Sastradinama kepada Van Der Am
JudulRingkasan: Sastradinama minta kepada pan Der Am tentang upah atau imbalan dalam menulis/menyalin huruf/bahasa Kawi, tidak mau kurang dari Rp. 10 dhuwit, oleh karena yang disalin itu sulit. Bila pan Der Am tidak mengijinkan permintaannya, lebih baik Sastradinama minta berhenti bekerja.
Atur kula pun Sastradinama, katura panjênênganipun Tuwan pan Dhêr Am. Ingkang dados atur panuwun kula, bab anggèn kula nyêrat kagungan sampeyan sêrat punika, kula nyuwun sakacanipun sampun kirang saking sadasa dhuwit. Mila kula gadhah atur makatên, sabab ingkang kula têdhak punika têmbungipun Kawi, dados angèl kêdah angatos-atos sangêt ing panyêrat kula, sanès kalihan nêdhak sêrat ingkang botên têmbungipun Kawi, ingkang punika manawi tuwan sampun botên parêng atur panuwun kula punika inggih sampun, kula nyuwun kèndêl.