Ringkasan: Pernyataan P. Arya Mangkudiningrat, bahwa ia telah menerima 3 buah surat, 1. dari K.G.P.A. Angabei, 2. dari tuan residen, dan 3. Surat gugatan Tang Yu Mu dan Tang Wi Long; maksud dan isinya sudah diketahui. P. Arya Mangkudiningrat menjawab: Tidak. Adapun pernyataan dua orang Cina itu telah dimuat di salah satu surat dan dikirim bersama surat P. Arya Mangkudiningrat ini kepada K.G.P.A. Angabei dan residen.
Punika sêrat, saha ingkang sêmbah pangabêkti Kangjêng Pangeran Ariya Mangkudiningrat. Kaatura panjênênganipun ingkang raka: Kangjêng Pangeran Ariya Mataram.
Sasampunipun kadya ing sapunika: awiyos. Panjênêngan dalêm utusan amaringakên sêrat têtiga, ingkang satunggal sêrat dhawah saking raka dalêm kakangmas Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, kalihan sêratipun saudara dalêm kangjêng tuwan residhèn. Tiga sêrat atur gugatipun tiyang Cina, awasta pun Tang Yu Mu: kalihan pun Tang Wi Long, inggih sampun kula tampèni, saha lajêng sami kula tupiksani saraosipun ing sêrat sadaya, ing wiwitan dumugi ing wêkasan. Sampun botên wontên ingkang kêkirangan.
Ingkang punika: atur wangsulan kula botên. Wondening ing sasêrêpan aturipun tiyang Cina kêkalih wau, sampun kawrat wontên sêrat ing satunggilipun. Konjuk sarêng kalayan ing sêrat kula punika.
Ingkang punika: lajêngipun katur panjênênganipun kangjêng raka dalêm kakangmas Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, saha saudara dalêm kangjêng tuwan mayor residhèn ing Surakarta, kula sumanggakakên ing panjênêngan dalêm.
Kasêrat Sêtu kaping 29 wulan Jumadilawal taun 1767.
Wangsulan Mangkudiningrat.