Ringkasan: R.Ng. Mangunnagara melapor tentang terjadinya dua rumah welit sebelah timur keraton dibakar oleh pencuri pada pukul tiga malam. Setelah diperiksa oleh Ng. Mangundirja dan Ng. Mangkudiwirya, bahwa rumah itu milik Karyawijaya dan Resawijaya. Juga pada jam lima pagi, rumah R. Atmasembaga dibakar oleh pencuri, tempatnya di sebelah timur sitinggil.
Kawula nuwun. Atur pilapuran kawula, Radèn Ngabèi Mangunnagara, ingkang saos jagi nagari wontên ing alun-alun. Kawula ngunjuki wuninga, kala wau dalu wanci jam 3 kawula putusan titi pariksa griya kabêsmèn. Ingkang kawula utus prikănca mantri ingkang saos ing bangsal, Ngabèi Mangundirja, kalih Ngabèi Mangkudiwirya, atiti pariksa dhatêng ing Natakusuman, griyanipun Karyawijaya, kalih pun Rêsawijaya, punika kabêsmi ing pandung, têlas griya kalih sami wêlit sadaya. Mênggah prênahipun sawetan dalêm.
Sarêng wanci jam 5 kawula putusan titi pariksa griya kabêsmèn malih, dhatêng ing alun-alun kidul, griyanipun Radèn Atmasêmbaga, abdi dalêm lurah panakawan. Punika kabêsmi ing pandung, têlas griya kalih, sami wêlit sadaya, mênggah prênahipun sawetan satinggil.[1]
Katur ing dintên Kêmis kaping 11 wulan Siyam taun Alip, ăngka 1770.
1 | sitinggil. (kembali) sitinggil. |