Laporan Ki Setradrana dkk.

Judul
Sambungan
1. Abdi Dalem Gedong Tengen kepada Kiyai Lurah Bendara Raden Tumenggung Suradilaga, 16 September 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
2. Adinagara kepada Winter, 12 April 1844. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
3. Anonim kepada Bok Senen. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
4. Babah Ti Yo Gowe kepada Parentah Ageng, 27 Agustus 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
5. Jayaendra, Mangkudipura memeriksa Sasemita, 20 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
6. Jayaendra memeriksa surat Karyasentika, 23 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
7. Kangjeng Pangeran Adipati Arya Prabuwedana mendapat gelar Kangjeng Pangeran Adipati Mangkunagara IV, 9 Januari 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
8. Kangjeng Raden Adipati Jayaningrat kepada Parentah Ageng, 18 Mei 1789. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
9. Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
10. Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 26 Juni 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
11. Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 28 Juni 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
12. Kaptin Sok Li Yang kepada Tuan Uprup, 6 Februari 1797. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
13. Ki Nurya kepada Raden Mas Riya Purwadiningrat, Raden Tumenggung Amongpraja, 2 Februari 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
14. Ki Setrawijaya kepada Parentah Ageng Pasowan Dalem, 16 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
15. Kiyai Ngabei Patrabasanta kepada Johanis Agustis Desenje, 8 Juni 1829. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
16. Kretajaya kepada Babah Ro Li, 3 Maret 1830. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
17. Kumidi di Surakarta, 19 Agustus #. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
18. Kyai Demang Jinggot kepada Van Der Am, 31 Mei 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
19. Kyai Demang Kertiyuda, Kyai Demang Kertisura kepada Parentah Ageng, 25 Agustus 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
20. Laporan Ki Setradrana dkk.. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
21. Laporan Mas Ngabei Jayasatata dkk., 15 Desember 1841. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
22. Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
23. Laporan perampokan di rumah Tuan Moser, Batu, 26 Agustus #. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
24. Laporan R. Ng. Mangunagara, 15 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
25. Laporan Raden Ayu Rangga, 31 Maret 1799. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
26. Laporan Raden Ngabei Resanagara, 25 Agustus 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
27. Mangunnagara kepada Winter, 9 September 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
28. Martanagara kepada Asisten Residen Surakarta, 24 Agustus 1830. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
29. Martanagara kepada Parentah Pasowan Mangu, 5 Oktober 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
30. Martareja kepada Cakrajaya, 13 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
31. Mas Angabei Jimat kepada Parentah Pasowan Mangu, 14 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
32. Mas Ketib Anom, Mas Tuan Khaji Khambah kepada Kyai Lurah Kangjeng Kyai Mas Pangulu Dipaningrat, 7 Juli 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
33. Mertawangsa kepada Secalegawa, 10 September 1819. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
34. Nama-nama Abdi Dalem Gunung Kadipaten dan Buminatan Kasentanan. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
35. Nama-nama Para Narapidana di Rumah Tahanan Gladag, 5 Januari 1835. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
36. Ni Sawijaya kepada Parentah Ageng Karaton Dalem Surakarta, 17 Desember 1840. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
37. Pangeran Ariya Mangkudiningrat kepada Kangjeng Pangeran Ariya Mataram, 9 Agustus 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
38. Pemberitahuan bahwa Sumadiningra dan Sasrawinata diganti nama, 3 November 1825. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
39. Pemeriksaan perkara juru kunci Iman Raji, 21 Februari 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
40. Pengumuman pergantian Residen Surakarta, Tuan Aretman menggantikan J.F.T. Mayor, 21 Agustus 1843. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
41. Pernyataan para saksi tentang Tuan Bislar dirampok, 4 Agustus 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
42. Purwadiningrat, Jayanagara kepada Wangsawijaya, 17 Oktober 1842. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
43. Raden Mas Ariya Prawirabrata kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
44. Raden Mas Ariya Sasradiwirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
45. Raden Mas Ariya Sumadiningrat kepada Kyai Lurah, 15 April 1824. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
46. Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 15 Maret 1824. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
47. Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 4 September 1823. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
48. Raden Mas Tumenggung Bratakusuma kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
49. Raden Ngabei Jayadirja kepada Van Gelder, 30 Oktober 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
50. Raden Tumenggung Brajadipura, Raden Ngabei Yudamargangsa kepada Parentah Ageng Pasowan Mangu, 29 Maret 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
51. Raden Tumenggung Bratawirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
52. Raden Tumenggung Kertasari kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
53. Raden Tumenggung Ngratasudira kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
54. Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
55. Sastradinama kepada Van Der Am. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
56. Suradikrama kepada Winter, 27 April 1839. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
57. Surat-menyurat dari Surakarta, LOr2235, c. 1789–1845, #866. Kategori: Arsip dan Sejarah > Galeri.
58. Surat Perjanjian Mangkudiningrat kepada Kyai Tang Yu Mu, Kyai Tang Wi Lung, 17 September 1838. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
59. Sutawijaya dari Tegalas ditangkap Kyai Mangkudipura, 12 Juli 1798. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
60. Van Der Am kepada Mas Ngabei Sumadiwirya, 18 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
61. Wiryadipura kepada Raden Arya Cakrajaya, 13 Juni 1845. Kategori: Arsip dan Sejarah > Surakarta.
Citra
Terakhir diubah: 19-05-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Ringkasan: Pernyataan orang-orang yang melihat dan mendengar ada pembunuhan di wilayah Pakalongan, yaitu Ki Setradrana, Ki Tirtawijaya, Ki Wangsawijaya, Ki Sadrana, Ki Samareja, Mas Singalesana, Ki Kertadangsa, Ki Saprana, Ki Sadangsa dan Ki Prayadipa. Mereka mengatakan memang benar bahwa semalam ada orang yang mencuri krai 'sejenis ketimun' dan berhasil ditembak oleh Ki Singawijaya tepat di dada dan tewas. Pada pagi harinya mayat pencuri tersebut sudah ada di pinggir jalan dengan ciri-ciri antara lain memakai jarit tuluhwatu, ikat kepala batik latar hitam, dan keris dapur brojol.

