. lêmu.
lêmah :
n. siti k. bumi, tanah; [x] pinêndhêm pr: andhap asor bangêt; (le)lêmahên kn: wis krasan bangêt marga wis suwe ênggone dêdunung; pa-[x]-an n. pasitèn k: 1 lêmah sing ditanduri; 2 pakarangan; 3 kaananing lêmah.

--- 270 ---

lêmah-têlês ~ lêmpong.

lêmah-têlês :
kn. abang sêmu kuning.
lêmak :
kw. gajih.
lêmantun :
k. lêmari.
lêmar :
êngg. kn. pawèwèh marang dhukun awujud gêdhang ayu suruh ayu dianggo sarat nambani; suruh [x]: suruh têmu rose; di-[x]-i: diwènèhi lémar tmr. dhukun.
lêmara :
kn. umur-umuraning pari; kc. gumundha lêmara.
lêmari :
(Prt) n. lêmantun k: kothakan mawa lawangan sarta rak-rakan dianggo wêwadhah.
lêmbaga :
(M) kn. pakulitan.
lêmbah :
kn. 1 palêmahan cêndhèk ing sauruting kali ut. ing antaraning pagunungan; 2 êngg. peranganing garu sing ditunggangi.
lêmbah-manah :
kn. sabar sarèh bêbudène.
lêmbayung :
kn. godhong kacang lanjaran.
lêmbak :
êngg. pc: lêbak.
(lêmbana) :
di-[x] kw. dialêm; kc. alêmbana.
lêmbau :
(C) kn. lilin abang dianggo sajèn (bangsa Cina).
lêmbar :
kn. 1 kêbèt tmr. dluwang, ijèn tmr. jarit, lurik lsp; [x]-an: 1 kêbètan, salamba tmr. godhong; 2 êngg. jarit; 3 êngg. ar. jangan sing diolah iwak pitik disantêni.
(lêmbara) :
ng-[x] kn. ngambara, lunga saparan-paran.
lêmbat :
k. lêmbut.
lêmbèk :
êngg. kn. kêndho, ora mêmpêng.
(lêmbèrèh) :
ng-[x] kn. katon gêdhe ngêndhayur tmr. susu ut. wêtêng.
lêmbêk :
kw. ak. lembak, ombak.
(lêmbêrêk) :
ng-[x] pc. ngêndhuruk.
lêmbing :
I kn. bngs. tumbak cêndhak. II kn: ar. kewan bngs. ampal cilik dadi amaning pari.
lêmbu :
k. sapi.
lêmbur :
I êngg. kn. dhukuh, desa. II ng-[x] kn: 1 nyambut-gawe ing wayah bêngi (sing lumrah tmr. mbathik); 2 pc. nggunêm, nyatur.
(lêmbarah) :
ng-[x] êngg. pc. nggloso, ngêndhuruk.
lêmbut :
n. lêmbat k. 1 ora agal; 2 cilik tmr. bolah lsp; 3 alus, ora kasat mata, ora kêna digêgampang; 4 êngg. pc. ênom (cilik) bangêt; 5 krenah sing alus bangêt; lêlêmbut: 1 samubarang sing lêmbut; 2 dhêmit (jim, pêri lsp); di-[x]: dipaeka kalawan krenah sing alus; di-[x]-ake: digawe supaya lêmbut.,
lêmbora :
kw. ar. iwak gêdhe ing sêgara.
lêmbwara :
kw. lêmbora.
lêmèn :
kn. 1 rabuk; 2 bosokan gêgodhongan lsp. sing prasasat rabuk; kc. lêmi.
lêmèr :
kn. jêmèk, ngêmu banyu.
lêmèt :
kn. lèmèt; 2 êngg. kn. ar. panganan sing digawe tela.
lêmêh :
kw. lumuh.
(lêmêk) :
ng-[x] kn. ora kaku kumrisik tmr. jarit lsp.
lêmêng :
kn. bumbung sing dianggo ngrêratêngi panganan lsp; ng-[x]: ngratêngi panganan ut. sêga ing lêmêng kagodhog; 2 ngimbu têmbako ing bumbungan; 3 panas sing ajêg (ora mêndha-mêndha); [x]-an êngg: dandang.
lêmês :
kn. 1 ora kaku; 2 tanpa daya, angluh; 3 ora akas, rada jêmèk; 4 alus, luwês; 5 (ut. [x]-an) prigêl, bisa nyambut gawe warna-warna.
lêmi :
kn. rabuk sing asal saka bosokaning têtuwuhan lsp; dilêmèni: dirabuki; kc. lêmèn.
lêmir :
kn. tipis tmr. tênunan lsp; kc. klêmir.
lêmu :
n.lêma k. 1 gêdhe sarta nggajih tmr. badan; 2 pc. nggajih tmr. daging; 3 subur tmr. têtanduran; 4 êngg. loh tmr. palêmahan; 5 pc. akèh rêjêkine, kêcukupan sandhang pangane; nglêlêmu satru pr: mbêciki wong sing nêdya mialani; nglêmoni: nêdhêng-nêdhênge lêmu tmr. bayi (umur 6 sasi).
lêmud :
kn. jingklong; njaringi [x] pr: sugih wêweka; cablèk-cablèk [x] pr: nindakake pagawean sing ènthèng bangêt.
lêmungsir :
kn. iwak daging ing gêgêr.
lêmon :
kn. rabuk tlethong.
lêmorog :
êngg. (lumorog) nayogyani bangêt; kc. lorog.
lêmpag :
êngg. kn. bngs. klênyêm (suwan gêdhe).
lêmpang :
kn. ar. gêndhing.
lêmpaung :
kn. ar. têtuwuhan.
lêmpar :
kn. 1 jêmbar sarta wrata tmr. palêmahan; 2 sarèh, ora cugêtan atèn.
(lêmpara) :
ng-[x] kn. 1 lunga saparan-paran dening ora kopèn; 2 pating bêsasik marga ora kopèn tmr. têtanduran; 3 ngayawara, nglêngkara tmr. têtêmbungan; dilêmparakake: 1 dijênggarake; 2 ditogake bae, ora diopèni.
lêmpe :
kn. ar. ula mandi; sayah bangêt nganti mêgap-mêgap (marga mêntas mlayu lsp).
lêmpèng :
I kn. bangkèkan kêpering buri. II êngg. kn: bngs. bèsèk dawa.
(lêmpèt) :
ng-[x] kn. ora mbêdhudhug tmr. wêtêng.
lêmpêng :
kn. 1 lêncêng (ora ana pêndhukule) tmr. landheyan lsp; 2 êngg. pc. pênêr, lêncêng ngênêr ing.
lêmpêr :
I kn. 1 ar. panganan sing digawe kêtan digiligi sarta dibuntêl ing godhong ing jêro ana isine iwak; 2 êngg. pc. slèndêr (dianggo nggiling dalan). II kn. ak: sarèh, suda kamêmpêngane; kc. klêmpêr.
lêmpir :
êngg. kn. 1 klaras, kêbetan dluwang, lêmbaran; 2 bantal; [x]-an: lêmbaran .
lêmpit :
éngg. kn. têkukan rangkêp tmr. barang lêlêmbaran; di-[x]: 1 ditêkuk banjur dirangkêp-rangkêp, up. jarit di-[x]; 2 nyilibake, nylingkuhake; [x]-an: 1 wis dilêmpit; 2 apa-apa sing dilêmpit.
lêmpuyang :
kn. ar. têtuwuhan sing êmpune dianggo jamu; durung ilang pupuk [x]-e: isih bocah bangêt.
lêmpuk :
kn. ar. iwak kali.
lêmpung :
kn. 1 lêmah abang (irêng) sing kêlèt; 2 (ut. [x]-ên) lara rêkasa bangêt ênggone bêbanyu (kêdhêdhêlên).
lêmpog :
pc. lêmu cêndhèk.
lêmpong :
I kn. lêbak, jurangan; [x]-an: tikunganing sêgara kang mênjêro, têluk. II êngg. kn: kasur; kc. lempong.

--- 271 ---

lênjang ~ lêngis.

lênjang :
kn. lêncir ndrêgang tmr. pawakaning wong wadon.
lênjêr :
kn. saèm. lonjor (tmr. pênjalin, wit jagung lsp).
lênjing :
kn. alu cêndhak.
lêndhah :
kn. 1 dumunung ing palêmahan sing cêndhèk tmr. sawah; 2 andhap-asor; ng-[x]-i: gêlêm nylondhoh, ngasori.
lêndhèh-lêndhèh :
pc. rêmbên, rêndhêt.
lêndhi :
kn. ar. iwak loh.
lêndhi-sari :
kn. ar. gêndhing.
lêndhut :
êngg. kn. walêd, lêmpung kang katut ilining banyu.
lêndhong :
kn. ar. iwak loh.
(lêntang) :
lumêntang kw. mlumah.
lêntera :
kn. kc. lantera.
(lêntere) :
ng-[x] kn. aras-arasên marga kêlangip.
(lêntuk) :
[x]-[x] kn. katon ngantuk bangêt sarta tansah dhêklak-dhêkluk; ng-[x]: ora sigrak marga ngantuk bangêt.
lêntrak-lêntruk :
kn. wanguning patrap solah-bawa lêlewa.
(lêntrèh, lêntrih) :
[x]-[x] kn. mlaku alon bangêt (marga ngêlih ut. nandhang lara); ng-[x]: tanpa daya marga ngêlih bangêt.
lêntrêng-lêntrêng :
kn. mlaku alon sêmu ana sing diangên-angên.
lêntring :
kn. 1 bngs. patrêm; 2 ar. iwak bngs. sili.
lêncèg :
kn. bngs. klênyêm (piranti têtanèn).
lêncêng :
kn. ora bengkong, lêmpêng.
lêncêr :
I êngg. kn. lêncêng. II êngg. kn: lênjêr.
lêncir :
kn. dhuwur tmr. pawakan (dêdêg-piadêg); [x] kuning: pawakane lêncir lan pakulitane kuning.
(lêncar) :
ng-[x] kn. ora nêtêpi kawajiban, ora nggarap pagaweane; ng-[x]-ake: nglêmparakake, ora gêlêm ngopèni, ora gêlêm nggarap pagaweane.
(lênthe) :
[x]-[x] kn. mlaku sêmu sayah bangêt sarta lêgèh bae; ng-[x]: mlaku ijèn tansah ngèri.
lênthu, lênthuk :
êngg. kn. gêmbêl; di-[x]: 1 digêmbêl; 2 diblithuk, diapusi.
(lênthuk) :
[x]-[x] kn. lêntuk-lêntuk, manggut-manggut (kaya wong tuwa pikun); ng-[x]: nglêntuk, nglêntruk.
(lênthung) :
[x]-[x] pc: mulih ora nggêgawa (olèh-olèhan) apa-apa; ng-[x]: bali (mulih) tanpa nggêgawa apa-apa (ora olèh-olèhan).
lênyap :
kw. ilang, musna; kc. lênyap.
lênyap, lênyêp :
kw. lunga, ilang, musna.
lênyêd :
êngg. pc. lènjèh, slèdèr.
lêng :
I kw. aluwung; kc. lêhêng. II mak-[x] pc: lunga sanalika (enggal-enggalan). III kn: kang dipêlêng, tujuaning ati, up. [x] ing sêdya (cipta): di-[x]-ake: dipêlêng, dituju; kc. lênglêng, pêlêng.
lênga :
n. lisah k. barang cuwèr sing asal saka pahataning têtuwuhan ut. gajihing kewan; up. [x] babi, [x] kacang, [x] jarak lsp; adol [x] kari busike pr: ngêdum apa-apa awake dhewe ora komanan; kaya banyu karo [x] pr: sêduluran sing kalis bae; ng-[x]: 1 katon kilêng-kilêng kaya ana lêngane; 2 mêtu lêngane; dilêngani: diusari (diêcuri, dirêsiki lsp) nganggo lênga; (le)lêngan: nglêngani rambut.
lênga bacin :
n. lisah bacin k. lênga klêntik sing wis pindhon.
lênga patra :
n. lisah patra k: lênga petroli.
lênga cèlèng :
n. lisah cèlèng k. lênga turahan ing jlupak.
lênga wangi :
n. lisah wangi k: lênga pahataning kêmbang wangi.
(lêngak) :
ng-[x] pc. nglangak, ndangak.
lêngang-lêngong :
pc. plonga-plongo dening gumun.
lêngar :
kn. jêmbar tmr. bathuk.
lênge-lenge :
kn. lenge-lenge.
lêngêd :
ut. [x]-an kn. ar. lêlara wêtêng tmr. bocah cilik.
(lêngêg) :
ng-[x] pc. mênêng bae marga wis olêh-olêhan (nyênyilih apa-apa banjur diêpèk).
lêngên :
kn. bau, tangan sing perangan dhuwur saka sikut têkan pundhaK; gêdhe [x]-e: kuwasa, kuwat; mêrang [x] pr: ngungasake kadigdayane; lêlêngên: wong sing pinracaya; [x]-an: 1 peranganing klambi sing kêpênêr ing lêngên; 2 tangananing obengan lsp.
lêngêng :
kw. 1 endah, nêngsêmake; 2 njêngêr dening kêpranan atine.
(lêngêr) :
[x]-[x] kn. linggih dhêlêg-dhêlêg dening kagèt ut. gumun; kc. klêngêr.
lênggah :
k. linggih.
(lênggak) :
[x]-[x], [x]-lêngguk kn. tansah tumungkul ut. nolah-nolèh; ng-[x]: ndangak sarta nolèh; ke-[x]: gulune lara marga nglênggak.
lênggana :
kw. 1 êmoh, suthik; kc. langgana.
lêngganan :
kn. 1 wong sing ajêg tuku ing sawijining bakul; 2 wong sing ajêg lêlawanan dêdagangan; 3 pamacane ut. dhuwit pambayare layang kabar; 4 têtuku (maca layang kabar) sing patuh; kc. langganan.
lênggang :
I kn. dawa sarta cilik, lêncir. II êngg. pc: rênggang, bênggang. III kw. ak: ucul, wudhar.
(lênggarak) :
ng-[x] êngg. ks. mangan.
(lênggarang) :
ng-[x] kn. katon njênggarang, katon gêdhe mêpêti (malang). ng-[x]-ake: ngalangake barang-barang sing gêdhe.
lênggèk-lênggèk :
kn. 1 lênthuk-lênthuk sarta mêgap-mêgap (kaya patrape wong arêp mati); 2 pc. nandhang sangsara (rêkasa) bangêt.
(lênggêr) :
ng-[x] kn. ora obah sarta mênêng bae marga lara bangêt (ngarêpake mati).
(lênggêrêk) :
ng-[x] pc. katon gêdhe ngêndhuruk.
(lênggirik) :
ng-[x] kn. katon brênjul ut. nggalêr nggêgilani, up. ulêre ng-[x].
lêngguk :
I kn. gumêdhe, II [x]-[x] kn: lênggut-lênggut.
lênggurungan :
êngg. kn. gurung.
(lênggut) :
[x]-[x] kn. manthuk-manthuk sêmu lêlewa, lênthuk-lênthuk.
lênggoko :
kn. woh rêmbulung.
(lênggotro) :
ng-[x] kn. suntrut, njêkutrut.
lênging :
a-[x] kw. ak. macak, dandan.
lêngis :
I kw. 1 alus, lunyu; 2 rênggang, bênggang, rêngka; lambung [x] kn: lambung sangisoring iga wêkasan.

