Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D)

Judul
Sambungan
1. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
2. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
3. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
4. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
5. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
6. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
7. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
8. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
9. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
10. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
11. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
12. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
13. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
14. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
15. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
16. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
17. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
18. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
19. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
20. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
21. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
22. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
23. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
24. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
25. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
26. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
27. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
28. Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 28: Z). Kategori: Bahasa dan Budaya > Kamus dan Leksikon.
Citra
Terakhir diubah: 08-04-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

D

da :
(nda) kw. ak. banjur, nuli.
dabag :
kn 1 ak. tabag; 2 gabag; n.-[x] pc: tarap akèh bangêt; [x]-ên: gabagên.
dablag :
kn dabag.
(dablêg) :
n-[x] ks. ndhêndhêng (ora ngrèwès ing pakon, pangundang lsp).
(dadah) :
di-[x] kn. diginda ki 1 dipijêti sarta diurut (tmr. bayi); 2 pc. diingêl-ingêl, dipilara, dikalahake nganti ora bisa sambat lsp; (pan-) [x]-an: tapêl, wêdhak lsp. ubarampene wong ndadah bayi.
dadak :
(n-[x]) kn 1 (kok [x]) têka isih nganggo, ut. kok [x] takon barang, prêlune apa?; 2 êngg. andak iya; 3 pc. enggal-enggalan, rêrikatan; [x] apa?: nganggo nindakake apa?; [x] ora: andak ora, apa ora; n-[x] mangsa pc: nggege mangsa; di-[x]: digarap (dirampungake, digawe lsp) kanthi rêrikatan; [x]-an: 1 panggarape (panggawene lsp) kanthi rêrikatan; 2 enggal-enggalan, rêrikatan; kc. dumadakan, kêdadak.
dadar :
I di-[x] êngg. kn 1 diundhuh (tmr. tala (tawon); 2 ditètèr, dilèlèr (kapintêrane, kabisane lsp); (pan)-[x]-an: pacoban, panglèlèr, èksamênan.. II (ut. [x] êndhog) kn: gorèngan êndhog (sadurunge digorèng diublak dhisik); di-[x]: digorèng (sadurunge diublak dhisik, tmr. êndhog). III n-[x]-i êngg. kn: ndhadhari.
dadar-lèlèr :
kn ganjaran minangka piwalêsing jasa.
(dadèk) :
n-[x] gêni n, n-[x] latu k gawe gêni; kc. dadi, dadèn.
dadèn :
I [x] gêni pc ndadèk gêni. II di-[x]-i êngg. kn: dirakit, ditata, dirampungake.. III [x]-[x] (-an) pc: mung anggêre dadi (maujud); kc. dadi.
dadi :
n. dados k 1 ana ut. maujud saka ing ora ana (ora maujud) dening daya (kuwasa lsp), up. dadine sarana cipta; 2 madêg (ngrênggêp pangkat, sipat lsp) kaya kang kasêbut, up. [x] bupati; 3 malih kaanane maujut, up. [x] awu;

--- 63 ---

dadu ~ dalan.

4 wis rampung panggarape (panggawene), up.klambine wis [x]: 5 mujudi kaya kang kêsêbut ing crita lsp. up. Mas Nata [x] Gathutkaca; 6 lulus (ditampa) ênggone nglêboni èksamên; 7 kêlakon kaya kang disêdyakake (dijangka), up. ênggone jêjodhoan bisa [x]; ênggone nyambut gawe [x]; 8 sida, kêlakon, ora jugar, up. prakatane apa [x]; rêmbuge ora [x]; 9 kalah banjur kudu nggolèki lsp. tmr. dolanan jèlungan, gobag lsp; 10 nitik apa kang kasêbut, satêmah ..., up. [x] kowe ta sing njupuk layangku; 11 pc. marga saka iku, up. jênèh disrêngêni bae, [x] njur ora krasan; 12 (ut. dadia) sênadyan (mêngkono), up. [x]-a disilihake, bok iya sing wis lawas bae; 13 (ut. dadine) kang iku, marga saka iku, mulane; [x] ati n. dados manah k. [x] ing pênggalih ki: 1 (-pikir) tansah dirêmbug (dipikir); 2 sêrik, lara atine; [x] ing ak. [x] lan: jalaran saka iku satêmah, up. [x] lan patine; ora [x] (ng)apa: ora njalari apa-apa; n-[x]: 1 akèh bangêt ênggone awoh; 2 akèh bangêt sing mêtu tmr. laron lsp; 3 wis mêngangah ut. saya gêdhe urube; 4 saya bangêt, saya ndadra; didadèkake: 1 diangkat (digawe, digarap, dipiji lsp) supaya dadi; 2 êngg. dirampungake; 3 dijalari, disêbakake; kc. dumadi, kêdadean, kêdadèn.
dadu :
kn abang ênom.
dados :
k dadi.
(dadra) :
n [x] kn saya bangêt (tmr. piala lsp).
dadya :
br dadi.
dajal-laknat :
(A) kn eblis, setan.
dadi :
(S) kw. ak puhan kênthêl.
daerah :
êngg. kn 1 wêwêngkon, tlatah; 2 wawasaning panêmu (pangrêmbug); kc. derah.
(daga) :
n-[x] kw (wani) mbadal prentah, mbangkang lan nglawan.
dagan :
kn kang kaprênah ing sikil (tmr. wong turu, kuburan); n-[x]: turu (nêtêpi lsp) ana ing daganing kuburan; didagakake: disèlèhake lsp. ing dagan.
dagang :
I kn 1 êngg. adol raja-kaya diidêrake mrana-mrana; 2 nindakake pakaryan dol-tinuku ut. bêbakulan (gêdhe); [x] layar: nindakake dagang sarana lêlayaran; prau [x]: prau momotan barang-barang; wong [x]: sudagar; [x] tuna andum bathi pr: gawe bêcik nganggo lantaran wong liya; di-[x]: 1 ditindakake kaya sacarane wong dol-tinuku; 2 (-lakune) anyang-anyangan lsp. nganggo rewa-rewa lunga (mlaku) supaya diundhakana panganyange; 3 (-gawene) disêsuwe ênggone nggarap gawe supaya akèh buruhane; [x]-an: barang-barang sing diêdol; dêdagangan: bêbakulan, nindakake dagang. II n-[x]-i kn: 1 wiwit bisa ngadêg (mlaku) tmr. pêdhèt, gudèl lsp; 2 gronjalan ing nalikane mêcati; kc. jagang.
dagda :
(S) kw. ak. 1 kobong; 2 pintêr; kc. widagda.
dagêl :
êngg. kn dhagêl.
daging :
kn 1 kêklumpukaning sêrat-sêrat ing awak ing manusa ut. kewan; 2 peranganing wowohan sing êmpuk (sangisoring kulit); 3 (iwak [x] n, ulam [x] k.) iwaking kewan bêlèhan; 4 (ut. kulit [x]) sanak; nitipake [x] saêrêp pr: masrahake anake wadon marang kang ngêpèk bojo; n-[x]: akèh bangêt daginge; kê-[x]-an: nganti kiris ut. kêgêpok daginge.
dah :
pc sabawa nggêtak lsp.
daha :
(S) kw. ak kobong.
dahana :
(S) kw gêni; cs. 3.
dahat :
kw bangêt.
dahgene, dahpuna :
êngg. kn mendah-gene, mendah-puna.
dahneya :
êngg. kn mendahneya.
dahuru :
kn. ak kc. dauru.
dahwèn :
kn sênêng nyruwe (cawe-cawe).
daya :
I kn 1 kakuwatan; 2kakuwatan sing dumunung ing barang lsp. up. bumi diwe [x] panggèndèng; 3 prabawa kang mawa kakuwatan; ndayani: awèh daya (prabawa) marang; kêdayan: kêna ing daya, kêprabawan. II [x]-[x] kn: kalawan enggal-enggalan (kêsusu) supaya (bisa rampung, têkan lsp); sa-[x]-[x]: sawiyah-wiyah, sawênang-wênang.
dayaka :
(S) kw. ak wong kang mêlasi (pêparing).
dayinta, dayita :
(S) kw putri, pramèswari.
dak :
I n. kula k 1 atêr-atêr tanggap mratelakake yèn kang nandangi utama-purusa, up. dak-jupuk; 2 kanggo ing rimbag sananta ut. tandang (mratelakake niyat lsp), up. dak jupukake, dak jupuk. II (ndak) êngg. kn: andak iya! kc. dadak. III kn: kc. êdak.
dakar :
(A) kn umuk (gumêdhe) sarta ambêk sawênang-wênang.
dakik-dakik :
kn 1 pc. bêcik sarta pèni tmr. têtêmbungan lsp; 2 muluk, angèl digayuh tmr. wirasaning ngèlmu lsp.
dak-mênang, daknang :
kn ngunggul-unggulake kuwasane (ambêk sawênang-wênang lsp).
daksa :
(S) kw. ak pintêr.
daksina :
(S) kw. ak 1 kidul, têngên; 2 pawèwèh marang pêndhita.
dakwa :
(A) kn 1 panêrka; 2 wong kang digugat (dipriksa prakarane); di-[x]: ditêrka, diarani nglakoni ala (nyolong lsp).
Dal :
kn ar. taun kang kalima (ing Windu).
(dal) :
dipun-[x]-akên pc. k diwêtokake.
dalah :
I (ut. [x] kn 1 lan uga: 2 karo, sarta (kabèh katut kalêbu). II di-[x] êngg. kn: disèlèh(-ake).
dalal :
êngg. kn amit.
dalan :
n. margi k 1 papan sing dipijèkake dianggo liwat (diambah); 2 kanggo têmbung silihan atêgês kang diliwati, kang diambah, kang diênggo mêtu (mlêbu) lsp. kc. [x] banyu, [x] pangan, pipa [x] kêbul; 3 ent. sarana, jalaran, lantaran; [x] gawat bêcik disimpangi pr: wong sing angèl sratèn-sratènane (ala watake) bêcik disingkiri; dadi [x] suthik nganbah pr: wis êmoh sapa aruh; sarik [x], nyandhung watang pr: prakara sing angèl sarta mbêbayani; ora n-[x] pc: ora ngêrti

--- 64 ---

dalasan ~ daulat.

