Ni Sawijaya kepada Parentah Ageng Karaton Dalem Surakarta, 17 Desember 1840
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Laporan dari Ni Sawijaya isteri bekel dari Sudin wilayah Kapasong gunung Merapi, bahwa ketika pulang dari pasar dengan membawa barang-barang seharga 35 reyal. Ketika sampai di Tanggung daerah Surakarta daerah kekuasaan bekel Pak Tanem, ia dirampok barang-barangnya. Hal ini disaksikan oleh Pak Tanem, Ni Krusuk dan warga masyarakat. Oleh sebab itu ia lapor dan minta supaya barang-barangnya yang hilang itu mendapatkan ganti.
Atur kawula Ni Sawijaya simahipun Ki Sawijaya, babêkêl ing dhusun Sudin. Tumut Mas Dêmang Păncadrana ing Soka, kalerehanipun Mas Ngabèi Păncapawira ing Kapasong tanah rêdi Mêrapi, kawula anyuwun adil priksanipun, ing kangjêng parentah agêng kantor ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.
Ingkang kawula suwunakên adil pariksa dhumatêng ing kangjêng parentah agêng kantor, kala ing dintên Rêbo tanggal ping 30 wulan Ramlan taun Be ăngka 1768, wanci lisir[1] kilèn. Kawula mantuk sangking pêkên Tagung wetan. Kawula agendhong gramèn kawula sinjang bathik kalayan lurik. Wiyar ciyut kathahipun 28 kêbar, rêgi 25 reyal, sêngkang jêne srakit wrat saksapêl mandhak[2] jêne 1 wrat sêka, mêndhak kalayan sêngkang rêgi 10 reyal. Sadaya dados 35 reyal-reyalan 25 wang, kawula sarêngan lumampah, kalayan Ni Krusuk, ing Tagung kilèn. Lampah kawula dumugi sawetan dhusun Tagung, siti bawah Surakarta tatêngganipun bêkêl. Awasta Pak Tanêm tumut Tuwan Pan Bêlomêstèn ing Bayawangsul. Punika kawula dipun begal ing tiyang durjana kêkalih, kawula batên uninga namanipun, utawi bale griyanipun. Gêgramèn kawula wau dipun rêbat kênging lajêng dipun bakta lumajêng, kawula anêdha tulung tiyang siti, kawula panggih kalayan Pak Tanêm bêkêl Tagung wau, utawi prapat mănca gangsal ing[3] sami dhatêng, kawula nêbut batên suka batên tarima dhatêng siti, kawula anêdha adil lêrês. Kănca prapat mănca gangsal inggih sami anaidi, bêkêl Pak Tanêm inggih anyanggêmi, ing siti panggenan [pang...]
[...genan] kawula kabegalan wau.
Ingkang punika pramilanipun kawula agadhah atur, anyuwun adil pariksa dhumatêng ing kangjêng parentah agêng kantor, kawula batên suka batên tarima, icalipun barang gadhahan kawula, ingkang apêngaos 35 reyal. Amargi kabegal ing tiyang durjana, wontên siti ing Tagung wau, kawula nuwun mantukipun dhatêng ing kawula malih, mijila sangking panguwasanipun ing kangjêng parentah agêng kantor. Amung punika atur kawula.
Kala sinêrat wontên ing pasowan dalêm, kadospatèn kaprabon kaprangwadanan, ing dintên Kêmis tanggal ping 22 wulan Sawal taun Be ăngka 1768.
No. 71/1. Sêrat gugat aturipun Ni Sawijaya.
1 | lingsir. (kembali) |
2 | mêndhak. (kembali) |
3 | ingkang. (kembali) |