--- 272 ---

lêngit ~ lêstrung.

II kn: (waru [x]) bngs. wit waru.
lêngit :
kw. ak. 1 alus, lêmbut, samar; 2 ilang, musna.
lêngka :
(S) kw. pait; cs. 6; kc. kalêngka.
lêngkad-lêngkèd :
kn. mlaku alon sêmu mêndat-mêndat; kc. lêngkèd.
lêngkang :
êngg. kn. 1 bênggang bangêt; kc. klêngkang, plêngkang; 2 ar. jamuning wong wadon.
lêngkara :
ut. ng-[x] kn. mokal.
(lêngkèd) :
[x]-[x] kn. mlaku alon gêgêre sêmu mêndat-mêndat; ng-[x]: gêgêre mêndhêlong wêtênge ramping.
lêngkèh :
kn. 1 mangun lêgokan ut. pojok lancip; 2 ([x] ing gunung) lowahaning gunung; [x]-[x]: mlaku gêgêre sêmu mêndhêlong (marga ringkih ut. sayah bangêt); ng-[x]: ngêndhêlong tmr. gêgêring kewan.
lêngkêp :
êngg. kn. gênêp, ganêp.
lêngkêr :
êngg. kn. lêkêr.
lêngkung-lêngkung :
kn. lêncir sarta badane rada kuru.
(lêngkur) :
ng-[x] êngg. kn. 1 nalèni nggubêd; 2 turu njingkrung.
lêngkong :
êngg. kn. lengkong.
lênglêng :
I ut. [x]-an kw. kêsêngsêm, kedanan rada gêndhêng; kc. lêng, ngênglêng. II [x]-an pc: tansah lunga; kc. lêng.
lênglêngan :
kn. ar. têtuwuhan.
lênguk-lênguk :
kn. linggih ijèn sêmu ora ana sing ginagas.
lêngur-lêngur :
pc. 1 lênguk-lênguk; 2 (dhuwur [x]) dêdêge dhuwur tmr. bocah.
lêngus :
kn. nyênyêngit, ora sumanak.
lêngut-lêngut :
kn. pêtêng ulate (marga ewa, ora sênêng lsp).
lêp :
mak [x] kn. katêranganing ngêmplok (mingslêp) dadakan.
lêpar :
tan [x] kw. ora kêndhat, tansah.
lêpas :
I kn. 1 bablas, têkan ing papan sing adoh; 2 bisa nggayuh sing luhur-luhur tmr. pikiran (pambudi, gagasan); ng-[x]-i, ng-[x]-ake kw: nguculake panah lsp. II (M) kn: 1 pc. luwar, ucul, mrucut; 2 êngg. pocot, dilèrèni; 3 êngg. dipêgat; 4 êngg. dimardikakake saka kawajiban; 5 êngg. rampung tmr. prakara; 6 êngg. bebas, mung mligi olèh bayar dhuwit tanpa sandhang pangan; ng-[x]-i: 1 ngluwari; 2 nguculi; 3 nglèrèhi; [x]-an: tilasan, pocotan, up.[x]-an saradhadhu.
lêpas sêtang :
pc. nunggang pit tanpa gocèkan sêtang.
lêpas tangan :
kn. 1 pc. tanpa gocèkan tmr. nunggang pit lsp; 2 ora mèlu cawe-cawe tmr. prakara; 3 êngg. wis diêdol têmênan.
lêpat :
k. luput.
(lèpèh) :
ng-[x] kn. 1 ngêtokake apa-apa sing wis dipangan (dimamah); 2 nampik nyelaki apa-apa sing maune disanggêmi; [x]-an: 1 apa-apa sing wis dilêpèh; 2 katêmahan (kawusananing) kalakuan; pc. apa-apa sing wis diênggo ut. wis ditampik; 4 rengrengan tuladhaning tulisan; kc. lêpiyan; mamah [x]-an pr: nampani apa-apa sing wis ditampik ing liyan.
lêpêt :
kn. ar. panganan sing digawe kêtan dibuntêl ing janur; ng-[x]: 1 olah lêpêt; 2 lêmu lan singsêt tmr. jaran; [x]-an: ar. dolanan (bocah padha jèjèr gêgandhèngan tumuli mbrobos muntir.
lêpiyan :
kn. 1 pc: lêpehan (sing wis ditampik ut. sing wis kanggo); 2 layang rengrengan sing digawe conto yèn arêp gawe manèh; 3 br. kalakuan sing minangka tuladha; kc. lêpèh.
lêr :
I mak [x] pc. katêranganing turu (nênunggang) kang kêpenak; turu sa-[x]-an: turu salêsan; kc. anglêr. II kn: 1 wilanganing barang sing lêmbut dawa (bolah, rambut, lawe lsp); 2 galêr corèk ing tênunan; olèh [x]-e: olèh lacak (ing nalikane nglari); kc. êlêr, lêrlêran.
lêrah :
I êngg. k. luru. II kw: wrata, gêlar; ang-[x]: nggêlar mratakake.
lêrak :
I kn. ar. têtuwuhan wohe bundêr-bundêr kêna dianggo ngrêsiki apa-apa (kaya sabun). II êngg. kn: rak, planggrangan piring lsp, lêrêb 1 êngg. k. lèrèn; 2 ki. nginêp; 3 lêrêm, sirêp, mêndha; di-[x]-ake; dilèrènake, diasokake; 2 dilêrêmake, disirêp.
lêrêk :
kn. lêrak.
lêrêm :
kn. mêndha, sarèh, lilih; di-[x]-ake: disarèhake, dilêrêbake, dililihake.
lêrês :
k. 1 pênêr; 2 bênêr.
lêri :
kn. banyu pususan bêras; [x] bungkak: lêri kang sapisanan (sok dianggo sarat têtamba); bêning [x]: buthêk bangêt (mrêngut tmr. polatan).
lêrlêran :
pc. kumudu-kudu turu; kc. lêr, anglêr.
lês :
mak [x] kn. katêranganing wiwit turu, mati lsp; kc. anglês, lêslês.
lêsah :
kn. 1 lêsu sarta sayah bangêt (mêntas lara bangêt); 2 êngg. sayah, kêsêl; 3 alum; kc. lêsêh.
lêsana :
kw. kc. laksana, lêksana.
lêsêh :
êngg. kn. lêsah.
lêsêr :
êngg. k. bênêr; kc. lêrês.
lêslês :
[x]-an kn. kumudu arêp turu; kc. lês, anglês.
lêsmi :
kw. kaendahan, endah; kc. laksmi.
lêsning :
kn. 1 tanpa wuwuhan apa-apa; 2 tanpa olèh bathi; 3 pc. mulus, rêsik tanpa pikiran liya-liyane.
lêsu :
kn. 1 lungkrah, cape; 2 isih aras-arasên (bakda turu); 3 êngg. ngêlih; nglêsoni: isih tansah aras-arasên bae (marga mêntas lara bangêt); kc. lêson.
lêsung :
kn. piranti dianggo nutu pari awujud kayu dikrowoki.
lêson :
kn. sarean ki. têturon ngasokake badan.
lêspangan :
êngg. kn. ar. lêlara ing wêtêng.
lêstantun :
k. lêstari.
lêstari :
n. lêstantun k: 1 ajêg ora owah, isih kaya mau-maune; 2 panggêng, têrus bae; dilêstarèkake: 1 ditêtêpake ajêg kaya mau-maune; 2 dilanggêngake, ditêrusake, up. dilêstarèkake ênggone padha mêmitran.
lêstrèn :
êngg. kn. sawah ing pinggir kali.
lêstrung :
kn. bngs. lêlara pilêg sing mbêbayani.