tata, murang sarak; di-[x]-ake pc: dituduhake marang tata-krama; ke-[x]-an: kêliwatan.
dalasan :
êngg. kn dalah(-an).
(dalèh) :
di-[x] êngg. kn didalih.
dalèr :
kn dalir; n-[x] êngg: ndlarèh, nggalêr.
dalêm :
I ing [x] kn 1 êngg. pc. ing sajroning (layang lsp); 2 ing sajroning mangsa (wêktu), up. ing [x] patang taun; 3 sabên (tmr. cacah, takêran, ukuran lsp), up. ing [x] sadhacin rêga f 9. II kl: 1 omah; 2 (ut. [x] agêng) omah buri (tmr. dalême para luhur); dêdalêm ki: omah-omah (dêdunung, manggon); kang di-[x]-i ki: kang diomahi (diênggoni); ingkang dipun-[x]-i ing pundi?: surasane omahmu ingêndi?; kc. padalêman. III êngg. kn: sêsêbutane wong sing isih darah. IV ki: -mu; 2 e(-ne) tmr. panjênênganing nata, kc. matêdhakakên dhawuh timbalan [x]; kagungan [x] Sitinggil (sitinggile Sang Prabu); 3 (ut. adalêm, abdi-dalêm, abdi-dalêm kawula) aku, -ku.
dalêman :
êngg. kn sawah lsp. kagungane ratu.
dalêr :
êngg. pc gêlar.
(dalih) :
di-[x] kn. ak 1 dikira, disêngguh; 2 didakwa, ditêrka.
dalil :
kn ([x] ing Kur'an) têtêmbungan ing Kur'an; n-[x], [x]-an êngg. pc: dhikiran; kc. tahlil.
dalir :
kn galêran, corekan ing ulêsing kewal lsp.
(dalit) :
di-[x] kn 1 dirapêtake (ditambal) sarana dilèrèki dhêmpul, patri, lêmpung lsp; 2 pc. digêmèni bangêt, diirit-irit bangêt pangane.
dalu :
I knwis matêng bangêt tmr. wowohan; ka-[x] warsa br: kasèp, lungse. II k: bêngi, wêngi.
dalon :
êngg. k cèlèng.
dama :
I kw 1 asor, nistha; 2 bodho. II di-[x]-[x] kw: 1 diugung, diuja ing sapanjaluke (saking trêsnane); 2 diaji-aji; kc. dêdaman.
damar :
I n. dilah k. êngg diyan. II (ut. [x]-sela) kn: bngs. blêndoking wit dianggo nggilapake kayu lsp.
damba :
(S) kw. ak krenah, kajuligan.
damèn :
kn wit pari (garing); kc. dami.
damêl :
k gawe; dêdamêl k: gêgaman.
dami :
kn 1 wit pari; 2 (ut. damènan) tumpukan damèn ing sawah; 3 sêrat-sêrating nangka sing ora enak dipangan.
dami-têlês :
kn kuning sêmu abang (tmr. ulêsing jaran).
(damu) :
di-[x], didamoni kn disêbul sarana diababi.
damu :
êngg. n ko- (tanggap madyamapurusa).
dan :
(ndan) êngg. kn êndang, enggal, nuli.
dana :
(ndana) êngg. pc wc. ngêndi ana! sabawa nelakake ora ngandêl, gumun lsp.
dana :
(S) kn 1 pawèwèh mana suka (kanggo kautaman); 2 (ut. dêdana) awèh apa-apa kanggo kautaman; didanani: diwènèhi dana; didanakake: diwènèhake minangka dana; kêdanan: kêpotangan bêcik.
dana bau :
kn dêdana sarana nyambutgawe tanpa pituwas.
dana-driyah :
kn nindakake kautaman sarana dêdana.
dana-jriyah :
êngg. kn dana-driyah.
dana-krama :
kw ngêrti tata-krama.
dana-raga :
kw saèm. dana bau.
danar-danar :
pc kuning ngrêsêpake (praène wong wadon).
danas :
êngg. kn nanas.
danawa :
(S) kw buta.
danawira :
(S) kw. ak wong kang sênêng dêdana.
dandan :
n. dandos k tata-tata ngêtrap panganggo (sandhangan), macak; [x]-[x] (omah): gawe ut. tambal-sulam omah; di-[x]-i: 1 dipacak, dianggon-anggoni sandhangan; 2 dibênakake (dipulihake) tmr. barang sing rusak; 3 ditata lan dipajang-pajang; didandakake: diêtêrake lsp. supaya digawe (didandani); [x]-an: 1 prabot pêprincèning omah, kreta lsp. sing pêrlu-pêrlu; 2 sandhang-panganggo (kang kanggo yèn ana kapêrluan); 3 (ut. wis dadi [x]-an pc. jaragan, pancèn wis ... (ora susah digunêm); wurung (ora dadi) [x]-an: ora kanggo ing gawe, ora dadi wong sing bêcik.
dandang :
kn. bngs. kêndhil gêdhe lan dhuwur nganggo lambe njêbèbèh (dianggo adang).
daning :
êngg. kn 1 dening; 2 dene; 3 dene (dianggo sabawa nelakake gumun lsp).
danu :
I kêbo (n) [x] . maesa(n)[x] k. ak: kêbo alasan. II (S) kw. ak gêndhewa.
danuja :
I (S) kw. akbuta. II kw: linuwih.
danujiwa :
kw linuwih.
danurdara :
(S) kw. aksatriya, sêkti.
danta :
I (S) kw untu, gadhing; cs. 2 kc. dênta. II (S) kw. ak: sarèh, alon, lirih.
dantên :
êngg. k dara.
danti :
(S) kw. ak gajah.
(dang) :
I di-[x] pcX diêdang; kc. adang, êdang, dang-dangan. II (ndang) êngg. kn: 1 gêlis, enggal; 2 tumuli; kc. andang, êndang.
(dangak) :
n-[x] êngg. knndhangak
dangan :
kn petungan kèhing bêras, jagung lsp. awêwaton kalumrahane sing diêdang (± 8 - 10 kati); kc. dang, adang.
danganan :
êngg. kn gagang, garan, gagang-pèn.
dangdanan :
êngg. kn dandanan.
dangur :
êngg. kn kêtela kaspa.
dangu :
I kn gaganging kêmbang arèn. II 1 êngg. kn: biyèn; 2 k. suwe; 3 êngg. k wêngi. III di-[x] ki: ditakoni.
dangus :
kn ak kêrêng, nêpson.
daugan :
êngg. kn dêgan.
daulat :
kn 1 ak. pangèstu, sawab bêrkahing dhêdhuwuran lsp; 2 ora ana bêgjane: pancèn wis mèh olèh kabêgjan, nanging ora sida.

--- 65 ---

dauru - dede.

dauru :
kn gègèr, orêg-orêgan, ora têntrêm.
daut :
ki ompong; 2 pupak; 3 puput-pusêr; kc. dhaut, kêdaut.
daoke :
(C) kn juragan, pêngarêp (lêlurah); kc. taoke.
dapak :
êngg. kn 1 yèn, mênawa; 2 malah(-an); 3 (ut. [x]-[x] bok mênawa.
dara :
I kn ar. manuk bngs. dêruk, putêr lsp. tapak [x]: 1 ar. têtuwuhan; 2 cagaking gêdêbog kêlir wayang; 3 ar. caraning ngênam ut. ngglamit (tumpang-tumpangan mrapat). II (ndara) kn: wc. bêndara. III êngg. kn: bumbung pandèrèsan. IV (S) kw. ak: bojo, prawan.
daradasih :
(ut. ndaradasihi) kn kêlakon têmênan cocog karo kang katon ing impèn; di-[x]-i, di-[x]-ake: dilêksanani kaya kang katon ing impène.
dara-gêpak :
kn ar. wanguning omah (kampung nganggo èmpèr mubêng); kc. widara-gêpak.
darah :
kn turuning para luhur; kang n-[x]-ake: lêluhur sing nurun-nurunake; kc. dharah.
(darak, daran) :
(di-)[x]-i pc. diarani (disêngguh, dikira).
daraka :
(S) kw. ak. kukuh, têtêp, sabar.
darana :
(S) kw. 1 kukuh, sêntosa; 2 sabar; kc. drana.
darani :
(S)kw. ak. bumi; cs. 1.
darapon :
êngg. kn. supaya.
darba :
(S) kw. ak. sukêt.
darbe :
darbèk êngg. kn 1 apa-apa sing diduwèni; 2 duwe; didarbèni êngg: diduwèni.
darès :
kn ar. manuk saba bêngi.
(dari) :
n-[x] êngg. kn ndadari (ndhadhari).
daridra :
(S) kw. mlarat, kêcingkrangan.
darya :
(S) kw. ak 1 sarana, pikukuh, sêntosa; 2 ati, watak.
darma :
I (S) kw. ak1 kawajiban, kautaman, panggawe bêcik; 2 wêwarah, anggêr-anggêr; 3 papan suci, candhi, kuburan. II kn. (darmi k.ak) 1 (ut. sa-[x]) nindakake apa-apa mung marga nêtêpi kawajibane; 2 panjurung (pasumbang) saèm. dana; didarmani: diwènèhi darma; didarmakake: didanakake; kc. dêrma, sadêrma. III kw: bapa; kc. sudarma.
darmaja :
(S) kw. ak turuning wong utama, darah lsp.
darmakausala :
(S) kw. ak pakaryan kautaman.
darmalaksana :
(S) kw. ak ulah kautaman, nindakake adil.
darmasastra :
(S) kw. ak Kitab Suci.
daru :
kn bngs. lintang alih kang sumunar padhang; kêtiban [x]: olèh pulung (wahyu, kabêgjan).
darubêksi, darubêsi :
kn (kêna ing [x]) (kêna ing) guna-gawe (krenah, tuju, tênung, racun lsp).
daruna :
êngg. kn 1 sabab, jalaran; 2 marga saka iku, awit.
(durung) :
n-[x] ngaji ut. maca kur'an (bêbarêngan) ing sasi Pasa); [x]-an: bêbarêngan padha maca kur'an; kêdarus.
darpa :
(S) kw 1 wani, kêndêl; 2 galak, umuk.
darpaya :
kw kc. darpa.
darpana :
(S) kw. ak pangilon.
darpita :
(S) kw. ak kêndêl bangêt.
darsana :
(S) kw. ak conto, tuladan; kc. sudarsana.
darwya :
kw. ak: duwe.
das :
kn têtêngêr awujud bundêran, 0.
dasa :
I (S) kw puluh: dwi-dasa kw: 20; sa-[x] k: puluh-puluh. II (S) kw. ak: 1 batur; 2 juru amèk iwak.
dasan :
(-an) k puluhan.
dasih :
(S) kw batur, batur wadon.
dastha :
(S) kw. ak lêbur, rusak.
dat :
(A) kn kang mêngku sipat (kaanan).
datan :
kw ora.
datapati :
kw. ak srêngenge.
datar :
kw. ak ora.
datatita :
kw. ak sawuse iku (banjur), sigêg.
(datuk) :
n-[x] êngg. kn 1 manuh, kulina; 2 wis pundhuh (pintêr).
datullah :
(A) kn dating Allah.
dat-sabên :
pc adat sabên.
dawa :
n. panjang k, 1 kb. cêndhak; 2 dianggo têmbung silihan ngêmu surasa: nglantrah, nglantur, rowa, suwe lsp. up. [x] umure (bisa urip nganti suwe), yèn dipikir [x] (kanthi wawasan sing rowa), kêtiga [x] (nganti suwe), layange (critane) [x] bangêt (nglantrah, ora ringkês); 3 ujur up. palêmahan [x]-ne 45 m; [x] tangane: clêmêr; didawani: diwuwuhi dawane; didawakake; diulur, digawe supaya luwih dawa; kê-[x]-[x]: kêbanjur-banjur, dadi saya rowa (nglantrah).
dawala :
kw. ak 1 putih; 2 bngs. tali sutra sumampir ing pundhak dianggo nancang dodot (lmr. ing rêrênggan wayang).
dawata :
(S) kw. ak têpi, pinggir.
dawêg :
I êngg. kn 1 wis tutug, wis katog; 2 sêdhêngan; di-[x]-ake; dikatogake. II k. ak: lagi. III pc. êngg: ayo, ênya, mara!
dawêgan :
êngg. kn dêgan.
dawir :
kn sêmbir ing pinggir (tmr. kuping).
de :
I kw 1 ak.gawe; 2 dene; 3 dening. II êngg. n: di-. III (nde) êngg. pc: duwe.
debagan :
pc nggolang-nggoling jêmpalikan (marga sayah lsp); kc. deblag, gêdebag.
dèbès :
pc alus sarta bêcik panatane (tmr. sandhang-panganggo).
(deblag) :
n-[x] pc katon jêmbar sarta sêntosa tmr. dhadha; di-[x], didhèblêg êngg. kn: 1 digablog; 2 dipopok (diurug) tmr. galêngan lsp.
(dèblèg) :
n-[x] pc rantap sarta kêbak, êmplèk-êmplèkan.
(deblo) :
n-[x] kn. ak ndèblèg.
dede :
k dudu.