Laporan Ki Setradrana dkk.: Citra 1.1 dari 1
Laporan Ki Setradrana dkk.: Citra 1.2 dari 1
Laporan Ki Setradrana dkk.: Citra 1.3 dari 1
Laporan Ki Setradrana dkk.: Citra 1.4 dari 1
Laporan Ki Setradrana dkk.: Citra 1.5 dari 1
Laporan Ki Setradrana dkk.: Citra 1.6 dari 1

Ing dintên Kêmis kaping 3 wul[1] Dulkongidah[2] taun Wawu, ăngka 1769. Kawula lajêng atitipariksa, dhumatêng ing siti dhusun ing Pakalongan, mênggah atur pratelanipun ing ngandhap punika.

1. Atur kawula Ki Sêtradrana, bêkêl siti dhusun ing Jumogan, prapat kaprênah kilèn sangking siti dhusun ing Kalongan, kawula kadangu ing parentah. Nalika ing dintên malêm Jumungah kaping 5 wulan Ruwah taun Be ăngka 1769, ing wanci bangun kawula mirêng titir, prênah sakilènipun griya kawula dhusun ing Jumogan. Ungêlipun ing titir wontên ing têgil tumut siti dhusun ing Pakalongan. Sarêng kawula nglayat saprikănca kawula prapat. Têmbungipun Ki Singawijaya bêkêl ing Kalongan dhatêng kawula utawi dhatêng prapat mênawi akèn nguningani sarta ngalap pisaidipun, mênawi ing wanci lingsir dalu têngga krai wontên ing têgil. Wontên tiyang nyalong[3] krai lajêng dipun sênjata. Kenging tatu ngandhap susu lajêng pêjah, kawula saprikănca kawula prapat lajêng sami nampèni pisaidipun. Dene wujudipun bagor isi krai igih wontên. Mênggah sandhanganipun ingkang pêjah sruwal lurik bêbêt puluhwatu[4] sabuk puluhwatu, ingkêt[5] bathik latar cêmêng, dhuwung dhapur brajol.[6] Lajêng kairis kupingipun. Dene kang pêjah wau nalika dalu botên wontên ingkang ngangkêni, bangkenipun lajêng kabucal ing lèpèn. Mênggah patêgilan kraèn wau botên mawi pagêr, mênggaha lunipun Mêrtamêngga[7] kang pêjah wau tiyang sae tani utawi gramèn.