--- 273 ---

lêt ~ (likung).

lêt :
kn. 1 antara, mawa antara, papan ing sasêla-sêlaning barang loro; 2 antaraning waktu, up. [x] rong sasi: di-[x]: disewa prêlu dimêgawèkake ut. dianggo ngupaboga; di-[x]-ake: disewakake tmr. rajakaya lsp; ke-[x]-an: mawa antara (lêt); kc. lêt-lêt.
lêta, lêtak :
êngg. kn. tanah lêdhok.
lêtèh :
êngg. pc. lêtih.
lêtêng :
kn. ambu kaya dene ambuning lênga wayu lsp.
lêtih :
kn. apa-apa sing dianggo nyinggêt (ngantarani); di-[x]-i: diantarani, didokoki lêt-lêt.
lêtuh :
1 êngg. kn. rêgêd, buthêk; 2 br. lêlêthêk (wong sing ala); kc. kêtlêtuh.
lêcêng :
êngg. kn. rikat, lêncêng.
lêcêt :
êngg. kn. 1 giras, kêsit; 2 julig, wong ala. lêcit: êngg. kn. mambu bacin ut. bangêt.
lêthêk :
kn. 1 rêgêd bangêt; 2 (ut. lêlêthêk) wong sing ala bangêt; kc. lathêk.
lêthus :
êngg. pc. kc. klêthus.
lêwah, lwah :
kw. kali.
lêwar :
êngg. kn. luwar, lêbar.
lêwêng :
êngg. kn. luwêng, anglo.
lêwih :
êngg. luwih.
li :
êngg. pc. lah mangka.
lih :
kn. kc. lèb.
libar :
êngg. kn. ndhadhari.
libur :
kn. ngaso ut. lowong ora mlêbu nyambut-gawe (sêkolah lsp); [x]-an: mangsa libur.
lid :
I kn. katêrangan karêping piwulang ing crita (dongèng); di-[x]-ake: ditêrangake surasane tmr. dongèng. II (W) kn. warga.
lidok :
kn. goroh, ora nyata; ora [x]: têmênan. nyata têmênan.
lijig :
kn. lèjèg.
lijok :
êngg. kn. lidok.
lidhah :
1 ki. ilat; 2 kn. iwak ilat (sapi, kêbo lsp); 3 ut. [x]-[x]) kilat, thathit: [x] sinambung pr: timbal-tumimbal tmr. gunêm, kabar lsp.
lidhas :
kn. babak ut. tatu tmr. lambe, ilat, cangkêm (marga ngêmut apa-apa sing kasab).
lidhi :
kw. sada.
lidhig :
êngg. kn. lijig, lèjèg.
lidhis :
êngg. kn. êntèk babar pisan.
(liga) :
ng-[x] kn. 1 ora klambèn, ora tinutupan; 2 tanpa wrangka tmr. kêris, pêdhang lsp; ligan: ora diwrangkani tmr. kêris, pêdhang lsp.
ligar :
kw. gogrog, rontog; tanpa [x]-an: tanpa wilangan (akèh bangêt).
ligasan :
êngg. kn. lagaran (nunggang jaran tanpa lapak).
ligêng :
ut. [x]-an êngg. kn. ulêkan, kêdhung.
(ligêr) :
di-[x] kn. diliyêr, digêntèni tmr. kang pancèn dudu bubuhane; di-[x]-ake: diliyêrake tmr. utang marang liyan; [x]-an: 1 liyêran, gêntenan; 2 ijol-ijolan.
ligung :
êngg. kn. tikung, lengkong.
(ligur) :
ng-[x] êngg. kn. turu nggloso.
(lih) :
I di-[x] n. dipunpindhah k. 1 diganti panggonane; 2 digawa (dikumandhahake) mênyang liya panggonan; 3 diganti jênênge (pagaweane); 4 diganti wêktune (mangsane); kc. alih, êlih.
(lihat, liyat) :
lumihat, lumiyat kw. ndêlêng.
liya :
n. sanès k. seje, ora kagolong marang; 2 (wong [x] ut. liyan-kêbrayan), dudu sanak dudu kadang; 3 (ut. liyan) saka golongan (tanah, bangsa lsp) seje; (a)-[x] saka iku: kêjaba iku: ng-[x]: mênyang ing panggonan liya; diliyakake: diwènèhake marang liyan; ke-[x]: tumiba ing liyan; kc. kumliya.
liyak :
êngg. kn. kêna ing sawat lsp; kc. liyan.
liyan :
I kc. liya. II êngg. pc. ganti papan, alihan ênggon. III kn: 1 kêna ing barang (sawat); 2 kêtaman apa-apa sing ora disêngaja.
liyan-drayan :
êngg. pc. liyan kêbrayan; kc. liya.
(liyang) :
di-[x]-i kn. dilèndhèhi, disèndhèhi (lmr. tangane kapadalake); [x]-an 1 sendhehan, lendhehan; 2 sêngadi (pawadan) jênênging liyan, nganggo kudhung jênênging liyan.
liyar :
êngg. kn. njênggar; di-[x] êngg: dijênggarake (diêlih) tmr. têtanduran.
liyat :
kc. lihat; [x] mukak pc. mandêng rai.
liyêp :
kn. ciyut rada mêrêm tmr. mata (nanging katon manis); [x]-[x] mêrêm-mêrêm; ng-[x]: ngêrêmake mata; [x]-an: mawa mata sing liyêp; sa-[x]-an: turu salêsan.
liyêr :
I kn. rasa kaya rasane wong ngantuk, rasa kêpenak; [x]-[x]: mêrêm-mêrêm dening krasa ngantuk (kêpenak bangêt); kc. gliyêr. II di-[x] kn. 1 gênti digadhe (dicêkêl), diligêr; 2 diingsêr, diêlih pangkate (pagaweane); [x]-an: 1 ijolan (ingêr-ingêran) pangkat, pagawean lsp; 2 barang sing diliyêr.
liyu :
kn. sayah bangêt.
liyun :
êngg. kn. lênga patra (petroli).
(liyur) :
I [x]-[x] êngg. pc. miyut-miyut. II [x]-an êngg. kn. tulung-tinulung ing panggawean.
liyut-liyut :
kn. obah mêndal-mêndal tmr. wit-witan sing katiyup ing angin.
liyong :
(C) kn. bngs. naga gêdhe.
lik :
I êngg. pc. êndang, enggal! kc. lèk. II êngg. pc: bok cilik, pak cilik.
lika :
(S) kw. tulis; linika: tinulis.
likak-likuk :
kn. têtêkukan muntir, untir-untir.
(likas) :
di-[x]-i kn. diikal tmr. lawe antih-antihan; [x]-an: piranti kanggo ngikal lawe.
likat :
I kn. wlikat. II [x]-an kn. otot-ototan ing sikil krasa kêncêng lara.
likêt :
kw. plikêt, kêlèt, lêkêt.
likir :
(W) kn. ar. inuman kêras.
likita :
(S) kw. tulis, tinulis.
(liku) :
ang-[x] kw. ngapusi, nasarake.
likuk :
kn. tikung, têkuk; kc. likak-likuk.
(likung) :
[x]-an kn. tikungan, lèngkongan.

--- 274 ---

likur ~ lindri.

likur :
kn. kanggo katêranganing wilangan antarane 20-30 (kêjaba 25), up. salikur (21).Rolikur (22); sa-[x]-an: 1 slamêtan mbênêri tanggal 21 sasi Pasa; 2 ar. mainan nganggo kêrtu gêdhe.
likrik :
êngg. pc. kikrik.
lila :
I ut. rila (A) kn. 1 idin, palilah; 2 (ut. suka [x]) wis nrima sarta lêga têrusing ati; 3 wis ora duwe kamelikan babar pisan, up. [x] ing donya; dililani: diidini, disayogyani; dililakake: diwènèhake (ditegakake) kalawan lila; kalilan ki: olèh, kêna, diidini; kc. lilah. II kn. ak: bngs. mriyêm. III (S) kw: 1 endah, asri; 2 sênêng, nêngsêmake.
(lilab) :
dudu [x]-ane pc. ora ana sambungane, dudu gathukane (seje bab); [x]-[x]-an: ilab-ilaban, lêlapisan; kc. ilab.
lilah :
ut. palilah kn. idin; di-[x]-i: dililani, diidini; pa-[x]-an: kasukan main nganggo olèh palilahing pulisi.
lilang :
ut. a-[x] kw. 1 rêsik, bêning, endah; 2 ilang.
lilèh :
êngg. pc. lilih.
lilih :
kn. mari nêpsu, mari susah; [x]-an (atèn): gampang lilihe.
lilin :
1 k. malam; 2 kn. jêndhêlaning kêndhal lsp. diwangun lantakan sarta didokoki sumbu kanggo dêdiyan; di-[x]: diusari lsp. ing lilin; [x] pèt: lilin putih sing digawe êndhêg-êndhêging lênga patra.
liling :
di-[x] kn. 1 disawang kalawan satiti sarta sêmu dhêmên; 2 disawang raine karo diajak gêguyon supaya sênêng ut. mèlu ngguyu; ka-[x] sajroning ati br: tansah katon ana ing ati.
(lilir) :
I ng-[x] kn. 1 mêlèk saka ênggone turu, eling saka sumaput; 2 wiwit thukul tmr. uritan pari; 3 wiwit mangêrti sarta banjur gêlêm tumandang; [x]-an: kêrêp nglilir. II ng-[x]-i kw: nggêntèni, gumanti jumênêng ratu, marisi.
lilis :
êngg. pc: alus bangêt tmr. jungkatan lsp.
(lilit) :
ng-[x] êngg. kn. mulêt, muntir, nglinting; kc. plilit.
lilit uwi :
kn. tali iratan pring lsp. sing diuntir kaya dene wanguning wit uwi.
lilung :
kw. kêsêngsêm, kedanan; kc. linglung.
lim :
(W) kn. ancur, bngs. kanji dianggo ngraketake; di-[x]: dirakêtake sarana lim.
lima :
n. gangsal k. wilangan (5); ng-[x]: sapanthane (siji-sijine) ana lima; dilimani: 1` diganêpi dadi lima; 2 dislamêti tmr. wong mêtêng limang sasi; pang-[x] kw: senapati.
lima-las :
n. gangsal-wêlas k. 15; limalasan: sêpuluh ditandhingi lima-las tmr. totohan lsp.
liman :
k. gajah.
limang atus :
(ewu lsp) n. gangsal atus (èwu lsp) k. 500 (5000 lsp).
limar :
kn. ar. tênunan bngs. cindhe sutra; cikal atapas [x] pr: kabêgjan sing mokal; [x]-an: 1 coraking bathikan mèmpêr coraking limar; 2 (godhong [x]-an) godhong kelor yèn arêp digawe tamba.
limas :
kn. daging kêbo ing sampil.
limasan :
kn. wanguning (payon) omah êmpyak 4 (2 êmpyak gêdhe serongan, 2 êmpyak wangun kêjèn maju têlu).
limbak-limbak :
kn. lembak-lembak.
(limbang) :
ng-[x] kn. 1 ngliling banyu lsp. sing mawa campuran murih campurane mau kari ut. pilah; 2 (ng-[x] mata) ngrambang mata ing banyu lsp. supaya rêsik ut. ilang klilipe; 3 nandhing milih, nênimbang arêp nyumurupi ala bêcike.
limbuk :
pc. pawakan lêmu awagu.
(limbung) :
(le) [x]-an kn. ulêng, têmpuk pêrang.
limbrah :
êngg. pc. k. lumrah; kc. limrah.
(limêng) :
(a-) [x]-an. (le-)[x]-an kn. pêtêng bangêt; ka-[x]-an: kalimputing pêpêtêng; pang-[x]-an br: papan sing pêtêng bangêt.
limêr :
kw. nglayang, ngliwêr; lêlimêran: lêliwêran.
limit :
kn. wrata sarta alus tmr. dalan (marga kêrêp diambah).
limun :
I (W) kn. ar. ombèn-ombèn. II kn. pêdhut; (a-) [x]-an, (le-)[x]-an: pêtêng lêlimêngan; aji [x]-an (pang-[x]-an): aji sing marakake bisa ngilang.
limungsungan :
kw. dilipur, diarih-arih.
limus :
kw. pakèl.
limut :
I kw. 1 pêdhut; 2 limput (tutup); di-[x]-i: dilimputi, ditutupi. II kw: lali (marga kalimput ing nêpsu ut. sêngsêm).
limo :
kw. jêruk.
limpa :
kn. ar. peranganing jêroan sing tumèmpèl ing wadhuk.
limpad :
kn. putus amumpuni ing (kawruh lsp).
limpah :
kw. wutah; ka-[x]-an: kalubèran, olèh ganjaran lsp.
limpang-limpung :
kn. ar. panganan (kêtela pêndhêm digorèng).
(limpe) :
ng-[x] kn. namakake gêgaman (ngantêm, nyolong lsp) ing nalikane wonge sing bakal kataman ora sumurup (lagi lena); nglimpèkake: nindakake apa-apa kanthi ngarah-arah supaya wong liyane aja nganti wêruh.
limpêng :
êngg. kn. judhêg.
limpung :
I kn. tumbak cêndhak landhêpe loro kiwa têngên. II kn: suthange ing buri wis pruthul tmr. jangkrik lsp. III êngg. kn: pisang gorèng.
(limput) :
di-[x]-i kn. ditutupi, dikêmuli; ke-[x]: 1 kêtutupan; 2 lali marang apa-apa marga kêtutupan ing kasênêngan lsp.
limrah :
êngg. k. lumrah.
limprêk-limprêk :
kn. lêmês awake marga mêntas lara .lsp.
limrah :
k. lumrah.
lin :
I pc. lim. II (W) pc: garis, lakuning sêpur lsp. III (W) pc: pita.
lina :
(S) kw. 1 ilang, sirna; 2 mati.
lindi :
kn. kc. lindri.
(lindur) :
ng-[x] kn. gunêman ing nalikane turu.
lindri :
kn. ciyut nanging endah nêngsêmake tmr. mata, pamandêng.