--- 66 ---

deha ~ dêdêg - pangadêg.

deha :
(S) kw. ak badan, awak.
deyan, deyane :
êngg. kn bok mênawa, rak iya ta.
dèk :
I êngg. pc sangka; kc. kadèk, kadi. II [x]-e (-ku, -mu) êngg. pc: duwèke (-ku, -mu).
(dèkèk) :
dipun -[x] k didokok.
dèkèng :
awak [x] pc awakku, aku dhewe.
dèkna :
I êngg. pc mulane; kc. kadèkna, kadèkneya. II (ndèkna, ut. ndèkne, ndèkneya) êngg. pc: andèkne.
dèkpuna :
(ndèkpuna) êngg. pc sênadyan mêngkono ewadene ...; kc. andèkne.
dèlan :
êngg. kn trasi.
dele-dele :
êngg. pc sabawa nelakake gumun.
(dèlèh) :
di-[x] êngg. kn disèlèh, didokok.
(dèlèk) :
I di-[x] êngg. kn disèlèh, didokok. II di-[x]-i êngg. kn: didhèdhèki.
(dèlèp) :
I n-[x] êngg. kn 1 ndhèwèki; 2 nekad; 3 takad. II di-[x]-i êngg. kn: didhèdhèki.
(dèlèr) :
n-[x] kn mili ndlèwèr.
(demblo) :
n-[x] kn kandêl êmplèk-êmplèkan.
dèn :
I kw 1 di-, up. dèn-prajaya; 2 di(pakon alus), up. dèn ngati-ati. II pc: 1 sêsêbutane wong sing isih darah; 2 êngg. sêsêbutane wong lanang (sing klêbu têngahan); kc. radèn.
dèn-ajêng :
pc radèn ajêng.
dèn-ayu :
pc radèn ayu.
dèn-bèi :
pc radèn ngabèhi.
dene :
kn 1 (ut. [x] kok) pc. têka, kok, up. kowe mau saka ngêndi, [x] esuk-esuk wis ana ing kene; 2 pc. (ut. awit [x], sabab [x]) amarga saka, up. nêpsune ora bisa lilih, awit dene piwaduling bojo; 3 awit (sambunganing ukara kang mratekakake karana, ut. wêtuning pangrasa: susah, bungah, isin, marêm lsp), up. lêga rasaning atiku, [x] bisa kêtêmu karo kowe; sangêt nuwun, [x] panjênêngan sami karsa rawuh; 4 (ut. ana dene n. wondening k) ananging, mung, mung, up. yèn panêmuku bêcik mêngkene bae, [x] panêmu êmbuh; pajêg saubarampène wis dak-sahi kabèh, [x] (ana dene) pasumbang durung; 5 (ut. padha dene) padha bae, up. bocah loro kuwi pancèn padha dene nakale; kc. sêsirahe têmbung-têmbung camboran kang nganggo dene.
dene :
(ndene) êngg. pc andèkne
dènèng :
kok, -si êngg. kn 1 dene kok; 2 geneya, sabab apa, kêpriye; kc. dene, dening.
dening :
1 (ut. [x] kok) êngg. pc.dene kok; 2 br. marga saka, up. tibèng nistha [x] kumudu utama; 3 br. karana (karo), up.mêsthi mati [x] gêni; 4 br. marang, karo (ancêr-ancêr kang nindakake tmr. ukara tanggap), up. Nama-namaning rimbag têmbung Jawi mawi tuladha, katata [x] R. Sasrasoeganda; 5 (sabab) [x] apa êngg. pc: sabab apa, geneya; kc. dene.
dènira :
kw 1 (ut. dènya) dening dhèwèke; 2 dening kowe (ko-); 3 ênggone, olèhe.
dènta :
kw dening kowe.
dèntên :
êngg. k dene (ananging, mung).
dènya :
kw 1 dening dhèwèke; 2 ênggone, olèhe.
(dèngèk) :
n-[x] êngg. pc ndhangak; kc. dhêngak.
dèngkèk :
kn bengkong gêgêre.
dera :
kw dening.
derah :
I êngg. kn ndleya; n-[x] pati br: nekad nêmaha marang pati (nekad pati). II (A) kn. ak: 1 gêgambaran (pêpindhan) sing ngêmu wirasa dakik-dakik (muluk); 2 wawasan, andharan; kc. daerah.
dèrèng :
k durung.
(dèrès) :
n-[x] kn 1 ak:.mbêdhèl, mbêdhah; 2 amèk lêgèning krambil lsp. sarana kapagas manggare (dangune tmr. arèn) banjur ditadhahi ing bumbung; 3 amèk banyune wit sarana dipagas oyode banjur ditadhahi; banyu [x]-an: banyu olêh-olêhane ndèrès; krambil [x]-an: wit krambil sing mung dialap lêgène.
desa :
1 (S) kw. ak. panggonan, keblat; 2 n. dhusun k. gêgrombolaning pomahan ing sajabaning nêgara (luwih gêdhe tinimbang dhukuh); njajah [x] milang kori pr: njajah mênyang ngêndi-êndi; [x] mawa cara, nêgara mawa tata pr: ing sabên panggonan duwe padatan (tata-cara) dhewe-dhewe; ndesani: kaku, ora luwês; padesan; kaklumpukane desa-desa, wêwêngkoning desa.
detya :
(S) kw buta.
dewa :
I (S) kn roh luhur sing dianggêp nguwasani salah sijining kodrat (ing crita); kêndhit mimang kadang [x] pr: luput ing bêbaya (kacilakan); di-[x]-[x] pc: dipundhi-pundhi; kadewan: 1 padunungane pada dewa; 2 sipating dewa; 3 agama ngabêkti marang para dewa; 4 jaman nalikane para dewa isih sok ngejawantah. II n-[x] êngg. k: ndèrès.
dewaji :
kw (dewa aji) panyêbut marang ratu.
dewalaya :
(S) kw. ak kadewan, kayangan.
dewan :
wong [x] êngg. kn wong ndèrès.
dewana :
(S) kw. ak sorot, cahya, linuwih.
dewananggana, dewanggana :
kw widadari.
dewangkara :
kw srêngenge.
dewata :
(S) kw dewa; manuk [x]; ar. manuk wulune endah bangêt; kadewatan: kadewan; kc. jawata.
dèwi :
kw 1 dewa wadon; 2 sêsêbutaning putri, widodari.
(debal) :
di-[x] êngg. kn digêbal.
dêbog :
pc gêdêbog.
(dêdah) :
dipun-[x]-akên êngg. k dituduhake.
dêdaman :
êngg. kn dhuwit lsp. sing diêmi-êmi bangêt marga wis ora ana tunggale; kc. dama.
dêdamêl :
k gêgaman.
dêdêg :
kn. dhuwuring pawakan (ut. barang); sa-[x]: dhuwure (jêrone) padha karo dêdêging wong; n-[x]-i ak: mara-dhayoh ing panggonane wong duwe gawe lsp, njênêngi.
dêdêg-pangadêg :
(-piadêg) kn wanguning pawakan.

--- 67 ---

dêdêg-pangawe ~ (dêngèngèk).

dêdêg-pangawe :
sa-[x] kn dhuwure (jêrone) sadêdêg punjul sadawane tangan diacungake munggah.
(dêdêl) :
I di-[x] kn diênêtake, disodhokake supaya mênga (tmr. lawang lsp). II n-[x] kn: 1 mumbul, muluk; 2 ent. saya dhuwur pangkate, saya sugih, saya mundhak-mundhak.
dêdêr :
I kn 1 garan panah; 2 landheyan; 3 êngg. ukiran (ing kêris). II di-[x] êngg. kn: disodhokake, dicêngkah; ([x]-)[x]-an: cêngkah-cêngkahan, sodhok-sodhokan.
dêdosan :
kn 1 pasakitan; 2 wong dosa; kc. dosa.
dêdrêg :
kn padha dene êmoh kalah (rame, tmr. kêrêngan, pêpadon).
dêg :
I êngg. pc dawêg (ayo, ênya, mara!). II di-[x]-i kn: 1 êngg. ditrapi (dipasangi, disèlèhi) apa-apa sing ngadêg, up. di-[x]-i omah (bêndera, tumbak lsp); 2 pc. didêdêgi (dijênêngi); di-[x]-ake pc: 1 dipasang (ditrap, disèlèhake) ngadêg; 2 digawe (tmr. pêkumpulan lsp); 3 dijunjung, didadèkake, up. di-[x]-ake ratu; kc. adêg.
dêgan :
kn krambil ênom (sing banyune isih lêgi).
dêgrès :
êngg. pc gêndhêng.
dêgsura :
kn ora ngêrti tata-krama, kurang ajar.
(dêkêp) :
di-[x] kn dicêkêl (ditutupi) sarana tangan dikuwungake (dikurêbake).
dêkung :
kw mbêngkêluk, têtikungan; n-[x] kn: linggih ndhungkluk; di-[x]: 1 kw. dijêblèsake ing dhêngkul; 2 êngg. kn. ditandur (sarana turus); [x]-an êngg: turus (pang lsp. sing ditandur).
dêksina :
kw kidul; kc. daksina.
dêksura :
kn ora ngêrti tata-krama, kurang-ajar.
dêl :
mak [x] kn sanalika mumbul; kc. dêdêl.
(dêlah) :
di-[x] êngg. kn disèlèh(-ake).
dêlahan :
kw (ing) têmbe, akerat.
dêlalah :
pc dilalah.
dêlap :
kn arêpan, kumudu-kudu ngêpèk (njaluk) darbèking liyan; [x]-[x]-e pc: têka arêp (gêlêm, sudi).
dêlapon :
êngg. kn supaya; kc. drapon.
dêlasan :
êngg. kn dalasan, dalah.
dêle :
êngg. pc. dak-dêlênge!
(dêlèk) :
di-[x] êngg. kn digolèki.
dêlèr :
I kn sêsêbutane para warga Rad Indiya. II n-[x] êngg. kn: ndilir, ndlidir, elur.
dêlêg :
kn 1 kayu lajêr (pokok) ing wit; 2 kutuk gêdhe; 3 (ut. [x]-e) pokoking rêmbug, prakara lsp; 4 (ut. [x]-an) gulungan têmbako; di-[x]-i: digulungi tmr. têmbako.
dêlêm :
êngg. kn bêruk (dianggo wadhah banyu).
dêlêng :
[x]-e, [x]-ane n. tingalipun k katone, sêmune; di-[x] n. dipuntingali k. dipriksa, dipriksani ki: 1 ditonton; 2 ditamatake, diingêtake; 3 pc. dititipriksa (tmr. pagawean lsp); kc. pandêlêng.
dêlês :
I kn tulèn, murni (tmr. sêduluran, turun, asal lsp); ula [x] êngg: ula dumung. II êngg. kn: ucêng-ucêng clupak.
dêli :
pc dak-dêlênge!
dêlik-dêlik :
êngg. kn amba (mênthêlêng) matane; kc. mêndêlik, pêndêlik.
dêling :
I kn ak. cêtha (katon, krungu); 2 kw. têmbung gunêm; di-[x]-ake: ditilingake, dirungokake têmênan; kc. dumêling. II k: pring.
dêlir :
I kn sêsêbutane warga Rad-Indiya, II di-[x]-[x]-ake kn: disrêngêni (dituturi) kanthi ditêrang-têrangake; kc. jêlir.
(dêlul) :
n-[x] êngg. kn ndleya, nggugu karêpe dhewe.
(dêloh) :
di-[x] êngg. kn disèlèh(-ake).
(dêlok) :
di-[x] êngg. pc didêlêng: [x]-i êngg. pc. dakdêlênge
(dêmak) :
di-[x] êngg. kn didêkêp.
dêmang :
kn. 1 ak. lêlurahing bêkêl (karèrèhane mantri ut. wong kang duwe sawah) ngiras dadi lêlurahing kapulisèn; 2 sêsêbutane sawênèhing abdi-dalêm: 3 ak. sêsêbutane glondhong (lurah desa); 4 ak. saèm. asistèn-wêdana; 5 êngg. panggêdhening tanah pêrdikan; ngiras tangkilan: dhayoh lêladi dhewe (ngiras dadi paladèn).
dêmari :
(-nên) êngg. kn lêlaranên sarta rèwèl bae tmr. bayi suson (marga wis kêsundhulan).
dêmbaga :
n. dêmbagi k. êngg, têmbaga.
(dêmèk) :
di-[x] pc didumuk, digrayang, didêmak.
(dêmêk) :
di-[x] êngg. kn didêmak, didumuk.
(dêmênakake) :
n-[x] n. ndêmênakakên k, 1 ora rèwèl sarta ora nakal (tmr. bocah cilik); 2 pc. nglêgakake ati, nyênêngake.
dêmêng :
kw. ak irêng.
dêmi :
kn atas namaning (têtêmbungan ing sumpah), up.[x] Allah.
(dêmimil) :
n-[x] pc tansah gunêman bae; kc. drêmimil.
dêmumung :
êngg. kn grênêngan, grundêlan; kc. drêmumung.
dêmung :
saron [x] kn saron gêdhe.
dêmuwe :
êngg. kn surti ngati-ati marang barang darbèke; kc. duwe.
(dêmok) :
di-[x] kn didumuk, digrayang.
(dênang) :
n-[x] êngg. kn ngonangi; kê-[x]-an: konangan.
dênawa :
I êngg. kn gêbayan (pulisi) desa. II k: buta; kc. danawa.
dênta :
kw 1 gadhing; 2 putih kaya gadhing; kc. danta.
dêntawyanjana :
kw urut-urutaning aksara (hanacaraka).
(dêngak) :
n-[x]) êngg. kn ndhêngak.
(dêngang) :
n-[x] êngg. kn ngonangi; ke-[x]-an: konangan.
(dêngangak) :
n-[x] kn ndhangak.
(dêngap) :
n-[x] kn ngangah-angah kêpengin (mangan lsp); [x]-[x]: ngagak-agak (ndomblong), kêcingkrangan.
dêngarèn :
pc dingarèn.
(dêngèngèk) :
n-[x] pc dumadakan êndhase didhangakake.

