Martareja kepada Cakrajaya, 13 Juni 1845
JudulRingkasan: Martareja memberi kabar bahwa pada tanggal 24 Mei, dia telah diangkat menjadi litnan kumendan di Blora oleh gubernur Jendral. Adapun yang ditugasi menggantikan kedudukannya sebagai sekretaris di kabupaten, dia belum tahu.
Pangabêkti kawula.
Wiyosipun kangmas. Kawula ngaturi uninga ing panjênêngan sampeyan. Yèn ing nêlika[1] tanggal kaping 24 wulan Mèi ingkang sampun kapêngkrê[2] punika, sangking karsanipun kangjêng tuwan ingkang agêng, gupêrnur general. Kawula sampun têtêpakên dados litnan kumêndhan prajurit ing nêgari Blora, dèntên ingkang kakrêsakakên, anggêntosi lêlampahan kawula, dados juru srêrat ing kabupatèn, dèrèng kantênan.
Ingkang punika kangmas. Inggih supados andadosêna ing kauningan sampeyan.
Blora tanggal kaping 13 Juni 1845.
Sêdaya wilujêng
Ingkang rayi, Martarêja.
Ngalamat sêrat kaatur ing panjênêngan sampeyan, kangmas Cakrajaya, ing Ngadiwijayan. Panagari Surakarta Adiningrat.
1 | nalika. (kembali) nalika. |
2 | kapêngkêr. (kembali) kapêngkêr. |