--- 275 ---

(linjak) ~ lingsir.

(linjak, linjêk) :
[x]-[x] pc. lincak-lincak.
linjik :
kn. bngs. kimpul.
lindhêk, lindhik :
êngg. kn. rindhik.
lindhu :
kn. gênjoting bumi (marga dayaning gunung gêni, longsoring lapisan bumi lsp); kêlindhon: 1 kasangsaran dening lindhu, 2 kadunungan cacad (kêrêp tiba) marga nalikane ana ing wêtêngan mbênêri ana lindhu ora diawoni.
lindhuk :
kn. 1 papan sing pêtêng (kalingan ayang-ayangan); (pa-) [x] -an: papan sing lindhuk.
lindhung :
êngg. kn. wong ngindhung ing padesan; ng-[x] êngg. kn. ngayom marang, ngaub, ngindhung.
linêd :
êngg. kn. lêndhut, walêd.
lini :
garis [x] (W) kn. katulistiwa (garis kêndhiting jagat).
lining :
kn. iris, sigar, up. sêmangka sa-[x]; di-[x]: 1 diiris,(disigar) tmr. jambe, sêmangka lsp; 2 diirat tmr. pring lsp.
linu :
kn. krasa lara ing untu ut. balung.
linud :
kw. dibarêngi, ditutake, diturut; kc. lud.
linuhung :
kw. mulya, luhur; kc. luhung.
linuwih :
n. linangkung k. pinunjul ing kawruh; kc. luwih.
linrang :
kw. disêbari, diwratani; kc. lrang.
lintah :
kn. ar. kewan bngs. pacêt sok napêl lan nyêrot gêtih.
lintah dharat :
pc. wong sing nganakake dhuwit kanthi anakan sing akèh bangêt.
lintang :
I kn. maujud ing langit ing wayah bêngi katon pating kêrlip; ng-[x]-i: 1 katon gêbyar-gêbyar kaya lintang; 2 wiwit padha awor tmr. jagung; pa-[x]-an: kawruh bab lintang. II 1 êngg. k. liya; 2 êngg. liwat; 3 êngg. luwih; 4 êngg. banjur; ka-[x](-[x]): kaluwih-luwih, bangêt; kc. lumintang.
lintang alih :
(alihan) kn. lintang kang cumlorot kaya alihan ênggon.
lintang kêmukus :
kn. lintang sing mawa sorot kaya buntut.
linting :
ut. [x]-an kn. 1 gulungan dluwang lsp. sing cilik; 2 êngg. rokok; di-[x]: digulung nganti awangun lintingan.
lintir :
kn. 1 mili mudhun; 2 nyèlèhake pangkate kapasrahake marang warise (sadurunge mati); lumintir: tansah mili tanpa kêndhat.
lintu :
1 (ut. linton) k. liru (liron); 2 k. ijol; kc. lumintu, klèntu, kêlintu.
lintrik :
kn. coraking kêrtu sing mawa bundêran cilik-cilik.
lintring :
kn. ar. ali-ali sing mawa mata intên jèntrèk 3 ut.luwih.
lincad :
kn. atos sarta plikêt yèn kêpanasan padha nêla tmr. lêmah.
lincak :
I kn. ambèn cilik dianggo linggihan. II [x]-[x] (ut. lincêk-lincêk) kn: mêncolot-mêncolot mumbul-mumbul; ng-[x]: 1 mêncolot, mlumpat; 2 alihan ênggon cêdhak-cêdhakan.
lincak gagak :
kn. mêncolot cêdhak-cêdhakan jangkahe.
linca-linci :
êngg. pc. bola-bali têka (mara).
lincat :
kn. cidra, ora nêtêpi; di-[x]-i: dioncati, ora dituhoni.
lincêk :
kc. lincak II.
lincing :
êngg. kn. lincip.
lincip :
kn. lancip.
lincis :
kn. bolonganing sindhêtan kala, tali lsp.
lincut :
êngg. kn. isin, rikuh.
(linthing) :
ng-[x] kn. nêkuk sathithik, njêngkêrut.
linyap :
kw. ilang, sirna.
linyok :
kn. 1 goroh, ora nyata; 2 êngg. pc. lah rak têmênan ta!.
ling :
kw. 1 pamikir, pangira; 2 ucap, ujar, clathu; ang-[x]: mojar, clathu; [x]-an: kocapa.
lingak-linguk :
kn. nolah-nolèh kiwa têngên; kc. linguk.
lingga :
I (S) kw. 1 têtêngêr, rêca; 2 tugu; 3 palanangan; 4 pêpundhèn; 5 blêgêr, awak-awak; (a-)[x] bathara (jawata): wis asalira jawata (dadi dewa); ka-[x]: 1 kapêtha, kawangun; 2 kapundhi-pundhi; 3 kasalira, kalingan; ka-[x] (u)baya pr: prakara sing wis kalingan ing janji; ka-[x] dina (warsa) pr: wis kasèp kêlêtan ing dina (taun); ka-[x] murda: kapundhi, kasuhun-suhun; ka-[x] nata pr: prakara wis kalingan ing panjênênganing nata. II kn: têmbung sing durung owah saka asale (durung diatêr-atêri, dipanambangi ut. disêsêli). III di-[x] kn: ditumpuk tmr. bata rimbagan arêp diobong; linggan: tumpukan bata sing arêp diobong.
linggar :
êngg. kn. lunga, lêlungan, oncat; di-[x]-i: dilungani, dioncati.
linggèh :
êngg. pc. linggih.
linggêd :
êngg. kn. sêpuluh dhompol (wowohan sing diêdol).
linggi :
kn. canthiking prau sing awangun nylêkanthuk.
linggih :
n. lênggah k. pinarak ki. sumèlèh sing katapakake bokonge; ng-[x]-i: linggih ing; ng-[x]-ake: akon linggih, nyèlèhake linggih; [x]-an: jagongan omong-omongan; pa-[x]-an: papan sing dianggo linggih; kc. lungguh.
linggis :
kn. wêsi giligan lancip piranti dhudhuk-dhudhuk lsp.
lingi :
kn. wlingi.
lingir :
kn. pinggiraning apa-apa sing nggligir alancip; ng-[x]: mawa lingir.
(lingkap) :
ng-[x] kn. mênga tutupe, mênga kêbiyak; kêlingkab br: kêwiyak wadine.
(lingkis) :
di-[x] pc. diwingkis (lêngênane).
lingkungan :
pc. lèngkongan, tikungan.
(lingling) :
ng-[x] kn. ngliling; kc. liling.
linglung :
kw. bingung atine marga kêsêngsêm lsp.
linguk :
kn. isin, mlongo thingak-thinguk; kc. lingak-linguk.
lingsa :
kn. êndhog tuma; pada [x]: pada (...);[3] nggolèki [x] sumlêmpit pr: nggolèki kaluputaning wong.
lingsang :
kn. ar. kewan cilik.
lingsèn :
kn. pawadan, santolan.
lingsêm :
êngg. k. isin, wirang.
lingsêng :
kn. bngs. lintah cilik.
lingsing :
kn. cilik lêncir tmr. pawakan.
lingsir :
kn. ngglewang, nisih (ora ana têngah bênêr); [x] kulon: ± jam têlu

--- 276 ---

lipêt ~ lukha.

sore; [x] wêngi: bakda têngah wêngi; [x] wetan: ± jam sanga esuk; wis [x] umure: wis luwih satêngah tuwa (± 40 taun).
lipêt :
êngg. kn. têkuk, tikêl; [x] loro: tikêl loro.
lipya, lipca :
êngg. k. lali.
lipur :
kn. 1 mari sêdhih; 2 lêjar, lêrêm; di-[x]: dirêrapu supaya lipur.
liput :
ang-[x] (S) kw. nggêpok, nggrayang.
lipca :
êngg. k. lali.
lir :
kw. 1 (ut. [x] pendah) pindha, kaya dene; 2 karêp ut. têgêsing têtêmbungan lsp; 3 kaanan kang sajati; [x]-e: 1 têgêse, karêpe; 2 êngg. ing saupama; 3 ([x]-e mêngkono) êngg. mulane, kang iku; di-[x]-ake: dilirwakake, ora diopèni; sa-[x]-e: sakabèhe; kc. lwir.
lira :
pc. wlira (kayu sêntèkan ing tênunan).
lira-liru :
n. linta-lintu k. tansah ijolan, gonta-ganti: kc. liru.
lirah-lirah :
kn. lerah-lerah.
lirang :
I kn. peranganing barang sing têtangkêpan, up. gêdhang sa-[x], gula sa-[x]. II pc: wlirang.
lirap-lirap :
kn. gêbyar-gêbyar bêning tmr. banyu.
lirèh :
êngg. pc. lirih.
lirèn :
êngg. pc. lèrèn.
(lirig) :
di-[x] êngg. kn. digiring mulih (tmr. rajakaya); kc. lumirig.
lirih :
I kn. 1 ora sêru tmr. swara; 2 alon lan sarèh tmr. panggrayang; di-[x]-i: dialusi, ora kalawan kasar-kasaran. II kn: pupus lêmpuyang. III di-[x]-(i) êngg: digusah, diubêr tmr. kewan.
lirik :
kn. obahing mata mandêng nisih; ng-[x]: mandêng nisih; kc. klirik, plirik.
liring :
kw. kêdhèping panyawang sakêplasan; mbalang [x] br: mbalang ulat (ngingêtake, mleroki); di-[x]: diingêtake sakêplasan: kc. lumiring, sliring.
lirip :
kn. 1 gripis-gripis tmr. lading lsp. 2 kêndho, suda kakuwatane; 3 (ora [x]) br. ora towong, ora gothang.
liris :
kw. grimis.
lirling masinis :
(W) pc. calon masinis sêpur.
lirna, lirning :
kn. ([x]apa) gênah bangêt yèn.
liru :
n. lintu k. 1 (ut. liron n. linton k) gênti, gêgênti; 2 [ut. liron(an) n. linton(an) k] ijol-ijolan, gênti-gêntèn; 3 êngg. seje, liya; di-[x], dilironi: 1 diganti; 2 diijoli; 3 disulihi, digajuli; dilirokake: diijolake; kc. kliru, klèru.
liru-limbang :
kn. ijol-ijolan barang (tanpa tombokan).
liron-patra :
kw. kirim-kiriman layang.
liron-sari :
(sih) br. sacumbana.
liron-watang :
(lawung) br. tumbak-tumbakan.
lirwa :
kw. sêmbrana, kurang wêweka; dilirwakake kn: ora digatèkake, ora ditêtêpi.
lis :
I pc. kêndhali, kêndharat; diêlisi: dikêndhalèni. II (W) kn. 1 plisiran ing kayu ut. tembok sing mbrênjul; 2 cathêtan urut-urutaning jênêng lsp.
lisa :
kn. lingsa.
lisah :
k. lênga.
lisènsi :
(W) kn. layang palilah saka Nêgara.
lisig :
êngg. kn. risig.
lisir :
êngg. kn. lingsir.
lisya :
(S) kw. pawadan, lingsèn.
lisyus :
kw. lesus.
lisuh :
êngg. kn. lêsu, lêsah, sayah.
lisus :
kn. lesus.
listrik :
(W) kn. èlèktris.
listya :
kw. ayu, endah, bagus.
liswa :
kw. lisya (pawadan, lingsèn).
lit :
wc. alit (cilik).
litêr :
(W) kn. takêran sing gêdhene 1 dm³.
litnan :
(W) kn. ar. pangkat saradhadhu ut. panggêdhening bangsa Cina ut. Arab.
lituhayu :
kw. ak. ayu bangêt, bagus bangêt.
licik :
kn. jirih, kalahan.
licin :
êngg. kn. 1 lunyu; 2 alus, limit.
licit :
êngg. pc. alus dening lênga; kc. klicit.
litha-lithi :
êngg. pc. bola-bali têka (mlêbu mêtu).
lithêng :
êngg. kn. ngêmu warna irêng tmr. warnaning woh-wohan lsp; ithêng.
(lithing) :
dilêlithing kn. diêlus-êlus, diêmi-êmi (diêla-êla) tmr. bocah cilik.
liwang-liwung :
alas gung [x] br. alas gêdhe bangêt.
liwar :
kn. 1 nisip, ora bênêr, nggiwar; 2 rada edan; 3 pc. kliru dalane.
liwar-liwêran :
kn. lêliwêran, pating sliwêr; kc. liwêr.
liwat :
n. langkung k. 1 mlaku (ngambah) ing; 2 (ut. [x]-an) êngg. nuli, banjur; 3 bangêt; 4 (ora[x]) ora luwih mung; di-[x]-i: 1 diambah; 2 dilangkahi; ke-[x]: 1 wis kêbanjur; 2 (ut. ke-[x]-[x]) kêluwih-luwih, bangêt; ke-[x]-an: 1 wis diliwati; 2 kêlangkungan, ora katut.
(liwêr) :
lêliwêran kn. katon mubêng pating sliwêr.
(liwêt) :
ng-[x] n. bêthak k. nggodhog bêras ing kêndhil supaya dadi sêga.
liwung :
kw. 1 mumbul têrus; 2 ngamuk punggung.
lyab :
kw. lèb.
lyan :
kw. liya; kc. lèn.
lyang :
kw. lèng.
lyar :
kw. lèr; ng-[x]: ngêlèr.
lyas :
ang-[x] kw. anglès, nglungani.
lyong :
(C) kn. liyong.
lu :
I wc. têlu. II (C) ks: kowe.
luamah :
kn. pêpenginaning ati.
lubar :
êngg. kn. lêbar, luwar, rampung.
lubdaka :
(S) kw. ak. gêrma.
lubèr :
kn. wutah marga wis kêbak mêncêb (kali lsp); di-[x]-ake br: diwratakake, diwènèh-wènèhake.
lukha :
(A) kn. (salat [x]) sêmbahyang mana-suka ing wayah esuk (± jam 9).