--- 68 ---

(dêngingak) ~ dilêm.

(dêngingak) :
n-[x] pc cingak, kagèt.
(dêngkèk) :
n-[x] kn gêgêre mbêngkuk (bangkèkane mlêbu); di-[x](-ake); dibêngkuk (ditêkuk) kanthi karosan; ke-[x]: 1 bangkèkane kêtêkuk; 2 pc. nandhang kapitunan (rêkasa lsp).
(dêngkèng) :
n-[x] kn 1 mbêngkuk mlêbu (tmr. gêgêr, bangkèkan); 2 mbêngkêluk (tmr. têkên, pêdhang lsp).
dêngkêk :
êngg. kn budhêg.
dêngki :
êngg. kn drêngki.
(dêngok) :
di-[x] êngg. pc didêlêng.
(dêngongok) :
n-[x] kn linggih (turon) êndhase ndhangak; kc. jêngongok, jongok.
dêpara :
êngg. pc mokal; kc. dupara.
(dêpok) :
di-[x] êngg. kn digêpok, didêmok.
dêrana :
kw sabar; kc. darana, drana.
dêrap :
(ut. n-[x]) kn nyongklang.
dêrapon :
êngg. kn supaya; kc. drapon.
dêrbala :
sugih n-[x] kn saya mundhak sugih bangêt.
dêrbe :
êngg. kn duwe; kc. darbe.
dêrbis :
kn. ak bngs. mriyêm.
dêrbus :
kn. ak bngs. mriyêm.
dêrbombok :
kn ar. manuk; kc. sribombok.
dêrdah :
êngg. kn congkrah, pêpadon.
dêrêng :
kn bangêt ênggone kêpengin (njaluk lsp); kc. adrêng, kapiadrêng, kêdêrêng.
dêrêp :
I (ut. n-[x]) kn buruh ngênèni pari (opahane pari bawon); [x] tinggal tumpukan pr: ninggal pagawean sing pancèn ngolèhake opah; n-[x] ngêdhok (-kêdhokan) êngg: mèlu nggarap sawah sarta ngênèni (opahane bawon); n-[x] ngrampyang êngg: mung dêrêp thok; di-[x]-ake: diburuhake (ênggone ngênèni). II n-[x]-i kn: wiwit padha nglèthèk (tmr. lara cacar lsp).
dêrês :
I kn 1 ak. bantêr, bancar iline (wêtune); 2 tibaning banyu kêrêp sarta akèh tmr. udan; kc. kadrêsan. II n-[x] kur'an kn: maca kur'an nganti tamat (ing dalêm 7 dina).
dêrês-pathês :
êngg. pc dêrês bangêt (tmr. udan).
dêrganca :
kn sulaya, bèncèng panêmu.
dêrgil :
kn srêgêp ing gawe (sugih akal kang ngolèhake mingsil).
dêring :
I êngg. kn ora. II kn: pinggiraning barang-barang sing njêbèbèh tipis.
dêrkuku :
kn dêruk.
dêrma :
kn kc. darma.
dêrmaga :
n. dêrmagi k. êngg, dalan gêdhe.
dêrman :
kn sugih anak (tmr. wong wadon)'; kc. drêman.
(dêrmèmèl) :
n-[x] pc ndêrmimil.
dêrmenan :
kn. bngs. sêmpritan sing digawe damèn.
(dêrmêmêng, dêrmumung) :
n-[x] êngg. kn tansah grênêngan.
(dêrmimil) :
n-[x] kn tansah gunêman (ndonga lsp).
(dêrmis) :
n-[x] êngg pc sênêng njêjaluk (kaya wong ngêmis); kc. dêrwis.
dêruk :
kn. ar. manuk (klêbu bngs. dara).
(dêrwili) :
n-[x] kn tansah gunêman (sêsambat lsp).
dêrwis :
(A) kn. ak pêndhita Islam sing ulah tapa (ut. tapa ngêmis); n-[x] êngg. pc: sênêng njêjaluk (kaya wong ngêmis).
(dêrwolo) :
n-[x] kn wangkal, wangkod, nggugu karêpe dhewe.
dêstun :
pc. kn 1 sabênêre (pantêse) bae prayoga ... up. bocah nangis ngono kok malah dibêbeda, [x] ditulung apa didolani; 2 (ut. [x] malah) ananging malah, up. ora watak aku arêp ngapusi, [x] malah kowe kuwi! 3 êngg. luwung (luwih prayoga tinimbang liyane), up. [x] iki ta, rada mèmpêr karo contone; [x] dene êngg: ngêmu surasa ora mèmpêr bangêt yèn; [x] mung: pancène malah mung; [x] têmên: bangêt têmên ênggone rêkasa lsp; kc. sêtun.
di :
I n. dipun- k, 1 atêr-atêr tanggap pratama-purusa, up. digawa; 2 pakon alus, up. di-tabêri ing gawe. II (ndi) pc: êndi. III br: wc. adi.
dibya :
(S) kw linuwih, pinunjul; kadibyan: kaluwihan, kasêktèn.
diblêg :
ks dablêg.
digdaya, digjaya :
kw patohan, mênangan.
diksura :
kn ora ngêrti tata-krama, kurang-ajar.
digtya :
kw. buta.
digwijaya :
(S) kw patohan, mênangan; kc. digdaya.
(dihyang) :
ma-[x] jk mati.
(diya) :
diya-diniya kn udur-uduran, pêpadon padha dene ngarani luput.
diyan :
n. dilah k piranti kanggo gawe pêpadhang (nganggo lênga ut. listrik, wujude warna-warna).
diyat :
(A) kn dhuwit dhêndhan ut. têtêmpuhe wong sing dipatèni.
(diyêr) :
n-[x] êngg. kn têrus mêmpêng (ênggone nindakake kang ora bêcik).
diyu :
kw buta.
diyon :
kn pêpadon prakara ênggone padha arêp nandangi pagawean (ana sing njaluk mayar lsp).
dika :
(ndika) êngg. kn. (uga k) kowe, -mu; kc. andika.
(dikakake) :
n-[x] ki dikon; di-ndikakake pc. ki: dikandhakake (kc. clathu, tutur); kc. kon, andika.
dikira :
kw. ak pangkat.
dikdaya :
kw digdaya.
(dikêp) :
di-[x] êngg. kn dikêkêp.
dikir :
kn. ak dhikir.
dikne :
(ndikne) êngg. kn andèkne.
diksura :
kn ora ngêrti tata-krama, kurang ajar.
diktya :
kw buta.
dilah :
k diyan; kc. dumilah.
dilalah :
kn 1 têka kêbênêran, kapinujon; 2. kojur (cilaka) ane!.
(dilat) :
n-[x] kn 1 namakake ilat (arêp ngicipi, ngrasakake lsp); 2 mrèmèn tmr. gêni; idu di-[x] manèh pr: nyêlêd kasaguhane; ndêdilat ks: njêjaluk kalawan ngasih-asih bangêt.
(dilèk) :
di-[x]-i (ut. [x])-i) êngg. pc digolèki.
dilêm :
I êngg. pc dalêm. II kn: ar. têtuwuhan godhonge ambune sêdhêp.

--- 69 ---

(dilêp) ~ dlamong.

