Permintaan tolong RT. Mangunnagara kepada Winter untuk membayarkan tanah hasil lelangan kepada Tuwan Kapitan Ahut Isen, dengan harapan bukti rekening pembayaran diminta kembali.
Ingkang sêrat saha atur tabe kula pakurmatan, ing akathah-kathah, Radèn Tumênggung Mangunnagara ing Klathèn. Sayagi ka[tur] panjênênganipun ingkang rama, Tuwan Wintêr ingkang pilênggah juru [ba]sa ing kantor panagari Surakarta Adiningrat.
Sasampunipun kadya ing sapunika, wiyosipun. Kula nyuwun pitulung sampeyan, ambayarakên anggèn kula tumbas linglanganipun Tuwan Kapitan Ahut Isên. Etang kula kathahipun 351 rupiyah parentah langkung 42 dhuwit, kalih kula ngaturakên pambayaripun tiyang Cina Babah Wijan sakancanipun ingkang bawah kula kidul laji, etang kathahipun 37 rupiyah parentah langkung 63 dhuwit.
Gugung yatra sadaya 389 rupiyah parentah langkung 05 dhuwit, yatra sêmantên wau ingkang sampun kula aturakên titip ing panjênêngan sampeyan. Kathahipun 140 rupiyah, 75 dhuwit. Wah kula ngaturi malih wrêni yatra krêtas 2 kêbèt isi 100 rupiyah pêthak. Wrêni yatra krêtas malih 1 kêbèt isi 25 rupiyah parentah, wah ingkang wrêni yatra têmbagi 104 rupiyah parentah, dados yatra ingkang kabêkta utusan kula ajidan pun Martayuda kathahipun 249 rupiyah parentah, kalêbêt anggèn kula ngaturakên titip gugung 389 rupiyah parentah langkung 75 dhuwit. Wondene srêratipun rikning inggih kula aturakên ing panjênêngan sampeyan,
[...][1] mênawi sampun kaparingan tèkên kula suwun wangsul. Pa-[...][2] paringna ingkang kula utus ngaturakên yatra punika, [ing]kang mênawi wontên kalêpatanipun ing etang kula [wa]u, kula nyuwun maklum panngapuntên[3] ingkang kathah- kathah.
Sinêrat ing Klathèn kaping 4 wulan Ruwah ing taun Jimmakir ôngka 1770.
1 | Tulisan tidak terbaca. (kembali) Tulisan tidak terbaca. |
2 | Tulisan tidak terbaca. (kembali) Tulisan tidak terbaca. |
3 | pangapuntên. (kembali) pangapuntên. |