--- 277 ---

lud ~ lulut.

lud :
kw. 1 tansah, pijêr; 2 tut-buri, anut; ng-[x] kw: ngoyak, tut-buri; di-[x] kn: 1 dioyak, diubêr; 2 dijêntol, dikungkung; [x]-[x]-an: main tanpa totohan (sing kalah kudu ngasud).
ludira :
kw. gêtih; kc. rudira.
ludrag, ludrêg :
I êngg. kn. jêmèk, jêblog. II êngg. kn: 1 badhut; 2 bngs. tlèdhèk.
lujêng :
I pc. wlujêng (wluku). II pc. k: wilujêng (slamêt).
luju :
kn. piranti kanggo nyithak (mangun) pêndhok.
ludhang :
kn. wis rampung-rampungan (tmr. pagawean lsp); di-[x] êngg: diêntas tmr. wuwu lsp.
ludhês :
kn. êntèk babar pisan.
ludhuk :
kn. drêmba, akèh pamangane.
lugas :
kn. 1 barès, tanpa rêrênggan; 2 (ut. [x]-an) nyênyandhang sarwa pasaja tanpa rêrênggan; ng-[x] raga br: ngêsorake badan sarana mênganggo pasaja.
(lugèk) :
ng-[x] êngg. kn. nyogok êlèng lsp. nganggo têkên lsp. kc. lugêg.
lugu :
kn. 1 kaya apa anane (tanpa wuwuhan); 2 êngg. pawitan sing baku; 3 têmên, barès; dilugokake: diajêgake kaya apa anane tanpa wuwuhan lan ora dikurangi.
lugut :
kn. saèm. rambut cêndhak-cêndhak padha tumèmplèk ing clumpring pring lsp; ng-[x]: ana lugute; atine ng-[x] pc: panastèn, mèrèn.
luh :
I kn. banyu sing mêtu saka ing mata (nalikane nangis). II di-[x]-ake êngg: dirosake, lara ...: kc. angluh.
luhung :
kw. 1 luhur, linuwih; 2 luwung, angur.
luhur :
I 1 kw. dhuwur; 2 (bangsa [x], para [x]) wong sing isih darahe para ratu sarta gêdhe pangkate; 3 isih darahing ratu; 4 utama tmr. bêbudèn; [x] ngungkuli langit pr: luhur bangêt; nggayuh ing a-[x] pr: njangka prakara sing mokal-mokal; sinêngkakake ing a-[x]: kawisudha, kaunggahake pangkate (pangkat asor dadi luhur); lêluhur: sing nurun-nurunake; di-[x]-i br: diungkuli; di-[x]-ake: diunggulake, dipêpundhi; ka-[x]-an: 1 prakara sing luhur-luhur; 2 kungkulan; ka-[x]-an sabda br: kalah padune; ka-[x]-an dhawuh dalèm ki: bênêr kandhamu. II kn: wayah sêmbahyang awan ± jam i.
luyu :
I êngg. pc. tanpa daya, angkuh. II kw: katut, kèli, kanyut; kc. kapiluyu.
luyung :
kn. kayune wit arèn sing perangan jaba.
luyup :
kn. ngantuk, rasane wong ngantuk; kc. loyop.
luyut :
kw. kaanan (rasa) oncating sukma saka ing badan.
luk :
di-[x] kn. ditêkuk, dibêngkêlukake.
luka :
(salat [x]) kn. kc. lukha.
lukak :
I kn. 1 ora kêbak tmr. banyu ing wadhah; 2 êngg. pc. kurang kapintêrane, rada gêndhêng; [x] apapak pr: wong bodho sing kumintêr; kocak iku tandha [x] pr: wong sing kumintêr mratandhani yèn bodho. II êngg. pc. tatu, kêtaton.
lukak-lukik :
kn. têtikungan, menggak-menggok.
lukan :
kw. bangêt, kêliwat-liwat.
lukar :
ki. 1 cucul (ngrucat sandhangan); 2 wuda; 3 udhar (tmr. gêlungan); di-[x]-i ki: diuculi, diwudani.
(lukat) :
di-[x] êngg. kn. diruwat, dibadharake.
lukat-lukit :
kn. ubat-ubêting wadi.
luke :
êngg. kn. bngs. enggok-enggokan, tikungan; kc. lukak-lukik.
(lukis) :
di-[x] kw. 1 digambar, dipêtha; 2 dikarang, dianggit.
lukita :
kw. têtêmbungan, karangan, rumpakan; di-[x]: dicandra, dirumpaka, dikarang.
luku :
pc. wluku.
lulang :
n. cucal k. pc. kuliting kewan; di-[x]-i êngg: dikêlèti.
lulmat :
(A) kn. pêpêtêng.
lulu :
di-[x] kn. diwènèhi luwih saka sing dijaluk (mratelakake yèn ora lila ut. nêpsu).
lulub :
kn. kuliting wit (so, waru lsp) sing disuwiri digawe tampar.
lulud :
kw. borèh, lulur; kc. lulut.
luluh :
kw. ajèr (jêmèk) marga dipanasi tmr. barang sing atos; 2 ajur, dadi pêpilahan saka rêrangkène tmr. pangan ing wadhuk lsp; 3 ajur banjur campur dadi sawarna; 4 wis manjing dadi sêdulur tmr. mêmitran; 5 wanda loro sing nunggal dadi saswara up. ng + kala = ngala; 6 (ut. [x]-an) êngg. lilihan atèn, sarèh bêbudène; 7 (ut. [x]-an) jladrèn gamping karo wêdhi; di-[x]: 1 dijêmèkake (dijèr) sarana dipanasi; 2 digawe luluhan (jladrèn lêmpung digawe bata lsp); 3 ditutuh; di-[x]-ake: ditètèr tmr. jago adon; ke-[x]: tansah nandhang sangsara. II êngg. kn. luwing.
lulun :
di-[x] kw. digulung, diêlun; ka-[x]: 1 katutu, kentir; 2 kalah, kêndhih.
lulur :
I kn. bêbakan bêras kacampuran godhong kêmuning lan pandhan wangi dianggo nggosok awak; di-[x]-(i): digosok ing lulur. II kn: iwak daging ing sandhing balung ula-ula.
luluri :
kw. lêluhur; kc. luri.
lulus :
I êngg. kn. tulus, lêstari; di-[x]-ake: dilêstarèkake. II kn: klêbu ênggone iksamên; (layang) [x]-an 1 layang palilah (bab nyêmbêlèh raja-kaya); 2 layang katêrangan (pas, nêrangake kalakuan lsp).
lulut :
kn. 1 trêsna lan asih bangêt marang; 2 laras, salaras tmr. swara, warna lsp; among [x], amor [x], sa-[x] br: sih-sinihan, sacumbana; sêga [x]: sêga dicampuri kêtan karo kunir kanggo slamêtan; kc. klulut.

--- 278 ---

lum ~ lumrah.

lum :
kc. alum.
lumadi :
n. lumados k. wis kaladèkake; kc. ladi.
lumados :
k. 1 lumadi; 2 êngg. lumayan.
lumadya :
br. lumadi.
lumajar :
êngg. k. lumayu; mlayu.
lumaju :
br. têrus maju; kc. laju.
lumah :
kn. 1 raèning barang sing kaprênah ing dhuwur; 2 raèn wrata; ma-[x] (mlumah): 1 têturon dhadhane dumunung ing dhuwur; 2 sumèlèh peranganing kang dhuwur dumunung ing dhuwur; kb. mêngkurêb; 3 êngg. olèhe banyu saka ing bêndungan tmr. sawah; di-[x]: disèlèhakle mlumah; ke-[x] (klumah): tiba mlumah.
lumah tangan :
kn. ora mèlu cawe-cawe (nguja).
lumayan :
êngg. kn. 1 rada bêcik (sêdhêngan); 2 luwung.
lumayu :
n. lumajêng k. mlayu; kc. layu.
lumaku :
n. lumampah k: mlaku; kc. laksana.
lumancur :
kn. wiwit duwe lancur tmr. jago; kc. lancur.
lumangyan :
êngg. kn. lumayan.
lumangkung :
k. lumuwih k. ambêk luwih, umuk; kc. luwih.
lumarap :
kw. nylorot mêdhun; kc. larap.
lumaris :
kw. mlaku, lêlungan; kc. laris.
lumawan :
br. wani nêmpuh, nglawan; kc. lawan.
(lumba) :
ng-[x] kn. njola ngadêg dening kagèt; (le)lumban êngg: lêlangèn, dolanan ing banyu.
lumbat :
kn. ar. iwak loh.
lumbu :
kn. godhong kimpul (talês lsp); enggok-enggok [x] pr: wong sing mung manut ombyaking akèh.
lumbung :
kn. 1 omah sing dianggo simpên pari; 2 êngg. srumbungan kadokok ing gandhok lsp. dianggo wadhah pari; usung-ungsung [x] pr: 1 wong alihan barang darbèke kabèh diusungi; 2 rêrukunan sarana urunan sabisa-bisane; (le)[x]-an: 1 pirang-pirang lumbung; 2 mangun bundêr gêgulungan tmr. ombak, lakuning baris lsp.
lumbung-bandhung :
kn. lumbung gêdhe.
lumbung-desa :
n. [x]-dhusun k: tandhon pari ing padesan sing kautangake marang wong desa dianggo wiji.
lumbrah :
êngg. pc. lumrah.
lumèmbak :
kn. obah lembak-lembak; kc. lembak.
lumembar, lumembat :
kn. mlembar. mlembat; kc. lembar, lembat.
lumèng :
kn. jêmèk, lèdèng.
lumenggang :
kn. oyag-oyag ing banyu; kc. lenggang.
lumèngkèt :
kn. rakêt bangêt, lulut bangêt; kc. lèngkèt.
lumèngsèr :
kn. 1 mingsêt maju; 2 bali, mundur; kc. lèngsèr.
lumèr :
br. diêlèr; kc. lèr.
lumèrèg, lumèrèng :
kn. 1 mingsêr, mundur; 2 dhoyong nisih; kc. lèrèg.
lumêbu :
n. lumêbêt k. mlêbu; kc. lêbu.
lumêkas :
kn. wiwit tumandang; kc. lêkas.
lumêkêt :
kn. rakêt; kc. lêkêt.
lumêng :
kw. murub kumutug.
lumêpas :
kn. ucul saka; kc. lêpas.
lumêr :
kn. lêmbut lan alus.
lumiyat :
kw. ndêlêng, nyawang; kc. liyat.
lumintang :
1 êngg. kn. ngalih, alihan; 2 br. kaya lintang; kc. lintang.
lumintir :
kn. ngglewang nisih; kc. lingsir.
lumirap :
kn. katon lirap-lirap.
lumiring, lumirig :
kw. nurut, miturut, tut-buri; kc. lirig.
lumud :
kw. anut, tut-buri; kc. lud.
lumuh :
kn. 1 sungkan (suthik) tumandang, êmoh miturut; 2 êngg. kêsèd; di-[x]-i: 1 dikalahi tumandang awit lumuh padon; 2 disingkiri tmr. apa-apa sing ora dadi panujuning atine.
lumuntur :
kn. mlorod mudhun; [x] ing sih kawêlasan br: rumêntah ing sih kawêlasan; kc. luntur.
lumung :
br. mawa lung-lungan manglung; kc. lung.
lumungsur :
kn. 1 mlorod, longsor; 2 nyèlèhake pangkate; 3 gumanti (kêprabon lsp); kc. lungsur.
lumur :
êngg. kn. gêlas pangombèn.
lumurug :
br. nglurug.
lumut :
kn. ar. têtuwuhan lêmbut-lêmbut (sok tuwuh ing tembok, lêmah, wit-witan lsp); ng-[x], [x]-an: kêtuwuhan ing lumut.
lumuwih :
n. lumangkung k. ambêk luwih, kumintêr; kc. luwih.
lumoh :
êngg. pc. lumuh.
lumong :
êngg. kn. bosok, wukan tmr. êndhog.
lumpang :
kn. 1 kayu (watu) diwangun pêsagi (bundêr) ing têngah dilêgoki kanggo mbêbak lsp; 2 lêgokan ing pucuking lêsung; ng-[x]-i: wiwit padha dhêkok tmr. lara cacar; [x]-ên: nandhang tatu lêgok-lêgok ing cangkêm.
lumpang-kênthèng :
kn. lumpang gêdhe sing digawe watu.
lumpat :
kn. jangkah mêncolot nglangkahi; ma-[x] (mlumpat): njangkah mêncolot nglangkahi; ng-[x]-i: mlumpat nglangkahi; [x]-an: 1 padha ajar mlumpat; 2 apa-apa sing dianggo ajar mlumpat.
lumpat-kidang :
kn. ora urut, blênjat-blênjat (ana sing dilangkahi).
lumping :
êngg. kn. wlulang.
lumpuh :
kn. apus sikile (ora bisa mlaku), lempoh; [x] ing sastra: ora bisa maca lan nulis; [x] ngidêri jagat pr: njangka prakara sing mokal.
(lumpuk) :
di-[x]-ake pc. diklumpukake; kc. klumpuk.
lumpur :
êngg. kn. walêd, blêthok.
lumprah :
êngg. lumrah.
lumra :
kw. lumrah, wrata, sumêbar, sumrambah.
lumrah :
n. limrah k. 1 sumêbar wrata ingêndi-êndi sumrambah; 2 kaprah, ora nganèh-anèhi; 3 ora cêthil, gêlêm nindakake kabêcikan; di-[x]-ake: 1 diwratakake ingêndi-êndi; 2 diumumake; 3 dianggêp lumrah; ke-[x]: kaprah; ka-[x]-an: lumrahing akèh, padatan sing lumrah.