(dilêp) :
n-[x] êngg. kn ndhêlik (ora ngaton-ngaton), mênêng bae (ora mèlu cawe-cawe); [x]-ên: rêkasa ênggone nggarap-banyu; kc: kamidêlêpên.
(dilik) :
n-[x] êngg. kn nonton, ndêlêng.
(dilir) :
n-[x] êngg. kn ndlidir,êlur.
dim :
kn 1 1/12 kaki (± 2,54 cm); 2 pc. cm.
diman, dimane :
êngg. kn supaya, karêbèn.
dimar :
êngg. kn damar (diyan).
dimèk :
êngg. kn 1 karêbèn; 2 supaya.
dimèn :
(-e) êngg. kn 1 karêbèn; 2 supaya.
(dimêk) :
di-[x] êngg. kn didêmêk, didêmak.
dimêr :
(ut. n-[x] kn. ak ora maèlu pitutur (nggugu sasênênge dhewe).
dimik :
kn 1 wilahan kayu lsp. nganggo wlirang (dianggo nularake gêni, ngobong omah lsp); 2 êngg. (biting) rèk.
dimik-dimik :
kn jangkahe ciyut sêmu rêkasa (mlaku).
dimok :
(-ne) êngg. kn 1 karêbèn; 2 supaya.
dimon :
(-e) êngg. kn 1 karêbèn; 2 supaya.
dina :
n. dintên k 1 wayah rina; 2 wêktu wiwit plêthèking srêngenge têkan surupe; 3. suwe ning wêktu (awan karo bêngi 24 jam) [x] gêdhe: dina kêbênêr riaya (tingalane ratu lsp); [x] iki: saiki (sajroning dina kang linakonan); [x] wêngi pc: rina wêngi, awan bêngi; ana [x] ana sêga pc: ora prêlu nusahake kang arêp dipangan; sa-[x]-[x]: ing sabên dina tansah; n-[x]: nutug nganti sadina; n-[x]-[x] êngg. dinan (dinanan êngg) n. dintênan k: pangètunge miturut sabên dina (tmr. nyambut-gawe, utang lsp); padinan n. padintênan k: kang kêlakon (lumrah, kanggo) ing sabên dina.
dinakara :
kw. ak srêngenge.
dinar :
(A) kn 1 ak. dhuwit êmas ajine ± f 10; 2 dhuwit êmas (wujude warna-warna dianggo pacakan); [x] ici êngg: dhuwit êmas gêdhene sakêthip (dhuwit Turki ajine ± f 1.20 - f 2.40); ukon: dhuwit êmas gêdhene saukon (dhuwit Inggris 1 sovereign = ± f 11 - f 12); [x] ringgit: dhuwit êmas gêdhene saringgit (dhuwit Amerika 20 dollar = ± f 43 - f 50); [x] rupiyah (-gelo êngg.) dhuwit êmas gêdhene sarupiyah (dhuwit Amerikah 10 dollar = ± f 21 - f 25); [x] talèn: dhuwit êmas gêdhene satalèn (dhuwit Inggris ½ sovereign = ± f 5,50).
dindang :
êngg. kn bencok.
(dinding) :
n-[x](-ake) pundhak kn (mlaku pêpacakan) njêngatake pundhak.
dinèni :
êngg. pc 1 diwènèhi; 2 diênèni.
dingarèn :
kn têka anèh (ora kaya adat sabêne, nelakake gumun).
dingaryan :
jk. dingarèn.
(dingding) :
kn. ak kc. dinding.
(dingkik) :
n-[x] kn ndhêdhêpi namatake (nêlik, ngintip).
dintên :
k dina.
dipa :
(S) kw 1 ak. diyan, obor; 2 ak. ratu; 3 gajah; 4 ak. pulo; kc. dwipa.
dipaya :
br dipa.
dipaka :
kw. gajah; kc. dwipaka.
dipak :
(-e, -na, -ne) êngg. kn 1 karêbèn; 2 supaya.
dipangga :
kw gajah; kc. dwipangga.
dipara :
I n-[x] êngg. kn nglêngkara, mokal; kc. dupara. II kw. ak: gajah; kc. dwipara.
dipati :
wc adipati.
dipatya :
br dipati.
(dipe) :
(ora) n-[x] kn (ora) ngira (nyana).
dipun :
k di-.
dipta, diptya :
kw. ak sorot, cahya.
dir :
kn gumêdhe, umuk; kc. êdir.
dira :
(S) kw. ak kukuh, panggah, kêndêl, wani.
dirada :
kw gajah; kc. dwirada.
diraya :
br dira.
dirèn :
êngg. kn irèn.
dirga :
(S) kw dawa.
dirgama :
pasang [x] kn masang krenah (pangapus, kajuligan); kc. durgama, drigama.
dirgamaya, dirgasana :
kw. ak dhampar.
dirga-mêlik :
kn. ak wulu mêlik (...).[1]
dirga-mêndut :
kn. ak suku mêndut (...).[2]
dirga muraras :
kn. ak têtêngêr pêdhotaning têmbang gêdhe.
dirga-mure :
kn. ak taling aswara ai (...)[3]
dirga-mutak :
kn. ak pêpêt aswara êu (...)[4]
dirgantara :
kw awang-awang.
dirganca :
kn. ak sulaya, gèsèh panêmu.
dirham :
kn dhuwit êmas (nganggo tulisan Arab).
dite :
kw Ngahad.
ditya :
kw buta.
diwayah :
kn. ak (wis -) wis tuwa.
diwangkara :
kw srêngenge.
diwasa :
I kn wis mangsane omah-omah, wis akil balig. II jk: dina.
diwasasri :
(S) kw. ak srêngenge.
diwêg :
êngg. k lagi; kc. dawêg.
diwya :
(S) kw. ak linuwih, pinunjul, sêkti; kc. dibya.
(dladag) :
n-[x] kn 1 mili bantêr; 2 kêndêl.
(dlajah) :
di-[x]-i kn kabèh dicaki (ditêkani, dijajah).
dlajat :
I kn 1 ngalamat (ala ut. bêcik); 2 ak. kabêgjan (sing wis pinêsthi); n-[x]-i: ngalamati, mahanani. II pc. drajat.
dlajêg :
pating [x] pc katon padha ngadêg; kc. dlêjêg.
dlajig :
, pating [x], [x]-an pc padha ngadêg (mlaku wira-wiri) sêmu murang tata. dlalah pc: dilalah.
dlamakan :
kn tlapakaning sikil.
(dlame, dlamèh) :
n-[x] kn tansah gunêman (ngame).
(dlamong) :
n-[x] êngg. kn gunêman clêmongan.

--- 70 ---

dlampu(-a) ~ (dublêg).

dlampu :
(-a) êngg. kn angur, aluwung; kc. lampu.
dlancang :
k dluwang.
dlanggu, dlanggung :
êngg. kn dalan.
dlangkup :
êngg. kn pasangan macan (bêkungkung).
dlapakan :
êngg. kn tlapakan, dlamakan.
(dlape) :
n-[x] êngg. kn ndlame.
dlarèh :
pating [x] kn katon mawa galêr-galêran (corèkan); jlarèh.
(dlarung) :
n-[x] kn kêbanjur-banjur ênggone nggugu sênênge dhewe.
(dlawèr) :
n-[x] kn 1 ndlèwèr; 2 pc. nglawèr kangsrah lêmah; 3 pc. ndleya, ora ngêmên-êmênake ênggone sêmayan lsp.
(dlèdèk) :
n-[x] kn mili mêtu (tmr. barang sing rada kênthêl).
(dlèdèr) :
n-[x], [x]-an kn mlaku-mlaku sêmu mamèrake sandhang-pênganggone.
(dleya) :
n-[x] kn nglirwakake wajib, nggugu sênênge dhewe, sêmbrana.
(dleyah) :
n-[x] kn. ak 1 sarwa aras-arasên (tandang-tanduke); 2 ora pati ngrèwès.
(dlelo) :
n-[x] êngg. kn ndlelah.
(dlèngèr) :
n-[x] êngg. pc rada ndhangak.
dlera-dlere :
kn plerak-plerok ngingêtake wong lanang; kc. blere.
dlèrèng :
I [x]-[x] êngg. kn lorèk-lorèk. II sa-[x]-an kn: sacleretan, satleraman.
(dlèwèr) :
n-[x], [x]-an kn 1 mili mudhun sarta alon: 2 pc. ndleya, ora ngêmên-êmênake; 3 pc. gunêman (rêmbugan) nyimpang saka lajêring gunêm.
(dlêdêg) :
n-[x] têka bêbarêngan akèh bangêt, mili bantêr (sarta akèh).
dlêjêg :
pating [x] kn katon padha ngadêg.
dlêjêr :
pating [x] kn pating dlajêg (dlêjêg).
(dlêlêg) :
n-[x] pc ndhêlêlêg.
(dlêlês) :
n-[x] êngg. pc gêlis êntèk; kc. glêlês.
dlêmèk-dlêmèk :
kn 1 pating blêntong ora ajêg; 2 (- bisa) sathithik rada bisa.
(dlêming) :
n-[x] kn 1 gunêman ora karuwan têgêse (dening lara panas lsp); 2 ks. gunêman sêmbarangan.
dlêmok :
kn 1 blêntong (tilas mangsi lsp); 2 êngg. ciri (kêlakuan), cihnaning kaluputan (salah); pating [x], n-[x]: pating blêntong (gupak mangsi lsp).
dlêmok-cung :
kn isih durung rata, ora padha.
(dlêndêng) :
n-[x] kn 1 tansah mili (ndlèdèk) bae; 2 pc. tansah têrus urut-urutan tanpa kêndhat (towong).
(dlênjêt) :
n-[x] pc lunga mrana-mrana (nggêgolèki).
dlêpak :
êngg. kn jlupak.
(dlidir) :
n-[x] kn elur, ndlidir.
(dlijig) :
n-[x] êngg. kn bêcik (kêpenak ambah-ambahane tmr. dalan).
dligang-dligung :
kn (mloka-mlaku) satêngah wuda.
dlika :
kayu (pring) malang (iga-iganing ambèn lincak, krêtêg lsp).
dlima :
kn ar. wit sarta wohe.
(dlinding) :
n-[x] ks (tansah) bêbanyu.
dliring :
kn janur arèn (digawe nglinting rokok).
dludag :
I kn umbul-umbul tanpa koncèr. II n-[x] êngg. kn: mbludag.
(dludug) :
n-[x] pc têrus nekad (ora pêrduli apa-apa).
(dludur) :
n-[x] pc nekad kurang ajar.
(dludus) :
n-[x] êngg. kn pijêr têtakon bae; kc. dhrudhus.
(dlujur) :
I n-[x] kn 1 nggêjojor jêjêg (tmr. tangan lsp); 2 têrus ngênêr ing; kc. jujur. II di-[x]-i kn: didondomi diganthètake (ut. diblabari).
(dluya) :
n-[x] kn saya bangêt ênggone nglirwakake pitutur (pakon lsp).
(dlundèng) :
n-[x] kn dhuwur sarta kuru (tmr.pawakan).
(dlundung) :
n-[x] kn 1 tansah têrus urut-urutan tanpa kêndhat; 2 ks. bêbanyu; kc. dlêndêng, dumlundung.
(dlurêk) :
n-[x] pc mlêruk (polatan ut. ênggone ndêlêng).
dlurung :
kn kayu sanggan mujur (balunganing omah, krêtêg lsp); n-[x]: saya ndlarung (nekad ênggone nglakoni kang kurang bêcik).
(dlusup) :
n-[x] kn, pc nlusup.
dluwèk-dluwèk :
êngg. pc (gunêman) jêwowak-jêwèwèk.
dluwang :
n. dlancang k 1 ak. klikaning wit dianggo sandhanganing (para tapa); 2 barang tipis kang kalumrah ditulisi, digawe buku lsp.
(dlodog) :
n-[x] kn: ndlodog.
(dlodok) :
n-[x] kn 1 saèm. ndlèdèk nanging luwih akèh; 2 nlotok; 3 ks. bêbanyu; 4 omong umuk-umukan (gêgorohan).
(dlodor) :
n-[x] pc ndludur.
(dlojor) :
n-[x] pc ndlijur, nggêjojor.
(dlole) :
n-[x] katon modot dawa (sêmu nêkuk).
(dlolèr) :
n-[x] kn mêtu modot ndlole; matane nganti n-[x] pc: ênggone ngingêtake ora kêdhèp-kêdhèp.
(dlolo) :
n-[x] pc mêndolo tmr. mata.
(dlomok) :
n-[x] pc kêladuk (tmr. gunêman lsp); ora -[x] pc: 1 têmênan! ora goroh!; 2 ora ilok! (nggumunake).
(dlondèng) :
n-[x] kn dhuwur sarta kuru (tmr. pawakan), dawa mêrit tmr. wêwangunan.
(dlondong) :
n-[x] pc. ks bêbanyu.
(dlondor) :
n-[x] êngg. pc kurang ajar.
dlonyak-dlonyok :
kn têka (mlaku lsp) ora nganggo tata-krama.
dlongah-dlongèh :
kn katon ngrêsêpake (bêcik atine) tmr. wong wadon.
dlongap-dlongop :
kn plonga-plongo.
dlongop :
kn kêmbang cubung (durèn); n-[x]: mlongo.
(du) :
di-[x] n. dipun-(a)bên k 1 ditarungake; 2 digathukake, dijodhokake; kc. adu.
dubang :
kn idune wong nginang.
dubilah :
(ut.setan) pc sabawa nelakake gumun bangêt; kc. ngudubilahi.
(dublag) :
di-[x] pc didulang sarana dijêjêl-jêjêlake (tmr. bayi).
(dublêg) :
n-[x] êngg. kn mênêng ora ngucap apa-apa; kc. jublêg.

