Van Der Am kepada Mas Ngabei Sumadiwirya, 18 Juni 1845
JudulSambungan
CitraRingkasan: Pan der Am minta keterangan kepada Mas Ngabei Sumadiwirya Karangpandan, tentang kiriman kain kepadanya sudah diterima atau belum, minta jawaban.
Ingkang sêrat, saha ingkang tabe kula Tuwan Pan Dêr Am pandhita, dhumatênga Mas Ngabèi Sumadiwirya, ing Kawispandhan. Sasampuning tabe kula kathah-kathah.
Wiyosipun, kula nyuwun kabar, gèn kula kintun badhe rasukan dhatêng sampeyan punika, punapa dumugi ing sampeyan punapa botên. Ingkang punika nyuwun sêrat asul-angsul[1] kabar ing sampeyan, lêganipun manah kula, milanipun ngaturi sêrat ing sampeyan.
Sinêrat Surakarta, Rêbo kaping 12 wulan Jumadilakir taun Jimawal ăngka 1773.
Nglamat[2] sêrat sayogi dhumatênga Mas Ngabèi Sumadiwirya, ing Kawispandhan.
1 | angsul-angsul. (kembali) angsul-angsul. |
2 | Ngalamat. (kembali) Ngalamat. |