Laporan perampokan di rumah Tuan Moser, Batu, 26 Agustus #
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Ringkasan: Pengakuan seseorang bahwa ada perampok masuk ke rumah Tuan Moser di Batu. Jumlah mereka sangat banyak kurang lebih ada 60 orang. Adapun para penjaga rumah Tuan Moser serta penduduk sekitarnya tidak bisa berbuat apa-apa. Para perampok menguras semua isi rumah, lalu mereka lari ke arah barat melewati dusun Brembang. Para penduduk berusaha mengejarnya tetapi hanya sampai di hutan Laban. Pada pukul 04.00 salah seorang upsinder Belanda berhasil menangkap satu orang perampok serta sudah diserahkan ke kepala desa di Ngargayasa, yang masih merupakan wilayah kekuasaan Kangjeng Pangeran Arya Surya Nataningrat.
Sasampuning kadya punika awiyos, sarèhning kula sampun asuka sêrat dhumatêng ijêngandika, ingkang katitimangsan kaping 26 wulan Agustus punika, ing mangke kula amratelakakên pratingkah kala kakeconipun Tuwan Mosêr ing Batu.
Kala ing malêm Kêmis kaping 24 wulan Agustus punika, wanci jam kalih, Tuwan Mosêr sampun tilêm, kagèt alokipun ingkang èstri, alok yèn wontên kècu, anuntên Tuwan Mosêr mirêng suwaranipun tiyang sami angrisak pancak sujining palataranipun ingkang sisih êlèr, sarèhning botên sagêd angilèkakên anak bojonipun, awit kori griya sampun mênga kadêdêl ing durjana, dados Tuwan Mosêr nêdya kèndêl kemawon wontên salêbêting griya. Anuntên kècu 5 utawi 6 lumêbêt ing griya, mawi angungêlakên sênjata, saha ambucali obor dhatêng satêngahing griya, tuwin dhatêng salêbêting kamar, lajêng sami amêndhêti pêthi, punapadening kopêr. Kala samantên Tuwan Mosêr sumêrêp, kècu kalih dasa ingkang anjagèni margi lêbêting kancanipun, sakêdhap-sakêdhap mawi angungêlakên sênjata. Sarèhning Tuwan Mosêr botên kamunasika dhumatêng durjana wau, dados têtela ênggènipun aningali, wontên ingkang [ingk...]
[...ang] lumêbêt ing kamar tiyang 13, angrêrisaki barang, saha wontên ingkang kausung mêdal, wangsulipun malêbêt amêdalakên barang malih. Kêlambuning patilêmanipun Tuwan Mosêr kabêsmi dhatêng ing tiyang durjana, ananging botên ngantos têlas, kasêlak katulungan dhumatêng Tuwan Mosêr piyambak, ênggènipun amêjahi latu kakèndêlakên kemawon dhatêng tiyang durjana. Sarêng sampun ênggènipun angrêrisaki saha angêngusungi dandosan salêbêting griya, antawis wontên saking sadasa mênut dangunipun, durjana kècu lajêng mundur mangilèn mêdal ing dhusun Brêmbang. Tiyang ingkang kêmit ing griyanipun Tuwan Mosêr sami kakêpang ing durjana kècu, saha dipun agagi waos, punapadene sawetan tuwin sakilèning griya inggih sami kajagenan ing têtiyang durjana, wondening pamatawisipun Tuwan Mosêr kathah kêdhiking kècu apêsipun tiyang 60. Têtiyang siti dhusun ing Batu inggih sami angodhol unduring kècu, ngantos dumugi wana ing Laban, ananging ajrih anglajêngakên pangodholipun.
Antawis jam sakawan ngajêngakên enjing upsindêripun Wêlandi Tuwan Mosêr angsal nyêpêng durjana kècu satunggil, lajêng kapasrahakên dhatêng pangagêngipun dhusun ing Ngargayasa, tumut ing dhusun Brêmbang wau, kalêbêt bawahipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Nataningrat.