Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837

Judul
Sambungan
1. Abdi Dalem Gedong Tengen kepada Kiyai Lurah Bendara Raden Tumenggung Suradilaga, 16 September 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
2. Adinagara kepada Winter, 12 April 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
3. Anonim kepada Bok Senen. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
4. Babah Ti Yo Gowe kepada Parentah Ageng, 27 Agustus 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
5. Jayaendra, Mangkudipura memeriksa Sasemita, 20 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
6. Jayaendra memeriksa surat Karyasentika, 23 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
7. Kangjeng Pangeran Adipati Arya Prabuwedana mendapat gelar Kangjeng Pangeran Adipati Mangkunagara IV, 9 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
8. Kangjeng Raden Adipati Jayaningrat kepada Parentah Ageng, 18 Mei 1789. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
9. Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
10. Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 26 Juni 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
11. Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 28 Juni 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
12. Kaptin Sok Li Yang kepada Tuan Uprup, 6 Februari 1797. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
13. Ki Nurya kepada Raden Mas Riya Purwadiningrat, Raden Tumenggung Amongpraja, 2 Februari 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
14. Ki Setrawijaya kepada Parentah Ageng Pasowan Dalem, 16 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
15. Kiyai Ngabei Patrabasanta kepada Johanis Agustis Desenje, 8 Juni 1829. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
16. Kretajaya kepada Babah Ro Li, 3 Maret 1830. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
17. Kumidi di Surakarta, 19 Agustus #. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
18. Kyai Demang Jinggot kepada Van Der Am, 31 Mei 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
19. Kyai Demang Kertiyuda, Kyai Demang Kertisura kepada Parentah Ageng, 25 Agustus 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
20. Laporan Ki Setradrana dkk.. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
21. Laporan Mas Ngabei Jayasatata dkk., 15 Desember 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
22. Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
23. Laporan perampokan di rumah Tuan Moser, Batu, 26 Agustus #. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
24. Laporan R. Ng. Mangunagara, 15 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
25. Laporan Raden Ayu Rangga, 31 Maret 1799. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
26. Laporan Raden Ngabei Resanagara, 25 Agustus 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
27. Mangunnagara kepada Winter, 9 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
28. Martanagara kepada Asisten Residen Surakarta, 24 Agustus 1830. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
29. Martanagara kepada Parentah Pasowan Mangu, 5 Oktober 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
30. Martareja kepada Cakrajaya, 13 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
31. Mas Angabei Jimat kepada Parentah Pasowan Mangu, 14 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
32. Mas Ketib Anom, Mas Tuan Khaji Khambah kepada Kyai Lurah Kangjeng Kyai Mas Pangulu Dipaningrat, 7 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
33. Mertawangsa kepada Secalegawa, 10 September 1819. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
34. Nama-nama Abdi Dalem Gunung Kadipaten dan Buminatan Kasentanan. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
35. Nama-nama Para Narapidana di Rumah Tahanan Gladag, 5 Januari 1835. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
36. Ni Sawijaya kepada Parentah Ageng Karaton Dalem Surakarta, 17 Desember 1840. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
37. Pangeran Ariya Mangkudiningrat kepada Kangjeng Pangeran Ariya Mataram, 9 Agustus 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
38. Pemberitahuan bahwa Sumadiningra dan Sasrawinata diganti nama, 3 November 1825. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
39. Pemeriksaan perkara juru kunci Iman Raji, 21 Februari 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
40. Pengumuman pergantian Residen Surakarta, Tuan Aretman menggantikan J.F.T. Mayor, 21 Agustus 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
41. Pernyataan para saksi tentang Tuan Bislar dirampok, 4 Agustus 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
42. Purwadiningrat, Jayanagara kepada Wangsawijaya, 17 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
43. Raden Mas Ariya Prawirabrata kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
44. Raden Mas Ariya Sasradiwirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
45. Raden Mas Ariya Sumadiningrat kepada Kyai Lurah, 15 April 1824. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
46. Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 15 Maret 1824. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
47. Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 4 September 1823. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
48. Raden Mas Tumenggung Bratakusuma kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
49. Raden Ngabei Jayadirja kepada Van Gelder, 30 Oktober 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
50. Raden Tumenggung Brajadipura, Raden Ngabei Yudamargangsa kepada Parentah Ageng Pasowan Mangu, 29 Maret 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
51. Raden Tumenggung Bratawirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
52. Raden Tumenggung Kertasari kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
53. Raden Tumenggung Ngratasudira kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
54. Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
55. Sastradinama kepada Van Der Am. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
56. Suradikrama kepada Winter, 27 April 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
57. Surat-menyurat dari Surakarta, LOr2235, c. 1789–1845, #866. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
58. Surat Perjanjian Mangkudiningrat kepada Kyai Tang Yu Mu, Kyai Tang Wi Lung, 17 September 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
59. Sutawijaya dari Tegalas ditangkap Kyai Mangkudipura, 12 Juli 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
60. Van Der Am kepada Mas Ngabei Sumadiwirya, 18 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
61. Wiryadipura kepada Raden Arya Cakrajaya, 13 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
Citra
Terakhir diubah: 19-05-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Pada tanggal 14 Ruwah 1765 pagi, Tio Ek, teman dari Tio Owah dirampok di Klalung, dalam perjalanan. Waktu itu temannya adalah Sakrama (kuli) yang sedang membawa barang-barang bawaannya. Termasuk Sakrama juga dipukuli, tetapi tidak sampai mati, ketika siuman ia lapor ke Tio Owah, akhirnya diperiksa bersama Ki Kertasemita. Tio Owah bersama orang-orang kampung berjanji akan menangkap pembunuhnya dan menyerahkan ke pengadilan.

Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837: Citra 1.1 dari 1
Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837: Citra 1.2 dari 1

Atur kawula pun Sakrama, griya kawula siti dhusun ing Kalêbèn, tanah ing Pajang salèripun margi agêng, bawah ing Surakarta ing ngajêng andhèrèk Radèn Riya Panyangkringan. Kaatura dhumatêng ing parentah agêng, Kangjêng Tuwan Dhêminêg, saha asistèn residhèn, ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Ingkang kawula aturakên dhumatêng ing parentah agêng kangjêng tuwan, kala ing dintên Sênèn tanggal kaping 14 wulan Arwah taun Jimawal 1765, wanci enjing kawula dipun pêndhêt bêrah dhatêng tiyang Cina, awasta Sêngkèk Tio Èk, rencangipun Babah Tio Owah, pak apyun tanah ing Kaduwang, ingkang kawula bêkta awarni gêndhis batu manisan tèh kalihan saruwal rasukan. Kawula sunggi dados sasunggèn. Lumampah dhatêng ing Kawisbangun dipun bêrahi kawan wang, kawula lajêng lumampah kalih Sêngkèk Tio Èk. Dumugi wontên margi wana ing Karandhon, sakilèn dhusun Karandhon padhêkahanipun siti dhusun ing Klalung, bawah dalêm ing kadospatèn kaprabon kaprangwadanan. Ing ngajêng andhèrèk Kangjêng Pangeran Mayor Ariya Suryanagara, pun Sêngkèk Tio Èk wau, amanggih bilai dipun kaniaya dipun bêgal ing tiyang durjana, kathahipun tiyang gangsal. Dêdamêlipun sami waos sadaya, kawula batên uninga namining durjana, pun sêngkèk lajêng dipun waosi, tatu sakêlangkung kathah lajêng pêjah, kawula dipun pênthungi dipun gêbagi ngantos batên èngêt. Babêktan kawula dipun pêndhêti, tiyang durjana sami lumajêng batên kantênan purugipun. Sarêng kawula èngêt lajêng mantuk sanjang-sanjang dhatêng Babah Tio Owah, lajêng Babah Tio Owah wau lapur dhatêng kapala pak agêng, lajêng pak kapala amaringi upas 1, awasta Ki Kêrtasêmita, kautus atitipariksa dhatêng panggenanipun kabegalan,

kawula inggih tumut. Sadhatêngipun wontên panggenan pambegalan wau, inggih sayêktos Sêngkèk Tio Èk wau pêjah, lajêng kănca upas wau anêdha tulung dhatêng tiyang siti dhusun ing Klalung, lajêng sami angungêlakên titir, batên dangu kănca prapat mănca gangsal sami dhatêng, kănca upas lajêng ambucal pisaid, yèn Babah Tio Owah wau, anêbut batên suka batên tarima, pêjahipun Sêngkèk Tio Èk wau amargi dipun kaniaya dipun begal ing tiyang durjana, batên kantênan tiyangipun, ing têmbe wingking mênawi angsal titik kapanggih tiyangipun durjana, ingkang nganiaya amêjahi dhatêng Sêngkèk Tio Èk. Atas dipun suwun ing adil pariksanipun ing parentah agêng, kănca prapat mănca gangsal sadaya, inggih sami anaidi anampèni ing pisaidipun upas. Jisim lajêng dipun pêndhêm wontên siti panggenan pambegalan wau, namung punika atur kawula.

Kala kapriksa wontên ing pasowan dalêm, kadospatèn kaprabon kaprangwadanan. Ing dintên Kêmis tanggal ping 17, wulan Arwah ing taun Jimawal 1765.