--- 279 ---

lumrang ~ (luri).

lumrang :
kw. (lumra -ng) sumrambah, mratani; kc. lumra.
lun :
I wc. ulun. II [x] ala ( awon k): misuwur ala; kc. kêlun.
lunas :
I kn. sah, rampung, pundhat; di-[x]-i: 1 diesahi, dirampungi; 2 br. dipatèni, diprajaya. II kn: balok balungan ing dhasaring prau.
(lunjak) :
[x]-[x] kn. mumbul-mumbul (marga bungah lsp); ng-[x]: 1 mumbul arêp nyengklak; 2 mumbul arêp ngranggèh.
(lunjat) :
êngg. kc. lunjak.,
lundhu-lundhu :
pc. mbocahi, katon bodho.
lunta :
kn. mlaku têrus; diluntakake (ut. luntan): ditundhakake, ditimbalake, dilantarake; ke-[x](-[x]): kêbanjur-banjur, kêsasar-sasar nganti adoh, kêtula-tula.
luntak :
ki. mutah; di-[x] kn. dituntak, disuntak.
luntas :
I kn. bantêr nanging ora mbrêbêgi tmr. swara. II kn: ar. têtuwuhan godhonge kêna dipangan.
luntur :
kn. 1 katut ilining banyu, mlorod; 2 mutah (ilang) warnane ing nalikane kêna ing banyu; 3 ([x] sihe) runtuh sihe, mêtu kawêlasane; ng-[x]-i: 1 luntur banjur ngênani; 2 ngilèni, nyêntori ing banyu; ke-[x]-an ing sih: kêtiban sih.
luncat :
êngg. pc. lumpat.
luncup :
pc. wêwangunan ing pucuk lancip.
lunthung :
di-[x] kn. digulung; kc. klunthung.
lunyu :
kn. 1 alus bangêt nganti gampang mlèsèdake; 2 pc. mencla-mencle, ora kêna diêndêl.
lung :
kn. witing têtuwuhan rumambat sing ênom; ang-[x], ngêlung br: kaya lung.
lunga :
n. kesah k. tindak ki. 1 atinggal panggonane, ora ana ing omah; 2 mlaku mênyang ing; nglungani: lunga ngoncati; (le)lungan n. (ke)kesahan k. tindakan ki: 1 mênyang ing; 2 andon laku, pêpara.
lungayan :
kw. 1 gulu; 2 tangan, lêngên.
lungge :
êngg. kn. lungse, kasèp; lunggèn: 1 êngg. imbuh; 2 luwihan dianggo sêdhiyan samangsa ana kêkurangane; dilunggèni: 1 diwènèhi luwihan dianggo lunggèn; 2 disumênèkake, diwènèhi inah (waktu).
lungguh :
n. lênggah k: êngg. linggih; 2 sawah (palêmahan) sing pinaringake nggadhuh marang priyayi (abdi dalêm) pamêtune minangka dadi bayare; 3 pêpangkatan, pangkat; 4 kaanane (gênahe) mungguhing prakara; 5 mapan, wis bêcik tmr. pasang rakiting ukara lsp; ng-[x]-i: 1 lungguh (linggih) ing; 2 nênêpi dhawuh; 3 nindakake apa-apa ngêtrêpi kaya pêpanggiling pangkate; kc. linggih, pilungguh.
lungid :
kw. 1 landhêp; 2 muluk kawruhe, mangêrti kang gaib; (lê-)[x]-an: prakara sing ngêmu rasa muluk.
lungka :
kn:prongkolan lêmpung lsp; ng-[x]: 1 kaya lungka; 2 atos, wangkod; lungkan: papan sing lêmahe atos pating crowal.
lungkrah :
kn. 1 bosok; 2 rasa sayah aras-arasên (marga mêntas lara lsp).
lunglit :
wc. balung kulit; kari [x]: kuru bangêt.
lunglungan :
I kn. gambar kang minangka rêrênggan. II wc. ulung-ulungan.
lungse :
kn. wis kliwat ing mangsa, kasèp.
lungsèn :
kn. 1 salêran sing mujur tmr. tênunan; 2 rambut sajimpit kapilah saka sadhuwuring bathuk dianggo canthèlan (têtali)ning gêlungan.
lungsêd :
kn. wis kanggo, wis ora anyar tmr. jarit lsp.
lungsi :
kn. 1 lusi; 2 pada (...)[4]
lungsungan :
pc. wlungsungan.
lungsur :
kn. longsor, mlorod; di-[x]: 1 dilorod, diêdhukake pangkate; 2. diêpèk tmr. panganggo lsp. sing wis dianggo ing liyan; di-[x]-i: diwènèhi lungsuran; [x]-an: 1 barang-barang sing wis diênggo; 2 wong sing dilorod pangkate, tilasan.
lup :
I (W) kn. wuluh (ing bêdhil). II (W) kn. surya-kantha.
lupa :
I êngg. kn. 1 sayah bangêt; 2 gogrog isih ênom tmr. bluluk; kc. marlupa. II êngg. kn. lali.
lupai :
(C) kn. bngs. bros.
lupèndêl, lupèndêr :
(W) kn. bngs. lênga wangi.
lupèrès, lupiris :
(Prt) kn. pangkat sangisoring litnan.
lupiya :
kw. tuladha.
lupit :
kn. 1 rupêk, ora ombèr; 2 (sa-[x]) ½ bau.
luput :
n. lêpat k. 1 ora kêna (ora pênêr panujune); 2 salah, kliru; 3 kalis ing, up. [x] ing pati; 4 nandhang cilaka; 5 [x]-[x] kurang bêgjane, yèn ora kêbênêran; 6 ([x]-e ..., iya ...) yèn ora ..., iya ...; di-[x]-ake: 1 disalahake; 2 dibebasake saka; ke-[x]-an: kêsalahan, kêdosan.
luput cinatur :
kn. ora susah digunêm.
lupta :
(S) kw. 1 luput, kliru; 2 lali, ilang.
lur :
I mak [x] kn. katêranganing barang dawa sing didudut. II kn: cacing (lêmah).
lurah :
I kn. 1 panggêdhe, pangarêp; 2 kêpala desa (kampung); di-[x]-i: dipanggêdhèni; ka-[x]-an: bawah (wêwêngkon, omah, pangkat) lurah. II kw. jurang, lêlêngkèhing gunung.
lurah-desa :
n. [x]-dhusun k. panggêdhening desa.
lurah-patuh, lurah-tabon :
kn. priyayi sing nggadhuhake lungguhe marang wong cilik (lêlurahing bêkêl).
lurak-lurak :
êngg. kn. mulak-mulak tmr. ombak.
(luri) :
lêluri kw. lêluhur; ng-[x] kn. 1 niti-priksa asal-usul; 2 (ut. nglêluri) nindakake padatan tatacaras kaya sing wis linakonan ing para lêluhur: dilurèkake: [dilu...]

--- 280 ---

lurik ~ lobang.