--- 71 ---

dublong ~ dumèh.

dublong :
ks sêsukêr; n-[x] ks: bêbanyu.
dubug :
kn abuh ing sikil (marga lara bèri-bèri ut. busung).
dubur :
(A) kn silit.
(duding) :
di-[x] êngg. kn dituding.
dudu :
n. dede, sanès k, 1 mratelakake yèn seje (liya) ut. ora kurang tmr. têmbung aran ut. sêsulih, up. [x] iki, [x] aku, [x] watu; 2 (ut. [x]-[x] tindak kang ora bênêr (salah, ala), up. aja duwe cipta [x]; (ke-)[x]-[x] pc: bangét, kêluwih-luwih; [x] karêpe dhewe, [x] sabaene pc: ora lumrah; [x] mênus, [x] wong pc: ora ilok, ora lumrah bangêt; [x] suwadine ak: gawat bangêt; [x] (sa-) bênêre n. sanès lêrêsipun k: 1 kliru, salah; 2 dudu samêsthine, ora barès, ora adil; dudon kn. ak:kliru, dudu samêsthine; kc. padudon.
duduh :
I kn 1 banyuning wowohan lsp; 2 banyuning jangan (godhogan iwak lsp). II di-[x]-i(-ake) n. dipundêdahi(-akên) k. êngg: dituduhi(-ake).
duduk :
I n-[x] kn ngênêr munggah (tmr. lakuning panah lsp). II di-[x] kn. ak: dilajo ing dalêm sadina (supaya têkan, tmr. lêlungan); ke-[x]: kêna ing bêbaya (kacilakan) dadakan. III n-[x](-i) êngg. kn: lagi wiwit (sênêng) manggung.
dudukên :
kn nandhang lara bngs. wudun ing gulu.
duduk-wuluh :
kn têmbang mêgatruh..
(dudul) :
di-[x] kn disogok (disêdul) supaya sing ana ing jêro bisa mêtu.
dudur :
kn kayu (pring sanggan êmpyak serongan.
(dudut) :
di-[x] kn ditarik (dicènèng) tmr. tali, barang sing tumancêb lsp; [x]-an: tali lsp. kang didudut; n-[x]-i êngg. pc: wiwit mundhak dhuwur tmr. umur-umuraning bocah.
duga :
n. dugi k, kira, pangira; n-[x]: 1 ngira-ira, nyana; 2 nggagas, mangêrti; 3 êngg. têkan; ke-[x]: 1 kêconggah, kuwagang, saguh nandangi; 2 pc. rada sênêng (lêga) atine; pan-[x]: pangira, panyana; kc. dugi, dumugi.
duga-duga :
n. dugi-dugi k, 1 kira-kira; 2 (nganggo -) nganggo dipikir dhisik (amrih bêcike).
dugan :
êngg. kn dêgan.
(dugang) :
di-[x] kn ditêndhang (sing ditamakake pucuking dlamakan).
dugang-mirowang :
br sakawit ngrewangi, têmahane dadi mungsuh.
duga-prayoga :
n. dugi-prayogi k, pangrêmbug kang amurih bêcike.
duga rumêksa :
kn. ak ngrêmbug, migatèkake.
duga-wêtara :
kn pamikir, panêmu.
duga :
(dugi) sampeyan êngg. k: êmbuh! kc. duka.
dugi :
êngg. k: 1 têkan, têka; 2 tutug; kc. duga, dumugi.
duging :
êngg. kn: anak walang.
duhêt :
jk: dhuwêt.
duhita :
(S) kw. ak: putri, endah; kc. juwita.
duhka :
(S) kw. ak: sêdhih, lara.
duhkata :
(S) kw. ak: kasusahan.
duhkita (S) kw :
susah, sêdhih.
duk :
I kn: tapasing arèn; [x] sandhing gêni pr: wong lanang kumpul karo wong wadon (gampang tumiba ing laku ala). II kw: 1 ak: tuju; 2 nalika, dhèk; duk-dinuk: tuju-tinuju; kc. panduk.
duka ki :
nêpsu; didukani ki: disrêngêni.
duka-dalêm :
ki: êmbuh.
duka sampeyan :
k: êmbuh.
dukacipta :
(-cita) kw: susah, kasusahan.
dukduk jk :
tumbak.
dukèk :
(e, -ku, -mu) êngg: duwèke (-ku, -mu).
dukul :
(A) kn. ak: laku sahwat (jina).
dukula :
(S) kw. ak: sabuk sutra.
dukut :
êngg, k: sukêt.
duksina :
kw: kidul.
dul :
(A) kn. ak: ar. sêmpalaning agama Islam; santri dul ak: santri lêlamisan.
(dulang) :
n-[x] kn: nglantarake pangan marang wong lara ut. bocah cilik (saèm. ngloloh).
dulêg :
jk.: sêngit.
(dulêk) :
I di-[x] kn: disogok ing driji (tmr. bolongan). II n-[x] êngg. kn: nganduk bangêt ambune.
duli :
I [x] apa! ks: perduli apa! II (S) kw: ak: lêbu.
dulinan :
êngg. kn: dolanan.
dulit :
kn: luthik ênjêt; ma-[x], jk. cukit [x] ak: bakul ênjêt (= wong asor); di-[x]: 1 diluthik (nganggo driji, tmr. ênjêt lsp); 2 dicirèni nganggo ênjêt lsp, sarana driji dilèrèkake.
Dulkaji, Dulkijah :
kn. ak: sasi Bêsar.
Dulkangidah :
kn: ar. sasi kang kaping 11.
(dulu) :
n-[x] 1 êngg. kw: ndêlêng; 2 (yèn n-[x] ...) êngg. kn: yèn nitik ...
(dulur) :
di-[x] kw: diiring, diêtutake; di-[x]-i kn. ak: didumi, dituruti, dilêksanani; [x]-an kw: urut-urutan; kê [x] kn. ak: kêturutan, kalêksanan; kc. dumulur, sadulur.
(dum) :
di-[x]-([x])(-ake) kn dibage wrata; di-[x]-i: diwènèhi bagean, dibagèhi; kc. andum, dundum, kêduman, pandum.
dumadakan :
kn sanalika iku (rêrikatan) banjur ...; kc. dadak.
dumadi :
kw titah, kabèh kang dititahake; kc. dadi.
dumahan :
jk tata-tata, sêdhiya.
dumaya :
kw. ak kêbul, mega.
duman, dumduman :
kn 1 (sa-[x]) saperangan, sabagean; 2 bagean, panduman; kc. dum.
dumara :
kw. ak (wc. andum amara) kang minta-minta marang sakabèhing titah (Dewa kang linuwih, Allah).
dumbul :
êngg. kn saèm. gathuk (dhumpyuk).
dumèh :
kn mung amarga (jalaran) saka, up. [x] sugih bae, banjur ngêdir-êdirake; aja (ora) [x] aja (ora) mung awaton (anggêr), up. aja [x] bisa muni!

--- 72 ---

dumèhne ~ dusana.

dumèhne :
êngg. pc dumèh.
dumêling :
kn 1 ak. gilap, mêncèrèt; 2 ak. katon wela-wela (cêtha); 3 cêtha bangêt tmr. swara; kc. dêling.
dumil :
sa-[x] kn sathithik bangêt.
dumilah :
kw sumorot (padhang); kc. dilah.
dumlundung :
kn. ak urut-urutan banjur bae; anake [x] ak tansah duwe anak bae; kc. dlundung.
dumuh, dumoh :
êngg. ks picak.
dumuk :
tandha (cap) [x] kn cap jêmpol (gêgêntining tandha tangan); kêna ing [x] ak ditêrka, didakwa; di-[x] 1 digêpok nganggo pucuking driji; 2 diundhi, dilotre; pêtênge n-[x] irung pêtêng bangêt; n-[x]-[x] grayah-grayah, mèk-mèkan (marga pêtêng lsp); sa-[x] bathuk, sanyari bumi pr (padudon) prakara wong wadon utawa palêmahan, (dilabuhi toh pati); [x]-an bngs. lotrèn (nganggo ndumuk kêrtu lsp. sing sawalike ana angkane).
dumunung :
kn 1 sumèlèh (kêprênah) ana ing 2 ak. mapan, manggon; 3 sumurup (kapetung, minangka) dadi 4 tumanja marang (ditanjakake kanggo); 5 ak. wis (bisa) mangêrti dhodhok-sèlèhe; kc. dunung.
dumung :
kn ar. ula warnane irêng.
dumuwe :
kn surti lan ngati-ati ênggone nganggo barang darbèke; kc. duwe.
dumrojog :
kn dadakan têka (mlêbu, ngadhêp lsp); kc. drojog.
duna :
(duni) dungkap êngg. pc tuna-dungkap.
dundum :
kn mbage-bage, ngêdum-êdum; di-[x]-ake didum-dumake; kc. dum.
dunung :
kn 1 ênggon, panggonan; 2 prênah; 3 lungguhing prakara; 4 kêpetung (klêbu) ing wêwêngkon; durung (ora) [x] pc durung (ora) mangêrti têrang, ora cocog karo nyatane; dêdunung ak manggon; di-[x]-i diênggoni; di-[x]-ake 1 dipapanake diprênahake; 2 (ut. di-[x]-[x]-ake) ditêrang-têrangake, ditêrangake kêpriye lungguhing prakara; pa-[x]-an papan kang diênggoni; ka-[x]-an 1 diênggoni, didunungi; 2 duwe, olèh; kc. dumunung.
dunungan :
êngg. kn 1 palêrêban, palerenan; 2 lêlurah.
dunung karas :
([x] numpang, [x] omah) êngg. kn mondhok (ing pomahaning liyan).
dunya :
kn. ak donga.
dunga :
êngg. kn donya.
dungik :
kw bngs. endhang (baturing pêndhita).
(dungis) :
n-[x] kn 1 cupêt sasisih, mênga sasisih; 2 (lambene-) lambene ing dhuwur rada cupêt sarta sêmu nucut.
(dungkap) :
n-[x] kn 1 mèh têkan ing; 2 bisa nyandhak (mangêrti); dêdungkapan br pangêrti marang; kc. tunadungkap.
dupa :
(S) êngg. kn kutug (mênyan lsp); dêdupa ngobong mênyan lsp; didupani dikutugi; wadhah dupa.
(dupara) :
n-[x] êngg. kn nglêngkara, ora kêtêmu ing nalar.
dupèh, dupih :
êngg. kn dumèh.
dupi :
kw barêng (ing nalika).
dur :
(S) kw ala.
dura :
(S) kw. ak 1 adoh. 2 nglêngkara.
duradasih :
kn. ak daradasih.
duraka :
kn 1 nglakoni dosa, kêdosan marang; 2 ak. mbangkang ing parentah, ngraman.
durantara :
(S) kw. ak (adoh antarane) mokal, nglêngkara.
duratma :
(S) kw. ak wong ala, maling, buta.
duratmaka :
(S) kw wong ala, maling.
duracara :
(S) kw 1 ak. kêlakuan ala, piala; 2 ak. goroh, gunêman gêgorohan (apus-apusan); kc. doracara.
durbaga :
(S) kw. ak cilaka, nistha.
durbala :
(S) kw. ak ringkih, ora rosa.
durbiksa :
1 kw bêkasakan, buta; 2 (S) jk. pacêklik, kêkurangan pangan.
durbud :
kn. ak bngs. mriyêm.
durbah :
êngg. kn dêrdah.
durjana :
kn (wong ala) maling.
dure :
êngg. kn dumèh.
durèn :
kn ar. wit sarta woh.
(durêk) :
n-[x] êngg. kn ndlurêk.
durga :
(S) kw (angèl ambah-ambahane) bêbaya, pakewuh, sungil.
durgama :
(S) kw angèl diambah) bêbaya, pakewuh.
durgati :
(S) kw. ak bêbaya, pakewuh.
duryan :
jk durèn.
duryas :
kn ar. sêmbagi.
duryasa :
(S) kw. ak wirang, kawirangan.
duryat :
(A) kn. ak kabêgjan.
durlaba :
(S) jk angèl olèhe, angèl.
durlaksana :
kw 1 laku ala; 2 (S) jk. ngalamat ala.
durlaksmi :
(S) kw. ak cilaka.
durma :
kn ar. têmbang maca-pat.
durmanggala :
(S) kw. ak ngalamat ala, kacilakan.
durmata :
(S) kw. ak ala kêlakuane, bodho.
durmeda :
(S) kw. ak bodho.
durna :
1 kn.wilah palangan (ing kranjang lsp); 2 kw. pangayoman.
durnadur :
kn. ak gurnadur (gupênur).
durniti :
(S) kw 1 kalakuan (pranatan) ala; 2 wong ala; 3 mungsuh, satru.
durung :
I n. dèrèng k isih kurang karo mangsane (kaanan, tindak, lêlakon) kang dituju, kb. wis; up. [x] tau, [x] matêng, [x] bisa.
dursila :
(S) kw 1 (tindak ala) maling; 2 êngg. kn. ala, kawêntar alane.
durta :
(S) kw 1 julig; 2 ala, piala.
durcara :
(S) `1 kw. ala kêlakuane; 2 êngg. kn. ala, kawêntar alane.
durwiweka :
(S) kw. ak 1 kurang ngati-ati; 2 bodho.
durwyasana :
(S) kw. ak kurang-ajar.
dus :
I êngg. kn dhus. II di-[x] kn dilapis ing êmas (sarana dicêmplungake ing banyu kêras sing wis didokoki êmas); di-[x]-i disirami ing banyu supaya rêsik (bocah, mayit); kc. adus, dus-dusan, padusan. III (S) kw ala, kc. dur.
dusa :
jk dosa.
dusana :
(S) kw. ak piala, nistha.

