Martanagara kepada Asisten Residen Surakarta, 24 Agustus 1830
Surat Mas Tumenggung Martanagara di Tawangreja, Klaten kepada tuwan asisten residen Klaten yang menceritakan bahwa rumah Bok Demang Suradrana dan Kyai Demang Cakramenggala, di desa Mlese dirampok oleh Mas Demang Santadiwirya serta Mas Santadikara, asal Prambanan. Adapun sekarang, Mas Demang Santadiwirya dan Mas Santadikara serta barang hasil rampokannya sudah diamankan dan perkara ini akan dilaporkan ke Bendara Kangjeng Rahaden Adipati Sasradiningrat di Surakarta.


Ingkang sêrat, saha ingkang tabe kathah-kathah, Mas Tumênggung Martanagara, ing Tawangrêja Klathen. Katur ing parentahing tuwan asèstènasistèn. risidhèn ingkang sawêg angwasani parentahan kantor loji Klathèn.
Sasampuning kadya sapunika, kula tampi rêpotipun kônca momongan kula, awasta Bok Dêmang Suradrana, kalihan Kyai Dêmang Cakramênggala, griyanipun sami dhusun ing Mlese, amarêngi ing dintên Sênèn Paing tagaltanggal. kaping 26 wulan Sapar, taun Jhe ôngka 1757, punika sami kajarah karayah, dhatêng Mas Dêmang Sôntadiwirya, kalihan Mas Sôntadikara, griyanipun sami ing Prambanan. Ing ngajêng tumut Radèn Tumênggung Prawiranagara, ing Surakarta, sarta ambêkta dêdamêl kathah antawis tiyang 200, wondening Bok Suradrana, kalihan Ki Dêmang Cakramênggala, ingkang sarta sami dipun bandani, dhatêng Mas Dêmang Sôntadiwirya, lajêng sami dipun bêkta dhatêng ing Prambanan. Mênggah barang dadosan ingkang kenging kajarah karayah, dhatêng Mas Dêmang Sôntadiwirya, kalihan Mas Sôntadikara, kathah kêdhikipun ing amal sampun wontên ing sêrat aturipun piyambak-piyambak. Sarêng ing dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 29 taksih wulan Sapar, pun Sôntadikara wau, langkung wontên ing Klathèn. Rencang kula wau sumêrêp mênawi langkung wontên ing Klathèn. Pun Sôntadikara wau, lajêng kula kèn animbali, sarêng sampun dhatêng ing pêndhapi kula, lajêng kula cêpêng pun Sôntadikara wau, kula dangu angsalipun angrayah wau, dhatêng Bok Dêmang Suradrana, kalihan [kali...]
[...han] Ki Dêmang Cakramênggala, mênggah aturipun Sôntadikara, prakawis angsalipun angrayah, pêngajêngipun Mas Dêmang Sôntadiwirya, kalih Mas Dêmang Kêrtadiwirya ing Kêmuda, lajêng tiyang kalih punika, sami kula utusi kula timbali dhatêng Klathèn. Wangsulanipun sami mopo, lajêng utusan kula wau rêpot dhatêng Tuwan Kumêndhan Martèng ing Borongan. Lajêng tuwan kumêndhan aparing tulung utusan saradhadhu 5, anibalianimbali. Mas Dêmang Sôntadiwirya, kalikalih. Mas Dêmang Kêrtadiwirya ing Kêmuda, sadhatêngipun tiyang kalih punika, wontên bètèng Borongan, lajêng dipun cêpêng dhatêng tuwan kumêndhan. Barang amal ingkang wontên griyanipun Mas Dêmang Sôntadiwirya, lajêng dipun pundhuti dhatêng tuwan kumêndhan. Ing sapunika Mas Sôntadiwirya, kalihan Mas Dêmang Kêrtadiwirya ing Kêmuda, sampun sami kaparingakên dhatêng kula, ingkang sarta barang dadosanipun ingkang karayah sak wontênipun kula gantung, ingkang punika manawi sampun kauningan prakawis wau sadaya, badhe lajêngipun konjukipun ing parentah agêng, Bêndara Kangjêng Rahadèn Adipati Sasradiningrat, ing Surakarta.
Ing Tawangrêja Klathèn ing dintên Salasa tanggal kaping 5, wulan Mulud ing taun Je, ôngka 1758.