Dene enjingipun kawula kadhatêngakên prapatan dhatêng Jêthak. Mênggah atur kawula sami kados aturipun Ki Dêmang Păncatanuwan, kula kapriksa wontên ing Jêthak. Dene Ki

Mêrtadăngsa lajêng utusan dhatêng Kalongan anêdha dhisin sarèning Ki Singawijaya kesah anglêbêtakên jamur, ingkang dipun têmbungi kawula botên sumêrêp.

Amung punika atur kawula, saha kawula purun imbar supaosipun.

Wah atur kawula Ki Tirtawijaya, bêkêl sisihipun Ki Singawijaya ing Kalongan, kadangu ing parentah atur kawula sami kados aturipun Ki Sêtradrana. Ingkang sampun kasêratan ing ngajêng punika, ananging kaotipun kawula dipun têmbungi dhisin sarèning dede wajib kawula ajrih ngêlungakên.

Wah aturipun Ki Wăngsawijaya, bêkêl ing dhusun Padhês.[8] Prapat kaprênah kidul kilèn sangking Kalongan.

Wah aturipun Ki Sadrana, ing Jêthak Pandhês prêpat kaprênah kilèn sangking Kalongan.

Wah aturipun Ki Samarêja tiyang alit ing Kalongan. Prapat tunggil sadhusun kaprênah kidul.

Wah atur kawula Mas Singalêsana ing Ngijo, prapat kaprênah lèr sangking Kalongan, kawula kadangu ing parentah kala ing dintên Jumuwah wanci enjing: kawula mirêng titir rencang kawula sikêp aningali, rencang kawula wau sarêng mantuk lapur dhatêng kawula, mênawi nampèni pisaid sangking Ki Singawijaya Kalongan. Ungêlipun pisait Ki Singawijaya angsal pandung nyalong krai. Mênggah rencang ingkang nampèni pisaid sapunika sakit.

Atur kawula Ki Singamênggala tiyang alit ing Ngijo prapat kaprênah lèr kilèn, kadangu ing parentah atur kawula sami kados aturipun prikănca kawula prêpat 5, anjawi Mas Singalêsana nunggil kados aturipun Ki Sêtradrana ingkang sampun kasêratan ing ngajêng punika.

Amung punika atur kawula, saha kala[9] purun imbar supaosipun inggih lajêng kaimbar.

Atur kawula Ki Sêtratruna, pawong rencangipun Ki Singawijaya ing Pakalongan. Kawula kadangu ing parentah, nalika ing dintên malêm Jumuwah kaping 5 wulan Ruwah taun Be, ăngka 1768, kawula dipun ajak têngga krai, dhatêng lurah kawula Ki Singawijaya, rencang kawula tiyang tiga, 1. Wasta pun Dunung, 2. Pun Gandhor, 3. Lare pun Ruwah, sarêng wanci lingsir dalu wontên tiyang mara, kasapa dhatêng Ki Singawijaya lajêng ngrasuk dipun sênjata dhatêng Ki Singawijaya, kenging tatu ngandhap susu lajêng pêjah wontên têgil kêraèn.

Kawula lajêng dipun kèngkèn mêndhêt lêsung kadamêl titir, mênggah sandhanganipun pandung wau, bêbêt puluhwatu, sabuk puluhwatu, ikêt bathik latar cêmêng, rasukan lurik sêkar têki, dhuwung dhapur brajol. Kacu gêmbaya, kawula lajêng mantuk dumugènipun enjing kawula botên sumrêrêp. Amung punika atur kawula, saha kawula purun anyanggi imbar supaosipun, saha inggih lajêng kaimbar.