--- 73 ---

dus-dusan ~ don.

dus-dusan :
kn barang dandanan sing didus.
duskarta, duskarti :
kw panggawe ala, nglakoni ala.
dustha :
(S) kw kajuligan; di-[x] kw dicolong.
dusthabudi :
(S) kw. ak watak ala.
duta :
(S) kw 1 kongkonan (utusan); 2 ak. têlik; 3 ak. ngalamat; di-[x] kw dikongkon.
duta-panglawung :
kw ngalamat kêtiwasan.
dutacara :
(S) kw. ak alaku têlik.
duwa :
I di-[x] kn 1 dicuwak nganggo tangan, disodhokake (dicêngkah); 2 ditampik, dibadal (tmr. dhawuh), ditanggulang dibalèkake. II jk dhukuh.
duwaja :
kw kc. dwaja.
duwara :
kw kc. dwara.
duwe :
(ut. n-[x]) n. gadhah k. kagungan ki mêngku (kadunungan) wêwênang mungguh ing; [x] anak(-bayi) (mêntas) ngalairake anak (bayi); duwe atur (-rêmbug) ana sing arêp diaturake (diusulake); [x] gawe duwe kapêrluan mantu, nêtakake lsp; wong ora [x] wong mlarat; wong dêduwe (-dêduwèn) n. tiyang gêgadhahan k wong kêcukupan (rada sugih); nduwèni n. nggadhahi k 1 duwe, mêngkoni; 2 duwe wêwênang (hak) mungguhing; 3 kadunungan ing.
duwèh :
ak kc. duwèk.
duwèk :
I n. gadhahan k. kagungan ki kang didarbèni marang, up. [x]-e Naya, [x]-ku, [x]-mu. II n-[x] êngg. ks nanangis; kc. dhuwak.
duwêg :
jk dawêg, trêp wêktune, nêdhêng-nêdhênge, pantês.
duwung :
I êngg. pc luwung, angur. II kc. kêduwung.
(doble, doblèh) :
n-[x] kn kandêl sarta nggandhul (tmr. lambe).
(doblog) :
n-[x] êngg. pc mênêng bae (tanpa nywara, tanpa mangsuli lsp).
(doblong) :
n-[x] êngg. kn kêmpros, gunêman umuk; kc. dublong.
dobol :
kn 1 êngg. jêbol, bojot tmr. tenggok, dondoman lsp; 2 bole mêtu (marga lara ngising lsp); [x] ilat êngg. pc dhêmên goroh; n-[x] ks bêbanyu, ngêntut.
dobong :
kn 1 tombong; 2 êngg. tobong, pangobongan gêndhèng lsp.
dodod :
kn. kampuh ki jarit amba sarta dawa (dianggo priyayi yèn pasowanan, grêbêgan lsp); [x]-an nganggo dodod.
dodok :
êngg. kn saèm. têlik (kongkonane pulisi ut. durjana); [x] acung-acung nuduhake papan sing arêp dimalingi.
dodol :
I n. sade k adol barang-barang (diidêrake ut. didhasarake); [x]-an n. (se-) sadean k 1 adol apa-apa; 2 barang dagangan (sing ora pati pangaji); kc. adol, dol. II kn ar. pêlêm, ar. jênang.
(dodor) :
di-[x] kn disodhok (disogok) nganggo barang sing dawa; di-[x]-ake disogokake (tmr. barang sing dawa).
dodosan :
kn, ak dêdosan.
dodot :
kn. kampuh ki kc. dodod.
doh :
n. têbih k dawaning antara (panggonan siji lan sijine); [x] kana [x] kene pc saka ing kana têkan ing kene; [x] cêdhake dohe, antarane; di-[x]-i disingkiri; saka ka-[x]-an saka ing panggonan kang adoh; kc. adoh, ngêdoh.
dohitra :
(S) kw. ak putu.
doyan :
kn. kêparêng ki 1 gêlêm mangan (dening rumangsa enak), karêm; 2 ent. gêlêm (karêm) nindakake, up. [x] ing gawe, [x] turu; sing di-[x]-i sing disênêngi (dikarêmi); [x]-an 1 sing dikarêmi; 2 ks. arêpan, ora tampikan.
dok, dokan :
êngg. kn manuk wulung.
doki :
(ndoki) êngg. pc ndêloki (dakdêlênge).
(dokok) :
di-[x](-ake) n. dipundèkèk(-akên) k disèlèhake ing, diprênahake ing; di-[x]-i disèlèhi, ditrapi.
dol :
[x] tinuku n. sade tinumbas k (bab) adol lan tuku barang-barang (dêdagangan); di-[x] n. dipunsade k dikon nuku, diwènèhake kanthi lêliru dhuwit; di-[x]-i n. dipunsadèni k 1 didol, dodol, ngêdol.
dolan :
(ut. [x]-[x]) kn. amêng-amêng ki 1 ngenggar-enggar ati sarana mlaku-mlaku lsp; 2 êngg. main; di-[x]-ake 1 diajak dolan-dolan; 2 (ut. didolakake) diwènèhake supaya dianggo dolanan); di-[x]-i diênêng-ênêngi sarana dolanan lsp; [x]-an kn. amêng-amêng(-an) ki 1 ngenggar-enggar ati; 2 sarana kang dianggo sênêng-sênêng (tmr. bocah), kc. gobag, jèlungan lsp; 3 barang-barang sing dianggo sênêng-sênêng, kc. bonekah, montoran lsp; 4 êngg. main.
dolèk :
êngg duwèk.
doloh :
êngg. kn dokok.
dolop :
êngg. pc 1 pulisi sandi (rêsisir); 2 wong sing dianggo jontror (tmr. ing ngabotohan lsp); di-[x]-(i) 1 ditêlik, dilari (tmr. wong ala); 2 dijontrot (tmr. ngabotohan).
dom :
kn 1 saèm. biting cilik alandhêp sing digawe waja (wêsi) kanggo dondom-dondom lsp; 2 ak. jarum; [x] inggris, [x] bundhêl, [x] gorèng warna-warnaning jinise dom; [x] sumurup ing banyu pr laku samar (samun) kaya lakuning têlik; ênggon cina didoli [x] pr ngumukake kapintêran marang wong sing wis luwih pintêr; kc. dondom ngêdom-êdom.
domba :
(Prs) kn 1 wêdhus gêdhe; 2 (jinis) kang gêdhe; apêm [x] apêm gêdhe; didombani 1 diawat-awati; 2 dipanggêdhèni.
(domble, domblèh) :
n-[x] kn kandêl sarta nggandhul (tmr. lambe).
(domblong) :
n-[x] êngg. kn mlongo marga gumun; kc. jomblong.
(domèl) :
n-[x] êngg. kn ngomèl, gunêman tanpa têgês.
domèhi :
êngg. kn disrêngêni; kc. omèh.
don :
kw 1 ênggon, papan; 2 tuju, kang diênêr; têkan ing [x] têkan ing panggonan sing dituju, pungkasane, wasanane; kc. andon, êndon.

--- 74 ---

(dondom) ~ drêngki.