[...rèkake:] dilêstarèkake tmr. padatan sing wis kêlumrah.
lurik :
kn. 1 corak (ulês) lirik-lirik; 2 bakal tênunane wong bumi.
luring :
êngg. kn. lorèng-lorèng (ulêsing macan gembong).
luru :
I ut. [x]-[x] êngg. kn. golèk, golèk-golèk. II kn: 1 alum, ora katon sêgêr tmr. godhong; 2 lêmês kêna diêlak-êluk tmr. mas, slaka lsp; di-[x], diluroni: dilêmêsake tmr. êmas lsp. sarana diobong; kc. kluron.
lurub :
kn. 1 lawon lsp. sing dianggo tutup; 2 lawon (jarit lsp) sing dianggo tutup mayit ut. bandhosa; di-[x]-i: ditutupi, dikrukubi nganggo lurub.
(lurug) :
ng-[x] kn. mangkat pêrang, mênyang ing panggonaning mungsuh (pagawean); ng-[x]-ake: mbudhalake (ngangkatake) wadya-bala mênyang; [x]-an: wong sing padha nglurug (pêrang ut. nyambut gawe).
luruh :
I kw. 1 sarèh, alon; 2 kn. katon jatmika (tumungkul) tmr. praèn. II di-[x]-i êngg. kn: 1 diaruh-aruhi, ditakoni; 2 dilari tmr. wong minggat lsp; kc. loroh.
lurung :
kn. 1 êngg. dalan cilik sing jêblog (dalan sapi); 2 êngg. kêbon; 3 dalan gêdhe.
lurus :
kn. 1 lêmpêng (lêncêng) sarta alus; 2 ([x] atine) ora jail, burus.
lus :
di-[x] kn. 1 digosok (diusap-usap) supaya alus; 2 sarana alus; kc. alus.
lusah-lusah :
kn. ambruk ngiwa nêngên tmr. sukêt lsp. (marga diidak-idak).
lusi :
I kn. kalis, slamêt ing bêbaya, luput ing. KK kn. cacing (lêmah).
lusmèn :
(W) kn. 1 hotèl; 2 omah kanggo dodol panganan (rumah makan).
lusuh :
êngg. kn. lawas, kêndho; kc. losoh.
lutak :
êngg. kn. mutah; kc. luntak.
lutèh, lutih :
êngg. kn. pucêt.
lutnan :
(W) kn. litnan.
lutung :
kn. kêthèk irêng.
lucu :
kn. 1 njalari gumuyu, cucut; 2 pc. prakara sing nganèh-anèhi; di-[x], ngluconi: mbadhut, mbanyol; (le-)con:[5] banyolan, badhutan.
luthik :
kn. apa-apa sing dianggo ndulit (ênjêt lsp); di-[x]: didulit nganggo luthik.
luthu, luthuk :
êngg. kn. rêgêd bangêt.
luthung :
êngg. pc. lowung, lumayan.
luwah :
ut. lêluwahan êngg. kn. sêla-sêlaning barang loro; kc. lowah.
luwak :
I kn. ar. kewan bngs. kucing sok mangan pitik, kopi lsp. II [x]-an êngg. pc. wêwêngkon, tlatah.
luwang :
I (ut. [x]-an) kn. 1 êngg. jugangan; 2 jugangan kanggo masangi kewan; di-[x]-i: dijugangi; gawe [x]-an, ngurugi [x]-an pr: utang dhuwit pêrlu kanggo nyauri utang; kêcêmplung ing [x]-an: kêlorop; kc. pluwang. II (ut. [x]-an): 1 kupiya sing wis linakonan; 2 kêtatalan, katêmahan lêlakon sing biyèn-biyèn; 3 pasaksi; [x]-r: adate, padatane, lumrahe; ng-[x]-i (ala, bêcik): mituturi sarana awèh kupiya (ala, bêcik) sing wis dialami.
luwar :
I kn. 1 oncat (ucul) saka; 2 lêbar, jugar tmr. prakaran; 3 dimardikakake saka ing kunjara (marga wis rampung ênggone nglakoni ukuman); di-[x]-1: dimardikakake, dibebasake; 2 (ujar di-[x]-i) ditêtêpi apa sing dadi ujare (nadar, punagi); [x]-an br: bubaran, lêbaran. II(M) êngg. pc: jaba, mêtu; kc. kluwar.
luwar biasa :
(M) êngg. pc. ora lumrah, mirunggan.
luwar tanggungan :
(M) êngg. pc. ora ditanggung.
luwas :
kn. lawas lan lungsêt tmr. sandhangan; [x] gêtih: wis mari nggarap banyu.
luwat :
kn. kluwat.
luwe :
I kn. ngêlih. II êngg. kn. luwing.
luwèh :
êngg. pc. 1 karêbèn, ora prêduli; 2 luwih.
luwêng :
kn. 1 sumuran jêro bangêt ing guwa (pagunungan); 2 (ut. [x]-an jugangan jêro, luwangan; 3 bolongan ing pangobongan gamping; 4 êngg. kêrên gêdhe (kang digawe bata ut. lêmah); di-[x]: dilêbokake ing luwêng.
(luwêr) :
di-[x]-ake pc. dikluwêrake, diuwêrake; kc. kluwêr, uwêr.
luwês :
I kn. 1 ora kau (wagu); 2 (ut. [x]-an gampangan, kêna ditindakake sasênênge. II êngg. kn: sumbu diyan.
luwih :
n. langkung k. 1 turah (punjul) saka ing mêsthine; 2 ngungkuli yèn tinimbang, up. [x] pintêr; 3 karo, lan; 4 ([x] dening) bangêt, kêladuk; ng-[x]-i: 1 ngungkuli; 2 mènèhi punjulan; 3 bangêt; ke-[x]-[x]: bangêt; ka-[x]-an: kawruh, (kasêktèn) kang ngungkuli liya-liyane; kc. linuwih.
luwih-luwih :
n. langkung-langkung k. saya manèh, luwih manèh.
luwih manèh :
n. langkung malih k: saya manèh.
luwing :
kn. 1 ar. kewan gêdhene sadriji sikile akèh bangêt; 2 ar. wit wohe saèm. lo.
luwuk :
. 1 êngg. pc. luwung; 2 (pêdhang [x]) klewang.
luwung :
I (ut. a-[x]): luwih bêcik ..., tinimbang ...; kc. lowung. II alas [x] êngg. alas gêdhe.
(luwur) :
I lêluwur kn. lêluhur. II [x] batang êngg: cagak (planggrangan) linuruban kapasang ing dhuwur kluwat.
luwus :
pc. katon rêgêd; kc. kluwus.
lo :
I kn. têmbung sabawaning gumun, kagèt, ngantêbake surasa, up. lo kok ngono ! lah kae lo ! aja lo ! Ii kn: (êlo). ar. wit bngs. wringin wohe gêdhe-gêdhe.
(lob) :
ngêlob-lob kn. pucêt sêmu ijo.
loba :
(S) kw. 1 murka, ora nrima ing pandum; 2 bathi.
lobak :
kn. ar. sayuran.
lobang :
(M) êngg. pc. jugangan (sing arêp ditanduri têbu); ng-[x]: gawe jugangan; kc. lubang.

--- 281 ---

lobar ~ lombo.

lobar :
êngg. kn. lêga, kobèt, turah-turah.
lobêrji, lobêrci :
(W) kn. pêpindhaning kêkêmbangan dianggo pajangan.
lobis :
êngg. kn. kobis.
lobistha :
(S) kw. murka bangêt.
lobo :
êngg. kn. lobok.
lobok :
kn. 1 logro, ora sêrêt tmr. anjing-anjingan, ali-ali lsp; 2 (ut. [x]-an) blatèr, gampang anggone têtêpungan.
lobong :
I kn. kêmbang ceme; 2 ar. gêndhing. II di-[x] kn. didolop sarana dikalahi dhisik tmr. main lsp.
lokha :
kc. lukha.
lochimachful :
(A) kn. kitab kang ngêmot takdiring manungsa.
lod :
I di-[x]-ake êngg. pc. dicoba supaya digdaya tmr. jago. II kw. ak. sêgara.
lodaka :
kw. ak. banyu.
lodan :
kn. ar. iwak gêdhe ing sêgara (klêbu kewan nusoni).
lodok :
I kn. sungsum ing ula-ula. II di-[x] kn. digosok têlake (nganggo driji).
lodong :
1 pc. jêmèk, lèdèng; 2 êngg. lara ngising; 3 ks. mati.
lodra :
kw. kc. rodra.
lodrog :
kn. lèdrèg, jêmèk.
lojèg :
êngg. kn. lodhèg.
(lojèh) :
di-[x] êngg. pc. ditojoh, dijojoh.
loji :
(W) kn. 1 omah gêdhong, omahe bangsa kulit putih; 2 êngg. bètèng saradhadhu; 3 êngg. pakampungane bangsa Walanda (sing omahe gêdhong-gêdhong).
lojok :
ng-[x] kn. 1kêladuk maju; 2 luwih saka mêsthine.
lodhèg :
kn. oglak-aglik marga ora sêrêt (lobok).
lodhèh :
kn. ar. jangan.
lodhên :
êngg. kn. gidhên (2½ sèn).
lodhoh :
kn. bosok wite ut. oyode tmr. pari (marga ama).
lodhong :
kn. 1 bumbung gêdhe kanggo wadhah banyu lsp; 2 ([x] bêling) sêtoplès.
(log) :
di-[x] pc. dilêg.
loga-lagi :
êngg. kn. loncang-lancing, ijèn thil.
logat :
(A) kn. 1 swaraning têmbung; 2 basa; 3 makna, têgêsing têmbung; 4 (kitab [x]) bausastra; di-[x]-i: ditêgêsi, dijarwakake.
logok :
kn. sogok; di-[x]: disogok, dilodok.
logor :
êngg. kn. gogrog saka ing wit; kc. togol.
logrèg :
êngg. kn. lodhèg.
logro :
kn. 1 lobok; 2 kêndho, ora sêrak tmr. gurung.
loh :
kn. akèh banyune sarta subur tmr. lêmah; iwak [x]: iwak banyu (kali).
lohat :
kn. logat.
loh jinawi :
kw. loh bangêt.
lohilmakpul :
kn. kc. lokhilmakpul kn. pc. lokhilmakhful.
lohita :
(S) kw. abang.
lohor :
kn. wayah lan sêmbahyangan luhur (jam 1).
loyang :
I (sêga [x]) kn. sêga aking disantêni tumuli diliwêt manèh. II êngg. kn: kuningan. III akik [x] kn: akik kuning (sêmu putih).
loyo :
pc. aras-arasên (ringkih) marga kakèhan mêlèk.
loyop :
kn. 1 êngg. ngadêg dhoyong arêp rubuh; 2 dhoyong (ora jêjêg); 3 (matane [x]) ngantuk bangêt; 4 pc. kêsêl (sayah) bangêt, tanpa daya.
(loyor) :
di-[x] kn. dikumbah ing landha tmr. lawon sing arêp dibathik; kc. kêthèl.
lok :
I kw. sumur; di-[x]-ake kn. 1 dibêngoki marga konangan; 2 diaruh-aruhi marga ana cacade; kc. alok. II (ut. [x]-an) êngg. kn: sok; kc. gilok.
loka :
I (S) kw. jagat. II (S) kw: (aloka) pangalêm, suwur; ka-[x]: 1 kaalêm ing akèh; 2 misuwur.
lokaya :
br. jagat; kc. loka.
lokak, loklak :
êngg. kn. lukak.
lokamandhala :
(S) kw. lumahing jagat.
lokananta :
kn. gamêlan ing kayangan.
loke :
kn. 1 luke; 2 ar. kara.
lokendra :
(S) kw. (loka indra) ratuning jagad.
lokeswara :
(S) kw. (loka iswara): ratuning jagat.
lokèt :
I êngg. kn. gêmbès, kanthong. II (W) kn. cêndhela cilik ing papan adol karcis lsp.
lokika :
(S) kw. ak. kadonyan, wong donya.
lokita :
kw. lukita.
loko :
êngg. kn. lokro.
lokomotif, lokomotip, lokomontip :
(W) kn: mêsin êndhas-êndhasan sêpur.
lokro :
kn. kêndho lan ucul tmr. tali lsp; ng-[x]: kêndho, ora kêncêng atine.
lokrok :
kn. bosok rusak babar pisan, bobrok.
lola :
I kn. wis ora duwe bapa-biyung; [x] bapa (biyung): bapakne (biyunge) wis mati. II (S) kw. ak. obah, owah.
loling :
kn. ting sing digawe dluwang kêna diringkês (lêlêmpitan).
lolita :
(S) kw. obah, gorèh, adrêng bangêt.
lolya :
(S) kw. kc. lolita.
loloh :
ki. jamu, jêjamu; di-[x] kn. dipakani sarana kalêbokake ing cucuk (didulang tmr. manuk); di-[x]-ake: 1 dijêjêlake ing cangkêm; 2 diloropake marang panggonaning mungsuh; ke-[x]: kêplantrang, kêlorop.
lolor :
êngg. kn. lolos; di-[x]: dilolos, dicopot.
lolos :
1 kn. copot lan ucul saka ing bêngkêkane tmr. sada ing sapu lsp. ucul mrucut tmr. gêlang, ali-ali lsp; 2 êngg. budhal, mangkat; 3 ki. minggat; di-[x]-(i): 1 didudut tmr. barang-barang sing dawa-dawa, up. sada di-[x]; 2 dicopot tmr. ali-ali, gêlang lsp.
lom :
kn. 1 pucêt ngêlob-êlob; 2 êngg. ngêlih.
loma :
kn. sênêng wèwèh, ora cêthil.
lomban :
êngg. kn. lumban; kc. lumba.
lombo :
êngg. kn. 1 kuthuk, tutut; 2 busuk; di-[x]: diapusi.

