Ringkasan: Demang Kertiyuda dan Demang Kertisura, ditanya apakah bila mengangkut barang milik gupremen selalu mendapat bayaran sebagai ganti pembelian pikulan atau tali. Mereka mengaku, bila mengangkat barang dari kantor Surakarta, mendapat uang pengganti pikulan dan tali. Tetapi bila mengangkut barang dari loji ageng Surakarta, sejak jaman perang sampai sekarang belum pernah diberi bayaran, maka mereka mengajukan permintaan kepada Tuan Priken Sekil supaya diteruskan kepada Tuan Besing, tetapi belum dibayar juga.
Atur kawula Kyai Dêmang Kêrtiyuda, akalihan Kyai Dêmang Kêrtisura, kaatur ing kangjêng parentah agêng. Kawula kadangu, manawi kawula angangkatakên barang kagunganipun kangjêng guprêmèn. Ingkang saking nagari Surakarta, kawula kagalih anampèni yatra bayaran. Ingkang sumêrêp patumbasipun ing rêmbatan utawi tangsul sapanunggilanipun.
Ingkang punika atur kawula, manawi kawula angangkatakên barang sangking kantor Surakarta, kawula inggih anampèni yatra bayaran kang sumêrêp patumbasipun ing rêmbatan utawi tangsul sapanunggilanipun.
Ingkang manawi kawula angakatakên[1] barang ingkang mêdal sangking loji agêng Surakarta, ing sapintêna kathahipun ing barang, kawit kala padamêlan prang ngantos sapunika, kawula botên kaparingan yatra bayaran ingkang sumêrêp patumbasipun ing rêmbatan utawi tangsul sapanunggilanipun. Ingkang wau kawula sampun kalampahan gadhah panuwun dhatêng Tuwan Prikên Sêkil. Kalajêngakên dhumatêng Tuwan Besing, sagah kagalih ngantos sapariki, dèrèng kaparingan.
Kêmis kaping 22 wulan Jumadilawal Jimawal 1765.
1 | angangkatakên. (kembali) angangkatakên. |