(dondom) :
[x]-[x] kn lagi dondom di-[x]-i diganthètake sarana didomi (tmr. bakal klambi lsp); [x]-an apa-apa didindomi;[5] kc. dom.
(dondon) :
n-[x] êngg. kn ajêgan nindakake; [x]-an ak ajêgan, kulina, padinan; kc. andon, êndon.
donok :
(n-[x]) pc (wc. ngêndi ana!) ah mokal!
donya :
(A) kn 1 jagad (kang dialami iki); 2 (ut. [x] brana) barang-barang kasugihan lsp; tinggal (pancal) [x] mati; ing [x] ngakir saiki tuwin ing jaman kalanggêngan; kadonyan apa-apa kang gêgayutan karo donya.
donga :
(A) kn têtêmbungan basa Arab kang dianggo sêmbahyang (nalikane ana kapêrluan); ndêdonga mêmuji; n-[x] ngucapake donga (sêmbahyang); didongani disêmbahyangake sarana ndonga (tmr. kêndurèn lsp); didongakake dipujèk-pujèkake supaya slamêt lsp; pan-[x] pamuji slamêt.
dongèng :
kn crita karangan (ent. ngaya-wara); di-[x]-i dicritani dongèng; (de-) [x]-an cêcritan.
(dongong) :
n-[x] kn mung mênêng (nyawang) bae (ora tumandang ut. ora olèh-olèhan apa-apa).
dongos :
(ut. n-[x]) kn lambene ing dhuwur maju (rada turah).
(dopok) :
n-[x] êngg. kn umuk, sombong, kêmpros.
dora :
k goroh.
doradasih :
kn kc. daradasih.
doran :
kn garan pacul.
dorapala :
kw. ak panjaga lawang.
dora-sêmbada :
kn goroh dening kêpêksa (nutupi kaluputane wong liya lsp).
doracara :
kn goroh, gêgorohan; kc. duracara.
(dorès) :
n-[x] êngg. pc gumrêmêng gêdumêlan, sugih omong.
dos :
pc. k dados, kados.
dosa :
(S) kn 1 nêrak (panêrak) marang anggêr-anggêring agama kalawan njarag; 2 nglakoni piala; 3 kaluputan, salah; kc. dêdosan, dodosan.
dosa-pati :
n. dosa-pêjah k 1 kaluputan marga agawe pati; 2 ak. ukum pati.
dos napa :
pc. k kados punapa?
dos pundi :
pc. k kados pundi?
dota :
kw. ak pêpadhang, kilat.
dowa :
êngg. kn donga.
(dowèh) :
n-[x] kn lambene ngisor maju (kaya yèn kêpêdhêsên).
(dowèr) :
n-[x] êngg. pc 1 lambene karo pisan mênga rada njêbrèt; 2 tansah gunêman bae, gêmrumung.
drabya :
kw. ak duwe.
drad :
(W) kn gêgalêraning uliran (sêkrup).
drajag :
[x]-[x], [x]-an kn drojog-drojog têka lsp.
drajak :
êngg. pc pathokan jèjèr-jèjèr dianggo watês lsp; kc. tlajak.
drajat :
kn pangkat kaluhuran.
dragêm :
kn abang sêmu irêng (tmr. ulêsing jaran).
drah :
kn ar. sukêt godhonge lêmbut-lêmbut; kc. sadrah.
drak :
jk enggal, dumadakan.
drana :
(sabar [x]) kw sabar; ora [x] ora sabar (sarèh); kc. darana.
drap :
(W) kn njojrog.
drapon :
êngg. kn 1 mung waton ditandangi (digarap lsp); 2 (ut. drapona) supaya.
drastul :
(W) kn bngs. tandhu.
drasthi, drêsthi :
(S) kw pandêlêng, mata; cs. 2.
drawa :
(S) kw. ak lèdèng, luluh, ajèr.
drawaya :
br drawa.
drawalan :
êngg. pc gurawalan.
drawana :
(S) kw. ak mili, luluh, lèdèng.
(drawas) :
n-[x]-i kn mbêbayani, mutawatiri; kc. kêdrawasan.
(drawili) :
n-[x] kn. ak gunêman tanpa kêndhat.
drawina :
(S) kw. ak kasugihan, kamulyan; an-[x] kw (suka-suka) mangan minum.
drawya :
(S) kw. ak duwe.
(drèdès) :
n-[x] kn nrocos mêtu (mili) banyune.
(drèjès) :
n-[x] pc nywara jès-jès (lênga dianggo nggêgorèng lsp).
drèg :
êngg. kn cikar, dhokar.
drègdrègan :
êngg. pc ênjal-ênjalan, sarwa kêsusu (rongèh).
drèi :
kn saèm. tatah cilik dianggo mutêr sêkrup lsp.
drèl :
kn unining bêdhil bêbarêngan (kanggo kurmat lsp); di-[x]-(i) 1 dikurmati sarana drèl; 2 dibêdhili.
(drèndès) :
n-[x] pc ora omah (tmr. wong wadon).
drèng :
êngg. pc swaraning tambur.
drèngas-drèngas :
pc cêngèngas-cêngèngès.
drèngès :
I kn kêmbang suruh. II n-[x], [x]-an pc nyêngèngès, cêngèngèsan.
(drèwès) :
n-[x] kn ndlèwèr, ndlèdèk.
drêbya :
kw duwe.
drêdah :
kn pêpadon, udrêg-udrêgan.
drêjêg, drêjêt :
pating [x] kn katon pating crongat landhêp-landhêp (tmr. alang-alang).
(drêdhêg) :
n-[x] êngg. kn ndhrêdhêg.
drêg :
pc kc. drig.
drêgang-drêgang :
êngg. kn katon gêdhe dhuwur (tmr. dêdêg piadêg).
drêgdrêgan :
pc udrêg-udrêgan.
(drêgil) :
n-[x] kn srêgêp lan sugih reka kang ngolèhake pamêtu; kc. dêrgil.
drêma :
(ut. sa-[x]) kn nindakake apa-apa mung karana nêtêpi wajib; kc. darma, dêrma.
drêman :
kn sugih anak; kc. dêrman.
drêmba :
kn (yèn mangan) akèh tadhahe.
drêmbombok :
êngg. kn sribombok.
drêmi :
k drêma; kc. darma, dêrma.
(drêmimil) :
n-[x] kn tansah gunêman bae (donga lsp).
(drêmunuh) :
n-[x] kn arêpan (melikan) marang darbèking liyan.
(drênjêt) :
n-[x] êngg. kn ndlênjêt.
drêng :
kw dêrêng.
drênggêm :
êngg. kn brênggi.
drêngki :
kn mèri (melik) marang kabêgjaning [kabêg...]

--- 75 ---

drês ~ dyata.

[...janing] liyan (ora sênêng yèn wong liya olèh kabêgjan).
drês :
kn. ak dêrês; kc. kadrêsan.
drêstanta :
(S) kw. ak tuladan, tuladha.
drêstha, drêsthi :
(S) kw. ak mata; cs. 2.
drêwya :
(S) kw. ak duwe, duwèk.
dri :
kw. ak (adri) gunung.
driji :
kn gêgêlitaning tangan (sikil) kang pucuk; ngêmut [x] pc ora olèh-olèhan apa-apa.
(drijis) :
n-[x] êngg. kn mèlikan, cêthil.
(dridhis) :
n-[x] êngg. kn ndhridhis.
(drig, drik) :
di-[x] pc dicap; [x]-[x]-an pc cap-capan.
drigama :
n. drigami k 1 ak. borang; 2 bêbaya; 3 êngg. wêdi; masang (pasang) [x]; gawe gêlar semêdya ngapusi lsp, sarana krenah (akal, kajuligan).
driganca :
kn. ak sulaya, pêpadon.
drigdrigan :
pc 1 tansah obah (polah); 2 cap-capan.
drigul :
kn ar. manuk.
driya :
kw (tuking pangrasa) ati; an-[x] nggagas, ngrasa, ngêrti; ke-[x] krasa ing ati, klêbu ing ati.
driyah :
kn. ak dana; n-[x]-i; dêdana marang; di-[x]-ake didanakake, didarmakake.
dril :
(W) pc ar. bakal.
drimolên :
(W) pc trim mubêng.
(drindhil) :
n-[x] êngg. kn ndhrindhil.
dringak :
pating [x] kn. ak padha cingak.
dringin :
kn ar. bakal tênunan (sutra) disêlap ing bênang êmas (lmr. dianggo sabuk).
dringo :
kn ar. êmpon-êmpon (dianggo tamba lsp).
dringsêm :
kn ar. wit.
(driwili) :
n[x] êngg. pc ndrêwili.
drub :
kn ar. kêrtu gêdhe (truf).
drubiksa :
kn bêkasakan (buta lsp, sing manggon ing alas).
druju :
kn ar. wit.
(drudhul) :
n-[x] êngg. kn ndhrudhul.
(drudhus) :
n-[x] êngg. kn ndhrudhus.
(drug) :
di-[x]-[x]-ake pc digêdrug-gêdrugake.
druhaka :
êngg. kn duraka.
drum :
êngg. kn rukun, ayon.
drumas :
kw. ak mas.
druni :
êngg. kn gêmi, mêdhit.
druta :
(S) kw. ak bantêr.
drutawilambita :
kw ar. têmbang gêdhe.
druwaka :
êngg. kn duraka.
(druwêng) :
n-[x] kn. ak wangkal bangêt.
(druwili) :
n-[x] êngg. pc ndrêwili.
(druwis) :
n-[x] pc ndrêmis.
(drodos) :
n-[x], [x]-an kn akèh wêtuning luh (kringêt).
(drojog) :
[x]-[x] kn têka tanpa sraba-sraba; n-[x] 1 bisa mili banter (banyu ing payon lsp); 2 mayat bangêt tmr. payon, dalan lsp; kc. dumrojog, dronjong.
(drojos) :
n-[x] pc ndrèjès.
(drodhos) :
n-[x] êngg. kn ndhrodhos.
drohaka :
(S) jk laku cidra, mbangkang parentah, ora sêtya; kc. duraka, druhaka.
drohi :
(S) kn. ak 1 cidra, ora sêtya; 2 drêngki, jail.
drohun :
kn. ak têmbung pamisuh.
(drokong) :
n-[x] êngg. kn gunêman sêru (murang tata).
dromdroman :
êngg. pc mlaku dhêdhampyakan ut. rêroyoman (karo bêngak-bêngok).
(dromos) :
n-[x] êngg. pc ndrêmis.
drona :
(S) jk jun, klênthing.
drondus :
(t) êngg. pc têmbung pamisuh.
(dronjong) :
n-[x] êngg. kn mayat bangêt tmr. dala,[6] payon lsp; [x]-an papan sing ndronjong; kc. drojog.
dwa :
(S) jk goroh, kliru.
dwadasa :
(S) jk 12.
dwadwat :
jk dodot.
dwaja :
(S) kw 1 ciri, têtêngêr; 2 gêndera.
dwaya :
(S) jk loro.
dwal :
jk. dol.
dwan :
jk don.
dwandwa :
(S) jk sarakit, sajodho, tandhing.
dwani :
(S) kw. ak swara.
dwapara :
(S) kw. ak ar. jaman (yuga) kang katêlu.
dwara :
(S) kw. ak lawang, gapura; cs. 9.
dwarapala, dwarapati :
(S) kw. ak panjaga lawang.
dwasta :
(S) kw. ak sirna, lêbur; cs. 0.
dwesa :
(S) kw. ak sêngit, mêmungsuhan.
dwi :
(S) kw 1 loro, 2 ak. swiwi.
dwidasa :
(S) kw 20.
dwija :
(S) kw 1 pêndhita; 2 guru; cs. 8.
dwijati :
(S) kw. ak kc. dwija.
dwijawara :
(S) kw pêndhita linuwih.
dwilingga :
kn ar. rimbaging têmbung sing dirangkêp linggane, kyt. dolan-dolan.
dwipa :
I (S) kw gajah. II (S) kw pulo.
dwipaka :
(S) kw. ak gajah.
dwipangga :
(S) kw gajah.
dwipurwa :
kn ar. rimbaging têmbung kang dirangkêp purwaning lingga, kyt. têtêku[7] (tutuku).
dwirada :
(S) kw gajah.
dwirapa :
(S) kw. ak gajah.
dwitiya :
(S) jk kapindho.
dwiwasana :
kn ar. rimbaging têmbung sing dirangkêp pungkasane, kyt. cêluluk (cêluk).
dyah :
1 jk (sêsêbutane) putra tuwin putrining para luhur; 2 kw. (sêbutane) putri; kadyahan gêgolongane para dyah.
dyayi :
(S) kw. ak mêlêng puja sêmadi.
dyan :
kw nuli, banjur.
dyana :
(S) kw. ak mêlêng puja sêmadi.
dyaksa :
ke. ak pintêr.
dyatmika :
kw 1 jêtmika; 2 kaalusan, karohanèn.
dyun :
jk jun.
dyus :
jk dus (adus).
dyusta :
kw. ak sirna, lêbur, kc. dwasta.
dyuta :
(S) kw. ak dhadhu, ngabotohan.
dyota :
(S) kw. ak sorot.

 


Huruf Jawa: wulu mêlik. (kembali)
Huruf Jawa: suku mêndut. (kembali)
Huruf Jawa: taling aswara ai. (kembali)
Huruf Jawa: pêpêt aswara êu. (kembali)
sing didondomi. (kembali)
dalan. (kembali)
têtuku. (kembali)