--- 282 ---

lombok ~ lorod.

lombok :
kn. ar. têtuwuhan wohe rasane pêdhês dianggo nyambêl lsp; dene jênênge warna-warna, up. [x] gadhing, [x] rawit lsp; di-[x]: diusari ing lombok; [x]-ên: krasa panas bangêt marga mêntas nyêkêl lombok.
lomoh :
êngg. kn. lumuh.
lompong :
kn. gagange godhong lumbu, kimpul lsp; [x]-an: 1 bolongan (ing pipa, mriyêm lsp); 2 bolongan (lawangan); ma-[x] (mlompong): marga tanpa tinutupan tmr. bolongan.
lon :
kw. alon; [x]-[x]-an kn: alon-alonan.
(lonjok) :
kn. lojok; ng-[x]: nglojok.
lonjong :
kn. bundêr êndhog; [x] mimis (botor, widara): pêpindhaning mlayu bantêr bangêt.
lonjor :
kn. wilanganing barang sing dawa-dawa kaya dene têbu, pring lsp. (pring sa-[x]): kc. slonjor.
londhah :
êngg. kn. rêmbên, rêndhêt.
londho-londho :
kn. katon ringkih ut. busuk.
londhog :
êngg. kn. alon.
londhok :
I êngg. kn. alon; kc. londhog. II êngg. kn. bunglon.
londhot :
êngg. kn. 1 ar. ama; 2 lokro tmr. sêkrup lsp.
lontar :
kn. 1 (ron tal) godhong tal ing jaman kuna digawe layang; 2 êngg. layang buku.
lontop :
kn. 1 suduk kang diwrangkakake ing têkên; 2 lantaking ububan; 3 êngg. jlegor.
(lontor) :
ng-[x] ks. mangan, ngombe.
lontrong :
I êngg. kn. dalan cilik. II [x]-[x] ut. lontro-lontro kn. lunga karo mrêngut (nêpsu).
loncang-lancing :
kn. ijèn tanpa anak bojo; kc. lancing.
loncèng :
kn. 1 gêntha jam; 2 jam; 3 jam kandhutan, arloji.
loncom :
I êngg. kn. 1 tempe bosok; 2 ar. jangan. II di-[x]-ake êngg. pc. diloropake, dilolohake; kc. loncong.
(loncong) :
ng-[x] êngg. kn. nglojok, kêbablasên (kêsasar) lakune; di-[x]-ake: diblasukake, diloropake.
lonthang :
I kn. 1 corak lorèk warna-warna; 2 ar. têmbang têngahan lan ar. gêndhing. II [x]-[x] kn: mlaku lêgèh tanpa nggêgawa apa-apa.
lonthe :
kn. 1 brêm (bngs. kuwawung cilik); 2 palanyahan.
lonthèng :
kn. mawa warna dlêmok-dlêmok sing seje karo dhasare; di-[x]-i: didlêmoki dianggo têngêr lsp.
lonthong :
kn. 1 (kupat [x]) sêga sing dibuntêl ing godhong saèm. lêmpêr; 2 êngg. bngs. sabuk.
lonyo :
[x] cangkême pc. sawiyah-wiyah gunême.
lonyoh :
kn. lodrog (ilang kulite) marga digodhog, kêna wedang lsp; ma-[x] (mlonyoh): 1 lodrog marga kagodhog; 2 nglinyam kulite marga kêna wedang lsp.
lonyok :
êngg. kn. lucu.
lonyot :
[x] cangkême pc; dhêmên gunêman saru (crêmêdan).
long :
I di-[x]-i kn. 1 disuda (dijupuk) sathithik; 2 dikurangi; ka-[x]: suda sathithik marga dilongi. II kn: mêrcon gêdhe; [x]-[x]-an: mêrconan. III ang-[x], ang-[x] jiwa kw: susah, sêdhih, ngênês.
longa-longo :
pc. linggih mênêng bae kaya tanpa gagasan; kc. plongo, mlongo.
longan :
kn. longkangan ing sangisoring ambèn, lincak lsp.
longgang :
êngg. pc. lowah, longkang.
longgar :
(M) kn. 1 pc. kobèt, lêga, jênggar; 2 isih durung sêsêk (kêsusu) wêktune; 3 lobok, logro; di-[x]-i: 1 diwènèhi papan sing longgar; 2 diwènèhi kamayaran; ka-[x]-an: kamayaran, inah.
longgor :
I kn. 1 gêlis gêdhe tmr. bocah; 2 katon gêdhe dhuwur tmr. bocah; di-[x]-i: dipilihi tmr. wulèn pari sing arêp dianggo wiji. II êngg. kn: ngêlak bangêt, ngorong.
longkah :
kn. ar. têtabuhan.
longkang :
kn. lowah, mawa antara (sêla-sêla); 2 (ut. [x]-an) lowahan, papan sêla-sêlaning omah loro lsp; sasi [x]: sasi Dulkangidah; di-[x]-i: 1 dilowahi, didèkèki longkangan; 2 dilowongi tmr. giliran.
longkèh :
kn. 1 ([x]-[x]) mlaku lembeyane sêblak-sêblak; 2 ar. gêndhing.
longkrang :
êngg. kn. longan.
longlang :
ut. [x]-[x] pc. kêdawan, katon mêncongol dawa.
longlongan :
I kn. olèh-olèhane ngêlongi; kc. long. II kn: mêrconan; kc. long.
longo-longo, longong :
pc. linggih mlongo; kc. plongo, mlongo.
longok :
ut. [x]-[x] kn. 1 ndêngongok nèngarêp; 2 lena, kurang wêweka; ng-[x]: nglangak, ndêngongok.
(longop) :
[x]-an kn. 1 lompongan, bolongan; 2 êngg. dalan cilik ing longkanganing gêdhong gêdhe-gêdhe.
longsor :
kn. mlorod jugrug dening kasêntor ing banyu.
(lopa) :
di-[x] kn. diwènèhi rêruba, dibêsêli.
lopak-lopak :
kn. pêthèn êmas ut. slaka dianggo wadhah kinang lsp.
lopèrès :
kn. lupèrès.
lopêr :
(W) kn. 1 wong kang dikongkan-kongkon; 2 ut. lopor êngg. kênèk kang nuntun jaran rakitan (4, 6).
lopis :
kn. ar. panganan sing digawe kêtan.
lopor :
kn. kc. lopêr.
lor :
n. lèr k. keblat kb. kidul; kc. ngalor.
lorah :
ut. [x]-[x] êngg. kn. jurang.
lorèk :
kn. corèk kang nggalêr gêdhe-gêdhe.
lorèng :
êngg. pc. lorèk.
lori :
I kw. gada cilik. II (W) kn. sêpur cilik kanggo momotan têbu lsp.
lor-kidul :
ora wêruh [x] n. bingung.
lor-kulon :
n. lèr-kilèn k. keblat antarane lor karo kulon.
lornyèt :
(W) kn. kaca-mata japitan.
loro :
n. kalih k. wilangan (2); [x]-[x], ngloro: sagolongane loro; diloroni: diêbut loro; [x]-[x] kn. ar. gêndhing.
loroblonyo :
kn. rêca têtironing pangantèn.
lorod :
kn. longsor, larud, lungsur; ma-[x]

--- 283 ---

lorog ~ mabang.

(mlorod) :
1 mudhun ngglangsur; 2 mudhun pangkate lsp; di-[x]: 1 diundurake (dijupuki) turahane tmr. pisuguh (sajèn, panganan lsp); 2 dilungsur tmr. panganggo lsp; 3 diudhunake pangkate; 4 diilangi malame tmr. bathikan sarana dikêbyok ing wedang; [x]-an: pisuguh lsp. sing wis dilorod, sisa; 2 lungsuran panganggo lsp; 3 bathikan sing dilorod.
lorog :
I (ut. [x]-an) êngg. pc. palêmahan ing sawah sing mêndhak (cêndhèk); [x]-an êngg: ênêr ilining banyu. II di-[x] (-ake) kn: 1 disodhokake maju; 2 diwènèhake minangka kanggo nyauri utang; di-[x]-i: disauri sarana barang; [x]-an: 1 slorogan; 2 lèrègan.
(loroh) :
di-[x]-i êngg. pc. diaruh-aruhi; kc. luruh.
lorok :
[x]-[x] êngg. pc. lorèk-lorèk (gêdhe).
lorong-lorong :
kn. katon gêbyar-gêbyar tmr. intên.
(lorop) :
di-[x]-ake kn. dilolohake marang kacilakan; 2 diblasukake; ke-[x]: kêblasuk, kêna ing apus; kêna ing [x]-an: kêlorop, diloropake.
los :
I êngg. kn. 1 lunga, ilang; 2 pc. ayo rikat; di-[x]: diuja; di-[x]-i: 1 dilolosi; 2 dilironi (tanpa tambahan dhuwit); di-[x]-ake: 1 diuja, diuculake; 2 dililakake, dilirokake; kc. lolos. II kn. 1 omah gêdhe dawa (kanggo gudhang); 2 ([x]-blabag) gudhang têmbako. III (W) kn. 1 ikal-ikalan; 2 (bênang [x]) bênang kêlos (bolah plintiran).
losin :
kn. wilangan ana 12 iji.
loslosan :
kn. ijol-ijolan tanpa tombokan; kc. los.
losoh :
kn. bosok, mlênyèk bangêt; ma-[x] (mlosoh): wis êmpuk bangêt, mlonyoh.
losok :
pc. losoh.
losor :
pc. longsor.
lot :
I kw. 1 tansah, pijêr; kc. lod; 2 sabar, sarèh. II (W) kn. layang sing ana angkane kanggo lotre. III (W) kn. timah gilig lancip digandhulake kanggo nyumurupi jêjêg lan orane (cagak, tembok lsp. piranti tukang batu).
lota :
kw. galak; kc. rota.
lotèng :
(C) kn. omah sungsun kang perangan dhuwur; [x]-an: plangitan sing mèmpêr lotèng.
lotis :
kn. bngs. rujak nganggo sambêl pêdhês.
lotlotan-lowe :
kn. 1 ar. dolanan bocah; 2 pc. pitakonan kang mbulêt ora karuwan.
loto :
êngg. kn. goroh; ma-[x] (mloto): omong gêgorohan (umuk umukan), songar.
lotre :
(W) kn. adu bêgja sarana undhi (lot); di-[x]: diundhi.
locan :
kn. kêmbên ut. slendhang sutra dibathik.
locana :
(S) kw. mata; cs. 2.
locita :
(S) kw. pangangên-angên, gagasan.
loco :
ng-[x] kn. 1 nguwêd jangkrik lsp; 2 ngasud kêrtu.
locok :
kn. lantak; di-[x]: 1 dilêmbutake ana ing bumbung nganggo lantak (alu); 2 ks. cumbana; [x]-an: 1 êngg. cocoh kinang; 2 (bêdhil [x]-an) bêdhil lantakan.
lothèk :
I kn. luthik gêdhe; di-[x]: 1 didulit nganggo lothèk; 2 êngg. didulang sêga diulêg banjur kalêbokake ing cangkêm nganggo driji; kc. luthik. II pc: lodhèg.
(lothèng) :
di-[x] êngg. kn. dilonthèng.
lothis :
pc. lowung, lumayan.
lothung :
êngg. kn. lowung, lumayan.
(lotho) :
ng-[x] êngg. kn. 1 ngothong; 2 (jangan [x]) jangan kacang tholo.
(lothong) :
ng-[x] êngg. pc. ngothong.
lowah :
kn. sêla, longkang; di-[x]-i: dilongkangi; (le)[x]-an: 1 sêla-sêla; 2 longkangan, longopan; 3 sêla-sêla antaraning gunung loro.
(lowak) :
[x]-an êngg. kn. gombalan, rosokan.
lowang :
kn. 1 ar. iwak loh; 2 ar. lêlara kulit.
lowar :
kn. kamban tmr. bolongan kuping, dadi lobok.
lowe :
kn. luwing.
(lowèk) :
[x]-an êngg. pc. cluwokan, lêgokan.
lowèr :
êngg. kn. lowar.
lowung :
kn. 1 sênajan sathithik (ora apik) mêksa lumayan yèn ditimbang karo ora olèh babar pisan; 2 lumayan.
lowok :
êngg. pc. lowong.
lowong :
kn. 1 kothong, durung isi tmr. pangkat lsp. durung diisèni tmr. cathêtan lsp; 2 ora nindakake pakaryan kang pancène ajêg katindakake, nglongkangi giliran nyambut-gawe lsp; ng-[x]: nglakoni ora mangan apa-apa; di-[x]-i: ora diisèni, ora ditindakake gilirane; [x]-an: kothong (durung ditêtêpi) tmr. pangkat lsp.
lra :
kw. ak. sumêbar, wrata; kc. lumra.
lwa :
kw. jêmbar, amba.
lwah :
kw. kali; kc.loh.
lwan :
kw. lon (alon).
lwang :
kw. long (kalong), suda, mati, rusak.
lwat :
a-[x] kw. alot, kiyat, rosa.
lwih :
kw. luwih.
lwir :
kw. 1 rupa, wujud; 2 kaya, padha karo;; [x]-nya: 1 kaya dene; 2 têgêse, lire; sa-[x]-ing: sarupaning, sakabèhe.

 


miyos. (kembali)
Huruf Jawa: nga lêlêt. (kembali)
Huruf Jawa: pada lingsa. (kembali)
Huruf Jawa: pada lingsa. (kembali)
(le-)lucon. (kembali)