Atur kawula pun Dunung kadangu ing parentah, kala kawula tumut têngga krai dhatêng Ki Singawijaya, kawula nunggil sagubug, sarêng ing wanci lingsir dalu, kawula mirêng sênjata sarêng kawula pitakèn [pita...]

[...kèn] dhatêng Ki Singawijaya, wangsulanipun Ki Singawijaya, anyênjata pandung nyalong krai, kenging lajêng pêjah sarèning kawula ajrih utawi kalih kănca kawula lare kalih sami lajêng mantuk, dene kănca kawula kang wasta pun Gandhor ing sapunika sampun minggat sangking ing Kalongan. Amung punika atur kawula.

Wah atur kawula pun Ruwah, kadangu ing parentah atur kawula sami kados aturipun pun Dunung, ingkang sampun kasêrat ing ngajêng punika wau, atur kawula lare kalih sami purun anyanggi imbar supaosipun, saha inggih lajêng kaimbar.

Atur kawula Ki Kêrtadăngsa, tiyang alit ing Jumogan. Kadangu ing parentah, nalika ing malêm Jumuwah ping 5 Ruwah taun Be ingkang kapêngkêr punika, kawula têngga tanêman kacang, wontên têgil. Kawula anglêrêsi nganglang, kawula mirêng sênjata mungêl, kawula pitakèn dhatêng Ki Singawijaya, wangsulanipun kiyambakipun anyênjata pandung kenging lajêng pajah,[10] kawula uninga bangkenipun wontên satêngah kraèn, botên mawi pagêr, mênggah pandung wau namanipun Mêrtamênggala ing Jêthak Kilèn, anakipun Ki Mêrtadăngsa, tatonipun sangandhap susu, dene nyina bagor isi krai nalika dalu kawula botên sumêrêp. Kawula lajêng mantuk, botên anampèni pisaidipun. Kawula sarêng siyang ningali malih dhatêng têgil ênggènipun pandung pêjah wau ananging sampun kapanggih wontên sapinggiring lèpèn. Utawi kupingipun sampun dipun iris kang kiwa, kalih wontên bagor isi krai, mênggah sandhanganipun kang têksih sruwal lurik rasukan lurik, sêkar têki, sabuk bathik, liya punika kawula botên sumrêrêp. Kawula kadangua[11] lunipun Mêrtamênggala wau tiyang sae,

tani utawi gêgramèn. Mênggah atur kawula punika kawula purun nyanggi imbar supaosipun. Saha inggih lajêng kaimbar.

Atur kawula Ki Saprana, rencangipun Ki Singawijaya, tiyang alit ing Kalongan, kadangu ing parentah, kala ing malêm Jumuwah kaping 5 wulan Ruwah taun Be kang kapêngkêr punika, lurah kawula Ki Singawijaya têngga krai wontên têgil. Sarêng wanci lingsir dalu angsal pandung kasênjata pêjah, kawula dipun kèn mêdhêt lêsung kalih alu, kadamêl titir wontên têgil. Mênggah sandhanganipun sauninga kawula sruwal lurik sabuk bathik. Ikêt bathik kacu gêmbaya, dhuwung dhapuripun brajol. Pandung wau kawula botên sumrêrêp griya utawi namanipun. Lajêng kasaidakên kairis kupingipun. Kaaturakên ing parentah, kawula purun nyanggi imbar supaosipun. Atur kawula punika.

Wah aturipun Ki Sadăngsa tiyang alit, ing Pakalongan.

Wah aturipun Ki Prayadipa tiyang alit ing Pakalongan.

Mênggah aturipun tiyang 2 punika sami kados aturipun Ki Sadrana ingkang sampun kasêratan ing ngajêng punika, saha sami purun anyanggi imbaripun saha lajêng kaimbar sadaya.

Papriksan ing Kalongn.[12]

 


wulan. (kembali)
Dulkangidah. (kembali)
nyolong (dan di tempat lain). (kembali)
tuluhwatu (dan di tempat lain). (kembali)
ikêt. (kembali)
brojol. (kembali)
Mêrtamênggala. (kembali)
Pandhês. (kembali)
kula. (kembali)
10 pêjah. (kembali)
11 kadangu. (kembali)
12 Kalongan. (kembali)